alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

GOLEKANA PITUTUR IKI


BUBAR TUTUG LELAKONE WAYANG

Dene Dalang yen wis tutug anggone mayangake wayang banjur dibubarake, kanti ana prasemon njogetake golek , iku ngemu maksud, golekana pitutur iki, kang kongsi ngerti.

Bubaring wayang, Dalang aja gawe kapitunan, tumrap uba rampene bekakas, kang asal saka silihan, iku dipernah-pernahake, ing panggonan asale kang duwe, lan uga sewane utawa sangune, murih bisa sampurna ing baline Dalang, datan ana rubeda lan sambekala apa-apa, dening polah-tingkahira kang titi tata lan utama, bisa ngereh raga.

Dene yoga kang 17 iku kang rumeksa ing badanira iku supaya diajak pahargyan, aja kongsi agawe kapitunan, elinga yen tansah bebrayan tumekan bubaran, kanti aman sak uwise cukup banjur dawuhana mulih asale dewe-dewe kanti disangoni sakcukupe, minangka panebuse anggone rewang-rewang ing bebrayan, supaya ora angridu-ridu ing lakunira, banjur bisa bali ing panggonan kanti sampurna, lan padang datan ana sambekala apa-apa, dening polah-tingkah kang ngalah plalah, tata titi tatas titis amerak ati (ndemenake).

Prasemon ing duwur iku aja kesusu digugu yen sira durung oleh guru, kang pancen jitu, utawa sarjana kang suci trusing ati, sepi ing pamrih, sakti ing galih.

Ngelmu iku wijange yen nemu guru, yen wis nemu kelakone kanti laku, yen wis lumaku ayeme nyatane katemu, yen ketemu ayeme kaya wong turu.

Pepenget : Yen iki dianggep pitutur ya tuturen, pamacane dibolan-baleni saben bengi, kang nganti ngerti, kanca-kancanira dikandani. Pasahe lan tapa, lega rila sabar drana, welas asih ing sapada-pada, lan aja kesusu nacat yen durung nglakoni, lan nemu guru kang sejati, kaya dene Dewa Ruci, Arabe : inni wajahtu wajahya.

“Kang nonton wayang” prasemone dolanane bocah ilir-ilir, yasane Kanjeng Sunan Kalijaga : Tegese wong ya tiyang, ya saka ya kawul, iku wong kang isih kosong durung duwe watak kamanungsan, tepa slira iku pada wae karo tutukulan kang tansah katut ombaking angin, tegese kawul iku ora watak antepan ati tansah katut ing ombyaking swara, Tiyang tegese  Saka, kang tansah abot sesanggane tansah ora ana marem-mareme, (tentrem) paribasan Jagad arep diempyaki, tegese ahli Nar, tegese ahli panas aten, tegese kemeren marang kabejaning liyan.

Ya iku kang diarani bocah dolan, kaya dene tanduran yen sinawang lagi sumilir, kaya penganten anyar. Jebule dianggep kaya bocah angon, iku kurang aji mungguhing Gusti, mula mbagusana sira ing ati nganggo laku ngereh ubaling napsu panca driya, ya 5 prakara, ibarate blimbing, ya limang waktu, ya limang mlebu, kadang papat lima pancer, cara Arabe Sakhabat papat kalima Kanjeng Nabi, tegese Nabi manungsa kang pinunjul, marga bisa ngereh kadang papat, ayo pada ditiru, ya iki kang diarani “Sakhabat Kalima”, yen wis eling senadyan lunyu dikaya yiyit aya pada digayuh, kanggo masuh labening kang tansah ngayah marang panggawe luput, kang tansah nesu, ya iku kang diarani kotor (najis).

Ya iku yen wis diwasuh bisane resik nganggo banyu 8 (wolu), batin 8 prakara. Iku kanggo seba mengko sore, bakal peteng, tegese kanggo akhire yen wis tuwa, bakal seba ing Pangeran, aja kongsi kapetengan dalan, kudu sediya obor, tegese pepadang.

Pumpung gede rembulane, pumpung jembar kalangane tegese, isih akeh Guru kang pinter, bisa aweh pitutur padanging ati. Pumpung jembar kalangane, tegese isih bisa milih-milih piwulang tegese yen duwe paham kudu dicocokake marang guru kang wis tatas buntas, dene durung marem ya milih-milih maneh, dasar isih jembar kalangane.

Suraka surak uwis, tegese iku kalebu pralambange jaman saiki. Tegese rakyat Indonesia kang trisna marang tanah wutah getihe lan kabudayane dewe kang asal saka Indonesia, kang dadi kawruhe tiru-tiru leluhur kuna Nabi Wali ya iku temen jujur suci ing batin.

Kang dadi dewane panutane Batara Nurrada, tegese batara iku duwur panggonane (angen-angen). Nur = Cahya, ra = Rahsa, d = Dalan. Iku cahya kang pinuji, tegese ratu adil kang ana ing dadane dewe tansah tindak tepa slira welas lan asih.

Panembahan Begawan Abi Yasa, tegese Begawan iku nggawa utawa nganggo, Abi iku becik pakartine, Yasa iku gawe, tegese tansah nganggo pitutur becik agawe tata tentreme awake dewe, munggahing Nusa lan Bangsa, kanggo ambangun “Candi sapta Rengga” kanggo tinggalan anak lan putu.

Dene  Candi iku tegese yayasan kang kuwat lan becik. Sapta artine itungan 7 (pitu), tegese pembangunan kang dilakoni iku ana pitu, tumrap ana ing awake dewe semono uga pembangunan Negara Indonesia, mara jajal itungen, saka guyube rakyat (bersatu), sak piturute.

Rengga, tegesa rerenggan kudu dijaga direngga-rengga diapik-apik pada apura ingapura, urip bebrayan pada gotong royong tumuju marang keslametan saiki lan sesuk-embene, ya iku selamet kene ya selameta ing kana. Rubes saiki, ya rubes embene. Mula pada kang sarwa-sarwi digawe lega, aja jail panasten openan, ya iku kang diarani – ahli Nar – tegese demen marang panas ati (kemeren) bingas-bingus, marga kasumuban panasing njero, wusanane ragane enggal rusak.

Yen mangkono iku ora enak ing awak, iku wajib dandanana barang kang wis rusak, supaya dadiya sanak ngerti ing sarak.

Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi).
————————————
Alang Alang Kumitir

About these ads

2 Comments

  1. alif

    mas, bisa g artikel2x berbhasa indonesia, soalnya sy yg asli org sunda susah mnerjmahknx, kbtulan sy suka bgt sm artikel2 masl AAK nih! mksh sblumx,,,,,

  2. mas mono

    nyimak nggih mas….

    mas Kumitir…nyuwun priksa bab : banyu 8 (wolu)…

    mbok bilih panjenengan rena ing nggalih, kula nyuwun katrangan ingkang trawaca..

    suwun

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: