alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

NGELMU KASUNYATAN


Kanggo gagaran nyumurupi manunggale KAWULA GUSTI, apa dene pratikele supaya bisa damang gelare Sastra Cetha, yaiku tulisan kang nyata, tulisan kang muni dewe tanpa diwaca yaiku blegere urip. Dadi amrih bisa nyumurupi marang uripe, garise dew kang landesan kukum sebab lan akibat (daruna lan wahana).

Kang minangka tulada dadi gagaran neniteni dumunung ana ing kahanane wong kang berbudi cukup, lire wong kang ngenggoni sipat-sipat kamanungsane, awatak asih marang sapadane tumitah, ambeg welasan gelem tetulung tanpa pamrih apa-apa, sing tumrap awake dewe lsp. Yen menawa tetembungan saiki, ya wong sing ajiwa sosial, kang gemblengane banjur dadi wong sing bisa ngayomisesamaning ngaurip tanpa melik apa-apa.

Mung perlu wae diimuti yen sipat sing kaya mangkono mau senajan ta becika pisan nanging yen kurang wicaksana anggone ngetrapake wahanane malah dadi kosok balen. Welas marang sak pada-padane tumitah kan kanti wicaksana iku ateges welas marang soksapoa kang mula pancen patut lan wajib diwelasi. Karana yen ora mengkono dadine malah banjur welas tanpa alis, semono uga ngenani prakara tetulung, yen kleru cak-cakane wahanane malah malah ngapitunani sing ditulung. Dadi bakune tindak kautamankasebut ing duwur kang kudu dilekasi adedasar kawicaksanan iku, kajaba wujud dadi kasuyatan uga kudu kang wahanane ora bakal agawe kapitunane jiwa maran sapa wae kang ditamnduki kautaman mau.

Tindak sing kaya mangkono iku ateges nuhoni dharmaning ngaurip amrih rahayuning jagad, mungguhung jagad pakeliran kaya lekase Sri Ramawijaya sing tumanduk marang maharesi Subali ing Guwa Kiskenda lan Rahwanaraja ing Ngalengkadiraja, utawa lekase Sri Kresna ing Dwarawati sing tumanduk marang para kadang Kurawa jroning perang Barata Yuda Jayabinangun. Kawicaksananing amrih rahayuning bawana nganti pantog tekan “tegel” ngrampungi para kang pada tumindak dur. Ora kena rasa sengit utawa getting, nanging karana rasa welase. Yen ta ora enggal disirnakake, kajaba kang pada ngawaki bakal saya gede durhakane, kahanane jagad uga banjur ora bakal leren anggone gasrek marga saka daya angkarane mau. Tindak tanpa kendat lan ajiwa sosial alambaran kawicaksanan, dayane mesti tumimbal-balik lire : sing sapa ngayomi liyan, prasasat ngayomi pribadine. Tabate ora ana liya kajaba mung kabecikan lan babrayan mesti gede panarimone marang wong kang sipate kaya mangkono mau.

Anadene kang diarani bisa mranata lakune nafsu lan meper sakehing pakarti kang tuwuh saka rangsang saya krekating jasad kadagingan iku, mranata bekaning urip lair lan bekaning urip batin. Bekaning urip lair kang tuwuh dening pakartining pancadriya lan bekaning urip batin kang tuwuh dening ubaling nafsu patang perkara, yaiku ; Mutmainah, Supiyah, Luwamah lan Amarah.

Nafsu patang perkara kasebut sarta pakartining pancadriya, iku samangsa ora dikendaleni, lire diuja tumindak ing salonggar-longgare, wahanane tumrap salira pribadi banjur dadi mbakar kasenengan lan kemareman, ambeg candala ing budi, watak dara cidra, demen fitnah lan nganiyaya ngumbar nguja ubaling nafsu, dene ing sabanjure dadi demen marang tumindak crobo (ora bisa weruh ing ukuran), laku nista, ambeg degsura, kesed lan sungkanan sarta lumuhmarang tarak brata. Kabeh mau pada mujudage sambeganing laku tumraping urip ya lait ya batin.

Ing sarehne wis bisa meper hawa nafsu lan ngeker pakartining pancadriya, temah bisa mranata jiwane sarta banjur ora wigih ngadepi sakehing goda rencana maheka warna sarta wasis nyabili seprelune. Yen wis kaya mengkono, dadine mestibanjur ora bakal kasamaran samangsa kudu ngadepi pati, karana jeroning uripe ora ninggalake tabe bebibget apa-apa.

Ngudi murih jiwa raga sarta sakabehane iku bisa lestari slamet iku kudu katindakake kalwan tanpa leren ing salawase urip, kanti awawaton sing wis ditetepake dening ngelmune, lakune supaya bisa tetep, ojo kongsi sulaya karo gegebengane.

Mula mangkana jalaran samangsa wis niyatingsun nggilud marang sawijining ngelmu, panggilutu kudu sing kalawan temenan, ora kena sulaya utawa nyulayani sakabehing angger-angger jer kabeh mau kena ingaranan sawijining prajanji kang kawetune lan kalakone mung sapisan. Bener ya sapisan iku, yen ta luputa ya ora kena diambali maneh dadi samangsa ora ngati-ati, wahanane bisa drawasi.

Srana kang bisa kanggo ngayuh marang iku mau kabeh kajaba tindak kaya kang wus kawedar ing katerangane ing duwur uga kudu bisa manunggalake KAWULA lan GUSTI, ya manunggalake raga lan sukma. Rehne karo-karone iku manunggal lan blegere pada dai prasemon gaibing Hyang Widi, ing samubarang rehe kudu sing kalawan tumata, solah bawa, muna-muni lsp. Kudu tansah diemuti yen kabeh mau atas asmane Pangeran. Tindakake roga karono dikemudeni dening sukma, dadi uga ateges tindake nyawa, tindake kawula pada karo tindake Gusti jer loro-lorone manunggal ana ing badan sawiji.

Ing antaran srana kang menika warna, srana panggayuke bisa kanti nggladi murih lair lan batine bisa tumata lan tentrem, meneng, wening lan dumunung – Tegese meneng iku ya menenge raga kang kaprabawa dening nafsu, wening iku weninge pikir, ngedohake gagasan sing tumuju marang tindak ora perlu lan ora utama, temah dumunung ana ing pusaraning gegayuhan. Jiwa raga sakojur gumolong gilik dadi siji ngadepi pajumbuhan kang pratitis nganti bisa klakon.

Yen laku sing kaya mangkana mau bisa digawe pakulinan lan bisa ajeg, samangsa ana gawe parigawe sawanci-wanci bisa diecakake kalawan ndadak sarta lekase bisa titis lan tatas. Satumungging rimbagan, gilig kaya gilige jladren kang munggah ing cithakon.

Surasane ngelmu sejati iku yen dirasakake temenan mula pancen nyenengake, karana bisa miyak sakabehing warana sing nutupi gaibing Pangeran bisa gelar wewadine jagad dalah saisine kabeh, wiwit kang agal kasar, nganti tekan sing alus ngrawit.

Mula keh-kehane banjur dadi kasegsem, kentir ing daya enggala bisa nyakup sakabehing isine wiwit “HA” nganti tekan “NGA”. Sing kaya mengkene iki njalari kurang pramareming panggudi lan suusurapane banjur mung grambyangan wae, kebat-kliwat, iki marga saka kapiluyune – malah marga anggone kayungyun lan kesusu nyumuruppi iku mau, nganti lali ing weweka. Ana ing ngendi-endi sing diujarake tansah ngelmune wae, ora ngemuti marang kahanane papan lan empane sarta wewalere. Ilang kaprayitnaning bantin ninggal pepacuh endi sing kena lan endi sing ora kena diwedharake, lekase kaya wong guru aleman, kepengin diarani sugih ngelmu utawa saora-orane digolongake marang wong sing anduweni reh kebatinan.

Tindak sing kang kaya mangkono mau kajobo ora prayoga, ugo ora bener, nyamari banget. Mula kudu sing bisa mapanake giludane ngetrapake surasaning ngelmune kalawan kawicaksanan – Tindak lan tanduk solah bawa muna-muni supaya sing tumata, tajem prayitna lan was pada ing samubarange katone jatmika.

Kanti laku kang kaya mangkono mau sarta kanti tansah nggladi murih Gusti manunggal lan Kawula samangsa wis bisa nyandhak marang tataraning gagayuhan kang sejati pindane prasasat bisa nemu pepadang kang sumunar cahyane amblerengi.

By alang-alang

About these ads

19 Comments

  1. priyo sukmo adijaya

    Mugi mugi ngelmu meniko tansah mugunani marang sepodo podo, lan bisa rahayu slamet lan angsal pepadhang saking Gusti Allah…

  2. ahmad maffukin

    .

  3. batara pancer buana

    met sore sy sngat snang skali dngan berbagai bahasannya tapi sayang engga ngerti kl bisa maap pake terjemahan bhsa indonesia spy ruang lingkup nya menjadi lebih besar jangan tertuju ma orang jawa saja
    makasih

  4. joko_irenk

    katah tiang islam engkang mboten jujur. Hanangeng podo ngaku bener siji lan sijine…wes koyo koyo dlamak ane ngancek swargo. Seneng duding duding podo islame. Umat awam koyo dene keterak angen mobat mabet. ealah tobat tobat. Aku mung wong jowo dudu wong arab. Aku Duwe Gusti kono yo Duwe Gusti. Gusti kuwi mung siji ojo podo nyalahke lan nyeleh ke.

  5. Maaf, saya masih dalam tahap belajar bahasa jawa, tp memang inilah yg saya cari…
    Ilmu kasunyatan, kasampurnaning urip, makrifat…
    Saya pernah menerima kawruh ini dari pakde saya(telah wafat 10 november 2010).

    Terima kasih atas tulisan2nya yg amat berharga.
    Matur suwun

  6. wawang mudjiwalujo

    Hem, hem, hem . . .

  7. Anonymous

    Sadat tanpo sadu

  8. P Dimas Nugroho

    Nyuwun sewu….
    Kulo meniko radi mboten paham basa kromo, dados radi angel anggenipun mahami sedaten tulisan Mas Kumitir. Koyone menawi basa ngoko, mungkin inggih mboten saged paham sedanten. Tapi kulo sanget remen lan cocok ing penggaleh ( intuisi ). Menawi ngagem basa Indonesia pripun Mas….??
    BAb manunggaling kawulo gusti, bathin saged narimah, meski sedanten basa kang kaserat mboten paham sedanten.
    Nuwun…..

  9. salam rahayu.
    sarujuk,sedoyo ingkang sinerat dening kang kumitir menawi dipun raosaken
    saget nggugah krentek nguri uri warisan leluhur ingkang sampun kulo yakini lam lampahi.matur nuwun
    salam rahayu

  10. Minang kalbu

    Mas kumitir, nyuwun duko, menawi kepareng lan wonten wekdal, dalem saged kepangge. Nuwun

  11. wachyu

    Bagus Pak…, dan dari ulasan di atas, point ini yg saya garis bawahi sbb:

    Malah marga anggone kayungyun lan kesusu nyumuruppi iku mau, nganti lali ing weweka.
    Ana ing ngendi-endi sing diujarake tansah ngelmune wae, ora ngemuti marang kahanane papan lan empane sarta wewalere. Ilang kaprayitnaning bantin ninggal pepacuh endi sing kena lan endi sing ora kena diwedharake, lekase kaya wong guru aleman, kepengin diarani sugih ngelmu utawa saora-orane digolongake marang wong sing anduweni reh kebatinan.

    (karena tanpa disadari banyak saudara2 kita yg terpeleset di wilayah ini)

    Nuwun.

  12. wong lebaksiu

    gimana yah ben bisa nglakonine tapi ora kosih kentir..??

  13. “poro pengunjung alang alangkumitir,mbok menawi wonten sing ngertos alamat ipun mas kumitir kulo paringi.”

  14. kunto

    wah…ini baru ku suka …

  15. suket_teki

    kulo niki wong suroboyo mas,mbok menawi smpeyan purun nambahi arti bhs indonesia,kulo tambah remen mas.,matur nuwun sanget

  16. nggih makaten kulo saged ngringkes bilih sedoyo ingkang kagungan asma meniko kedah wonten blegeripun. mboten namung tembung jare kemawon toh eyang.lha menawi ingkang disebat alloh puniko kados pundi ?NUWUN SEWU . kulo sakrujuk kalih penemunipun jeng lemah bang,lan tiyang jawi lintunipun. menopo leres eyang. nyuwun duko ingkang kathah bilih atur kulo kang wayahkirang prasojo. NUWUN

  17. M fadloli hs

    para Nabi AS dan para Wali Alloh banyak yang di anugrai Ilmu Kasyaf ,ya,ni dapat melihat sesuatu yang tidak bisa di lihat manusia biasa,seperti dapat melihat alam barzah,alam malakut (alam para malaikat ) alam jabarut ( alam singgasana Robbul alamin ) dsb dengan seidzin Alloh melalui Ilham Rohmani bukan melalului bisikan setan atau jin.
    semuanya diperoleh dengan adanya Taqwa dan Iman yang sebenarnya kepada Alloh dan Nabinya.
    kalaulah ada seseorang yang waskito tanpa melalui pengamalan agama yang di ajarakan Nabi saw,maka kewaskitoannya adalah pasti dari bisikan syaetan /jin.

  18. Sedoyo kolo wau namung wacono,dene praktek tetep balik marang awake dewe dewe

  19. chuan zhan

    nyuwun sewu nggih para sedherek ingkang kinurmatan. kulo piyambak mboten nyana lan mboten ngira mbok bilih wonten situs jawi ingkang sae.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: