alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT NITIMANI pupuh XXVIII-XXXII


PUPUH XXVIII

Peksi platuk bawang :

“E….., manuk gemak, aku wus aneniteni marang ing sira, saben-saben sesaba ana ing pangonan kene lan adarbe wiraga prabeda karo manuk gemak liya-liyane, kayata anjungkir-jungkir lan kekipu ana ing pawedhen, wulu mengkorog akekirig iku bok manawa andadekaken pinareng danganing atimu, sarta yen ora ana pakewuhe aku banget kepengin bisaa weruh, apa kang dadi sedyamu dene darbe patrap lan pratingkah kang mangkono mau.”

Peksi gemak :

“E…., manuk platuk bawang, yen sira atetannya kepening arsa sumurup marang ing sedyanipun wruhanta : engoningsun (300) saben-saben saba aneng pepanguling gunung kiye iku ora pisan-pisan lamun amumuriha marang kehe pepanganan kayata walang, kinjeng, sapepadhane, mungguh sajatine kang dadi sedyaning pamikir mung angeplok memasuh anenuceni marang raga kita.”

Peksi platuk bawang :

“E….., manuk gemak, apa mulane dene raga nganggo sinucenan.:

Peksi gemak :

“Mungguh enggonku mangkono mau amung jalaran saka welas lan asih karana ing salawa-lawase ingsun tumitah ana ing alam donya, raganingsun kang tansah anglakoni lara lapa, nuli kaya apa ing tembe upama tiningalan ana alam donya marma ing samengko jasad ingsun wasuh, yen wus suci nuli bisa licin ing kono sedya ingsun gawa muksa munggah marang swarga, supaya melu angrasakake enak lan kepenak. Dene kelakone kudu (301) nanggo mangkene :

Sembahyang raga : kudu resik atiku, atiku kudu suci, rasaku kudu idhep, jiwaku kudu madhep, sawuse banjur kudu kulina ing gelem, taberi ing karem, kang mangkono ancas lakuning kadonyan kaya-kaya wus nyukupi kanggo sarana mawas tetesing kasidan jati, namung sakabeh wau mapaning empan kudu jinurung lakuning rasa tunggal (malela = resik).”

Peksi platuk bawang :

“Manuk gemak, teka bener mungguh sedyanira kang mangkono mau, ananging sumurupa ingsun wus tau ngrungokake rerembugane manungsa nyaritakaken ing kitab Musakab, iya iku Kur’an diarani surat Asra jus kaping limalas nyebutake mangkene : duk nalika Kangjeng Nabi Mukhammad Rasulullah karsa tinimbalan marang swarga iya iku diarani Mikraj wus karsa (302) kawasaning Pangeran kang maha suci Jeng Nabi kaingser jengkar saking ing Masjidil Haram iya iku masjid ing tanah Mekah, nuli tumeka ing masjidil Aksa iya iku majid ing tanah Mesir, samiyose saka ing masjidil aksa ketemu utusan iya iku Malaekat Jabarail dhawuhaken timbalaning Pangeran kang maha suci sejati, ing kono Jeng Nabi nitih peksi Burak nulya mesat kumelap kadi kilat tan pantara tumeka ing langit kang kapisan, Jabarail dhodhog kori tinanya marang Malaekat kang pada jaga lawan prasaja lamun dutaning Pangeran, kori binuka Kangjeng Nabi nuli lan Kangjeng Nabi adam, sawuse bage binage, andum slamet Kangjeng Nabi Mukhammad Rasulullah anayati mesat maneh, duta sang Jabarail tan kori nuli prapta langit kapindho pratingkah tan prabeda sawuse lawang binuka dening malaekat kang jaga (303) Jeng Nabi mlebu ing kono ketemu lawan Kangjeng Nabi Yahya tuwin Kangjeng Nabi Isa, sawuse bage binage andum slamet, Jeng Nabi Mukhammad Rasulullah lan Malaekat duta mesat maneh nuli prapta langit kang kaping telu pratingkah tan prabeda lawan wus binuka dening malaekat kang jaga Jeng Nabi lumebu ing kono bisa ketemu lawan Kangjeng Nabi Yusup, sawuse bage binage andum slamet, Jeng Nabi mesat maneh prapta ing lagit kaping pat pratingkah uga tan prabeda,  ketemu lan Kangjeng Nabi Harun sawuse bage binage nulya mesat maneh prapta langit kaping nem, pratingkah uga tan prabeda ketemu lawan Kangjeng Nabi Musa, sawuse bage_binage nulya mesat maneh prapta langit kang kaping pitu, ing kono para malaekat pitung ewu kang pada jaga, Kangjeng Nabi Muhammad nuli (304) lumebu ing Betalmakmur ketemu lawan Kanjeng Nabi Ibrahim utawi banjur gegineman, jejagongan kalawan Kangjeng Nabi Ada.

Mulane aku nuli anggelar carita mangkono, manuk gemak mungguh murad maksuding carita mikraj mau upama sira tetakon aku uga ora sumurup, dene enggonku carita mau mung supaya andadekna sumurupmu yen sejatine munggah dedalane kamuksan iku datan luput pisan, lire mangkene apa mula bisa kelakon mungguh sedyamu iku, awit sakehing lawan pira-pira jinaga dening malaekat wus pasthi tan enthuk lumebu kalamun sira gawa raga, ewa dene mungguh ingsun iki uga duweni sedya kaya sira ananging leksanane mangkono kang dingin raga kita dak (305) wasuh, dak keplok, dakecok-ecok, kalamun wus suci baresih nuli dak glintir, yen wus gedhene samrica binubut banjur tak untal, ing kono manawa imgsun wus bisa mlebu ing swarga, raga dah utahake maneh prelu supaya meluwa ngrasakake enak lan kepenak.

Dene kelakone kudu nganggo sarana laku mangkene, mungguh bekti ragaku kudu nglakoni, atiku kudu mekani, rasaku kudu nglegani, jiwaku kudu ngelingi, sawuse mangkono temenku kudu santosa, panrimaku kudu marem sakabehe wau yen kalimput ing batin mamengku, manawa bakal bisa pranawa ing kamuksanku.

Peksi gemak :

“Iya, kaya-kaya ana bnere kisanak, tekad bakal leksanamu wau dadi mungguh sajatine ingsun (306) lan sira iki kena diarani padha anunggal karsa nanging geseh leksanane, yen saka panemuku iya iku kang kena diarani sadulur tunggal laku manawa andadekaken condhonge pamikirmu, aja padha tetakon endi kang bener padha dilakoni supaya rujuk lan runtut ing tindak sakabehe.”

Peksi platuk bawang :

“Kisanak, sakabeh rembugmu kang mangkono mau banget andadekaken condhonging pamikirku, sarehne mungguh panemu iki ing panimbang wus padha rujuk sakarone tur bakal mlebu marang panggawe becik lan wajib prayogane tumuli linakonan supaya bisaa sampurna duk ing mau ingsun matur lamat-lamat krungu ana swara unine manuk prakutut, dak kira mencok witing (307) mandera dumunung sapucuking gunung iki, manawa iku bisa anruntutake sulayane panemu mau, ing riku peksi gemak angrujuki, lajeng sami miber ngupadosi dhateng dununging peksi perketut.”

Juru Patanya :

“Kisanak, amit nyuwun pangapunten nyelani cariyos sakedhap, saka langkung andadosaken eram tuwin gumuning manah kula dene wonten peksi gadhah pangrahita ingkang samanten, dados ing mangke kula saya wimbuh kacaryaning manah kumedah-kedah uninga kados punapa dumugining cariyos wau?.”

Sang Murwenggita :

“Kisanak inggih prayogi, kula miwiti andumugekaken cariyos malih miberipun peksi gemak lan peksi platuk bawang wau angenger angraning arga, wus prapta ing pucukira pinanggih peksi wicantenan kados ing ngandhap punika :

Platuk bawang :

“E…., prekutut, aja andadekake kageting atinira, mungguh praptaningsun kalawan si manuk gemak iki sejatine mung arsa nlesihake sulayane panemune, apa mula bakal dadekaken suka lan sajuning atinira.”

Peksi prekutut :

“Iya prayoga, ananging kalamun bisa platuk bawang carita, ingsun arsa miyarsakna purwanira ing rembung dadi sulaya.”

Platuk bawang :

“E…., prekutut, ingsun carita, mungguh kang dadi kamulane si gemak anglairaken sedyanira amasuh nuceni raga karsanira ing tembe lamun palastra jasadira ginawa marang swarga, iku mungguh ingsun uga darbe sedya kang mangkono, ananging sawuse raga dak suceni, nuli dak glintir, yen wus kari (309) samrica binubut gedene banjur dak untal nuli dak gawa munggah marang swarga, dene yen wus tumeka tak utahake maneh supaya padha angrasakaken ing enak lan kepenaking swarga.”

Peksi prekutut :

“E…, manuk gemak, apa mula bener mungguh celathune si platuk bawan mau.”

Peksi gemak :

“Iya bener prekutut, mungguh sulayane panemu kang mangkono wau jaluk pitulung marang sira, muga-muga andanganana weh pituduh leksanane kang sanyata.”

Peksi prekutut :

“Duh sumitraningsun sakarone, sira pada kawelas arsa, dene kalebu ing cacad iya iku pitungane engonira pada tan sumurup ing ngelmu, endi ana jasad arda ginawa marang ing swarga. Ing mengko ingsun carita, duk dhingin ingsun wus tau diingu marang janma manungsa, klebu kerep utawa demen (310) memaca ana sawiji diarani Kitab Humulbarahim, tegese iku layang babone pratandha yekti anyaritakake mungguh kahananing urip ana alam donya iki kalayan ngagem busana, iya iku panganggo cacahe nembelas rupa kang wolu gegawan saking Pangeran kang maha suci sejati, kang papat gegawan lumantar saaking bapa, dene kang papat gegawan lumantar saking biyung, mungguh wewejanane gegawan nembelas rupa mau kaya ing ngisor iki :

.1. Eroh, 2. Napas, 3. Budi, 4. Iman, 5. Pangrungu, 6. Pangganda, 7. Pangucap, 8. Paningal, iya iku busana gegawan saking Pangeran.

.1. Balung, 2. Otot, 3. Kulit, 4. Utek, iya iku buana gegawan lumantar (311) saking biyung.

Ing sarehne cacah nem belas prakara wau mung gumadhup urip ana sajroning alam donya, ing tembe tekaning janji yekti padha pinundhut marang ingkang kangungan luwih abot yen sira angukuhana, lan pinasti bakal andadekake rubedane lan pakewuhe laku, mulane mungguhing sedyaningsun sarehne wus tetela terang busana wau dununge mung angadhuh kanggo sajroning tumitah ana ing alam donya, ing tembe yen arsa tumeka ing janji ing kono ingsun bakal anulihake marang kang pada duweni wajib dhewe-dhewe, mungguh ing bebasane wus baresih ora anandhang utang wekasan nir sakara-kara tan ana rinasa, lumaksana ing sakarsa nutuken paraning sedya.”

Dene kalakone kudu nganggo sarana mangkene : sungkeming anggaku, kudu lapa, atiku kudu santosa, (312) rasaku kudu rumangsa, jiwaku kudu nalangsa, sawuse mangkono pandeng-pandenging budiku kudu temen rila, saranane aora kena kalimput ing laku sumenguh yen wus mangkono kira-kiraku bakal bisa ambuka nugraha paraning sedya.

Juru Patanya :

“Kisanak, kula sapunika sampun mangretos menggah kumpuling raga kaliyan nyawa, kedah mawi sarana pakarti kadi bebantahan rembagipun peksi tetiga wau, bilih makaten kula inggih narimah, dados boten gegilani dhateng tiyang kathah, wangsul pratingkahipun peksi tetiga ingkang sami gayuh kamuksan wau, pamasuh utawi pangluluhing raga amrih suci baresih punika punapa asarana toya utawi kekosokan sabun wangi utawi mangir, punapa cekap amung toya kemawon.”

Sang Murwenggita :

“Kisanak, yen prayoganipun (313) boten mawi kedah siram toya endhut, kosokan areng jati, pamrihipun supados ngajrih-ajrihi dhateng para malaekat ingkang sami jagi kori, ing sapunika mas, manah kula sampun radi pegel, kesangeten enggenipun wetah, punapa salaminipun sampeyan punika dereng nate tetaken dhateng sepuh-sepuh, kados pundi anggenipun saged nglajengaken rembag sesaminipun makaten, upami wonten tiyang dereng nate sumerep ing sastra : ha : ing mangka lajeng rerembagan bok manawi inggih boten saged mangretos, awit sampun kasebut ing paribasan wong amek banyu ngawa pikulan warih, wong amek geni kudu gawa damar, pikajengipun bilih sampeyan badhe sedya ngupados ngelmi (314) punika bekta kawruh.”

Juru Patanya :

“Inggih leres sanget kisanak, menggah pangandika sampeyan sadaya wau utawi kala wau inggih sampun matur menggah cubluk tuwin bodhoning manah kula punapa pamberatipun kula sumangga ing sampeyan, wangsul panyuwun kula bab anuceni sarta pratingkah pangluluhing raga, kadi rembaging peksi tetiga wau kados pundi ing sayektosipun?.”

Sang Murwenggita :

“Kisanak, bilih sampeyan pitanglet bab lampahing ngelmi punika kasebut ing Serat Wirit, ugi sampun kula pratekaken ing ngajeng, kajawi punika wonten cariyos pralambang tumrap dhateng tiyang ahli lampah dinapur dedongengan, menggah gegatukanipun kaliyan cariyos ingkang sampun kasebut ing ngajeng wau kula nyumanggakaken ing sampeyan piyambak.”

Menggah (315) purwaning cariyos wonten satunggaling uler, kawastanan uler jedhung tumemplek ing witing kajeng ageng, dumunung sapucuking ardi, uwot wau wonten epangipun mangandhap dipun pencoki dening peksi urang-urangan, jingleng mandeng anenggani klbaking ulam isen-isening toya ingkang wonten salebeting tlaga wonten satunggaling sawer angaleker, ing riku uler jedhung wau gegineman kaliyan pun sawer tembungipun kados ing ngandhap punika :

PUPUH XXIX

Uler jedhung :

“E…., ula, muga-muga aja andadekake regating driyanta, dipun langgen gonira amengku marang ambeg santa para marta, karana wus sawatara lama goningsun uninga nyipati marang sira, ngleker datan (316) mobak musik aneng tepining tlaga kadi amesu sarira ngleksanani tarak brata, dene kalamun sanyata prayoga sira pajara ingkang sadi sedyanta pepuntoning karsanira supaya ingsun uninga, dene lamun sira wus sajarwa genti ingsun bakal carita marang sira, pepuntoning sedyaningsun kang sanyata dene mungguh pakolehe goningsun sedya apepadon babing panemu lawan sira mau, lamun ana katlesiring laku salah sawijine supaya bisaa sumurup.”

Sawer :

“Uler jedhung, mungguh karsanira kabeh mau iya prayoga, ing mengko ingsun carita wruhanta, sajatine kita iki trah tumerah turuning ula naga, basa tekaning mangsa diwasa ingsun adarbe pangrahita sedya momor marang bangsa diwasa ananging datan bisa awit wujuding angga kita pada lan sasama lan bangsane ula naga, (317) mulane ingsun banjur tapa brata sedya angedhekake salira ing tembe lamun wus tekaning mangsa kala katarima angga kita iki sayekti rucat luluh wor lan kisma, arane anglungsungi, dene ingsun pinaringan salin raga mundak wimbuh gedene katimbang jasad kita kang lama.”

Uler jedhung :

“E…., ula naga, mungguh caritamu mau ora susah kok banjurake awit iku kalebu marang gegolongan panemuning budi kang bodho, ora pisan-pisan magepokan marang nalare ngelmu, ngendi ama tetapa nedya anedekake raga, apa sira ora tau uninga krungu mungguh carita lelakone pati, kahanane makluk iki kabeh upama mung sabolonganing edom utawa sarupaning pangonan ciut endi margane (318) bisane mlebu mangka sedyamu mau bakal kok gedhekake maneh apa tinemu nalare, lan sumurupa mungguh tumitah ana alam donya iki binasakake mung mampir ngombe (bae), mulane ingsun wus kerep krungu celathuning manungsa tebunge mangkene : ana dene manungsa iku kalamun wus tuwa mesthi mati, ewa dene bocah utawa wong kang isih anom iya uga ana kang pada mati, dadi mungguh surasaning calatu tembung mangkono mau saka panampaku pasemon marang kang pada krungu supaya padhaa mikira lan marsudiya marang pakartining pati, karana iku panggawe kang wus pasthi ora liwat ula mungguh kabeh caturku mau ing sajroning rahsa apa wus krasa tumraping rahsanira.”

Ula :

“Iya uler jedhung, banget ing panarimaku, kaya-kaya bener kabeh celatumu mau, (139) balik sira mengko ingsun banget kepingin genti caritaa prasajane sedyanira.”

Uler jedhung :

“Engoningsun tumemplek ing kayu iki sajatine uga tapa brata jroning sedya anyenyuda marang raga, cegah dhahar lawan nendra ing tembe kalamun wus wektuning mangsa katarima jasad kita kang jaba iki rusak asalin warna, ingsun isih ana ing kero, wus anganggo lan saalin jasad maneh, sarta wujude dak walik cangkem dak enggo dubur, dubur dak enggo cangkem pamurihe supaya aja memangan barang kang sarwa kasar ing kono kita wus asalin jeneng diarani enthung, dene yen wus tumeka mangsakalane katarima, ing kono kita metu saka jasad kang lawas mau banjur bisa mabur amemangan sarwa alus nenisep sarining kembang, lan asaling jeneng diarani kupu, dadi kita tetep asalin aran ping telu sanadyan jasad kita wau wus dak suda pira-pira isih uga bok manawa durung pinasthi bisa mlebu marang lenging edom mau.”

Dene bisane katarima sarana laku mangkene : sujuding ragaku kudu sadarma, atiku kudu rahayu, rasaku kudu narima, jiwaku kudu graita, panduk pandenku kudu kulina, kang mangkono kaya-kaya wus nyukupi kanggo sarana manawa sjatining tunggal kang bakal waskitha, namung sakabehe mau lakune kudu ngilangake rasa wedi, emar uwas lan sumelang.

“E…, manuk urang-urangan, sasuwene enggonku deleng marang sira pratingkahmu iku kaya ngrungok-ngrungokake engonku rerembugan iki, yen dasar sira mangreti marang surasane kang dak gunem mau bebasan ing saana-anane utawa (321) sagaduk-gaduke penemu marang ing atase prakara iku, mara ing kene wetokna, sayekti bakal andadekake bungah atiku.”

Peksi urang-urangan :

“Iya bener uler jedhung, sasuwene ingsun krungu enggonmu padha rerembugan lan si ula amemurih, marang ingsun supaya meluwa momot rerembugan prakara iku, sarehning bangsa manuk kaya kita iki gegolongan kurang marsudi marang pratingkah budi, sayektine mungguh ing tembung, patrap solah pratingkah akeh saru lan kasare, dene enggonku mratelakake mau manawa sajroning tata kramanipun marang ing sira sakarone muga-muga dan gedhe pangapuranira aja padha kang padha (322) tikel alise.

Uler jedhung :

“E…., manuk urang urangan, aja uwas lan sumelang ing pamikirmu sira geguneman lawan ingsun, mapan sadurunge ingsun wus anggelar ambek sarta para marta.”

Peksi urang-urangan :

“E…, sumitraningsun sakarone, banget bungah lan legane atiku mungguh kamulane ingsun wus krungu pawarta, manawa iya uga carita ing kuna-kuna, yen ta mungguh sarupane gumremet ing ngalam donya iki kang gegolong bohhone bodho, ratu-ratuning cubluk iya iku ula lawan uler, mulane ginantungan prabeda, ora duwe usus, samengko ingsun wus weruh anyipati dhewe, terang lan nyatane caritaku mau, lire mangkene kayata, si uler jedhung, enggone nglakoni tapa brata anguda-uda sedya amberat kasaring raga, yen wus alus supaya gampang lumebu (323) ing pati iya iku kang binasakake mukir, anenampik marang ganjaraning Pangeran kang maha kawasa, mungguh kang mangkono mau apa ora bakal anampani siksa dene yen si ula ora nganggo takon maneh yen terang lan tetela kleru panemune, endi ana tetapa anjurungi angkaraning hawa napsu sayektine iya bakal anampani siksa karusakan, ananging mungguh sakarone mau iya uga wus kawilang metu saka gegolnganing bodho, pratandhane wus katon dene sira padha sedya mlebu marang panggawe sasar, iya kabeh kang koklakoni mau, awit sajatine sira ora kuwajiban angayuha marang prakara iku, wriuhanta kahanane dumadi (maklum) ing alam donya iki kabeh kang pinasti luhur dewe dalajate mung bangsa manungsa, (324) iya iku kang ginadhang-gadhang munggah ing swarga ing tembe, mulane sira ora pada kuwajiban anggayuha marang prakara iku, awit kahanane dalajat iki kabeh wus ginadang kang duwe marang manungsa, yen ta mungguhing aku ora prelu mikir angayuh kang mangkono mau, jroning tekat wus narima pira-pira dene tinitah dadi manuk urang-urangan, dene sandhang kang dak anggo geganjarane Pangeran arupa wulu, ingsun wus ora luru-luru ngrupakake karana wus thukul dhewe, setan mung mikir sucine bae, dene kang dak pangan sadinane iya geganjarane Pangeran, kawetokake saka sajroning banyu arupa iwak sahanane, mulane saben esuk ingsun thenguk-thenguk, didis dak sambi ngantuk ana luhuring talaga iki, jroning sedya seba ing Pangeran anyenyuwun cadong kang dak pangan ing kono (325) apa kang katon sajroning banyu talaga mau ana iwak urang iya dak cucuk banjur dak untal, ana iwak ucen iya daksaut banjur dak pangan.

Ula :

“E…, manuk urang-urangan, mungguh kabeh ujarmu mau ora ana kang tinemu ing akal, apa sisining jagad iki mung manungsa dhewe kang kaserengan guna sekti lan sira apa durung krungu caritaning dalil dawuhing Pangeran, wajida-wajidahu, tegese : sing sapa temen katemenan, mungguh surasaning tembung sing sapa ora ngarani sawiji-wiji, dadi sadengah-dengaha kang anglakoni panggawe klayan temen-temen iya bakal tinemenan dening Pangeran, lan maneh sira sumurupa ana tembung satundha-tundha ing pamurwate wekasan mungguh katemuning rembung (326) gatuke lan panemu, kabeh-kabeh leksana ing sedya iku mau ora ana batale, apa sababe sira anemohi marang panggawe mangkono?.”

Peksi urang-urangan :

“Mengko ta ula, aku mau wus carita yen sira iku wus klebu ratu-ratuning cubluk, dadi sanajan sira bisaa angempur gunung lan bisa anjala langit iku meksa pra bisa mrojol saka pakartining bodho, kang mangkono sira aja mukir awit wus pira-pira seksi kang nuduhake yen sira iku ora kasinungan pambudi, pratandhane dene ora pisan-pisan magepokan pangreti marang lelinitane geguneman, sumurupa ing sira sakarone mungguh rembugku mau tuwuhe mangkene : saben esuk thenguk-thenguk pinggir talaga tunggu beninging banyu, ing kono apa kang kadulu (327) daksaut banjur da untal yen sira durung sumurup surasane tembung wau mangkene, kang diarani tlaga wau sajatine ati jroning tlaga ana banyu iku elening ati, iya iku budi, diarani pancadriya, ening ing banyu iya iku diarani panca maya, dene iwak kang ana sajroning banyu iku diarani dunung paraning sedya, mungguh empan lan mapane mangkene : ing sadina-dinane ingsun ora pedhot tansah amungtu ing pambudi, mawas ing pancadriya yen pendeng-pendenging pancadriya wus kabuka ing heneng-hening nganti tumeka ing panca maya mau iku kena banjur dak mangsa. Balik sumitraningsun sakarone, wus pada miyarsakake surasane celathuku mau apa iya wus mangreti?.”

(328) Juru Patanya :

“Kisanak, manawi kula angraosaken cariyos ingkang makaten wau saya kraos sarta rumaos ing kalepatan kula, anggen kula kirang taberi apuruhita temahanipun bodho anglangkungi, ing mangka yen karaosaken menggah ing ngagesang punika utaminipun kedah pinayungan ing darajat, dene darajat wau kaluhuranipun beda-beda, menggah pamendhetipun kedah tinarik saking sedya, dene sedya punika kedah akanthi waskitha, liripun makaten kadosta kala wau lelampahanipun uler jedhung kaliyan ula, yen patrap pratingkahing angga lampahipun boten aprabeda sami cegah bukti lawan nendra, sareng dumugining katarima uler jedhung ginanjar dening Pangeran saya alus angganipun, prabeda kaliyan sawer wau sareng dumugining katarima (329) raganipun saya mindhak ageng tur santosa pramila sareng wonten lelampahanipun ingkang makaten lajeng gadhah panggrahita saya tetela yen drajat punika kahananipun muhung anut panapa sasedyanira?.”

“Kisanak, menggah dheleg-dheleg kula sareng angraosaken dhateng wasisipun peksi urang-urangan, ananging inggih teka layak kemawon sageda langkung pangawruhipun, margi piyambakipun kadunungan gadhah manah gangsal, punika kula nyuwun pitanglet kisanak punapa sebabipun dene prabeda utawi panggenan manahipun wau wonten ing pundi?.”

Sang Murwenggita :

“Kisanak, punapa sampeyan nate mbedhel jerowanipun peksi urang-urangan, kok sumerep peksi urang-urangan wau gadhah manah gangsal?.”

Juru Patanya (330) :

“Punika klebet ing bebasan aneh, wong ditakoni durung sumaur males genti tetakon, liripun makaten ingkang cariyos wau inggih sampeyan piyambak, yen peksi urang-urangan punika pepuntoning tekadipun saben dinten muhung ngesthi eneng-enenging pancadriya suwawi kisanak karaosaken tembungipun panca, tegesipun gangsal, driya tegesipun ati, menggah tembung ingkang makaten wau rak inggih sampun tetela bilih peksi urang-urangan punika gadhah manah gangsal.”

PUPUH XXX

Sang Murwenggita :

“Kala wau sampun cariyos kahanan salebeting alam donya punika, ingkang kalebet dados ratu-ratuning cubluk amung uler kaliyan sawer. (331) ewa dene kekalih wau warninipun kados sampun mangretos, katandha boten sami pitaken dhateng peksi urang-urangan, mangka ing samangke sampeyan karsa pitaken dhateng kula bilih sampun narimah dipun wastani cubluk langkung saking uler utawi sawer wau, ing sasaged-saged kula inggih angaturi pamanggih kados ing ngandhap punika. Kala wau tembung pancadriya, saking pamanggih kula bok manawi wredinipun tembung makaten : panca, tegesipun gangsal, utawi pepencaran, driya tegesipun manah, utawi kenging dipun tegesi tuk kang wening, ananging sarehning ingkang dipun rembag peksi urang-urangan wau pakartinipun, ingkang kawastanan driya punika dipun tegesi budi dados tembung pancadriya pikajengipun pepencaraning budi, utawi (332) budi gangsal, dene manah anggenipun kanamekaken pancadriya wau saking karsanipun para winasisi kaange minangka ancer-ancering pitedahan wewijananipun makaten, bab manah punika kaperang dados tigang pangkat sami gangsal pakarti pratelanipun kados ing ngandhap punika :

Pangkat kapisan winastanan Karmin Driya, tegesipun purbaning budi : 1. Pangucap, 2. Pangganda, 3. Paningal, 4. Pamiraos, 5. Pangraos.

Pangkat kalih winastanan Antareng Driya, tegesipun watawising budi : 1. Klawening asta, 2. Tindaking suku, 3. Ebahing angga, 4. Kelaping lidah, 5. Kedhaping netya.

Pangkat tiga winastanan Jayan Driya, tegesipun wisesaning budi : 1. Rahsaning asta, 2. Rahsaning suku, 3. Rahsaning dubur, 4. Rahsaning parji, 5. Rahsaning kulit. (333)

Juru Patanya :

“E…., e…., kisanak, kula eram sanget dhateng pun peksi urang-urangan anggenipun wasis utawi wegig, anyariyosaken pakartining ngelmi ingkang wau punapa jalaran saking jajaning pangawruhipun, utawi malih kisanak, kala wau peksi urang-urangan anyebutakeh panca maya ing riku lajeng kula gagas, tembung panca tegesipun gangsal, tembung maya tegesipun bening, dados pikajengipun bening lima, menggah ingkang dipun wastani makaten wau warni punapa?, kula boten mangretos.”

Sang Murwenggita :

“Kisanak, manawi bab werdining tembung panca maya wau makaten panca tegesipun gangsal utawi pepencaran, maya tegesipun adi, linangkung, gumilang, bening, suci, mancur, sae (334) padhang warni, katingal, maeka, ananging kinten bok manawi tembung ingkang makaten wau saking pikajengipun peksi urang-urangan, anggenipun negesi mendhet saking werdining suraos wewijananipun makaten : panca, tegesipun gangsal utawi pepencaran, maya dipun tegesiosik, dados pikajenganipun amestani osik gangsal, dene dunungipun ingkang dipun wastani osik gangsal wau manggen antaraning manah, inggih punika jantung, pramila kaange minangka ancer-ancering pitedahan, menggah osiking jejantungan wau kadamel tigang pangkat sami gangsal pakarti kados ing ngandhap punika :

Pangkat kapisan Artika, tegesipun kerenteg ing batos, dipun wastani Lingga Maya, inggih punika jumeneng osik : (335) 1. Grahita, 2. Esthi, 3. Cipta, 4. Watek, 5. Ambeg.

Pangkat kalih Locita, tegesipun pangrarasing batos, dipun wastani Cipta Maya, inggih wahananing osik : 1. Angkara, 2. Birahi, 3. Satya, 4. Karsa, 5. Garjita.

Pangkat tiga Unandika, tegesipun ungeling batos, dipun wastani Wahywa Maya, inggih lahiring osik : 1. Pangongka, 2. Panira, 3. Pakantha, 4. Panyakra, 5. Panyana.

Juru Patanya :

“E…, e…., kisanak, kula sanget gumun, sarta wimbuh kayungyun inggih dhateng wiraosipun peksi urang-urangan wau, dene saged anyariyosaken ingkang elok-elok, wangsul menggahing kasagedan, kabesusan, utawi kawasisan, (336) dhateng pangolah tumrap pakartining ngelmi punika kok sanget-sanget dipun prasudi ing tembe dumugining delahan, prabedanipun punapa kaliyan sujanma ingkang bodho.”

Sang Murwenggita :

“Kisanak, kula sapunika saged amestani leres wonten sujuanma reraosan tembungipun makaten : sabobote kawujudane ngelmu iku mebar anebeki (sumebar angebeki) jagad, bebasane ditungu, diadhep, dipandang, disampar, disandung dening manungsa ing salawas-lawase, paran dene yen durung pinarengake maring Pangeran kang maha suci, iya ora bisa sumurup.”

“Wondene menggah pratandhanipun kisanak, bilih leres suraos ingkang makaten punika kala wau rak sampun nyariyosaken bab lelampahanipun (337) uler jedhung kaliyan sawer, tumraping kalahiran ing lampah boten sanes, wasana sareng dumugining katarimah ganjaranipun beda-beda, saupami sampun mangretos suraosing ingkang makaten punika rak inggih boten pitanglet malih beda-bedaning ganjaranipun tiyang bodho kaliyan tiyang pinter. Suwawi kisanak karaosaken punapa leres menggah wicanten kula punika.”

Juru Patanya :

“Inggih kisanak, leres kula ingkang kesupen, menggah tiyang pinter kaliyan tiyang bodho punika sampun temtu sanes-sanes ganjaranipun, ananging sareng kula angraosaken cariyos lelampahanipun uler jedhung kaliyan sawer wau sarehning sami kasedya wekasan saged kadugen, (338) punika rak inggih sami kagolong katarima, punapa sababipun geganjaranipun warni kasusahan utawi kasangsaran, liripun mankaten saupami wonten manungsa kedara-dara nglampahi tarak brata ingtembe dumugining palastra jasadipun pinendhet wonten ing kisma, mangka ngelminipun katarima raga rucat asalin warni kupu badhe miber nanging medal boten saged griyanipun sampun wulet tambah padhet, iba saya susah utawi sedihipun dene manawi santu warni ula naga, sarehning sawer punika bangsaning rosa saestunipun inggih saged jebol kisma, sareng sampun medal sumedya saba boten dangu temtu lajeng pejah malih sabab dipun pateni dening  manungsa : suwawi kisanak karaosaken amigunani punapa ganjaran ingkang makaten wau?.”

PUPUH XXXI

(339) Sang Murwenggita :

“Yen ta upami makatena, janjinipun saged santun warni kadosta kupu tuwin kijen sesaminipun punika radi mayar katimbang kaliyan gesang malih, wujuding manungsa wonten salebeting kisma saiba tanisipun nanging bok manawi boten dangu inggih pejah malih jalaran kaplepeken napas boten saged medal, kisanak menggah rerembagan ingkang makaten punika kedah lirih boten kenging sora, sabab manawi kamirengaken tiyang sanes mindhak dipun wastani edan sabanjur, suwawi ta kisanak, kagaliha ingkang sayektosipun pamanggih sampeyan wau rak inggih kados boten kanthi akal,  kados kairipi kados pamanggihipun lare ingkang saweg umur kalih utawi tigang taun, liripun makaten pundi wonten manungsa kedara-dara sami amarsudi (340) ing kawruh punika prelunipun punapa, namung nyenyuwun sageda kupu, kinjeng utawi ula, sasaminipun, rak inggih boten pisan-pisan yen ta makatena. Ing ngriki wonten dedongengan, mangke ugi kula cariyosaken ananging saking panyuwun kula mugi sampeyan raosaken ing sayektosipun ingkang kaange minangka jejering cariyos, juru tani amethik pantun ingkang badhe kaangge wiji, sarampunging pamethik pantun wau kedah dipun pepe, manawi sampun garing gagangipun lajeng dipun tangsuli, inggih punika nami dipun belehi utawi dipun nedheni, ing riku sarampungipun pantun lajeng kadekek ing lumbung, sareng dumugining mangsa pantun wau kapaendhet ing lumbung lajeng kasebar wonten ing sabin, dumugining wiji mangsa thukul tegesipun menthongol saking cangkok (341) utawi gabab saweg sawatawis inggilipun ing riku kacariyos gabah klothokaning wiji wau wonten salebeting endhut anangis asesembat melas arsa, wiraosipun kajawakaken kados ing ngandhap punika :

Kulit :

“E…, wiji, sira elinga, duk nalika isih anom wiwt metu saka ing kembang jumeneng aran pentil, kita wus angemuli marang sira, rina kalawan wengi kang kodanan utawa kapanasan iya kita, kongsi tumekane tuwa pinetik dening kyai juru tani kakenthang diepe sadina-dina ora liya iya kita, wasana tekaning samengko sira tukul sedya oncat saking kita asuka-suka tan enget purwanira, kang mangkono apa ora kena diarani tindak siya-siya lan anganiaya (242), awit kita iki luwih lara lan kasangsara, sira tinggal ana sajroning endhut, iya wiji rasakna, apa tinemune mungguh patrap kang mangkono.”

Wiji :

“E…, kulit (mrangbut), sira busananingsun, aja darbe uwas lan sumelang mungguh pisan marga saka plethakku, iku sajatine wus nganakake daya panggendam kang mahani bakal luluh lan amor iku saben pinurwa ing gaib kang ambuka tancep temen warananing nugraha kang ing buri temah diarani lesaning papasthen wekasan anganakake wor pisahe atma lan pramana nuli babar daya uriping rahsa temahan pamolahe baka wimbuh anganakake tumuruning jiwa mahanani catur apsara tegese patang wewadi utawa wewadi papat (343) ing kono catur apsara mau pamolahe neng don cupu mahanani daya astagina iya iku dadi aran jumenenging jiwa, mungguh kang diarani jiwa mau woring wiji lan cangkoke utawa woring isi lan wadhahe, mulane aja sumelang ing driya karana kabeh pepuntone wis ana ingsun.”

Cangkok (mrangbut) :

“Mungguh pajar lan warahmu kita banjur rumangsa krasa ora bisa nyenyamah lan maoni, ora liwat mungguhing panedhaku bisaa kaya tetembungan : mituhu marganing asih, miturut marganing welas, dene panati-ati anedhokahe maring kaluputan temah anganakake kakandel lan piandel. Wasana srahing tancep lan tekadku dak sumendekaken ana ing momot-momotku sumarah ngandel ing takdir.

(344) Juru Patanya :

“Kisanak, kula remen sanget wonten ing ngarsa sampeyan punika, dene kok kathah seserepan sampeyan dhateng dedongengan ingkang sae-sae, supados saged ayenyuda dhateng bodhoning manah kula mugi-mugi karsa dumugekaken cariyos malih.”

Sang Murwenggita :

“Sarehning sedyaning manah kula dumugining ngarsa sampeyan amung tetywi sampun pinanggih kalayan wilujeng ing sedyanipun utawi sawatawis sampun radi dangu anggenipun sami gegujengan, kaparenga kula badhe dumugekaken lampah. Ing wekasan menggahing pamit kula amung nilari tembung kalih bab kados ing ngandhap punika :

  1. Sinten ingkang nedhaken temen (345) tuwin leresing lampah kula ingkang ngantos boten lepat.
  2. Sinten ingkang nyumerepaken ing kasaenan kala ingkang ngantos boten kawastanan cacad, punika kados pundi?.”

Juru Patanya :

“E…., kisanak manawi saking pamangih kula tembung kalih bab wau makaten :

  1. Sinten ingkan nedhahaken temen tuwin leresing lampah ingkang ngantos boten lepat punika amung dumunung wonten ing empan lan mapan.
  2. Sinten ingkang nyumerepi ing kasaenan ingkang ngantos boten kawastanan cacad punika amung dumunung wonten ing tata krami. Karana menggah suraosing tembung kalih bab wau dumunung wonten ing don tepaning kasujanan.”

Sang Murwenggita :

“Inggih leres kisanak, sampun cocok (346) kaliyan suraosing manah kula boten langkung ing mangke muhung sami lengana pamuji, harja karaharjan anggenipun sami tumitah piyambak-piyambak, suwawi sami pepisahan.”

Juru Patanya :

“Kisanak, kula inggih samanten ugi, suwawi pwpisahan sami dumugekaken lampah piyambak-piyambak, ing tembe manawi sampun dumugining mangsa kemawon sami pepangihan malih.”

PUPUH XXXII

Sang Murwenggita :

Ing mangke kacariyos, sasampunipun apepisahan sami dumugekaken lampahanipun piyambak-piyambak juru patannya kaliyan sang murwenggita lajeng kumpul awor saeka praya sarta lajeng anangit tembung kapratelakaken kados (347) ing ngandhap punika :

Menggah dhateng pamudharing kawruh kula punika, boten pisan angaken kadi sang sujana sarjana saha sang mardibasa, ring saloka ongkang sampun kasebut apindha wreksa cendana ingkang pinulet ing jangga puspa, geringipun kadamel dupa, sumembah ing Dewa, teka ngambar babar sari-sarining ganda, punika celakipun katebihna, namung panganggit kula wau dhateng kawruh punika kaangepa kacatur, rasaning rasa dening tiyang ingkang nunggil budi, dados saestu ing wingking prasaning rasa kenging katulada.

Wasana osik, cipta, kula dados warni surasaning sastra, saha kula sukur dening tapaning ati, rahsa, jiwa, ingkang kawengku pranawa, wudaring pramana, ingkang saestu dados dununging (348) panembah kula.

Nahenta, anggitan kula punika kula pusakaken dhateng ajar kula ingkang nami Resi Niti Mani, ing ngasmara giyana rahsa, wasana dening Sang Gopita (ingkang kagungan dhawuh lan timbalan) kenging kawruh wau kaagema dening Sang Subadha ing Tirtaganda, ingkang lajeng wonten ing kita Pasuruan.

Purnaning pangriptanira sinerat ing Purwada, titi mangsa tahun Jawa tinengeran candrasangkala : Pambudining Salulut angesthi atma (tahun Jawi 1821).

Tamat.

-oo-

About these ads

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: