05.30.09
BABAD KEDU
I. Gagaklodra Ngrabasa Masjid Tie Lieng Sieng.
Nalika jaman kerajaan Demak ing antarané abad kaping 15, ing tlatah Kudus ana sawijining pondhok pesantrèn dumunung ing Désa Glagahwangi. Déné kang minangka pangarsané pondhok yaiku panjenengané Sunan Kudus. Ing wektu kuwi, negara Majapahit wis surut kuncarané, amung kari sisa-sisaning negara kang dumadi saka negara cilik-cilik, lan uga isih akèh kang ora seneng marang adeging Negara Demak. Rasa ora seneng iki disababaké saka sedyané Negara Demak anggoné nindakaké syiar agama Islam. Salah siji saka negara iku negara Capiturang. Masjid Tie Lie Sieng salah sawijining masjid kang digunakaké minangka papan pasinaoné santri-santri Glagahwangi muridé Sunan Kudus. Santriné Sunan Kudus akèh, nanging sing katon manjila ana cacah sanga.
Nuju sawijining dina, amarengi wayah subuh, kaya padatan ing saben dinané, masjid Tie Lie Sieng kebak santri-santri kang padha nindakaké sholat Subuh. Swasana tentrem awit kasiram adheming bun wanci bangun, dumadakan dikagètaké déning panjeriting bakul-bakul pasar kang ora adoh saka masjid kono. Wong-wong padha pating jlerit kamiwedèn, sabab tanpa kanyana-nyana dagangan kang lagi wiwit ditata diosak-asik prajurit Capiturang kang dipandhégani Gagaklodra. Solahé wong-wong pasar padha pating bilulung salang tunjang, nylametaké awaké dhéwé-dhéwé, tanpa mikir dagangan. Kabèh padha wedi, giris miris, meruhi tandangé Gagaklodra sawadyané kang tanpa rasa kamanungsan gawé rurusuh jroning pasar. Santri Glagahwangi sigra prayitna ing kéwuh. Tanpa diabani énggal ngadhepi sing gawé gègèr. Gagaklodra sawadyané dipapagaké bebarengan. Nanging sepira ta dayané para santri Glagahwangi, mungsuh prajurit sing asikep gagaman ampuh. Ora nganti suwé, para santri kaseser anggoné nandhingi prajurit Capiturang. Akèh santri kang keplayu ngungsi urip, mangkono uga santri sanga padha tinggal glanggang colong playu. Ing antarané santri sanga iku kang dimangertèni jenengé yaiku, Sirojul Munir (Syeh Subakir), Sarif Hidayat (Syeh Maulana Taqwim), lan Moh Gufron (Sunan Geseng).
Gagaklodra ditutaké sawatara wadyané mbledig playuné Sarif Hidayat. Bareng tekan ng tlatah Sirandhu, Sarif Hidayat wis ora bisa ngglawat, temah kasil kepikut déning Gagaklodra sakanca. Sarif Hidayat banjur diajar nganti nandhang tatu arang kranjang. Sarif Hidayat wis ora bisa bangga, ing batin nyipta bakal tumekaning pati. Ing nalika Gagaklodra sakancané padha milara Sarif Hidayat, dumadakan ana swara tanpa rupa sing ora kasumurupan dunungé. Swara tanpa rupa iku semu nantang marang Gagaklodra, ndadak nganggo tembang Dhandhanggula kang uniné mangkéné.
Gagaklodra kang ngaku prajurit
Nyata sira mung anggunggung karsa
Mulasara pepadhané
Yèn nyata sira iku
Sraya king nagri Majapahit
Aja sira anggembèla (turah 1)
Adhepana ingsun
Ingsun tan bakal lumayu [a]
Hangadhepi manungsa lir sana sunu [i]
Kuru tur tanpa bayu [a]
Kaya ngapa cingaké Gagaklodra sakanca. Rasa cingak ndadèkaké rada kendho anggoné milara Sarif Hidayat, temahan padha clingukan nggolèki sumbering swara. Salaginé bingung sarta nilingaké kuping, tanpa kanyana-nyana ana wewayangan sarwa putih kumlébat nyaut Sarif Hidayat sing wis tanpa daya. Sakedhèping mripat wewayangan putih iku musna bareng lan ilanging Sarif Hidayat saka papan kono.
Sapa ta sejatiné kang nylametaké Sarif Hidayat? Pawongan iku ora liya Kyai Kasan Besari, uga kang kerep disebut Ki Jénggot Putih. Sayektiné Ki Jénggot Putih wis sawatara suwé anggoné ngulataké lakuné Gagaklodra sakanca. Mula, nalika Sarif Hidayat sajak bakal kena ing pati, tumuli awèh pitulungan. Sarif Hidayat dipanggul Ki Jénggot Putih, digawa tumuju mring Padhepokan Argaluwih.
Argaluwih kuwi padhepokané Syèh Maulana Garibhi. Ya panjenengané iki sing uga sinebut Ki Ageng Hardapikukuh. Syèh Maulana Garibhi duwé anak wadon aran Sri Lintang Kedhaton utawa Siti Amariyah Ambariyah, déné asmané Cina Lie Gio Nio.
Ing Padhepokan Argaluwih, Sarif Hidayat diupakara nganti waras. Ya Sri Lintang Kedhaton iku kang kanthi tlatèn ngupakara Sarif Hidayat nganti waras. Apa kebutuhané Sarif Hidayat tansah dicukupi Sri Lintang Kedhaton. Sarèhné Sarif Hidayat lan Sri Lintang Kedhaton iku padha-padha bocah kang nedheng brahi, mula nora mokal yèn suwéning suwé leloroné kataman rasa asmara. Ki Jénggot Putih tanggap marang glagating bocah, mula tumuli matur marang Syèh Maulana Garibhi supaya bocahh loro iku didhaupaké. Syèh Maulana Garibhi ora kabotan. Sawisé nemtokaké dina kang prayoga, Sarif Hidayat lan Sri Lintang Kedhaton dinikahaké. Kanggo mbuwang tilas lan supaya ora konangan Gagaklodra sawadyané, Sarif Hidayat banjur ganti jeneng Jaka Teguh.
II. Dumadiné Sukoreja
Ing sawijining wanci, Syeh Maulana Garibhi ngarsakaké nggelar kataman. Ing kono Syeh Maulana Garibhi kapareng jumeneng ing sangarepé para santri, sarta paring pangandikan. Wusananing pangandikan, Syèh Maulana Garibhi paring jeneng jeneng wewengkon kono sinebuta Desa Sukorejo, awit wis klakon bisa gawé suka lan gambiraning para kawula padésan. Wektu kuwi marengi ing dina Kemis Pahing tahun 1386 B/M.
Jroning pahargyan kataman kuwi Ki Jenggot Putih uga melu anekseni. Saparipurnaning kataman, Ki Jenggot Putih kapareng pamit bakal nerusaké tindaké. Sadurungé pamitan, Ki Jénggot Putih paring pitungkas marang Jaka Teguh supaya nggolèki Kanjeng Sunan Kalijaga, ing pamrih antuka pituduh nggoné bakal nindakaké syiar agama Islam.
III. Jaka Teguh Dadi Nukibah ing Kedu
Ing saben-saben Jaka Teguh tansah kèlingan marang apa kang dadi dhawuhé Ki Jénggot Putih ya Kasan Besari. Luwih-luwih yèn pinuju wanci bengi, apa kang dingendikaké Ki Jénggot Putih isih keprungu cetha nèng talingan, “Jaka Teguh, sira darbé sesanggeman kang abot. Sanadyan jejibahan iki ora kena sinangga ènthèng, nanging pakaryan iki mujudaké pakaryan kang suci. Wujuding jejibahan gedhé iki, yaiku sira kudu mèlu cawé-cawé lan nyengkuyung sumebaré agama Islam ing Tanah Jawa. Amung, sadurungé sira miwiti pakaryan agung iki, luwih dhisik sira nyuwuna pangèstu marang Kanjeng Sunan Kalijaga.”
Pangandikané Ki Kasan Besari kuwi, ing saben dina dirasakaké nganti rumasuk jroning sanubari. Jaka Teguh dadi tansah gorèh. Yèn mituhu dhawuhing guru, ateges kudu ninggal garwa. Mangka durung suwé nggoné dhaup, malah saiki garwané wis nggarbini patang sasi. Yèn mung tansah ana Padhepokan waé, gèk ya piyé. Sawisé dilimbang-limbang sawatara dina, Jaka Teguh tumuli mrentul tékadé. Tékad kang dilandhesi karep kang kuwat. Dadi tansaya golong gilig tekadé Jaka Teguh, bakal mituhu dhawuhé Sang Guru kanthi gelenging kalbu.
Ing sawijining dina kang dirasa prayoga, Jaka Teguh ngadhep marang marasepuh. Kanthi kebak ing trapsila, Jaka Teguh ngaturaké kabèh kang dadi gémbolaning ati. Krungu aturé Jaka Teguh, Syèh Mulana Garibhi ora kabotan, malah paring panyengkuyung. Semono uga Sri Lintang Kedhaton, sanadyan abot rasané yèn tininggal ing bojo, nanging karana tindaké kang garwa iku nyangkul jejibahan luhur, sanadyan abota kaya ngapa, ya kudu nglilakaké lungané garwa. Sawisé tata-tata sawetara Jaka Teguh tumuli pamitan budhal. Kaya ngapa sedhihé kang garwa kang tinilar ing kakung.
Tindaké Jaka Teguh ing wanci bangun ésuk sabubaré nindakaké shalat Subuh. Tindaké didhèrèkaké Bah Gedruk lan Bah Beo. Lakuné mangétan. Jroning lumaku akèh pangrencana ing dalan, nanging kabèh panggodha bisa disingkiraké awit saka kandeling tékad.
Satekané ing gumuk Slandhakan tanpa kanyana-nyana kaprungu swara panggeroning macan mecah sepining swasana. Swarané nggegirisi agawé mirising ati. Jaka Teguh wedi lan dadi cilik atiné. Ora ngerti kuwi swara apa. Saking wediné nuli lungguh semedi supaya bisa sarèh rasané, lan nyunyuwun pangwasaning Gusti supaya diparingi pituduh murih kaslametané wong telu. Bah Gedruk lan Bah Beo kamigilan, saya manèh papan kono adhemé njekut awit isih klebu wewengkon pèrenging Gunung Sumbing. Ora suwé Jaka Teguh unjal napas sarta angandika, “Ki sanak yèn kowé bakal tegel mangsa aku sakanca, saiki uga mung pasrah. Nanging yèn kowé arep njaluk tulung nggerenga manèh kaping telu.”
Ora suwé keprungu swara nggereng kaping telu, lan dumadakan ing sangarepé Jaka Teguh ana wewujudan macan ireng kang kejepit watu, tur ta isih ketambahan kebrukan wit Jalu. Ndulu kahanané macan iki Jaka Teguh dadi welas atiné. Énggal-énggal Jaka Teguh awèh pitulungan sarana ngetogaké mantra ngèlmu paringané Ki Jénggot Putih. Kena dayaning mantra, wit Jalu kang sakawit ngebruki awaké macan bisa ngadeg jejeg manèh kaya-kaya ana kekuwatan gedhé kang ngedegaké. Wekasan macan ireng bisa luwar saka panandang. Anèh, sawisé luwar saka panandhang macan kuwi lon-lonan nyedhaki Jaka Teguh. Kaya-kaya bisa tata jalma, macan kuwi ngaturaké panuwun marang Jaka Teguh. Kanggo pangéling-éling lelakon kuwi, déning Jaka Teguh papan kono dijenengaké Désa Cepit, awit ana kedadéyan macan kejepit ing watu.
Ésuké, teteluné mbacutaké laku mudhun gunung. Kang sakawit mlaku ngétan, saiki mlaku ngalor. Satekané Desa Mbalong, ing kono ana wit Pakis Taji lan sumber banyu bening kang prayoga kanggo reresik awak. Pawongan telu tumuli padha adus. Wah, méndah segeré, dhasar pirang-pirang dina awak ora kambon banyu. Kapinujon ing cedhak papan kono ana watu gedhé kang ayomi wit Garu kang banget ngrembuyung. Jaka Teguh lèyèh-lèyèh ing ngisoring wit Garu mau sinambi ngenam-enam pikiran. Lagi énak-énak ngasokaké awak, dumadakan tanpa sangkan-sangkan ana pawongan nganggo sarwa wulung, jubahé wulung lan uga nganggo iket wulung nyedhaki Jaka Teguh sakanca. Ora susah ndadak nganggo diabani wong telu bebarengan mbagèkaké pawongan nyalawadi mau kanthi salam bebarengan.
“Assalamualaikum”.
“Waalaikum salam.” Si Jubah Wulung paring wangsulan, swarané kebak ing pangaribawa, nuli banjur ngandika,
“Nggèr, rak wis dha mari ta keselmu. Wis, saiki ayo babarengan nindakaké shalat Dhuhur.” Dhasaré wanci ya wis keprungu swarané azan. Sawisé shalat si Jubah Wulung takon marang Jaka Teguh,
“Apa sira lagi nggolèki aku?” Kanthi gugup Jaka Teguh mangsuli
“Inggih.”
“Yèn ngono, wis ayo padha ndhèrèka aku.”
Pawongan papat mlaku bebarengan. Jubah Wulung ana ngarep nunggang jaran ireng, Jaka Teguh nitih jaran abang. Jan katon gagah dhasaré bagus pasuryané, semono uga Bah Béo lan Bah Gedruk uga tansah tut wuri. Jaka Teguh ora mangertèni papan kang bakal dituju iki mengko ana ngendi. Ngerti-ngertiné bareng wis tekan Padhepokan Bagelèn Purworeja. Ing kono wis ana Ki Cakrajaya lan Ki Ageng Geseng.
Jubah Wulung kang sayektiné yaiku Sunan Kalijaga, bebarengan lan Ki Cakrajaya, Ki Ageng Geseng, lan Jaka Teguh ngrembug anggoné bakal nindakaké syiar agama Islam. Anggoné imbal pangandikan nganti sewengi muput. Jroning patemon mau ngasilaké putusan, yaiku: Ki Cakrajaya supaya dadi nukibah ing Bagelèn, Ki Ageng Geseng dadi nukibah ing Loano ngiras pantes dadi imam jumeneng Sunan Geseng, Jaka Teguh dadi nukibah ing Kedu jumeneng Ki Ageng Kedu utawa Syeh Maulana Taqwim. Sawisé ngedum pakaryan tumuli padha sesowangan laku. Kanjeng Sunan Kalijaga dhéwé banjur jengkar nerusaké laku.
IV. Ing Balongan, Parakan
Jroning patemon ing Padhepokan Bagelèn, Kanjeng Sunan Kalijaga paring wewarah, supaya jroning padha nindakaké jejibahan syiar agama Islam, luwih dhisik diwiwiti kanthi cara mulang tetanèn marang wong-wong padésan. Sabab wektu kuwi isih akèh wong-wong samin, sarta isih padha ngrasuk agama lawas yaiku Hindhu lan Buda. Lan isih akèh wewarahé Kanjeng Sunan Kalijaga. Kanthi pituduhé Kanjeng Sunan Kalijaga mau, Jaka Teguh dadi saya mantep atiné nggoné bakal ngayahi pakaryan. Jaka Teguh kajibah syiar agama Islam ing tlatah Gunung Sumbing lan Sindoro kanthi tetenger asma Ki Ageng Kedu ya Syeh Maulana Taqwim.
Ki Ageng Kedu tumuli lumaku tumuju Kedu, Bah Beo lan Bah Gedruk tansah ndhèrèk. Teteluné numpak jaran. Satekané ing Mbéngkal teteluné lèrèn. Dumadakan ana sawijining nom-noman nunggang jaran, lakuné dibandhangaké. Bareng lakuning jaran wis rada cerak Bah Gedruk nyoba ngendhegaké lakuné nom-noman kuwi. Sajaké nom-noman kuwi nduwèni watak kongas, ketitik lakuning jaran ora dipekak, malah kepara dibandhangaké. Ki Ageng Kedu pirsa sarta tanggap ing grahita, mula sigra amatek mantra nedya gawé pémut marang nom-noman kuwi. Kena dayaning mantra, playuné jaran kang sakawit mangulon, cengkélak bali mangétan. Tekan sangareping Ki Ageng Kedu, tanpa dipekak jaran mandheg. Nom-noman kuwi rumangsa isin, sabab ora nggapé marang Ki Ageng Kedu. Kanthi praupan ndhingkluk nom-noman kuwi tumuli mudhun saka gegering jaran. Sawisé wis padha satata Ki Ageng Kedu ndangu marang nom-noman mau,
“Sira kuwi sapa, asalmu saka ngendi, lan perlu ngapa? Déné numpak jaran sajak kesusu, playuné nganti kaya angin.”
Nom-noman mau wangsulan, “Kula pun Bramanti, utusanipun Sunan Kudus. Kula dipun dhawuhi Kanjeng Sunan supados ngupadi santri saking Demak Bintara ingkang nembé syiar Agami Islam ing tlatah Kedu mriki.”
“Kalamun kowé ngupadi santri saka Demak Bintara, ya aku iki wongé.” Ki Ageng blaka.
Bramanti ndlongop semu ora percaya, “Manawi kapareng kula nyuwun tandha bukti, bilih panjenengan punika santri saking Demak Bintara.” Ki Ageng banjur miyak jubah agemané, lan nuduhaké timang kang diagem marang Bramanti. Timang kuwi sayekti tandha cihna santri saka kraton Demak.
Rada sawatara Bramanti ngiling-ilingi timang kuwi, “Manawi makaten leres, panjenengan ingkang kula upadi.” Bramanti gambira bareng weruh timang kang diagem Ki Ageng Kedu jumbuh kalawan apa kang didhawuhaké Sunan Kudus. Bramanti banjur mbacutaké atur, “Kula dipun utus Sunan Kudus kapurih masrahaken barang punika.” Bramanti ngaturaké buntelan sing isiné sabuk cindhé. Ki Ageng nampani buntelan iku, sabuk cindhé tumuli diagem. Bareng wis diagem, wujudé sabuk cindhé katon selaras lan timangan. Kahanan iki kerep sinebut ‘cindhélaras’. Sanadyan amung wujud sabuk lan timangan, barang iku darbé daya linuwih. Daya panguwasané sabuk cindhé kang selaras lan timangan, ora gampang soring ajurit. Santri Demak kang diparingi barang kasebut ana cacah sanga. Saliyané kuwi Ki Ageng uga diparingi wiji pari lan mbako supayu tinandur ing tlatah Kedu, awit ya mung bumi kono kang bisa tinanduran.
Sawise imbal pangandikan sawatara Ki Ageng mbacutaké laku. Bramanti ora bali ing Demak, malah mèlu Ki Ageng Kedu. Tekan ing désa Pendang Ki Ageng Kedu kersa mapan ana kono ing omah kang sarwa prasaja. Ki Ageng Kedu tumuli miwiti syiar agama.
Winih pari saka Bramanti mau aran Rajalélé lan Cempa. Déné mbako utawa tembakau nganti saiki sok disebut tambaku. Suwéning suwé tlatah kono dadi subur. Ki Ageng Kedu uga ingon-ingon bangsaning iwèn. Salah siji klangenané yaiku pitik jago ulesé ireng mulus. Yèn diedu tarungé pilih tandhing, prasasat ora ana kang bisa ngalahaké.
Ana ing Pendang nganti sawatara wektu. Ing sawijining dina Ki Ageng Kedu kèlingan marang garwané kang ditinggal ing Padhepokan Argaluwih, kamangka nalika ditinggal kaé lagi nggarbini watara umur patang sasi. Ki Ageng Kedu tuwuh rasa kangené. Mula banjur kondur ing Padhepokan Argaluwih didhèrèkaké Bah Beo mring Argaluwih, déné Bah Gedruk tunggu omah.
Bramanti ora bali ing Demak, nanging nyuwita marang Ki Ageng Kedu. Bramanti nggarap lemah ing tlatah Balongan mangétan, kabèh ditanduri pari Cempa lan Rajalélé. Bramanti uga kepareng yasa masjid, banjur salin asma Ki Ageng Parak. Nganti séda Ki Ageng Parak banjur disarèkaké sakuloning masjid. Déné papan kono saiki dadi kutha kang sinebut Parakan.
V. Garung
Duk nalika jaman (……..) ing antarané tahun (……..), wewengkon Garung maksih wujud alas gung liwang-liwung kang kebak ing ri bandhil bobondhotan. Para kawula kang padha mapan ing sakiwa-tengené alas Garung racak-racak durung andarbéni kapinteran kang mirunggan kanggo olah tetanèn. Kanggo nyukupi kabutuhan urip saben dinané, padha mbebedhag buron alas kang pancèn cacahé tanpa wilangan. Kahanan iki kabèh wus kapirsan déning Ki Ageng Makukuhan. Miturut pamawasé, tlatah Garung sayektiné trep banget kalamun kinarya tandur pari. Awit lemah Garung kuwi klebu lemah kang subur, tur ta ana sumber kang banyuné ajeg mili mintir tan ana kendhaté, sajaké prayoga yèn kanggo ngoncori pesawahan.
Ki Ageng Makukuhan, sawisé nglilimbang sawatara dina tumuli lon-lonan ngendikaké penggalihané iki marang wong-wong ing Garung. Ora gantalan wektu, wus akèh pawongan kang padha nyengkuyung karsané Ki Ageng Makukuhan. Pakaryan gedhé tumuli diwiwiti. Babat alas kinarya pesawahan. Gedhé cilik, tuwa enom, tumandang bareng ngayahi karya. Sing lanang padha nyekel gaman kinarya mbabati glagah alang-alang lan ri bandhil bebondhotan. Déné para wadon olah pangan, nggodhog téla nggarut lan nggayong.
Anggoné babat alas dilakoni nganti pirang-pirang dina lawasé. Awit saka kawasisané Ki Ageng nggoné ngrengkuh para kawula, pakaryan abot bisa rampung. Pesawahan kang bawéra iku nuli tinanduran (pari) .
Ing saben-saben nindakaké pakaryan iki mau, ing wanci ngaso kabèh kang makarya padha lèyèh-lèyèh sinambi mangan rangsuman olahaning para wadon. Mawarna-warna solahé. Ana kang disambi jagongan ngrembug asiling pakaryan, ana kang turon sèndhèn wit-witan gedhé tur ayom.
Kawula wewengkon Garung maksih padha ngrasuk agama Hindu Budha. Amung kepiyé mungguh cara lan adaté agama kuwi nalika samana durung kinawruhan kanthi cetha. Anané padha ngrasuk agama Hindu Budha bisa dimangertèni awit jaman iku kalebu jaman Majapahit pungkasan. Dadi isih akèh tabet-tabet kapercayan saka Kerajaan gedhé iku.
Carané Ki Ageng nindakaké syiar agama Islam
Makukuhan kuwi sawijining pawongan kang sugih akal. Piyambaké mangerti yèn kawula ing Garung darbé kapercayan marang agama Hindu Budha. Tur ta prasasat kabèh durung ngawruhi marang agama Islam. Mula anggoné nindakaké syiar Makukuhan kanthi cara olah tetanèn. Pakaryan babat alas lan miwiti tandur sepisanan mujudaké pakaryan kang kena sinangga ènthèng. Pakaryan iku saliyané mbutuhaké tenaga bahu uga butuh pétung kang njlimet. Mula nalika kawula Garung bebarengan ngayahi karya, ing wanci ngaso padha katon anggoné sayah. Ing satengahing swasana mangkono iku Ki Ageng nyedhaki sawijining pawongan takon kanthi ulat kang sumeh, “Paman, ngendi dunungé banyu kang bening? Paman.”
Pawongan kang tinakonan wangsulan, “Radi tebih saking papan ngriki wonten pancuran ageng ingkang toyanipun wening, mangga kula dhèrèkaken Ki Ageng.”
Ki Ageng nuli tindak ngupadi dunungé banyu kuwi, didhèrèkaké sawetara pawongan. Tekan papaning banyu Ki Ageng énggal nindakaké wudlu. Solahé sarwa sarèh, ing pamrih supaya digatèkaké sing padha ndhèrèkaké. Rampung wudlu, tumuli bali ing papan sakawit. Ki Ageng tetanya manèh ing ngendi pernahé kéblat Kulon. Para kawula Garung saur manuk nggoné wangsulan sarwi anuding tudhuh arah, “mrika, Ki Ageng.” Ki Ageng lon-lonan nglukar jubah, jinèrèng ing sangarepé nggoné jumeneng, tumuli miwiti shalat Luhur nganti rampung. Wong-wong padha nggatèkaké apa kang lagi ditindaké Ki Ageng. Akèh kang padha nggumun, Ki Ageng kuwi lagi perlu apa?
Ki Ageng mangertèni yèn tansah dadi kawigatèné para wong-wong mau, nanging api-api ora pirsa. Sawisé rampung anggoné nindakaké shalat, Ki Ageng banjur ndongèng lelakoné para nabi anggoné olah tetanèn. Kaya ta caritané Nabi Yusup kang nandur gandum. Sajroning olah tetanèn Nabi Yusup ora lali tansah nindakaké shalat, kang perluné manembah lan nyuwun marang Gusti Allah supaya tandurané bisa subur lan kinalisaké saka aa tanduran. Akèh para tani kang padha kepranan marang dongèngé Ki Ageng, kang ya pinter crita. Mula wong-wong Garung sithik mbaka sithik tumuli nulad apa kang ditindakaké Ki Ageng. Temahan suwéning suwé kawula ing Garung padha ngrasuk agama Islam.
Dadi kaya mangkono kuwi carané Ki Ageng anggoné syiar Agama Islam luwih dhisik ngagem cara mulang carané olah tetanèn. Kabèh ditindakaké kanthi lon-lonan manut kadiwasaning kawula. Sawisé sawatara sasi nggoné wong-wong Garung ngolah tetanèn wiwit katon asilé. Apa kang tinandur thukul subur. Kahanan iki saya amimbuhi rasa tresna tumrap wong Garung lawan Ki Ageng kang wus paring kawruh tetanèn. Mula wong-wong Garung tansah ngagungaké Ki Ageng.
Ki Ageng Makukuhan cinegat grombolan Branjang Alas
Ki Ageng wus kalampahan ngislamaké Garung. Sawisé sawatara dudunung ing Garung Ki Ageng nuli nerusaké laku. Tindaké didhèrekaké Ki Beo. Nalika tindaké tekan Kabuk, dumadakan ana grombolan kang kondhang kawengasané ing wewengkon kono. Grombolan iki wataké kejem lan ora wegah gawé papati. Tetuwaning grombolan aran Branjang Alas. Kabèh andhahané Brangjang Alas racak-racak praènané serem.
Branjang Alas nggetak kanthi swara sora supaya Ki Ageng mudhun saka gigiring kuda. Nanging Ki Ageng ora kersa mudhun, sadurungé gelem mangsuli pitakonan. Branjang Alas saya nesu. Wekasan Ki Beo mudhun saka tumpakan lan genti nantang Branjang Alas. Ora suwé Ki Beo gelut mungsuh Branjang Alas. Jroning perang kuwi Branjang Alas mati. Weruh tutuwané mati, para andhahan padha mlayu salang tunjang ngungsi urip. Branjang Alas dikubur ing Kabuk kono.
Ki Ageng mbacutaké tindak tumuju Tlahap. Tekan dalan péngkolan tindaké di adang sawatara nom-noman kang ora seneng marang Ki Ageng. Ngadhepi kedadéan iki Ki Ageng malah nyapa kanthi ulat manis marang para nom-noman iku. Kanthi nuding salah siji kang awaké katon santosa, Ki Ageng paring sasmita. Nanging nom-noman kuwi malah lon-lonan nyedhak banjur nyuwun pangapura. Sabanjuré kanca-kancané uga mèlu nyuwun ngapura.
Ki Ageng Kedu & Sam Po Kong
Ki Ageng kalakon kanthi sukses syiar agama srana olah tani mbako lan pari, mliginé pari cempa lan rajalélé ing Mbalongan. Datan suwe kabar Ki Ageng lumembar saindenging kadipaten, nganti tekan ing Kudus. Nalika samana Sunan Kudus kang nyekel panguwasa. Sunan Kudus kuwi wong kang sekti mandraguna. Sunan Kudus karsa nimbali Ki Ageng (Ma Kuw Kwan) supaya atur palapuran mring benering pawarta sawusé dadi naubah ing Kedu. Karana Ki Ageng rumangsa purwané dadi santri Kudus mula nedya sowan.
Ki Ageng tindak pribadi tanpa kanthi kaya adaté, mung ngasta pitik jago ireng mulus klangenané. Ing batin jago kuwi nedya didu klawan jagoné Sunan Kudus, awit Ki Ageng ya wis pirsa yèn Kudus uga remen adu jago. Ki Ageng tindak tanpa tunggangan, mabur. Kasekten kuwi paringané Ki Jenggot Putih lan Sunan Kalijaga. Patrapé kang mangkono sayektiné mung nedya pamèr.
Ing ing pendapa masjid ana patemon, ing antarané ponakané Sam po kang aran Te Lieng Sieng lan para santri. Ki Ageng prapta papan kono, mabur ngubengi masjid. Weruh patrapé Ki Ageng, Sunan Kudus duka. Sigra dhawuh salah siji santri kinèn nyawat tampah. Bareng Ki Ageng disawat tampah, Ki Ageng malah nitihi tampah kasebut. Kocapa Sam Po kobong atiné, nuli njupuk krikil kasawataké ngenani Ki Ageng. Klakon dhawah kalenggak, kecemplung ing pecerèn kang jember. Jubah kebak blethok. Ki Ageng banget lingsem. Papan kono saiki dadi pasar Jember, saka tembung papan jember. Ora adoh saka menara Kudus.
Kedadéyan Ki Ageng mabur dadi kembang lambé kawula sakiwa tengen kono. Ki Ageng banjur mapan ing Desa Gribik. Nalika samana mireng warta yen ing Desa Glagahwangi ana adu pitik jago. Purnané adon-adon, jago Ki Ageng kasil ngalahaké Jago Sunan Kudus. Ya saka kalangan adu jago, asmané Ki Ageng kawentar manèh, malah antuk putri RA Sulasmi. Pangandikané Sunan Kudus, “Saiki sira nerusna anggonmu syiar agama ing Kedu, lan sira tak jodhokaké kalawan RA Sulasmi. Muga-muga kabèh lalakon iki ana hikmahé.” Kalawan RA Sulasmi patutan 4, yaiku: 1. R. Hasan Dhadhungawuk, 2. R. Hasan Munadi, 3. Rr. Sulastri, lan 4. R. Hasan Nyatnyano.
Wafatnya Ki Ageng Kedu di Ddesa Kedu ternyata oleh pengikut dan murid-murid Ki Ageng Kedu di wilayah pegunungan Sumbing Sindoro menjadi rebutan mau dimakamkan di puncak Sumbing dan puncak Sindoro yang terjadi di sungai Goleh perbatasan antara Sumbing Sindoro dan ditengahi oleh Ki Ageng Bagelen. Perebutan inipun ternyata dimenangkan oleh murid-murid wilayah Sumbing. Pemakamanpun dilaksanakan murid-murid Ki Ageng Kedu di puncak Sumbing. Perjalanan dari Kedu ke puncak Sumbing ini melewati daertah Desa Ndelok dan para rombongan ini beristirahat di sebelah Ndelok untuk minum menghilangkan haus, dan dinamakan Ndayan. Setelah istirahat para rombongan meneruskan perjalanan menuju puncak Sumbing sampai pada suatu tempat rombongan ini ada yang ingin buang air besar, dan di tempat ini sekarang dinamakan Pablengan. Di desa Cepit pager gunung merekapun juga melaksanakan sembahyang dan tempat sembahyang tersebut dinamakan Keramat di desa dukuh Wonosari. Sampai pada suatu tempat rombongan pembawaa jenasah Ki Ageng Kedu beristurahat dan memutuskan untuk memakamkan di punggung puncak Sumbing, tapi dengaan kekuasaan Allah akhirnya lubang yang sudah dibuat oleh rombongan pembawaa jenasah tidak jadi tempat untuk pemakaman Ki Ageng Kedu. Tempat inipun sampai sekarang karena kekuasaan Allah siapa saja yang bisa masuk ke daklam lubang ini menjadi sakti dan akan mempunyai kesaktian yang tiada tara. Perjalanan berlanjut ke puncak Sumbing melewati watu lawang dan berakhir pada laut pasir yang menjadi tempat peristirahatan rombongan, tetapi karena terlalu lelah akhirnya merekapun tertidur. Setelah bangun dari tidur mereka terkejut karena jenasah Ki Ageng Kedu sudah tidak ada, Ki Ageng Kedu hilang ditelan puncak Sumbing.
………………………………..
Alang Alang Kumitir
05.24.09
AJARAN BUDI PEKERTI DALAM SULUK SUJINAH
Salah satu kitab suluk yang mengajarkan pendidikan budi pekerti adalah Suluk Sujinah. Seperti layimnya jenis kitab-kitab suluk, Suluk sujinah dituangkan dalam bentuk dialog, antara Syekh Purwaduksina dengan istrinya Dyah Ayu Sujinah mengenai asal asal mula, kewajiban, tujuan, dan hakikat hidup menurut agama Islam, khususnya ajaran tasawuf. Diterangkan juga tahap-tahap yang harus dilalui manusia dalam upayanya agar bisa luluh kembali kepada Tuhan.
Tidak mudah untuk menemukan pendidikan budi pekerti dalam Suluk Sujinah yang sebagaian besar isinya membentangkan masalah jati diri manusia, apa saja yang akan dialami anak manusia menjelang dan sesudah mati, Dzat Yang Kekal dan lain-lain, hal yang tidak mudah dipahami, karena dituangkan dalam bahasa yang sarat lambang. Di bawah ini ungkapan beberapa bait yang berisi pendidikan budi pekerti dalam Suluk Sujinah sebagai berikut :
Sifat Perbuatan Lahiriyah
Agampang janma sembayang, nora angel wong angaji, pakewuhe wong agesang, angadu sukma lan jisim, salang surup urip, akeh wong bisa celathu, sajatine tan wikan, lir wong dagang madu gendhis, iya iku wong kandheng ahli sarengat.
Terjemahan :
Adalah mudah manusia sembahyang, tidaklah sesulit orang memuji, rintangan hidup adalah mengadu sukma dan tubuh, salah paham kehidupan, banyak orang bisa bicara, nyatanya tidak mengetahui, sperti orang berdagang madu gula, orang yang terhenti sebagai ahli syariat.
Sang Dyah kasmaran ing ngelmi, tan nyipta pinundhut garwa, amaguru ing batine, kalangkung bekti ing priya.
Terjemahan :
Si cantih gemar belajar ilmu, tidak mengira akan diperistri, dalam hati ia berguru dan sangat berbakti kepada suami.
Mung tuwan panutan ulun, pangeran dunya ngakerat.
Terjemahan :
Hanya tuan yang kuanut, pujaan di dunia dan akhirat.
Ping tiga ran bayuara, ya tapaning estri ingkang utami, lire bangkit nyaring tutur, rembuge pawong sanak, tan ………, kang tinekadken ing driya, pituturing guru laki.
Terjemahan :
Ketiga disebut banyuara, yakni tapa istri utama, artinya mampu menyaring kata, tutur kata sanak saudara, tidak mudah mematuhi dan meiru, dalam hati hanya bertekad mematuhi nasehat suami.
Dyah Ayu Sujinah lon aturnya, adhuh tuwan nyuwun sihnya sang yogi, tan darbe guru lyanipun, kajawi mung paduka, dunya ngakir tuwan guru laki ulun.
Terjemahan :
Dyah Ayu Sujinah berkata perlahan, “aduhai, aku mohan belas kasihan, aku tidak mempunyai guru lain, kecuali hanya paduka, di dunia dan akhirat, tuanlah guruku”.
Dyah Ayu Sujinah umatur ngabekti, langkung nuwun pangandika tuwan, kapundhi ing jro kalbune, dados panancang emut, karumatan sajroning budi.
Terjemahan :
Dyah Ayu Sujinah berkata dengan hormat, “sangat berterimakasih atas penjelasanmu, kuingat dalam hati baik-baik, dan kulakukan”.
Seseorang yang hanya terhenti pada tahap syariat diibaratkan sebagai berdagang madu gula. Dalam mengarungi samudera kehidupan, manusia pasti akan mengalami berbagai rintangan yang tidak cukup diatasi dengan banyak bicara saja tanpa disertai laku amal.
Dalam hubungan suami istri, dilukiskan bahwa keutamaan seorang istri ialah wajib setia bakti patuh kepada suami. Suami diibaratkan sebagai guru yang harus dianut tanpa kecuali, dan sebagai pujaan di dunia dan akhirat.istri yang dipandang utama ialah istri yang mampu menyaring tutur kata orang lain, tidak mudah terpengaruh siapapun, hanya patuh dan tunduk kepada nasihat suami.
Mati Dalam hidup
Laku ahli tarikat, ibarat mati di dalam hidup, semata-mata hanya mematuhi kehendak Tuhan. Kemudia dijelaskan tentang empat macam tapa, yaitu tapa ngeli : “berserah diri dan mematuhi sembarang kehendak Tuhan, tapa geniara : “tidak sakit hati apabila dipercakapkan orang”, tapa banyuara : “mampu menyaring kata dan tutur kata sanak saudara, tidak terpengaruh orang lain, hanya mematuhi nasehat suami”, dan tapa Ngluwat : “tidak membanggakan kebaikan, jasa maupun amalanya”. Terhadap sesama selalu bersikap rendah hati dan tidak gemar cekcok, lagi pula ia menyadari bahwa setiap harinya manusia selalu harus pandai-pandai memerangi gejolak hawa nafsu yang akan menjerumuskan dalam kesesatan. Mempunyai pengertian yang mendalam bahwa pada hakikatnya manusia sebagai makhluk Tuhan, adalah sama, setiap orang mempunyai kelebihan dan kekurangan.
Lakune ahli tarikat, atapa pucuking wukir, mungguh Hyang Suksma parenga, amati sajroning urip, angenytaken ragi, suwung tan ana kadulu, mulane amartapa, mrih punjul samining janmi, wus mangkana kang kandheg aneng tarekat.
Terjemahan :
Laku ahli tirakat adalah bertapa di puncak gunung, sekiranya Tuhan meridhoi mati di dalam hidup, menghanyutkan diri, kosong tidak ada yang terlihat, oleh karena itu bertapa agar melebihi sesamayan, demikianlah barang siapa yang terhenti pada tarikat.
Dhihing ingkang aran tapa, iya ngeli lire pasrah ing Widi, apa karsane Hyang Agung, iya manut kewala, kadya sarah kang aneng tengahing laut, apa karsaning Pangeran, manungsa darma nglakoni.
Terjemahan :
Pertama, yang disebut tapa ngeli yakni, mengahayutkang diri, artinya berserah diri kepada Tuhan, sebarang kehendak-Nya patuhi sajalah, ibarat sampah di tengah laut, sebarang kehendak Tuhan manusia hanya pelaksana semata.
Ping kalih kang aran tapa , geniara adadi laku ugi, ana dene artinipun, malebu dahana, lire lamun kabrangas ing ujar …. den ucap ing tangga, apan ta nora sak serik.
Terjemahan :
Kedua, yang disebut tapa geniara menjadi laku juga, adapun artinya ialah masuk kedlam api, maksudnya jika terbakar oleh kata-kata dan dipercakapkan tetangga tidak sakit hati.
Ping tiga ran bayuara, ya tapaning estri ingkang utami, lire bangkit nyaring tutur, rembuge pawong sanak, tan gumampang anggugu, kang tinekadken ing driya, pituturing guru laki.
Terjemahan :
Ketiga, disebut banyuara, yakni tapanya istri utama, artinya mampu menyaring kata-kata atau tutur kata sanak saudara, tidak mudah mengikuti dan meniru orang lain, dalam hati bertekad mematuhi nasehat suami.
Tapa kang kaping sekawan, tapa ngluwat mendhem sajroning bumi, mengkene ing tegesipun, aja ngatonken uga, marang kabecikane dhewe puniku, miwah marang ngamalira, pendhemen dipun arumit.
Terjemahan :
Tapa yang keempat adalah tapa ngluwat, memendam diri di dalam tanah, beginilah maksudnya ; jangan memperlihatkan juga kebaikan diri sendiri, demikian pula amalmu pemdamlah dalam-dalam.
Lawan malih yayi sira, dipun andhap asor marang sasami, nyingkirana para padu, utamane kang lampah, tarlen amung wong bekti marang Hyang Agung, iku lakuning manungsa, kang menang perang lan iblis.
Terjemahan :
Lagi pula dinda, bersikaplah rendah hati terhadap sesama, jauhilah sifat gemar cekcok, seyogyanya laku itu tiada lain hanya hanya berbakti kepada Tuhan Yang Maha Agung, itulah laku manusia yang menang berperang dengan iblis.
Iku benjang pinaringan, ganjaran gung kang menang lawan iblis, langkung dening adiluhung, suwargane ing benjang, wus mangkono karsane Hyang Mahaluhur, perang lan iblis punika, sajatining perang sabil.
Terjemahan :
Kelak akan mendapat annugerah besar, barang siap menang melawan iblis, sangat indah mulia surga firdausnya kelak, memang demikianlah kehendak Tuhan yang Mahaluhur, perang melawan iblis itu nyata-nyata perang sabil.
Yayi perang sabil punika, nora lawan si kopar lawan si kapir, sajroning dhadha punika, ana prang bratayudha, langkung rame aganti pupuh-pinupuh, iya lawan dhewekira, iku latining prang sabil.
Terjemahan :
Dinda, perang sabil itu bakan melawan kafir saja, di dalam dada itu ada perang baratayuda, ramai sekali saling pukul-memukul yaitu perang melawan dirinya nafsu, itulah sesungguhnya perang sabil.
Kutipan diatas bermakna bahwa sebagai hamba Tuhan sikapnya hendaklah selalu sadar percaya, dan taat kepada-Nya. Dalam mengarungi samudra kehidupan, agar tidak sesat. Kecuali itu, karena menurut kodratnya manusia bukan makhluk soliter, yang dapat hidup sendiri, memenuhi segala kebutuhan sendiri, melainkan adalah makhluk sosial. Dalam tata pergaulan hidup bermasyarakat hendaklah mematuhi nilai-nilai hidup dan mempunyai watak terpuji, ialah sabar penuh pengertian, berbudi luhur, rendah hati, tidak cenderung mencela dan mencampuri urusan orang lain, jujur, tulus ikhlas, tidak angkuh maupun congkak, tidak iri maupun dengki dan bersyukur atas barang apa yang telah dicapai berkat ridla Tuhan. Di samping itu hendaklah sadar bahwa manusia itu bersifat lemah, ibarat wayang yang hanya dapat bergerak atas kuasa dalang.
Sifat Ahli Hakikat
Lakune ahli hakekat, sabar lila ing donyeki, laku sirik tan kanggonan, wus elok melok kaeksi, rarasan dadi jati, ingkang jati dadi suwung, swuh sirna dadi iya, janma mulya kang sejati, pun pinasthi donya ngakir manggih beja.
Terjemahan :
Laku ahli ahli hakikat adalah, sabar ikhlas di dunia, tidak musrik, nyata-nyata telah tampak jelas,pembicaraan menjadi kesejatian, yang sejati menjadi kosong, hilang lenyap menjadi ada, manusia mulia yang sejati, telah dipastikan ia didunia akhirat mendapat kebahagian.
Sang wiku dhawuh ing garwa, ingkang aran bumi pitung prakawis, kang aneng manungsa iku, pan wajib kaniwruhan, iku yayi minangka pepaking kawruh, yen sira nora weruha, cacad jenenge wong urip.
Terjemahan :
Sang pertapa berkata kepada istrinya, yang dinamai tujuh lapis bumi, yang ada pada diri manusiaitu, wajib diketahui, dinda itu sebagai kelengkapan ilmu, jika kau tidak mengetahuinya, cacad namanya bagi orang hidup.
Bumi iku kawruhana, ingkang aneng badan manungsa iki, sapisan bumi ranipun, ingaranan bumi retna, kapindho ingkang aran bumi kalbu, bumi jantung kaping tiga, kaping catur bumi budi.
Terjemahan :
Katahuilah bumi, yang ada pada tubuh manusia itu, pertama namanya bumi retna, yang kedua bernama bumi kalbu, ketiga bumi jantung, keempat bumi budi.
Ingkang kaping lima ika, bumi jinem arane iku yayi, kaping nenem puniku, ingaranan bumi suksma, ping pitune bumi rahmat aranipun, dhuh yayi pupujan ingwang, tegese ingsun jarwani.
Terjemahan :
Yang kelima, bumi jinem namanya, yang keenam dinda, dinamai bumi sukma, ketujuh bumi rahmat namanya, aduhai dinda pujaanku, artinya ku jelaskan begini.
Ingkang aran bumi retna, sajatine dhadhanira maskwari, bumine manungsa tuhu, iku gedhong kang mulya, iya iku astanane islamipun, dene kaping kalihira, bumi kalbu iku yayi.
Terjemahan :
Yang dinamai bumi retna, sesungguhnya dadamu dinda, benar-benar bumu manusia, itu gedung mulia, menurut islam itu istana, adapun yang kedua, itu bumi kalbu dinda.
Iku yayi tegesira, astanane iman iknag sejati kaping tiga bumi jantung, yaiku ingaranan, astanane anenggih sakehing kawruh, lan malih kaping patira, kang ingaranan bumi budi.
Terjemahan :
Adapun artinya, istana iman sejati ketiga bumi jantung, yaitu dinamai istana semua ilmu, dan lagi yang keempat, yang dinamai bumi budi.
Iku yayi, tegesira, astanane puji kalawan dzikir, dene kaping gangsalipun, bumi jenem puniku, iya iku astane saih satuhu, nulya kang kaping nemira, bumi suksma sun wastani.
Terjemahan :
Dinda, itu artinya istana puji dan dzikir, adapun yang kelima , bumi jinem itu, istana kasih sejati, kemudian yang keenam, kunamai bumi sukma.
Ana pun tegesira, astananing sabar sukur ing Widi, anenggih kang kaping pitu, ingaranan bumi rahmat, kawruhana emas mirah tegesipun, astananing rasa mulya, gantya pipitu kang langit.
Terjemahan :
Adapun artinya, istana kesabaran dan rasa syukur kepada Tuhan, adapun yang ketujuh, dinamai bumu rahmat, dinda sayang, ketahuilah artinya, istana rasa mulia, kemudian berganti tujuh langit.
Kang aneng jroning manungsa, kang kaping pisan ingaranan roh jasmani, dene kaping kalihipun, roh rabani ping tiga, roh rahmani nenggih ingkang kaping catur roh rohani aranira, kaping gangsal ingkang langit.
Terjemahan :
Yang ada dalam diri manusia, yang pertama disebur roh jasmani, adapun yang kedua roh rohani, ketiga roh rahmani, yang keempat roh rohani namanya, langit yang kelima.
Roh nurani aranira, ingkang kaping nenem arane yayi, iya roh nabati iku, langit kang kaping sapta, eroh kapi iku yayi aranipun, tegese sira weruha, langit roh satunggil-tunggil.
Terjemahan :
Roh nurani namanya, yang keenam dinda, ialah roh nabati, langit yang ketujuh, roh kapi itu dinda namanya, ketahuilah artinya langit roh masing-masing.
Tegese langit kapisan, roh jasmani mepeki ing ngaurip, aneng jasad manggonipun, langit roh rabaninya, amepeki uripe badan sakojur, roh rahmani manggonira, mepeki karsanireki.
Terjemahan :
Arti langit pertama, roh jasmani memenuhi kehidupan, di tubuh tempatnya, langitroh rabani, memenuhi hidup sekujur tubuh, roh rahmani tempatnya, memenuhi pada kehendakmu.
Langit roh rohani ika, amepeki ing ngelminira yayi, langit roh nurani iku, mepeki cahya badan, roh nabati amepeki idhepipun, iya ing badan sedaya, langit roh kapi winilis.
Terjemahan :
Langit roh rohani itu, memenuhi dalam dirimu, langit roh nurani itu, memenuhi cahaya tubuh, roh nabati memenuhi pikiranmu, dan seluruh tubuh, langit roh kapi disebut-sebut.
Mepeki wijiling sabda, pan wus jangkep cacahing pitung langit, eling-elingen ing kalbu, apa kang wus kawedhar, amuwuhi kandeling iman, ……….
Terjemahan :
Memenuhi terbabarnya sabda, telah lengkaplah jumlah tujuh langit, ingat-ingatlah dalam hati, apa yang telah terungkap, menambah tebalnya iman.
Laku ahli hakikat adalah sabar, tawakal, tulus iklas. Pada tahap ini manusia telah mengenal jati dirinya, yang dilambangkan terdiri dari atas tujuh lapis bumi dan tujuh lapis langit sebagai kelengkapan ilmu. Kesemuanya berasal dari Tuhan, dan semua itu menambah tebalnya iman. Wujudnya sebagai wadah ilmu, dan ilmunya ada pada Tuhan. Manusia yang telah memahami ilmu Tuhan, tidak berpikiran sempit, kerdil atau fanatik, dan tidak pula takabur. Ia justru bersikap toleran, tenggang rasa, hormat-menghormati keyakinan orang lain, karena tahu bahwa ilmu sejati, yang nyata-nyata bersember satu itu, hakikatnya sama. Ibarat sungai-sungai dari gunung manapun mata airnya, pasti akan bermuara ke laut juga. Sebaliknya jikalau ia memperdebatkan kulit luarnya, berarti beranggapan benar sendiri, dan belum sampai pada inti ajaran yang dicari. Orang yang telah sampai tahap hakikat, tidak munafik dan tidak mempersekutukan Tuhan.
Inkang ana jroning badan kabeh, pan punika saking Hyang Widi, wujud ingkang pasthi, wawadhahing ngelmu.
Terjemahan :
Semua yang ada di dalam tubuh, itu dari Tuhan, wujud yang pasti, sebagai tempat ilmu.
Iya ngelmu ingkang denwadhahi, ana ing Hyang Manon, poma iku weling ingsun angger, den agemi lawan den nastiti, tegese wong gemi, ywa kongsi kawetu.
Terjemahan :
Ilmu yang diwadahi, ada pada Tuhan, teristimewa sekali pesanku nak, hemat dan telitilah, arti orang hemat, jangan sampai keluar.
Dene ta tegese wong nastiti, saprentah Hyang Manon, den waspada sabarang ngelmune, terusana lahir tekeng batin, ywa padudon ngelmu, lan wong liya iku.
Terjemahan :
Adapun arti orang teliti, akan semua perentah Tuhan, hendaknya waspada terhadap sabarang ilmu, seyogyanya teruskanlah lahir sampai batin, jangan bercekcok tentang ilmu, dengan orang lain.
Yen tan weruh ngelmune Hyang Widi, tuna jenenging wong, upamane kaya kali akeh, ana kali gedhe kali cilik, karsanira sami, anjog samudra gung.
Terjemahan :
Jika tidak mengetahui ilmu Tuhan, berarti rugi sebagai manusia, ibarat seperti sungai banyak, ada sungai besar ada sungai kecil, kehendaknya sama, bermuara di samudra raya.
Sasenengan nggennya budhal margi, ngetan ana ngulon, ngalor ngidul saparan-parane, suprandene samyanjog jaladri, ywa maido ngelmi, tan ana kang luput.
Terjemahan :
Sesuka hati orang mencari jalan, ada yang ketimur, kebarat ke utara ke selatan dan kemana saja perginya, tetapi semua bermuara di laut, jangan mempercayai ilmu, tak ada yang keliru.
Lir kowangan kang cupet ing budi, sok pradondi kawruh, sisih sapa ingkang nisihake, bener sapa kang mbeneraken yayi, densarwea pasthi, amung ngajak gelut.
Terjemahan :
Ibarat kumbang air yang berbudi picik, kadang bertengkar ilmu, bila salah siapakah yang menyalahkan, bila benar siapa yang membenarkan dinda, jika singgung pasti, hanya mengajak bergelut.
Papindhane wong sumuci suci, iku kaya endhog, wujud putih amung jaba bae, njero kuning pangrasane suci, iku saking warih, warna cilam-cilum.
Terjemahan :
Ibarat orang yang mengaku suci, seperti telur, berwujud putih hanya luarnya saja, dalamnya kuning menurut perasaannya suci, itu dari air, berubah-ubah.
Wong mangkana tan patut tiniru, yayah kayu growong, isinira tan liyan mung telek, nadyan bisa tokak-tokek muni, tan pisan mangerti, ucape puniku.
Terjemahan :
Orang seperti itu tidak patut dicontoh, seperti kayu berlubang, isinya tidak lain hanya tokek, sekalipun bisa berbunyi tekek-tekek, sama sekali tidak mengerti, apa ucapanya itu.
Poma yayi den angati-ati, ujar kang mangkono, den karasa punika rasane, rinasakna sucine wong ngelmi, kang kasebut ngarsi, lir sucining kontul.
Terjemahan :
Teristemewa sekali dinda berhati-hatilah, kata seperti itu, rasakanlah hahekatnya, rasakanlah kesucian orang berilmu, yang tersebut didepan, seperti kesucian burung bagau.
Kicah-kicih anggung saba wirih, angupaya kodhok, lamun oleh pinangan ing enggen, wus mangkono watak kontul peksi, sandhange putih, panganane rusuh.
Terjemahan :
Berulangkali selalu pergi di tempat berair, mencari katak, jika telah dapat dimakan ditempat, memang demikian perangai burung bagau, pakaiannya putih, makanannya kotor.
Ywa mangkono yayi wong ngaurip, poma wekas ingong, den prayitna rumeksa badane, aywa kadi watak kontul peksi, mundhak niniwasi, dadi tanpa dunung.
Terjemahan :
Dinda, janganlah demikian orang hidup, teristemewa sekali pesan ku, berhati-hatilah menjaga tubuh, jangan seperti perangai burung bangau, karena memyebabkan celaka, sehingga tanpa tujuan.
Mituhua pitutur kang becik, yayi den kalakon, nyingkir ana jubriya kibire, lan sumungah aja anglakoni.
Terjemahan :
Patuhilah nasihat utama dinda, semoga terlaksana, singkirkan watak congkak dan takabur, dan jangan pula angkuh.
……………………………..
Alang Alang Kumitir.
05.21.09
SERAT WIRA WIYATA
Karya : KGPAA Mangkunagara IV
S I N O M
01. Wuryanta dennya manitra, nujwa ari wrahaspati, kaliwon tanggal sapisan, sasi saban wuku wukir, ehe sangkaleng warsi, murtyastha amulang sunu (=1788), sung pariwara darma, Jeng Gusti Pangeran Dipati, Harya Mangkunagara ingkang kaping pat.
Dimulainya menulis buku ini, pada hari Kamis, kliwon tanggal satu, tahun ehe dengan sengkelan, murtyastha amulang sunu (=1788), sebagai petuah mengabdi, oleh Jeng Gusti Pangeran Adipati, Harya Mangkunagara yang keempat.
02. Heh sagung pra siswaningwang, kang samya dadi prajurit, aja wiyang ing wardaya, rehning wus sira lakoni, balik dipun nastiti, marang ing kawajibanmu, owelen sariranta, reksanen luhurmu sami, yen kuciwa weh alun alaning raga.
Wahai semua siswaku, semua yang menjadi prajurit, jangan susah dalam hati, karena sudah kamu niati, hendaknya kamu perhatikan, akan kewajibanmu itu, sayangilah dirimu, jagalah martabatmu, jika mengecewakan akan memperburuk diri.
03. Awit sira wus prasetya, nalika jununjung linggih, saguh nut anggering praja, myang pakoning narapati, sineksen den estreni, mring para wira sawegung, upama sira cidra, nyirnakke ajining dhiri, temah nistha weh wirang yayah rena.
Karena engkau sudah bersumpah, ketika diangkat diwisuda, bersedia tunduk kepada hukum negara, dan perintah sang raja, disaksikan dan dipegang teguh, oleh para prajurit semua, bila dirimu ingkar sumpah, sirnalah harga dirimu, lalu nista memalukan ayah bunda.
04. Ywa sira duwe pangira, lamun wong dadi prajurit, karyane abot priyangga, wruhanta sagung pakerti, kabeh donya puniki, tan ana prabedanipun, kang dagang neng lautan, miwah ingkang among tani, suwana kang suwita ing narendra.
Jangan engkau mengira, bila orang menjadi prajurit, tugasnya paling berat, ketahuilah semua pekerjaan, yang ada di dunia ini tak ada bedanya, yang berdagang di lautan, dan yang mengerjakan sawah, serta yang mengabdi kepada raja.
05. Myang kang tapa jroning guwa, kang manusup ing asepi, lakone padha kewala, awit iku dadi margi, mrih katekaning kapti, sapangkate pandumipun, nanging sarananira, mantep temen lan taberi, samektane ingaranan laksiparja.
Dan yang bertapa dalam goa, yang masuk dalam sepi, nilainya sama saja, karena itu menjadi jalan, agar cepat tercapai tujuannya, sesuai bagian pangkatnya, tapi prsyaratannya, mantap siap dan rajin, beginilah yang disebut perjuangan hidup.
06. Lawan sira sumurupa, kang kalebu pangabekti, nora sembahyang kewala, kang dadi parenging Widdhi, sakeh panggawe becik, kang manteb suci ing kalbu, uga dadi panembah, yen katrima iku sami, sinung rahmat samurwate badanira.
Dan hendaklah engkau tahu, yang termasuk dalam pegabdian, tidak hanya sembahyang saja, yang menjadi kehendak Tuhan, semua perbuatan baik, dilaksanakan dengan mantap, juga merupakan pengabdian/ibadah, bila semua itu diterima, mendapat rahmat bagi dirimu.
07.Lamun tan mawa sarana, paran katekaning kapti, lir mbedhag tanpa wisaya, sayektinira Hyang Widdhi, tan karsa mitulungi, marang wong kang datan laku, nir ngamal myang panembah, kumudu dipun turuti, ngendi ana Gusti wineh ing kawula.
Bila tidak menggunakan sarana, bagaimana mungkin akan tercapai, bagai berburu tanpa senjata, sesungguhnya Tuhan, tak hendak menolong, kepada orang yang tak berusaha, tanpa melaksanakan ibadah, minta dikabulkan maunya, mana ada Tuhan akan mengabulkan.
08. Kang mangkono andupara, lamun jinurung ing kapti, malah nandhang duka cipta, kasiku angreh Hyang Widdhi, marmanta sira sami, aja kasusu panggayuh, manawa durung ngrasa, duwe ngamal kang nlabeti, becik sira angona lakuning praja.
Yang demikian itu mustahil, bila dipaksakan juga, bahkan akan menemui derita, dikutuk oleh Tuhan, maka kalian semua, jangan tergesa-gesa berkeinginan, bila belum merasa, punya jasa yang cukup, baik mengikuti aturan negara.
09. Dene sira iku bagya, antuk kawiryawan mangkin, yektine katut prabawa, saking leluhurmu sami, nguni wus potang sakit, dadya ing kapenakipun, tumiba marang sira, murwa sukur ing Hyang Widdhi, tarimanen berkahing wong tuwanira.
Sesungguhnya kamu berbahagia, mendapatkan keluruhan sekaran, sungguh terbawa oleh pengaruhnya, dari leluhurmu semua, dahulu sudah berjuang, sekarang menjadikan kau enak, jatuh pada dirimu, bersyukurlah kepada Tuhan, terimalah berkah orang tuamu.
10. Jer janma kang wus minulya, lir wadhahe lenga wangi, utamane winantonan, gandane saya menuhi, nadyan ngisenan warih, lebating we maksih arum, kang mangka sudarsana, Jeng Gusti Pangeran Dipati, Harya Mangku Nagara ingkang kapisan.
Orang yang telah mulia, bagai wadah minyak wangi, kebaikannya akan semerbak, baunya semakin harum, meskipun diisi air, bekasnya itu masih berbau harum, yang demikianlah contohnya, Jeng Gusti Pangeran Adipati, Harya Mangkunagara yang pertama.
11. Duk babade murweng yuda, neng alas limalas warsi, sewu lara sewu papa, ngupaya mulyaning dhiri, antuk pitulungan Widdhi, katutugan karsanipun, mukti sawedyanira, tumerah dalah samngkih, buyut canggah kasrambah milu wibawa.
Ketika mulai berperang, di dalam hutan lima belas tahun, seribu sakit dan sengsara, mencari kemuliaan dirinya, mendapatkan pertolonga Tuhan, tercapai cita-citanya, mulia beserta seluruh pasukannya, berlanjut sampai kini, piut cicit ikut menikmati bahagia.
12. Iku ta kayektenira, pralambanging lenga wangi, upamane duk samana, tan antuk pitulung Widdhi, praptane jaman iki, tan ana caritanipun, marma den enget sira, aja ngaku angekoki, mung ngrasa lamun anempil wibawa.
Itulah buktinya yang nyata, sebagai lambang minyak wangi, apabila pada waktu itu, tak dapat pertolongan Tuhan, sampai saat ini pun, tak akan ada ceritanya, maka ingat-ingatlah selalu, jangan merasa paling berjasa, hanya merasalah ikut menikmatinya.
13. Mangkana gya winantonan, marang kang jumeneng malih, Jeng Gusti Pangeran Dipatya, Mangkunagara ping kalih, pinet sraya mring Inggris, amukul nagri Matarum, sabesahe kang praja, ginanjar sewu kang bumi, dadi tetep lenggah limang ewu karya.
Demikian pula yang sering dikata, pada yang baginda lainnya, Jeng Gusti Pangeran Dipati, Mangkunagara yang kedua, dimintai bantuan oleh Inggris, untuk menyerang Mataram, setelah berhasil, mendapat hadiah seribu karya, sehingga menjadi lima ribu karya.
14. Rambah sinaraya, marang Gubermen Walandi, mukul prang Diponegara, sarumpunge ing ajurit, ginanjar bumi malih, Sukowati limang atus, lan blanja saben wulan, mangka ingoning prajurit, patang ewu patang atus wolung dasa.
Yang kedua dimintai bantua, oleh Gubernur Belanda, melawan Pangeran Dipanegara, setelah selesai berperang, mendapat hadiah tanah lagi, Sukawati lima ratus karya, dan gaji setiap bulan, untuk bekal makan prajurit, empat ribu empat ratus delapan puluh.
15. Prapta panjenenganira, Jeng Gusti Pangeran Dipati, Mangkunagara pit tiga, ing drajat pinrih lestari, mangun harjaning budi, mring Gupermen tyas sumungku, ginanjar kang bandera, lan mariyem kalih rakit, iku mangka tandhaning sih pinarcaya.
Sampailah beliu, Kanjeng Gusti Pangeran Adipati, Mangkunegara yang ketiga, untuk mendapat melestarikan kedudukan, membangun kebahagian diri, tunduk kepada Gubernur, dihadiahi bendera, dan meriam dua pasang, itulah bukti mendapat kepercayaan.
16. Kepriye yen sira ngrasa, antuk kalawan pribadi, dadi mungkir jenengira, kaciren lair myang batin, ginayuywng sesami, lupute gonira ngaku, langguk piyangkuh nira, kasiku marang Hyang Widdhi, dadi tuna duwe turun kang mangkana.
Bagaimana bila kamu merasa, mendapatkan hasilmu sendiri, menjadikan kamu mengingkari, dicela lahir dan batin, ditertawakan oleh sesama, salah karena mengaku, sombang dan jumawalah dirimu, dikutuk oleh Tuhan, rugilah mempunyai anak demikian.
17. Lamun yekti saking sira, pribadi tandhane endi, apa wus munjuli sira, marang samaning dumadi, saking ing krama niti, lawan apa wus misuwur, ing guna prawiranta, kang kanggo marang nagari, baya durung lir lakone luhure.
Bila benar dari karyamu sendiri, mana sebagai tandanya, apakah kamu sudah paling baik, dibanding sesama yang lain, dari sopan santun, dan apakah kamu sudah terkenal, atas kepandaian dan keberanianmu, yang berguna bagi negara, tentu belum menyamai leluhurmu.
18. Pira bara sira bisa, ngupure darajat malih, dadi janget kinatigan, dadi santo seng wuri, tumurun marang siwi, sokur bisa prapteng putu, milu tampa kawiryan, yogyane angkahen kaki, ra orane aja punggel saking sira.
Lebih baik kamu bisa, memupuh kedudukan lagi, menjalin tali agar lebih kuat, hingga dapat diwariskan nanti, diturunkan kepada anak, syukur dapat sampai ke cucu, ikut merasakan kenikmatanya, baik usahakanlah selalu, paling tidak janganlah memutuskan.
19. Lamun drajat kalakona, punggele saking sireki, dadi sira nganiaya, marang darahmu pribadi, tan kendel ingkang wuri, dhapur kapotangan laku, salagi tembe bisa, antuk kang darajat malih, sasambungan yekti becik kang widada.
Bila derajat tercapai, tapi kau putuskan, jadi kamu menyengsarakan, kepada keturunamu sendiri, tidak tebal di belakang, karena kehilangan perjuangan, seandainya dapat kelak, memperoleh kedudukan lagi, hubungannya lebih baik lestari.
20. Upama nora punggele, jer nora ngupaya malih, yen wus punggel nadyan sira, semedi ing saben ratri, antuke durung mesthi, tiwas angengecer laku, marma den enget sira, sajrone lumakyeng kardi, pangreksamu ing drajat aywa pepeka.
Seandainya tidak putus, bila tidak mencari lagi, sudah putus meski kamu, berdoa setiap hari/malam, belum tentu akan berhasil, percuma membuang-buang tenaga, maka ingatlah selalu, selama melaksanakan tugas, jagalah pangkatmu jangan lupa.
21. Dene jejring wandanta, ing mangko dadi prajurit, maju baris lawan jaga, teori lesan sepeksi, iku dudu pakarti, ajar-ajar jenengipun, wus dadi wajibira, prajurit dipun geladhi, papadhane santri ingajar sembahyang.
Sedangkan dirimu adalah, sekarang menjadi prajurit, maju baris dan berjaga-jaga, teori lisan dan pemeriksaan, itu bukanlah perjuangan, itu belajar namanya, sudah menjadi kuwajibanmu, prajurit itu dilatih, sama halnya santri belajar sembahyang.
22. Sinung ukum sawatara,yen nglirwakken marang wajib, iku wus lakune praja, jejege kalawan adil, sanadyan liyan janmi, duk neng yayah renanipun, yen luput rinengonan, utawa den jemalani, dadi iku wineruhken tat krama.
Mendapat hukuman sedikit, bila melalikan tugas, itu sudah menjadi hukum negara, dilaksanakan dengan adil, walaupun orang lain, ketika di pangkuan ayah ibunya, bila salah juga dimarahi, atau dipukuli, agar tahu akan tata krama.
23. Mangkono uga yen bisa, miturut sarta ngakoni, temtu den opahi uga, wit gawe leganing ati, akeh tuwin sathithik, minurwat lan karyanipun, tan beda patrapira, prajurit jinunjung linggih, myang ingundur iku adil jenengira.
Demikian pula bila bisa, patuh dan mengakui, tentu juga mendapat hadiah, karena telah melegakan hati, banyak dan sedikit, sesuai dengan hasil kerjanya, tidak berbeda dengan perilaku, prajurit yang sudah diangkat, dan dipecat itu adil namanya.
24. Yen tan bisa samektanya, nora jumeneng prajurit, gawe tuna marang praja, weh lingeseming narapati, amung sira pribadi, kang sdhuwurken ing piyangkuh, mung lagi bisa aba, anggepmu mbutuhken nagri, ywa kebanjur duwe cipta kang mangkana.
Jika tak dapat siaga, tak dapat dikatakan prajurit, merugikan kepada negara, menyebabkan malu sang raja, hanya kamu sendiri, yang meninggikan kesombongan, hanya baru dapat memberi aba-aba, anggapanmu sudah dibutuhkan negara, jangan terlanjur berpikiran demikian.
25. Wruhanta lalakonira, sajatine wus angemping, mring praja miwah Narendra, dene durung potang kardi, sira wus den paringi, sandhang pangan nora kantu, sinuba kinurmatan, ounjul sasamaning abdi, mangsa kala linilan lungguh satata.
Ketahuilah bahwa hidupmu, sesungguhnya sudah berhutang, kepada negara dan raja, karena belum memberikan karya, kamu sudah diberi, sandang pangan tidak terlambat, dihormati dan dielu-elukan, melebihi sesama abdi, kadang-kadang diijinkan duduk sejajar.
26. Apa kang sira upaya, kamulyan aneng nagari, ingajenan mring sasama, nyawabi mring sasama, nyawabi mring anak rabi, nadyan para maharsi, ingkang tapa neng ngasamun, mong tani lan nangkoda, rinewangan anderpati, nora liyan kamulyan kang den upaya.
Apa yang engkau cari, kemuliaan di pemerintahan, dihormati oleh sesama, mencukupi kebutuhan anak istri, sama pula para pendeta, yang bertapa di tempat sepi, kaum tani dan nahkoda, berjuang mati-matian, tidak lain kemuliaan yang dicarinya.
27. Upamane raganira, nora dadia prajurit, iya misih mangan sega, apa dene minum warih, saking wetuning bumi, uga kagungan ing ratu, lan sira ingayoman, rineksa kalawan adil, lamun datan rumasa sira duraka.
Misalnya dirimu, tidak menjadi prajurit, bisa juga makan nasi, dan minum air, dari hasil bumi, juga mempunyai raja, dan engkau dilindungi, dijaga dengan adil, jika tak merasa maka engkau durhaka.
28. Marma den sumurup sira, mring sih kamulaning Gusti, benjang yen tinuduh sira, lumawat ngadoni jurit, yeku karyanta yekti, pangudangireng Gustimu, kono aja pepeka, den madhep marang sawiji, nanging cipta sedyakna males mring praja.
Maka hendaklah engkau tahu, akan cinta kasih sang raja, kelak bila kau ditunjuk, untuk berangkat perang, itulah sesungguhnya tugasmu, yang didambakan rajamu, kamu janganlah ragu, pusatkanlah dalam satu hal, tekad untuk berbakti kepada negara.
29. Prapteng papan cumadhonga, ing printah senapati, aja abawa priyangga, dumeh sira bandha wani, lumangkah mring ngulabi, kang mangkono sasat mungsuh, gawe guguping rowng, weh gidhuhing senapati, yen kasora dadi sira antuk dosa.
Sesampai di medan bersipalah, menerima perintah sang hulubalang, jangan berbuat sendiri, merasa dirimu pemberani, bertindak melebihi batas, yang demikian merupakan musuh, menjadikan rekan gugup, membingungkan sang hulubalang, bila kalah engkau akan berdosa.
30. Lungguhing para prawira, yen ana madyaning jurit, nora wenang duwe karsa, ragane pama jemparing, kang mesthi senapati, ing sakarsa kang pinanduk, linepas ywa saranta, angsahira den mranani, marang mungsuh aja keguh ing bebaya.
Sebagaimana para perwira, bila sedang di dalam peperangan, tidak berhak berkehendak, tubuhnya ibarat anak panah, yang berhak sang hulubalang, yang berhak memegangnya, melepas jangan terburu, bertugas dengan senang, melawan musuh jangan takut akan bahaya.
31. Den kadi Partasuta, Bimanyu kala tinudhing, mangurah kang gelar cakra, dening sang Yudhistira Ji, sukaning tyas tan sipi, dupi rinoban ing mungsuh, kesthi trahing satriya, wedi wirang wani mati, yeka mangka tamsiling para prawira.
Jadilah seperti putra sang Parta, Abimanyu ketika ditunjuk, menggempur musuh bersiasat cakra, oleh sang Yudhistira, hatinya amat gembira, ketika dikepung musuh, tampak jiwa ksatrianya, takut malu berani mati, itulah sebagai teladan para perwira.
32. Kono sedhenge medharna, ing kasuran guna sekti, nyimakna paningalira, ing tekad ywa walang ati, wruhanta senapati, wakiling Gusti satuhu, Gusti wakiling suksma, kang kinon, ngudaneni, mring kawula kang sumedya mrih utama.
Itulah saat untuk membuktikan, segala keberanian dan kesaktian, tutupilah matamu, dengan tekat jangan khawatir, ketahuilah bahwa senapati, sebagai wakil rajamu, rajamu sebagai wakil Tuhan, yang ditugaskan memperhatikan, kepada umat yang berjuang demi mulia.
33. Padha ingaran utama, ing pakaryan mangun jurit, iku kang luhur priyangga, wus kasebut kanan sruti, yen tapaning prajurit, ngasorken tapaning wiku, wit sumungkuning puja, neng pucuking gunung wesi, sang pandhita neng pucuking kang aldaka.
Sama-sama disebut mulia, dalam tugas melaksanakan perang, itu yang paling luhur, sudah disebut dalam sruti, bahwa bertapanya seorang prajurit, mengalahkan bertapanya seorang pendeta, karena tempat bertapanya, di ujung senjata besi, sang pendeta di ujung / pucuh gunung.
34. Ing tekad dipun santosa, aja angrasani pati, apan tan minenang sira, gumamntung karsaning Widdhi, yen wis tibaning pasthi, nora pilih marganipun, ala mati neng wisma, becik mati kang utami, tur sumbaga dadi ngamale trahira.
Dalam tekat harus kuat, jangan membicarakan kematian, karena kamu tidak berhak, terserah kehendak Tuhan, bila sudah saatnya, tidak memilih cara, jelek mati di rumah, baik mati yang utama, dan baik menjadi amal keturunanmu.
35. Wus ana keyektenira, sang Partasuta ing nguni, palastra aneng palagyan, lawan lagawaning pati, wit dennya anglabuhi, Pandhawa manggiha unggul, puwarantuk nugraha, sira wau Partasiwi, turunira angratoni tanah Jawa.
Sudah ada buktinya, sang putra Parta dahulu, gugur di medan perang, dengan senang hati, dari sebab dia membela, agar Pandawa menjadi unggul, akhirnya mendapat anugrah, sang putra Parta itu, keturunannya menjadi raja Jawa.
36. Lamun durung takdirira, nadyan ana hru sakethi, yen tan waswas ing wardaya, sayekti nora ngenani, amung sajroning jurit, aja sira darbe kayun, ing lair amanuta, ing sakarsa senapati, batinira kumambanga ing wisesa.
Bila belum takdirmu, meski ada seratus ribu panah, bila tidak khawatir dalam hati, tentu tidak akan terkena, hanya di dalam perang janganlah engkau memiliki kehendak, turuti perintah, apa yang dikehendaki panglima, hatimu harus tertuju kepada Tuhan.
37. Ri sedheng nen bayantaka, kalamun ana kang weri, nungkul wus mbuwang palastra, nora wenang den pateni, binandhang iku wajib, yen ngantia nemu lampus, tetep nistaning prajurit, nemu dosa temah apesing ayuda.
Di saat terkepung bahaya mati, bila ada yang menjadi musuh, menyerahkan dan membuang nyawanya, kamu tak berhak membunuhnya, tawanlah dan itu wajib, bila sampai enemui ajalnya, sama dengan menyiksanya, membuat nista prajurit, menanggung dosa sehingga kalah perang.
38. Mangkono priyangganira, yen kaselut ing ngajurit, aja gugup den prayitna, ing tekad dipun pratitis, awit wong murweng jurit, ana papangkatanipun, nistha madya utama, yen kober dipun engeti, kanisthane wong kaselut neng ranangga.
Demikianlah pula halnya dirimu, bila terdesak di dalam peperangan, jangan gugup hati-hatilah, tekatmu harus terpusat, sebab menjadi soerang prajurit, ada batas-batasnya, nista menengah dan luhur, bila sempat diingat, kehinaannya orang terdesak di peperangan.
39. Ing papa nora kuciwa, gegaman samekta sami, atandhing padha kehira, tanpa kiwul ing ajurit, tangeh ana pepati, myang tanana nandhang tatu, mundur tanpa lasaran, mung labet kekesing ati, kang mangkono antuk dosa tri prakara.
Di tempat yang tidak menyulitkan, senjata tersedia semua, berperang sama banyaknya, tanpa menyerang berperang, tak akan ada kematian, mundur tanpa dasar kuat, hanya karena merasa takut, itu akan mendapat dosa tiga hal.
40. Dhihin marang ing Narendra, denira cidra ing janji, kapindho ngasorken praja, kang mulyakken marang dhiri, katri marang Hyang Widdhi, ngukuhi gadhuhanipun, kokum pantes linunanas, padhane sato wanadri, yen janmaa pasthi ana tekadira.
Pertama dosa kepada raja, karena telah mengingkari sumpah, kedua menghinakan negerinya, yang telah memuliakan dirinya, ketiga berdosa kepada Tuhan, mempertahankan miliknya saja, pantas dihukum mati, dibunuh seperti binatang, bila manusia tentu ada tekatnya.
41. Nadyan para prawira, yen kaseser ing ngajurit, nadyan keh kedhike padha, kasor papane sasupit, mundur amrih pakolih, ing pangolah nora gugup, sarana winiweka, kaangkah dennya mangungkih, yen sinerang rikat rinukat marwasa.
Meskipun seorang perwira, bila terdesak dalam perang, meski jumlahnya sama, kalah karena salah siasat, mundur agar berhasil, dalam pemikiran tidak gugup, karena dengan pemikiran cermat, bertujuan untuk menyerang balik, bila diserang lekas membalas.
42. Utaminireng prawira, sanadyan karoban tandhing, tatag tur simpen weweka, wengkoning papan tiniling, linanglangan kang weri, endhi kang suda ing purun, pinaran pinarwasa, winisesa amrih titih, estu jaya sadaya samya raharja.
Seorang prajurit pemberani, meskipun terdesak musuh, tabah dan menyimpan siasat, memperhatikan keadaan medan, perhatikan musuh, mana yang berkurang kekuatannya, dihampiri untuk diserang, digempur agar menyerah, pasti menang semua akan selamat.
P A N G K U R
01. Kapungkur patraping bala, ginantyakken lungguhing senapati, ingkang sinerahan wadya gung, dening jeng nareswara, kinen matah saprayoginireng wadu, kinarya rumekseng praja, denira ngupaya janmi.
Sudah dibahas perihal tugas prajurit, sekarag dibahas kedudukan Panglima, yang bertugas memimpin pasukan, atas perintah sang raja, untuk memimpin bagaimana baiknya, bertugas menjaga negara, untuk mencari sosoknya.
02. Ywa tinggal pitung prakara, mrih utama adegireng prajurit, kang dhihin nalurinipun, tan kena trahing sudra, kapindhone bumi kalahiranipun, kang maksih tunggal sapraja, katri tanpa cacad dhiri.
Jangan lupa akan tujuh hal, agar baiknya para prajurit, yang pertama garis keturunannya, jangan berasal dari orang hina, kedua bumi kelahirannya, masih termasuk wilayah negaranya, ketiga tidak memiliki cacat tubuh.
03. Papat otot balungira, ingkang tigas lima tanpa panyakit, enem sawang sawungipun, pitu kang datan darwa, pakareman kang mlarati, raganipun, marma milih kang mangkana, wateke wantaleng kardi.
Keempat adalah oto tubuhnya, yang gagah kelima tak berpenyakit, keenam dirinya tampak jantan, ketujuh tidak memiliki kegemaran, kesukaan yang merugikan dirinya, pilihlah yang demikian, berwatak suka bekerja.
04. Sawuse pamilihir, pamintane mring wong sawiji-wiji, pinantes cekelanipun, rujuke lan sarira, pangulahe warastra ywa kongsi rikuh, rikate dennya marwasa, myang panangkis amrih titih.
Setelah pemilihan tersebut, ditanya kepada masing-masing, disesuaikan dengan tugasnya, menurut kekuatan raganya, menggunakan senjata janganlah canggung,cepat dalam penyerangan, dan bertahan agar menang.
05. Wong kang sedheng dedegira, aparigel tuwin kang andhap alit, akas cukat tandangipun, iku sinung sanjata, watak nora kewran sabarang pakewuh, mudhun jurang munggah arga, aluwes tur mitayani.
Orang yang sedang tingginya, cekatan dan pendek kecil, lincah gerakannya, dia berilah senjata, dia tak akan kesulitan di segala medan, turun jurang naik gunung, luwes dan meyakinkan.
06. Wong kang lencir dedegira, kurang tandang aropek ingkang dhiri, iku cinekelan lawung, jangkah dhepane dewa, watak corok alantaran silih panduk, lumpat jagang pasang andha, angunggahi baluwarti.
Orang yang kurus tubuhnya, kurang lincah dirinya itu, berilah dia tombak, langkah dan jangkauannya panjang, dia cocok karena dapat ditugaskan, melompat dan memasang tangga, untuk memasuki benteng kerajaan.
07. Wong sadhepah dedegira, kang pawakan otot balung kawijil, mariyem cekelanipun, amolahaken rosa, nadyan kembel kebldher kuwawa njunjung, wateke nggenteni kardi.
Orang yang tinggi kekar, yang otot dan tulangnya menyembul, cocok diberi senjata meriam, dia kuwat menggerakkan, meski terperosok mampu mengangkat, bila kudanya hancur, dia menggantikannya.
08. Wong gung luhur kang sembada, iku pantes karya wadya turanggi, agampang panitihipun, klar nyembadani kuda, nangkis rosa medhang mring pratala gaduk, silih rog amigunani.
Orang tinggi besar yang gagah, dia pantas dijadikan pasukan berkuda, mudah mengendarai kuda, mampu mengendalikan kudanya, kuat menangkis menyerang dan ke tanah, bila bertemu dengan sesama berkuda, dia mampu mengimbanginya.
09. Dene wong kang mandraguna, kinaryaa margangsa juru margi, myang rerakit kuwu-kuwu, kalamun aneng teba, lawan beteng kareteg sasaminipun, kang tan kewran ing pangreka, memenek lan bisa ngalangi.
Sedang orang yang pandai, jadikanlah dia pencari jalan, dan membuat kubu-kubu, bila berada di luar daerah, serta benteng jembatan dan sebagainya, dia tak akan mengalami kesulitan, memanjat dan dapat berenang.
10. Yogyane malih ngumpulna, para tukang kang kanggo mring prajurit, gerji lawan tukang puntu, karya busana wastra, tukang nyamak penjahit pakaryanipun, parabot kang bangsa carma, tukang tapel lawan nyinggi.
Sebaiknya juga mengumpulkan, para tukang yang berguna bagi prajurit, penjahit dan tukang busana, untuk membuat pakaian, tukang menyamak kulit tugasnya, merawat peralatan dari kulit, tukang tapal kuda dan tukang mencetak logam.
11. Sayang lan tukang marakas, miranteni bekakasing prajurit, pandhe miwah tukang kayu, mranggi lawan kemasan, ingkang karya gegamaning aprang pupuh, sadaya dipun samekta, rehning rumeksa prajurit.
Tukang tembaga dan tukan intan, menyediakan perkakas prajurit, pandai besi dan tukang kayu, pembuat kerangka keris dan ahli emas, yang menyediakan senjata untuk perang, semuanya disiapkan, demi keselamatan prajurit.
12. Liya kang wus kanggweng wadya, aja sepi andhungan tikel kalih, gegaman saprantinipun, tuwin busana wastra, obat mimis kang cukup den anggo nglurug, awit rumeksa ing praja, tan wruh sangkaning bilai.
Selain itu kebutuhan prajurit, jangan lupa berbekal dua kali lipat, senjata dang perangkatnya, dan busana pakaiannya, peluru yang cukup untuk menyerang, karena menjaga negara, tidak tahu datangnya bencana.
13. Riwus ing pamintarnira, lan piranti kang kanggo ing prajurit, mangkana pangreksanipun, dipun titi ing bala, sandhang pangan ing saari aywa kantu, suker sakit kinawruhan, den bisa ngenaki kapti.
Sesudah semua kebutuhan, dan perkakas yang digunakan prajurit, hendaklah dirawat sebaik-baiknya, diteliti oleh pasukan itu, bekal makana sehari jangan sampai kekurangan, yang sakit harus segera dirawat, agar senang hatinya.
14. Ywa pegat pamulangira, saniskara wajibireng prajurit, weruhna sadurungipun, nistha madya utama, myang papacak pacuhan kang wus tinamtu, dununge sawiji-wiji.
Jangan lupa mengajarkan, segala kewajiban prajurit, tunjukkan sebelumnya, nista madya lan utama, dan larangan-larangan yang tertentu, yang untuk prajurit, berlaku untuk mereka masing-masing.
——————————–
Alang Alang Kumitir.

