10.12.09

SANGUNE LAKU

Ditulis dalam MACAPAT pada 3:34 pm oleh Mas Kumitir

Sekar macapat Sinom yang ditulis oleh  Ki Sasmita dibawah ini, sangat bagus untuk kita renungkan sebagai  pengingat atau senjata dalam menjalani kehidupan supaya rahayu dalam meraih kemuliaan. Dan  tidak lupa selalu mensyukuri akan segala nikmat yang telah diberikan Allah. Mari Saudara-saudaraku semua, kita baca dan hayati pelan-pelan maksud yang terkandung pada Macapat Sinom Sangune Laku (Bekal Perjalanan).

wayang wong 8

S I N O M

Dhuh kadangku para mudha,
pirengna piweling iki,
dimen kena kanggo gaman,
lakumu samargi-margi,
amrih rubeda kalis,
tansah pinanggih rahayu,
lan katekaning sedya,
datan kurang sandhang-bukti,
urip mulya ayem-tentrem trus raharja.

Kang sepisan lamun arsa,
miwiti tumandang kardi,
salwiring pakaryanira,
dipun-eling aywa lali,
sawega ambundheli,
ati kanthi niyat tulus,
dedarma mring bebrayan,
datan sineselan pamrih,
pamrihe mung asung karya kang piguna.

Kang kapindho lamun manggya,
ruwet lan bundheting pikir,
enggala ngupadi tamba,
mrih tan ambebuthek ati,
satemah lali dhiri,
sarwa wagu sarta saru,
ing saparitindaknya,
enggala den-usadani,
kanthi minta urun rembuge pra kanca.

Sabacute kudu tansah,
bungah nampani peparing,
nadyan durung jumbuh klawan,
sing dikarepaken ati,
sebab yen dituruti,
satemene ngugung nepsu,
tan wurung ngambra-ambra,
kufur mring nikmating Gusti,
pepuntone pijer koncatan raharja.

Alang Alang Kumitir.

5 Tanggapan »

  1. hadi wirojati berkata,

    pamuji rahayu

    nuninjih kI Kumitir.. lan matur sembah nuwun, wejangan meniko tansah ndamel keketing ati kangge hanglampahi napa ingkng dados wejangan panjenengan. nuwun
    rahayu

  2. KangBoed berkata,

    Salam Cinta Damai dan Kasih Sayang
    ‘tuk Sahabatku terchayaaaaaaaank
    I Love U fuuulllllllllllllllllllllllllllll

  3. wahyu berkata,

    rahayu poro sedherek sedoyo…

  4. joosusanto berkata,

    web panjenengan sae kang,ngleluri budaya kebathinan jawa,maju terus agar mudah dipahami

  5. Sugito HS berkata,

    Matur nuwun dene sampun ngemot sekar macapat Sinom “Sangune Laku” anggitan-kula ing ngriki. Ndherek nepangaken, kula Gito, inggih ingkang kadhang kala mawi nama sesinglon Ki Sasmita.
    Sinom “Sangune Laku” menika nate kamot ing rubrik Jagat Jawa Harian Jogja lan lajeng kula-upload ing blog komunitas SLEnK.
    Nuwun


Tinggalkan sebuah Komentar