12.27.08

KINANTHI AJA KELU RUPA BAGUS

Ditulis dalam MACAPAT pada 8:39 am oleh Mas Kumitir

1.
Aja pisan-pisan gumun,
angadhepi jaman iki,
kutha mompyor pancen nyata,
sesawangan ‘keh kang becik,
kabeh iku mung pameran,
pancen kena den gumuni.

2.
Nanging coba yen ditlusur,
iku bisa mbebayani,
marmanira kudu bisa,
ing sajrone ngudi ngelmi,
salah weweng singkirana,
sabab akeh sawan manis.

3.
Aje kelu rupa bagus,
aja katut tembung manis,
aja nyawang marang bandha,
wong enom ‘ja gampang lali,
rupa-rupa sambekala,
kudu kenceng ancas nguni.

4.
Sawer wisa tegesipun,
welingku marang cah manis,
kutha beda karo desa,
lamun sira ngudi ngelmi,
poma-poma ngelingana,
donga kang aneng agami.

5.
Jrone ati wong tuwamu,
kalung asta rina wengi,
melang-melang rasanira,
kaya biyung ninggal bayi,
turu aneng pinggir wana,
asu ajag padha muni.

6.
Urip aneng donya iku,
yen kebacut dadi ciri,
wong cilaka salaminya,
iki banget mitunani,
batine bakal kesiksa,
mula kudu ngati-ati.

KINANTHI BEKTI KAGEM IBU

Ditulis dalam MACAPAT pada 8:28 am oleh Mas Kumitir

1.
Sembah sujud bekti konjuk,
mugi katur ibu mami,
keng putra sampun rumangsa,
pinaringan gesang mukti,
urip jaman wus merdika,
warisan pra sepuh mami.

2.
Nyuwun tambahing pangestu,
kula badhe angayahi,
tanggung jawab marang bangsa,
ugi mring ibu pertiwi,
iki pancen kuwajiban,
keng putra wus kudu ngerti.

3.
Sepira awrate ibu,
nambut karya tanpa pamrih,
kang jinangka mung sajuga,
gawe mulya putra-putri,
labuhira kanthi nyawa,
najan abot den lampahi.

4.
Cinaket kang resminipun,
dhek jaman Ibu Kartini,
dimen aja ketinggalan,
pra ibu anggone ngestreni,
kakung putri bebarengan,
mbela nagri kangge siwi.

5.
Lamun pra putri tan maju,
bakal ringkih tembe mburi,
awit ibu kang kuwasa,
mulang muruk putra-putri,
guru aneng kulawarga,
kang pawitan jroning urip.

PUCUNG MULAT SARIRA

Ditulis dalam MACAPAT pada 8:22 am oleh Mas Kumitir

1.
Pra sedulur,
dimen sira nora getun,
na ing jaman mangkya,
marang panggayuh utami,
tumrap gesang ana alam pasrawungan.

2.
Lamun dulu,
saben arsa mapan turu,
wektu kang prayoga,
mulat mring laku kang uwis,
dina mau apa kang wus dipun karya.

3.
Laku kleru,
becik tansah sira dulu,
nggo kaca benggala,
pepeling karya ing mbenjing,
kagladhia pakulinan kang prayoga.

4.
Lah uripmu,
ora cukup sambat sebut,
lan ngucap nggresula,
wit iku dosa sayekti,
sambat sebut iku cetha wong cilaka.

5.
Ora kleru,
marang urip kang mubra-mubru,
ngawula ing bandha,
nganti lali mring agami,
mangka iku ugering manungsa gesang.

6.
Sintenipun,
lamun datan nate emut,
mring atur punika,
tangeh bisa gesang becik,
tansah nglambrang galih datan nate waras.

Halaman berikutnya