07.02.09
SEKAR TANPA TANDHING AJINIRA
He..he..he Hayo pada didengarkan sobat……, dari pada tidur sore saya tak renggeng-renggeng, sinambi leyeh-leyeh udut rokok TINGWE LAN NYRUPUT KOPI pasti yang mendengar pada senang hatinya, disamping menghibur diri juga untuk nguri-nguri tinggalane para pinisepuh mbiyen.

POCUNG
Thole Kuncung,
lamun sira ngudi ngelmu,
ja pisan sembrana,
awit ngelmu migunani,
tanpa iki uripmu bakal rekasa.
Wit wong sepuh,
ingkang wus bodho kebacut,
anane mung pasrah,
ora bisa anggetuni,
marga ngerti getun mburi tanpa guna.
Anak putu,
ora kena melu-melu,
dadi wong kluyuran,
awit marakake lali,
gaweyanmu kudu rampung saben dina.
Disinau,
awak aja nganti ngelu,
amrih kabeh lancar,
mula kudu ngati-ati,
saben dina ulah raga dimen kuwat.
Lamun esuk,
aja pisah wegah wungu,
banyu aneng njangan,
iki pituduh sayekti,
iku lamun dipun udi apik tenan.
Pancen kudu,
solah tingkah ingkang cakut,
jangkahmu sih amba,
golek mulya jaman mangkin,
isih akeh idham-idhaman ingkang mulya.
Yekti kojur,
uwong bodho kaya aku,
sasat lawe klasa,
aji godhong jati aking,
eman-eman yen urip ditinggal jaman.
Rumangsamu,
apa jaman ora maju,
iki kudu tanggap,
ngelmu perlu kanggo urip,
pawitan kang tanpa tandhing ajinira.
Kapethik saka buku Warisan, Geguritan Macapat,
karyane Suwardi, weton Balai Pustaka, 1983.
———————————-
Alang Alang Kumitir.


eyang prayoga berkata,
Juli 11, 2009 pada 5:29 pm
alhamdulilah masih ada yang peduli denggan budaya jawa,ok mari kita budayakan bersama
wong alus berkata,
Juli 12, 2009 pada 6:30 am
“Disinau,
awak aja nganti ngelu,
amrih kabeh lancar,
mula kudu ngati-ati,
saben dina ulah raga dimen kuwat….”
—awas mas kumitir, mancal termasuk zina kaki, lho — hehehe
Kaloka Sari berkata,
Juli 20, 2009 pada 11:42 am
Wes Jan Tenan setuju Sanget yen Isek enten Seng Peduli…..
Budaya kita yo.. kudu kito seng ngrumati….
Suwon
nizar.hu berkata,
Juli 22, 2009 pada 12:21 pm
DALANG…..
DALANG WAYANGAN>>>>>>>>>>
WAYANG MLEBU KOTAK E DALANG>>>>>>>>>>>>>>>>>>
HU HU >>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>>
happy kurniawan berkata,
Juli 29, 2009 pada 10:26 pm
tolong kasih arti bahasa indonesianya dong…aku wong jowo tapi bahsa jowoku jowo ancur…daerah bumiayu..dadi ora mudeng babar pisan…tapi aku tertarik banget dengan sastra jawa…
eyang prayogo berkata,
Juli 31, 2009 pada 8:35 am
matur nuwun mas kumitir .mugi mugi kabudayan jawi boten ical sumleretipun kabudayan kang moderen,kagem emutaken anak lan putu kito mangke,lak geh mekaten to mas KUMITIR
jaini berkata,
Agustus 2, 2009 pada 9:34 am
itulah mas semuran saya pingin mengedar ngangian jiwa yang sangat bernakna utuk anak cucu dan generasi nanti jangan sampai musnah terdegradi dengan lagu lagu tanpa ari terus lanjutkan aminnn
slamet wiyono berkata,
Agustus 2, 2009 pada 11:13 am
Muji sukur
Mas Kumitir kula matur
wonten ngarsa ndika
kula saget tambah ngelmi
sithik-sithik kena kanggo sangu sanja.
wicaksono berkata,
Agustus 25, 2009 pada 4:23 am
kawula enggal nyinau babagan kejawen. punopo wonten babagan kejawen “Gusti suci Romo Semono yo Begawan Sandimono”
salam rahayo
Joko thole berkata,
Agustus 25, 2009 pada 12:10 pm
Kulo matur nuwun sanget dene mas kumitir tansah medalaken serat engkang migunani
mas mangir berkata,
Agustus 27, 2009 pada 4:51 pm
Pitedah alantaran sekar, sanyoto langkung endah soho saget paring panglipuring manah, mas kumitir mugi panjenengan tansah sehat, saenggo samangke tetep saged nguri-uri kabudayan jawi