alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

LAKU UTAMA KINASIH ING DEWA


Ana papat sarat-sarate yen kita arep bisa padang lan jembar tebane kang wajib dilakoni yen pancen kersa nindakake kebagusan, supaya metu nure (cahyane) yaiku kang diarani Nur Muhammad yen pancen kita ngaku umat Muhammad. Ayo pada ditiru ing tembe dilakoni bakal kinasih ing Gusti, marga wis dadi pengawak kang ngresepake ing liyan. Lan uga kita yen gelem ngaku Rakyat Indonesia panutan Ir. Soekarno, kang sayekti bisa tumindak ing pralambang 4 mau iku rak ya kinasih ing mungsuh, kinasih wong sajagad.

Gede cilik, lanang lan wadon, tuwa lan anom, sakabehe polah tingkah kang bisa ngresepake ing sapada-pada yen pancen kersa nglakoni penggawe becik ing ngisor iki sarate.

1. Niyat ingsun sumediya anglakoni ngrukunake sipat 20 kang dumunung ana badaningsun dewe, kang asal pating prentil, kang amrabawani pating prentiling atiningsun. Duh sipat-ingsun, 20 cacahe ayo pada kumpul dadi siji pada rekasa rumeksa, dadiya rahayu ing kene, ya rahayu ing kana polahira, ya polah ingsun, rupanira ya rupaningsun kang ngliputi dening kodrat-ingsun, manuta sakersaningsun Hyang mangarcana masbawa Sang Hyang rukun, rukun dening polah tingkah kang sugih pangapura, ala-ala becika, guyub rukun marang tangga, lan bangsa, ditepung-teoungake dadiya sadulur, sambung menyambung dadi siji, kasiyati teguh kukuh bakuh, rawe-rawe rantas, malang-malang putung, iku tumrap ing awakira, sa-uga Negara kita, iku yen dilakoni bakal kinasih, kaya dene Ir. Soekarna.

2. Niyat ingsun sumedya anglakoni ngurip-urip kayu urip kang kuru, kang dumunung ana ing badaningsun, kang amrabawani kuruning awakingsun. Duh kayuningsun, kang papat cawang 12, kembang 36, godong 144. hayo uripa, sira ngrembuyung, dadiya Rahayuningsun, Rahayu ing kene, Rahayu ing kana, dadiya ngrembuyung kaya dene Ringin Agung, agunge pamengkunira agung pamengkuningsun, Byar subur Ringiningsun, dening Kodratingsun manuta sak karsaningsun, Hong mangarcana masbawa Sang Hyang Ayu, ayu ayom ayem tentrem, tentrem ayem awakingsun tentrem wong se-Indonesia, tentrem dening tindak kang tansah ngayomi ing liyan. Lakune kudu bisa ngendekake angkara supaya ayom.

Dene tapane salawase kudu gawe adem ayome ing sapada-pada kang panas ati dadi ademadema, supaya ayom.

3. Niyat ingsun sumediya nglakoni nangekake pari (rejeki) kang tansah dipangan ama, kang amrabawani dadi rusang-rusang kekurangan, kang ama ing badan ingsun, kang ingsun ninggal Ibu Pertiwi lan Dewi Sri, ingsun sumediya rumeksa Dewi Sri cara kuna-kuna nenangi dalan 8 (wolu) 9 tumeka, lan Sahabat kalima, bisoa harum angambar-ambar wangi kongsi lima cacahe kang wis ana ing badan ingsun, manuta sekarsaningsun. Hong mangarcana maswaba Sang Hyang Arum, arum angambar awangi, wangi dening asmaningsun kang tansah eling lan eman marang kang momongi badaningsun.

Tapane selawase kudu dedana (weweh) yen oman kudu loman adil ing sapada-pada tumitah. Lakune nutupi bolongan Nawa 9 angesti sawiji, lan trisna marang sahabat kalima pancer, supaya arum mawangi, lan kudu gesit tangi,  gesit aja kongsi kerina, kawanen, yen bisa tangi ing wayah byar esuk, anggarap pagawean kang matuk.

4. Niyatingsun semediya nglakoni jujur lan suci, kang uga wis ana sajroning awakingsun, kang wis ilang piyandele, ilang daya kekuatane, kang amrabawani nggayuh-nggayuh rutuh nyandak-nyandak tuna, tansah ringkih kaya dene kewan cacing tanpa aji, gumeregah kaya digugah binukak jroning ati. Hya saiki sira tangiya, kajujuraningsun, sira rumeksoa badaningsun,dadiya jujur, subur, makmur jujuringsun manuta sakersaningsun, dening kodratingsun, Hong mangarcana  maswaba Sang Hyang Jujur, jujur subur teguh kukuh bakuh, teguha omanku, kukuha imanku, bakuha amanku, aman amana bangsaku aman dening polah tingkah kang jujur. Lakune salawase kudu tumindak jujur, tapane betah ora turu, lan betah ora mangan, sinaune nyuda sare lan nyuda dahar, ya nyuda kanepson, sregep nyambut gawe.

Penget : Ngelmu iku kelakone lan panemu, pasahe lan tapa, iku awit kuna-kuna kang diagem embah lan eyang-eyang kita, bayo pada ngabekti marang leluhur embah buyut kita, kang patilasane tansah kuncara.

Pangandikane embah ngger putuku aja pada longkang wewaraha sira, marang tangga lan kanca-kancanira, bisoa nulis Jawa, latin, Arab, kanggo nyateti pitutur iku, jenengna Pengajian paguyuban “Sabda Rukun” yen pitutur “We Yoga Dhi” iki dianggep ADHI, wis disediyani nang  “Toko Sinar Hadi” dene yen dilakoni kanti jujur, mengko tentu makmur.

DIENG KE-INDAHAN EDI TUR AENG
MINANGKA LINTANG PANCA-SILA

Sauwise dilakoni lelakon-lelakon 4 perkara iku kang diarani kawula bisa mangawula ing Gusti, tegese saguh lan agesti sawiji bisa lukar saka bronjong 4 iku tumuli bisa metu nure (cahyane) kaya dene lintang bima sekti, iku kena diarani luhur termashur ing kebagusane, ing kono banjur kasebut manungsa kang asmane luhur, kasebut pinunjul, dasare jujur lan suci disebut Edi tur Aeng sapa weruh mesti wedi tur asih, marga wis kinasih.

Ing tanah Jawa kang nglakoni bisa dadi pepadanging bangsa nganggo dedasar Kalima sabda, sahabat lima, kalima pancer, dadi lambang “Panca-Sila” asimbul lintang ana ing dada garuda manungsa kang pinunjul iku cipta pandita ratu, bisa bukti lan nyata Prabu Ajijayabaya nilari buku jangka Jayabaya saiki nyata. Patih Gajahmada termashur ing kadikdayane bela negara, Kanjeng Pangeran Dipanegara tetep kuncara bela negara lan bangsa. R. Untung tetep kuncara bela negara lan bangsa.

Dr. Sutomo uga kuncara pembela negara, wiwit kuna makuna perjuangan melawan penjajah tansah ganti berganti. Jalma manjalma, kongsi dialami dening perjuangan. Ir. Soekarno kaleksanan nyipta manjalmane Jamus Kalima sabda, dadi Kalimah sahadat, manjalma  dadi Panca-Sila.

Ing tanah Jawa patilasan-patilasan para kuna, kang kuncara iku persasat saben desa ana, sapa kang ora percaya ? Mara jajal yen wani sembrana, sida ketula-tula. Saiki dibanding-banding keliling monca Proja sedonya, endi ana petilasan kang kaya ing tanah Jawa, persasat saben desa ana. Mula iku bangsa-bangsaku yen kersa ayo pada didandani, supaya eling marang dawuh-dawuh leluhur kuna-kuna semono uga ibarate omah kang dipanggoni supaya dilakoni lan dirumat, supaya sabrayat pada harkat, aja mung nganggoni omahe wong liya iku kurang utama, duweke dewe di sepirakake nggunggung duweke tanggane, iku saya suwe saya entek harkate drajate, sandang lan pangane, ya ekonomine, ya kesugihane.

Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi).
————————————
Alang Alang Kumitir

About these ads

3 Comments

  1. Fathkhurrohim Achmad

    sugeng rahayu kangmas kumitir

  2. WAHYU

    kagungan alamat ing facebook mas?

  3. WAHYU

    sugeng dalu mas kumitir…rahayu!

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: