alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SULUK HARTATI


PANGKUR

1. Ki Hartati medhar sabda, sadurunge kaki sira dumadi, aneng pundi dunungipun, yektine saking ora, bapa biyung dadi lantaran tumuwuh, tan nedya yoga mring sira, mung nekakken hardeng kapti.

2. Tibaning kang rahsa mulya,neng manikem urip lawan pribadi, bunder samrica binubut, kumedut salaminya, sumrambah ing angga bisa dadi wujud, bayi lair ing wetengan, dadi manungsa sejati.

3. Sadurunge pancadriya, pamiyarsa, pangganda lan pangeksi, pangucap lawan cipta-nung, nanging durung tetela, awit durung kadunungan rahsa tuhu, ri wus nyantuk rahsa tama, mundhak-mundhak saben ari.

4. Nganti prapta ing dewasa, pancadriya jumeneng lawan titi, bisa angambu angrungu, weruh lawan pangucap, tampa saka Isbatu-jait liripun, yeku warah saking liyan, mula jimatun wus tampi.

5. Aran tetep tinetepan, luwih elok dayaning sanubari, beda-beda ciptanipun, kang aran joharngalam, lamun sira nyipta barang kang durung wruh, joharparid lamun sira, nyipta barang kang wus uning.

6. Lawan Datu-Molana, lamun sira nyipta angganta kaki, pininta mlaku lan lungguh, aneng panggonan liyan, sakeclapan neng kene, sayekti suwung, katon ngalih aneng kana, byaring tyas wus krasa ngalih.

7. Jebeng padha piyarsakna, ingsun karya gita pralambang jati, supadi nenangi sagung, kang dahat punggung-mudha, purwaning kang pralambang mangkya winuwus, isining kang wuluh wungwang, suwung obah keneng agin.

8. Tapakaing kuntul anglayang, manuk miber muluk ngungkuli langit, kalawan gigiring panglu, kuda ngrap ing pandengan, wekasane langit lan jaladri agung, tanggal pisan kapurnaman, senteg pisan anigasi.

9. Kabeh dayaning budaya, anganakken cipta lan siring ati, pinindha na watesipun, lan ana tilasira, apadene kinira sapisan tundhuk, kalawan pancering nala, rampunge (m)babar pisani.

10. Pralambang bumi pinetak, duhkiteng tyas lumengket tan ngindhani, kanang pawana tiniyup, yeku bantering manah, cipteng nala lumaku rosaning banyu, amet geni adedamar, wong ngangsu pukulan warih.

11. Yeku padhanging tyas tama, gung ngupadi undhaking kawruhneki, atanapi banyu kinum, angungkuli adheme kang tirta salju, dahana murub binakar, ya iku panasing ati.

12. Luwih panasing dahana, lan srengenge pne padhanging ati, sumeblak nora kabendung, dening ima manampak, lawan malih pralambang galihing kangkung, iku hawa datan obah, ngendhem sajroning ginaib.

13. Susuh angin ngendi (n)ggennya, upadinen ing dalil Kur’an muni, wa ladahu wa karibun, min kabaril wa rita, Gusti Allah reraketan dunungipun, lan rahsa nikmat mupangat, aneng (ng)gon rahsa winadi.

14. Kusuma anjrah ing tawang, pindha kumbang angejap  taleng sepi, iku tirtaning kemumu, lamun tedhuh kawuryan, lir angganing kapuk kataman ing bayu, mratani madyaning jagad, rasekna tumekeng ati.

15. sambung kang wus kawedhar, sinukarta rinambahaken malih , kodhok ngemuli lengipun, raga mangka canthuka, aneng ngerong yeku nyawa isbatipun, karsane kang karya gita, raga angemuli urip.

16. Kang rangka manjing curiga, munggeng jiwa isbate punang ragi, yeku angglungguhi suwung, mangka lamun supena, antuk jaman sayektine nora metu, upama bisa umahya, murut marang tepet sukci.

17. Randhu-alas nut sembukan, randhu-alas isbate punang ragi, sembukan nyawa liripun, kalamun raganira , pisah lawan jiwanta sayekti layu, bali maring ananira, yeku sampurnaning pati.

18. Ana manuk bago buthak, lamun ngendhog neng ngenthak-enthak sepi, dene kalamun jinupuk, juga obah sadaya, kang kadyeku awang-awang uwung-uwung, kang dinumuk ora kena, aneng jagad anglimputi.

19. Suwunge amengku ana, kang winengku udara lawan angin, udara nora lumaku, angin katon lumampah, angin saking kasorotan Sang Hyang Bayu, bisa nagekaken panas,udara obah dadya ngin.

20. Cublak suweng  suwengira, sigelenter mambu ketundhung mundhing, empak empong lira-liru, ing suwung kang mengku ana, mungguh sajroning ngaurip.

21. Cebol arsa (ng)gayuh lintang, jalma lumpuh bisa ngideri bumi, angen-angen jatinipun, lan maneh ingkang wisma, kang tan mambu gagaman apa liripu, iyake ciptaning manah, nganakkeng rupaning panti.

22. Beda ingkang aran wisma, dudu wisma yektine suwungneki, lawan malih suwalipun, endi guru sanyata, tan lyan angin-anginira wit amengku, pangadilan amongraga, jaksa pati pangulu ji.

23. Lan maneh ki bale-atma, emoh lara kalawan emoh mati, mangka raga kang katempuh, kena ing lara pejah, marma kaki denawas tibaning semu, nangulang karsa murbengrat, wit raganta kang nglakoni.

24. Anadene kang udara, jagat gedhe kalawan jagat cilik, yakti tan na bedanipun, napas metu ing grana, nupus metu tutuk abab yektinipun, tanapas metu ing karna, anpas ing netra umijil.

25. Apussakum metyeng raga, renggangane kanang swanita mijil, wuta duduh *) marga tuhu, pangambu antuk ganda, katampan ing ati weruh dunungipun, sinidikken datan cidra, yekti gandaning mamanis.  (*) Prayoginipun/tuduh//

26. Kang aran talining gesang, swasananta tan kandheg rina wengi, tanpa pakon lampahipun, iyaku aran nyawa, balik sapa iya ingkang ngajak turu, lawan ingkang ngajak gesang, tunggale kang ngajak mati.

27. Sapa kang karya ambegan, wit udara meneng datan lumaris, obahe iku ketundhung, dening maujud liyan, iya iku tunggale kang ngajak lampus, nebut enenging udara, dadyambekan  manjing miji.

28. Lira-liru tan apegat, tuhu majing Allah wedalireki, apan Daim aranipun, puji tan keneng pegat, cedhak lawan susuh angin dunungipun, yeku marga parapatan, kumpuling rahsa sakalir.

29. Sigeg ing pamaosira, pangkur barang tumbuk rarasing gendhing, tetangga estri myang jalu, ingkang samya miyarsa, sru karenan kang radi tebih angruruh, labet katemben miyarsa, swara rum amuluh rujit.

30. Lawan lagu jroning praja, titih cetha rentes tatas dumeling, kathah kang samyarsa (n)dulu, marang kang darbe swara, ana kandheg ing plataran  ana laju, mring (n)dhapa tumut lingihan, estri laju maring panti.

31. Panglocitaning wardaya, timbang temen swara lan warnaneki, ki santri dasare bagus, besuse manut sarak, ana ingkang kawetu pangalemipun, rencange nambungi sabda, iku durung animbangi.

32. Lawan kae ingkang ana, lore caket kang (ng)gigit jambe wangi, e e iya kalah bagus, lawan kalah guwaya, mau ssore adan ana masjid agung, swara rum renyah ngumandhang cengket-cengket amantesi.

33. Sing maca iku kang kamad *), ora besus lagune  anyantreni, nahan para dyah keh  kayungyun, mumuji lestarinya, neng Kajoran dumadya kembanging kidung, wus kendel dennira maca, kang miyat wus samya mulih. (*) Prayoganipun kamat.

34. Mas Cebolang long lingira, ulun uning Serat Suluk Hartati, dereng meningi satuhu, ingkang kados punika, sinten ingkang medharken suraosipun, engger ing saestunira, inggih Panembahan ngriki.

35. Manthuk-manthuk Mas Cebolang, e lah kados murad raosnya mathis, kalamung dereng linuhung, sok kaduk  kadhang kirang, sanes ingkang kula aturken  ounika, wonten  ciri etang Bangas, lawan etang kang ari.

36. Winastan dinten gesang , dinten sedheng kalawan dinten lalis, kadiparan etangipun, saweg nembe punika, ulun uning etangan kadi puniku, ki wisma mesem lingir , SEKAR Lonthang  gumanti.

Sumber : Serat Centhini Jilid III, Pupuh 207 Pangkur. Yasandalem KGPAA Amengkurat III (Ingkang Sinuwun paku Buwana V) ing Surakarta.

AAKAlang Alang Kumitir

About these ads

6 Comments

  1. Dhens

    mas artikan pakai bhasa indonesia dong iar sy bisa memahami y…!!!tanks mas..

  2. abdul

    saya tak faham [kurang ngerti]bahasa java …maaf

  3. Kriswinanto

    Meniko sae sanget kagem kito sedoyo, ngurih2 boso jowo

  4. rd uyoh s

    tolong di perjelas lagi dengan bahasa kesatuan republik Indonesia.trims

  5. nderek maos KI

  6. White eagle

    TOLONG LAH MAS VERSI BAHASA INDONESIANYAAA

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: