alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SEJARAH TAPEL ADAM pupuh 25-30


۩۩۩ Pupuh 25 ۩۩۩
KINANTHI

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Sayid Ngabdur Rahman wau, putranipun pan kakalih, pambajeng ran Maolana, Mahmudinil Katir nenggih, kang rayi ran Siti Ngumrah, angangge namaning nini.

  2. Dene Maolana wau, Mahmudinil Katir nenggih, gar-[198]wa ran Siti Pailah, putra Sultan Muhkiyidin, Dulkadir Jaelani Bahdad, putraning Seh Abusalih.

  3. Abusalih kang susunu, Sang Seh Ngabdulah nenggih, Sayid Ngabdulah putranya, Sultan Musajan putraning, Jeng Sultan Ngabdulah Makkal, putreng sayid Kasan nenggih.

  4. Kasan ping kalih puniku, kang puputra Sultan Sayid, Kasan kang kaping sapisan, wau kang winarna malih, putranira Maolana, nenggih Mahmudinil, Kubra nulya Maolana, Kamjudinil Kubra nenggih, anulya Ngabdulah Kubra, nulya Maolana Ibrahim.

  5. Kubra wau kang winuwus, Maolana Mahmudinil, Kubra nenggih, garwanira, nama Siti Asma nenggih, Seh Amad ingkang puputra, anama Sayid Ibrahim.

  6. Asparan ingkang susunu, Sang Imamtus karo Sarip, ingkang wus kocap ing ngarsa, wauta ingkang winarni, Maolana Mahmudinilkubra, sakawan putranireki.

  7. Pambajengira jujuluk, nenggih Seh Jumadilkabir, [199] panenggakira anama, nenggih Seh Ngabdulah Tahir, nulya Ngabdurrahman wau ta, warujunipun pawestri.

  8. Siti Rukannah ranipun, kagarwa sang rajeng Demis, wauta ingkang winarna, nenggih Seh Jumadilkabir, garwa Siti Juharah, nenggih ingkang ngasiwi.

  9. Mlana Kamdinil Kubreku, panggih naksanak Sang dewi, warnanen wau putranya, nenggih Seh Jumadil Kabir, pan sakawan kathahira, jalu kalih estri kalih.

  10. Mlana Kamdinil Kubreku, panggih naksanak Sang dewi, arnanen wau putranya, nenggih Seh Jumadil Kabir, pan sakawan kathahira, jalu kalih estri kalih.

  11. Pambajengira jujuluk, Seh Jumadilkubra nenggih, anulya Siti Kajimah, kagarwa Sultan ing Mesir, anulya Siti Ngajimah, kagarweng Yahman Narpati.

  12. Ingkang waruju jujuluk, Seh Amad Mukamad nenggih, katariman putrinira, Sultan ing Rum ayu luwih, anama Siti Patimah, putreng Sultan Ngabdulkamid.

  13. Ingkang wus kocap rumuhun, nenggih Sultan Ngabdulkamid, apan turun ping sawelas, lan Sultan Mahmudin nguni, kang krama putri Madinah, Siti Kultum atmajaning.

  14. Sultan Jenal Kusenipun, wauta ingkang winarni, putri Rum Siti Patimah, patutan gangsal sang dewi, namane datan winarna, Siti Patimah ngemasi.

  15. Seh Jumadilkubra wau, pan sampun akrama malih, [200] naminipun apan samya, Siti Patimah sang putri, kadang Seh Jumadilkubra, putri ing Siyem nagari.

  16. Sang Kusuma kang susunu, ing Siyem Seh Jakpar Sidik, Seh Japar Sidik punika, sutaning Seh Ngali Dakir, punika ingkang susuta, anama Seh Mangundakir.

  17. Seh Semangun kang susunu, Seh Masiwi kang sisiwi, Seh Ngali Sidik namanya, Ngali Musa kang sisiwi, Seh Japar suteng Seh Kalap, putreng Seh Jenalkamidin.

  18. Sami Siyem prajanipun, anenggih ingkang sisiwi, Sultan Jenalkalim Mekah, putreng Sultan Jenalngali, ing Mekah putraning Sultan, Sarip Jenalkusen nguni.

  19. Wauta malih winuwus, Seh Jumadilkubra nenggih, lan garwa Siti Patimah, putri Rum patutaneki, kang wus kocap ngajeng gangsal, panbajeng namanireki.

  20. Maolana Sultan Tajud-, din Ahmadil Kubra Kali-, patu Mulana Sultan, Mukiyidil Mukamad.

  21. Kubra Kalipatu Ngurul-, mulki ing Mekah nagari, anulya Siti Rakimah, kagarweng Sultan Rum nagri, Sultan Mahmud putreng Murad, putra sakawanireki.

  22. Sultan Ngabdulkamid ing Rum, ingkang wus kocap [201] ing nguni, cinarita dadya Iman, haneng nagri Maso nenggih, tanah nagari Malaka, yen nuju kesah ngejawi.

  23. Seh Sampurna namanipun, gangsal Molana Ibrahim, dados Iman neg Ngasmara, tanah ing Cempa nagari, kang saking Siti Patimah, ing Siyem putra kakalih.

  24. Seh Sambaris putra sepuh, Siti Patimah wuragil, antuk Prabu Anom Cempa, wau Molana Ibrahim, asmara nenggih garwanya, putri ing Cempa nagari.

  25. Warnanira yu pinunjul, nama dewi Siyanwati, suteng raja Awantinab, titiga putranireki, pambanjengipun wanodya, ran dewi Swaranawanti.

  26. Kagarwa marang Sang Prabu Brawijaya Majapahit, putra panenggah kagarwa, marang Molana Ibrahim, Asmara iya kang nama, retna dewi Siyanwanti.

  27. Kang rayi jumeneng, neng Cempa nama gumanti, iya Prabu Awantinab, wus masuk agama suci, anut marang ingkang garwa, dene dewi Swaranwanti.

  28. Kang kagarwa ing Sang Prabu, Brawijaya Majapahit, neng tanah Jawa karanan, Prameswari Dwarawati, dene Prabu Awantinab, ing Cempa garwaneki.

  29. Ya Siti Patimah wau, rining Molana Ibrahim, As-[202]mara lan Awantinab, alap ingalap sawusing, Prabu Anom Awantinnab, anuting agama suci.

  30. Anulya ngalih jujuluk, nama Sultan Sirajudin, wauta Seh Molana, Ibrahim Asmara nenggih, pan kakalih putranira, samya jalu pekik-pekik.

  31. Sayid Ngali ingkang sepuh, ngejawa dalem Geresik, krama antuk sutanira, nenggih sang Arya Baribin, Adipati ing Madura, Sayid Rahman ingkang rayi.

  32. Mring tanah Jawa dumunung, Ngampeldenta Surabangi, kramantuk kaponakannya, ki Harya Teja ing Tubin, anama Nyaigeng Bela, seda lajeng krama malih.

  33. Apan antuk putranipun, ki Harya Teja pribadi, nama Nyaiageng Manila, lan Susunan Ngampel nenggih, kawanwelas putranira, saking garwa kalih Tubin.

  34. Ratu Patimah kang sepuh, putra patutannya saking, nenggih Nyai ageng Bela, antuk Pangeran Ibrahim, Karangkumuning dalemnya, tanah ing Jepara nenggih.

  35. Sasedane lakinipun, ratu Patimah subrangti, mangun tapa neng manyura, lami-lami karang Nyai, nengih Nyai geng Manyura, anulya kagarwa maring.

  36. Kalipah Kusen ranipun, putranira ki Seh Wadi, Seh Wadi putra Seh Kasan, Putreng Sayid Askar nenggih, putraning Sayid Mukamad, Saripkusen kang sisiwi.

  37. Sarip Askab kang susunu, Sang Sarip Mukamad [203] Wukin, putranira Saripkasan, putranira Sarip Ngali, putranira Sarip Amad, putraning Sarip Masarir.

  38. Iman Jahar kang susunu, Sarip Iman Musa nenggih, putreng Sarip Imam Kajar, putranira Sayid Sarip, Rukaniyah namanira, putreng Sarip Jakparsidik.

  39. Japarsidik kang susunu, Seh Iman Mukamadbakir, putreng Maolana Sultan, ya Kabir Mahmudin Ngali, Jenalngabidin Madinah, ingkang wus kocap nguni.

  40. kang panenggah putranipun, Sunan Ngampel saking wingking, Nyaigeng Ratu namanya, kagarwa Susunan Giri, Gajah Kadaton anulya, putra ing Ngampel kaping tri.

  41. Ratu Jumanten ranipun, putra patutannya saking, Nyai ageng ing Manila, Ratu Jumerut raneki, antuk kiageng Brangta Tuban, karan Nyai ageng Tubin.

  42. Kaping gangsal putranipun, apaparab Ratu Werdi, saking Nyai geng Manila, kramantuk Pangeran Kali, Pah kaji Ngusman Malaka, runtut dennya palakrami.

  43. Nenggih Ratu Werdi wau, juluk Ratumas Taluki, nulya Nyai geng Malaka, karan namaning nagari, kang kaping nem putranira, jujuluk sang Ratu Wilis.

  44. Putra saking patutipun, Nyai geng Manila nenggih, [204] Ratu Wilis apaparab, nenggih Ratumas Surani, kramantukPangeran Kalipah, Nuraga dalem Garesik.

  45. Ratu Wilis gya kasebut, Nyai Ageng Tandhes nenggih, kang kaping pitu putranya, ran Pangeran Madum Ibrahim, saking Nyai geng Manila, Pangeran Madum Ibrahim.

  46. Sunan Wahdad julukipun, anyakrakusuma nenggih, adhedhepok aneng Benang, kasebut namaning nagri, nenggih Jeng Susunan Benang, ingkang kaping wolu maksih.

  47. Putra saking patutipun, Nyai geng Manila nami, Pangran Musakeh Mahmud, Sapanjang kang den wismani, anama Pangeran Tumrap, ping sadasa saking wingking, Seh Kapjah Mulya anama, Pangeran Tumapel nenggih.

  48. Neng Lamongan dalemipun, ping sawelas saking wingking, Seh Randhah neng Wanakrama, nama Orang Ayu nenggih, ping kalih welas putranya, wanodya pang saking wingking.

  49. Nyai Mandara ranipun, kaping tiga welas nenggih, putra saking wingking nama, Nyai Amaddarum nenggih, ingkang kaping kawan welas, putra maksih saking wingking.

  50. Nyai Supiyah ranipun, wauta ingkang winarni, [205] Nyai Ageng ing Manyura titiga putraneki, sami patut saking Pangran, Ibrahim Karang Kamuning.

  51. Wanodya pambajengipun, Nyai geng Sampang karabi, marang Kyai Ageng Sampang, putreng Lembu Peteng nenggih, nulya Nyai geng Manyaran, Pangran Manyura wuragil.

  52. Kalipah Kusen winuwus, nenggih denira akrami, lawan Nyai geng Manyura, ambekta putra satunggil, langkung pekik warnanira, dhinaupken lan putraning.

  53. Nyai geng Manyura wau, kang saking Pangran Ibrahim, Karang Kamuning kang nama, Nyai geng Manyaran nenggih, antuk bektan sami bektan, runtut dennya palakrami.

  54. Lajeng tinanem neng Ngudhung, karan Sunan Ngudhung nenggih, tan alami nulya krama, dhaup kalawan putraning, nenggih Kyai geng ing Sampang, tan alami krama malih.

  55. Dhaup lan sedherekipun, nak sanak Susunan Kali, Sunan Ngudhung cinarita, putranira mung kakalih, Sunun Kudus pambajengnya, nulya kang rayi pawestri.

  56. Sang kusuma krama antuk, Pangeran kang Seda Kali, Sunan Kudus garwanira, kang sepuh apan putraning, Kayi Ageng Kali Podhang, garwa panengah putraning.

  57. Ki Adipati ing Terung, garwa ingkang nem putra-[206]ning, Adipati Kandhuruhan, Susunan Kudus winanri, wolu putranya sadaya, pambajengipun pawestri.

  58. Nama Nyai geng Pambayun, putra patutannya saking, garwa sepuh Kali Podhang, nulya Panembahan Kali, dalem bumi tanah Demak, ingaran Paoncawati.

  59. Dadya namane kasebut, Panembahan Poncawati, sasedanira kang rama, Jeng Sunan ing Kudus nenggih, Panembahan Poncawatya, marang ing rama gumanti.

  60. Nama Panembahan Kudus, wauta putra saking, garwa panenggah kang nama, Pangeran Palembang nenggih, kang kaping pat putranira, Pangeran Maos raneki.

  61. Mijil saking garwa sepuh, kang kaping gangsal yo mijil, saking garwa sepuh nama, Pangeran Gageneng nenggih, kang kaping nem saking garwa, ingkang nem namanireki.

  62. Ratu Makaja kramantuk, Pangran Singabarong nenggih, kang kaping pitu putranya, saking garwa nem malih, ran Panembahan Sujaka, putra kang wuragil. Maksih.

  63. Mijil saking garwanipun, nama Pangran Kudus nenggih, kang rayi ran Pangeran Demang, nulya wanodya karabi, mring Panembahan Madura, putraning Jaran Panolih.

  64. Putranira kangwaruju, wanodya kagarwa maring, putranira Panembahan, Madiun namanireki, ya Panembahan Nurawan, Pangran Demang kang winarni.

  65. Sumare Kadiri wau, puputra jalu satunggil, anama [207] Pangran Rajungan, Pangran Rajungan sisiwi, anama Pangran Sarengat, tinanem Kudus nagari.

  66. Puputra kakaloh kang sepuh, Mas Jawa nulya anami, Dyan Arya Suradipura, kakalih putraneki, pambajengipun estri akrama, Cakraningrat ingkang lalis.

  67. Neng kapal nulya rinipun, nama Pangran Poncawati, wau Dyan Suradipura, ing Pathi gangsal putreki, kang sepuh estri akrama, Kudus Jayasentikeki.

  68. Tirtakusuma panggulu, gumatyeng Kudus nagari, putra pamadya gumantya, ing Pathi Dyan Megatsari, Semendhi estri akrama, Pangran Candhana nenggih.

  69. Kang wuragil naminipun, Dyan Martakusuma nenggih, tinanem Kudus predikan, wau Tirtakusumeki, ing Kudus nenggih putranya, nenem pambayun pawestri.

  70. Jeng Ratu Kencana iku, kagarwa Sri Narapati, Sinuhun Prabu Mangkurat, kang rayi Dyan Ayu Sasi, pinundhut malih kagarwa, ngarangulu akekasih.

  71. Ratu Kadipaten iki, kang raka kinubon wingking, [208] nenggih Jeng Ratu Kancana, kang rayi malih pawestri, krama kang rayi nak-sanak, raden Martanongga nenggih.

  72. Nulya kang rayi ranipun, Martakusuma ping kalih, mulyestri den aty Hangga, Kusuma arinireki, raden ayu Wongsengsekar, wau kang winarni malih.

  73. Dyan Martakusuma Kudus, kang kaping kapisan nguni, puputra tiga namanya, raden ayu Pandhansari, kagarwa raden mas Songka, Panembahan Purbayeki.

  74. Kang pamadya putranipun, raden Martanonggo nenggih, pinundhut mantu kang uwa, Kudus Tirtakusemeki, wuragil den ayu Puja, kamantu kang uwa malih.

  75. Dhinaupaken puniku, lan putra ingkang kakalih, ping kalih Martakusuma, Martakusuma sisiwi, kakalih kang sepuh nama, Dyan Arya Martasireki.

  76. Kudus kang rayi ranipun, Tumenggung Martapureki, Garobogan apuputra, pawestri sampun akrami, dhaup lawan pamanira, Dyan Suwandi asisiwi.

  77. Hanggakusuma dyan ayu Purbaya, kakalih putranireki.

  78. Pangran Pubaya kang sepuh, putra kang anem pawestri, paparab Kangjeng Ratu Mas, kagarwa Sri Narapati, Sinuhun Kangjeng Susunan, Pakubuwana ping kalih.

  79. Apuputra Jeng Sinuhun, Pakubuwana kaping tri, [209]  Putra Kangjeng Susunan, Paku Buwana kang kaping, sakawan nulya puputra, anenggih Sri Narapati.

  80. Paku Buwana ping pitu, ing Surakarta nagari, Nabi Adam Pitrattolah, etang sampun turun kaping, wplung dasa langkugira, kakalih ingkang nggabuhi.

۩۩۩ Pupuh 26 ۩۩۩
G A M B U H

 (www.alangalangkumitir.wordpress.com)

  1. Malih sajarahipun, Dyan Ayu Martanongga winuwus, apuputra Dyan Ayu Hendranateki, pan titiga putranipun, samya pawestri yu kaot.

  2. Kang sepuh Raden Ayu, Kramayudanagara Tumenggung, ing Toyamas putra pamadya karabi, kliwon Dyan Sumajayeki, putranya estri kang anom.

  3. Apan kaambil mantu, nenggih mring Rajaniti Tumenggung, dhaup lawan putra kang sepuh pribadi, Ngabehi Nayatruneki, panewu wadana kebon.

  4. Pan dadya garwanipun, Jeng Pangeran Mangkubumi susunu, kang wanodya nenggih paparabireki, Kangjeng ratu Kancaneku, garwanira Sangakatong.

  5. Nenggih Kangjeng Sinuhun, Pakubuwana kang kaping Pitu, kuneng wau gantya sajarah kang saking Jeng Sunan Giri puniku, kang samya baboni kraton.

  6. Jenal Ngalim rumiyin, putra kakalih pra samya [210] jalu, ingkang sepuh paparab Seh Jenalkakim, neng Madinah prajanipun, aneng ing Mekah kang anom.

  7. Nunggak semi ranipun, ya Jenal Ngalim paparabipun, Jenal Ngalim puputra Seh Jenal Kabir, apuputra Seh Najimu, dinil Kabir Mekah manggon.

  8. Puputra Seh Najemu, dinilkobra pan paparabipun, puputra Seh Semangun nulya sisiwi, Seh Kasan nulya susunu, Seh Ngabdulah namaning wong.

  9. Seh Ngabdulah susunu, nama Sayidin Ngabdurrahmanu, putra Maolana Mahmudinilkabir, putra Maolana Mahmud, dinil Kobra maksih manggon.

  10. Neng Mekah putranipun, Seh Mulana Iskak asusunu, apeparab Seh Wali Lanan anenggih, Ngajawa puputra wau, Sri Setmata nama katong.

  11. Ya Sunan Giri iku, apuputra nama Sunan Kidul, iya iku Sunan ing Giri ping kalih, Pangran Seba putranipun, lan Nyaigeng Mani jodho.

  12. Nyai geng Mani iku, kang raka mring kiyageng Nis iku, pang kiyageng Sela sami kang sisiwi, namanya wus karan iku, Nyai Ageng Saba kono.

  13. Danira krama runtut, putra kakalih wuragil jalu, [211] apaprab nenggih Ki Jurumertani, wanodya pambajengipun, warnanira yu kinaot.

  14. Krama nak sanakipun, Pamanahan kiyageng Mantarum, apuputra Panembahan Senapati, apuputra Jeng Sinuhun kang Seda Krapyak sang katong.

  15. Puputra Sultan Agung, ing Mataram puputra Sinuhun, Hamangkurat ingkang sumare ing Tegil, Pangran Puger putranipun, nenggih kang umadeg katong.

  16. Nagri kartasureku, apaparab nenggih Jeng Sinuhun, Sunan Paku Buwana kapisan nenggih, puputra Jeng Sunan Prabu, Mangkurat puputra katong.

  17. Paparab Jeng Sinuhun, Paku Buwana kaping kalih wau, putra Sunan Pakubuwana kaping tri, apuputra Jeng Sinuhun, Paku Buwana Sang katong.

  18. Nenggih kang kaping catur, kang wus mashur Jeng Sinuhun Bagus, Waliyulah puputra Nata kakalih, Sunan Paku Buwana anenggih kang kaping gangsal puniku sang katong.

  19. Ingkang rayi jujuluk, Pangran Dipati Purubayeku, dene Sunan Paku Buwana anenggih, kang kaping gangsal puniku, apuputra Sangakatong.

  20. Kang kaping nem puniku, Jeng Sunan Paku Buwanaku, Sunan Mangun Tapa sakadhangireki, nenggih kang madeg ratu, ing Surakarta kadhaton.

  21. Kang paman Sangaprabu, Pangran Dipati Purbayeku, mengku Surakarta paparabireki, Jeng Sunan kang kaping pitu, Paku Buwana Sang katong.

  22. Wus turun etangipun, ping pitung dasa sekawaniku, [212] dene lamun sajarahira pan saking, nenggih ki Jagaswareku, tedhak kiyageng Karanglo.

  23. Puputra Kangjeng Ratu, Paku Buwana kang kaping wolu, lawan putri ing Juminahan ing uni, garwanira Jang Sinuhun, Paku Buwana sawiyos.

  24. Praptaning Jeng Sinuhun, Paku Buwana kang kaping pitu, saking Adam etang samya turun kaping, nenggih pitung dasa telu, gendeng datan patya kaot.

  25. Nenggih panengenipun, kang samya tumut nedhakken ratu, campur kaping sakawan etangareki, praptane kang kaping pitu, Paku Buwana sang katong.

  26. Mangsuli kang winuwus, mung kang dadya wit kang dhinapur, putra Sunan Prabu Hamangkurat nenggih, kang wus kocap Jeng Sinuhun, Paku Buwana kapindho.

  27. Kang raka parabipun, Pangran Arya mijil saking pungkur, lang kang rayi Pangran Arya Mangkubumi, ngadeg Ngayogya jujuluk, Mengku Buwana Sang katong.

  28. Dene kang raka wau, Pangran Arya nenggih puputranipun, Pangran Adipati Mangkunagareki, apuputra Pangran Prabu, pinundhut mantu sang kantong.

  29. Sunan Surakarteku, Pangeran Prabu puputra wau, [213] nama Pangran Dipati Mangkunagari, kang kaping kalih puniku, dene Ngayogya Sang katong.

  30. Jeng Sultan asusunu, Sultan Mengku Buwana jujuluk, kaping kalih Sultan Kendhang parabneki, Jeng Suntan Kendhang susunu, Mengku Buwana Sang katong.

  31. Kang kaping tri jujuluk, Jeng Sultan Raja paparabipun, tanah Hayam Benggala lawan ing Keling, tanah Jawa sadayeku, kang samya nedhakken katong.

  32. Nengna Nabi Sis rumuhun, mung puputra kalih ingkang kalebu, ing bab dening sajarah panengeneki, Sayid Anwas wus kawuwus, pangiwone winiraos.

  33. Sayid Anwar puniku, nurunaken pangiwa para ratu, tanah hayam Sayidna Anwar winarni, duk aneng dewani iku, Maldewa araning pulo.

  34. Ngalih jujulukipun, Sang Hyang Nurcahya paparabipun, apuputra Hyang Nurasa putraneki, Sang Hyang Wenang asusunu, Hyang Tunggal putra kinaot.

  35. Paparab Sang Hyang Guru, Hyang Bathara Brama pu-[214]tranipun, apuputra Bramasaddhara sisiwi, Brama Satapa jujuluk, Sang Hyang Tri Trustha kinaot.

  36. Sang Tri Trustha susunu, Sang Parikenan paparabipun, putra Resi Manumanasa anenggih, Manumanasa susunu, Sakutrem Resi kinaot.

  37. Sang Sakri putranipun, apuputra Palasara Prabu, putra Abiyasa jujulukireki, Kresna Dipayana Prabu, Ngastina puputra katong.

  38. Nenggih sang Prabu Pandhu, Dewanata Ngastina susunu, Dananjaya paparab Prabu Karithi, puputra radyan Bimayu, apuputra Sanga katong.

  39. Sri Parikesit Prabu, ing Ngastina punika susunu, Yudayana puputra Sri Narapati, Sri Yudayana susunu, Gendrayana putra katong.

  40. Sri Jayabaya Prabu, ngalih kadhiri kadhatonipun, apuputra Prabu Jayamijayeki, Jayamijaya susunu, Jayamisena Sang katong.

  41. Makasi  kithanipun, ing Kadhiri apuputra sang Prabu, Sri Kusumawicitra sang katong nangging, nulya puputra Sang Prabu, Purwacarita kadhaton.

  42. Puputra Sri Mapunggung, apuputra Kandhiawan Prabu, amekasi aneng jenggala sisiwi, paparab Resi Gathayu, ya Lembu Subrata katong.

  43.  Putra Lembu Miluhur, ya Sri Dewakusuma jujuluk, [215] putra Panji Marabangun, paparab neki, Sang Prabu Suryawasesa Prabu, nulya puputra Sang Katong.

  44. Kudalaleyan iku, jujuluk Prabu Suryamiluhur, amekasi Jenggala ngalih nagari, Sang Prabu Suryamiluhur, neng Pajajaran ngedahaton.

  45. Ngadeg ngalih jujuluk, nenggih Mesatandreman sang prabu, apuputra sang Prabu Banjaransari, Banjaransari susunu, Mundhingsari raning katong.

  46. Nulya puputra Prabu, Sri Mundhingwangi nulya susunu, Prabu Gondakusuma ingkang mekasi, Pajajaran asusunu, Jaka Suruh madeg katong.

  47. Majapahit jujuluk, Prabu Bratakusuma puniku, puputra Sri Handaningkung parab neki, Sang Prabu Brawijaya, ping sapisan putra katong.

  48. Hayam Wuruk jujuluk, kang kaping kalih Brawijayeku, apuputra Lembu Amisani, Brawijaya kaping telu, nulya puputra Sang katong.

  49. Brawijaya ping catur, Prabu Bratanjung jujulukipun, apuputra Prabu Brawijaya kaping, gangsal mungkasi puniku, ing Majapahit karaton.

  50. Brawijaya susunu, Raden Bondhan Kajawan ranipun, apeparab Lembupeteng Tarub nenggih, puputra kiageng iku, Getas Pendhawa dhudhukoh.

  51. Puputra naminipun, Kiageng Sela nulya susunu, [216] pan Kiageng Ngenis nulya asesiwi, nenggih Kiageng Mantarum, Pamanahan puputra katong.

  52. Madeg nagri mantarum, Panembahan Senapati iku, ing Ngalaga puputra Sri Narapati, kang sumare Krapyak iku Jeng Sultan Ngalaga katong.

  53. Puputra Sangaprabu, Sultan adi iya Sultan Agung, apuputra Jeng Sunan Mangkurat nenggih, kang sumare Tegalarum, puputra kalih Sang katong.

  54. Sunan Mangkurat nenggih, ping kalih madeg Kartasureku, ingkang rayi Pangeran Puger Dipati, gumatyeng Kartasureku, nenggih jujuluking katong.

  55. Paparab Jeng Sinuhun, Paku Buwana kapisan iku, putra Sunan Prabu Hamangkurat nenggih, apuputra Jeng Sinuhun, Paku Buwana kapindho.

  56. Mekasi kithanipun, ing Kartasura ngalih kadhatun, aneng Surakarta diningrat nagari, apuputra Jeng Sinuhun, Paku Buwana sang katong.

  57. Nenggih kang kaping telu, Sunan Prakoswa paparabipun, putra Sunan Paku Buwana kang kaping, sakawan Sinuhun Bagus, Waliyulah putra katong.

  58. Nenggih Kangjeng Sinuhun, Pakubuwana kang kaping pitu, etang sampun turun sawidak satunggil, kang saking pangiwanipun, kang panengen winiraos.

  59. Wus turun wolung puluh, langkung kakalih seja-[217]rahipun, mila kathah kaote sejarah neki. Tengen lan pangiwanipun, ingkang mawi denirandon.

  60. Sayid Anwar rumuhun, prapteng jaman Nabi Brahim durung, palakrama maksih banter mati ragi, turun ping lima mas iku, nenggih jeng Nabi kinaot.

  61. Saking raka wau, Sayid Anwas yeku purwanipun, kuneng wau nenggih kang winarna malih, sajarahing para ratu, ing Keling lan Minangkabo.

  62. Jawa lan Benggaleku, wau wiratha sajarahipun, kumpulira lawan ing Ngastina nenggih, putranira Sang Hyang Guru, kang kinarya asmareng don.

۩۩۩ Pupuh 27 ۩۩۩
ASMARADANA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Putranira Hyang Pramesthi, nenggih Bathara Kesewa, Sang Hyang Wisnu paparabe, puputra Sri Basupati puputra.

  2. Nama Prabu Basukesthi, putra Sri Basukiswara, nulya puputra sang katong, Sri Durgadana paparab, Maswapati Wiratha, putrestri wuragilipun, Dewi Utari namanya.

  3. Pan dadya garwanireki, radyan Bimayu putranya, Sri Parikesit sang katong, wonten malih kadangira, Sang Prabu Durgadana, Dewi Durgadini wau, kagarwa Sri Palasara.

  4. Ngastina puputranireki, Sang Bagawan Abiyasa, pan [218] dadya kumpul kapindho,  kuneng ta sejarahira, Mandraka kang winarna, Manumanasa susunu, kakalih pra samya priya.

  5. Kang sepuh namanireki, Rsei Sakutrem rinira, raden Srhati, puputra Sri Naranata, Hartati ing Mandraka, Mandrakusuma jujuluk, puputra Sri Hartadriya.

  6. Puputra Sri Narapati, Sri Mandradipa puputra, Narpati Salya arine, Dewi Madrim pan kagarwa, ing Pandhu Dewanata, kuneng malih kang winuwus, ngatas angin ing Benggala.

  7. Mila pinurwa kang kawi, dene campur sajarahnya, lawan sang Brama tedhake, putraning Hyang Girinita, Sang Hyang Bayu puputra, Hyang Sumarma parabipun, puputra Bathara Tontra.

  8. Bathara Tontra sisiwi, anama Sang Hyang Guritna, Resi Sumbawa putrane, puputra Sri Mintabasa, putra Kuntadrupara, Hyang Basuki putranipun, puputra Prabu Maruta.

  9. Putra  Nateng Ngatasangin, Sri Baratmaja puputra, Bambang Kumbayana rane, paparab Pandhita Druna, kuneng malih winarna, sajarah Cempala Prabu, saking ing atas maruta.

  10. Nenggih Resi Basuki, puputranira kang taruna, Prabu Senggara parabe, puputra Prabu Druwasa, puputra Sri Drupada, kuneng malih kang winuwus, trahira Sang Sayid Anwas.

  11. Campure lan tedhakneki, ingkang rayi Sayid An-[219]war,  nenggih Benggala sang katong, ingkang kinarya witira, Prabu Samud puputra, Prabu Kadir asusunu Prabu Ngabid apuputra.

  12. Sang Prabu Asab sisiwi, Raja Ngabidin puputra, Nabi Saleh paparabe, jeng Nabi Saleh puputra, nama Sapwadiraja, Raja Sapwadi susunu, paparab Nabi Kantalah.

  13. Nabi Kantalah sisiwi, nama Sang Prabu Nirkanta, Sri Kanta Limut puputra, Prabu Ramut putranira, puputra Sri Ramlamat, apuputra Sang Aprabu, Jantanis nulya puputr.

  14. Sang Prabu Sang Lut asisiwi, Raja Saduk putranira, Sang Prabu Sadik putrane, Prabu Japrani namanya, putra Targani raja, Nateng benggala susunu, Prabu Sangadik namanya.

  15. Apuputra Sang Maharsi, Wimasucondra anama, putri Mantilirojane, Dewi Tunjungbiru nama, puputra Dasarat, Ngayodya puputra Prabu, Sang Bathara Rama Badra.

  16. Sri Ramabadra sisiwi, Sang Prabu Rama Batlawa, ngalih Pamdherek kithane, winastan nagri Madura, Prabu Ramabatlawa, putra kalih samya jalu, kang spuh Dyan Kunthiboja.

  17. Dyan Kunthi Sam kang taruni, gumatyeng nagri Mandura, kang raka kesah prang kasor, ngejawa prapteng Talkondha, bawah nagri Wiratha, suwiteng Prabu Sentanu, Talkondha langkung sihira.

  18. Sri Dyan Kunthiboja nenggih, pinanggihken lan [220] arinya, Dewi Santari namane, nulya kinen dmununga, aneng wana wekasan, winastanan Mandureku, sinami samaning praja.

  19. kang tinilar Mandureki, Sr Kunthiboja puputra, Dyan Basukunthi namane, pinundhut mantu kang uwa, santanu putrinira, warnanya ayu pinunjul, Retna Bandondari nama.

  20. Patutira lan sang dewi, Durgandini lan Wiratha, Basukunti madeg katong, lan kang garwa wus puputra, kang sepuh namanira, Sri Basudewa jujuluk, Dewi Kunthi arinira.

  21. Kang rayi namanireki, Harya Prabu arinira, Ugrasena wuragile, Dewi Kunthi pan kagarwa, ing Pandhu Wewanata, wau Basudewa Prabu, puputra titiga namanya.

  22. Dyan Kakrasana anuli, kang rayi Dyan Nayarana, Wara Sumbadra arine, kagarwa radyan Arjuna, krama kadang nak-sanak, kuneng malih kang winuwus, mangsuli sajarahira.

  23. Nenggih negari Mantili, Sang Hyang Dimeja puputra, kalih kang sepuh namane, Prabu Danuja arinya, Danuwati wanodya, kagarwa Sumali Prabu, nenggih Yaksendra Ngalengka.

  24. Dene Danuja narpati, Mantili puputra tiga, Dewi Marawa namane, panenggakira anama, Tunjungbiru sang retna, putra priya kang waruju, Sri Danupati gumantya.

  25. Karaton nagri Mantili, puputra Prabu Janaka, wi-[221]nangsulan caritane, Dewi Marawa akrama, kagarwa Sri Narendra, Banowati Ngayodyeku, puputra Sri Banoputra.

  26. Lan Ratmeja Maharsi, dene Prabu Banuputra, namung sajuga putrane, Dewi Ragu pan kagarwa, mring raden Dasarata, pamaning nak sanakipun, wau malih kang winarna.

  27. Retna Tunjungbiru nenggih, kagarwa Wimasucondra, apan sakawan putrane, Suma Resi kang atuwa, penenggak resi Kala, Sumaraja arinipun, wuragil Dyan Dasarata.

  28. Kuneng malih kang winarni, Maospati sejarahnya,  Bathara Yama putrane, Bathara Surya puputra, Sang Hyang Rawiyatmeja, Hyang Karaba putranipun, puputra Hyang Dewangkara.

  29. Hyang Dewangkara sisiwi, Hyang Dewanggana puputra, Hyang Dewasana putrane, kakalih pra samya priya, sepuh Prabu Heriya, Wisanggeni kang waruju, dene Sang Prabu Heriya.

  30. Kakalihputyranireki, sepuh Prabu Kartawireja, Resi Gotama arine, Gotama puputra tiga, Retna jani kang tuwa, Dyang Subali arinipun, waruju radyan Sugriwa.

  31. Dene Prabu Maespati, Sri Kartawireja puputra, Sasrabahu paparabe, ya Prabu Harjunasasra, pan turun kaping sanga, saking Sang Hyang Maya wau, lan Prabu Harjunasasra.

  32. Dene Resi Wisanggeni, pan kakalih putranira, [222] putra kang sepuh arane, Suwandagni arinira, Resi Ramabargawa, dene Suwandagni wiku, puputra kakalih priya.

  33. Kang sepuh raden Sumantri, paparab Patih Suwonda,  dyan Sukasrana arine, kuneng malih kang winarna, sajarah ing Manggada, Sang Prabu Targani wau, pan kakalih putranira.

  34. Kang sepuh Prabu Sangadik, jumeneng aneng Benggala, Sang Prabu Jisis kang anom, Prabu Jisis apuputra, Sang Prabu Citradarma, Citradarma asusunu, kalih kang sepuh wanodya.

  35. Nama Dewi Citrwati, kagarwa Harjunasasra, kang rayi jalu namanya, Dyan Citrgada gumantya, mengku nagri Manggada, kuneng malih kang winuwus, sajarah ing Lokopala.

  36. Putranira Hyang Pramesthi, Bathara Sambu puputra, Hyang Sambodhana putrane, esthi Jumili puputra, nama Resi Ilamula, Sidhi nenggih putranipun, nama Prabu Deradhana.

  37. Ing Lokapala prajeki, pan kakalih putranipua, Resi Wasistha namane, kang anem Sri Dhanurdhana, gumantyeng Lokapala, dene ta kang raka wau, Resi Wasistha puputra.

  38. Resi Pulastha nameki, puputra sang Resi Padma, Resi Wisrawa putrane, puputra Sri Wisrawana, ya Prabu Danaraja, wau Dhanurdhana Prabu, ing Lokapala puputra.

  39. Sang Prabu Handanapati, puputra Sri Lokawana, [223] ing Lokapala sang katong, puputra estri sajuga, Dewi Lokati nama, sang dyah pan kagarwa wau, dening Resi Wisrawa.

  40. Puputra Sri Dhana, Wisrawana Lokapala, kuneng malih winiraos, sajarahing Ngalengka, putra Hyang Girinata, Sang Hyang Brama putranipun, Dewi Bremani namanya.

  41. Kusuma Dewi Bremani, kagarwa Bremana raja, puputra estri namane, Bremaniwati kagarwa, banjarpanjali Raja, Jatimurti putranipun, puputra Bremanakondha.

  42. Bremanakondha sisiwi, Getah Banjaran puputra, Bremanatama putrane, Dewi Brenayi kagarwa, ing Yaksendra Puksara, puputra kalih sang Prabu, kang sepuh Prabu Malyawan.

  43. Lawan Yaksendra Sumali, kramantuk Mantilireja, Prabu Sumali putrane, kalih kang sepuh wanodya, Dewi Sukesi nama, Prahestha putra waruju, Dewi Sukesi kagarwa.

  44. Ing Resi Wisrawa nenggih, ing Lokapala puputra, sakawan sepuh namane, Sangaprabu Dasamuka, Panenggak Kumbakarna, kang rayi pawestri wau, nama dyah Sarpakenaka.

  45. Putra ingkang muragili, nama raden Wibisana, jangkep sakawan putrane, telas aluring sajarah, panengen lan pangiwa, gantya kang winarneng tembung amrih acunging carita.

۩۩۩ Pupuh 28 ۩۩۩
P U C U N G

 (www.alangalangkumitir.wordpress.com)

  1. Amangsuli carita ingkang winuwus, Sayidina Anwar, [224] nenggih kang winarna malih, sasedane kang eyang Nabi Adam.

  2. Saya nglangut panjuming pangesthinipun, hardanireng dadra, dennya sumedya dadya di, binekdakna dennya dumadi neng donya.

  3. Aywa kongsi rubeda tumekeng dudu, kadya yangira Dam, tanpa tuwas ing dumadi, namung yuswa sangang atus sawidak warsa.

  4. Nulya seda nora langgeng uripipun, rinasa sangsaya, karasa ing tyasireki, yen maksiya anut agamning eyang.

  5. Sayektine maksih keneng lara lampus, becik ing agesang, nganggo budine pribadi, aneng donya nutugi sabudinira.

  6. Kang kaesthi wus pinasthi cethanipun, nguni Pangerannya, yoga brangtanira maksih, ginantungan kang luwih geng nugrahannya.

  7. Kinen nutugaken dennira don ngalngut, wusnya ngartikeng tyas, Sayidin Anwar nulya glis, mudhun saking sapucaking Baot arga.

  8. Jajah wana jurang guwa gunung-gunung, ing pundi gen ingkang, gawat-gawat singit-singit, sela angker kayu aeng lemah sangar.

  9. Wus jinajah tan na waler sangkeripun, dhasar timur mila, dennya karem mati ragi, sawarnining tapa sampun linampahan.Pan ing mangke sangsaya winantu-wantu, goga brangta nira, marma saciptane dadi, Sang Hyang Suksma tuhu yen asipat rahmat.

  10. Sayid anwar jinising manungsa tuhu, anak putu Adam, teka mrih tan keneng pati, parandene tinekan sasedyanira.

  11. Iya saking nemening panedhanipun, mring kang Murbeng Jagad, tapane den sembadani, pirang atus tahun dennya mati raga.

  12. Ingkang dereng kambah alas gunung-gunung, jurang [225] guwa-guwa, kang siluk kang sungil-sungil, pan ing mangke jinajah sadayanira.

  13. Tanpa sedya mung nganut paraning suku, dennira alelana, mayeng ngubengi pasisir, duk samana Sayid Anwar lampahira.

  14. Nuju kendel satepining samodragung, laut tanah Ngerak, sinung waspadeng Hyang Widdhi, aningali saluhuring jaladiyan.

  15. Wonten katon kakalih kadya gumantung, gumandhul neng tawang, Sayid Anwar mesat aglis, arsa wruh aparek lan arsa tatanya.

  16. Mung sakedhap netra prapteng ngarsanipun, dereng kongsi tanya, kang gumantung andhingini, wuwusnya rum heh Anwar bageya.

  17. Putu Adam suteng Nabi Sis sireku, iya kang taruna, ibu Hapsari swargadi, sangkanalit genira amati raga.

  18. Kongsi mengko tyasira durung mantra wus, pirang [226] atus warsa, kepati-pati begpati, nora liyan kang sira cipta ing driya.

  19. Mung luputa ing lara kalawan lampus, myang guna sektinya, linuwihna saking jing jim, sining jagad nora nana kaya sira.

  20. Kongsi weruh gon siksaningsun ginantung, ejim miwah setan, tan ana sinung udani, namung malaekat ingkang sinung wikan.

  21. Ligi sira iku ingkang sinung weruh, Ibnu Sis miyarsa, kumel tyasnya esmu ajrih, dene langkung sidike paningalira.

  22. Sadurunge winarah sadaya weruh, dadyaris tatanya, lah sinten tuan puniki, jinising jim punapa jinis manungsa.

  23. Dena jenak wonten ing tawang gumantung, boten kesah-kesah, kang gumantung anahuri, ingsun dudu jinis jim miwah manungsa.

  24. Sayektine jinising malekat ingsun, ran Ngijan Ngijaya, wus kasiksa wak mami, ingaranan Aruta lawan Maruta.

  25. Purwanipun ngong antuk dukeng Hyang Agung, gumantung neng tawang, keneng sikuning Nabi Dris, ingsun duwe kalethek jroning wardaya.

  26. Kaduga  yen tinuruna raganingsun, marang ngalam donya, dadya ratu kang ngluwihi, mring Nabi Dris pangratanireng agama.

  27. Tinurutan mring Hyang kang Maha Luhur, tinurunken ingwang, madeg ratu nagri Babil, lawas-lawas ingsun kinenan ing coba.

  28. Pan kasmaran marang dyah kongsi salulut, dadya [227] nemu duka, siniksa mangkene iki, duk jamane Nabi Dris panggantungira.

  29. Prapta mengko iya pirang atus tahun, besuk luwar ingwang, jangjine lamun wus lahir, Kangjeng Nabi Mustapaniyakaningrat.

  30. Purwa madya wasana sampun tinutur, karsaning Hyang Suksma, dene sira bisa prapti, ing goningsun sartane pinaring ilham.

  31. Sinung weruh gon siksaningsun ginantung, aneng ngawang-awang, yekti yen wenang sireki, anampani kabeh ing sakawruhira.

  32. Lah dene ge majuwa mring ngarsaningsun, sira tampanana, iya ing sakawruh mami, ngelmuning Hyang kang ginadhuhken maring wang.

  33. Sigra maju Sayid Anwar wus winuruk, palak palakiyah, ngelmu nujum ngiluduni, myang lakuning surya wulan lawan lintang.

  34. Wruh ingering jagad ing sasaminipun, ingkang bangsa hikmah, kalawan winulang malih, wruh basane ing sakutu walang taga.

  35. Pan sadaya Sayid Anwar sampun putus, ing sakawruhira, Malekat gumantung kakalih, Sang Aruta Maruta lan wuwusira.

  36. Heh ta anwar sireku wus badan alus, trahing Nabi Adam, kacampuran trahing Ngejim, kasepuhan sing matenging tapanira.

  37. Wus tan kena ing lara kalawan lampus, langgeng [228] uripira, kongsi prapteng jaman akhir, nanging iya kurang utamane pisan.

  38. Aja tanggung becik banjura sireku, iya marang lulmat, angambila banyu urip, anginuma sartane sira adusa.

  39. Banyu urip tirta marta kamandhanu, panguripan sajagad, Sayid Anwar matur aris, yen makaten kawula anuwun tedah.

  40. Panggonane ingkang tirta kamandhanu, ing sapaken tuwan, kawula darmi nglampahi, Sang Maruta  Aruta pan wuwusira.

  41. Panggonaning luwih ewuh lan pakewuh, tegese ing lulmat, tanah kang peteng tan sipi, kang tan pisan-pisan kasonganing surya.

  42. Kajabaning peteng luwih adhemipun, obor nora kena bisa, urip pinanganing atis, nanging lamun sira kang manjing ing lulmat.

  43. Nora susah nganggo obor geni murub, pan wus cahyanira, kang dadi obor madhangi, nanging nadyan padhang atise kaliwat.

  44. Utamane pisan nganggowa sireku, pan ana saratnya, yen prapteng lulmat sireki, ana katon buron singa barong seta.

  45. Den agupuh cekelen pasthi ing bathuk, ana ciuci-[229]nya, iyaku bedholen nuli, sira peta lengane sipatna netra.

  46. Lan borehna den wrata hangganireku, pasthi wuwuh padhang, lan kuwatan kenen atis, yen tanana mung den mantep tekatira.

  47. Kayata duk dinuta nggambar swargagung, mring eyangira Adam, antepe ing tyasireki, anrang baya kantaka, pratignyanira begpati, den mangkono antepira manjing lulmat.

  48. Keneng atis suku mati nora mundur, yekti sira bisa, angambil ing banyu urip, dening prenahing lulmat hangubengana.

  49. Sajabaning langit kabeh iku tepung, lor kidul myang wetan, lamun sira aningali, ana peteng pupungkasaning samodra.

  50. Pedhut ireng kaya mendhung angendhanu, ya iku ing lulmat, lah uwis mangkata aglis, sun jurungi muga rahayu neng paran.

  51. Wusnya telas welingira kang gumantung, Sayid Anwar sigra, umesat saengga thathit, pan sakedhap sajabaning langit prapta.

  52. Ingubengan lor kulon wetan myang kidul, tepung temu gelang, Sayid anwar aningali, pedhut ireng kadi mendhung alimengan.

  53. Linebetan prapteng gene lulmat sampun, madhangi cahyanya, ing ngarsa myang kanan kering, ingkang tebih maksih peteng alimengan.

  54. Dadya bingung tan wruh lor kulon myang kidul, [230] tumindak tan bisa, kami kekelen ing atis, aningali buron tanana katingal.

  55. Dadya Sayid Anwar wus pratikyeng lampus, atise sang saya, kami kekelen tan sipil, getih kenthel ngarekel otote samya.

  56. Kadya pecat sadaya babalungipun, gumuling kantaka, keparag kekeling atis, pan angringkel kadya tatas nyawanira.

  57. Kuneng ingkang aneng lulmat maksih kantu, kami kekelen ing atis, yata wau kang winuwus, nenggih sang malekat karis, ingkang wus kayangan manggon.

  58. Aneng wukir dhasar sapucuking gunung, tutupe kang nerakapti, wruh kalamun wayahipun, neng lulmat pinarag atis, tan kuwawa kantakenggon.

  59. Sang Ijajil gya mesat sakedhap rawuh, ing lulmat lampahireki, manjing ing pepeteng sampun, pan sarwi ambekta api, neraka kinarya obor.

  60. nora mati dening atis maksih murub, padhang ing lulmat kaeksi, sayidin Anwar kang kantu, gumuling gya den prepeki, ingkang kantaka karaos.

  61. Sarirane kasumukan panasipun, api naraka mari atis, wungu pungun-pungun ndulu, maring Pangeranireki, Sayid Anwar sujud gupoh.

  62. Sang Ijajil meseming tyas lingira rum, heh Sa-[231]yid Anwar sireki, wus sun karya badan alus, tan kena ing lara pati, langgeng urip prapteng don.

  63. Teka dadak pindho karya tyasireku, nedya ngambil banyu urip, amrih nora keneng lampus, nanging ya luwih utami, tyasira ingkang mangkono.

  64. Lah to payo sun tuduhaken sireku, prenahing gon banyu urip, Sayid Anwar sandika nut, mring Ngijajil sampun prapti, gen tirta marta lingnya lon.

  65. Lah ta iku iya kang peteng ngendhanu, ting parentul banyu saking, sagara rahmat  ya iku, banyu urip lah ta aglis, nginuma adusa kono.

  66. Sayid Anwar sigra minum sarya adus, wus nora angrasa atis, kasumukan panasipun, obore kang nerakapi, nikmat ting ngongga karaos.

  67. Langkung saking nikmat lan manpangatipun, panginume toya urip, Sang Ijajil alos muwus, lah nya sira sun paringi, kang pusaka cupu karo.

  68. Siji kothong siji maksih isinipun, ingkang isi cupu manik, kang kothong asthagineku, isenana banyu urip, iku duk Nabi padudon.

  69. Adam Kawa dennyarsa jodhoken sunu karsane Nabi putrestri, ingkang ala antuk bagus, wadon ingkang ayu luwih, jinodho lanang kang awon.

  70. Babu Kawa nyulayani marang kakung, kang dadya [232] karepireki, wadon warnane kang ayu, jodhowa lanang kang pekik, awon jinodho samya awon.

  71. Nora nana ngalah padha kencengipun, Nabi Adam dadya kardi, pratandha lan garwanipun, padha metokaken mani, winadhahan cupu karo.

  72. Jangji kang tandadya bayi kamanipun, manuta marang kang dadi, bayi ing sakarepipun, dadi namanira Esis, Babu Kawa kamanipun, tanpa dadi kama maksih, eneng jroning cupu wutoh.

  73. Dadya manut Babau Kawa marang kakung, dennya hanjodhoken siwi, cupu ingkang kothong iku, isenana banyu urip sakebake gonira mot.

  74. Yen ombakna marang wong sajagad iku, norantek kang bayu urip, dene cupu manik iku, kasektene nora keni, brongta marang ing wong wadon.

  75. Lawan ora kena sayah lawan lesu, miwah arip lawan ngelih, panas tuwin adhem luput, yen ngrasa ngelih lan arip, panas atis myang kaleson.

  76. Angambunga marang cupu manik iku, kabeh karepe [233] pan mari, Sayid Anwar sukeng kalbu, wus tinampan cupu kalih, kang isi lawan kang kothong.

  77. Cupu Nabi Adam kang kothong pan sampun, ingisenan banyu urip, apanta sakebekipun, Sayid Anwar lan Ngijajil, saking ing lulmat wus miyos.

  78. Prapteng jawi sang Ijajil alon muwus, heh Sayid Anwar den aglis, banjura lakunireku, mring sakidul Malebari, pan ing kana ana pulo.

  79. Aran pulo Maldewa pan maksih suwung, pan durung kisenan jalmi, Maherosa raning gunung, neng kono matiya ragi, luwihna kang wus kalakon.

  80. Atapaa angon surya pucak gunung, yen bengi anduma warih, yen wus genep pitung tahun, ing kono pasthi tibaning, iya kanugrahaning ngong.

  81. Marang sira nugraha kang luwih gung, sakiduling Malebari, kabeh pulo maksih suwung, dadi kayanganing ejim, durung ana kisenan wong.

  82. Sang Ijajil wusnya telas welingipun, nulya musna tan kaeksi, Sayid Anwar sukeng kalbu, marang ing Malekat Karis, uni pasthi anggeping batos.

  83. Lamun tuhu Pangeran kang Maha Luhur, lagyarsa mangkat miyarsi, ana swara nguwuh-uwuh, heh Sayid Anwar den aglis, sira ngambila maring ngong.

  84. Wruhanira kayu sewan aranipun, sandilata ma-[234]osadi,  pangurip sagung tumuwuh, kabeh saisining manungsa myang sato.

  85. Kutu walang taga lamun ana lampus, kang durung tumibeng pesthi, ungkulana oyodingsun, sayekti yen urip malih, Sayid Anwar nolih anon.

  86. Kayu aking wit godhonge samya wulung, ingkang bisa basa jalmi, akon ngambil nguwuh-uwuh, sigra dennya marepeki sambilata wus binedol.

  87. Winadhahan sajroning cupu jumerut, wadhahe kang cupu manik, Sayid Anwar mesat sampun, ing marga datan winarni, sakedhap lampahira jok.

  88. Sakidule malebari pan saestu suwung, kathah pulo kang kaeksi, sadayane maksih suwung, dereng wontwn kisen jalmi, Sayid Anwar niyup gupoh.

  89. Marang pulo Maldewa apan jumujug, nenggih Maerasa wukir, lajeng tapa pucak gunung, tapa ngon lampahing rawi, lamun enjang dennya lunggoh.

  90. Madhep ngetan yen bedhug tumengeng luhur, lamun lingsir kilen ngalih, madhep ngilen dennya lungguh, yen dalu angumming warih, lamun enjang wangsul ing gon.

  91. Madhep ngetan aneng sapucuking gunung, angon lampahing Hyang Rawi, wusnya dugi pitung tahun, pan amung kirang sapta ri, wanci bedhug dennya lunggoh.

  92. Nengeng luhur anon kang samya tumurun, kakejer [235] luhurireki, wetara pitung penggayuh, jroning surya den tingali, ana kaki-kaki lunggoh.

  93. sampun ciklu busanane sarwa wulung, jenggote panjang aputih, lunggweng palongka jumerut, sila tumpang dennya linggih, Sayid Anwar nalika non.

  94. Nora samar namun kalamun Pangeranipun, ingkang munggeng jroning rawi, Sayid Anwar sigra sujud, kang nuksmeng surya lon angling, heh ta Anwar yoganingngong.

  95. Pan wus tutug ing mengko tapanireku, angon lakuning Hyang Rawi, tutupe ing pitung tahun, anamung kurang sapta ri, liwat sukaning tyas ingong.

  96. Dene sira ngestokken sapakoningsun, tapa ngon lakuning rawi, tan osik ing pitung tahun, iya tampanana aglis, samengko nugrahaningong.

  97. Marang sira nugrahan kang luwih agung, sira apan ingsun kardi, wijining para ratu, neng kene babarna wiji, sarta lan pituduh ingong.

  98. Ing Maldewa ana ratu jim pinunjul, jujuluk Raja Nuradi, Mahadewa parabipun, hambeg santa satu budi, duwe anak siji wadon.

  99. Retna Dewi Nurini paparabipun, diwasa durung akrami, cahyane nukmeng sitangsu, iyeku kang pasthi dadi, jodhonira prapta ing don.

  100. Wenang madhana ing nugrahaningsun, kang wus [236] tumibeng sireki, tusing Nabi ingsun campur, iya lawan trahing ejim, dadya wijining pra katong.

  101. Retna Dewi Nurini lan sira besuk, patutan jalu sawiji, luwih pekik warnanipun, tur mawa cahya nelahi, lawan sira wus tan loro.

  102. Yeki ingkang nurunaken para ratu, jumeneng kusumaning jim, tan pedhot satutugipun, kongsi prapteng jaman akhir, maratu, akatong-katong.

  103. Kakangira si Anwas besuk ya milu, urun mijeni Narpati, ananging babakunipun, apanta maksih sireki, mung nempeli turun wadon.

  104. Dene yen wus prapteng jaman akhir besuk, ilang saking ing jinis jim, mulih marang purwanipun, jinising manungsa yekti, para ratu keneng layon.

  105. Lah tutugna tapamu iku rumuhun, pan amung kurang sapta ri, yen wus genep pitung tahun, yekti sira den pondhongi, marang Nuradi jim katong.

  106. Dhinaupaken sira lawan putrinipun, wis kariya  ingsun pamit, mulih marang ing swarga gung, surya gya wangsul manginggil, Sang Ngijajil wus tan katon.

  107. Sayid Anwar mituhu sawelingipun, nutugen tapanireki, tutupe ing pitung tahun, pan amung kirang sapta ri, kuneng gantya winiraos.

  108. Putrining jim Maldewa ingkang winuwus, kusuma [237] Dewi Nurini, ing dina sawiji nuju, sakeca denira guling, aneng sajroning kadhaton.

  109. Pan supena ningali wulan tumurun, kakejer luhurireki, jro sasi ana kadulu, nini-nini sarwa putih, neng Palongka retna lunggoh.

  110. Sarwi angling heh nini wruhanireku, jodhoning Hyang lata mami, Siti Ngujwa araningsun, harsa warah mring sireki, yen jatukramanta rawoh.

  111. Satuhu kusuma rembesing madu, wayah Adam putraning Sis, Sayid Anwar namanipun, pekik cahyaning nelahi, dhasar maksih jajako nom.

  112. Sira nini sinung anak lanang bagus, tembe warnaning tur pekik, amawa cahya sumunu, jumeneng kusumaning jim, nurunaken para katong.

  113. Tanah Ajam sagung para ratu-ratu, nora lyan sutanireki, iya ingkang darbe turun, kongsi prapteng jaman akhir, satutuge nora pedhot.

  114. Nanging mengko langya kandheg tapeng gunung, angon lakuning Hyang Rawi, lawase wus pitung tahun, mung kari sadina benjing, lah wis nini pamit ingong.

  115. Nini tuwa wus musna datan kadulu, wulan wangsul ing wiyati, Sang Dyah dennya sare wungu, pangungun ira tan sipi, supenanira kang katon.

  116. Enjingipun marek kang rama sang prabu, kusuma [238] Dewi Nurini, ngaturken supenanipun, ingkang kantingal ing ratri, salebeting nendranipun.

  117. Wulan mudhun kekejer neng luhuripun, ing jro isi nini-nini, ngaken lamun jodhonipun, nenggih sang dyah Ngujwa lati, sung wangsit manising jodho.

۩۩۩ Pupuh 29 ۩۩۩
DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Amiwiti malah amekasi, nini tuwa ing sawangsitira, sampun katur sadayane, kang rama sukeng kalbu, amiyarsa aturing siwi, sang dyah rinangkul sigra, babo putraningsun, pantes lamun mangkonowa, jroning nendra iya gonnira angimpi, liwat saking diwasa.

  2. Sun tetedha mring Hyang Ngujwalati, muga-muga iya satuhuwa, nini tuwa ing wangsite, mring sira dennya tuduh, jatukrama ingkang sayekti, putreng Sis wayah Adam, kang martapeng gunung, lah ta wis nini muliya, mring kaputren sun awakane pribadi, iya ingkang ngupaya.

  3. Ingkang dadya pamangsitireki, nini tuwa sajroning supena, baya ngendi praptane, iya ki bakal mantu, bayo nora nana sajroning, wukir pulo Maldewa, de wus  pitung tahun, nora nana wartanira, ingkang putra wus mundur manjing jro puri, kang rama sigra mesat.

  4. Pan kakejer madyaning wiyati, keblat papat ing-[239]kang  tiningalan, suwung tan ana tandhane, amung pucaking gunung, wonten tejanipun awening, wukir ing Maerasa, saking doh sumunu, winawas pucaking arga, dangu-dangu ilanging teja kaeksi, katingal kang atapa.

  5. Lunggweng sela sapucaking wukir, maksih sidadhep asuku tunggal, kalangkung pekik warnane, mawa cahya sumunu, lir trenggana angikis latri, tejanira sumunar, saking doh ngunguwung, dening cahyaning kang tapa, pucak wukir lir rinenggeng kilat thathit, Sang Prabu osiking tyas.

  6. Dhuh-dhuh adhuh iya baya iki, ingkang katon sajroning supena, nini tuwa ing wangsite, tapa pucaking gunung, angon lakunira Hyang Rawi, ana empere uga, iku tapanipun, ya angon lakuning surya, kapindhone sapa wong kang duweni, ing cahya kang mangkana.

  7. Angluwihi saking cahyaning jim, lamun dudu terahing kusuma, wong mara tapa tedhake, kang trus rembesing madu, wijiling wong handana warih, mongsa dadak duweya, cahya kang kadyeku, sawusnya ngartikeng driya, sigra niyup Prabu Nuradi marpeki, prapta pucaking ngarga.

  8. Ingkang tapa kagyat aningali, nuju tutuping ing [240] pitung warsa, linuwaraken tapane, manggihi ingkang rawuh, wus anarka yen dudu jalmi, tapak wayang-wayangan, sangkane ing luhur, wus tata denira lenggah, Sri Nuradi dhini tatanya aris, hangger tigas kawuryan.

  9. De pun bapa tembe aningali, jinising jim punapa manungsa, wingking pundi pinangkane, myang sinedyeng kayun, lawan sinten sinambating sih, dene kepati tapa, aneng pucaking gunung, paranta ingkang sinedya, Sayid Anwar pasaja dennya nauri, lamun jinis manungsa.

  10. Saking nagri Kusni Malebari, wayah Adam jeng Nabi Sis putra, Sayid Anwar paparabe, kesah sangkaning timur, alelana jajah wanadri, sapurug tanpa seday, nut paraning suku, wus lami kalunta-lunta, prapteng ngriki lajeng kendel mati ragi, angen lampahing surya.

  11. Duk miyarsa Sang Prabu Nuradi, yen satuhu jeng Nabi Sis putra, langkung sukaning galihe, raden nulya rinangkul, babo sutaningsun sang pekik, pun bapa tur pasaja, ing satuhunipun, kula puniki jim raja, nama Prabu Nuradi ingkang mengkoni, sagung jim ing Maldewa.

  12. Dene prapta kawula sang pekik, ing ngarsane apanta kabekta, ing atmaja supenane, katingal duk ing dalu, winangsit ing Hyang Ngujwalati, kalamun jatukrama, lan sariranipun, dhuh angger lamun parenga, ing karsane sakedhap kula aturi, dheteng praja kawula.

  13. Ningalana marang nini putri, lamun angger panu-[241]ju ing karsa, ngong aturaken arine, mring paduka satuhu, kang supaya dadosa cethi, juru dang amawongan, lamun tan panuju, ing galih mung kinarsakna, nini putri mring anak angger sang apekik, dados kadang kewala.

  14. Sayid Anwar kalane miyarsi, ratu jim dewani wuwusira, mesem sajroning galihe, dene ta sami santuk, saking wangsit ing jatukrami, mung kaot sariranya, wangsiting Hyang Agung, raja putri jim Maldewa, antuk wangsit saking Sang Hyang Ngujwalati, marga saking supena.

  15. Dadya alon dennira nahuri, paranta gen kawula nut, barang ing reh kang darbe nagri, samangsane mopowa, yekti duraka gung, Sri Nuradi langkung suka, dene Sayid Anwar wus anut ing galih, gya cinandhak astanya.

  16. Sareng mudhun wau saking wukir, kalih mesat tapak wawayangan, maksih kakanten astane, ing marga tan winuwus, pan sakedhap lampahnya prapti, jinujug jroning pura, Sang Kusuma nuju, lenggah neng madepaningrat, pan ingadhep mban inya lan para cethi, lagya eca sandika.

  17. Saking dennya kagagas ing gailih, supenanya ni tuwa kang nukma, sajroning wulan wangsite, kagyat denira dulu, ingkang rama praptanireki, sarwi nganthi satriya, cahyanya sumunu, sang dyah wus garjiteng driya, esmu merang tumungkul denira linggih, kang rama sampun lenggah.

  18. Sayid Anwar tansah munggeng kering, Sang Ibnu [242] Sis lan putri Maldewa, sareng pagut paningale, suh rempu kalihipun, ing wardaya saengga kadi, panjang putra tumiba, neng sela kumepyur sang retna kalangkung merang, mring tatamu pinandeng liring ngindhani, tumungkul denira lenggah.

  19. Ingkangrama mesem dennya angling, babo nini aja taha-taha, age ngabektiya kiye, iya iki kadangmu, jro supena iya kang dadi, wangsite nini tuwa, kang nukmeng sitang-sitangsu, satriya hadi Kusniya, wayah Nabi Adam putraning Nabi Sis, kang nama Sayid Anwar.

  20. Lawan ngaturana kang pisalin, rakanira nini mentas tapa, rusak busanane kabeh, apan wus pitung tahun, dennya tapa angon ing rawi, sang retna langkung merang, nembah sigra mundur, lawan sapawonganira, mring kaputren suka sang Nata Dewani, Sri Nuradi turira.

  21. Lah punika warnane kang rayi, dipun pasaja dhateng bapa, punapa panuju angger, inggih ning galihipun, Sayid Anwar aturira ris, rumiyin tur kawula, ing sakarsa anut, sampun menggah pinaringan, putri Nata sanadyan silih pinaring, Cethi miwah parekkan.

  22. Sayekti yen sewu kapundhi, Prabu Nuradi suka [243] miyarsa, mesem alon andikane, yen angger wus panuju, kawula srah ngarinireki, saisining jro pura, sadayanya katur, sampun mawi walang driya, lah suwawi pondhongen arinta nuli, pan sampun garwanira.

  23. Prabu Nuradi ngandikeng cethi, lah iringna iki gustinira, lebune marang kaputren, Sang Prabu nulya kondur, marang dalem puranireki, wauta Sayid Anwar, mring kaputren sampun, ginarbeg jim prayangan, wau sang dyah sampun ngaturaken udani, yen tamu sampun prapta.

  24. Inggih kang darbe cahya nelahi, ginarbeg cethi parayangan, dipun prayitna nak angger, praptaning sang tetamu, kadi-kadi lamun nemeni, bantheng duk tumambirang, salamine lawung, neng wana sungu kancana, tracak waja harsa anyundhang jajawi, netranipun kumala.

  25. Pamandenge marang sang retnadi, nalika neng ngarsa Sri Narendra, kadi wus kenyut galihe, anon cahya sumunu, ngasaraken resmining sasi, sang retna duk miyarsa tigasira kumenyut, anglesinmg wardaya lupa, maras-maras enar-enar senik-senik, paran mengko yen prapta.

  26. Harsa mundur kasusu praptaning, sang tetamu sampun menggeng ngarsa, sang dyah pinrepekan age, cinadhak astane, sang retna sinambut, lajeng binekteng papreman, lelangening pagulingan tan winarni, rarasing karadikan.

  27. Dennya samya sih siniyan kalih, suka sagung cethi [244] jim paranyangan, umiyat marang gustine, pantese kalihipun, sapraptaning kawandasa ri, sang natarsa megawan, srah karatonipun, mring mantu Sayid Anwar, rembag lawan kang rayi kya patih Amir, ingkang bedhe tinilar.

  28. Aneng praja amung ngembani, karatone Sayidina Anwar, tetepa kapatihane, among wadya bala sagung, punggawa jim samya ngrembagi, nanging Sayidina Anwar, sanget dennya lumuh, maksih karem mati ragi, karsanira karya kayangan pribadi, neng wukir Maerasa.

  29. Prabu Nuradi dadya nuruti, Sayid Anwar wus nyipta kayangan, sami sakala dadine, neng sapucaking gunung, Maerasa asrinireki, ngasorken jroning pura, wus sasat swarga gung, sadaya sarya kancana, sarwa retna miwah sosotya disdi, semana Sayid Anwar.

  30. Lan kang garwa pan sampun angalih, mring kayangan sapucaking arga, Sayid Anwar sasampune, aneng pucaking gunung, pan angalih parabireki, nama Sang Hyang Nurcahya, lan malih jujuluk, nenggih Suksma Kawekas, lan paparab nenggih Sang Hyang Maha Siddhi, Hyang Jagad Pramu Sesa.

  31. Sang Hyang Trusthaningrat Mahamuni, Dewa Batha-[245]ra Jagad werana, ing Jagad rat sadayane, dewa pamungkasipun, Hyang Wisesa Hyang Utipati, Sang Hyang Jati Wasesa, Sang Hyang Murbeng Luhur, iya Hyang Murba Misesa, kang wadya jim sadaya jrih asih, marang Sang Hyang Nurcahya.

  32. Saksat marang Sang Hyang Ngunjwalati, anggepira wadya jim sadaya, pinindha-pindha pupundhen, luwih mring ratunipun, ajrihira sagung wadya jim, mring Hyang Nurcahya dennya, wingite kalangkung, layanganira kewala, nora kena yen ingidak milalati, myang kaluwihanira.

  33. Angluwihi sagunging ratu jim, wruh basane kutu walang taga, lawan bisa nguripake, sabarang ingkang lampus, bisa karya ing pati naming, den arani kewala, mati yekti lampus, marmanya sangsaya-saya, pangidhepe wadya jim samya jrih asih, malah kahyanganira.

  34. Wus karanan ing dewata sami, denira wus dadya pangidhpan, jim pulo Maldewa kabeh, malah ta wus sinebut, mring wadya jum Hyang Maha Tinggi, saking den anggep nyata, yen kang Maha Luhur, sasar dadya sukanira, Hyang Nurcahya sinebuta ing sabumi, yen kang Murbeng Buwana.

  35. Wus rumasa sakurebing langit, kang kasongga lumahing bantala, saisining jagad kabeh, titahira Hyang Agung, wus tan nana ingkang nimbangi, jim setan myang manungsa, mring sariranipun, ing punika Hyang Nurcahya, aneng pulo Maldewa pan sampun mijil, saking jaman manungsa.

  36. Sampun emor lan jamaning ejim, Hyang Nurcahya [246] pan wus manjing alam, Adam Makdum ing tegese, pangawang uwung-uwung, wus tan ana bumi lan langit, padhang tanpa rahina, peteng tanpa dulu, keblat papat wus tan ana, ngandhap luhur  Sang Nurcahya sampun manjing, ing alam Akadiyat.

  37. Wus tan ana sawiji-wiji, jumeneng lawan pribadinira, gaibing gaib tegese, nalikanya puniku, Hyang Nurcahya den ira manjing, ing alam Akadiyat, jamane Nabi Hud, maksih Nuh agamanira, Sang Nurcahya lan garwane Dewi Nurini, aneng swarga kayangan.

  38. Anekakken ing karsanireki, sasat wikrama sajroning pujo, nyipta tanajul tarkine, unggah turuning tuwuh, tan antara nulya kaeksi, cahya kang manca warna, murub prabanipun, ilapating Hyang Suksma, cahya ireng abang putih lawan kuning, tandha yen tinarima.

  39. Dennya minta yoga ing Hyang Widdhi, wus tumurun ingkang cahya rasa, kang garwa lajeng wawrate, praptang semayanipun, babar jalu kalangkung pekik, mawa cahya nugraha, tumeja ngunguwung, wus kalih lan kang rama, pekik mawa cahya wus sinung kekasih nenggih Sang Hyang Nurasa.

  40. Rasa mendhet namane kang wukir, Maerasa nur men-[247]dhet kang rama, kang eyang mendhet namane, diwasanya kalangkung, denira mrih amati ragi, sawarnane ing tapa, linampahan sampun, dhasare Sang Hyang Nurasa, wus satuhu lamun kusumaning ejim, trahing Nabi Srnata.

  41. Nora kudu nganggo tapa, ejim wus sinung kasekten, beneda lawan manungsa, jisime jisim jasmani, kang samya mamrih sekti, marganya antuk pinunjul, tinuku saking tapa, yen jim wus jisim rakhani, pan wus kodrat sektine, tan nganggo tapa.

  42. Dhasare Sang Hyang Nurasa, kusuma juim trahing Nabi, sinepuhan saking tapa, marmanira anglangkungi, saking para ratu jim, ing guna myang sektinipun, wus sami lan kang rama, ramabu suka tan sipi, mring kang putra ing galih sampun pracaya.

  43. Sadaya pusakanira, kang saking Malekar Karis, pinaringaken kang putra, lawan sangelmunireki, miwah ngelmu kang saking, Malekat ingkang ginantung, sadaya wus katampan, myang nama ngangge sami, wus sumilih aneng kayangan dewata.

  44. Wus dadya wujud sajuga, tan kena ingaran kalih, sangga satu lan rimbagan, Nurcahya ilangireki, Nurasa kang kaeksi katingal, saengga panasing geni, lan urube tan kena yen pisahaken.

  45. Ananira Hyang Nurcahya, iya Nurasa a-[248naning, ananira Hyang Nurasa, pan iya ananireki, Hyang Nurcahya sayekti, wus dadya tunggal sawujut, mangkana Hyang Nurasa, apanta harsa ngluluri, ing salampah lampah ing nguni kang rama.

  46. Awit duk maksih timurnya, denira nis saking nagri, Kusniya andon lalana, pirang-pirang atus warsi, dennya mrih mati ragi, jajah wana gunung-gunung, jurang pereng myang guwa, mayeng ngubengi pasisir, saben kendel saenggone mati raga.

  47. Saking jinising manungsa, dinadya badan rokhani, miwah kaluwihanira, linuwihken saking ing jim, nimpuni guna sekti, sinung wruh sabasanipun, sakutu walang taga, lan sinung paningal sidik, saderenge winarah sampun uninga.

  48. Ya saking matenging tapa, yeku kesthi ing galih, mangkana Sang Hyang Nurasa, wus tilar kayanganeki, ing dewata kawuri, lajeng lalana don nglangut, jajah guwa manarga, myang ngubengi pasisir, saenggone lajeng kendel mati raga.

  49. Sajroning pulo Maldewa, jinajah sadaya sami, tan wonten kang kelangkungan, guwa-guwa kali-kali, jurang pereng ring ngiring, alas-alas gunung-gunung, nuju kendel lampahnya, ngadeg pinggiring pasisir, ngawasaken sakidul pulo Maldewa.

  50. Pulo darma katingalan, wiyaripun anglangkungi, lan pulo kang kathah-kathah, miwah parbatanireki, lan Maerasa sami, ageng miwah luhuripun, ngran wukir Jakawenang, sukuning ngungkang jeladri, marmanipun nama wukir Jakawenang.

  51. Aranipun gunung lan guwa, sinebut dadya sawiji, [249] guwanipun guwa wenang, gunung jaka raning wukir, ginreba dadi siji, nenggih Jakawenang gunung, yayah kadya timbanga, geng luhure wukir kalih, sukunira pan sami ngungkang samudra.

  52. Cinatur pulo Maldewa, apan pirang-pirang wukir, sakidul Malebari, kathah pulo gunung-gunung, tan ana nimbangane gung luhur wukir kalih, Hyang Nurasa gya mesat saking Maldewa.

  53. Yun wruh pulo katingal, sakedhap wus angungkuli, niyup mangandhap wus prapta, kendel saimbanging wukir, dangu-dangu ningali, guwa neng sukuning gunung, nenggih ing guwa wenang, lawange ngungkang jeladri, lenebetaning jro wonten telagannya.

  54. Toya sri kawuryan muncar, iliene kalangkung wening, telaga iku pan dadya, padusaning jim lan peri, wiyaripun pesagi, pipinggire lir pinantut, sela item sedaya, Hyang Nurasa yun udani, sigra manjing salebeting talaga.

  55. Prapteng jro resep tumingal, lebet weninge kang warih, resik sapangandhap pisan, dadya lajeng mati ragi, tanarsa medal malih, tapa ngum dhasaring banyu, lamine pitung warsa, tan wonten ingkang ngudani, kuneng ingkang lagya maratapa ngum toyo.

  56. Ratuning jim kang winarna, nenggih ingkang angra-[250]toni, sadaya jim pulo Darma, paparab Raja Rawangin, lawan pRabu Nuradi, apanta kadange sepuh, sami papasih kadang, sira sang Raja Rawangi, kang kinarya apatih kadange tuwa.

  57. Anama Patih Paewata, den sang Prabu Nuradi, papatih kadang taruna, nenggih kyana Patih Amir, sadaya kadang neki, kathahe pan wolulikur, kayangan sowang-sowang, cinatur raja Rawangin, darbe putri sajuga dereng ngakrama.

  58. Warnanira yu utama, paparab Dewi Rawati, sembada ari cahyanira, ngasorken resming sasi, duk samana sang putri, supena kalaning dalu, aningali sasongka, sedhenge purnama sidhi, medal saking salebeting guwa wenang.

  59. Cumlorot manjing jro pura, tibeng ngarsane sang ngaji, cinadhak tutut kewala, binekta ngarsanireki, sarwi ngandika aris, nini sung oleh sitangsu, metu saking jro guwa, sun paringaken ing sireki, den kareksa pan iku sasi nugraha.

  60. Sang dyah kacarya tumingal, sasongka wus den tampani, dyan ingemban kasemekan, binekta mring tilamneki, saprataning jinem mrik, ingkang sasongka pinangku, sahengga nawung putra, apan sarwi den arasi, sawungune sang dyah langkung ngungunira.

  61. Enjang marek mring kang rama, kusuma Dewi Rawati, [251] ngaturaken supenanira, miwiti malah mekasi, dennya pinaring sasi, wus katur sadayanipun, Sang Prabu duk miyarsa, ngungun ing tyas ngandika ris, yen mangkono niniputri impenira.

  62. Becik wanane baya, katon sun paringi sasi, sira pan ing kembenira, sira pangku neng jinem mrik, baya perak kang dadi ing jatu kramanireki, ya mengko sun utusan, wakira si kakang patih, analika mring sajroning guwa wenang.

  63. Apata isine baya, Sang Prabu sigra nimbali, kang raka rakyana patya, wus prapta sajroning puri, Sang Prabu ngandika ris, kakang atmajanireku, nini putri supena, katon aningali sasi, saking guwa wenang ingsun candhak kena.

  64. Sun paringaken putranira, nulya den emban kang sasi, kakembene kang kinarya, ginawa marang jinem mrik, pinangku den arasi, kya patih miyarsa ngungun, alon ing aturira, lamun makaten sang Ngaji, supenane putra tuwan sang lir retna.

  65. Sae nunten pinareksa, sajroning guwa manawi, mangke wonten isenira, Sang Prabu ngandika aris, lah iya kakang patih, talikanen den gupuh, sajroning guwa wenang, sarpane yen kepanggih, jroning guwa gawanen mring ngarsaningwang.

  66. Sunarsa wruh wahanannya, supenane nini putri, [252] kya patih matur sandika, wus medal saking jro puri, sapraptanireng jawi, mesat ing gagana ngayuh, niyup sakedhap prapta, lampahe rakyana patih, lajeng manjing salebeting guwa wenang.

  67. Jinajah sepi sadaya, tan ana labetireki, namung sanginggil talaga, winawas mring kyana patih, wonten tejanireki, luhuring toya sumunu, pantes tejaning tapa, kya patih sigra merpeki, ngadeg munggeng satepinireng talaga.

  68. Winawas sing jro katingal, kang tapa angum mring warih, pekik tur maksih taruna, amawa cahya nelahi, lir lintang manjer wengi, murub prabanya ngunguwung, kya patih eram mulat, dhuh-adhuh ta baya iki, ingkang katon sasongka jroning supena.

  69. Satriya jim ngendi baya, tapa ngum dhasaring warih, durung mangsa mati raga, pantes yen dadiya iki, jodhoning putra mami, kusumeng ngartikeng galih, kya patih manjing sajroning talaga.

  70. Marengi duk luwarira, kang tapa ngum mring warih, tutupe ing pitung warsa, kya patih aris merpeki, kang tapa duk ningali, wus nduga lamun jim agung, dene senening cahya, wus samya tata alinggih, kya patih arum denira wacana.

  71. Hanggar teja sulaksana, pun bapa anila krami, tejaning anyar katingal, suleksananing asinggih, sinten sinambat ing sih, ing pundi ingkang kapungkur, tapa ngum jroning toya, punapa sinedyeng galih, Hyang Nurasa pesaja ing saurira.

  72. Ing nama miwah minangko, yen wayah Prabu Nuradi, [253] paparab Hyang Nurasa, ibu raja putri jim, retna Dewi Nurini, kang rama manusa tuhu, saking negri Kusniya, Wayah Adam putraning Sis, nama Sayid Anwar katimuranira.

  73. Kesah andon alelana, wusnya krama putri jim, paparab Sang Hyang Nurcahya, kayang pucaking wukir, ki patih duk miyarsi, kang tapa rinangkul gapyuk, dhuh babo wayah ingwang, tunggal rone angalingi, pan kawula angger kadangipun tuwa.

  74. Inggih mring eyang paduka, dewani Prabu Nuradi, kula pun patih Parwata, inggih ingkang amatihi, eyang paduka ngriki, pan inggih kadange sepuh, mring eyangta Maldewa, paparab raja Rawangin, kang ngratoni sadaya jim pulo Darma.

  75. Sedaya kadang kawula wolulikur kathahneki, akayangan sowang-sowang, dene sepuh pribadi, Prabu Palija nenggih, kawula panenggakipun, sedaya sampun mencar, samya kayangan pribadi, dhuh nak angger jatose lampah kawula.

  76. Dinuta ngeyang paduka, inggih sang Raja Rawangin, [254] nalika sajroning guwa, sawontene yen pinanggih, ngong kinen bekta aglis, mring ngarsanira Sang Prabu, marmangger sapunika, putrining eyangira ji, jroning nendra, supena wonten sasongka.

  77. Medal saking jroning guwa, tumibeng ngarsa Sang Ngaji, cinandhak anut kewala, pinaringaken sang putri, sasongka den tampani, den mban kasemekanipun, binekteng mring papreman, pinangku dipun arasi, sawungune nendra matur mring kang rama.

  78. Marmangger eyang paduka, kula tinuduh ngulati, sawontene jroning guwa, kula kinten bekta glis, Sang Nata harsa uning, temah ing mangke panuju, kang wonten jroning guwa, inggih wayah ngong pribadi, dhuh nak angger mugi-mugi kadhangena.

  79. Sowan ing ngeyang paduka, mendahta sukaning galih, malah pandugi  kawula, karsaning eyangira ji, mring nak angger sang pekik, ngawekteni supenanipun, kang putra sang lir retna, denira pinaring sasi, wahanane kadi sarira paduka.

  80. Hyang Nurasa meseming tyas, myarsa ature kya patih, alon denira ngandika, inggih kawula umiring, ing reh andika nanging, matura maring Sang Prabu, yen adreng denirarsa, mring kawula animbali, nanging kula mboten kenging yen nembaha.

  81. Miwah yen lenggah angandhap, amargi sampun nam-[255]peni,  ngelmining bapa sadaya, wus aneng kawula sami, ki patih duk miyarsi, umatur sarwi gumuyu, inggih angger kantuna, ngong matur eyangira ji, kados pareng namung makaten kewala.

  82. Wus mijil saking telaga, lajeng wedalira saking, salebeting guwa wenang, sapraptanira ing jawi, lajeng measat wiyati, sakedhap lampahira wus, prapta sajroning pura, ing ngarsa raja Rawangin, matur estu jro guwa wonten kanthinya.

۩۩۩ Pupuh 30 ۩۩۩
K I N A N T H I

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Pukulun supenanipun, nini putri daradasih, jro guwa wonten isinya, kusuma jim trahing Nabi, putrining rayi paduka, Dewani Dewi Nurini.

  2. Kramantuk manungsa tuhu, saking nagri Malebari, Anama Sayid Anwar, wayah Adam putraning Sis, jujuluk Sang Hyang Nurcahya, lelana sangkaning alit.

  3. Jajah wana gunung-gunung, mayeng ngubengi pasisir, praptaning pula Maldewa, lajeng tapa angen rawi, wonten wukir Maerasa, kawruhan yayai Nuradi.

  4. Pan lajeng ingambil mantu, dhaup lan Dewi Nurini, namung patutan sajuga, warnanira langkung pekik, anama Sang Hyang Nurasa, mila kantos prapteng ngriki.

  5. Lampahe sudarmanipun, inggih ingkang den luluri, lelana jajah wanarga, mayeng ngubengi pasisir, sapraptaning wukir Jaka, lajeng kendel mati ragi.

  6. Tapa ngum sajroning banyu, lamine wus pitung warsa, neng talaga jroning guwa, kawula eram ningali, ing pekike warnanira, miwah ta cahyanireki.

  7. Kadya basanta mabangun, kukuwunge hanelahi, pu-[256]nika pantes jodhowa, lan putra tuwan ni putri, mboten wonten kang kuciwa, marma tan kering samangkin.

  8. Kang tapa darbe panyuwun, lamun wonten ngarsaji, sampun linenggahken ngandhap, lan sampun kinen wot sari, mila matur sapunika, dennya sampun den pasrahi.

  9. Ngelmuning sudarmanipun, sadaya wus den tampani, jangjine nadyan wontena, ngarsaning Ngunjwalati, tan kenging lenggah neng ngandhap, lawan tan kening wot sari.

  10. Sang Nurasa haturipun, yen paduka tan ngilani, kang dadya panuwunira, lumuh sumiweng ngarsaji, upami pinaripeksa, prapteng pati den lampahi.

  11. Duk miyarsa Sang Ngaprabu, suka gumujeng dennya ngling, heh rakyana patya, pantes mangkonowa ugi, panjaluke kang ngatapa, wayahe yayi Nuradi.

  12. Luwih luhur bangsanipun, kusuma jim trahing Nabi, wayahing Sis buyut Adam, lah iya kakang den aglis, gawanen mring ngarsaningwang, kang tapa angum mring warih.

  13. Dene ta panjalukipun, iya kakang sun turuti, aja nganggo walang driya, sun papan neng poncaniti, ing praptane wayah ing wang, patih sandika turneki.

  14. Wus mijil saking kadhatun, wau sira kiya patih, mesat marang ing ngawiyat, ing wuri Sri Narapati, apan ta sampun siyaga, siniwakeng poncaniti.

  15. Wau ta ing lampahipun, patih Parwata wus prapti, [257] ing guwa lajeng denira, manjing salebeting beji, panggih lawan kang atapa, ki patih lingira aris.

  16. Dhuh angger panuwunipun, eyang tuwan anglilani, padukangger tinimbalan, sapengker kula wus mijil, ngentosi neng panangkilan, kang tapa suka miyarsi.

  17. Gya kinanthi astanipun, marang ing rakyana patih, mentas saking jro telaga, saking guwa sampun mijil, prapteng jawi sampun mesat, sakedhap wus angungkuli.

  18. Ngalun-alun gya maniyup, maksih kanthen asta sami, sakidul waringin kembar, lajeng lampahira aris, marek ing ngarsa Narendra, piyak sagung kang anangkil.

  19. Sang Prabu Rawangi gupuh, tedhak saking dennya linggih, methuk ingkang lagya prapta, tumundhuk rinangkul aglis, tinarik binekta lenggah, aneng singasana rukmi.

  20. Sang Nata mesem lingnya rum, ingsun atetanya kaki, gonnira nis saking praja, nora nggawa batur siji, kongsi prapteng puo Darma, nora marek marang mami.

  21. Apata eyangireku, durung warah ing sireki, yen duwe kadang maring wang, dadak banjur mati ragi, tapa ngum dhasaring toya, lawan kongsi pitung warsi.

  22. Lah apa sedyanireku, Hyang Nurasa matur aris, rayi paduka jeng eyang, pukulun dereng wawarti, nggen kula nis saking praja, pan amung sedya ngluluri.

  23. Jeng rama salampahipun, awit timur denira nis, [258] saking praja don lelana, mayeng ngubengi pasisir, anjajah guwa wanarga, kalunta pan sampun lami.

  24. Anut saparaning suku, prapteng ngriki aningali, telaga sajroning guwa, lajeng kendel mati ragi, angum sadhasaring toya, praptanipun eyang patih.

  25. Marengi duk luwaripun, tutupe ing pitung warsi, Raja Rawangin miyarsa, ngunguning tyas ngandika ris, yen mangkono praptanira, kulup aneng praja mami.

  26. Pan wus karsaning kang nuduh, iya Sang Hyang Ngunjwalati, kinen wruh ing pudjaningwang, den agem tyasira kai, pan nagara pulo Darma, wus duwekira pribadi.

  27. Dene ta lirunipun eyangmu yayi Nuradi, pan iya sariraningwang, aja sira walang ati, kakang patih wayahira, sun gawa manjing jro puri.

  28. Sun weruhne kadangipun, ya nini Rawati, nulya kondur Sri Narendra, Sang Hyang Nurasa kinanthi, tan kantun rakyana patya, sapraptanireng jro puri.

  29. Lenggah munggeng dalem agung, Hyang Nurasa datan tebih, lan kaki patih munggeng ngarsa, glar parekkan para cethi, jim peri myang parayangan, sadaya eram ningali.

  30. Mring satriya ingkang rawuh, pekik myang cahya-[259]nireki, lir wulan katrangan mega, kukuwunge anelahi, Raja Rawangin ngandika, heh kakang rakyana patih.

  31. Manjinga kaputren gupuh, timbalana nini putri, ingsun kon aningalana, mring kadange anyar prapti, teko pulo Maldewa, garjita rakyana patih.

  32. Wus tampi ing karsanipun, sigra wau kiya patih, manjing kaputren wus prapta, panggih lan sang raja putri, gupuh ngabekti mring uwa, kipatih ngrangkul sarya ngling.

  33. Babo nyawa putraningsun, impenira dara dasih, ing sajroning guwa wenang, nyata ana isine nini, satriyadi ing Maldewa, tapa ngum dhasaring warih.

  34. Lawase wus pitung tahun, warnane kaliwat pekik, paparab Sang Hyang Nurasa, miwah cahyane nelahi, samengko wus aneng pura, karsane ramanira ji.

  35. Yen padha panujunipun, dhinaupken lan sireki, panggaliye Sri Narendra, supenanira ing ratri, wahananing jatukrama, kasmaran angemban sari.

   (www.alangalangkumitir.wordpress.com)
 

Wonten Candhakipun Pupuh 31-37

About these ads

2 Comments

  1. om arum manis

    matur nuwun postingane ki, mugi barokah kangge njenengan ki.

  2. bagus samiaji

    Sesepuh mas Kumitir,,,mohon petunjuk,,,

    ketika saya mambaca sebagian artikel diatas, bab Sayid Anwar sampai dipertemukannya dengan dewi Nurini, tanpa sadar menetes deras air mataku,,,,,

    ada apa dengan saya,,,,,,,,

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: