04.27.09

ANCALA JARWA

Ditulis dalam ANCALA JARWA pada 3:42 pm oleh Mas Kumitir

Anggitanipun Pujangganom ing Surakarta
Raden Supardi

gunungan2

………. M I J I L ……….

01. Wijiling kang bebuka ginurit, rinipta ing criyos, yekti among minongko rerangken, kang ngrangkeni denyarsa anggupit, pinrih amantesi, sinawung ing kidung.

02. Dedalale anggubah paredin, ya gunungan kayon, kawiwitan ing mula bukane, ananging kang ringgit purwa nguni, manut etang neki, duk ing surya taun.

03. Wolung atus lan sawidak siji, sangkalane kamot, rupi wayang pinetang luhuru, kanti gambar munggweng rontal becik, sing arcaning candi, mongka babonipun.

04. De kang nganggit juga Narapati, Jayabaya kalok, ing Mamenang kang mongka prajane, lan nalika maju warsa rawi, juga-juga tuwin, catur ponca wau.

05. Gambar ringgit wiwit den gameli, dening gongsa slendro, sinulukan kanti tembang gede, aneng kotak wayang den wadahi, kotak kayu jati, kandaga ranipun.

06. De kang nganggit lan asring angringgit, yeku prabu katong, Suryahamisesa peparabe, duk nemipun nami Raden Panji, Kasatriyan wasis, praja Jenggala gung.

07. Sareng taun sewu satus tuwin, swidak nem dumados, gambar wayang kajujud dedege, panggambare mung-gweng dlancang Jawi, dening Sribupati, Suryahamiluhur.

08. Pajajaran prajaning Sang Aji, akirira gantos, Sang Maesatandreman asmane, ing nalika taun sewu kalih, atus wolung desi, wewah ekan catur.

09. Gambar ringgit munggweng dlancang keni, ginulung lir semprong, lamun ngringgit kagelar jinereng, marma ringgit beber den wastani, kanggo ngruwat becik, wong ketaman ing dur.

10. Tabuhane rebab wus mantesi, ngrenggani cariyos, dene dlancang pinatok adege, dening kayu kinarya nyagaki, aneng kanan kering, gumlar ngadeg bakuh.

11. Ingkang nganggit Ratu Majapait, Sri Bratana kalok, Raden Jaka Sesuruh timure, gegambaran wujuding kang ringgit, sing dlancang ginanti, neng wacucal mungguh.

12. Pulas ireng lan kadapur miring, durung katatah plong, taksih tetep irasan tangane, pra danawa sinung mripat kalih, dene sanesneki, mripat tunggal patut.

13. Kabeh iku kang mbakoni nganggit, Raden Patah kaot, Sunan Giri muwuhi cacahe, kanti ketek kang amripat kali, Sunan Benang ugi, tumut urun wuwuh.

14. Jaran gajah prampogan paredin, Sri Sultan kapindo, amuwuhi wayang pamanggunge, Sunan Kalijaga anambahi, kelir blencong tuwin, gadebog puniku.

15. Tinengeran ing tauning sasi, sangkalane kamot, wignya karya martani tunggale, etanging kang warsa sewu luwih, kawan atus tuwin, patang puluh telu.

16. Wayang kulit wiwit den tatahi, mripat kuping bolong, uga lesan nalika taune, manut condra ongka sewu luwih, kawan atus tuwin, pitung dasa pitu.

17. Kang ngadani Sultan Demak matri, duk nalika anom, Raden Tranggana wau asmane, panganggone wiwit den tambahi, gelang anting-anting, kalung kelat-bau.

18. Mawa cawet rambut gelung tuwin, jamang miwah kroncong, ana maneh kang rambut kaore, pakem uga kinarya muwuhi, mring watoning ringgit, dening Ratu Runggul.

19. Saking Giri nalika makili, Sultan Demak dados, gon-anggone kaprada mrih sae, kidang kancana namaning ringgit, duk ing sasi, sewu kawan atus.

20. Tuwin pitung dasa wolu nguni, dene wayang gedog, Sunan Giri iku penganggite, kanti gongsa pelok angrenggani, mawa den suluki, mijil nyang megatruh.

21. Garjitawatang mongka nyuluki, lelakoning gedog, an manggala gita apa dene, duk samana nuju taun sasi, juga catur asti, ponca jangkepipun.

22. Ringgit purwa miwah gedog sami, katatah cumromplong, kanti wangun gayaman arane, gen-anggening ringgit purwa ugi, taksih den tambahi, dening clana kampuh.

23. Ingkang estri ugi den wewahi, ing rambut ginendong, alu-gora tambahing gamane, uga gada lawan bindi nanging, tanganira taksih, irasan lestantun.

24. Kang kadyeku jroning condra warsi, angkanya kacriyos, eka ponca das ponca jangkepe, de wiwite ana wayang klitik, iku pan sayekti, yasan Sunan Kudus.

25. Ing nalika taun condra nguri, sinangkalan cocog, kayu sirna tinata rupane, dene topeng wiwite kaanggit, dening Sunan Kali, ing nalika taun.

26. Sewu gangsal atus wolu tuwin, topeng katon abyor, wit mung abang lan ireng ecete, miwah dereng prasamya kaukir, cacah sangang iji, neng rupa pinetung.

27. Panji Kasatriyan Gunungsari, Klana miwah raton, Condrakirana Andaga Bence, ugi Temben limrah den wastani, danawa njangkepi, Turas kanan Pentul.

28. Kang kaajar nopeng dalang kalih, asli saking dukoh, Palar bawah Sala ran-arane, Widiguna Widiyana tuwin, topeng akirneki, den tambah rong-puluh.

29. Yeku Wirun patihan kekalih, Kartala Panjinom, Sinjanglaga punggawan Klananem, Brajanata parekan kekalih, Sang Ragil Kuning, miwah Sembunglangu.

30. Myang danawa emban Tatag tuwin, emban Gimeng Togog, emban Wilajomba sangalase, emban Wilacrema anjangkepi, kalih dasa iji, duk jaman Mataram.

31. Wiwit topeng-topeng wau sami, kaprada mancorong, nging uga durung kaukir kabeh, dening ki dalang Anjangmas nuli, cacahing kang ringgit, purwa sinung wuwuh.

32. Kanti bebujenganing wanadri, dening sang kinaot, Panembahan Senopati biyen, kanti sangkalan memet mantesi, wus awujud dadi, Sang Batara Guru.

33. Sang Hyang Guru manawa winardi, estu mawa raos, dewa dadi angecis bumine, warsa sewu gangsal atus taksih, tambah kawan desi, juga angkanipun.

34. bau lengening kang ringgit wiwit, kasopak pinedot, tambah panah keris gegamane, dening Sang Prabu Anyakrawati, Sinuwun seda ing, krapyak kalokipun.

35. Duk ing wau kanti den tengeri, mawa wujud dados, buta Cakil kang ngandut artine, tangan yaksa tataning sujanmi, angkanya kawilis, leres condra taun.

36. Sewu gangsal atus seket kalih, ewadene popog, Sang Hyang Guru irasan tangane, paksa panggah tumapak ing siti, tamat tembang mijil, sinome sumambung.

………. S I N O M ……….

01. Nalika ing condra warsa, sewu gangsal atus tuwin, sawidak tiga ringgit purwa, cacahe dipun wewahi, danawa rambut geni, dening Sinuwun sultan Agung, kanti condra sangkala, memet ungelnya winardi, urubing kang wayang gumuling bantala.

02. Ing sajroning condra warsa, sewu gangsal atus tuwin, pitung dasa wolu nulya, ringgit purwawewah malih, Hyang Guru angenciki, lembu andani puniku, dening Sinuwun Mangkurat, kapisan dipun sangkali, estining kang pandita marganing dewa.

03. Para dewa arasukan, miwah asepatu nanging, Hyang Guru Batari Durga, tetep datan nganggo klambi, mawa sepatu nanging, pandita tanpa sepatu, amung manawa rasukan, dene pasitening ringgit, lamun kresna tonda darbeking Narendra.

04. Wayang kang alemah abang, darbeking kawula alit, para dalang linarangan, datan kenging lamun kardi, Arjuna sepuh kanti, wonda jimat kanyut mangu, pramila nuli karya, Arjuna wonda kinanti, pepiridang saking wonda tetiga.

05. Dening Sinuwun Mangkurat, kaping kalih ugi, kaloka Mangkurat Amral, kawewahan amujudi, danawa Endog ugi, limrah kasbut wil Galiyuk, yeku condra sangkala, marga sirna wayanganing, janma taun sewu lan nem atus gangsal.

06. Sinuwun Mangkurat Emas, mewahi Durga Batari, ngasta lelayu punika, sangkala memet mujudi, rupaning kang nyepengi, banderaning dewa iku, sajroning condra warsa, sewu lan nem atus tuwin, slikur nuli Sinuwun Paku Buwana.

07. Kapisan kesbut Pangeran, Puger amewahi malih, kenya wandu wujudira, sangkala memet mantesi, wil nembah wayanganing, satriya utawi taun, sewu nem atus lawan, slangkung tuwin Sri Bupati, Paku Buwana kang kadwi sung tambahan.

08. Buta Terong wujudira, ngemu sangkalaning warsi, buta lima mongsa janma, angkaning taun mbeneri, sewu nem atus tuwin, seket gangsal lajengipun, Sinuwun Paku Buwana, kaping pat kang kalok ugi, Sinuwun Bagus nalika ing condra warsa.

09. Sewy pitung atus lawan, slikur dawuh angayahi, yasa ringgit purwa nama, Kyai Kadung babon saking, Kyai Kanyut sekedik, kajujud ing dedegipun, dene kang dinawuhan, abdi dalem dalang nami, Ki Sadongsa asli saking dusun Palar.

10. Wayang gedog Kyai Dewa, Katong ugi, yasaneki, Sinuwun Bagus duk ing warsa, sewu pitung atus tuwin, kawanlikur kapirid, saking baku baonipun, yasan Giri kalawan, para dalang den wiwiti, kaprenata manawa nuju andalang.

11. Aneng sajroning kadatyan, tan mawa talu rumiyin, terus jejer lamun mayang, aneng sajawining puri, kedah talu rumiyin, lajeng jejer wiwitipun, malah lumrahing desa, dadak nganggo den pucuki, banjur talu nembe jejering adegan.

12. Cacahing ringgit purwa, kang aneng kraton nagari, Surakarta Adiningrat, kari para Kyai Kyai, Jimat lan Kanyut tuwin, Mangu miwah Kyai Kadung, de kang kanggo padinan, rama Pramukanya ngawikani, marang wujud citraning kang ringgit purwa.

13. Kumbakarna mawa wonda, macan mawa mripat kalih, mendung amripat satunggal, wonda barong mripat kalih, Rawana wonda bugis, kanti kalih mripatipun, belis mripat satunggal, dene Boma wandaneki, alus, alus gusen Duryudana wandanira.

14. Jaka jangkung Baladewa, mawa wonda geger tuwin, awonda kaget sembada, miwah paripaksa nanging, Kakrasana winarni, mawa wonda kilatipun, uga wonda sembada, dene wandanya Setyaki, mimis kakik miwah awonda wisunan.

15. Somba amung mawa wonda, sembada banjet myang buntit, Kresna wonda gendreh krena, rondon mangu bedru nanging, Narayana winarni, mawa wonda geblagipun, uga wanda sembada, Abimayu rangkung buntit, para bamabang pada sih miling wandanya.

16. Bima iku wandanira, lindu ponan lintang tuwien, wonda mimis miwah gurnat, Gatutkaca wandaneki, kilat kalawan tatit, wonda gelap miwah guntur, Yudistira awonda, panukma lan putut tuwin, Dananjaya wonda kadung mangu jimat.

17. Uga wonda pramukanya, kanyut kinanti malat sih, Premadi amawa wonda, pangawe miwah pangasih, uga wonda kinanti, Banowati wandanipun, berok goleng kalawan, Sumbadra wandanireki, lanceng miwah rangkung akirira.

18. Dene Srikandi, goleng patrem wandaneki, Batara Guru awonda, krena miwah arca tuwin, Semar kang mawa kanti, Bagong wonda brebes mendung, nanging Semar kang mawa, Petruk Gareng wandaneki, ginuk dukun kalamun Bagong wandanya.

19. Gilut uga gembor miwah, wonda ngengkel lawan roti, dene Petruk wandanira, jamblang jlegong mesem tuwin, wandaningtopeng sami, Klana sepuh gusen alus, dene Klana nem jaka, lan jangkung wandanireki, dene Panji sepuh pan mangu wandanya.

20. Kalamun Panji taruna, mung pangawe wandaneki, de Gunungsari awonda, banjet kalangkung respati, wandanya Ragil kuning, lanceng Codrakironeki, amung lentreng wandanya, Kumudaningrat winarni, wonda goleng tregal-tregal solahira.

21. Telas panjerenging wonda, miturut srat Pustakaji, minongka purwakanira, nihan gantya kang winarni, nenggih gunungan ringgit, rigen panggustine gatuk, tuk-tukane pan katah, matuke den otak-atik, tukuling tyas tumanduk mardikeng krida.

………. DANDANGGULA ……….

01. Dandanggendis manis butrawali, luwih nyetek lumengketing cetak, ceta eca rasane, tikta atuntung langu, nglandeng maranggrana nanduki, kenceng angancing waja, gurungira minggkup, yen pineksa cinecepa, nora wurung belaeran ngolang-ngaling, mumet amutah-mutah.

02. Gatining kang tan tahan pepait, kipa-kipa kepati tan suka, katemah agebres-gebres, malengos mites irung, sanggyaning kang pra maos sami, miyat gubahan ingkang, banger langu prengus, boya tan oncat sanmendang, raosing rasa sanepakna butrawali, jrongrap soring paitnya.

03. Puruning kang tuna pangreti, tida-tida tan wruh tateng basa, kuma lancang paksa ngronce, kumecer nging tan pecus, ngyut cipta mangulir budi, ndupara kawidadan, pandadaring kayun, yekti mung dadya geguywan, muda punggung ugungan kirang dedugi, dinayan cublukira.

04. Parlu dahad paminteng penganggit, pra nupiksa dipun tyas samodra, angluberken aksamane, dateng pun muda punggung, de kang ayun rinipteng tulis, tapak tilasing kuna, nenggih yasanipun, Sunan Benang jaman Demak, kang winangun kayon tumrapireng ringgit, suraseng kang gunungan.

05. Denya manjer anjejer ing kelir, aneng tengah antareng sipingan, kanan tan api keringe, ngajeng balencong mungguh, nanging yekti tan yun anggusti, ananing padalangan, lan lelakonipun, tuwin sapituturira, amung metik pepetaning kang den anggit, rasaning bab gunungan.

06. Ningkasake sinawung wigati, pasemoning kang samya sinamar, ing sajroning gunungan, aneng kono kecakup, nitik saking gambaraneki, pangrakiting pepetan, konta gatranipun, winangun mawarna-warna, ananangi raseng tyas pangotak-atik, de matuking pepetan.

07. Tamtu wonten katranganireki, bab gunungan kayon wayang purwa, yen ing nguni iyasane, Sunan Benang pinunjul, amuwuhi ananing ringgit, purwa mangka sangkalan, memet ungelipun, geni dadi sucining rat, yeku taun condra angkanya ngleresi, pinanggih etangira.

08. Nuju sewu kawan atus tuwis, kawan dasa tiga prapteng mangkya, durung ana wedaran, narbuka wardinipun, nganti prapteng mangkin pan maksih, peteng dedet limengan, rinubut pepedut, pedot tan antuk wewengan, wenganing kang wardaya derarsa nganggit, ginaning kang himawan.

09. Bahnining kang karedeging kapti, yen nitiha sakehing carita, tan jajah mring srat wacane, yun sinangkang sing kawruh, durung weruh warahing ngilmi, pama metani babad, kabotan tyas ribut, kagubeding kabutuhan, wantunira muda punggung sru kapengin, mulad pra nawung krida.

10. Ginagasa tangeh angenani, pinda mbedag kang tanpa sanjata, mokal kelakon karepe, kerot datanpa untu, temah pantog puntoning ati, tita tantuk sarana, enering penggayuh, ingkang yogya linaksanan, nawung gito mung waton pangotak-atik, nganti kepeksa nyerat.

11. Nunggal kayun tok-tele den angit, nadyan gabug ginuyweng ngakatah, begja yen mung sinaruwe, wosing pangiketipun, pepatokan pangreti cilik, calak mring bab gunungan, mirid kanggenipun, kalampahing padalangan, miwah mirid saking pepetanireki, gumantung gatranira.

12. Wruh kang carita pan wujuding ardi, ing jro meksi gambar rupa-rupa, awig ngrawit pakartyane, pinrada sungging mungguh, weh sengseme para mriksani, ngisor tengah pineta, gapureng kedatung, payoning pura sinartan, ing lar panjang neng kanan kering respati, kawarneng kang wiwara.

13. Pang ingapit gupala kekalih, ngemba Cingkarabalaupata, sikep pedang lan tamenge, lungguh ajengkeng mungguh, aneng tludag sarwa mantesi, sangingiling gapura, pineteng wreksa gung njenggarang pinulet sarpa, pan sembada rinenggweng pang tiga sisih, ambapang ngering nganan.

14. Antaraning pang ngandap pribadi, madya sinung mukaning kemamang, mrengenges maweh semune, de ngandaping pangipun, kanan sinung banteng mantesi, kering sardula kroda, jeng-ajengan patut, istane lir poncakara, weneh sinung gambar blegdaba kekalih, ugi ayun-ayunan.

15. Sangisoring pang kang ongka kalih, isi keték metangkrong nggedangkrang, sisihan lawan lutungé, asung srining pandulu, saselaning kang paksi-paksi, soring pang ongka tiga, katon manuk cohung, angajengken satawana, de kang pucuk pineta kuduping sari, antaraning puspita.

16. Saselaning pra kukila paksi, buron wana sanggyaning pinatra, tinrancang seling srunine, dedompol kinumpulan, pinantesing parada sungging, kuning bang biru seta, cinawi sinawut, deleg dalah panging gurda, pinrada byur dinulu amabalerengi, weh sangseming paningal.

17. Lumprahira kayon wayang kulit, kang pinrada simungging wewarnan, datan trus jaba jerone, amung sasisih mungguh, suwalike pinulas abrit, mawa lat-ulat kresna, petan agni murub, manut ananing carita, lamun kanggo jejer adegan narpati, kayon mongka kadatyan.

18. De yen kanggo crita narapati, sedeng kondur arsa ngenya pura, kayon mongka gapurane, dene manawa nuju, anyritaken srining wedari, ingkang kinarya taman, ya gununganipun, lamun ngocapaken wana, uga kayon kang kinarya wana werit, lamun pocapan arga.

19. Himawaning kang kinarya giri, de manawa nyritaken samodra, ancala kang minangko we, krodaning jaladri gung, lamun nuju ngocapken angin, prahara gara-gara, bajra sindung riwut, nora liya mung aldaka, pinolahken mobat-mabit aneng kelir, yen pocapan dahana.

20. Kroda murub yayah mbrasta bumi, kang minongka latu ya gunungan, winalik abang sungginge, nadyan ginawe guntur, guntur wedang lan guntur geni, tuwin guntur wisesa, gelap ngampar gludug, bola-bali mung gunungan, nadyan swarga loka lan kawah yumani, nora liya gunungan.

21. Kang kinarya padaning pangringgit, kayata yen arsa salin konda, seje praja upamane, lan salin alamipun, gunungane sumelang kelir, lan wiwit tata wayang, sadurunge talu, lan yen bubar byar raina, kang pinanjer aneng satengahing kelir, mestine mung gunungan.

22. Duk gunungan pinasang neng kelir, kalanira kekayon kinarya, panyigeging caritane, gantos pocapanipun, salin konda seje negari, pamasanging gunungan, doyong adegipun, beda lawan duk kawitan, sadurunge jejer lan wanci byar enjing, tancep kayon bubaran.

23. Tumanceping gununganireki, ngadeg jejeg jinejer neng tengah, dadya gunungan adege, ingkang jejeg puniku, katrangane mung kaping kalih, kawitan lan pungkasan, de kang wungsal-wangsul, mongka padaning carita, tumanceping gunungan ginawe miring, mangkono lumrahira.

24. Mula dadi sekar lati, pasemone kang nonton wayang, gone teka wiwit sore, mbarengi lagi talu, nuli turu nglipus sawengi, nglilire wus bubaran, dadi nora weruh, duk ratri lakone apa, weruhe mung sore incip esuk lincip, saksat kanti gunungan.

………. K I N A N T I ……….

01. Kencenging tyas tanpa kancuh, kacipuhan paksa ngincih, kemecer nging tak truwaca, wigatine kang kinunci, citraning kang neka warna, jroning gununganing ringgit.

02. Anggitaning pra linangkung, kongas tumekeng samangkin, durung ana kang anggubah, bakune ingkang sinandi, dene wigati ginita, goteking kang pra winasis.

03. Mokal yen tan mawa parlu, lukita anggitan ringgit, rigening kang nawung krida, ndudahi kaanan ringgit, kanggo pangglaring krawitan, winor lelakoning ringgit.

04. Kang supadya datan pugut, mongka sudarsaneng wuri, lstari tumekeng mangkya, sumiyar sanuswa Jawi, winatareng laminira, sewu taun para luwih.

05. Wiwiting ringgit maujud, sinangkalan taun rawi, rupaning wayang pineta, nadyan kalangenan kuni, ewadene durung kemba, pan maksih kauri-uri.

06. Rarase kawuryan terus, weweh winantu mrih luwih, saya weh sengseming driya, nihan kang arsa jinarwi, pepetan jroning ancala, nanging panlusurireki.

07. Amung sakaconggahipun, agahan mung dugi-dugi, wose watone tan ana, turutan ingkang kapirid, paripaksa angrumpaka, katarik adrenging kapti.

08. Mung ingotak-atik matuk, tuk-tukane datan matis, tok-tele mung ngayawara, yayah nglindur tanpa guling, lali linglung kangenglengan, lingak-linguk tanpa olih.

09. Wewengganing manah buntu, toging driya mung kapirid, rarasing pepetanira, kang aneng jroning paredin, sinung gambaring gapura, ingapit lar kanan kering.

10. Ngregancang mimbuhi semu, sakiwa tengening kori, rinekseng gupala kembar, ngemba Hyang Cingkara tuwin, Balaupata pan samya, sikep gada lawan tamsir.

11. Weneh pedang tamengipun, petaning pasemoneki, kareping gapura ika, gapura tembunge Jawi, ateges manunggal rasa, surasaning asma Widi.

12. Dene lar pangapitipun, puniku ateges urip, uriping para manungsa, dumunung ing donya iki, ywa katungkul ulah suka, kasukan tan wruh ing gati.

13. Tansah nguja awanapsu, napsu kuning gung nenarik, dereng marang pepinginan, nengeken kaanan lair, kang anjog mring kaluputan, mepeti dedalan eling.

14. Milalah meleng kapilut, kapuled panggawe lali, malah amilih kang ala, lali mring panggawe becik, begjane wong kang mangkana, kena kinala ing eblis.

15. Dene pangajaking napsu, kang rekta rosa anarik, muruk mring panggawe mungkar, mubal angkaraning pikir, korup ing reh para cidra, dora durjana drengki.

16. Kiyeng dukane amatuh, botoh anjelak tur julig, srei tegel tegan manggan, gung ngrerusak mring sesami, misesa tanpa wilasa, kongsi kolu mamrih lalis.

17. Saksat setan dadi rau, tedas pambujuking jajil, janma kang sipat mangkana, mungkur mring pakarti yukti, tetep praptaning antaka, kalelep klebeng yumani.

18. Napsu kang awarna biru, baute amung nuruti, kanikmating memangsan, mangan minum lan madadi, tinurut sakatogira, kang dadya karemaneki.

19. Mung njaluk kebaking waduk, den uja jinujweng gajih, jinejelan ing badogan, wineleg nganti mandelik, kaulu meh sundul telak, teleke sawaluh telik.

20. Yen nginum ping nem samenut, tinut karemanireki, nadyan wus wuru waragang, kaduga ngogok barendi, badeg alkohol lan arak, suwara rak cerik-cerik.

21. Madade prasasat udud, bedudan anggung pinundi, pinda pandu tunggu aba, kumanda muni mak jeblis, jebles eblis kalekaran, kemlakaren merem melik.

22. Meleke yen arep muluk, yen angop nyambi ngangapi, karemane kang sinukan, madad minum lawan bukti, tindake mung kalamongsa, kalane titik mring wuri.

23. Mangkoneku karyanipun, si napsu tigang prekawis, wasis tansah ngajak-ajak, ngajak kang sarwa tan yukti, temah tumiba tan arja, njarang mring panggawe sisip.

24. Karana si napsu telu, yen wis amulet mring janmi, misesa sakarsa-karsa, temah janma kang kadyeki, wus dadya bebaturira, ing napsu tigang prakawis.

25. awis kang manggih rahayu, mung ngangsah budi tan yukti, kencokan ati serakah, kebanjur jubriya kibir, ambabar tindak duraka, kelantur kerep amungkir.

26. Nista nistip letek ngutuh, ngatahi tindak kang juti, bandrek gemblung gegemblengan, ngalantur nganti tan eling, lamun tinitah manungsa, tembe mesti bakal mati.

27. Tibaning antakanipun, ing kono pasti nglakoni, angunduh siksa pineksa, susah winasuh kaswasih, nggresah tansah gung sesambat, sinambut naraka pasti.

28. Tanarapken agni, murub malarap-larap ngajrihi, neng jro juranging naraka, kejet-kejet kejer anjrit, kekejot tan bisa oncat, kebacut cilaka mencit.

29. Mangkono temahanipun, tinemu wong nuruti, mring ardaning napsu tiga, kamawawa wanuh wani, mampang ngremehken Pangeran, kang sipat kuwasa ngadil.

30. Mongka kwasaning Hyang Agung, manungsa supadya darmi, darma ateges dedana, dana pakartining diri, rila eklas jati dana, ninggal uwal mungkur kapti.

………. P A N G K U R ……….

01. Doraning darma karana, karosaning karsanireng ngaurip, uripe kawasa mengku, kuma aku rumongsa, samubarang rasane paksa dinaku, kasrimpet polahing karsa, kisruh sanggyaning dumadi.

02. Dumadining pramanungsa, sayektining atas kwasaning Widi, dumawahing nyatanipun, penceng enering darma, malah malik lali jatining Hyang Agung, kuwasane wus karayah, dinakweng diri pribadi.

03. Pribadining napsu seta, tansah nuntun marang panggawe becik, mestuti mring reh rahayu, kayungyun mring kotaman, temen tuman ngrungkebi agnyeng pra luhur, netepi atering sarak, rumaket keket akingkin.

04. Tekat kyat tan bangkit rungkat, kuwat awrat prasasat gunung wesi, katempuh ing prahara gung, tangeh lamun mingketa, milanipun napsu kang putih puniku, kalokweng lumahing jagad, karan si napsu kang suci.

05. Dadya genep napsu papat, abang ireng kuning kalawan putih, yeku napsuning pra manus, amung patang prakara, rina wengi rame tansah rebut unggul, agul-agul gal-ugalan, galake kepati-pati.

06. Gelis gatuking duraka, kadursilan ladak dora dur bengis, rame ruhara tanpa wus, genti unggul kasoran, napsu seta kabotan kinrubut telu, sinesek sing kering kanan, pinupuh ngarsa myang wuri.

07. Riwut wuru ing ngayuda, napsu katri rikat mangruket wani, kang seta panggah apuguh, katri pareng mangrupak, kroda mangkrak anggelut gulet gumulung, gegot ulet let-uletan, keket keket ruket kungkih.

08. Nanging katemahira, ingayuda seta kerep katitih, kekes riningkes ing mungsuh, winasuh winisesa, kesi-esi kapepet denya prang pupuh, mangkana pepindanira, poncakara jroning ati.

09. Mulane para manungsa, sewu begja kang bisa nanggulangi, mring ardaning awanapsu, kang ngajak mring maksiyat, prapteng ngriki sinambetan petanipun, gambar gapureng gunungan, sakiwa tengening kori.

10. Rinekseng Cingkarabala, miwah ingkang sami, nyepeng pedang tameng mungguh, tamsir tanapi gada, kang pepetan rarase wus weh pituduh, saparsa manjing gapura, yogya nyembeleha dingin.

11. Ardaning kang napsuawa, aywa manjing manawa durung bangkit, baut ngalahaken napsu, mumpung wiwareng pura, maksih menga manganti durung tinutup, katutupan lawang tobat, enggal tobata mring Widi.

12. Teranging pasemon ika, sung sasmita yen manungsa kang bangkit, manjing mring kori pangumpul, tan liya janma ingkang, wus anyirep mring ubaling awanapsu, sumarah kwaseng wisesa, sumungkem konjem mbekteni.

13. Suci lair batinira, wong mangkana trang wus arasa tunggil, gelis malbeng gapurestu, nanging ta kadiparan, sapa kuwat kanggonan tindak kadyeku, tumraping jaman samangkya, sajagad tan antuk kalih.

14. Gobyagen satanah Jawa, wiwit Banten tumekeng Banyuwangi, wus pasti yen datan mangguh, manungsa kang mangkana, wit puniku wus angancik drajadipun, Sang Maha Yugi sanyata, angel bisane mrangguli.

15. Bali ngrebug napsu papat, pama jaran bandol anggegirisi, keras tan kena dinumuk, galak nujah anyepak, nyakot mbrakot gila kasenggol ing pecut, nendang mbandang nunjang-nunjang, numbuk bentus neniwasi.

16. Sing anunggang kajengkelang, galimpangan kacemplung jurang curi, tan wun ajur kumur-kumur, pinekak malah nabrak yen sinengkrak kras kroda nglumba anubruk, bebas abahane rantas, pedot amamah kendali.

17. Mulane bab napsuawa, mung si budi kang minongka kendali, supaya napsune manut, nurut karsaning budya, mongka pranti anggayuh panggawe ayu, rahayu ing donya kerat, begja geng ingkang pinanggih.

18. Mangkono mungguhing janma, nanging lamun budine kang kuwalik, dadi jarananing napsu, tan wurung katiwasan, temah nasar kesasar banjur laku dur, andadra tindak duraka, tan wun kalebeng yumani.

19. Gambaraning napsuawa, lawan budi pan wus dadi sawiji, wujude ingaran kalbu, kumpul kempel tan pisah, kaya dene jenang dodol paminipun, kadadyan sing don-adonan, glepung bumbu santen gendis.

20. Yen kakeyan glepung sepa, lawan kaduk santene dadi gurih, adakan tengik lan jamur, yen kaduk gendisira, pan kalegen cumekot keraseng untu, menawa kakeyan uyah, kasinan datan prayogi.

21. Rehning jenang dodol ika, don-adonan wus campur dadi siji, sipating kerentegipun, becik tanapi ala, krenteg ala lan becik obahing napsu, binarengan dening budya, dadya ywa kirang teliti.

22. Marma disugih weweka, waspadakna krenteg ala lan becik, cateten aywa tunpang suh, mbaleni bab gunungan, sangisoring gapura rineka mungguh, kabatur undak-undakan, pinda sasami-tanireki.

23. Unda-usiking derajad, ingkang janma manungsa wiku yogi, nggenya met margining ayu, prapteng drajad punapa, parlunira undak-undakan kabatur, batur tegese kawula, iya kawulaning Gusti.

24. Gustining gesang samoha, amung siji tan ana kang madani, Allah ingkang sipat Agung, ingkang Maha Kuwasa, nguwasani marang kaanan sawegung, kang tanpa purwa wasana, ngratani donya myang akir.

25. Nanging sakehing manungsa, tan kelingan duk maksih neng duryati, ngayahi pakarya luhur, nalikarsa tumitah, maring alam donya sanggyaning temuwuh, wus nggaduh pranti engetan, yen benjang bade tan lali.

26. Marang ananing pangwasa, pra manungsa mula pada linair, mawa piranti kang cukup, tumraping alam donya, sinartan ing poncaindriya linuhung, undagi makaryeng ndonya, ewadene kerep lali.

27. Kancane si poncadriya, malah dadi dedalan prapteng lali, saya lawas saya limut, mumet mamang mek-mekan, krep kesasar-sasar susur numbuk bentus, betah ngrungkebi piala, labed lali mring Hyang Widi.

28. Tanapi para manungsa, wus winajib kaduga mung nglakoni, ginaduhan kwaseng Agung, garan kanggo mranata, mata marang pamotahing napsu catur, tur yen tetep kwasanira, bisa nulung nunggal Gusti.

29. Yen kwalik kang kwasa, nora aring malah kabanjur baring, motah mbluntah ketuh ngutuh, dadi leteking jagad, jinagakna kwasane bakal kajegur, marang naraka jahanam, nompa pidaneng Hyang Widi.

………. ASMARADANA ……….

01. Kasmaran moh angoncati, tibaning pasiksan paksa, kasangsara salawase, minongsa agni naraka, kemripik lir keringan, ngenteni mangantu-antu, tekaning waktu luwaran.

02. Nihan gantya kang winarni, wangsul mring rembag gunungan, perangan nginggil petane, prenah payoning gapura, mawa wreksa goraya, ngadeg anjejer manduwur, mawi kapulet ing sarpa.

03. Pucuking wit sinung sari, rineka kuduping sekar, mawa pang tiga sisihe, dene satengahing wreksa, sinung sirah kemamang, mrengenges mimbuhi semu, weh seseming kang tumingal.

04. Wau witing gurda tuwin, epange nenem ambapang, nganan tanapi ngeringe, pinradabyur gebyar-gebyar, mancorong lir kancana, kang mangkana ananipun, ing ngriki yun kapraceka.

05. Winulat den olak-alik, tinlusur mamrih tan sasar, ingotak-atik matuke, tinemuning panyurasa, ananing kang gunungan, sinung pepetan gurdagung, anjejer tumekeng pucuk.

06. Gambaring kang gurdaning wit, wardine mawa pralambang, delenging kawruh jatine, kawruh warah kasampurnan, sampurna teges tunggal, temunggal lan jinisipun, jinis asaling gumelar.

07. Pinrada byur tegesneki, mancorong madangi jagad, sumarot ing salamine, madangi tanpa wasana, nyrambahi mring ngagesang, kang asor miwah kang luhur, ala becik wus kawratan.

08. Katon ing sunaring rai, lamun praupane padang, mancorong wening sorote, pratonda padang kang budya, dene kang praupanya, katon geseng tur nyrengungus, tonda geng urubing brama.

09. Matuh peteng ing pangeksi, seseg suk-sukan kemerap, mawarna-warna tingkahe, nrajang nunjang pincang jonjang, dengkling miringambrangkang, mekeh-mekeh amrekungkung, keseser kesod deyogan.

10. Nyeret semper impur njungkir, njengking ngonja-onja nungsang, nlosor nggremet sasamine, giniring manjing naraka, krana arsa kinisas, ing kono sagunging manus, angunduh wohing tumindak.

11. Kang ala miwah kang becik, wus cinawisaken sadiya, tinompa wajib ing tembe, samene yogya jinugag, mbacutken rembag ngarsa, sasamaraning gurdagung, deleg dedalan tumindak.

12. Naga anggubet marang wit, terange mawa pitedah, pra manungsa dumadine, tansah kapulet ing ala, mula aran santosa, sing sapa ajeg apuguh, gelem anyirik piala.

13. Ing pucuk kuduping sari, cetane nawung wewarah, angluhurna kadarmane, andarmaken kwasanira, kuwasaning ngagesang, dene pang kang nenem iku, kabeh kadayan delegnya.

14. Nyagaki adeging pranti, tetep pang kang nenem kalah, kawasa lawan delege, genep dadya sapta wara, pang nenem lan gurda juga, gatining pipindanipun, badan kang pitu prakara.

15. Eka atma delegneki, kadwi budi gregedira, katri engetan arane, catur prananing manungsa, ponca napsu dumadya, sa linggasariranipun, karan si mayangga-kresna.

16. Kasapta wadag puniki, kawruhana tegesing kang, deleg pinrada sungginge, karana atma minulya, abyor tanpa karana, kasebut gesang kang agung, angung geng tanpa pepadan.

17. Kang Maha Kwasa Hyang Widi, Maha Suci Maha Murah, kang Maha Adil kaloke, langgeng datanpa wasana, urip tanpa palastra, Gusti Allah sipat Agung, uga kasebut Pangeran.

18. Hynag Manon Hyang Udipati, datan kakung tan wanodya, datan putra pinutrake, tan mawa purwa wasana, tan darbe jaman makam, nanging wajib ananipun, mikalo lamun tan anaa.

19. Uga deleg nyasmitani, dadya deleging gumelar, karana sing pangwasane, dadi ananing dumadya, krana kwasaning atma, Gusti Allah Maha Agung, nenggih Pangeran priyongga.

20. De ngaurip mratandani, marang ananing Pangeran, nanging ywa kisruh, awit krana ananing wang, Pangeran nuli ana, marga ingsun kang nyebut, ngarani si Maha Kwasa.

21. Iku wong kang lara baring, rumongsa wasis angucap, ceta miring pikirane, nekat ngaku wicaksana, kwasa nganaken Allah, mranata kalawan ngatur, tibake mung wong keparat.

22. Iku pangerti kaplesit, Pangeran databpa asma, asmeku aran tegese, aran iku ingkang karya, kang nganaken wong lumrah, bisa ngarani lan nyebut, yen isih kanggonan nyawa.

23. Wruhanira atma jati, tan kadayan dening aran, tan mreduli mring asmane, nadyan kang samya sung aran, durung lan wus tan ana, atma langgeng ananipun, anane tanpa karana.

24. Nahen kang winarneng tulis, kuduping sari ing pucak, ceta nawung sesandine, nutupi ananing atma, mong warananira, mrih atma gesang kang agung, datan kuwadehen ngegla.

25. Sari wus amawa jarwi, sarining anasir papat, bantala angin geni we, wus ngempel dadya sajuga, wujud sarira kasar, badan wadaging pramanus, kang dadya wadahing atma.

26. Pang tiga kang sisih kering, peprincening rila eklas, juga wani ngeklasake, sakehing barang kadonyan, kadwi rila mring sanak, para waris lan sadulur, katri rila mring sarira.

27. Eklas kang tigang prakawis, kalangkung geng dayanira, tumraping wanci angkate, atma amisahi raga, genah sepen rubeda, tanpa sakit raosipun, sing dayaning rila eklas.

28. Sisih kanan pang kang katri, terang yen mawa pitedah, tuduh mring pepecahane, eling kang telung prakara, eling mring kabecikan, eling raga obahipun, lan eling sakehing ala.

29. Wangsul cacah pitu dadi, araning ari kasapta, wiwiting ngetang sing Dite, Soma Anggara lan Buda, Respati Sukra Tumpak, kabeh iku aranipun, surya condra lan kartika.

30. Yen Dite ywa dahar sari, Soma anyirika iwak, Anggara cegaha ngombe, Buda nglowong nora mangan, Respati sirik uyah, Sukra nora kena turu, Tumpak sirik dahar brama.

31. Manungsa wajib nglakoni, cecegah manut arinya, lan aywa nganggep sepele, kaya dongeng ngaya-wara, wewarahe wong kumpra, mongka bulpus apus-apus, ngangapusi mamrih arta.

32. Tegese ngupaya pokil, pokal kol-okolan, lir werek warah wuruke, sing anggugu tek-entekan, balindis nganti kandas, wekasane nompa getun, tinuntun mring panasaran.

33. Nanging aywa muring-muring, sesambat angaru-ara, nguman-uman Pangerane, nora adil marang titah, poma aywa mangkana, iku lekasing wong kumprung, delarung dimadung setan.

34. Malah disabar sayekti, yen lagi ketaman coba, kudu betah ngrasakake, giliraning badanira, miwah tansah ihtiyar, kang supaya gelis antuk, parmaning kang Maha Kwasa.

35. Dene yen ginilir sugih, arta waras badanira, tuwin pangkat kapriyayen, aja mbanjur sumangkeyan, adi-gung adi-guna, sapa sira sapa ingsun, ngendelken drajad kadonyan.

36. Semuni wani ngakoni, madani Maha Kawasa, kinacek ing sesamine, sasat Allah ngejawantah, tansah enak-enakan, rina wengi jibat-jibur, anguja mring napsuhawa.

37. Ingkang mangkono tan yukti, malah wajibira kedah, saya geng ing panuwune, marang kang Maha Kawasa, sinartan suka bagya, gepakna saka bebendu, dimen tetep darmanira.

………. G A M B U H ……….

01. Gambuhing darmanipun, amung sapecating atmanipun, aran mokal yen kenging dipun tambuhi, atma pasti oncatipun, paran bae nora lidok.

02. Saweneh janma muwus, bab wong mati wus kerep dirembug, dening bapa biyung embah kaki nini, buyut canggah gantung siwur, misuwur ginawe ngobrol.

03. Ngomongi anak putu, uga ingkang durung pupak untu, pada eram krunggu kojahe si kaki, kakek mung kakeyan umuk, mamerken omong nyalemong.

04. Yen wong kaya aku, nora gumun miwah nora ngunggun, den obroli wong klelet wus nora, pait, tiwas umuke ngetupruk, dak sambi ngantuk kemawon.

05. Awit iyong wis weruh, pati iku kiyamat wosipun, sajatine wus kelakon saben ari, dening ngagesang sadarum, ngalor ngidul ngetan ngulon.

06. Ngulati kyafeng butuh, warna-warna kang ingaran butuh, kang kaluwen nora liya butuh bukti, kang kasatan butuh banyu, kang kawudan butuh prabot.

07. Yen wong kang lagi nganggur, angupaya pegaweyanipun, ingkang lara njaluk waras butuh jampi, tuwin sapiturutipun, grebane kang den upados.

08. Pantoge kang tinamtu, butuh duwit iku kang den luru, kanyatane kabeh butuh nganggo duwit, awit yen tan mawa fulus, adakan tan kelakon.

09. Ramening wong met butuh, kang tan antuk sesambat angruntuh, kontrang-kantring awak sayah ati sedih, iku tonda saksinipun, dina kiyamat kang melok.

10. Beda wosing kang rembug, rembug gabug kandane si Bawuk, nora bisa nuduhake tonda saksi, upama den anggep tuhu, tibake mung omong kosong.

11. Sinambung rembag ngayun, janma muda durung kambon kawruh, weruhe mung kasunyataning kang lair, tan wruh gaibing Hyang Agung, Gusti Allah kang kuwaos.

12. Aywa maido Manu, iku tetep pangreti kaliru, tyas kabuntel akal budine meh mati, dadya maksih kumprung pengung, pengpengane kajelomprong.

13. Duh-duh aywa kadyeku, Sang Hyang Manu kang murbeng temuwuh, den oraken mung landesan tonda saksi, paseksening wong tarwilun, lumaku ginugu ing wong.

14. Wong kang mangkono iku, tetep datan katitipan ngelmu, mangan ngimel yen wus wareg nuli ngising, sing-sing nlengseng adol gurung, rumangsane dadi jempol.

15. Tan eling lamun manus, panemune pada lan wong cingklik, lah rungokna sun tuduhi tonda saksi, bab gaibing Maha Hagung, kang tan kena ginayuh wong.

16. Dera kang Maha Agung, anganaken manungsa sawegung, tan pilih sih Jawa Cina Mlayu Bugis, Keling Kodya Jepang Hindu, rupa-rupa bangsaning wong.

17. Wit saking kwaseng Agung, kabeh titah samya gesangipun, wekasane pinanjengken marang pati, ngendi ingkang ana manus, bisa luput saking layon.

18. Aywa kasusu umuk, anggambarken kaananing butuh, grebanira wong urip mung butuh duwit, wit tanpa redananipun, samubarang tan kelakon.

19. Nging pama duwe butuh, butuh urip aja nganti lampus, apa ana kang kaduga gawe urip, njaluk opah pirang ewu, mesti yen kabayar kropyok.

20. Mring ngendi nggonmu ngluru, apa minta sraya mring pra wiku, ingkang samya nggentur ngasrameng ngasepi, apa marang duku-dukun, kang nggadebus sugih omong.

21. Ngiming-iming wong pengung, lingak-linguk amunjung pisungsung, abon=abon pitik putih mori putih, duwit putih tnpa petung, den rewangi utang lebon.

22. Mangsuli rembag ngayun, bab ananing kiyamat ywa gumun, ngengetana gunging kuwasaning Widi, tan ana watesanipun, kwasa nganani dumados.

23. Krama kwasanipun, pan sakala wus mesti awujud, gumelaring jagad isine mepeki, tutukulan kayu watu, gede cilik wus carup wor.

24. Tur pirang-pirang ewu, manungsa lan kewan manuk-manuk, kutu walang ataga lan buron warih, ageng alit wstri jalu, pinanci pangane manggon.

25. Lamun raina sinung, pepadang sing soroting surya nung, prapteng ratri ginantyan sunaring sasi, lan lintang maewu-ewu, anjrah neng ngawiyat abyor.

26. Panjang lamun winuwus, yen anggusti kwasaning Hyang Agung, krana obah kwasa ngowahaken sekalir, yeku witing gesangipun, pepuntone rusak bobrok.

27. Bobrok sirnane tamtu, kelakone yen wus prapteng waktu, mung tamtune besuk kapan dereng uning, jer kwasanireng Hyang Agung, datan gaduk kinireng wong.

28. Gunging gesang temuwuh, datan wande prapteng wancinipun, luluh lebur sirna ilang tanpa dadi, yeku kiyamat wosipun, basaning kang lumrahing wong.

29. Samene bae cukup, jerengane mrih tan seling surup, karya anyetaken kiyamat lan pati, samangko mbaleni rembug, bakune ingkang kacariyos.

30. Gunungan ringgitipun, bab pepetan gurda lan pangimpun, weneh wonten kang epang sekawan sisih, sanga pokokipun, wardine yun kacariyos.

31. Cacah sanga sung tuduh, dalan hawa babahaning manus, weneh wonten ingkang epang kalih sisih, dadya epange catur, gangsal lan deleging pokok.

………. P U C U N G ……….

01. Tateng pucung, gunungan ringgit kang sinung, gurda pang sekawan, gangsal dalah deleging wit, kang kadyeku yen rinasa boya liya.

02. Karsanipun, kang marneng gita rumuhun, mongka pralampita, cacah lima nyasmitani, marang poncaindriyaning pra manungsa.

03. Rasanipun, rosing wewarahe gatuh, lan kaanan donya, matuk lawan ngakal budi, poncadriya napsu keblat lan pasaran.

04. Sumilak trus, tataraning njereng kawruh, weruh mring pepadang, dumawah maweh basuki, kawruh nyata, tamtu tumekeng sampurna.

05. Tan kasluru, rerungkudan wus sirna wuk, winiwir binuwang, kawangwang wosing kajatin, tanpa tuduh denya mrih sidining budya.

06. Ngracik urut, uruting peprincenipun, bab ponca-indriya, yeku paningal pamyarsi, pamicara panggonda miwah pangrasa.

07. Ningkas kawruh, wewijanganing kang napsu, ingkang wismeng tingal, napsu kang awarni abrit, karnanira den dumugi napsu seta.

08. Dipun emut, mat-matan aneng, pamuwus, wara napsu jenar, jenak angusiri karsi, munggweng grana napsu krena sesenggoran.

09. Yasa cakruk, kinarya klumpukan kumpul, pun napsu sekawan, pakuwonira rinakit, katon pelak selehe aneng pangrasa.

10. Jatinipun, keblat mongka jangkepipun, penering warna, kidul abang wetan putih, kulon kuning ing lor ireng tengah samar.

11. Ingkang kantun, tumonjo mongka panutup, titining katrangan, angancing kenceng kinunci, kekancingan kuncine mawa cecegah.

12. Nom lan sepuh, pancen becik ulah laku, lakuning wong Jawa, wateke ayu basuki, kukuh bakuh bakuning kawruh kejawan.

13. Gandeng kacuh, pasaran lan hawanapsu, Paingnya tinengga, dening si napsu kang abrit, lamun manis Tinengga napsu sta.

14. Jangkepipun, pon napsu kuning kang tunggu, Wagene jinaga, dening si napsu umani, lamun Kasih rineksa ing warna samar.

15. Putus estu, titi mring peprincenipun, bab dina pasaran, rakitan poncadriyani, marmanira ywa gumugah gegendungan.

16. Didumunung, naluri kawruh kang luhur, ujar kang sanyata, tumrap kang maksih memetri, mretandani bektine marang Pangeran.

17. Parlu laku, nglakoni kanti tawajuh, ceta pacaking Hyang, umate den antepi, pirambara nggumateni mring gaduhan.

18. Sukur lamun, mantep mring pangulah laku, kang sinartan sabar, sabar budi nyrmbadani, nugrahane tinemu neng uripira.

19. Den kyat teguh, cobanen ngayahi laku, lakuning pasaran, sarana wani sesirik, sumbang surung rumeksa mring poncadriya.

20. Raosipun, ponca prabawa kacakupo, kaanggar liniga, ginawe nggayuh utami, temahane tumerah sajagad raya.

21. Kadaripun, yen Legi siraka turu, dimen tan ndaleya, wibawa tansah netepi, marang sangkan paraning gesang minulya.

22. Dipun urut, yen Paing ywa duka nesu, mrih tan kesamaran, pramana nrawang pangeksi, sarta tansah tetep sanggyaning dumadya.

23. Marmanipun, yen Pon asirika muwus, sirna panastenya, waskita wuwusnya dadi, tumanjane netepi lungguhing gesang.

24. Haywa kisruh, yen Wage cegaha ngunjuk, mrih tan kebrabeyan, dadya jatmika sayekti, trus sampurna uripireng ngalam donya.

25. Kasih petuk, sirik sarem mesti matuk, ceta tan bingungan, angkere katingal wingit, marma tansah nyatani gesang dumadya.

26. Harjeng laku, lakuning dina pitu, lan laku pasaran, dayane nyata nyuceni, badan batin kalawan ponca-indriya.

27. Aywa bingung, sanadyan durung dumunung, mring enering tindak, kang jumbuh lair lan batin, babarane karasa kongsi ketara.

28. Ajar ngadu, angudi kang nganti manuh, winantu wewarah, wasitane ngelmu jati, wit manungsa abadan kalih prekara.

29. Wadag alus, kabeh pada nandang rapuh, mula kekalihnya, kudu rineksa kang becik, kang supaya awet kanggone ing donya.

30. Selehipun, kang alus aneng wadagipun, lir pendah narendra, jumeneng neng prajaneki, solah tingkah muna-muni sadayanya.

31. Wadag tamtu, kereh dening alusipun, iku kawruhana, nanging ywa nganti kuwalik, yen kuwalik sasat marani sengsara.

32. Rasa kojur, kerep judeg keneng apus, paksa ngaya-aya, yen kepleset neniwasi, sinangsaya siya-siya, melasarsa.

33. Saya dangu, dengap-dengap gesangipun, nglampahi kanistan, ceta uripe nyerantil, nyatanira kasangsaran ndonya kerat.

34. Weneh wuwus, wus terang padang dumunung, kang aran sampurna, sampurneku warni kalih, kasampurnaning kang alam donya kerat.

35. kang rumuhun, ngudiya sampurnanipun, uripe neng donya, kang supaya sugih duwit, sandang pangan mubra-mubru samubarang.

36. Aywa banjur, kasusu wani anyingkur, nyingkiri kadonyan, awit tumindak kadyeki, kudu keplok munggweng lair batinira.

37. Tamtunipun, kalamun wis bisa antuk, kasampurnan donya, benjing estu bade manggih, kasampurnan ananing alam akerat.

38. Janma iku, kuma lancang njereng kawruh, weruh nora tamat, marma maksih mamang mamring, semang semang sarwa sinemu sinamar.

39. Sampurneku, sanyata datan gumantung, mring barang kadonyan, yektine malah ngribedi, dadya korup mangrapuh mring rasanira.

40. Estunipun, sampurneng donya puniku, mung tumraping darma, darmane sajroning urip, kawruhana darmeku awrat kaliwat.

41. Lugunipun, kuwasaning Maha Agung, nganani dumadya, manungsa mung wajib darmi, anglakoni kabeh ayahaning sukma.

42. Ananipun, ngagesang kwaseng Hyang agung, dudu kwaseng titah, marma tetep aran sisip, yen manungsa rumongsa darbe pangwasa.

43. Gatinipun, gumelaring jagad agung, uga sing pangwasa, kuwasaning Maha Suci, ceta kabeh kawengku dening kwaseng Hyang.

44. Dene lamun, sampurna neng keratipun, ateges manunggal, temanunggal momor sajinis, jinis gesang angempal gunging kang atma.

45. Atma iku, dumunung ing alam suwung, aran sonya-pringga, uga kasebut sonya-ruri, kabeh gumlar kauban katut maskentar.

………. MASKUMAMBANG ……….

01. Pan karingkes denira medar palupi, andaring konda, kajugag arsa mangsuli, kang dadya witing carita.

02. Bola-bali tan liya gunungan ringgit, purwapurwa kang rinembag, leres tengah pokoking wit, pineta sirah kemamang.

03. De kamamang amung amung wonten warni kalih, wenehmripat juga, wonten ingkang mripat kali, kadi paran wardinira.

04. Teka beda mripat juga mripat kalih, lih-ulihanira, rarasing pangotak-atik, bab kemamang mripat juga.

05. Bomanawi karsane ingkang nganggit, kanggo pralampita, tuduh mring tekad sawiji, mligi datan mangro tingal.

06. Nyawijeken mring Allah kang Maha Suci, kang sipat sajuga, gumolong meleng mangesti, marang katentremaning tyas.

07. Kang katingal ana mripating ati, tarlen Hyang kang murba. Misesa ngalam sekalir, lir tuhu wus kasat mata.

08. Marma tyase nityasaenget mring Widi, yen unyat kaanan, kang gumelar ing donya iki, kinikis pan saking atma.

09. Umeksi kang agal alus gede cilik, cedak tuwin dawa, aneh elo sarta gaib, lan kang remeh-remeh pisan.

10. Kabeh iku pan saking atma upami, umiyat mring sinjang, sinjang batik asal mori, mori mono saking bolah.

11. Dene bolah iku saka kapas kang den antih, asale si kapas, iku tukulaning bumi, kelakone dadi sinjang.

12. Nganggo pulas saka nila soga tingi, tegeran lan tawas, malam den cap myang den batik, cap canting asal tembaga.

13. Panggarape nganggo kayu banyu geni, ginarap manungsa, mongka sadayeku saking, tetukulaning bantala.

14. Dene bumi iku asale saking pundi, tan lyan kang murweng rat, dalah manungsane yekti, samya titahing Pangeran.

15. Marmani wong kang wus tekad sawiji, yen wruh samubarang, nadyan akeh elok gaib, andoke prapteng Pangeran.

16. Datan amung kandeg aneng alam iki, kaananing kodrat, dene kodrat saka ngendi, tan liya saka pangeran.

17. Tekeng Pangeran kapriye panemuneki, apa maksih ana, Pangeran den kuwasani, yen ana sewu nglengkara.

18. Sartanira wong kang wus tekad sawiji, kyating tyas tan nedya, kengguh mangeran, lyaneki, ngemungaken Maha Kawasa.

19. Tan arsa mangeran marang surya sasi, lan lintang kartika, suwung wang-wung lan pribadi, cahya tonda maksih sasar.

20. Mangeran marang ingsun uga aran sisip, tan wun katiwasan, sasat tanpa akal budi, tan wruh jatining Pangeran.

21. Nihan gantya ingkang kawursiteng tulis, mangkya kang winarna, kemamang kang mripat kalih, kadi paran karepira.

22. Yen rinasa karsane ingkang anggupit, kinarya pralambang, manungsa neng donya urip, anggaduh kalih prekara.

23. Wit manungsa satuhu yen rangkep kalih, raga lawan suksma, sipate ya warni kalih, jalu tanapi wanita.

24. Tindakira neng donya ya warni kalih, alus sarta kasar, bodo pinter ala becik, asor luhur sesaminya.

25. Tinemuning tindak ugi warni kalih, suka lan sungkawa, bener luput sugih miskin, mulya tanapi sangsara.

26. Wekasane urip pacangane pati, ora lan sampurna, ora sampurneku mesti, manggih swarga lan naraka.

27. Pan mangkono ringkesing omongan iki, pama tinerangna, udalane siji-siji, ngelawer angandar-andar.

28. Rehning mengko pan wus genah warni kalih, paran kang kinarsan, yogyane milih kang endi, kari ngupadi dedalan.

29. Marga ingkang bisa anjog kang kinapti, wit sabarang sedya, pasti ora tinggal awit, kadi ta upaminira.

30. Witing pinter kudu sregep amarsudi, witing kuwarasan, jejampi lan ngati-ati, witing sugih manggaota.

31. Nadyan swarga uga maksih mawa awit, wenang ginayuha, dening wong ing donya iki, kanti tumindak utama.

32. Nglakonana ingkang sarwa bener becik, mawa tata-krama, kasusilan trap prayogi, anggayuh basuki arja.

33. Kanti eklas miwah suci lair batin, manut rehing sarak, kacakup bangkit netepi, pasti kalilan manjing swarga.

34. Beda karo naraka kang gegirisi, sasat tan sinedya, ing benjang wus mesti prapti, pangayunaning Hyang Yama.

35. Jer margane kang naraka yekti, pepak warna-warna, tur sarwa nenarik ati, kebak gunging pepenginan.

36. Kanikmatan kasenengan edi peni, kebak kabungahan, kalarasan tanpa wilis, mula arang kang nglegewa.

37. Yen tan awas korup kasengsem tanpa wis, tan wun katiwasan, lir sato klebeng piranti, temahane kasangsara.

38. Kosok bali lan dalaning suwargadi, angele kalintang, jurang cerung parang curi, tur gawat kaliwat-liwat.

39. Ciyut singup ewuh pakewuh tur rungsit, kinepung bebaya, kebak gunging mutawatir, weh giris mring tyas kang mamang.

40. marmanira mangsuli kemamang malih, tegesing kemamang, aywa mamang jroning ati, turuten tekad srinata.

………. S I N O M ……….

01. Cinekak dera amarna, dayaning tekad sawiji, kinarya mongka tulada, dateng putra wayah wuri, rinawat kanggo peling, neng jroning nala ginelung, baleni rembag ngarsa, wose bab gunungan ringgit, kang ginita gatining petan wit gurda.

02. Kadya kang wus kawursita, tinrap ing sekar gambuhi, nerangken deleging gurda, dalah pang lan kudupneki, mangkya ingkang winarni, maksih witing kang gurda gung, kanti sen-isenira, buron wana geng alit, banteng singa kidang randing lan palguna.

03. Keték lutung satawana, mayura lan paksi-paksi, saselaning pang ambapang, pantes pinatra angrawit, sineling sari-sari, pinrada sinungging mungguh, cinawi tan kuciwa, citrane sawiji-wiji, wujud wijang pepetane esmu gesang.

04. Tengah sirahing kemamang, lir simbar timbul aneng wit, winulat weh sengseming tyas, gapura sinirap sari, lar ngapit kanan kering, numpang ambapang weh semu, pasemon semu gesang, tetep tumutup kang kori, kering kanan pan gipala sekembaran.

05. Samya asikep gegaman, tumuju ngajengken kori, alungguh jengkeng nggedangkrang, neng dak-undakan mantesi, mangkya arsa winarni, pepetane sadayeku, linaras rinumpaka, kapilih ingkang pakolih, candranira kaananing buron wana.

06. Ingkang ngandap sisih kiwa, mawa gambaring kiswari, tetungguling sato galak, kaloka prawireng jurit, rosa cukat trampil, keh kewan keni binekuk, galak kagila-gila, kidang sangsam kekes miris, giris giras kaplesit ngungsi jejurang.

07. Sisihan ajeng-ajengan, lan prajuriting wanadri, andaka gagah prakosa, teguh timbul pilih tanding, tate ngentasi kardi, mungsuh sinaruduk mawut, tan kuwawa lumawan, keh sato galak kalindih, temah kondang banteng bentung prawireng prang.

08. Petane yen poncakara, Pragalba galak ngajrihi, krodarsa nubruk mring mengsah, banteng tadah nanggulangi, manteleng pasang taji, ngandelken kuwating sungu, sardula mangah-mangah, siyung rangah mingis-mingis, rebut jaya sing akasor kawisesa.

09. Tengahing pang kering kanan, katon keték lan anjani, risedenge pencolotan, tandange cukat terampil, mlebar genti nututi, tarkadang nuntung manduwur, kuwat duwur-duwuran, ramening keték anjani, pating cruwet ting bleker rebut memangsan.

10. Duwur kiwa satawana, warnane bagus mranani, nlecer lancure kawuryan, mencok aneng pang metangkring, ringas rongeh kekaring, mawantu-wantu kaluruk, mintoken swaranira, sing akrungu katetarik, tyase ngurung lelancuring wana.

11. Kanan manyura kirap lar, rupane bagus respati, katon adining busana, warnane wenes amanis, meles lir pulas wilis, enggar angegarken buntut, buweng mekar lir sekar, keder katiyup ing angin, ngeca-eca si kuncung mamrih asmara.

12. Mungguh angigel aneng pang, ngrasa tan ana tumanding, raras remining manyura, mung kala-kala kapyarsi, nyuwara sru dumeling, ngumandang sing doh kaprungu, kabarung ramening kang pangocehing paksi-paksi, maweh asri mimbuhi langening wana.

13. Mangkono kaanira, candraning buron wnadri, kaya dadi pralampita, gumlaring alam donyeki, rame riwut tanpa wis, suk-sukan rebu-rinebut, ributing wong met betah, kabutuh wani toh pati, angendelken piyandele sowang-sowang.

14. Ana ngendelaken karosan, weneh ngendelaken kewanen, ana ngendelaken krukunan, kapinteran lan pangreti, kagunan weneh warni, angendelaken gede duwur, bonda miwah pangwaa, ngendelaken bener lan becik, neka warna kang mongka del-andelira.

15. Ingkang perlu kinarya, mburu butuhe pribadi, ngalor ngidul ngulon ngetan, sinangkan warni-warni, ana kang among tani, ana nukang maklar buruh, kriya sarta mbebedag, weneh anyudagar gegrami, ana ingkang dadya punggawa negara.

16. Pra punggawa nara praja, pangkat gede sarta cilik, ingaran pamonging praja, kena sinebut priyayi, wose sadaya sami, kinarya ngupaya butuh, wetuning sandang teda, nyukupi mring anak rabi, pirambara dadi marganing kamulyan.

17. Dene kang aran kamulyan, trange ana warni kalih, siji kamulyaning gesang, loro kamulyaning pati, dene mulyaning pati, wong kang antuk suwarga yu, yen kamulyaning gesang, unda-usuk de kamulyan kang gede iku narendra.

18. Kamulyan kang cilik ika, wong antuk kabegjan pami, kasugihan kadrajadan, ingkang lestari basuki, de kamulyaning budi, yeku kang ngambah rahayu, ngayahi kautaman, tebih sing pakarti sisip, nadyan miskin kena sinebut wus mulya.

19. Kaananing kang mangkana, manawa ora lestari, aran mulya nora lana, mulya lan lana tan sami, awit nadyan narpati, uga ana kang lingsur, sugih tumibeng mlarat, priyayi cinopot cepling, datan urmat tur tan antuk pensyunan.

20. Sumela lana winarna, lana langgeng tegesneki, langgeng tan mawa wasana, uga nora den purwani, tanpa sabab lestari, langgeng ananing Hyang Agung, angaubi gumelar, langgeng mungweng sonya-ruri, sipat juga nanging kabeh kaweratan.

21. Nadyan budi datan lana, jugag lamun tan lestari, luntur kapuntir duraka, satemah papa pinanggih, wigar gagar nggregeli, lir dongeng pandita Balhum, nalika jaman kuna, nuruti tangising rabi, kang ngrubeda darbe melik bonda donya.

22. Temahan kamulyanira, lonorot liron lan kirik, mangkono lupiyanira, dene yen critaning ringgit, kocap lampahaneki, Kumbayana sang awiku, kepencut mring kamulyan, suwarga margane olih, srananira neng madyaning bratayuda.

23. Pranging Pandawa Kurawa, sapa ingkang anglabuhi, mring Pandawa karyanira, yekti antuk suwarga di, Drona duk mireng warti, tyase kumecer kepencut, cipta labuh Pandawa, kuwasa tilar nagari, Ngatasangin numpalkeli angejawa.

24. Wusnya prapteng tanah Jawa, sedyane dadya kuwalik, melik ngiloni Kurawa, sing kroban kamulyan luwih, mula wekasaneki, Drona dupi prapteng lampus, kasasar marang jaran, mangkono caritaneki, lelakoning sang awiku Kumbayana.

25. Pantes mongka sudarsana, pamilihing bener sisip, aywa kesusupan hawa, wawasen ingkang pratitis, totokna jroning ati, titinen kang nganti jumbuh, jumbuhna jro jajanya, babasan lair lan batin, prapteng ngriki keplantrang menggok mring durma.

………. D U R M A ……….

01. Pan mangkana culikaning kang pineta, gambaring wanadri, dene gatukira, lanpepetan gapura, iku minongka upami, kawruh kang nyata, gandengira lan janmi.

02. Kasunyatan dadya watoning pranatan, tataning ngaurip, nganti prapteng lena, nora tinggal pranatan, yen girenjah siji-siji, murih wijangnya, pranataning wong urip.

03. Pan wus mengku marang sakehing dedalan, kang tumuju mrih becik, beciking ngagesang, kayata pamanira, tataning praja negari, ingkang mranata, panggede lan wong cilik.

04. Kabeh kudu tumindak manut pranatan, mrih tentreming negari, sakehing tumindak, panerak pelanggaran, prekara gede lan cilik, kerampunganya, kanti prenatan nagri.

05. Nambut karya dagang layar manggaota, lakuning utang silih, kempit dol-tinumbas, kabeh mawa prenatan, satowan salaki-rabi, ningkah lan pegat, manut prenatan nagri.

06. Bab pamardi panggulawentahing anak, tataning bale panti, prapteng pesrawungan, tamu sanak tetanggan, nyandang mangan turu ngising, prapteng palastra, tataning ngrukti mayit.

07. Pangiringing layon lan ngubure pisan, manut tataning ngaurip, uga kang manembah, kang bener lan kang lepat, tan cekap winedar ngriki, cekaking rembag, lamun arsa udani.

08. Upayanen aneng kawruh Sastra Ceta, tanapi wirid-wirid, jer iku kang mongka, prenataning ngagesang, kang runtut kwaseng Hyang Widi, wiwit tumitah, nganti tumekeng pati.

09. Jroning kawruh mawa wulang warna-warna, mepeki tan ngurangi, kang alus lan agal, jembar pida samodra, yen ginelar ngebeki bumi, pigunanira, asung padanging urip.

10. Wit ngagesang lamun tan mawa pranatan, mesti yen neniwasi, krana tandangira, tan wruh mring bener lepat, nurut karepe pribadi, akal budinya, pan dadya wuta tuli.

11. Numbuk bentus rebut rosa rebut menang, sawenang-wenang wani, mrakosa misesa, daksiya nganiyaya, mentala nguntal sesami, kamamah renyah, nglenyer anyunyur anyir.

12. Kaya dene satokewan wong alasan, kang maksih muda blindis, amung cecawetan, lulanging satokewan, awake kusi besisik, tan ingopenan, rambut rengket njerginggis.

13. Panganira bongsa daging iwak mentah, cukup pinanggang geni, omahe ting krembyah, pinda sudung andapan, gegamanira jemparing, bandil lan tumbak, saking tulang lan patil.

14. Kelakuwan miwah wewatekanira, tegel mentalan bengis, kaya sato galak, bebudene tan beda, tri prakawis mangan guling, lawan cumbana, kaote datan tebih.

15. Lawan kewan kang tan wruh mring tata praja, mula uripe sami, mung panggah kewala, tan mawa kemajuwan, durung ngreti ngupa bukti, ingkang prayoga, kadi lumrahing janmi.

16. Rerukunan genti liru kabutuhan, daya dinayan ngilmi, met pigunanira, temah ing alam donya, gumelar saya prayogi, akeh wewarnan, kang sarwa edi peni.

17. Manungsa kang neg praja dadi tumata, akal budine urip, kekarepanira, akeh mawarna-warna, marsudi tambahing budi, saka srawungan, lawan samining janmi.

18. Saya akeh undaking kemajuwanya, pan dadya tonda saksi, uriping budinya, contone ngengetana, carita ing jaman kuni, uriping janma, denira ngupaya bukti.

19. Genya nyandang sarta traping bale griya, tuwin praboting panti, pranti pagulingan, gegamane prasaja, lawas-lawas mundak becik, timbal tumimbal, nganti prapteng samangkin.

20. Tan petungan undaking kaanan donya, saya maju kaeksi, beda lawan kewan, kang kurang budi ngakal, wiwit kuna prapteng mangkin, panggah kewala, tonda saksine sami.

21. Kemlandingan bisa gawe jaring sutra, alus angrawit remit, nanging yasanira, kina prapteng samangkya, wujud lan wagune sami, modele pada, panggah kadya kariyin.

22. Marmanira ngagesang ing alam donya, almun maksih netepi, pranatan kang kuna, tan mawa kemajuwan, wiwit sewu taun nguni, kena ingaran, pada lan kinjengtangis.

23. Pan wus ceta beda-bedaning manungsa, lawan sato wanadri, tan lyan mung karana, ajuning budi akal, ingkang bangkit mahanani, begja sangsara, tanapi ala becik.

24. Tindakira yen lincat sing laksitarja, limut tyase kalempit, pepet temah tuna, tan pae satokewan, witing manungsa udani, becik lan ala, lantaran saking ngilmi.

25. Ngilmu iku gumelar ngebaki bawana, kamot kawahyeng tulis, munggweng serat weda, dinapuk mongka wulang, marang sakehing ngaurip, ingkang kajibah, ngrataken ugi janmi.

26. Tumindaking eneng sajroning praja jaman, tatane tan sami, lete winatara, ana atusan warsa, solan-salin tataneki, miturut marang, ingkang mulangken ngilmi.

27. Isinira weda uga warna-warna, kawruh lair lan batin, wulanging manembah, wasita darma yoga, widi pada lan samadi, piwulang tama, wulang reh tata becik.

28. Kasampurnan sastra darma sastra jendra, wiwit hidayat jati, kawruh sastra ceta, kang dadya ugerira, para nata tanah Jawi, wit sastra ceta, ceta kawruh mumpuni.

29. Pindanira upama uriping janma, duk lair aran bayi, nuli dadi bocah, suwe-suwe jejaka, banjur diwasa tan lami, dadi wong tuwa, wekasan kai-kaki.

30. Dadi terang sastra ceteku sampurna, kadi wong kaki-kaki, tuwuk gesangira, akeh pengalamanya, beda duk maksih bebayi, durung sampurna, genya tinitah janmi.

31. Sajatining wosing kawruh sastra ceta, mobah mosiking urip, miwah solah tingkah, tandang tanduk sadaya, solah bawa muna-muni, sesandinira, munggweng aksara Jawi.

32. Amangsuli bab kawruh tumraping janma, marma kudu marsudi, wit mawa piguna, meruhi mring prenatan, sing urip tumekeng pati, wit mawa piguna, meruhi mring prenatan, sing urip tumekeng pati, nuting prenatan, tataning wong urip.

33. Milanipun pasemon gunungan wayang, pepetaning wanadri, sinongga gapura, karepe datan liya, kawruh sastra ceta jati, kuwat kamotan, dening gunging dumadi.

………. M E G A T R U H ……….

01. Rada pilah kalawan tembang megatruh, ing mangke ingkang winarni, bab gunungan wayanganipun, manawa kinarya ngringgit, kanggenira kang wus maton.

02. Kang kapisan kanggo petaning kadatun, gapura lan taman sari, kekayon tuwin wanagung, gunung watu wadas curi, rago pereng jurang sigrong.

03. Pan sadaya iku bumi tegesipun, dene ingkang kaping kalih, kanggo barat sindung riwut, lesus dedet erawati, bajra prahara gumerot.

04. Sadayeku pan maruta tegesipun, wondene ingkang kaping tri, kangge jaladara mendung, udan tanapi jaladri, kroda ambaking trita rob.

05. Lepen sendang ing tegesipun banyu, kaping pat lamun winalik, dadya abrit, sungginipun, kinarya urubing geni, ambulad-bulad angobong.

06. Tuwin kangge gelap ngampar guntur gludug, ingkang tegesipun geni, dadya trang gunungan iku, kanggo petan bumi angin, banyu lan geni wus maton.

07. Yen mangkono petane gunungan iku, dadya pralampitaneki, ananing anasir catur, bumi angin banyu geni, papat dadi adon-adonan.

08. Dadya witing anane sagunging ujud, kadadyanira pan saking, sarining anasir catur, campur daya andayani, kadya kang wus kacariyos.

09. Neng sajroning serat jitabsara kasbut, nanging ngriki boya metik, cetaning cariyosipun, dene kang arsa ginusti, gatining kang winiraos.

10. Nulad saking kawruh asta-brateku, mirid poncapranaweki, kang nrangken ambeging latu, bantala tirta lan angin, mongka njebarken pangretos.

11. Catur brata bumi banyu angin latu, wewatekane tan sami, dingin bumi watekipun, amot mengku pangaksami, gung dananira tanpa pot.

12. Tan sawala ginaru wluku pinacul, linawet dipun tangani, malah meles maweh untung, wetuning tanemaneki, pun dadya daharaning wong.

13. Wong kang mrusul met asil maculi puntuk, dinudah dipun duduki, si bumu sung sukeng kalbu, yen kabeneran sok manggih, pendeman kancana kaot.

14. Temah dadi kabegjaning kang anduduk, de bumi tan nyulayani, den cak-icak rinten dalu, nadah sesukering janmi, salaminira mung momot.

15. Marmanira bumi tumraping pra manus, sinebut Ibu Pertiwi, krana urip prapteng lampus, wadaging manungsa iki, iya neng pratala manggon.

16. Kapindone ambeging toya puniku, adil tan kendat ngademi, ngapura paranmartestu, satata bisa ngenaki, marang sagunging temuwoh.

17. Tan ngrengati nadyan cinawuk ciniduk, tan cuwa ginawe cawik, tan kawuryan tabetipun, pinerang sakala pulih, weh marta sagung dumados.

18. Mahanani tukuling kang tanem tuwuh, seger weh longgoring wiji, wiji kang ngedalken untung, dadya rijekining janmi, salaminira mangkono.

19. Uga kanggo ngresiki regeding manus, winasuh sarana warih, murih waras raganipun, sing urip tumekeng pati, tan pisah lan tirta yektos.

20. Kaping tiga ambeging maruta iku, temen tan goroh salami, bisa nusup ing alembut, amiguna mikenani, mangintip-intip tan katon.

21. Terang lamun tan winangenaning laku, yen tinarik nora serik, yen tinulak datan mesgul, lakune alus lestari, temen-temen nora goroh.

22. Upamane mentas nrajang taman santun, pasti maweh gonda wangi, lamun mentas saking kakus, gandane kang katut angin, tan liya tembeleking wong.

23. Sarta ugi dadi pirantining idup, napas ingkang manjing mijil, terang angin ananipun, yen tan ambegan nem menit, dadya petikan sayektos.

24. Gung anjani uriping kang tanem tuwuh, sakehing teneman pami, rupak papane tan antuk, daya sumiliring angin, tamtu kuru kurang longgor.

25. Kaping catur ambeging dahana iku, kerase kalingan aris, sareh serenge sinerung, rapet datan ngetawisi, tinular-tular tan kalong.

26. Amisesa ngelesa brasta sirna swuh, lebur reregeding bumi, ambabadi mring rerungkud, kang peteng dipun obori, rumeksa mrih karahayon.

27. Pancen nyata dadya pirantining idup, ageng dayanira agni, mring janma luwih pakantuk, kanggo ngreratengi bukti, kang arsa dinahar ing wong.

28. Lan paedah madangi ing wanci dalu, suda suleking pangeksi, angangeti raga lamun, kumel kinemulan atis, kanggo bediyang lan totor.

29. Rasa geter gonda apeg penguk langu, arus amis rasa getir, pait nyetak wengur kecut, lamun wus pinanggang geni, temah eca dinahar wong.

30. Jangkep catur bumi banyu angin latu, ping lima ambeging rawi, sarwa sareh budi alus, nging santosa ing pangungkih, kukuh laksitanya.

31. Yen gunagas elok lampahing suryeku, katone alus tur rindik, ewadene nyatanipun, sing enjing sonten dumugi, amung rolas jam kelakon.

32. Mongka ingkang misuwur rikating laku, sepur kilat kapal api, roket satlit montor mabur, ewadene tan ngungkuli, lampahing surya kang alon.

33. Iya iku pratonda alusing laku, alon-alon yen dumugi, ing sedya ingkang kinayun, dene santosaning rawi, neng wetan wiwit tumrontong.

34. Mungup-mungup angancik pucaking gunung, yun mangulon lampahneki, tan kena ora wus tamtu, coba sapa kang kadugi, nulak ywa nganti mangulon.

35. Kang kaping nem ambeging soma sitengsu, dedasar alusing budi, anor-raga solahipun, tandang tanduke mrak-ati, sumeh manis ing pasemon.

36. Semunira kadi rarasing rum-arum, rumesep ngarem-aremi, memalat miluting kalbu, sumrambah maweh seneng sih, asih mring sagung wirangrong.

37. Kang umiyat Hyang Condra ayem kayungyun, duk sedeng madangi ratri, meleng nglela lir dyah ayu, mangkono sengseming ati, miyat candrama mancorong.

38. Apa ana wong kang geting mya sitengsu, duk wanci anggung mangliling, wonge nesu beca-becu, dupeh nuju sepen duwit, kaya-kaya durung tumon.

39. Kaping pitu ambeging tranggana iku, kukuh tan cidra ing janji, kena pinitaya estu, tanpa samudana lamis, nyingkiri pangawe awon.

40. Tan keguhan datan ngelem tan nenutuh, manteng pamustining pasti, tetep yen wus wancinipun, jumedul aneng wiyati, marma nganti dadi pandom.

41. Pandume petunging kartika tamtu, kalakweng pra among tani, denira arsa nenandur, yen arsa nyebloken wiji, ana lintang kang den antos.

42. Kaping asta ambeging swasana mendung, adil tanpa pilih kasih, untung ala untung ayu, kang ayu ayem riniris, aris murih karahayon.

43. De kang ala kataman pidana tamtu, ing guntur wisesa gusis, gebyaring kilat narawung, wang wang gung pariksa titi, niti kang ayu kang awon.

44. Pan mangkana wasitadi kang kasebut, ana ing astarateki, mongka sudarsaneng luhung, kalamun bangkit ngiribi, wewarah kang wus kacariyos.

45. Sambung rembug njereng ponca-pranaweku, kaperang kawan prekawis, dingin ponca-purwandeku, ambeg ingkang gangsal warni, wewijangane gumatok.

46. Amot momot pradah kamot lawan mengku, kadwi ponca dumadyeki, dumadining kang pra manus, pan amung gangsal warni, winarneng gita kacariyos.

47. Tatas titis putus netesi lan tumus, katri ponca-prabaweki, pra-bawanireng pra manus, kasuwur mung gangsal warni, jinereng mongka wewaton.

48. Singit nglungit singer maladi lan alus, kapat pencawasaneki, wasananireng tumuwuh, tamtu dumunung ing lalis, kang mung gangsal warni maton.

49. Tama asor lumrah ala miwah bagus, kawengku dening pangrakit, rakiting lelakonipun, pancen wus kadya pinasti, dening labeding lelakon.

50. Amangsuli rembag bab anasir catur, bumi banyu angin agni, gatuke kalawan kawruh, dadya don-adonaneki, badan wadag raganing wong.

51. Uga kena kinarya pranti panglebur, ngawigarken wadag puniki, kalamun wus tan kabutuh, betah amadahi urip, uripe wus ngesahi los.

52. Grebanira rasaning anasir catur, tegese asung pangreti, tonja tumanjaning kawruh, keniya kinarya peling, denira bekti mring Manon.

53. Pan Riningkes samene durung kecakup, pama ginlar aneng ngriki, yen arsa wrin wijangipun, takona para linuwih, kareben bisa cumeplong.

………. M I J I L ……….

01. Wijining kang kawursiteng ngarsi, yekti yen wigatos, kagatekna mongka tuladane, karben dadi tambahing pangreti, temah tyase dadi, jembar sugih kawruh.

02. Warna-warna metik kanan kering, rinawat pan kamot, momot mengku kawruh apa bae, cukup cakep kacatet ing ati, nihan kang winarni, nerusake rembug.

03. Sambetira kang kawahyeng tulis, supaya tan pedot, bola-bali mring gunungan maneh, kang ginusti kanggone menawi, kinarya angringgit, sok kinarya guntur.

04. Guntur wedang tuwin guntur geni, prabaw kinaot, gelap ngampar kawah yumanine, teja maya lan swarga lokadi, tan lyan kang kinardi, ya gununganipun.

05. Tegesira glap guntur yumani, ringkesing pasemon, semunira ngemu gamabarane, kaananing tindak ala becik, gede sarta cilik, tan wande wus tamtu.

06. Tinemu lan labete pribadi, becik tuwin awon, ingkang becik antuk ganjarane, ingkang ala mestine nampani, pidananireki, kang awrat saestu.

07. Satuhune manungsa puniki, keh kang kabesturon, lali marang ing kawekasane, yen ngaurip pacangane pati, mongka jaman pati, maksih ala ayu.

08. Ala becik pangayuhe saking, duk maksih dumados, aneng donya kono dedalane, awit donya pagaganing akir, panene ana ing, kerat kari ngunduh.

09. Angunduhi tanduraning urip, de tindak kang awon, duk nek donya sasat nanem rawe, cubung gadung kemaduh kecacil, ingas brungah cungis, sabangsaning racun.

10. Wisa mandi ingkang neniwasi, nggateli maring wong, nora wurung rinasaken dewe, yeku wohing panggawe tan becik, mulane dieling, mring dalan rahayu.

11. Krana lamun tan ngupaya sisip, yen sepen pangggayoh, gung kainan kapitunan dewe, de dumadi titah kang linuwih, ngluwihi sesami, sing makluk sedarum.

12. Nora wikan wajibing ngaurip, mongka kwaseng Manon, dera nganaken janma jatine, ginaduhan wajib mung mbekteni, mring kang Maha Suci, iku gatinipun.

13. Temahane pra manungsa lali, milalah malengos, angastuti nguswa pialane, tuwin mangra lintang surya sasi, kesasar kaplesit, anyingkur Hyang Agung.

14. De gunungan pinanjer neng kelir, sangajenging blencong, munggwing tengah leres antarane, simpinganing wayang kanan kering, jinejer rong larik, kur-ungkuran mungguh.

15. Wayang tuwin gunungane sami, tumancep gadebog, kabeh iku dadi pesemone, kang gunungan urip ing donyeki, saisine sami, dene keliripun.

16. Kang minongka jagad swasaneki, wondene balencong, yeku ingkang kinarya suryane, amadangi ing jagad puniki, gadeboge bumi, ringgit kang pinanggung.

17. Ugi simpingan ing kanan kering, pan dadya pasemon, pra manungsa kala maksih aneng, alam duryat durung mobah-mosih, lir wayang cumawis, nengga kanggenipun.

18. Kinarsaken ing sawanci-wanci, kalane yen kanggo, kari njupuk kang neng simpingane, nora beda kaananing janmi, kelairireki, aneng donyanipun.

19. Pamanggunge ringgit kanan kering, angungkurken kayon, duk kalane durung klakokake, kadi janmi kang durung linair, gununganing diri, datansah siningkur.

20. Sepen raos panggunggunging diri, rebutan kinaot, durung tukul pangrasa ingsune, uga durung darbe rasa melik, rumongsa ngungkuli, rebut luwih unggul.

21. De saking wayang ingkang sami, kinarya lelakon, pinolahken neng kelir jatine, kanggo menang kalah mati urip, wayange mung darmi, nglakoni saestu.

22. Atas saking karsaning kang ngringgit, ki dalang kuwaos, murba misesa wayang kabehe, nanging dalang dudu Maha Suci, amarga mung darmi, amolahken runtut.

23. Ingkang nanggap pindaning Hyang Widi, ki dalang pan kanggo, pindan gesang dalah pangwasane, padanging blencong kencenging kelir, pamintaning gending, patet sulukipun.

24. Nganti prapteng bubaran byar enjing, mulya tancep kayon, wayang blencong kelir saprantine, klir ginulung blenconge den ambil, wayang den kukudi, nyemplung kotak rampung.

25. Kang kadyeku pralampitaneki, ananing dumados, jagad iki kabeh saisine, swasana lan lintang surya sasi, cleret kilat tatit, angin mega mendung.

26. Udan bumi alas arga tasik, padang peteng yektos, rina wengi, miwah esok sore, ngisor duwur wetan kulon tuwin, lor kidul utawi, tengah agal alus.

27. Ageng alit priya lawan estri, tuwa tuwin anom, manungsa lan peri prayangane, sato kewan rumangkang sekalir, kabeh kang kumelip, ing jagad sawegung.

28. Sadayeku titahing Hyang Widi, kang Maha Kuwaos, kang ngratoni jagad kana kene, alam donya tuwin alam akir, kang pinuji-puji, tan lyas mung Hyang Agung.

29. Gunungane nalika kardi, panjigeging lakon, yun ngocapken seje negarane, salin crita gunungan rumiyin, sumela neng kelir nanging miring tanggung.

30. Bola-bali gunungan yen dadi, padaning cariyos, pasti yen miring tanggung adege, beda karo nalikane wiwit, sore sadurunging, kawiwitan talu.

31. Tuwin tekeng bubaran byar enjing, yeku tancep kayon, gunungane pan jejeg adege, dadi wus trang yen mung kaping kalih, miwiti mungkasi, adege si gunung.

32. Ingkang jejeg boya mirang-miring, rarasing pasemon, tumitahing manungsa kalane, lair ceprot sing kandutan maksih, mulus sarwa suci, kamanungsanipun.

33. Kaananing kalbu maksih mligi, durung pating blentong, mundak dina gya tukul akale, tambah sasi mundak taun dadi, campuran manunggil, lawan napsu catur.

34. Suwe-suwe napsune mawerdi, angreda reraton, nelukake mring budi kwasane, marmanira pra manungsa sami, akeh kang nuruti, pangajaking napsu.

35. Datan emut duk maksih bebayi, kecaket Hyang Manon, mundak dina benggang antarane, tambah umur saya tambah tebih, diwasane lali, bareng tuwa limut.

36. Sababing kang kadadyan kadyeki, pantes winiraos, mundak dina si bayi budine, akal karepe ya mundak wasis, wignya angakali, dera ngluru urup.

37. Uruping kang numrapi pribadi, pribadining uwong, wit sadaya sabarang karyane, nelakake kalamun ngoncati, tita anebih anebihi, nggepak sing darmestu.

38. Tuman matuh mring tindak nebihi, mbubrah darma tlatos, temah kisruh talering darmane, ning sok asrig angucap sadarmi, kang kinarya lamis, minteri pus-apus.

39. Bareng pikun ragane wus ringkih, kekel gerah cekoh, cekrah-cekreh mbribeni putune, napas cekak pijer kempas-kempis, awak kari lung-lit, rina wengi nggruguh.

40. Ihtyare jampi warni-warni, mung panggah kemawon, dupi perak oncating atmane, legi eling yen tidake kang wis, linakon nalisir, nanging wus kabanjur.

41. Durung nganti barpisan nobati, wus kaselak maot, kari getun kaduwung polahe, mangkya dadi pulih lir bebayi, boya suwe bali, kinandut neng kubur.

42. Yeku lire miwiti mungkasi, prelambang kayon, ngadeg jejeg kaping kalih dene, ingkang mring tanggung tegeneki, pasemoning janmi, kalane tumuwuh.

43. Aneng donya wiwit duk taruni, nganti kempong perot, tanpa kendat goyang panggayuhe, pepenginan kang maneka warni, nenarik tyasneki, goyang miyar-myur.

44. Kageret ing awanapsu dadi, adegira doyong, pan katarik tinuntun mring elek, lali marang pakarti kang yukti, sigeg tembang mijil, wirangrong sumambung.

………. WIRANGRONG ……….

01. Wauta ingkang winarni, mangkya nyambeti cariyos, limrah dadya sekar latinipun, pasemoning janmi, kang demen nonton wayang, ing wayah sore wus prapta.

02. Ing kono lagya mbarengi, taluning pradongga gobyog, nging mripate ngantuk siyat-siyut, tan bisa nayuti, gletak kebanjur nendra, sawengi trus sesenggoran.

03. Nglilire sampun byar enjing, mbarengi wus tancep kayon, dadi tan wruh wayang duk ing dalu, lakone tan uning, weruhe datan liya, amung panjeran gunungan.

04. Ingkang minongka mungkasi, tonda panutuping lakon, dadine wong iku weruhipun, esuk sore lincip, tegese mung gunungan, wiwit tanapi pungkasan.

05. Ingkang mangkuneku dadi, pralampitaning dumados, manungsa kang dumadya tumuwuh, aneng donya iki, kang bodo nging tan arsa, meruhi marang prenatan.

06. Tan wrin yen uriping janmi, mawa prenatan kang maton, tatananing gesang prapteng lampus, nging deweke sutik, kalamun anggatekna, nora perlu ngawruhana.

07. Mung katungkul mamet pokil, karingkelan ngadu okol, kasengsem tansah amburu untung, nganti montang-manting, tan wruh sahing prekara, karem karames kewala.

08. Kebacut datan mreduli, marang wosing wong dumados, wiwit anom nganti prapteng sepuh, tan niyat mangreti, wong kang mangkono tuna, dera kasebut manungsa.

09. Tan beda kebo sapi, tan wruh beda-bedaning wong, lawan sato isining wana gung, wit wong baut ngudi, ajuning akal budya, kang anjog marang pepadang.

10. Anuduhken ala becik, aywa malah kabesturon, lalu lali wus muput kalimput, terang uripneki, kena kasbut palastra, wit mati budi akalnya.

11. Nyatane datan mangerti, marang gatining dumados, aneng donya prapteng jaman besuk, mongka yen pinikir, pasemonireng gunungan, dera sinungging wewarnan.

12. Amung kang katon ing jawi, dene jerone tan cocok, sunggingira abrit agni murub, kang mangkono dadi, pasemonireng donya, kang meksi maneka warna.

13. Saestu nenarik ati, dadya pepenginaning wong, nora wikan yen mung kanggo tutup, anutupi agni, kang tansah ngalad-alad, mulane donya punika.

14. Temen yen temumpang geni, nora wurung bakal kobong, marma aywa anggung enak-enuk, nuruti kang sisip, sengsem pepaes donya, kang tan awet enggal brasta.

15. Mula den awas lan eling, lamun nganti kabesturon, prapteng benjing mung kari gegetun, ing mangkya winarni, nenggih purwakanira, aneng sekar dandanggula.

16. Pait pinda butrawali, lugu tan eca kang raos, tikta nyetek tur atuntung langu, kang nggonda anyunggir, minger mangancing waja, upama kinen necepa.

17. Pasti ngelu ngolang-ngaling, blaeran mutah galogok, tan wentala mring pait tur langu, beda yen ngicipi, marang manising gula, batu dasar wus den kelang.

18. Kamangsak nganggo panili, legi arume miraos, pami kinen nginum saglas tamtu, mundut tanduk ,alih, pan nyam-nyamen kewala, kalamun katurutana.

19. Manawa ngunjuk sakopi, pepuntone tan rinaos, adakane keneng lara watuk, kekelen angigil, nggeges nggograken raga, tan dangu terenge prapta.

20. Beda lawan butrawali, sanadyan pait kinaot, nanging maweh warasing ragestu, yen kulina menti, jingklong lan emut gila, temah tebih malriyah.

21. Mangkana pepindaneki, warah becik miwah awon, kaya dene pait karo madu, pasti milih manis, tan sotah milih tikta, nanging janma kang waspada.

22. Tan gampang keneng memanis, nastiti niti kang raos, nora banjur kasusu den inum, jer senadyan pait, yen geng pigunanira, katemah milih kang tikta.

23. Pramila langkung prayogi, anak putu tuwa anom, ageng alit wanita myang jalu, den sregep marsudi, mring kawruhing ngagesang, sastra-ceta kalokengrat.

24. Nggegulanga pacak becik, basunyatan mongka waton, ngadela mring kwasaning Hyang Agung, di kapara bekti, precaya ana-nira, gustining gesang sadaya.

25. Poma aywa anambuhi, mring daya kuwaseng Manon, mula pada di sengkut sinau, ajar nglari ngilmi, keneng kanggo sarana panggrendaning manahira.

26. Karben landep mingis-mingis, empaning budi waspaos, bangkit nggayuh mring sakehing ngelmu, kang rungsit kang werit, tumraping uripira, nganti tumekeng pralaya.

27. Aywa lincat saking eling, datan limut temah kamot, iku pan dadya prabot saestu, tumraping sireki, mrih yuning gesangira, ing donya prapteng delahan.

28. Jaman kerat kedah ugi, weruh mring kawruh kang maton, amatoni ngagesang sadarum, kang supadya keni, kinarya pandoming kang, ngaurip sajagad raya.

29. Alam kerat yun winarni, mongka nambahi pangretos, temah tembe nora bakal tambuh, babaring kajatin, tinut pinujweng jiwa, wasana tan mawa was-was.

30. Ngakerat mung tigang warno, juga sonya-ruri kalok, yeku kratoning kang atma agung, kadwi aran swargi, nggoning sarwa utama, kang katri kasbut naraka.

31. Tegesing kang sonyaruri, sonya sepi suwung kotong, mula kalok alam suwung wang-wung, ruri obah urip, urip gung kasbut atma, atmeku urip tan nyawa.

32. Nyata atma langgeng urip, tanpa napas senggar-senggor, tanpa kulit daging balung sungsum, tanpa samukawis, kantine mung pangwasa, kwaseku obah jatinya.

33. De obah tandaning urip, urip tan arah tan enggon, nanging wrata ngebeki ngasuwung, yeku atma jati, tanpa rupa tan warna, uga tanpa wangun gatra.

34. Anane tanpa prekawis, datan dinamel pan dados, tan kawruhan kapan sirnanipun, tan owah tan gingsir, satuhune mung lana, lana ananing kang atma.

35. Wangsul malih sonyaruri, mulane asring kacariyos, yen isia pan jatine suwung, suwung nanging isi, mangkono yetinira, papan dununging kang atma.

36. Nyata atma kang ngiseni, nanging kacariyos kotong blong, awit tanpa ujud atma iku, nging yen kasbut isi, isine ya mung atma, atmeku Maha Kawasa.

37. Atma kang wus nora murni, pama kecampuran blotong, pantese pan mung asma sinebut, nanging kang wigati, dudu babagan aran, aran mono warna-warna.

38. Kang nyata perlu ginusti, dayaning atma kinaot, apa bae kang gumelar tamtu, nadyan kang kumelip, tan kasat dening netra, yekti kabeh wus kadayan.

39. Kawratan kuwasaneki, kwasaning atma kinaot, obah sipating gesang sadarum, temah andayani, ngowahaken kaanan, nanduki sekar sarkara.

………. DANDANGGULA ……….

01. Mring memanis atma andayani, marmanira bangkit mobah molah, mosik tumekeng owahe, anjog mring risakipun, pepuntone samya nemahi, punkasaning kaanan, tan ana kang luput, apa ana ingkang bisa, nangkis marang dayaning atma linuwih, tetep tan nandang rusak.

02. Wruhanira iku tonda saksi, marang daya kwasaning Pangeran, sinebut Allah lumrahe, ana saweneh muwus, wujud apa Allahireki, aku nora precaya, barang tan kadulu, lumrahe jaman samangya, kudu wikan nerangken kang mawa bukti, aywa anggere ngucap.

03. Pangucape mung tansah ngapusi, supayane bisa kasil arta, sandang pangan sabadane, nemaha laku lumuh, mamrih napkah srana makardi, dimen urip kapenak, nak kumanak tulus, katimbang tansah nggedangkrang, sila tumpang mejangken warahing wirit, wuruke wong kang nasar.

04. Wruhanira janma kang kadyeki, kurang kawruh nging seneng nenacad, ceta cacad engtane, nelad nemaha padu, durung pana wani madoni, nasar pamuwusira, remeh nora urus, rumangsa sarjaneng budya, sujaneng rat mumpuni mring samukawis, wicarane wor upas.

05. Paksa nekad tilar trap prayogi, gage-gage ginungweng ngakatah, kedah mamerken wasise, sukur bisa pinunjul, nadyan jubel bujel tyasneki, kaselak dadi kondang, kandungan gumendung, dasar gandang swaranira, saru rusuhngremehken mring kanan kering, kanti tanpa reringa.

06. Nora susuh ngrembug Maha Suci, ceta cupet pikirira, rasanta keter pan kecer, kocar-kacir katrucut, kacandet ing wicalan picis, cepaking kang carita, tumraping pra manus, ingkang anom miwah tuwa, lanang wadon bodo pinter sugih miskin, bangkit mbatin sadaya.

07. Dadya nyata janma sinung batin, marma lebda samya amiguna, makrdi kanti batine, nanging apa wus weruh, wujud apa batinireki, mara gage jawaba, kang saleresipun, pamane durung uninga, kena apa wus pracaya marang batin, nganggone saben dina.

08. Upayanen dikongsi kepanggih, ing sajroning badane manungsa, boya nganggo leren-leren, sadurunge ketemu, bisa weruh wujuding batin, yen wus bisa pariksa, kula nyuwun dawuh, mongka jatining Pangeran, tikel sewu aluse katimbang batin, kadyeku kawruhana.

09. Nerusake andaraning ngarsi, alam swarga iku terangira, dununging kang becik, sing ademen tetulung, ambeg ayu basuki becik, nyata temen utama, tindak-tandukipun, tansah prayogi cablaka, wewekane tansah sinartan dedugi, nggayuh mring karaharjan.

10. Mila swargi ugi den wastani, nganggo tembung Jawa kadewatan, wit kono dadya dununge, para dewa linuhung, kang bebadan kawan prakawis, yeku atma lan budya, eling prananipun, tinambahan napsu seta, temen-temen kapenginira mring suci, yeku sipating dewa.

11. Dene alam naraka yumani, dununging kang sarwa nista papa, sadayaning dur lan elek, tuwin sangsara luput, ngumbar hawa napsu tan sipi, karem ulah maksiyat, remen apus-apus, dene kang mongka paitan, drengki srei daregi julik mutakil, panasten penasaran.

12. Yen naraka ugi den wastani, alam napsu sarta kamaloka, karana kona dununge, panangsayaning napsu, sudra ndadra andedrawasi, sasat setan sesopyan, susukanya sutug, tineter tindak brangasan, bungah-bungah angetog sakehing bengis, ngiras ngangsah kamurkan.

13. Kawruhana para setan sami, prabotira amung gangsal warna, yeku sang atma urute, nuli budi lan emut, prana napsu kawan prekawis, mung iku sipatira sakehing lelembut, betah manggon ing naraka, kasenengen langen ing kawah yumani, geguyon gegojegan.

14. Wonten malih janma ngiwi-iwi, wignya timen nerangken ngakerat, kaya wus meruhi dewe, apa nora kaliru, katrangane marang prekawis, alam-alaman kerat, salebaring lampus, apa iya dewekira, wus nglakoni tau mati dadi mayit, kapendem neng jaratan.

15. Lamun durung tau angemasi, mesti sasar katrangane ika, tetela mung ngawur bae, ben diarani guru, guru gede pinda kyai, kang nyowani sung bulu bekti, ruparta sandang pangan.

16. Coba-coba sun jawabe nuli, lah rungokna kang tliti sampurna, karben tan kisruh nalare, de wosing kang winuwus, bab wong lena nemahi pati, pati iku punapa, priye terangipun, wruhanira wong taruna, kang den ucapake patyeku sayekti, mung tembunge manungsa.

17. Jati pati iku yen winarni, uwaling kang atma saha raga, nyawa oncat sing wadage, raga kotong nggaluntung, batang iku kang den tudingi, sinebut wus palastra, marga saksinipun, wus tan bangkit mobah molah, kadi dene kalumrahaning ngaurip, mosik nduweni patrap.

18. Kang truwaca yen arsa ngawikani, marang alam bakdaning antaka, tlusuren saka sababe, paran sababing layu, laya iku saka ing urip, gesang saking palastra, malak-malikipun, witing pati saking gesang, witing gesang sayekti saka ing pati, mokal tan klebu ngakal.

19. Lamun mati durung tau urip, yen uripa pan dereng palastra, mangkono sapiturute, rasakna kang saestu, witing ilang saka kepanggih, manggih saka ing ana, ana saking ingsun, witing ingsun saing manungsa, manungsasing kwasanireng atma jati, atma tanpa sesangkan.

20. Nora susah nganggo icip pati, tamtu bisa meruhi pralaya, saka ngawruhi awite, pramanakna uripmu, mesti terang padang kaeksi, kaananing pralaya, tumraping sirestu, yen arsa wruh maring gesang, marsudia kang pana marang si lalis, lulutna neng pangrasa.

21. Dadya ceta kabeh wong puniki, pasti pada wus nate palastra, duk urung linairake, aneng ngendi dunungmu, lamun sira durung linair, ana ing alam donya, ya durung kinandut, mula pada mangretiya, kang kadyeku jatine sireku maksih, aneng alaming laya.

22. Ana maneh kang winasis ngilmi, ahli laku ngulah kebatinan, dasar wus akeh umure, kaloka sugih kawruh, pra tetongga ing kanan kering, wus anganggep wong tuwa, lir wiku satuhu, wuwuse ginawe larang, yen ngandikan medarken saliring ngilmi, kinemeng reringkesan.

23. Adakane yen klempakan bengi, bengak-bengok ngabani sadengah, ngambali mring pangunjuke, nekad nemaha wuru, wurung bener anemu sisip, sasar saru lan resah, lekoh laduk lulut, mamerken kagunan raga, gar-agare nggegeret ugering kibir, bar-barane njrebabah.

24. Anggedangkrang edeg gedag-gedig, dengkulira kinarya kendangan, deng-denge metu gendenge, gegendingan angidung, derenging kang angirup pamrih, amrih tuwuking karsa, karsaning wong imul, angimel ngemel memangsan, semu dokoh kokoh angatahi bukti, glundang-glundung gendaka.

25. Wdarane tansah tan angeblaki, marang murid kang samya winejang, jaragan dadya watake, yen kasliringing tembung, adakane duka tan sipi, angling anguman-uman, nyambi nyrempet ngelmu, ngelmu kang maksih muk-mukan, mahanani wetuning tembung tan yukti, temah tuwane tuwas.

26. Peng-pengane pengunge kawijil, jajal-jajal karya cecangkriman, cangkrimaning lare angen, sapa bisa sun tuduh, tuwa endi endog lanpitik, kodrad lawan iradad, pasti tindakipun, iku dadya tandanira, yen pranyata sira pratitis mring ngilmi, mesti putus sampurna.

27. Sun batange cangkrimaning kaki, kang kawedar dadya tri prakara, nanging sajuga karepe, karana terangipun, pitik kodrat kalawan pasti, iku lire satunggal, tonda dadosipun, witing dados sing pakarya, nora nana ngadadi sajagad iki, datan kanti kinarya.

28. Witing karya saka kwasaneki, witing kwasa saka obahira, witing obah sing urip, urip sing atma agung, marmanira endog lan pitik, tita yen tuwa tigan, iradad kang sepuh, panggaweku luwih tuwa, yen katimbang karo kang sinebut pasti, tumraping kawruh donya.

29. Jati pasti cuteling pakarti, nanging mungguhing kang Maha Kwasa, syekti disik pitike, kang tuwa kodratipun, pasti iku kang pirsa disik, tan liya mung Pangeran, ingkang sipat agung, mangkana batanganira, tri cangkriman ingkang winedar si kaki, kakek kekel alatah.

30. Gya pinugel denira anggurit, panglalaring prakawis gunungan, ya kayon wayang purwane, kang wus kawahyeng ngayun, yen kapindeng winasis kanti, tesmak kawruh kejawan, winatara cunduk, dumawahing wahyuning kang, nganggit datan mingsra sapele tur cilik, leres lepat sumangga.

31. Pan jaragan penganggit taruni, maksih sepen mring bab kasusatran, mbedagel mogol kawruhe, ginodoga setaun, nora dadi empuk myang gempi, suprandene sumengka, kumaki amberung, ngrumpaka nggubah karangan, kang rinipta sinawung sekar mantesi, sekar alit maca-pat.

32. Datan pegat pamiteng, penganggit, dumateng pra kang solah nupiksa, lamun uninga lepate, panyerating kang tembung, lan kitaling basanireki, murang parama-sastra, rinimbag tan gatuk, mugi para maos suka, amirahna tyas karsa tansah ngluberi, samodraning aksama.

33. Itih tamat putusing penggangit, angleresi ri Sukra Cemengan, ping wplulikur tanggale, Asura wulanipun, tatananing mongsa nyarengi, mongsa kang kaping gangsal, Ehe warsanipun, tngering condra sangkala, caturing kang nggusti basukining bumi, juga asta-asta pat.


…………………………………………………………………………………………………………………..
Kapendet saking buku Antjala Djarwa
Alang Alang Kumitir

04.12.09

SERAT KIDUNGAN

Ditulis dalam SERAT KIDUNGAN pada 11:55 am oleh Mas Kumitir

Kidungan punika serat kina pralambangipun ngelmu Islam ingkang sajati, tuwin minangka wawarah pamujining kawula dateng Gusti, iketanipun Kanjeng Susuhunan Kalijaga Waliyullah; kasambet iketanipun Kyai Rangga Sutrasna pujangga.

Babon asli saking kagungan dalem
Gusti Kanjeng Ratu Pambayun
putri ing karaton dalem SURAKARTA ADININGRAT
.

Tembang Dhandhanggula


… 01 …

Ono kidung rumekso ing wengi, teguh ayu luputa ing lara, luputa bilai kabeh, jim setan datan purun, paneluhan tan ana wani, miwah panggawe ala, gunaning wong luput, geni atemahan tirta, maling adoh tan ana mgarah mring mami, guno duduk pan sirno.

… 02 …

Sakehing lara pan samya bali, sakeh ngama pan sami miruda, welas asih pandulune, sakehing braja luput, kadi kapuk tibaning wesi, sakehing wisa tawa, sato galak tutut, kayu aeng lemah sangar, songing landk guwane wong lemah miring, myang pakiponing merak.

… 03 …

Pangupakaning warak sakalir, nadjan arca myang sagara asat, temahan rahayu kabeh, apan sarira ayu, ingideran kang widadari, rineksa malaekat, sakatahing Rasul, pan dadi sarira tunggal, ati Adam utekku Bagenda Esis, pangucapku ya Musa.

… 04 …

Napasku Nabi Ngisa linuwih, Nabi Yakub pamiyarsa ningwang, Yusup ing rupaku mangke, Nabi Dawud swaraku, Njeng Suleman kasekten mami, Nabi Ibrahim nyaw, Edris, ing rabutku, Bagenda Ali kulit ingwang, getih daging Abu Bakar Ngumar singgih, balung Bagenda Ngusman.

… 05 …

Sungsum ingsun Patimah linuwih, Siti aminah bajuning angga, ayub ing ususku mangke, Nabi Nuh ing jejantung, Nabi Yunus ing otot mami, netraku ya Muhammad, pamuluku Rasul, pinayungan Adam sarak, sampun pepak sakatahing para Nabi, dadya sarira tunggal.

… 06 …

Wiji sawiji mulane dadi, apan pencar saisining jagad, kasamatan dening Date, kang maca kang angrungu, kang anurat kang animpeni, dadi ayuning badan, kinarya sesembur, yen winacakna ing toya, kinarya dus rara tuwa gelis laki, wong edan nuli waras.

… 07 …

Lamun ana wong kadenda kaki, wong kabonda wong kabotan utang, yogya wacanen den age, nalika tengah dalu, ping sawelas wacanen singgih, kang luwar ingkang kabanda, kang kadenda wurung, aglis nuli sinauran, mring Hyang Suksma ingkang utang iku singgih, kang agring nuli waras.

… 08 …

Lamun arsa tulus nandur pari, puwasaha sawengi sadina, iderana galengane, wacanen kidung iku, sakeh ngama sami abali, yen sira lunga perang, wateken ing sekul, antuka tigang pulukan, mungsuhira rep-sirep tan ana wani, rahayu ing payudan.

… 09 …

Sing sapa reke bisa nglakoni, amutiha lawan anawaha, patang puluh dina bae, lan tangi wektu subuh, lan den sabar sukuring ati, insya allah katekan, sakarsanireku, tumrap sanak rajatira, saking sawabing ngelmu pangiket mami, duk aneng Kali-Jaga.

… 10 …

Ana kidung reke angartati, sapa weruh reke aran ingwang, duk ingsun ana ing ngare, miwah duk aneng gunung, Ki Samurta lan Ki Samurti, ngalih aran ping tiga, Arta-daya tengsun, aran ingsun duk jajaka, Ki Artati mangke aran ingsun ngalih, sapa wruh aran ingwang.

… 11 …

Sapa weruh kembang tepus kaki, sasat weruh reke Arta-daya, tunggal pancer sauripe, sapa wruh ing panuju, sasat sugih pagere wesi, rineksa wong sajagad, kang angidung iku, lamun dipun apalena, kidung iku den tutug pada sawengi, adoh panggawe ala.

… 12 …

Lawan rineksa dening Hyang Widi, sakarsane tinekan dening Hyang, rineksa ing jaman kabeh, kang maca kang angrungu, kang anurat myang kang nimpeni, yen ora bisa maca, simpenana iku, temah ayu kang sarira, yen linakon dinulur sasedyaneki, lan rineksa dening Hyang.

… 13 …

Kang sinedya tinaken Hyang Widi, kang kinarsan dumadakan kena, tur siniyan Pangerane, nadyan tan weruh iku, lamun nedya muja semedi, sasaji ing sagara, dadya ngumbareku, dumadi sarira tunggal, tunggal jati swara awor ing Artati, aran Sekar Jempina.


… 14 …

Somahira ingaran Penjari, milu urip lawan milu pejah, tan pisah lawan saparane, pari purna satuhu, anir mala waluya jati, kena ing kene kana, ing wasananipun, ajejuluk Adi Suksma, cahya ening jumeneng aneng artati, anom tan kena tuwa.

… 15 …

Panunggale kawula lan Gusti, Nila-ening arane duk gesang, duk mati Nila arane, lan Suksma-ngumbareku, ing asmara Mong-raga yekti, durung darbe peparab, duk rarene iku, awayah bisa dedolan, aran Sang Hyang Jari iya Sang Artati, yeku Sang Arta-daya.

… 16 …

Dadya wisa mangkya amartani, lamun marta atemahan wisa, marma Arta-daya rane, duk lagya aneng gunung, ngalih aran Asmara-jati, wayah tumekeng tuwa, emut ibunipun, ni Panjari lunga ngetan, ki Artati nurut gigiring Merapi, anuju mring Sundara.

… 17 …
Ana pandita akarya wangsit, minda kombang angajap ing tawang, susuh angin ngendi nggone, lawan galihing kangkung, wekasan langit jaladri, isiningwuluh wungwang, lan gigiring punglu, tapaking kuntul anglayang, manuk miber uluke ngungkuli langit, kusuma njahing tawang.

… 18 …

Ngambil banyu apikulan warih, amet geni sarwi adadamar, kodok ngemuli elenge, miwah kang banyu dikum, myang dahana murub kabesmi, bumi pinetak ingkang, pawana ingkang, pawana katiyub, tanggal pisan kapurnaman, yen anenun senteg pisan anigasi, kuda ngrap ing pandengan.

… 19 …

Ana kayu apurwa sawiji, wit buwana epang keblat papat, agodong mega rumembe, apradapa kukuwung, kembang lintang salaga langit, semi andaru kilat, woh surya lan tengsu, asirat bun lawan udan, apupucak akasa bungkah pratiwi, ayode bayu bajra.

… 20 …

Wiwitane duk anemu candi, gegedongan miwah wewerangkan, sihing Hyang kabesmi kabeh, tan ana janma kang wruh, yen wruha purwane dadi, candi sagara wetan, ingobar karuhun, kajangane Sang Hyang Tunggal, sapa reke kang jumeneng mung Artati, katon tengahing tawang.

… 21 …

Gunung Agung sagara Serandil, langit ingkang amengku buwana, kawruh ana ing artine, gunung sagara umung, guntur sirna amengku bumi, ruk kang langit buwana, dadya weruh iku, mudya madyaning ngawiyat, mangasrama ing gunung agung sabumi, candi-candi sagara.

… 22 …

Gunung luhure kagiri-giri, sagara agung datanpa sama, pan sampun kawruhan reke, Arta-daya puniku, datan kena cinakreng budi, anging kang sampun prapta, angadeg tengahing jagad, wetan kulon lor kidul ngandap nyang nginggil, kapurba kawisesa.

… 23 …

Bumi sagara gunung myang kali, sagung ingkang sesining bawana, kasor ing Arta-dayane, sagara sat kang gunung, guntur sirna guwa samya nir, singa wruh Arta-daya, dadya teguh timbul, lan dadi paliyasing prang, yen lulungan kang kapapag wedi asih, sato galak suminggah.

… 24 …

Jim peri prayangan pada wedi, mendak asih sakehing durbriksa, rumeksa siyang dalane, singa anempuh lumpuh, tan tumama ing awak mami, kang nedya tan raharja, kabeh pan linebur, sakehe kang nedya ala, larut sirna kang nedya becik basuki, kang sinedya waluya.

… 25 …

Siyang dalu rineksa ing Widi, dinulur saking karseng Hyang Suksma, kaidep ing janma kabeh, aran wikuning wiku, wikan liring mudya semedi, dadi sasedyanira, mangunah linuhung, peparab Hyang Tega-lana, kang asimpen yen tuwajuh jroning ati, kalising panca baya.

… 26 …

Yen kinarya atunggu wong sakit, ejim setan datan wani ngambah, rineksa Malaekate, Nabi Wali angepung, sakeh lara pada sumingkir, ingkang sedya pitenah, marang awak ingsun, rinusak dening Pangeran, eblis lanat sato mara mara mati, tumpes tapis sadaya.

… 27 …

Ana kidung angidung ing wengi, bebaratan duk amrem winaca, Sang Hyang Guru pangadeke, lumaku Sang Hyang Ayu, alembehan Asmara-ening, ngadeg pangawak teja, kang angidung iku, yen kinarya angawula, myang lulungan gusti geting dadi asih, sato setan sumimpang.

… 28 …

Sakatahe upas tawa sami, lara roga waluya kang menggawe, duduk samya kawangsul, akawuryan sanguning pikir, ngadam makdum sadaya, datan paja ngrungu, pangucap lawan pangrasa, myang tumingal kang sedya tumekeng napi, pangreksaning Malaekat.

… 29 …

Jabrail ingkang animbangi, milanira katetepan iman, pan dadya kandel ngatine, Ngijraile puniku, kang rumeksa ing ati suci, Israpil dadi damar, madangi jro kalbu, Mikail kang asung sandang, lawan pangan tinekan ingkang kinapti, sabar lawan narima.

… 30 …

Ya hudaknjeng pamujining wengi, bale aras sesakane mulya, Kirun saka tengen nggone, Wanakirun kang tunggu, saka kiwa gadane wesi, nulak panggawe ala, satru lawan mungsuh, pangeret tengajul rijal, ander-ander kulhu balik kang linuwih, ambalik lara roga.

… 31 …

Dudur molo tengayatul kursi, lungguh neng atine surat amangam, pangeburan lara kabeh, usuk-usuk ing luhur, ingkang aran wesi ngalarik, nenggih Nabi Muhammad, kang wekasan iku, atunggu ratri lan siyang, kibedepan ing tumuwuh pada asih, tunduk mendak maring wang.

… 32 …

Satru mungsuh mundur pada wedi, pemidangan ing betal mukadas, tulak balik pangreksane, pan Nabi patang puluh, paring wahyu mring awak mami, apan Nabi wekasan, sabda Nabi Dawud, apetak Bagenda Ambyah, kinaweden belis lanat lawan ejim, tan ana wani perak.

… 33 …

Pepayune godong dukut langit, tali barat kumendung ing tawang, tinunda tan katon mangke, arajeg gunung sewu, jala sutra ing luhur mami, kabeh rumeksa, angadangi mungsuh, anulak panggawe ala, lara rago sumingkir kalangkung tebih, luput kang wisa guna.

… 34 …

Gunung sewu dadya pager mami, katon murub kang samya tumingal, sakeh lara sirna kabeh, luput ing tuju teluh, taraknyana tenung jalenggi, bubar amdyur suminggah, Sri Sedana lulut, punika sih rahmatulah, rahmat jati jumeneng wali jasmani, iya Sang Jati-mulya.

… 35 …

Ingaranan Rara Subaningsih, kang tumingal samya sih sadaya, kedep sapari polahe, keh lara sirna larut, tan tumama ing awak mami, kang sangar dadi tawa, kang geting sih lulut, saking dawuh Sipat Rahman, iya rahmat rahayu pangreksaneki, sarana nganggo metak.

… 36 …

Yen lumampah kang mulat awingwrin, singabarong kang pada rumeksa, gajah meta neng wurine, macan gembong ing ngayun, naga raja ing kanan kering, singa mulat jrih tresna, marang awak ingsun, jim setan lawan manungsa, pada kedep teluh lawan antu bumi, ajrih lumayu ngintar.

… 37 …

Yen sinempen tawa barang kalir, upas bruwang racun banjur sirna, temah kalis sabarang reh, jemparing towok putung, pan angleyang tumibeng siti, miwah saliring braja, tan tumama mring sun, cedak cupet dawa tuna, miwah sambang setan tenung pada bali, kedep wedi maring wang.

… 38 …

Ana paksi mangku bumi langit, manuk iku endah warnanira, Sagara eroh wastane, uripe manuk iku, amimbuhi ing jagad iki, warnanipun sakawan, sikile wewolu, kulite iku sarengat, getihipun tarekat ingkang sajati, ototipun kakekat.

… 39 …

Dagingipun makripat sajati, cucukipun sajatining sadad, eledan tokid wastane, ana dene kang manuk, pupusuhe supiyah nenggih, amperune amarah, mutmainah jantung, luamah waduke ika, manuk iku anyawa papat winilis, nenggih manuk punika.

… 40 …

Uninipun Jabrail singgih, socanipun punika kumala, anetra wulan srengenge, napas nurani iku, grananipun Tursina nenggih, angaub soring aras, karna kalihipun, ing gunung Arpat punika, uluwiyah ing lohkalam wastaneki, ing gunung Manik-maya.

… 41 …

Ana kidung akadang premati, among tuwuh ing kawasanira, nganakaken saciptane, kakang kawah puniku, kang rumeksa ing awak mami, anekakaken sedya, ing kawasanipun, adi ari-ari ika, kang mayungi ing laku kawasaneki, anekakken pangarah.

… 42 …

Punang getih ing raina wengi, ngrerewangi Allah kang kuwasa, andadekaken karsane, puser kawasanipun, nguyu-uyu sabawa mami, nuruti ing paneda, kawasanireku, jangkep kadang ingsun papat, kalimane pancer wus dadi sawiji, tunggal sawujud ingwang.

… 43 …

Yeku kadangingsun kang umijil, saking marga ina sareng samya, sadina awor enggone, sakawan kadang ingsun, ingkang nora umijil saking, marga ina punika, kumpule lan ingsun, dadya makdum sarpin sira, wewayangan ing Dat samya dadya kanti, saparah datan pisah.

… 44 …

Yen angidung poma den memetri, memuleya sega golong lima, takir potang wewadahe, ulam-ulamanipun, ulam tasik rawa lan kaki, ping pat iwak bangawan, mawa gantal iku, rong supit winungkus samya, apan dadya sawungkus arta saduwit, sawungkuse punika.

… 45 …

Tumpangena neng pontangnya sami, dadya limang wungkus pontang lima, sinung sekar cepakane, loro sapontangipun, kembang boreh dupa ywa lali, memetri ujubira, donganira Mahmut, poma dipun lakonana, saben dina nuju kalahiraneki, agung sawabe ika.

… 46 …

Balik lamun ora den lakoni, kadangira pan pada ngrencana, temah udrasa ciptane, sasedyanira wurung, lawan luput pangarahneki, sakarepira wigar, gagar datan antuk, saking kurang temenira, madep laku iku den awas den eling, tamat ingkang kidungan.

Tembang Sinom

… 01 …

Apuranen sun angetang, lelembut ing tanah Jawi, kang rumeksa ing nagara, para ratuning dhedhemit, agung sawahe ugi, yen apal sadayanipun, kena ginawe tulak, kinarya tunggu wong sakit, kayu aeng lemah sangar dadi tawa.


… 02 …

Kang rumiyin ing mbang wetan, Durganeluh Maospahit, lawan Raja Baureksa, iku ratuning dhedhemit, Blambangan winarni, awasta Sang Balabatu, kang rumeksa Blambangan, Buta Locaya Kediri, Prabu Yeksa kang rumeksa Giripura.


… 03 …

Sidakare ing Pacitan, Keduwang si Klentingmungil, Hendrjeksa, ing Magetan, Jenggal si Tunjungpuri, Prangmuka Surabanggi, ing Punggung si Abur-abur, Sapujagad ing Jipang, Madiyun sang Kalasekti, pan si Koreg lelembut ing Panaraga.

… 04 …

Singabarong Jagaraga, Majenang Trenggiling wesi, Macan guguh ing Grobogan, Kaljohar Singasari, Srengat si Barukuping, Balitar si Kalakatung, Buta Kroda ing Rawa, Kalangbret si Sekargambir, Carub awor kang rumeksa ing Lamongan.

… 05 …

Gurnita ing Puspalaya, Si Lengkur ing Tilamputih, si Lancuk aneng Balora, Gambiran sang sang Kaladurgi, Kedunggede Ni Jenggi, ing Batang si Klewr iku, Nglasem Kalaprahara, Sidayu si Dandangmurti, Widalangkah ing Candi kayanganira.

… 06 …

Semarang baratkatiga, Pekalongan Gunturgeni, Pemalang Ki Sembungyuda, Suwarda ing Sokawati, ing Tandes Nyai Ragil, Jayalelana ing Suruh, Buta Tringgiling Tanggal, ing Kendal si Gunting geni, Kaliwungu Gutuk-api kang rumeksa.

… 07 …

Magelang Ki Samaita, Dadung Awuk Brebes nenggih, ing Pajang Buta Salewah, Manda-manda ing Matawis, Paleret Rajeg-wesi, Kutagede Nyai Panggung, Pragota Kartasura, Carebon Setan Kaberi, Jurutaman ingkang aneng Tegallajang.

… 08 …

Genawati ing Siluman, Kemandang Waringin-putih, si Kareteg Pajajran, Sapuregol ing Batawi, waru Suli Waringin, ingkang aneng Gunung Agung, Kalekah Ngawang-awang, Parlapa ardi Merapi, Ni Taluki ingkang aneng ing Tunjungbang.

… 09 …

Setan Karetek ing Sendang, Pamasuhan Sapu Angin, Kres apada ing Rangkutan, Wandansari ing Tarisig, kang aneng Wanapeti, Malangkarsa namanipun, Sawahan Ki Sandungan, Pelabuhan Dudukwarih, Buta Tukang ingkang aneng Pelajangan.

… 10 …

Rara Amis aneng Tawang, ing Tidar si Kalasekti, Maduretna ing Sundara, Jelela ing ardi Sumbing, Ngungrungan Sidamurti, Terapa ardi Merbabu, Lirbangsan ardi Kombang, Prabu Jaka ardi Kelir, Aji Dipa ardi Kendeng kang den reksa.

… 11 …

Ing pasisir Buta Kala, Telacap Ki Kala Sekti, Kala Nadah ing Tojamas, Segaluh aran si Rendil, Banjaran Ki Wesasi, si Korok aneng Lowange, gunung Duk Geniyara, Bok Bereng Parangtaritis, Drembamoa ingkang aneng Purbalingga.

… 12 ….

Si Kreta karangbolongan, Kedung Winong Andongsari, ing Jenu si Karungkala, ing Pengging Banjaransari, Pagelan kang winarni, aran Kyai Candralatu, ardi Kendali Sada, Ketek putih kang nenggani, Buta Glemboh ing Ngayah kajanganira.

… 13 …

Rara Denok aneng Demak, si Batitit aneng Tubin, Juwal-pajal ing Talsinga, ing Tremas Kuyang nenggani, Trenggalek Ni Daruni, si Kuncung Cemarasewu, Kala-dadung Bentongan, si Asmara aneng Taji, Bagus-anom ing Kudus kayanganira.

… 14 …

Magiri si Manglar Munga, ing Gading si Puspakati, Cucuk Dandang ing Kartika, Kulawarga Tasikwedi, kali Opak winarni, Sangga Buwana ranipun, Pak Kecek Pejarakan, Cing-cing Goling Kalibening, ing Dahrama Karawelang kang rumeksa.

… 15 …

Kang aneng Warulandeyan, Ki Daruna Ni Daruni, Bagus Karang aneng Roban, Pasujayan Udan riris, Widanangga Dalepih, si Gadung Kedung Garunggung, kang aneng Kabareyan, Citranaya kang neggani, Ganepura ingkang aneng Majaraga.

… 16 …

Logenjang aneng Juwana, ing Rembang si Bajulbali, si Londir ing Wirasaba, Madura Buta Garigis, kang aneng ing Matesih, Jaranpanolih ranipun, si Gober Pecangakan, Danapi ing Jatisari, Abar-abir ingkang aneng Jatimalang.

… 17 …

Arya Tiron ing Lodaya, Sarpabangsa aneng Pening, Parangtandang ing Kesanga, ing Kuwu si Ondar-andir, Setan Telaga pasir, ingkang aran si Jalilung, Kala Ngadang ing Tuntang, Bancuri Kala Bancuring, kang angreksa sukuning ardi Baita.

… 18 …

Rara Dungik Randu Lawang, ing Sendang Retna Pangasih, Buta Kepala Prambanan, Bok Sampur neng ardi Wilis, Raden Galanggang Jati, aneng ardi Gajah Mungkur, si Gendruk ing Talpegat, ing Ngembel Rahaden Panji, Pager Waja Rahaden Kusumayuda.

… 19 …

Si Pentul aneng Kacangan, Pecabakan Dodol Kawit, kalangkung kasektenira, titihane jaran panolih, kalacakra payung neki, larwaja kekemulipun, pan samya rinajegan, respati rajege wesi, cametine pat-upate ula lanang.

… 20 …

Sinabetaken mangetan, ana lara teka bali, tinulak bali mangetan, mangidul panyabet neki, ana lara teka bali, tinulak bali mangidul, ngulon panyabetira, ana lara teka bali, pan tinulak bali mangandap kang lara.

… 21 …

mangalor panyabetira, ana lara teka bali, tinulak ngalor parannya, manginggil panyabet neki, ana lara teka bali, tinulak bali manduwur, mangisor panyabetnya, ana lara teka bali, pan tinulak bali mangandap kang lara.

… 22 …

Demit kang aneng Jepara, kalwan kang aneng Pati, kalangkung kasektenira, keringan samaning demit, ing Ngrema Tambaksuli, Yudapeksa ing Delanggu, si Kluntung ing Jepara, Gambir Anom aneng Pti, si Kecebung Kadilangu kang den reksa.

… 23 …

Rara Duleg ing Mancingan, Guwa Langse Raja Putri, kang rumeksa Parang Wedang, Raden Arya Jayengwesti, kabeh urut pasisir, kula warga Nyai Kidul, sampun pepak sadaya, para pramukaning demit, nungsa Jawa paugeran kang rumeksa.

… 24 …

Gantya ingkang winursita, danyang kang ngreksa nagari, jroning praja Surakarta, ingkang pinurwa ing kawi, andana pangreksaning, kang ngripta wilapa kidung, Kyai Rangga timbalan Sang Aji, kang jumeneng Paku Buwana ping gangsal.

Tembang Asmarandana

… 01 …

Kasmaran ingkang pinuji, luputa ing ila-ila, den dohna tulak sarike, ngetang sagunge lelembat, kang kerah Goplem ika, demit lit-alit sadarum, pan dede demit pra raja.

… 02 …

Setan brekasakan sami, si Goplem ditya kebayan, demit jro karaton kabeh, sawabe kinarya tengga, wong sakit budur samya, punika ingkang pakantuk, kalawan wong sakit panas.

… 03 …

Gedong upas kang nenggani, Kala Janggol singkirannya, kang ngreksa Ringin kembare, Kala Sogoksilit ika, si Biti ing Pandeyan, lawan si Gutul Pinanggul, si Angklung aneng Gapura.

… 04 …

Si Lengur Waringin kalih, Bajang Klewer ngreksa Gladag, Jim Putih ing Mesjid gede, Kyai Gotil ing Pajeksan, Plentung Mangku Bumenan, Jungkit Patihan nggenipun, Kyai Modin Bumi Natan.

… 05 …

Tambur Pagongan nggoneki, Bajang Angkrik Tepasanan, Bagus Bengkak rumeksane, ing paseban Prang Wadanan, Gutik ing Pamurakan, si Bodong Loji, nggenipun, Bagus Keret ing Plenggahan.

… 06 …

Ing Karetek Wewe Gerit, Gandor Loji cilik nggennya, Bangkrah aneng dedalane, Pak Tekik, aneng Pacinan, Angkrik ing Pasar besar, kang rumeksa aneng Panggung, Jebres wasta Ki Balentang.

… 07 …

Gus Lampor Jagalan nenggih, Ki Busik ing Wanareja, Ki Londet ing Krapyak, nggone, Balatidir ing Kentingan, Lengkrah Pucangsawitan, Ketek-ketek aneng Jurug, ing Beton si Kalanadah.

… 08 ..

Loji kebon Uwil-uwil, Tengklik Cocor Keter rannya, Mele Pakecohan nggone, Busikmelik Kaluraman, si Jrangkong ing Penjalan, Kotes Sawahan nggenipun, Buta Piti aneng Sangkrah.

… 09 …

Ing Ganggang Bletutur nenggih, Patunggon si Basahlungkrah, Sanasewu dedanyange, Bok Suwenggi wastanira, Kopraljulig Sampangan, wus tamat sasaneng tembung, pamanguning padanyangan.

… 10 …

Gantya kang pinurweng kawi, kalamun darbe atmaja, jalu estri datan pae, nggenira amrih kamulyan, aywa na kang pepeka, lela-lelanen ing kidung, kinanti kalis ing sawan.

Tembang Kinanti

… 01 …

Yen anangis lare iku, lela-lelanen lan dikir, supaya doh kang lalara, sarap sawane yen wani, saking rahmating Hyang Suksma, lan supangate Njeng Nabi.

… 02 …

Winacaha puji iku, setane lumayu nggendring, sarap sawane sumimpang, kala kalane sumingkir, cacing racak pada mendak, remi kruma pada mati.

… 03 …

Pitik tulak pitik tukung, tetulaking jabang bayi, ngedohaken cacing racak, sarap sawane sumingkir, si tukung mangungkung ngarsa, si tulak bali ing margi.

… 04 …

Si jabang bayi puniku, kekasihira Hyang Widi, rineksa ing Malaekat, den emong ing Widadari, pinayungan ing Hyang Suksma, kinebutan para Nabi.

… 05 …

Sakatahe wali kutub, ngulama lan para mukmin, samya angreksa ki jabang, mila tebih ing sasakit, sirna larane ki jabang, walagang slamet ki bayi.

… 06 …

Ana kinjeng tangis tangis mabur, mentok aneng sela ardi, myarsa tangise ki jabang, gyha prapta amarepeki, arsa nyuwuk kang lelara, ngalingi sarwi njampeni.

… 07 …

Punapa t jampinipun, godong asrah ing Hyang Widi, berambang lembahing manah, temu teminahing ati, adas uyah siring nala, mung salawat puji dikir.

… 08 …

Tegese dikir puniku, manut marang Kanjeng Nabi, Mochammad Dinil Mustapa, kalawan maknane dikir, eling mring Pangeranira, kang Agung kang Maha Suci.

… 09 …

Mangkana ta donganipun, alahuma Adam Sarpin, kaheru huwal kamolah, wajibuhu ngalaihi, warabbuhu kayatullah, cep meneng aja anangis.

…10 …

Sapa manglong-manglong iku, aneng wetan tengah kori, apa si maling aguna, dikongkon si malang sekti, amburu si asu ajag, tandesna marang jaladri.

… 11 …

Yen wus panggih prenahipun, kokopen getihe nuli, babalunge kemahana, yen asu ajag wus mati, baliya maling aguna, reksanen si jabang bayi.

… 12 …

Sapa manglong-manglong iku, aneng kidul tengah kori, apa si maling aguna, dikongkon si maling sekti, amburu si asu ajag, tandesna marang jaladri.

… 13 …

Yen wus panggih prenahipun, kokopen getihe nuli, babalunge kemahana, yen asu ajag wus mati, baliya maling aguna, reksanen si jabang bayi.

… 14 …

Sapa manglong-manglong iku, aneng kulon tengah kori, apa si maling aguna, dikongkon si maling sekti, amburu si asu ajag, tandesna marang jaladri.

… 15 …

Yen wus panggih prenahipun, kokopen getihe nuli, babalunge kemahana, yen asu ajag wus mati, baliya maling aguna, reksanen si jabang bayi.

… 16 …

Sapa manglong-manglong iku, aneng elor tengah kori, apa si maling aguna, dikongkon si maling sekti, amburu si asu ajag, tandesna marang jaladri.

… 17 …

Yen wus panggih prenahipun, kokopen getihe nuli, babalunge kemahana, yen asu ajag wus mati, baliya maling aguna, reksanen si jabang bayi.

… 18 …

Sapa ana lungguh iku, aneng kiwa-ningsun guling, apa si maling aguna, kinongkon si maling sekti, amburu si sarap sawan, larungen marang jaladri.

… 19 …

Sapa ana lungguh iku, aneng tengen-ningsun guling, apa si maling aguna, kinongkon si maling sekti, amburu si sarap sawan, larungen marang jaladri.

… 20 …

Sapa ana lungguh iku, aneng dagan-ningsun guling, apa si maling aguna, kinongkon si maling sekti, amburu si sarap sawan, larungen marang jaladri.

… 21 …

Sapa ana lungguh iku, Ulon-ulon-ningsun guling, apa si maling aguna, kinongkon si maling sekti, amburu si sarap sawan, larungen marang jaladri.

… 22 …

Sapa kuwe mengak-minguk, apa si Bajing akikik, kinongkon si Aji-plampang, arsa mrawaseng ajurit, amburu si Kutilapas, payo burunen den aglis.

… 23 …

Tundungen dimene mumbul, sumengka ing awiyati, yen wis adoh tan katingal, sigra baliya den aglis, moluwa maling aguna, angreksa si jabang bayi.

… 24 …

Apa swarane gumludug, kadya lindu gonjang-ganjing, layak si Bledug kasanga, pada atanding kuwanin, kalawan Sapi Gumarang, payo buraken den aglis.

… 25 …

Yen wus sumengka manduwur, sira baliya tumuli, ngumpula si Aji-plampang, atunggu si jabang bayi, ingsun matak aji dipa, ingsun tuduh anggoleki.

… 26 …

Burunen celeng Demalung, tundungen dimen manginggil, yen wus ora katingalan, sira baliya den aglis, reksanen ingkang santosa, anak ingsun jabang bayi.

… 27 …

Dadiya tetulak tanggul, aja na kang sarap sawan, sumingkira ingkang tebih, kariya guna yuwana, utama bekti basuki.

… 28 …

Widada dawa kang umur, kacukupan sandang bukti, ntuk wahyu begja daulat, drajat nugrahaning Widi, cepak jatu kramanira. Oyod arondon lestari.

… 29 …

Sawengi aja na turu, adohna sakeh bilai, singkirna sakehing lara, tulak sarik samya kandih, baliya nuju wetonnya, si jabang amales becik.

… 30 …

Gantya mangke kang winuwus, nunggal anggite wong luwih, ngukarani pepujiyan, tutulaking jabang bayi, sinawang yuda-kenaka, mamrih rahayuning urip.

Tembang Pangkur

… 01 …

Singgah-singgah kala singgah, pan suminggah durga kala sumingkir, singa ama sing awulu, sing suku sing asirah, sing atenggak lawan kala sing abuntutut, pada sira suminggaha, muliya mring asal neki.

… 02 …

Ana kanung saka wetan, nunggang gajah telale elar singgih, kulahu barang balikul, setan lan brekasakan, amuliya mring tawang towang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak balik.

… 03 …

ANa kunang kidul sangkanya, nunggang gajah telale elar singgih, kullahu barang balikul, setan lan berkasakan, amuliya mring tawang towang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak balik.

… 04 …

ANa kunang kulon sangkanya, nunggang gajah telale elar singgih, kullahu barang balikul, setan lan berkasakan, amuliya mring tawang towang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak balik.

… 05 …

ANa kunang lor sangkanya, nunggang gajah telale elar singgih, kullahu barang balikul, setan lan berkasakan, amuliya mring tawang towang prajamu, eblise ywa kari karang, kulhu balik bolak balik.

… 06 …

ambalik maring awaknya, mbalik marang jasatira pribadi, mbalik karsaning Hyang Agung, tamat pasinggah setan, tulak sarap punika gantya winuwus, arane sarap den ucap, sagung kama salah sami.

… 07 …

Arane sarap kang lanang, kulhu putih kang wadon kulhu kuning, ywa wuruk sudi mring sun, ywa marang kaki jabang, sarap mangke sarap wedang sarap awu, pada sira suminggaha, muliha mring asal neki.

… 08 …

Samya geger setan wetan, anrus jagad kulon playune demit, kang tengah Batara Guru, tinutup Nabi Sleman, iblis setan berkasakan ajur luluh, ki jabang bayi wus mulya, liwat siratal mustakim.

… 09 …

Geger stan kidul samya, anrus jagad elor playune demit, kang tengah Batara Guru, tinutup Nabi Sleman, iblis setan berkasakan ajur luluh ki jabang bayi wus mulya, liwat siratal mustakim.

… 10 …

Ajiku gajah pamudya, kebo dungkul brapa rep-sirep sami, sirepa lelara iku, asuwung jantung jagad, tuting mata-mata liring manik ingsun, panahku sapu buwana, dadekna kusuma adi.

… 11 …

Tibakna mring janma lupa, eling mengko eling embenireki, salamet saumuripun, apan ingsun wus wikan, sun angadeg satengahing sagara gung, palinggihku lintang johar, ingkang ingsun-sedya dai.

… 12 …

Tan pegat pamuji mantra, pun Jaswadi putra ing Kodrat-manik, lailaha-ilalahu, Mochammad Rasulullah, salalahu ngalaihi wa salamu, wa ngalaekum salam, agantya manising puji.

Tembang Dhandhanggula

… 01 …

Sipat iman wa mantu bilahi, tegesipun pracaya ing Allah, ing Pangeran sajatine yan Pangeran kang Agung, kang akarya bumi lan langit, angganjar lawan niksa, mring manungsa sagung, langgeng tur murba misesa, Maha Suci angganjar paring rijeki, aniksa angapura.

… 02 …

Kaping kalih wa malaekati, tegesipun pracaya malaekat, anapun tegesem ingutus ing Hyang Agung, pakaryane anunulisi, marang kawulanira, kang dosa lit agung, kang karya purba wisesa, neka-neka gawena sawiji-wiji, sakehe malaekat.

… 03 …

Kaping tigane wa kutubihi, tegesipun pracaya ing kitab, kang tinurunaken kabeh, kitab Adam sapuluh, Nabi Esis seket winilis, anenggih ponang kitab, Idris telung puluh, Ibrahim sapuluh kitab, Torat Musa Dawud Jabur Ngisa Injil, kitab Kuran Mochammad.

… 04 …

Yogya sira kawruhana sami, muga-muga antuka supangat, iya iku andikane, gusti Njeng Nabi Rasul, sinung rahmat dening Hyang Widi, sing sapa ngapalena, iya janjinipun, den padakken asidekah, saben warsa sami lan wong munggah kaji, sapisan marang Mekah.

… 05 …

Lan den dohken sakehing bilai, sinung rahmat ing donnya akerat, sarta linebur dosane, lan malih sawabipun, lamun ana janma kang sakit, lan sira wacakena, ngulon-ulonipun, ngalamat ingkang alara, oleh tamba saking sabdaning Hyang Widi, lan berkahing Panutan.

… 06 …

Kawruhana kehing pra Nabi, Nabi Adam kang mangka wiwitan, Nabiyullah wekasane, katahe yen pinetung, kawan dasa langkung kalih, lah sigra estokena, sadaya den emut, luwih agung kang supangat, lemah sangar kayu aeng lebur sami, tan ana kara-kara.

… 07 …

Gantya malih murwanio amuji, Caritane nenggih wringin sungsang, punika ageng sawabe, ananging ta kalamun, winaca sru pareng nujoni, ana wanudya wawrat, iku tan pakantuk, manawa dadya jalaran anggogrogken wetengane kang nggarbini, dadya wasaneng durma.

Tembang Durma

… 01 …

Wringin sungsang wayahipun tumuruna, ngaubi awak mami, tur tinuting bala, pinacak suji kembar, pipitu jajar maripit, asri yen siyang, angker kalane wengi.

… 02 …

Duk samana akempal kumpuling rasa, netraku dadi dingin, netra ningsun emas, puputihe mutyara, ireng-ireng wesi manik, ceploking netra, waliker uda ratih.

… 03 …

Idep ingsun kekencang bang ruruwitan, alisku sarpa mandi, kiwa tengen pisan, cupakku surya kembar, kedepku pan kilat tatit, kang munggeng sirah, wesi kekenten adi.

… 04 …

Rambut kawat sinomku pamor anglayap, batuk sela cendani, kupingku salaka, pilingan ingsun gangsa, irungku wesi duaji, pasu kulewang, pipiku wesi kuning.

… 05 …

Watu item lungguhe ing janggut ingwang, untuku rajeg wesi, lidah wesi abang, aran wesi mangangkang, iduku tawa sakalir, lambeku iya, sela matangkep kalih.

… 06 …

Guluku-ningsun paron wesi galigiran, jaja wesi sadacin, pundak wesi akas, walikat wesi ambal, salangku wesi walulin, bauku denda, sikutku pukul wesi.

… 07 …

Asta criga epek-epek ingsun cakra, cakar wok jempol kalih, panuduh trisula, panunggulku musala, mamanisku supit wesi, jentikku iya, ingaran pasopati.

… 08 …

Bebokongku sela ageng kumalasa, akawet wesi gilig, ebol-ingsun karah, luput denda kang tinja, balubukan entut mami, uyuhku wedang, dakarku purasani.

… 09 …

Jembut kawat gantungaku wesi mentah, walakang wesi gapit, pupu kalataka, sungsum ingsun gagala, ototku gungane wesi, ing dalamkan, ingaran kaos wesi.

… 10 …

Sampun pepak sarira-ningsun sadaya, samya pangawak wesi, pan ratuning braja, manjing aneng sarira, tan ana braja ndatengi, dadya wiyana, ayu sarira mami.

… 11 …

Ana kidung sun-angidung bale anyar, tanpa galar asepi, ninis samun samar, patining wuluh kembang, siwur burut tanpa kancing, kayu trisula, gagarannya calimprit.

… 12 …

Sumur bandung sisirah talaga mancar, tibeng jaja ajail, dinding endas parah, ulur-ulur liweran, tatambang jaringing maling, dadal dadnya, gagulung ing gagapit.

… 13 …

Naga raja pangawasan manik kembang, kembang gubel abaji, tajem neng kandutan, udune sarwi nungsang, kurangsangan angutipil, angajak-ajak.

white-rose………………………………
Alang Alang Kumitir

DEWA RUCI KIDUNG

Ditulis dalam SERAT DEWA RUCI pada 11:44 am oleh Mas Kumitir


Cerita kisah ajaran Dewa Ruci kepada Arya Wrekudara ketika masuk ke dasar samudera, memenuhi tugas gurunya dalam mencari air penghidupan (tirtamerta) ditulis pada sekitar abad 19 Masehi, disadur dari bentuk kakawin (berbentuk tembang) oleh pujangga Surakarta (tidak disebutkan namanya).

Serat Dewa Ruci Kidung ini disampaikan dalam bentuk tembang macapat, dengan bahasa yang sangat halus. Bahasa yang digunakan disesuaikan dengan aliterasi dan asonansi sesuai denga rumus-rumus tembang. Untuk itulah banyak kita temukan bahasa-bahasa yang tidak mudah dipahami karena berasal dari bahasa Kawi, Sanskerta dan Jawa Kuno. Dan meskipun terjemahan ini masih jauh dari sempurna dan memerlukan perbaikan disana-sini, kiranya tetap dapat berguna untuk pelestarian kebudayaan kita, dan selanjutnya mohon koreksi kepada pembaca yang budiman tentang hal terjemahannya dalam bahasa Indonesia.

———— Bebukaning Carita ———–


dewa

Kidung Dhandhanggula

Arya Sena duk puruhita ring, Dhang Hyang Druna kinen ngulatana, toya ingkang nucekake, marang sariranipun, Arya Sena alias Wrekudara mantuk wewarti, marang negeri Ngamarta, pamit kadang sepuh, sira Prabu Yudistira, kang para ri sadaya nuju marengi, aneng ngarsaning raka.

Artinya :

Arya Sena ketika berguru kepada, Dhang Hyang Druna disuruh mencari, air yang mencyucikan, kepada badannya, Arya Sena alias Wrekudara pulang memberi kabar, kepada negeri Ngamarta, mohon diri kepada kakaknya, yaitu Prabu Ydistira, dan adik-adiknya semua, ketika kebetulan di hadapan kakaknya.

Arya Sena matur ing raka ji, lamun arsa kesah mamprih toya, dening guru piduhe, Sri Darmaputra ngungun amiyarsa aturing ari, cipta lamun bebaya, Sang Nata mangungkung, Dyan Satriya Dananjaya, matur manembah ing raka Sri Narpati, punika tan sakeca.

Artinya :

Arya Sena berkata kepada Kakanda Raja, bahwa ia akan pergi mencari air, dengan petunjuk gurunya, Sri Darmaputra heran mendengar kata adiknya, memikirkan mara bahaya, Sang Raja menjadi berduka, Raden Satriya Dananjaya, berkata sambil meyembah kepada Kanda Raja, bahwa itu tidak baik.

Inggih sampun paduka lilani, rayi tuwan kesahe punika, boten sakeca raose, Nangkula Sadewaku, pan umiring aturireki, watek raka paduka, Ngastina Sang Prabu, karya pangendra sangsara, pasthi Druna ginubel pinrih ngapusi, Pandawa sirnanira.

Artinya :

Sudahlah jangan diizinkan, adinda (Wrekudara) itu pergi rasanya itu tidak baik, Nakula dan Sadewa, juga menyetujui kata-kata Dananjaya, sifat kakanda tuanku, yang tinggal di Ngastina, hanya ingin menjerumuskan ke dalam kesengsaraan, tentu Druna dibujuk agar medustai, demi musnahnya Pandawa.

Arya Sena miyarsa nauri, ingsun masa kenaa den ampah prapteng tiwas ingsun dhewe, wong nedya amrih putus, ing sucine badanireki, Sena sawusnya mojar, kalepat sumebrung, sira Prabu Darmaputra, myang kang rayi tetiga ngungun tan sipi, lir tinebak wong tuna.

Artinya :

Arya Sena mendengar itu lalu menjawab, aku tak mungkin dapat ditipu dan dibunuh, karena ingin mencari kesempurnaan, demi kesucian badan ku ini, setelah berkata begitu, Sena lalu segara pergi, Sang Prabu Darmaputra, dan ketiga adiknya sangat heran, bagaikan kehilangan sesuatu.

Tan winarna kang kari prihatin, kawuwusa Sena lampahira, tanpa wadya among dhewe, mung braja kang tut pungkur, lampah mbener amurang margi, prahara munggeng ngarsa gora reh gumuruh, samya giras wong padesan, ingkang kambuh kaprunggul ndarodog ajrih mendhak ndhepes manembah.

Artinya :

Tak terkisahkan keadaan yang ditinggalkan dalam kesedian, diceritakanlah perjalanan Sena, tanpa kawan hanya sendirian, hanyalah sang petir yang mengikutinya dari belakang, berjalan lurus menentang jalan, angin topan yang menghadang di depan terdengar gemuruh riuh, orang-orang desa bingung, yang bertemu di tengah jalan gemetar katakutan sambil menyembah.

Ana atur segah tan tinolih, langkung adreng prapteng Kurusetra, marga geng kambah lampahe, glising lampahira sru, gapura geng munggul kaeksi, pucak mutyara muncar, saking doh ngenguwung, lir kumembaring baskara, kuneng wau kang lagya lampah neng margi, wuwusen ing Ngastina.

Artinya :

Kesediaan yang sudah disanggupi tak mungkin ditolehnya, sangat kuat tekatnya untuk menuju hutan Kurusetra, jalan besar yang dilaluinya, sungguh cepat jalanya, pintu gerbang tampak dari kejauhan, puncaknya seperti mutiara berbinar-binar, dari jauh seperti pelangi, bagaikan matahari kembar, sampai di sini dulu kisah perjalanan Arya Sena Wrekudara, sekarang dikisahkan keaadaan di negeri Ngastina.

————- Di Negeri Ngastina ————-

Prabu Suyudana animbali, Resi Druna wus prapteng jro pura, nateng Mandraka sarenge, Dipati Karna tumut, myang Santana andeling westi, pan sami tinimbalan, marang jro kadhatun, Dipati ing Sundusena, Jayajatra miwah sang patih Sangkuni, Bisma myang Dursasana.

Artinya :

Prabu Suyudana memanggil, Rsei Druna sudah tiba di dalam istana, bersama Raja Mandaraka, Adipati Karna pun ikut dan sentana/pembesar andalan menumpas bahaya, semua dipanggil, masuk keistana, Adipati dari Sindusena, Jayajatra, Sang Patih Sangkuni, Bisma dan Dursasana.

Raden Suwirya Kurawa sekti, miwah Rahaden Jayasusena, Raden Rikadurjayane, prapteng ngarsa sang prabu, kang pinusthi mrih jayeng jurit, sor sirnaning Pandhawa, ingkang dadya wuwus, ajwa kongsi Bratayuda, yen kenaa ingapus kramaning aris, sirnaning kang Pandhawa.

Raden Suwirya Kurawa yang sakti, dan Raden Jayasusena Raden Rikadurjaya, tiba dihadapan Raja, yang disembah agar menang dalam perang, mengalahkan para Pandawa, yang menjadi dalam pembicaraan, jangan sampai terjadi perang Baratayuda, bila dapat ditipu secara halus, kemusnahan sang Pandawa.

Golong mangkana aturnya sami, Raden Sumarma Suranggakara, anut rempeg samya ture, wau sira sang prabu, Suyudana menggah ing galih, datan pati ngarsakna, ing cidranireki, kagagas kadang nak sanak, lagya eca gunem Wrekudara prapti, dumorojog munggeng pura.

Artinya :

Mereka sepakat, Raden Sumarma Suranggakara, menyetujui semua pembicaraan, demikian Sang Prabu, Suyudana dalam hatinya, tidak begitu dirasakan, tentang kecurangannya, memikirkan saudara dekat, ketika sedang asyik bercakap-cakap Wrekudara datang, terburu-buru masuk ke istana.

Kagyat obah kang samya alinggih, Prabu Duryudana lon ngandika, yayi den kapareng kene, Dyan Wrekudara njujug Dhang Hyang Druna sigra ngabekti, rinangkul jangganira, babo suteng ulun, sira sida ngulatana, tirta ening dadi sucining ngaurip, yen iku ketemua.

Artinya :

Terkejutlah semua yang hadir, Prabu Dryudana berkata pelan, adikku marilah kesini, Raden Wrekudara langsung menghadap Dhang Hyang Druna segera meyembah, dirangkul/dipeluk lehernya, wahai anakku, kau jadi pergi mencari, air jernik untuk menyucikan diri, jika itu telah kau temukan.

Tirta nirmala wisesaning urip, wus kawengku aji kang sampurna, pinunjul ing jagad kabeh, kauban bapa biyung, mulya saking sira nak mami, leluwihing triloka, langgeng ananipun, Arya Sena matur nembah, inggih pundi prenahe kang toya ening, ulun mugi tedahana.

Artinya :

Air suci penghidupan, sudah berarti kau mencapai kesempurnaan, menonjol di antara sesama makhluk, dilindungi ayah ibu, mulia darimu anakku, berada dalam triloka, adanya kekal, Arya Sena berkata sembah, ya dimanakah tempatnya sang air jernih, mohon aku ditunjukkan.

Sayektine yen ulun lampahi, Resi Druna alon wuwusira, adhuh suteng ulun angger, tirta suci nggenipun, pan ing wana Tibrasareki, turuten tuduhingwang, banget parikudu, nucekaken ing badanira, ulatana soring Gadawedaneki, ing wukir Candradimuka.

Artinya :

Sungguh akan kutunjukkan, Resi Druna lirih kata-katanya, aduh anakku tercinta, air suci letaknya, berada di hutan Tibrasara, ikutilah petunjukku, harus diperhatikan, itu akan menyucikan dirimu, carilah di bawah Gandawedana, di gunung Candramuka.

Drungkarana ing wukir-wukir, jroning guwa ing kono nggonira, tirta nirmala yektine, ing nguni-uni durung, ana kang wruh ngone toya di, Arya Bima trustheng tyas, pamit awot santun, mring Druna myang Suyudana, Prabu ing Ngastina, angandika aris, Yayi Mas den prayitna.

Artinya :

Carilah di gunung-gunung, di dalam gua gua di situlah letaknya, air suci yang sesungguhnya, di masa lalu belum ada yang tahu tempatnya, Arya Bima gembira hatinya, mohon diri sambil meyembah, kepada Druna dan Suyudana, Prabu di Ngastina, berkata pelan, berhati-hatilah adikku.

Bok kasasar nggonira ngulati, saking ewuhe panggonanira, Arya Sena lon wuwuse, nora pepeka ingsun, anglakoni tuduh sang Yogi, Bima gya pamit medal, lajeng lampahipun, kang maksih aneng jro pura, samya mesem nateng Mandraka nglingnya ris, kaya paran solahnya.

Artinya :

Jangan sampai tersesat dalam usaha mencari, oleh sulitnya letak air suci itu, Arya Sena menjawab pelan, aku tidak akan mengalami kesulitan, dalam menjalankan petunjuk sang guru. Bima segera mohon diri keluar, melanjutkan perjalanan, yang masih tinggal di dalam istana, semua terseyum, Raja Mandaraka berkata lirih, bagaimana caranya ia memperoleh air itu.

Gunung Candradimuka guwaneki, dene kanggonan reksasa krura, kagir-giri gedhene, pasthi yen lebur tempur, ditya kalih pangawak wukir, tan ana wani ngambah, sadaya gumuyu, ngrasantuk upayanira, sukan-sukan boga andrawina menuhi, kuneng wau kocapa.

Artinya :

Gunung Candramuka dan guanya, di situ tinggal raksasa yang sangat menakutkan sangat besar, tentu akan hancur lebur, dua raksasa serupa gunung, tak ada yang berani melawan, semuanya tertawa, merasa berhasil tipu muslihatnya, bersuka ria pesta makan-minum sepuas-puanya, berganti yang dikisahkan.

———- Di Gunung Candramuka ———-

Arya Sena lajeng lampahneki, prapteng wana langkung sukaning tyas, tirta ning pangupayane, saking tuduhing guru, tan anyipta upaya sandi, bebaya geng den ambah, tyasira mung ketung, kacaryan dennya ngupaya, kang tirta ning aneng Candradimuka wukir, marga sengkeng den ambah.

Artinya :

Arya Sena terus berjalan, sampai dihutan hatinya sangat gembira, air jernih yang dicari, dari petunjuk gurunya, tak mengira bahwa itu semua muslihat, bahaya besar ditempuhnya, hatinya hanya memperhitungkan, dengan gembira ia mencari, si air jernih di gunung Candramuka, jalan sulit ditempuhnya.

Jurang pereng runggut kang mandri, sato wana bubar kang katrajang, andanu sungsam lan banteng, amung wanara lutung, neng pang wreksa sangsaya mencit, lampahe Wrekudara, mawa braja lesus, kathah pang wreksa kapapral, para wiku lan ajar manguyu cantrik, kang tapa neng pratapan.

Artinya :

Jurang curam dan lebatnya hutan, satwa bercerai berai diterjangnya, kerbau kijang dan banteng, hanya kera dipucuk pohon yang semakin memanjat tinggi, perjalanan Wrekudara, bersama petir dan badai, banyak cabang pohon yang patah, para pendeta dan murid-muridnya yang sedang bertapa di pertapaan.

Tilar dhepok pra samya angungsi, saking giris myat bjra ruhara, cipta yen gara-garane, Sang Hyang Bayu tumurun, wau Sena lapahireki, pratapan kang kamargan, sri panjrah maweh rum, abra kang ptra mbalasah, kang cepaka angsana lan gandasuli, argulo nagapuspa.

Artinya ;

Meninggalkan tempat tinggalnya untuk mengungsi, karena takut kepada petir dan keributan, mengira bahwa menimbulkan gara-gara adalah Sang Hyang Bayu yang turun dari kahyangan, perjalanan Sena tersebut, melewati pertapaan membawa bau harum dimana-mana, bersinarlah daun-daun yang berserakan, bunga cempaka, angsana dan gandasuli, argula dan nagapuspa.

Kathah mekar myang gambir malati, patraping wiku kang tinilar, tumiling tiling istane, nambrana kang lelaku, bramara reh manguswa sami, anglir karunanira, sih margeng malat kung, ingkang lelampah ngupaya, kang toya ning nuju surya nengahi, gumyus riwe Sang Bima.

Artinya :

Banyak yang mekar dan gambir melati, pertapaan yang ditinggalkan, serupa kelihatan condong, menyambut yang sedang melakukan perjalanan, kumbang-kumbang yang hidup, bagaikan bersedih hatinya, memberi jalan sehingga menyebabkan suasana duka, orang yang sedang melakukan perjalanan mencari, si air jernih ketika sang surya sedang di puncak ubun-ubun, keringatnya berlelehan.

Sangsaya dres bayu braja tarik, Sena Saya sengkut lampahira, surem baskara sunare, saking dres bajra bayu, saking genge garanireki, wreksa sol kaparapal, brungkat, samya rubuh, ajar-ajar kapalajar, kuteteran wiku resi kang udani, methuk atur sesegah.

Artinya :

Semakin kencang sang bayu dan petir mendorongnya, Sena semakin cepat melangkah, matahari bersinar suram, oleh deras arus angin dan petir, oleh besarnya dorongan, pohon-pohon tumbang dan patah bersama akarnya, murid-murid padepokan berlarian, bingunglah para pendeta yang melihat, menyambut dengan memberi sajian secukupnya.

Nanging aturira tan tinolih, Arya Sena pan lajeng kewala, pan maksih njujur lampahe, samana prapta sampun, Candramuka guwaning wukir, sela-sela binubak, binuwangan gupuh, sanget denira ngupaya, tirta maya ingubres datan kapanggih, arya Sena sangsaya.

Artinya :

Tetapi kata-katanya tidak diperhatikan, Arya Sena terus berjalan, dengan berjalan lurus, setelah sampai di gua gunung Candramuka, bebatuan disingkirkan, dengan sungguh-sungguh ia mencari, air maya dicari tidak ada, Arya Sena semakin.

Apan sanget denira ngulati, tirta maya kang guwa binubrah padhang tan ana tandhane, tirta maya nggenipun, jroning guwa den osak-asik, saya lajeng manengah, Sena lampahipun, denira ngulati toya, kang tirta ning kuning kang lagya ngulati, wau wonten winarna.

Artinya :

Bersungguh-sungguh dalam mencari, air maya dalam gua yang sudah dirusak sehingga tampak terang benderang tanpa tanda-tanda, tempat air maya, dalam gua diobrak-abrik, semakin menuju ke tengah, Sena berjalan, dalam usaha mencari air, sang air jernih, lain yang diceritakan orang yang sedang mencari itu, ada yang akan diceritakan lagi.

———- Rukmuka dan Rukmakala ———-

Ingkang aneng jroning guwa nenggih, ditya Rukmuka lan Rukmakala, kagyat miyarsa swarane, gugragira kang gunung, pambubrahing guwa kang jawi, gora reh bayu bajra, lawan ngugas mambu, gandane janma manusa, wil Rukmuka kroda kadgadeng ajurit, lan ditya Rukmakala.

Artinya :

Yang sedang di dalam gua, raksasa Rukmuka dan Rukmakala, terkejut mendengar suara, kegoncangan gunung, rusaknya gua di bagian luar, riuh terdengar angin dan petir, jelas ada bau sesuatu, bau manusia, raksasa itu bergerak siap bertempur, raksasa Rukmakala.

Krura angrik nggero nggegirisi, ditya kalih sareng dennya medal, ngegilani ing tandange, lir Hyang Kala tumurun, duk krodarsa ambedhol bumi, nandher nubruk solahnya, prapteng njawi ndulu, manusa sawiji ingkang, mbubrah guwa bramantyanira tan sipi, wong ngendi iki baya.

Artinya :

Berteriak dan mengeram menakutkan, kedua raksasa ketika keluar, gerak-geriknya menakutkan, bagaikan san Hyang Kala yang turun dari langit, ketika marah akan mencabut bumi, menyebar dan menerkam geraknya, sesampai di luar melihat, manusia seorang yang, merusak gua kemarahannya meledak-ledak, orang dari manakah gerangan.

Pan angrusak ing panggonan mami, tan wurung sun tadhah tara masa, ditya kekalih nulyage denira nandher nubruk, Arya Sena kagyat ningali, ditya kalih praptanya, asru dennya muwus heh ditya nedya sikara, praptaningsun nut tuduhe guru mami, ngupaya tirta wuntat.

Artinya :

Yeng dengan berani merusak tempat tinggalku, tak pelak ia akan menjadi santapanku, kedua raksasa segera menyambar dan menerkam, Arya Sena terkejut melihatnya, akan kedua raksasa yang baru tiba itu, dengan keras ia berkata, wahai raksasa yang akan menganggu, kedatanganku mengikuti petunjuk guruku, mencari air suci.

Kidung Pangkur

Praptamu nedya sikara, nora wurung karasa ngasta mami, ditya kekalih gya naut, Rukmuka Rukmakala, pan sarya nggro Dyan Wrekudara tinubruk, kinerah gulu iringnya, ginilut ing kanan kering.

Artinya :

Kedatanganmu akan mengganggu, tak pelak tentu akan menerima tamparanku, kedua raksasa segera menyahut, Rukmuka dan Rukmakala, sambil menggeram mereka menerkam Wrekudara, mengigit leher samping, dikeroyok kanan kiri.

Panggeh Raden Wrekudara, jangganira kinerah datan gingsir, kinemah ginilut-gilut, jangganira tan pasah, Wrekudara tan tahan denira mambu, wil amis bacin gandanya, krodha kadgadeng ajurit.

Artinya :

Raden Wrekudara tetap tangguh, lehernya digigit tidak apa-apa, dikunyah digulat tidak mempan, Wrekudara tidak tahan memcium bau, raksasa yang anyir dan bacin, murka dengan terampil bertempur.

Dinuwa ditya kalihnya, gya cinandhak astane kanan kering, binanting sela maledhug, sumyur bangke kailhnya, wil Rukmuka lan Rukmakala wus lampus, ruwat ing cintrakanira, wil iku jawata kalih.

Artinya :

Ditendang kedua raksasa itu, segera ditangkap dengan kedua tangan, dibanting ke atas batu dan meledak, hancurlah bangkai kedua raksasa, raksasa Rulmuka dan Rukmakala telah tewas, terlepaslah penderitaannya, raksasa itu sebenarnay adalah dua dewa.

Kena ing papa cintraka, Endra Bayu dinukan Hyang Pramesthi, dadya ditya kalihipun, neng guwa Candramuka, Arya Sena sasirnane mengsahipun, sigra guwa binalengkrah, toya tan ana kaeksi.

Artinya :

Terkena kutukan, Endra dan Bayu dimarahi Hyang Pramesthi, menjadi raksasa keduanya, tinggal di gua Candramuka, setelah kedua musuhnya sirna, segera gua itu dirusaknya, namun air tidak juga ditemukan.

Sadangunira ngupaya, jroning guwa bubrah den obrak-abrik, sayah kesaput ing dalu, ngadeg soring mandhira, giyuh ing tyas denira ngupaya banyu, tan antara Arya Sena, miyarsa swara dumeling.

Artinya :

Selama mencari, dalam gua rusak berat diobrak-abrik, leleh menyambut malam, berdiri dibawah pohon beringin, bersedih hatinya mencari sang air, tak berapa lama Arya Sena, mendengar suara yang bergema.

———- Hyang Endra dan Hyang Bayu ———-

Tan katon kang duwe swara, babo putuningsun liwat kaswasih, ngupaya nora ketemu, tan antuk tuduh nyata, ing prenahe kang sira ulati iku, kasangsara solahira, Wrekudara duk miyarsi.

Artinya ;

Tak tampak yang bersuara, wahai cucuku yang sangat bersedih, mencari tidak menjumpai, tidak mendapat bimbingan yang nyata, tentang tempat benda yang kaucari itu, sungguh menderita dirimu, Wrekudara ketika mendengarnya.

Nauri sinten kang swara, dene boten katinggal marang mami, punapa yun ngambil tuwuh, atur kula sumangga, suka pejah tan antuk ngulati banyu, kang swara gumujeng suka, yen sira tambuh ing kami.

Artinya :

Menjawab siapa yang bersuara itu, karena tidak kelihatan olehku, apakah ingin membunuhku, mari kupersilahkan, lebih baik mati daripada tidak tidak mendapatkan air yang kucari, suara itu tertawa senang, bila kau pura-pura tidak tahu kepadaku.

Sira duk mateni buta, iya ingsun padha jawata kalih, keneng cintraka Hyang Guru, temah sira kang ngruwat, ingsun Sang Hyang Endra lan Bathara Bayu, duk ditya Si Rukmakala, lawan Rukmuka ran mami.

Artinya :

Kau ketika membunuh raksasa, ya kami inilah dua dewa, yang terkena marah Hyang Guru, akhirnya kau yang melepaskan kesusahanku, kami Sang Hyang Endra dan Bathara Bayu, san Rukmakala dan Rukmaka nama kami.

Sira angulati toya, pituduhe Druna marang sireki, nyata yen ana satuhu, kang Maosadi tirta, nanging dudu ing kene panggonanipun, sira balia astana, enggone ingkang sayekti.

Artinya :

Kau mencari air, petunjuk Druna kepadamu itu, nyata memang benar-benar ada, sang air penghidupan, tetapi bukan disini tempatnya, kau kembalilah ke Astina, yang merupakan tempatnya yang nyata.

———- Di Nagara Ngastina ———-

Wrekudara duk miyarsa, kendel saking wagugen tyasireki, tan antara gya sumebrung, mantuk marang Ngastina, tan winarna ing marga praja wus rawuh, pendhak ing dina samana, nuju Prabu Kurupati.

Artinya :

Wrekudra kektika mendengar, berhenti dari kebingungan hatinya, tak lama ia segera pergi, pulang ke negeri Ngastina, tak diceritakan keaadaannya dalam perjalanan, sudah sampai di istana, pada waktu itu, Sang Prabu Kurupati.

Pepakan lunggyeng pandapa, Resi Druna Bisma lawan Sang Aji, Mandraka Sri Salya Prabu, Sangkuni Kyana Patya, pepak sagung Kurawa sumiweng ngayun, Sindukala lan Sudarma, Suranggakala lan malih.

Artinya :

Lengkap duduk diserambi muka, Resi Drna Bisma dan sang Raja, Raja Mandaraka Prabu Salya, Patih Arya Sangkuni, lengkap bala Kurawa menghadap dimuka sang raja, Sindukala dan ayahanda, Suranggakala dan lainnya.

Kuwirya Rikadurjaya, lawan Jayasusena munggeng ngarsi, kagyat wau praptanipun, Dyan Arya Wrekudara, samya mbagekaken mring kang lagya rawuh, babo ariningsun Sena, antuk karya sun watawis.

Artinya :

Kuwirya Rikadurjaya, dan Jayasusena duduk di depan, terkejut melihat kedatangan, Raden Wrekudara, mereka mempersilakan orang yang baru datang itu, wahai adikku Sena, berhasilkah kau menunaikan tugasmu.

Yayi sun ngempek kewala, praptanira sayekti antuk kardi, Resi Druna lon sumambung, paran ta lakunira, Wrekudara umatur datan kapangguh, nggoning wukir Candramuka, mung ditya kalih kapanggih.

Artinya :

Adikku aku hanya ingin bertanya, kedatanganmu tentu membawa hasil, Resi Druna menyambung lirih, bagaimana hasilmu, Wrekudara menjawab bahwa tidak berhasil, di gunung Candramuka, hanya dua raksasa yang ditemuinya.

Rukmuka lan Rukmakala, sampun sirna kalih kawula banting dening ditya mamrih lampus, sikara mring kawula, jroning guwa ngong balingkrah tak kapangguh, paduka tuduh kang nyata, sampun amindho gaweni.

Artinya :

Rukmuka dan Rukmakala, telah kubanting agar lekas berhenti menggangguku, di dalam gua semua kacau balau tetap tidak kutemukan, paduka harus memberi petunjuk yang jelas, sehingga tidak perlu mengulang seperti ini.

Dhang Hyang Druna ngrangkul sigra, babo sira kang lagi sun ayoni, temen nut tuduhing guru, mengko wus kalampahan, nora mengeng ngantepi pituduhingsun, ing mengko sun warah sira, enggone ingkang sayekti.

Artinya :

Dhang Hyang Druna segera memeluk, wahai kau yang sedang kuuji, sungguh mau mengikuti petunjuk gurumu, kkini telah terbukti, tidak menolak dalam melaksanakan perintahku, sekarang kuberi petunjuk, tentang letak yang sebenarnya.

Iya ing theleng samodra, yen sirestu nggeguru marang mami, manjinga mring samodra gung, Arya Sena turira, sampun menggah manjing theleng samodra gung, wontena nginggiling swarga, myang dasar kasapti bumi.

Artinya :

Yaitu di tengah samudera, jika sungguh kau akan berguru kepadaku, masuklah ke dalam samudra luas itu, Arya sena menjawab, jangankan masuk ke dalam lautan, di puncak surga pun, dan di dasar bumi ketujuh.

Masa ajriha palastra, tuduh paduka yekti, Druna mojar iya kulup, yen iku ketemua, bapa kakinira kang wus padha lampus, besuk uripe neng sira, lan sira punjul ing bumi.

Artinya :

Tak mungkin takut, melaksanakan petunjuk paduka yang benar, Druna berkata ya anakku, jika itu kau temuka, orang tua dan kakekmu yang sudah mati, kelak hidupnya ada padamu, dan kau akan menonjol di dunia ini.

Tan ana aji tumama, sirna kasor kawengku ing sireku, Sri Duryudana sumambung, dhuh Sena ariningwang, kaya paran praptikelira dalanggung, dene laku luwih gawat, prenahe kang tirta ening.

Artinya :

Tak ada senjata yang mampu melukai, lebur dan kalah olehmu, Sri Duryudana menyambung, wahai Sena adikki, bagaimana caramu menempuh perjalanan, karena perjalan itu lebih gawat, tentang letak air jernih itu.

Aja sira kaya bocah, den prayeitna Wrekudara nauri, Heh Kuru pati wak ingsun, srahene ing Jawata, aywa malang tumulih lilakna tuhu, aja nggarantes tyasira, paribara sun basuki.

Artinya :

Janganlah kau seperti anak kecil, berhati-hatilah, Wrekudara menjawab, hai Kurupati diriku ini kuserahkan kepada dewata, janganlah kau ragukan, relakan daku, jangan sedih hatimu, tentu aku akan selamat sampai tujuan.

Ya yayi muga antuka, lakunira pitulunging dewa Di, Arya Sena pamit sampun, mring Druna lang Sang Nata, ing Ngastina wusnya pamit gya sumebut, medal sapraptaning jaba, nedya umantuk rumiyin.

Artinya :

Ya adikku semoga berhasil, langkah-langkahmu mendapat restu dari dewa yang agung, Arya Sena mohon diri, kepada Druna dan sang raja, di Ngastina esudah itu ia segera pergi, keluar dari istana, untuk pulang lebih dahulu.

Matur ingkang raka Ngamarta, kuneng Wrekudara lampahe prapti, ya ta wau kang winuwus, nenggih nagri Ngamarta, saankate Wrekudara kesahipun, dene tan kena ingampah, marmanya dhahat prihatin.

Artinya :

Lapor kepada Raja Ngamarta, ganti yang dikisahkan, Wrekudara sudah sampai, itulah yang dikisahkan, tentang negeri Ngamarta, sepeninggal Wrekudara, yang tidak dapat dicegah sehingga menimbulkan kesedihan mendalam.

Sira Prabu Darmaputra, miwah Dananjaya lan ari kalih saputra sagarwanipun, prihatin tyas sumelang, dadya rembag atur uninga puniku, saking sungkawaning driya, marang Prabu Harimurti.

Artinya :

Prabu Darmaputra, dan Sang Dananjaya dengan adiknya berdua beserta anak istrinya, prihatin hatinya khawatir, menjadikan pembicaraan yang menjelaskan hal itu, oleh kesedihan hatinya, kepada sang Prabu Harimurti.

Mesat caraka Ngamarta, mawi serat ing marga tan winarni, prateng Dwarawati sampun, serat katur sang nata, wus binuka sinuksmeng sajroning kalbu, kagyat nggarijiteng wardaya, sira Prabu Harimurti.

Artinya :

Pergilah seorang utusan Ngamarta, membawa surat dalam perjalanan tidak dikisahkan, sudah sampai di Dwarawati, surat itu disampaikan kepada sang raja, sudah dibuka dan diresapkan kedalam hati, sangat terkejut hati sang raja Prabu Harimurti.

Dhahat tan sakeca ing tyas, gya ngundangi budhal wadya sang aji, wadya lampahe kasusu, ing marga tan winarna, lampahira Sri Kresna Ngamarta rawuh, katur Prabu Yudhistira, gya methuk lawan parari.

Artinya :

Sangatlah tidak enak hatinya, segera memerintahkan untuk pergi ke Ngamarta beserta bala pasukan, pasukan itu berangkat tergesa-gesa, di dalam perjalanan tidak dikisahkan, sang Harimurti sudah sampai di Ngamarta, menghadap sang Ydhistira, lekas menyambut bersama adik-adiknya.

Prapteng pura tata lenggah, Dananjaya lan kang rayi ngabekti, Prabu Darmaputra Yudhistira matur, Sena sesolahira, purwa madya wasana pan sampun katur, miyarsa ngungun ing driya, sira Prabu Harimurti.

Artinya :

Masuk istana dipersilahkan duduk, Dananjaya dan adiknya menghaturkan sembah, Prabu Darmaputra Yudhistira berkata, tentang Sena dan tingkahnya, sejak awal tengah dan akhir semua disampaikan, yang mendengarkannya heran dalam hati, yaitu sang Prabu Harimurti.

Wasana andikanira, yayi Prabu sampun sungkaweng galih, solahe arineriku, Wrekudara denira, ngruruh tirta ening sayekti ingapus, tingkahe Kurawa cidra, pasrahna Jawata Di.

Artinya :

Kemudian katanya, Dinda Prabu janganlah bersedih hati, tingkah adik kita, Wrekudara dalam usahanya mencari air suci jernih sesungguhnya ditipu, oleh para Kurawa yang curang, serahkanlah saja kepada dewata yang agung.

Wong nedya puruhita, ujar becik upama den lampahi, santosa ing bathara gung, ingkang nedya bencana, boten wande manggih wewales ing pungkur, matur Prabu Yudhistira, mila kula Jeng Kaka Ji.

Artinya :

Orang yang ingin mengabdi, kata-kata yang baik itu harus dijalankan, yakin kepada dewata yang agung, yang akan menjatuhkan bencana, kelak tentu akan mendapatkan balasan, berkata prabu Yudhistira, maka saya ini kakanda.

Nunten ngaturi uninga, mring paduka pun Sena lampahneki, yen tan nunten praptanipun, kula lan rayi tuwan, Madukara ngulati ing purugipun, tan liyan mung nyuwun pitedah, paduka den lampahi.

Artinya :

Kemudian segera memberi kabar, kepada paduka tentang tingkah Sena itu, jika tidak lekas datang, saya dan adik yang lain dari Madukara akan mencari ke mana perginya, tak lain hanya minta petunjuk paduka untuk kami laksanakan.

Lagyega imbal wacana, pan kasaru Sena praptanireki, prabu kalih sigra ngrangkul, langkung trusthaning driya, Dananjaya lan Nangkula Sadewaku, Dyan Pancawala Sumbadra, aretna Drupadi Srikandi.

Artinya :

Ketika sedang asyik berbincang-bincang, tiba-tiba dikejutkan oleh kedatangan Sena, dua raja itu segera memeluk Sena, hati mereka sangat gembira, Dananjaya dan Nakula Sadewa, Raden Pancawala dan Sembadra, Retna Drupadi dengan Srkandi.

Putra ri ngabekti samya, angandika sang prabu Harimurti, inggih ndaweg yayi prabu, sami suka bujana, sigra Arya Wrekudara aturipun ywa susah nganggo bujana, pan ingsun nora ngenteni.

Artinya :

Putra dan adik-adik mengabdi mengahturkan sembah semuanya, berkata sang prabu Harimurti, mari kita berpesta dan bersenang-senang, segera Arya Wrekudara menjawab, tak usah berpesta pora, aku tidak akan menantikannya.

Marang wong suka bujana, praptaningsun mung nedya tur udani, yen wis pamit bali ingsun, miwah mring sira Kresna, pan kapareng prapta manira angung wruh, arsa mring theleng samodra, ngupaya sinom tirta di.

Artinya :

Kepada orang yang suka berpesta, kedatanganku hanya ingin memberi kabar, nahwa aku sudah mohon diri kepada kalian, dan kepadamu Kresna, kedanganku hanya ingin memberi tahu, aku akan ke tengah samudera, mencari air suci.

Kidung Sinom

Pituduhe Dhang Hyang Druna, angulati Banyu Urip, nggone neng theleng samodra, iku arsa sun ulati, matur kang para ari dhuh kakangmas sampun-sampun, punika dede lampah, tan pantes dipun lampahi, duk miyarsa njethung Prabu Ydhistira.

Artinya :

Petunjuk Dhang Hyang Druna, mencari air penghidupan, tempatnya di pusat samudera, itu akan kucari, berkatalah adik-adik Sena, duh kakanda jangan lakukan, itu bukan tugas, tidak patut dilaksanakan, mendengar itu diamlah Prabu Yudhistira.

Wusana alon turira, mring raka Sri Harimurti, paran ing karsa paduka, pun Sena aturireki, tan kenging den palangi, Sri Kresna kendel tan muwus, langkung pangungunira, bunek ing tyas tan nauri, ing ature kang rayi Sri Yudhistira.

Artinya :

Kemudian katanya pelan, kepada kakanda Sri Harimurti, bagaimana kehendak paduka, demikian kehendak Sena, tidak dapat dihalang-halangi, Sri Kresna diam tak dapat berkata-kata, sangat heran dia, bingung dalam hatinya tak dapat menjawab pertanyaan sang Yudhistira.

Sigra Prabu Ydhistira Darmaputra, tumengkul marang kang rayi, Parta Nangkula Sadewa nungkemi pada anangis, Dyan Pancawala tuwin, Sumbadra Srikandi muwun, samya nggubel aturnya, miwah Prabu Harimurti, andrewili pitutur mring Arya Sena.

Artinya :

Segera Sang Prabu Yudhistira, menoleh kepda adinda, Parta Nakula dan Sdewa menyembah dan mencium kaki sambil menangis, Raden Pancawala dan, Sumbadra Srikandi menangis pula, semua meminta dengan paksa, dan Prabu Harimurti masih memberikan nasihat kepada Arya Sena.

Sena tan kena ingampah, tan keguh ginubel tangis, Dananjaya nyepeng asta, ari kalih suku kalih, [an sarwi lara nangis, Sri Kresna tansah pitutur, Srikandi lan Sumbadra, kang samya nggubel nangisi, kinipatken sadaya sami kaplesat.

Artinya :

Sena tidak dapat ditahan-tahan lagi, tak goyah dikungkung oleh tangis, Dananjaya memegangi tangan, dua adik lain memegangi kedua kakinya, dan sambil menangis mengiba-iba, Sri Kresna selalu menasihati, Srikandi dan sumbadra, yang masih tetap menangis dan menghalang-halangi, dikibaskan semua terlempar.

Meksa mberot Wrekudara, datan kena den gujengi, ngitar lampahe wus tebah, kadya tinilar ngemasi, Parta lan ari kalih, arsa sumusul tutu pungkur, ajrih pangampihira, kang raka Sri Harimurti, dadya kendel sadaya wayang-wuyungan.

Artinya :

Wrekudara tak dapat dipegangi, cepat langkahnya sudah jauh, yang tinggal bersedih bagaikan mati, Parta dan kedua adiknya, akan menyusul mengikuti di belakangnya, takut menemui rintangan atas kaknya, Sri Harimurti, menjadi terdiam semua kebingungan.

Saenggon-enggon karuna, sagung santana jalwestri, satriya ngadhep neng ngarsa, sira prabu Harimurti, tan pegat mituturi, kang rayi pra samya ndheku, dadya Sri Padmanaba, makuwon aneng jro puri, kawuwusa wau kang adreng ing lampah.

Artinya :

Di setiap tempat terdengar tangisan, semua sentana lelaki perempuan, satria menghadap di muka, Sang Prabu Harimurti, tak henti-hentinya menasihati, adik-adik semua terdiam dan khidmad, jadilah sang Padmanaba, tinggal di dalam istana, dikisahkanlah yang sedang dalam perjalanan.

———- Keindahan Pemandangan Yang Terlihat ———-

Lajeng dhedher Arya Sena, wus tebih manjing wanadri, tan kestri durgameng hawan, tan ana bebaya kesthi, sagung wong tepis iring, pra samya gawok angrungu, lampahe Arya Bima, lir naga krura ngajrihi, anrang baya amrih tuduhing ngagesang.

Artinya :

Semakin jauh perjalanan Arya Sena, sudah masuk kedalam hutan, tak terpikir bahaya diperjalanan, tak ada bahaya dilihatnya, orang-orang yang ditinggal di perbatasan, semua heran mendengarnya, perjalanan Arya Sena, bagaikan naga yang sangat menakutkan, menyerang bahaya agar tercapai tujuan hidupnya.

Kakayon katut maruta, pang kaprapal ngangin-angin, lir ngatag kang sekar mekar, samirana awor riris awor riris, panjrahing sarwa sari, kang riris pan marbuk arum, kumuning jangga sumyar, angsana pudhak kasilir, kinon katon lir wentis kasisan sinjang.

Artinya :

Pepohonan terhanyut oleh angin, cabang patah oleh angin, bagaikan memaksa bunga-bunga untuk mekar, angin bertiup tersebar berbunga, gerimis dengan semerbak harum, tampak kuning dengan leher yang bersinar, bunga pudak bergoyang-goyong, tampak bagaikan betis tertiup kain kebaya.

Seje tibra ganing driya, sahira saking nagari, cunggeren ret mawurahan, lir napa marang sang Branti, merak munya neng wuri, barung lawan peksi cucur, lir ngaturi wangsula, kidang wangsul saking ngarsi, kadya srune napa sangsayeng wardaya.

Artinya :

Lain kesedihan yang dirasakan, kepergian dari negerinya, babi hutan gelisah, bagaikan bertanya kepada Arya Sena, merak bersuara dibelakangnya, bersahutan dengan burung cucur, seolah-olah mengajak pulang, kijang pulang dari hadapannya, bagaikan memendam kesedian yang dalam.

Resres munya asauran, yayah kadya anauri, bebeluk myang dares munya, anamber-namber wiyati, kadya ngadhangi margi, wangsula ri sang Malat Kung, kungkang neng rong kalintang, amarah upaya sandi, yen dursila tanduking karti sampeka.

Artinya :

Capung bersuara bersahut-sahutan, seolah-olah seperti menjawab, burung hantu dan burung dares bersuara, menyambar-nyambar di udara, bagaikan mengahalangi jalan, kembalilah Sang Malat Kung, kodok di dalam liangnya, memohon dengan sangat bahwa itu hanya kecurangan, merupakan ulah orang-orang yang berbuat jahat.

Diwasaning diwangkara, titi sunya tengah wengi, gedasih munya sauran, musthikeng ganeya muni, mangun anggeng saliring, kadya sung warah mring lampus, upaya Dhang Hyang Druna, tan tuhu amrih basuki, mawa kamandaka durgamaning hawan.

Artinya :

Pada waktu itu sang matahari, tidak muncul karena tengah malam, burung kedasih bersuara bersahutan, mustika ganeya pun bernyanyi, menciptakan dengung di sekitarnya, seolah-olah menyarankan akan mati, perintah Dhang Hyang Druna, tidak menuju keselamatan, dengan kata-kata yang penuh bahaya dalam perjalanan.

Suwenda sekaring asta, ri ana Sang Hyang Bayeki, anut ujunging aldaka, denira lumampah aris, purwa ima rekteki, sirat-sirat wus kadulu, wismane Sang Haruna, manitih ing jalanidhi, keksi praba Sang Maharsi Dipaningrat.

Artinya :

Kuku hiasan jari-jarinya, yang diperoleh dari Hyang Bayu, menurut ujung gunung, langkahnya pelan-pelan, dikawal awan putih, dari jauh kelihatan, tempat tinggal sang Dewa Haruna (Dewa Matahari), berjalan di atas air laut, tampak sorot Sang Maharesi Dipaningrat.

Ana ri kang pasi wijah, anyengak-nyengak sru muni, sasmita kinen wangsula, mring sang kasangsayeng ragi, sata wana munyajrit, wewarah mring Sang Moneng Kung, angambah wanapringga, kungas tepining udadi, alun adres gumulung menempuh parang.

Artinya :

Ada seekar burung yang tampak, bersuara keras dan bernyanyi-nyanyi, memberi isyarat supaya lekas kembali, kepada yang menderita dalam perjalanan, hewan-hewan hutan menjerit-jerit, memberi isyarat kepada yang sedang berduka, melewati hutan lebat berbahaya, tampak tepi laut, ombak bergulung-gulung menerpa karang.

Sumyak lir suraking aprang, mrepek sangsaya kaeksi, karang munggul kawistara, dan awun-awun nawengi, ana kang kadi esthi, karang mengo liman ajrum, Wrekudara wus prapta, ngadeg neng tepining tasik, mangu-mangu mulat tepining udaya.

Artinya :

Riuh bagaikan sorak-sorai peperangan semakin dekat semakin tampak, karang menyembul, dan ombak-ombak itu melindungi, ada yang bagaikan gajah, yang menoleh dan emndekam, Wrekudara sudah sampai, berdiri di tepi laut, ragu-ragu menatap tepi laut itu.

Kang ombak ngembang galagah, panduking parang mangsuli, lir nambrama ingkang prapta, ngaturi wangsulireki, palimarma mring kang kang Prapti, yen ingapus lampahe manjing samodro.

Artinya :

Sang ombak bagaikan bunga gelagah, menggempur batu karang, bagaikan menyambut yang baru datang, menyarankan untuk kembali saja, topan datang juga, suaranya riuh menggelegar, ombak bergulung-gulung, tampak kasihan kepada yang baru datang, bahwa ia ditipu agar masuk ke dalam samudera.

Druna ujar ngamandaka, tuduhira tan sayekti tan sayekti, Sena yen wangsula merang ing guru Sang Maha Resi, suka matiyeng tasik, mangkana wau andulu, palwa awarna-warna, kumerab ing jalanidhi, ting karetap kang layar pating samburat.

Artinya :

Druna memberi petunjuk yang sesat, petunjuknya tidak benar, Sena tidak ingin pulang menentang sang Maharesi, lebih baik mati di tepi laut, demikianlah ia melihat, berbagai bentuk perahu, berbondong-bondong di atas lautan, bercahaya dengan layar yang berkembang.

Ting salebar lampahira, kang palwa sawiji-wiji, nanging tan ana kang misah, dulur maksih lampah tunggil, nangkoda samya grami, samya ngetan purugipun, dangu Sang Arya Sena, miyat kang palwa lumaris, ngunandika paran mengko lakuningwang.

Artinya :

Menyebar laju perjalanannya, setiap perahu satu persatu, tapi tidak ada yang memisahkan diri, bersaudara masih menyatu, nakoda kapal semua mengangkut dagangan, berlayar ke timur, lama Arya Sena, melihat kapal-kapal itu lewat, berkata dalam hati bagaimana caraku nanti.

Manjing jro theleng samodra, angupaya Banyu Urip, mangkana ingsun nora bisa, umanjing sajroning warih, kayaa si Pamadi, bisa manjing jroning banyu, silulup katon padhang, tan pae dharatan sami, Wrekudara dangu dennya ngunandika.

Artinya :

Masuk ke dasar samudera, mencari air penghidupan, padahal aku tidak mampu masuk ke dalam air, seandainya seperti Pamadi, mampu masuk kedalam air, menyelam tampak terang, tak berbeda dengan di atas daratan, lama Wrekudara berkata-kata dalam hati.

Wasana mupus ing driya, rehning atur wus nanggupi, marang Sang Pandhita Druna, tuwin Prabu Kurupati, dennya ngupaya nenggeh, ingkang Tirta Kamandanu, manjing theleng samodra, Sena tyasira tan gingsir, lara pati pan wus karsaning Jawata.

Artinya :

Akhirnya ia berpasrah diri, karena sudah menyatakan kesanggupan, kepada Sang Pandhita Druna, dan Prabu Kurupati, dalam mencari itu, Sang Tirta Kamandanu, masuk kedasar samudera, hati Sena tidak merasa takut, sakit dan mati memang sudah kehendak Dewata yang agung.

Lengleng mulat ing udaya, rencakaning tyas kalingling, nglanggut datan pawatesan, Sang Moneng lir tugu manik, alun geng nggegirisi, langgeng agolong gumulung, toya mundur angalang, kekisik wingkisi, wedinira lir kekisi sekar mekar.

Artinya :

Dengan suka cita ia memandang laut, kesedihan hatinya sudah terkikis, menerawang tanpa batas, Sang Moneng bagaikan tugu batu, ombak besar menakutkan, terus menerus bergulung-gulung, air mundur menhalangi, tampak tanah pantai menyembul, ketakutannya bagaikan gulungan bunga yang mekar.

Sangsangira lembak-lembek, lircemara uwal saking, ukeling dyah sinjang lukar, tan wus ucapen ing tulis, isen-isen jaladri pira-pira langenipun, raras rume jro toya, panjang yen winarna kawi, kurang papan maksih luwih kang carita.

Artinya :

Rambunya mengombak-ombak, bagaikan rambut sambunganyang terlepas dari ikatannya, tak dapat dikatan dalam tulisan, isi laut beberapa keindahan yang tampak, keindahan dalam air itu, panjang bila diceritakan.

———- Wrekudara Mencebur ke Laut ———-

Wau Arya Wrekudara, andangu dennya ningali, langen warnaning samodra, sawusnya mangkana nuli, amusthi tyasireki, ing bebaya tan kaentung, kalamun tan manggiha,ingkang Tirta Maya Ening, Tirta Kamandanu neng theleng samodra.

Artinya :

Maka sang Arya Wrekudara, lama menatap, keindahan isi laut, sesudah itu lalu memusatkan perhatiannya, tidak lagi memikirkan marabahaya, jika tidak menemukan, si air maya jernih, tirta kamandanu di dasar samudera.

Wirang yen mantuka aran, suka matiyeng jaladri, tan liyan mung pituduhira, mung guru ingkang kaesthi, wusnya mangkana nuli, Wrekudara sigra cancut, gumregut tandangira, denira manjing jaladri, datan mundur pinethuk ngalun lampahnya.

Artinya :

Malu jika pulang tanpa hasil, lebih baik mati di laut tak lain hanya petunjuknya, sang guru yang dipikirkan, sesudah itu lalu, Wrekudara segara bersikap diri dengan semangat yang menyala-nyala mencebur ke laut, tak akan mundur menghadapi ombak samudera.

Kidung Durma

Neng samodra wiraganira legawa, banyu sumaput wentis, melek angganira, alun pan sumaburat, sumembur muka nampeki, migeg ring angga, waket jangga kang warih.

Artinya :

Dalam samudera kegembiraannya tampak, air membasahi kaki, memyentuh tubuhnya, ombak menggelombang, menampar wajahnya, bergerak-gerak menerpa badan, menyentuh lehernya.

Sena emut kang aji Jalasengara, amrih piyaking warih, wusnya matek sigra, lampah meksa manengah, tan etang priganing warih, kuneng Sng Bima, ya ta wonten winarni.

Artinya :

Sena teringat ilmunya Jalasengara, agar air menyibak, setelah ilmu itu diucapkan, terus berjalan ke tengah, tak memperhitungkan bahaya dalam air, tentang Sang Wrekudara, lain lagi cerita di sini.

Kang naga geng kang mangsa ylam samodra, wisanya luwih mandi, kroda dennya miyat, sigra ngambang lumarap, gengnya saprabata siwi, galak kumelap muka ngajrihi.

Artinya :

Ada naga besar yang memangsa ikan di laut, berbisa sangat mematikan, bergerak mendekati apa yang dilihatnya, segera mengambang di air, sbesar gunung anakan, wajahnya tampak liar dan ganas, mulut menganga menakutkan.

Lir kinebur samodra molah prakempa, Sena kagyat ningali, ngunandikeng driya, iki bebaya prapta naga geg krua ngajrihi, mangap kadya guwa, siyung mingis kumilat, semembur wisa lir riris, manaut sigra, mulet kadya ginodhi.

Artinya :

Bagaikan dikebur keadaan air laut itu, bergoyang-goyang bagaikan gempa, Sena terkejut melihatnya, berkata dalam hati, bahaya yang datang berupa naga besar menakutkan, menganga bagaikan gua, taringnya tampak tajam bercahaya, menyemburkan bisa bagaikan hujan, menerkam segera, melilit bagaikan membalutnya.

Pan larangkus badan pinulet ing naga, Sena angres ing galih, naga wisanira, tumempek ngangganira, kewran wus anyipta mati, saya pinoleh, kang naga mobat-mabit.

Artinya :

Sesudah badannya dililit oleh tubuh ukar naga itu, Sena merasa kecut hatinya, melekat di tubuhnya, kebingungan ia mengira akan cepat mati, semakin meronta sang naga semakin kuat lilitannya.

Sarirane Sena kagubet sadaya, mung janggane kang maksih, kang naga sru molah, ningseti panggubetnya, wonten palwa dagang prapti, giris umiyat, kang palwa nimpang lebih.

Artinya :

Tubuh Sena dililit semua, hanya tinggal lehernya masih tampak, sang naga semakin ganas, mengencangkan lilitannya, ada kapal dagang yang medekat, lekas pergi menjauh, menghindari.

Lir sinapon palwa narka angin salah, wau ta kang ginodhi, sayah Arya Bima, krodha emut anulya, cinubles kanaka aglis, kang munggeng angga, pasah ludira mijil.

Artinya :

Bagaikan disapu awak perahu itu mengira ada angin salah tiup, sedangkan saja Sena masih dililit naga, lelah tak kuasa meronta kemudian ia teringat, segera menikamkan kukunya, tepat di tubuh naga itu, kemudian darah pun memancar.

Kuku Pancanaka manjing badan naga, tatas sarpa ngemasi, rah mijil marawan, abangtoyeng samodra, sapandeleng kanan kering, toya awor rah, naga geng wus ngemasi.

Artinya :

Kuku Pancanaka menancap di badan naga,langsung naga itu mati, darah keluar dengan deras, air laut memerah, tampak sepintas di kanan kiri, air bercampur darah, naga besar sudah mati.

———- Diketahui Sang Marbudyengrat Dewa Ruci ———-

Sirna dening Sena sadaya pan suka, saisining jaladri, wau kawuwusa, Ri sang Murwengparasdya, wruh lakuning Kang Kaswasih, Sang Amurwengrat, praptane Sang Amamrih.

Artinya :

Naga Mati oleh Sena, seisi laut itu gembira, diceritakanlah, Ri Sang Paramengparasdya, melihat perjalanan sang Kaswasih, Sang Amurwengrat, kedatangan Sang Amamrih.

Dinuta tan uninga jatining lampah, kang Tirta Marta Ening, apan tanpa arah, Tirta kang wruh ing Tirta, Suksma sinuksma wawingit, tangeh manggiha, yen tan nugraha yekti.

Artinya :

Di utus tidak mengetahui hakekat tugasnya, Sang Air Penghidupan Jernih, yang tanpa arah, air yang melihat air, suksma berjiwa penuh rahasia, tak mungkin ditemukan, bila tidak mendapat anugerah yang sebenarnya.

———- Di Negara Ngamarta ———-

Kuneng wau kocapa, Nata Pandhawa, kang samya tyas prihatin, sangsaya kagagas, nenggih mring kadangira, arsa nusula prasami, aywa sulaya, yen nemahana pati.

Artinya :

Syahdan diceritakan, Raja Pandawa yang bersedih hatinya, semakin dipikirkan perihal keadaan Saudaranya, semua ingin menyusul, jangan sampai menemui kesulitan.

Samya nggubel nenuwun kang pangandika, mring Prabu Harimurti, samya tinangisan, matur narendra Kresna yayi Prabu yayi prihatin, pan kadang tuwan, boten tumekeng pati.

Artinya :

Semua memohon dengan penuh iba, kepada Prabu Harimurti, semua menangis, berkatalah Sang Kresna, bahwa adinda tidak sampai meninggal dunia.

Malah manggih kanugrahaning Jawata, benjing praptane suci, angsal sih kamulyan, ing Hyang Suksma Kawekas, winenang alintu diri, raga Bathara putus ing tinggal ening.

Artinya :

Bahkan mendapat pahala dari Dewata, nanti akan datang dengan kesucian, mendapatkan cinta kemuliaan, dari Hyang Suksma Kawekas, diizinkan berganti diri, menjadi Batara yang berhasil menatap dengan hening.

Mila sampun sungkaweng tyas yayi nata, enggar tyasira sami, sirna susahira, dennya wau miyarsa, pangandika kang sayekti, Nerendra Kresna, kamulyaning kang rayi.

Artinya :

Maka janganlah bersdih hati, gembirakanlah hati kalian, hilangkan cemas, setelah mendengar penjelasan demikian, dari Sang Prabu Kresna, akan keberhasilan adindanya.

—- Sang Wrekudara Berjumpa Dengan Sang Marbudyengrat Dewa Ruci —-

Ya ta malih wuwusen Sang Wrekudara, kang maksih neng jaladri, sampun pinanggihan, awarni Dewa Bajang, paparan Sang Dewa Ruci, lir lare dolan, neng udaya jaladri.

Artinya :

Kembali dikisahkan Sang Wrekudara yang masih di samudera, sudah bertemu dengan Dewa berambut panjang, bernama Dewa Ruci, seperti anak kecil bermain-main di atas air laut.

Angandika Sena apa karyanira, apa sedyanireki, umanjing samodra, liwat sepi kewala, tan ana ingkang binukti, myang sarwa boga, miwah busana sepi.

Artinya :

Berkata Sena apa kerjamu, apa tujuanmu, tinggal di laut, semua serba tidak ada, tak ada yang dimakan, tiadak ada makanan, dan tidak ada pakaian.

Amung ana godhong aking yen ana kaleyang, tiba ing ngarsa mami, iku kang sun pangan, yen nora natan mangan, nggarjita tyasnya miyarsi, Sang Wrekudara, ngungun dennya ninggali.

Artinya :

Hanya ada daun kering yang tertiup angin, jatuh di depanku, itu yang saya makan, jika tidak ada tentu tidak makan, Sang Wrekudara, heran melihat dan mendengarnya.

Dewa bajang neng samodra tanpa rowang, cilik amenthik-menthik, iki ta wong apa, mung sabayi gengira, bisa lumakyeng jaladri, ladak kumethak, tanpa rowang pribadi.

Artinya :

Dewa berambut panjang di laut tanpa kawan, kecil sekali, siapakah dia, hanya sebesar bayi, dapat berjalan di atas air, sombong sekali, tanpa kawan hanya sendirian.

Angling malih heh ta Wrekudara sigra, prapta ing kene iki, akeb Pancabaya, yen nora etoh pejah, sayekti tan prapta ugi, ing kene mapan, saklir sarwa mamring.

Artinya :

Berkata lagi wahai Wrekudara, segera datang ke sini, banyak rintangannya, jika tidak mati-matian tentu tak akan dapat sampai di tempat ini, segalanya serba sepi.

Nora urub lan ciptamu paripeksa, sira tan ngeman pati, sabda kaluhuran, kene masa anaa, Sena kewran tyasireki, sesaurira, dening tan wruh ing gati.

Artinya :

Tidak terang dan pikiranmu memaksa, dirimu tidak sayang untuk mati, memang benar, di sini tidak mungkin ditemukan, Sena bingung hatinya, jawabnya, karena tidak tahu maksudnya.

Dadya Wrekudara alon aturira, masa borong Sang Yogi, dewa Ruci mojar, lah iya sira uga bebete Sang Hyang Pramenthi, Hyang Girinata, turune sira saking.

Artinya :

Sehingga Wrekudara menjawab pelan, terserah kepada guru, Dewa Ruci berkata, kau pun keturunan Sang Hyang Pramesthi, Hyang Girinata, kau keturunan dari.

Sang Hyang Brama uwite kang para nata, pan ramanira ugi, turun saking Brama, mencarken para raja, ibunira Dewi Kunthi, kang duwe tedhak, iya Hyang Wisnu Murti.

Artinya :

Sang Hyang Brama asal para raja, ayahmu pun, keturunan dari Brama, menyebarkan pra raja, Ibumu Dewi Kunti, yang memiliki keturunan, yaitu Sang Hyang Wisnu Murti.

Mung patutan telu lan bapakira, Yudistira pangarsi, panenggake sira, panengah Dananjaya, kang loro patutan Madrim, genep Pandhawa, praptamu kene ugi.

Artinya :

Hanya berputra tiga dengan ayahmu, Yudistira sebagai anak sulung, yang kedua dirimu, sebagai panengah/ketiga adalah Dananjaya, yang dua anak dari keturunan dengan Madrim, genaplah Pandawa, kedatanganmu di sini pun.

Iya Dhang Hyang Druna akon ngulatana, Toya Rip kang tirta ning, iku gurunira, pituduh marang sira, yeku kang sira lakoni, mula wong tapa, angel pratingkah urip.

Artinya :

Juga atas petunjuk Dhang Hyang Druna untuk mencari, Air Penghidupan berupa air jernih, karena gurumu yang memberi petunjuk, itulah yang kau laksanakan, maka orang yang bertapa sulit menikmati hidupnya.

Aywa lunga yen durung wruh kang pinaran, lan aja mangan ugi, lamun durung wruha, rasaning kang pinangan, aja anganggo ta ugi, yen durung wruha, arane busaneki.

Artinya :

Jangan pergi bila belum jelas maksudnya, dan jangan makan bila belum tahu rasa yang dimakan, janganlah berpakaian, bila belum tahu, nama pakaianmu.

Weruhira tetaken bisane iya, lawan tetiron ugi, dadi lan tumandang, mangkono ing ngagesang, ana jugul saking wukir, arsa tuku mas, mring kemasan den wehi.

Artinya :

Kau bisa tahu dari bertanya, dan dengan meniru juga, jadi dengan dilaksanakan, demikian dalam hidup, ada orang bodoh dari gunung akan membeli emas, oleh tukang emas diberi.

Lancang kuning den anggep kancana mulya, mangkono wong ngabekti, yen durung waskitha, prenahe kang sinembah, Wrekudara duk miyarsi, ndheku nor raga, dene Sang Wiku sidik.

Artinya :

Kertas kuning dikira emas mulia, demikian pula orang berguru, bila belum paham, akan tempat yang harus disembah, Wrekudara ketika mendengar itu, terduduk merendahkan diri, sedangkan sang wiku cermat.

Toya piyak dadya sila Wrekudara, umatur meminta sih, anuwun jinatyan, pukulun sinten tuwan, dene neng ngriki pribadi, Sang Marbudyengrat, angling Sang Dewa Ruci.

Artinya :

Air menyibak menjadi tempat duduk bagi Wrekudara, berkata meminta kasih, mohon diyakini, siapakah tuanku sebenarnya, mengapa di sini sendirian, Sang Marbudyengrat, berkatalah Sang Dewa Ruci.

Sena matur pukulun yen makatena, kawula anuwun sih, saking tan uninga, puruhitaning badan, sasat sato wana inggih, tan mantra-mantra, waspadeng badan suci.

Artinya :

Sena berkata jika demikian, saya ingin meminta kasih, dan petunjuk karena tidak tahu, pengabdian diri ini sama seperti hewan hutan, tidak seberapa, waspada kepada badan yang suci.

Langkung muda punggung cinacad ing jagad, kesi-esi ing bumi, angganing curiga, ulun datanpa wrangka, wacana kang tanpa siring, ya ta ngandika, Manis Sang Dewa Ruci.

Artinya :

Lebih bodoh tolol dan penuh kekurangan di dunia, ditertawakan di mana-mana, bagaikan tubuh keris yang tanpa kerangka, perkataan tanpa batas, berkatalah dengan manis Sang Dewa Ruci.

… Wrekudara Masuk Dalam Tubuh Menerima Ajaran Tentang Kenyataan …

Kidung Dhandhanggula

Lah ta mara Wrekudara aglis, umanjinga guwa garbaningwang, kagyat miyarsa wuwuse, Wrekudara gumuyu, sarwi ngguguk aturireki, dene paduka bajang, kawula geng luhur, nglangkungi saking birawa, saking pundi margane kawula manjing jenthik masa sedhenga.

Artinya :

Segeralah kemari Wrekudara, masuklah ke dalam tubuhku, terkejut mendengar kata-katanya, Wrekudara tertawa, dengan terbahak-bahak, katanya, tuan ini bertubuh kecil, saya bertubuh besar, dari mana jalanku masuk, kelingking pun tidak mungkin dapat masuk.

Dewa Ruci mesem ngandikaris, gedhe endi sira lawan jagad, kabeh iki saisine, alas myang gunungipun, samodra lan isine sami, tan sesak lumebuwa, ing jro garbaningsun, Wrekudara duk miyarsa, esmu ajrih kumel sandika turneki, mengleng Sang Ruci Dewa.

Artinya :

Dewa Rcuci terseyum dan berkata lirih, besar mana dirimu dengan dunia ini, semua isi dunia, hutan dengan gunung, samudera dengan semua isinya, tak sarat masuk ke dalam tubuhku, Wrekudara setelah mendengar, agak takut menyatakan mau, berpalinglah Sang Dewa Ruci.

Iki dalan talingan ngong kering, Wrekudara sigra manjing karna, wus prapteng ing jro garbane, andulu samodra gung, tnapa tepi nglangut lumaris, ngliyek adoh katingal, Dewa Ruci nguwuh, heh apa katon ing sira, dyan umatur Sena pan inggih atebih, tan wonten katingalan.

Artinya :

Di dalam telingaku yang kiri, Wrekudara segera masuk telinga, sudah sampai di dalam tubuhnya, melihat laut luas, tanpa tepi jauh sekali ia berjalan, tampak jauh terlihat, Dewa Ruci berteriak, hai apa yang kau lihat, Arya Sena berkata bahwa tampah jauh, tak ada yang tampak.

Awang-awang kang kula lampahi, uwung-uwung tebih tan kantenan, ulun saparan-parane, tan mulat ing lor kidul, wetan kulon boten udani, ngandhap nginggil myang ngarsa, kalawan ing pungkur, kawula datan uninga, langkung bingung Sang Dewa Ruci lingnyaris, aywa maras tyasira.

Artinya :

Langit luas yang kutempuh, langit yang sangat luas, aku pergi ke mana-mana, tak tahu mana utara dan selatan, tidak tahu timur dan barat, bawah atas dan depan, serta di belakang, aku tidak tahu, bingung sekali sang Dewa Ruci berkata pelan, jangan taku tenangkan dirimu.

Byar katingal ngadhep Dewa Ruci, Wrekudara Sang Wiku kawangwang, umancur katon cahyane, nulya wruh ing lor kidul, wetan kulon sampun udani, nginggil miwah ing ngadhap, pan sampun kadulu, kawan umiyat baskara, eca tyase miwah Sang Wiku kaeksi, aneng jagad walikan.

Artinya :

Tiba-tiba terang tampaklah Dewa Ruci, Wrekudara Sang Wiku terlihat, memancarkan sinar, kemudian tahu utara selatan, timur barat sudah tahu, di atas dan dibawah, juga sudah diketahui, kemudian terlihat matahari, nyaman rasa hati melihat Sang Wiku, di balik dunia ini.

Dewa Ruci suksma lingiraris, aywa lumaku andedulua, apa katon ing dheweke, Wrekudara umatur, wonten warna kawan prakawis, aktingal ing kawula, sadayane wau, sampun boten katingalan, amung kawan prakawis ingkang kaeksi, cemeng bang kuning pethak.

Artinya :

Dewa Ruci berkata lirih, jangan berjalan lihat-lihatlah, apa yang tampak olehmu, Wrekudara menjawab, ada empat macam benda yang tampak olehku, semua itu, sudah tampak, hanya empat warna yang dapat kulihat, hitam merah kuning dan putih.

Sang Dewa Ruci ngandika malih, ingkang dhingin sira anon cahya, gumawang tan wruh arane, Pancamaya puniku, sejatine ing tyasireki, pangarsane sarira, tegese tyas iku, ingaranan muka sipat, kang anuntun marang sipat kang linuwih, kang sejatining sipat.

Artinya :

Sang Dewa Ruci berkata lagi, yang pertama kau lihat cahaya, menyala tidak tahu namanya, Pancamaya itu, sesungguhnya ada di dalam hatimu, yang memimpin dirimu, maksudnya hati, disebut muka sifat, yang menuntun kepada sifat lebih, merupakan sifat itu sendiri.

Mangka tinulak aywa lumaris, awasena rupa aja samar, kawasaning tyas empane, tingaling tyas puniku, anengeri marang sajati, eca tyase Sang sena, amiyarsa wuwus, lagya medhem tyas sumringah, ene ingkang abang ireng kuning putih iku durgamaning tyas.

Artinya :

Lekas pulang jangan berjalan, selidikilah rupa itu jangan ragu, untuk hati tinggal, mata hati itulah, menandai pada hakikatmu, senang hati Sang Sena, mendengarkan nasihat itu, ketika hatinya sedang bersuka-cita, sedang yang berwarna merah hitam kuning dan putih, itu adalah penghalang hati.

Pan isine ing jagad mepeki, iya ati kang telung prakara, pamurunge laku kabeh, yen bisa pisah iku, pasthi bisa pamoring gaib, iku mungsuhe tapa, ati kang tetelu, ireng abang kuning samya, angadhangi cipta karsa kang lestari, pamoring Suksm Mulya.

Artinya :

Isi dunia ini sudah lengkap, yaitu hati tiga hal, pendorong segala langkah, bila dapat memisahkan tentu dapat menyatu dengan gaib, itu adalah musuh pendeta, hati yang tiga (curang), hitam merah kuning semua, menghalangi pikiran dan kehendak yang abadi, persatuan Sukma Mulia.

Lamun nora kawileting katri, yekti sida pamoring kawula, lestari panunggalane, poma den awas emut, durgama kang munggeng ing ati, pangwasane weruha, wiji-wijinipun, kang ireng lueih prakosa, panggawene asrengen sabarang runtik, andadra ngambra-ambra.

Artinya :

Jika tidak tercampur oleh tiga hal itu, tentu akan terjadi persatuan kawula/rakyat, abadi dalam persatuan, perhatikan dan ingatlah, penghalang yang berada dalam hati, ketahuilah benih-benihnya, yang hitam lebih perkasa, kerjanya marah terhadap segala hal, murka secara menjadi-jadi.

Iya iku ati kang ngadhangi, ambuntoni marang kabecikan, kang ireng iku gawene, dene kang abang iku, iya tuduh nepsu kang becik, sakehe pepinginan, metu saking ngriku, panas baran panastenan, ambuntoni marang ati ingkang eling, marang ing kawaspadan.

Artinya :

Itulah hati yang menghalangi, menutupi tindakan yang baik, yang hitam itu kerjanya, sedangkan yang merah, menunjukkan nafsu yang baik, segala keinginan keluar dari situ, panas hati, menutupi kepada hati yang sadar, kepada kewaspadaan.

Dene iya kang arupa kuning, panggawene nanggulang sabarang, cipta kang becik dadine, panggawe amrih tulus, ati kuning ingkang ngadhangi, mung panggawe pangrusak, binanjur linantur mung kang putih iku nyata, ati anteng kang suci tan ika iki, prawira ing kaharjan.

Artinya :

Sedangkang yang berwarna kuning, kerjanya menanggulangi segala hal, pikiran yang baik jadinya, pekerjaan agar lestari, hati kuning yang menutupi, hanya suka merusak, kemudian yang putih berarti nyata, hati yang tenang suci tanpa berpikiran ini dan itu, perwira dalam kedamaian.

Amung iku kang bisa nampani, ing sasmita sajatining rupa, nampani nugraha nggone, ingkang bisa tumaduk, alestari pamoring kapti, iku mungsuhe tapa, ati kang tetelu balane tanpa wilangan, ingkang putih tanpa rowang amung siji, mulane gung kasoran.

Artinya :

Hanya itu yang dapat menerima, akan firasat hakikat warna, menerima anugrah tempatnya, yang dapat melaksanakan, mengabdikan persatuan keinginan, itu musuh pertapa, hati yang tiga (curang) kawannya sangat banyak, yang berwarna putih hanya seorang diri tanpa kawan, maka ia sering kalah.

Iya lamun bisa nembadani, marang sesuker telung prakara, sida ing kono pamore, tanpa tuduh puniku, ing pamore Kawula Gusti, Wrekudara miyarsa, sengkut pamrihipun, sangsaya birahinira, iya marang kauwusaning ngaurip, sampurnaning panunggal.

Artinya :

Memang bila dapat memenuhi, kepada tiga hal yang merusak di situlah letak persatuannya, tanpa pedoman tentang persatuan makhluk dan pencipta, Wrekudara mendengar, dengan giat ia berusaha, dengan penuh tekad, untuk mencapai pedoman hidup, demi kesempurnaan persatuan.

Sirna patang prakara na malih, urub siji wolu warnanira, Wrekudara lon ature, punapa wastanipun, urub siji wolu kang warni, pundi ingkang sanyata, pundi kang satuhu, wonten kadi retna muncar, wonten kadi maya-maya angebati, wonten abra markatha.

Artinya :

Setelah hilang empat hal itu ada lagi, nyala satu delapan warnanya, Wrekudara pelan bertanya, apakah namanya, nyala satu dengan delapan warna, mana yang nyata, mana yang sesungguhnya, ada yang seperti ratna bersinar, ada yang maya-maya bergerak cepat, ada manik-manik yang berkilat-kilat.

Marbudyengrat angling Dewa Ruci, iya iku sanyatane tunggal, saliring warna tegese, wus ana ing sireku, kabeh iya isining bumi, ginambar aneng sira, lawan jagad agung, jagad cilik, tan prabeda, purwa ana lor kulon kidul puniku, wetan luhur ing ngandhap.

Artinya :

Marbudyengrat berkata sang Dewa Ruci, itulah sesungguhnya yang disebut tunggal, semua warna itu artinya sudah ada padamu, semua itu ialah isi dunia ini, digambarkan atas dirimu, dan dunia yang agung, jagad kecil tak berbeda, timur ada utara, barat dan selatan itu, timur luhur di bawah.

Miwah ireng abang kuning putih, iya panguripe kang bawana, jagad cilik jagad gedhe, pan padha isinipun, tinimbangken ing sira iki, yen ilang warna ingkang, jagad kabeh suwung, saliring reka tan ana, kinumpulken aneng rupa kang sawiji, tan kakung tan wanodya.

Artinya :

Dan hitam merah kuning putih, ialah kehidupan di dunia, alam kecil dan alam besar, memang sama isinya, pertimbanglanlah plehmu, bila hilang warna yang, semua alam akan sepi, semua usaha tidak akan ada, dikumpulkan atas satu rupa saja, tidak lelaki tidak perempuan.

Kadya tawon gumana puniki, kang asawang lir peputran dhenta, tah payo dulunen kuwe, Wrekudara andulu, ingkang kadya peputran gadhing, cahya muncar kumilat, tumeja ngenguwung, punapa inggih punika, warnaning Dzat kang pinrih dipun ulati, kang sajatining rupa.

Artinya :

Bagaikan lebah muda yang tampak bagaikan putih gading, marilah tengok, Wrekudara melihat, sesuatu yang bagaikan berputra putih gading, cahaya memencar berkilat, berpelangi melengkung, apakah gerangan itu, bentuk Dzat yang dicari, yang merupakan hakikat rupa.

Anauri ris Dewa Ruci, iku dudu ingkang sira sedya, kang mumpuni ambek kabeh, tan kena sira dulu, tanpa rupa datanpa warni, tan gatra tan satmata, iya tanpa dunung, mung dumunung mring kang awas, mung sasmita aneng ing jagad ngebeki, dinumuk datan kena.

Artinya :

Menjawab pelan Dewa Ruci, itu bukan yang kau cari, yang menguasai segala hal, tak boleh kau lihat, tanpa bentuk dan tanpa warna, tidak berujud dan tidak tampak, ya tanpa tempat tinggal, hanya terdapat pada orang-orang yang awas, hanya berupa firasat di dunia ini memenuhi, dipegang tidak dapat.

Dene iku kang sira tingali, kang asawang peputran mutyara, ingkang kumilat cahyane, angkara-kara murub, pan Pramana aranireki, uripe kang sarira, Pramana puniku, tunggal aneng ing sarira, naging nora milu suka lan prihatin, enggone aneng raga.

Artinya :

Sedang yang kau lihat itu, yang tampak seperti berputra mutiara yang berkilat cahayanya, memancar menyala-nyala, itulah yang bernama sang Pramana, kehidupan tubuhnya, sang Pramana menyatu dengan dirimu, tetapi tidak ikut merasakan gembira dan prihatin, bertempat tinggal di tubuhmu.

Datan milu mangan turu nenggih, iya milu lara lapa, yen pisah saking enggone, raga kari ngalumpruk, yekti lungkrah badanireki, ya iku kang kuwasa, nandhangrasanipun, inguripun dening Suksma, iya iku sinung sih anandhang urip, ingaken rahsaning Dzat.

Artinya :

Tidak makan dan minum, juga tidak ikut merasakan sakit dan menderita, jika berpisah dari tempatnya, raga tinggal tak berdaya, sungguh badan tanpa daya, itulah yang mampu, merasakan penderitaannya, dihidupi oleh suksma, ialah yang berhak menikmati hidup, mengakui rahasia Dzat.

Iya sinandhangken ing sireki, nanging kadya simbar ing kakaywan, aneng ing reraga nggone, uriping Pramaneku, inguripun ing Suksma nenggih, misesa ing sabarang, Pramana puniku, yen mati melu kaleswan, lamun ilang Suksmane sarira nuli, Uriping Suksma ana.

Artinya :

Juga dikenakan kepadamu, tetapi bagaikan bulu pada hewan, berada di raga, kehidupan Pramana dihidupi oleh Suksma yang menguasai segalanya, Pramana bila mati ikut lesu, namun bila hilang kemudian, kehidupan Suksma ada.

Sirna iku iya kang pinanggih, Uriping Suksma Ingkang Sanyata, kaliwatan upamane, lir rasane kamumu, kang Pramana anresandani, tuhu tunggal piangka, jinaten puniku, umatur Sang Wrekudara, inggih pundi warnane ingkang sajati, Dewa Ruci ngandika.

Artinya :

Sirna itulah yang ditemui, kehidupan suksma yang sesungguhnya, terlalu upamanya, bagaikan rasa kemumu (kepinding), Pramana anresandani, sebenarnaya satu asal, dibuktikan hal itu, berkata sang Wrekudara, iya benar bagaimana warna yang sejati, Dewa Ruci berkata.

Nora kena iku yen sira prih, lawan kahanan samata-mata, gampang angel pirantine, Wrekudara umatur, kula nyuwun pamejang malih, inggih kedah uninga, babar pisanipun, pun patik ngaturaken pejah, ambebana anggen-anggen ingkang yekti, sampun tuwas kangelan.

Artinya :

Hal itu boleh kau ambil, dan keadaan semata-mata, mudah sulit sarannya, Wrekudara berkata, aku minta ajaran lagi, juga harus tahu, sama sekali, aku menyerahkan diri meminta dengan busana yang sebenarnya, janganlah tanpa hasil.

Yen makaten kula boten mijil, inggih eca neng ngriki, kewala, boten wonten sangsayane, tan niyat mangan turu, bopten arip boten angelih, boten ngrasa kangelan, boten ngeres linu, amung enak lan manfaat, Dewa Ruci ngandika iku tan keni, yen nora lan antaka.

Artinya :

Jika demikian saya tidak mau keluar, lebih baik tinggal di sini saja, tidak ada hambatannya, tidak akan makan dan tidur, tidak mengantuk juga tidak lapar, tidak mengalami kesulitan, tidak sakit-sakit ngilu, hanyalah enak dan manfaat, Dewa Ruci berkata itu tidak boleh, jika belum mengalami mati.

Sangsaya sihira Dewa Ruci, marang kaswasih ingkang panedha, lah iya den awas bae, mring pamurunging laku, aywana kekaremireki, den bener den waspada, ing anggepireku, yen wus kasikep ing sira, aywa umung den nganggo parah yen angling, yeku reh pepingitan.

Artinya :

Semakin banyak ajaran Dewa Ruci, kepada Sang Kaswasih, yang memintanya, wahai itu perhatikanlah, hal yang menggagalkan laku, jangan punya kegemaran, bersungguh-sungguh dan waspadalah, dalam segala tingkah laku, jika semua sudah kau dapatkan, jangan gaduh dalam berbicara, itulah hal yang dirahasiakan.

Nora kena yen sira rasani, lawan sama-samaning manusa, yen nora lan nugrahane, yen ana nedya padu, angrasani rerasan iki, ya teka kalahana, aja kongsi banjur, aywa ngadekken sarira aywa ngraket mring wisayaning ngaurip, balik sikepen uga.

Artinya :

Tidak boleh kau bicarakan secara sembunyi-sembunyi, dan sesama manusia, bila tidak dengan anugrahnya jika berselisih, membicarakan bahan pembicaraan ini, lekaslah kau mengalah saja, jangan sampai berlarut-larut, jangan memajakan diri, jangan lekat dengan nafsu kehidupan tetapi kuasailah.

Kawisayan kang marang ing pati, den kaasta pamanthenging cipta, rupa ingkang sabenere sinengker buweneku, rupa nora nan nguripi, datan antara masa, iya ananipun, panwus ana ing sarira, tuhu tunggal sasat ana ing sireki, wus dadi kekantenan.

Artinya :

Tentang keinginan untuk mati, peganglah dalam pemusatan pikiran, rupa yang sebenarnya, disimpan oleh buana, rupa tak ada yang menghidupi, tidak seberapa waktu, memang keberadaannya, sudah melekat pada diri, sungguh menyatu padu dengan dirimu, sudah menjadi kawan akrab.

Kidung Kinanthi

Tan kena pisahna iku, tan waneh praptanta nguni, tunggal Kartining Buwana, pandulu, pamiyarseki, iya wus ana ing sira, pamirsane Suksma Yekti.

Artinya :

Tak dapat dipisahkan, tak berbeda dengan kedatangannya waktu dahulu, menyatu dengan kesejahteraan duni, penglihatan dan pendengaran, juga sudah ada pada dirimu, pendengaran sukma sejati.

Tanpa karna lan pandulu, netra karnanta kinardi, kahanane aneng sira, lair suksma neng sireki, batin sira aneng Suksma, mangkene patrapireki.

Artinya :

Tanpa telinga dan mata, mata dan telinga diciptakan, untuk dirimu lahirlah sukma pada dirimu, batinmu dalam sukma bagitulah kenyataannya.

Pan kaya wreksa tinunu, ananing kukusing geni, sartane kalawan wreksa, lir toya alun jaladri, kadya menyak aneng puhan, raganira obah mosik.

Artinya :

Itu bagaikan kayu dibakar, asapnya muncul dari api beserta pohon itu, bagaikan air ombak lautan, bagaikan minyak dalam susu, tubuhmu bergerak leluasa.

Sarta nugraha satuhu, yen wruh ing paworireki, woring Gusti lan Kawula, sarta panuwunireki, Suksma kang sinedya ana, dening ta warnanireki.

Artinya :

Serta mendapatkan anugerah yang benar, jika tahu penyatuan ini, persatuan khalik dan makhluk, serta permintaanmu, sukma yang diharapkan ada, sedangkan bentuknya itu.

Wus aneng sira nggonipun, lir wayang sariraneki, barang saparipolahnya, saking dhadhalang kang kardi, kang minangka panggung jagad, kelir kang kinarya ngringgit.

Artinya :

Sudah ada pada dirmu, dirimu bagaikan wayang, segala gerak-gerik dari sang dalang yeng memainkan, dunia merupakan panggungnya, layar yang digunakan untuk memainkan wayang.

Pamolahing wayang iku, saking dhalang kang akardi, tumindak sarta pangucap, dhalang wisesa akardi tan antara moring karsa, jer iku datanpa warni.

Artinya :

Gerakan wayang-wayang dari ki dalang yang memainkan, berlaku dan berucap, dalang berkuasa antara perpaduan kehendak, karena hal itu tidak berbentuk.

Warna wus aneng sireku, upama paesan jati, ingkang angilo Hyang Suksma, wayanganira puniki, kang aneng jroning papaesan, jenenging kawula iki.

Artinya :

Warna dan bentuk sudah ada padamu, seumpama hiasan yang sejati, tempat bercermin Hyang Sukma, bayangannya itulah yang ada dalam hiasan, namanya makhluk ini.

Neng jro kaca rupanipun, luwih geng klepasan iki, gedhene kalawan jagad, ageng kalepasan iki, poma salembuting toya, pan lembut kamuksan iki.

Artinya :

Di dalam kaca rupanya, lebih besar dari yang diceritakan ini, daripada besar jagad, besar yang diceritakan ini, seumpama selembut tetes air, masih lebih kecil dan halus kematian.

Poma saciliking tengu, cilik ing kamusan ugi, lire luwih amisesa, iya mring sabarang kalir, lire ageng alitira, bisa nuksma ageng alit.

Artinya :

Seumpama sekecil kutu, lebih kecil kematian ini, sesungguhnya lebih menguasai, juga terhadap segala sesuatu, maksudnya besar kecilnya itu, dapat menjelma dalam kematian besar dan kecil pula.

Kalimputan kabeh iku, kang rumangkang aneng bumi, tuwin kang gumremet samya, tan pae sadaya sami kaluwihan kang sanyata, pan luwih ingkang nampani.

Artinya :

Semua itu tidak tahu karena tertutup, yang merangkak di tanah, serta yang melata, tak berbeda semua memiliki kelebihan nyata, yang merasa lebih banyak menerima.

Tan kena ngendelken iku, ing warah lan wuruk sami, den sanget panguswanira, wasuhen badanireki, weruha rungsiting tingkah, wuruk kang minangka wiji.

Artinya :

Tidak boleh menyombangkan diri, terhadap ajaran dan nasehat, hayatilah dengan sungguh-sungguh, basuhlah dirimu, ketahuilah segala rahasia tingkah, nasehat merupakan benih.

Poma kang winuruk iku, sengga papan parang curi, kang amuruk upamnya, kacang kedhelenireki, sinebar aneng sesela, yen watune tanpa siti.

Artinya :

Seumpama yang diajari misalnya papan batu atau cadas, yang menasihati umpamanya, kacang kedelai disebar di bebatuan, jika batu tanpa tanah.

Pasthi nora bisa thukul, yen wicaksana sireki, iya iku tinggalira, sirnakna ananireki, pan dadi tinggaling Suksma, rupa lan swaranireki.

Artinya :

Tentu tidak akan tumbuh, jika kau bijaksana, tinggalkan hal demikian itu, hilangkan adanya, agar menjadi jelas penglihatan sukma, rupa dan suara.

Swara ulihena iku, rupa mring kang darbe nguni, jer sira iku yektinya, ingaken sesulih ugi, nanging aja duwe sira, pakareman tyasireki.

Artinya :

Suara itu kembalikan, rupa kepada yang punya, pada pokoknya kau ini sesungguhnya, hanya dijadikan pengganti, tetapi janganlah kau punya, kegemaran dalam hatimu.

Liyane marang Hyang Luhur, dadi awak Suksma ening, tingkah obah osikira, iya iku dadi siji, ujer loro anggepira, yen dadi anggepireki.

Artinya :

Selain kepada Hyang Luhur, menjadi badan Sukma Jernih, segala tingkah laku akan menjadi satu, karena dua hal telah kau anggap, sudah menjadi diri sendiri.

Yekti ngrasa loro iku, maksih was-was tyasireki, kena rengu sayektinya, yen wus wujud dadi siji, sakarenteke tyasira, ing saguh aja gumingsir.

Artinya :

Sesungguhnya akan merasakan dua hal itu, masih ragu dalam hati, akan menjadi lekas marah, jika sudah menyatu, setiap gerak, tentu juga merupakan kehendakmu.

Tinaken ananireku, ing sasejanira, prapti, wus kawengku aneng sira, jagad kabeh jer sireki, kinarya gegentenira, ing saguh aja gumingsir.

Artinya :

Terkabul itu namanya, akan segala keinginan, semua sudah ada padamu, semua jagad ini karena dirimu, merupakan pengganti, dalam segala janji janganlah ingkar.

Yen wus mudheng sira tuhu, kabeh ing pratingkah iki, den wingit miwah den sasab tegesireki, pan pamer panganggonira, nanging ing batinireki.

Artinya :

Jika sudah paham, akan segala tanggungjawab, rahasiakan dan tutupilah maknanya, jangan pamerkan pakaianmu, tetapi dalam batinmu.

Sekedhap pan kudu emut, aywa kongsi kena lali, ing laire sasabana, kawruh kang patang prakawis, padha anggepen sadanya kalimane siji iki.

Artinya :

Sebentar pun harus kau ingat, jangan sampai kau terlupa, dalam kenyataan tutupilah, akan empat macam hal, anggaplah semuanya termasuk kelimanya ini.

Ingkang pramati satuhu, kangge kene kana ugi, lir mati sajroning gesang, lir urip sajroning pati, urp bae salaminya, kang mati puniku ugi.

Artinya :

Yang terbaik, untuk di sini dan di sana juga, bagaikan mati di dalam hidup, bagaikan hidup dalam mati, hidup abadi selamanya, yang mati itu juga.

Ya iku kang marang nepsu, badanira iku darmi, ing lair anglakonana, katampan badanireki, paworing sawujud tunggal, pagene angrasa mati.

Artinya :

Ya itu yang menuju pada nafsu, badan sekedar melaksanakan secara lahir, diterima badan ini, perpaduan sewujud tunggal, mengapa merasa mati.

Wrekudara duk angrungu, pangandikanya Sang Yogi, tyaira padhang narawang, suka denira nampani, cipta katiban nugraha, nugraha wahyu sayekti.

Artinya :

Wrekudara setelah mendengar perkataan sang guru, hatinya terang-benderang, menerima dengan suka hati, dalam hati mengharap mendapatkan anugrah, anugerah wahyu sesungguhnya.

Kadya sasngka puniku, katawengan dening riris, ciptaning wahyu nugraha, ima nirmala upami, sumilah rereged ilang angling malih Dewa Ruci.

Artinya :

Bagaikan rembulan terhalang oleh hujan, memikirkan wahyu nugraha, seumpama mendung suci, menyingkir kotoran kemudian hilang, berkata lagi Dewa Ruci.

Sena surupa sireku, iya kang sira lakoni, nora ana aji paran, kabeh wus kawengku ugi, tan ana ingulatana, kadigdayan guna sekti.

Artinya :

Sena ketahuilah olehmu, yang kau kerjakan, tidak ada aji paran, semua sudah kau kuasai, tak ada lagi yang dicari, kesaktian, kepandaian dan keperkasaan.

Kabeh-kabeh wus kapungkur, kaprawirannya ngajurit, karana tuhu tyasira, iya nggonira nglakoni, Sena umatur sandika, kapundhi mustaka kalih.

Artinya :

Semua sudah berlalu, keberanian dalam berperang, karena kesungguhan hati ialah dalam cara melaksanakan, Sena berkata sanggup, akan dicamkan di dalam hati dan pikiran.

———- Wrekudara Sudah Jernih Pikirannya ———-

Wau Dewa Ruci sampun, telas pamulangireki, Wrekudara wus tan kewran, denira sampun udani, namane ing badanira, solah lampahing ngajurit.

Artinya :

Dewa Ruci selesai menyampaikan ajarannya, Wrekudara sudah tidak bingung lagi, semua sudah dipahami, merasuk kedalam diri, dalam segala ulah tanding.

Ardaning kang swara muluk, tanpa elar njajah bangkit, sawengkoning jagad traya, uga wus kawengku sami, pantes pamathining basa, lir upama sekar sari.

Artinya :

Sangat berlebihan suara membumbung, tanpa sayap dapat melanglang, segala penjuru jagad ini, sudah dikuasai juga, pantaslah susunan bahasanya, bagaikan sekumtum bunga.

Kekudhupe maksih kuncup, mangkya mekar mbabar sami wuwuh warna lan gandanya, kang Pancaretna wus keni, medal saking guwagarba, wus salin alamireki.

Artinya :

Kuntumnya masih kuncup, sekarang mekar mengembang semakin indah dan berbau harum, sang Pancaretna sudah diperbolehkan keluar keluar dari tubuh, sudah berganti alamnya.

———- Sudah Keluar Dari Tubuh Dewa Ruci ———-

Angulihi alamipun alam kamanungsanneki, Sang Dewa Ruci wus sirna, dinulu datan kaeksi, ngungun Raden Wrekudara, wasana suka ing galih.

Artinya :

Kembali ke alam kemanusiaan, Sang Dewa Ruci sudah sirna, dilihat tidak tampak, heran Raden Wrekudara, akhirnya gembira hatinya.

Cipta nugraha satuhu, lulus saking ing gandaning, jatining kasturi mekar, wus sirna papa ning galih, leksana salekering rat, pamulang kang angenomi.

Artinya :

Mengharap anugrah sejati, berhasil mendapatkan baunya, bunga kasturi yang mekar, hilanglah kekalutan hatinya, laksana selingkar dunia, ajaran kepada yang lebih muda.

Kidung Sinom

Ujar wruh patakanira, sirna nirmalaning galih, pan mung narima satitah, lir kadya angganireki, anggane busana di, sutra maya-maya alus, sinuksma ingemasan, sinesotnya manik, manik, Wrekudara weruh pakenaking tingkah.

Artinya :

Kata dengan mara bahayanya, hilanglah kesucian hati, bukankah hanya sekedar melaksanakan, seperti dirimu itu, tubuh dengan busana indah, sutra maya halus, diperhalus dengan emas, perhiasan manik-manik, Wrekudara tuhu hikmah tingkah demikian.

Mila sumping puspa kresna, winarnendah kang sarwa di, kintaki sekar sumekar, nama kasturi sajati, sekar kasturi jati pratandhanira, tan korup ing pangawikan: kenaka, kalih pancanaka lungid, angungkabi kabisan tan kaliruwa.

Artinya :

Maka menyunting bunga berwarna hitam, berwarna indah serba menawan, tersurat bunga mekar, bernama kasturi sejati, bunga kasturi sejati sebagai tanda, tak sesuai dengan kemampuan kuku, dengan ujung kuku yang tajam, mengungkap kemampuan tidak keliru.

Poleng bang bintulu lima, winarneng uraganeki, lancingan lan kampuhira, mangkana pangemutanneki, titika duking nguni, neng jro guwagrbanipun, Sang Dewa Ruci dennya mangerti ireng bang kuning pamurunge laku ngandhangi tyas arja.

Artinya :

Kain merah tampak catur merah, dihiaskan kepala, celana dan kain dodot, padahal sudah di ingat, perhatikan masa lalu, ketika masih di dalam tubuh Sang Dewa Ruci, dinasihati tentang warna hitam, merah, kuning, merupakan penghalang tugas dan merintangi hati yang berniat baik.

Kang warna putih ing tengah, sidaning pangangkuhneki, kalima ingkang ginambar, wus kaasta sadayeki sanalika tan lali, saking ambek satya tuhu, marma Sang Wrekudara karya ampung aling-aling, pambengkasing sumungah jub riyanira.

Artinya :

Yang berwarna putih di tengah, jadi sumber keangkuhan, kelima yang digambarkan, sudah dibaw semuanya seketika, tak akan terlupakan, oleh karena seorang satria yang baik, maka Sang Wrekudara, membuat tirai untuk bersembunyi, untuk membasmi kesombongan pada dirinya.

———- Tujuan Mati Yang Salah ———-

Kaesthi ing dalu siyang, kathah denira miyarsi, para wiku pratingkahnya, kang luput anggepireki, kawruh pangijabneki, wus bener panarkanipun, wasana tanpa dadya, kawilet tatrapanneki, ana ingkang mati dadya manuk engkuk.

Artinya :

Dipikirkan siang dan malam, banyak yang didengarnya, tentang tingkah para pertapa yang berpikiran salah, akan ilmu ijab, mengira sudah benar, akhirnya tak berdaya, dililit oleh penerapannya, ada yang mati menjelma burung engkuk.

Mung malih kang pepencokan, kayu kang warnanira di, nagasari lan angsana, tanjung lan wreksa waringin, kang tuwuh aneng pinggiring pasar kang manuk engkuk, angungkuli wong pasar, pindha kamukten kang pinrih, pan kasasar iku anasar mbelasar.

Artinya :

Hanya memilih tempat hinggap, kayu yang berwarna baik, kayu nagasari dan anhsana, tanjung dan pohon beringin yang tumbuh di tepi pasar sang burung engkuk, melebihi orang-orang pasar, seperti mengharap kemuliaan, yang akhirnya tersesat dan terjerumus.

Ana nitis para raja, asugih rajabrana di, lawan sugih wanodya endah, tuwin sugih putra putri, ingkang arsa mengkoni, siji-siji karemipun, samyantuk kaluwihan, ing panitisira nenggih, yen mungguha Dyan Wrekudara tan arsa.

Artinya :

Anak yang menitis (reinkarsani) menjadi raja, yang kaya harta benda, dan memiliki banyak wanita cantik, serta mempunyai banyak putra-putri yang akan menguasai, setiap kesukaannya, semua mendapatkan kelebihan, dalam proses penitisan, bagi sang Wrekudara tidak akan.

Pan ana amung murih pribadya, iya sariraneki, sadaya iku ingaran, tibane tan pana yekti, pan durung nama jalmi, ingkang utama satuhu, kang mengkono anggepnya, pangrasanira ing nguni, nemu suka suka sugih singgih badanira.

Artinya :

Yang ada hanya pribadi, terhadap diri sendiri, semuanya dikatakan, jatuhnya tidak tepat benar, belum dapat disebut makhluk, yang sangat utama, demikianlah pengakuannya, yang dirasakan dahulu, menemukan suka kaya lagi berpangkat tinggi dirinya itu.

Tan wruh yen nemu deduka, kabanjur mangkono ugi, manitis ing sato kewan, tanpa wekas dennya nitis, tangeh tan manggih asil, tan mbabar pisani iku, luput kacakrabawa, saking karemireng nguni, pati panitisan koneng tibanira.

Artinya :

Tidak tahu jika mendapat marah (dimarahi), terlanjur demikian, ia menitis pada hewan-hewan, tanpa bekas titisannya, tak mungkin akan berhasil, tidak sama sekali, salah dalam perkiraan, oleh kegemarannya di masa lalu, mati menitis jatuhnya.

Tan kuwat parenging pejah, keron kasamaran ugi, mangsah wowor sambu samya, pan saking abotireki, ulah kamuksan titis wus datan nolih ing pungkur, bapa biyang lan suta, jroning mrih wekasan nenggih, yen luputa patakaning bumi pala.

Artinya :

Tidak kuat menuju matinya, bingung dan tertutup juga melawan secara menyamar bersatu dengan orang banyak, oleh terlalu beratnya, gerakan menuju matinya dan menitis tidak akan menoleh kebelakang, ayah, ibu dan anak, dalam mencapai akhir, jika salah menjadi petaka dunia.

Leheng aywa dadi jalma, sato gampang tingkahneki, tanpa tutur sirnanira, yen aris benering kapti, langgeng puniku ugi, tanpa karena satuhu, pama angga buwana, tan lir sela menengneki, eningira iya nora kadi tirta.

Artinya :

Lebih baik jangan jadi manusia, hewan lebih mudah bertingkah, tanpa kata-kata sirna, bila secara pelan akan menuju kebenaran tyjuan, abad itu juga, tanpa sarana sebenarnya, seumpama diri adalah dunia, tak sperti batu diam, jernihnya pun tidak seperti air.

Warata tanpa tuduhan, liyaning pandhita nganggepi, ing kamuksan peksanira, njangkung kasutapaneki, nyana ingangkuh keni, mung lan tapa tanpa tuduh, tanpa wit puruhita, suwunging ciptanireki, durung antuk pratikel wuruk kang nyata.

Artinya :

Merata tanpa petunjuk, selain pendeta menganggap, dlam kematian yang dipaksakan, mendukung kepertapaannya, mengira akan dapat dicapai, dengan cara bertapa tanpa petunjuk, tanpa pedoman berguru, kekosongan pikiran, belum mendapatkan petunjuk yang nyata.

Pratingkah angayawara, tapaning raga runting, denira amrih kamuksan, tanpa tutur sirnaneki, wuk tapanira ugi, dene kang lestari iku, tapa iku minangka, ragining sariraneki, ilmu iku iya kang minangka ulam.

Artinya :

Tingkahnya seenaknya sendiri, bertapa dengan merusak tubuh, dalam mencapai kamuksan, tanpa kata ia hilang, gagallah bertapanya itu, sedangkan yang dikatakan lestari, bertapa digunakan sebagai, ragi bagi tubuhnya, ilmu itu merupakan lauknya.

Yen tanpa ilmu tapanya, iya nora bisa dadi, lamun ilmu tanpa tapa, cemplang nora wurung dadi, asal puniku ugi, tan kawilet tatrapipun, kacagak bekanira, dadya keh pandhita sandi sinatengah wuruke mring cantrikira.

Artinya :

Jika bertapa tanpa ilmu, tentu tidak akan berhasil, jika ilmu tanpa dijalankan, hambar tidak mungkin jadi, asal semua itu juga, tidak dililit oleh penerapannya, ditopang kesulitan, jadi banyak pendeta, setengah-tengah dalam memberikan ajaran kepada muridnya.

Cantrikira landhep prinyangga, wedharira kang linempit, raose punika mulya, ngaturaken guruneki, pemedharira nenggih, mung saking graitanipun, nguni-uni punika, durung mambu warah yekti saking dene tan eca ing manahira.

Artinya :

Muridanya pandai dengan sendirinya, ajaran yang disimpan dirasakan mulia, memberi tahu gurunya, ajarannya itu hannya dari pikiran, di masa lalu itu juga, belum pernah mendapatkan ajaran yang benar, jadi tidak enak dalam hatinya.

Dadya katur gurunira, gurune ngungun miyarsi, ngugemi ing aturira, sinemantakaken maring, wiku kang luwih-luwih pasthi anggepnya satuhu, iku wahyu nugraha, tiba ing angga pribadi, cantrikira pan lajeng ingaku anak.

Artinya :

Kemudian disampaikan kepada gurunya, gurunya heran mendengar hal itu, memegang teguh kata-katanya yang diperoleh dari, wiku yang punya kelebihan, tentu dianggap suatu kebenaran, itu wahyu anugrah, jatuh kepada dirimu, cantrik itu kemudian di akui sebagai anak.

Tinari sinungga-sungga, marang ing guruneki, guru yen arsa amejang, ………. tan tebih sinandhing linggih, cantrik sabatireki, satemahan dadya guru, gurune dadya sabat, lepas panggraiteng batin, nandukaken sarta kang wahyu nugraha.

Artinya :

Ditanya mau atau tidak untuk diangkat oleh gurunya, jika gurunya akan memberi ajaran tidak jauh tempat duduknya, cantrik sebagai sahabatnya, kemudian menjadi guru, sedangkan gurunya itu menjadi sahabatnya, kemudian menjadi guru, sedangkan gurunya itu menjadi sahabat, lepas dari pemikiran batinnya, mengajarkan wahyu yang diperoleh.

Yeku utama kalihnya, kang satengah pandhiteki, durung sekti tapanira, kaselak tyasira nuli, ngaku wiku linuwih saujare kudu tinut, lumaku sinembaha nggenira neng puncak wukir swaranira nguwuh ngebeki pratapan.

Artinya :

Itu keutamaan bagi keduanya, pendeta yang setengah-setengah, belum sakti dalam bertapa, terburu hatinya lalu, mengaku sebagai pendeta sakti setiap katanya harus dianut, berjalan-jalan disembah, tinggal di puncak gunung, bersuara keras memenuhi pertapaan.

—————- Pralambang Ilmu Sejati —————-

Lamun ana wong marak, ndharidhit wekasireki, lir gubar bendhe tinatab, kumarampyang tanpa isi, tuna denira sami, ngeguru pandhita bingung, iku aja mangkana, tingkahing ngurip puniku, badan iki bisa kadi wayang.

Artinya :

Bila ada orang yang menghadap kepadanya, panjang lebar pesan yang diberikannya, bagaikan gong yang dipukul, banyak yang dikatakan tetapi tanpa isi, semua menjadi rugi, berguru kepada pendeta bingung, janganlah kau begitu, tingkah manusia hidup, usahakan dapat seperti wayang.

Kinudang neng pepanggungan, neng kelir denira ngringgit, arja tali banyunira, padhanging panggungireki, damar surya lan sasi, kelirira alam suwung, ingkang ananggap cipta, bumi gadebogireki, adegira wayang sinangga kang nanggap.

Artinya :

Dimainkan di atas panggung, di balik layar ia digerak-gerakkan, banyak hiasan yang dipasang, yang merupakan lampu panggungnya, adalah matahari dan rembulan, dengan layarnya berupa alam yang sepi, yang melihat adalah pikiran, bumi sebagai tempat berpijak, wayang tegak ditopang orang yang menyaksikan.

Neng dalemira kang nanggap, pangulah karsa tan mosik, pramana dhadhalangira, marang adeging kang ringgit, ana ugi dul lor tuwin, ngulon mangetan puniku, iku ta pamanira, mangkana kang sarireki, solah kendel sinolahaken ki dhalang.

Artinya :

Ketika dirumah orang yang menonton, pengolah kehendak mengolah karsa yang tidak tergerakkan, kecerdikan kidalang, atas gerak-gerik sang wayang, ada juga selatan utara, barat serta timur, itulah umpanya, demikianlah tubuhnya, gerak dan diamnya dimainkan oleh ki dalang.

Ingucapken yen kumecap, tinutur sakarsaneki, kang nonton ing solahira, yen saking dhalang kang kardi, kang aneng ngandhap kelir, mangkana jagad tan ana wruh, kang nanggap tan katingal, aneng jro wismaneki, tanpa warna Hyang Suksma tan katingalan.

Artinya :

Disuarakan bila harus berkata-kata, dikatakan segala kehendaknya, yang melihat ulahnya, bahwa itu dari ki dalang, yang berada dibalik layar, padahal jagad tidak ada yang tahu, yang menonton tidak terlihat, di dalam rumahnya, tanpa bentuk Hyang Sukma tidak tampak.

Sang Pramana dennya mayang, ngucapken lampahing ringgit, tan awas sasananira, wimbuh pan nora tut wuri, ing sariraneki, menyak munggeng puhan iku, lir geni munggeng wreksa, tan katedah andherpati, kang Pramana kadya gesenging kang wreksa.

Artinya :

Sang cerdik dalam menjalankan wyang-wayangnya, menyampaikan laku-laku wayang, tidak jelas tempatnya, dan lagi tidak mengikuti di belakang, dalam dirinya, minyak yang bercampur dalam susu, bagaikan api dalam kayu, tidak ditunjukkan untuk tidak takut mati, sang cerdik bagaikan kayu yang sudah hangus.

Lelandhesan sami wreksa, panggrit molah dening angin, kayu geseng kukus medal, tan antara kukus agni, saking kayu wijiling, wruha eling mulanipun, kabeh ingkang gumelar, saking heb manusa jati, kang tinitah luwih pan ingaken rahsa.

Artinya :

Bertumpukan sesama kayu, berderit oleh tiupan angin, kayu hangus mengeluarkan asap, sebentar kemudian mengeluarkan api yang berasal dari kayu, ketahuilah asal mulanya, semua yang tergelar, oleh perlindungan manusia jati, yang ditakdirkan lebih diakui sebagai rahasia.

Kinarya mulya pribadya, sasamanireng dumadi, aja mengeng ciptanira, tunggal saparibawaneki, kabeh isining bumi, anggep siji manuseku, mengku sagung kahanan, den wrh wisesaning tunggil, anuksmani saliring jagad dumadya.

……………………………….
Alang Alang Kumitir

Halaman berikutnya