11.11.09
SAPTA DAYA GESANG MANUNGGAL
Oleh : Ki Mas Ngb. H. Adi Asmoro
DHANDHANGGULA
Sapta Daya Gesang Manunggal Ji,
Sae Manjing Nir Waras sepisan,
Kapi nDhagel ping pindhone,
Ingkang ping telunipun,
Eka Rasa Paningal Tunggil,
Nyandhak kaping sekawan,
Werdi sipatipun,
Blungon Mencok nedya,
Banyu Mili, Sampurna Nir Wadag nuli,
Manunggal Jagad Nala.
Werdinipun ingkang ping satunggil,
Sae Manjing Nir Waras pramila,
Ingkang mengku sejatine,
Bisa mesem gumuyu,
Ngedan nanging tan edan kaki,
Tan padha marang liya,
Datan melu arus,
Tatag teguh jroning nala,
Pan kridhane liya boya seging dhiri,
Boya usah tinulad.
Lajeng Wanara nDhagel ping kalih,
Klawan wanara mengku sasmita,
Apan kabeh tumindake,
Tansah agawe guyu,
Mrang sujanma kang amiarsi,
Tan lumut tur gumbira,
Dadya ngono kulup,
Mula kulup sira aja,
Lumut apan kridhamu diguyu liya,
Ning ja met panglembana.
Ngancik Sapta Daya ingkang ping tri,
Eka Rasa Tunggal ing Paningal,
Kamot teges sejatine,
Wong urip ingkang teguh,
Duwe keblat lampahing urip,
Nadyan beda mring liya,
Tetep tatag teguh,
Ngrungkepi kang bener nyata,
Saguh nampa ingkang bener lawan becik,
Pupusen nepsunira.
Kapat Blungon Mencok mengku sandi,
Warnaning blungon padha uninga,
Abang ireng pan ijone,
Rupi-arupinipun,
Gumanting mring papane mangkring,
Tegese yen srawungan,
Gapyak supel kulup,
Kang beda aja den wada,
Tan kudu padha, ngeli ning ora keli,
Dadya pribadhinira.
Nyandhak kaping gangsal Banyu Mili,
Lamun mili pesthi pindhah papan,
Nadyan meneng ning ngelemke,
Ngejur pepalangipun,
Supel papane den padhani,
Ing gelas pindha gelas,
Mula sira kulup,
Kang supel jro srawungan,
Tanggap sasmita, yen luput tan baleni,
Dimen sira raharja.
Sampurna Nir Wadag ping nem kaki,
Nir iku tegese datan ana,
Pan wadag iku badane,
Dadya sampurna iku,
Dudu badan ning jiwaneki,
Jiwa tentrem sampurna,
Cedhak mring Hyang Agung,
Jiwa raga den reksaha,
Dimen kendel datan ana sipat ajrih,
Kejaba mring Hyang Suksma.
Ping sapta Manunggal Jagad Ati,
Alam klawan budi dadya tunggal,
Dadya tunggal kekalihe,
Lamun wadag puniku,
Datan bisa datan kuwawi,
Ning budi bisa mbatang,
Jagad Pratala Gung,
Antuka werdining jagad,
Nadyan sithik rat aja disepeleni,
Bisa negejur manungsa.
Amungkasi serat kang ginurit,
Sira kaki padha angestokna,
Dimen mukti ing uripe,
Ambengkas ing nepsu dur,
Asih lantip tanggap astute,
Kaanggit ing ngayogja,
Maulud wulan Gung,
Ping nem likur Be Dhesta,
Raket ngisak sancaya winduning,
Manis guna wangining nala.(Bantul, 26 Maulud 1936 Be)
Alang Alang Kumitir


Bagus Samiaji berkata,
November 12, 2009 pada 3:15 am
Tremakasih Mas Alang-alang Kumitir. Semoga kita bisa menerjemahkan nasehat ini dalam kancah kehidupan bermasyarakat. Memang ora kurang wulang wuruk rumrape wong tanah jawi, baju boleh impor karna arusnya memang lagi deras, tapi daleman jangan meninggalkan petuah leluhur kang wus kabukti jumbuh marang kapribaden jawi
Den dodi berkata,
November 15, 2009 pada 12:38 pm
Memang benar,kita sebenarnya harus ingat akan sejarah para leluhur kita.janganlah kita terlena akan keadaan jaman sekarang,jaman kemajuan dimana kita import budaya asing dan mereka mengembangkan budaya kita.sedangkan sang pemilik budaya terlena dalam dunia modern yg mana nantinya akan mengimpor budayanya sendiri …menyedihkan…..:’(
Sukisno boiler berkata,
November 18, 2009 pada 3:07 am
Maturnuwun mas alang2 kumitir, awit pitutur luhur sakpuniko sampun ditilar kadang kaneman. Mugi saget nggugah semangat. Nuwun.
Agung nugroho berkata,
November 18, 2009 pada 6:13 am
Sir suci Uri Sejati,
nyuwun pirso kados pundi caranipun ugi lampah ipun, ngudi guru jati,
matur sembah nuwun kawulo atur aken, mugi mas ALANG ALANG KUMITIR, Tansah Pikantuk Berkah ugi Rahayu. kwlo tenggo