alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT KAKI WALAKA (bag II)


Perangan II

MANGUNAHING PARA PANDHITA SIDIK

Ing mangkè anggelaraken mangunahing para pandhita sidik. Ing dalem Kadis anyariyosaken pangawasaning manungsa ingkang sampun katarimah ngilminipun.

Nalika jaman nagari Demak kathah ura-uru, nyarengi dhatengipun tetiyang anama Sahida. Dhatengipun wau boten kantenan ingkang dipun jujug, amung ngelambrang kadi majenun. Ing ngriku Sèh Sahida wonten nagari Demak anggelar pangawasa, sagedipun babar mangunahing pandhita lunuwih.

Anuju satunggil dinten Sèh Sahida tilem malumah wonten sangandhaping waringin kurung, sarwi ngumbar wetengipun. Wasana puseripun murub saengga latu mulat-mulad, kadi ngobong waringin sengkeran. Temah adamel kagèting tetiyang kathah. Mila ngantos kapariksa dening Bupati ingkang caos. Ginugah boten tangi, jinunjung tan kuwawi, dipun angkat tiyang kathah meksa wangkot. Ngantos atur uninga, temah tinedhakan dèning para wali kathah.

Ananging sareng sampun dumugi panggènan anggènipun tilem wau, para wali wang-wang amulat, awit angèngeti adat ingkang sampun kalampahan, lelagon angenèh-anèhi punika tamtu Kangjeng Sinuhun ing Kalijaga. Mila para wali malah ajrih nyelaki.

Dènè pamagangan wali ingkang ajrihan sanget kapara amung manembah sasèdhokan kèmawon.

Sareng sampun sawatawis dangu, para wali wangsul, atur uninga Sang Nata, yèn Kangjeng Susuhunan Kalijaga sarè malumah wonten ngandhap waringin sengkeran. Para wali ajrih nyelak, para bupati ingkang caos ngaturi wungu, boten karsa. Amung èca-èca sarè kèmawon. Mila nyumanggakaken ing karsa Nata.

Kangjeng Sulta angandika, “Mungguh Sunan Kali dadak anjujug sarè ing ngalun-alun, apa karsane Prayoganè titinen dhingin. Si Kaki Rambu Rangkung, jim biru kang rumeksa gamelan Sakatèn apa ijih gumrenggeng swaranè, imbal wacana apa maneng ? Yèn ora ana swaranè, pasthi iku kang mindha papa anèndra.”

Kyai Ganjur lajeng lajeng anilingaken saking jawi, taksih imbal wacana gumrenggeng. Kangjeng Sultan andangu, “Kapriyè imbaling Wacana ?”

Kyai Ganjur matur, “Matur grenengipun :

Uga tunggal, nanging dudu jaganè.

Umung jajal pangajaring praja arja.

Ujaring wong wekasan suwung nyatanè.

Upamanè anaa kang ingupaya.

Urub apa pasthinè bisa tumeka.

Ubayanè anèng Demak dunungira.

Upayanen ana urang-urang mata.”

Sigeg, ing galih duk miyarsa, Kangjeng Sultan ing Demak dyan tumedhak piyambak dhateng alun-alun. Sarawuhing ngriku mèh kagèt, sinengguh pepundhènipun sanyata. Ananging sareng dipun titik walikating dalamakan ingkang kiwa, boten mawi gebyaring amawa cahya kadi memeliking sesotya.

Yakti dèdè gurunipun. Yèn sesipating warna, mèmper. Mila andadosaken kagèting galih. Sareng dipun patitisaken wewelingipun dèdè, nadyan patrap anganèh-anèhi, nanging Sang Nata lajeng sinidhem kèmawon.

Mila para wali sami boten angraita karsaning Nata. Tinarka nyata, yèn Sunan Kalijaga. Mila sami anut wangsul, umiring konduring Nata. Lajeng anjog ing sitibentar, nimbali lurah yaga, pun Setu kalih pun Monggang. Dhinawuhan rumeksa yasan dalem gangsa Sekatèn.

Dènè Kyai Ganjur lajeng kapiji dados Lurah Suranata, wonten ing serambi masjid panepèn. Pangkatipun Kyai Ganjur sangandhaping Pangulu Ageng. Kayi Ganjur wau pasowanipun rinilan anunggil para wali.

Kacariyos satunggal dalu, Kangjeng Sultan dhawuh kabèh para wali kinèn angraosaken sasmitanipun jim biru, ingkang rumeksa gangsa Sekatèn.

“Kyai Rambu Rangkung imbaling wacana pitung angkatan, mawi bebuka “HU”, pikajengipun punapa ? Maknanipun kadi pundi ?”

Dènè para pamagangan wali dhinawuhan sami ngupaya Sunan Giri kalih Sunan Kudus. Yèn kapanggih, kairida, rèhning praja wonten pratandha, yèn sunya pasthi punika pandamelipun Sunan Giri utawi Sunan Kudus. Pamagangan wali matur sandika, mangkat sadaya.

Ènggaling carita, Sunan Giri tigang dinten sampun rawuh ing Demak kaliyan Sunan Kudu. Ingaturan pawarti yèn ngalun-alun wonten anèh-anèhan. Sunan Giri kalih Sunan Kudus ingaturan mariksa. Kalih pisan lajeng mangkat.

Boten dangu wangsul, matur ing Nata, yèn punika pandamelipun Sunan Kalijaga. Kangjeng Sultan Demak pandamelipun Sunan Kalijaga. Kangjeng Sultan Demak api-api ngungun.

Sampun sami ginalih, para wali lajeng dipun dhawuhi maknani sasmitanipun Kyai Rambu Rangkung, jim biru ingkang tengga Sekatèn. Dènè imbaling wicara mawi bebuka “HU” kaping pitu.

Mila Kangjeng Sultan lajeng anjibahaken dhateng Sunan Giri kali Sunan Kudus sakancanipun sadaya, menggah ingkang dados pikajenging sasmitanipun Kayai Rambu, Kayai Rangkung kados pundi. Dènè mawi “HU” kaping tiga dènnya imbal pamicara. Mokal yèn botena wonten raosipun. Sadaya para wali matur sandika. Dadya lajeng rinaras raosing sasmita wau.

Warni-warni pamanggihipun :

  1. Sunan Giri angarang kanyataning “HU”. Pamanggihipun : humat. Tegesipun : umating Allah iku ngawruhana rahsaning ngilmu kang wis dadi iku weruh wewadining pangkating Dat pitung prakara.
  2. Sunan Kudus pamanggihipun “HU” punika hurip. Pikajengipun : urip iku wenang nganakakè pitung prakawis. Mila yèn tanggung-tanggung ngilminipun luhung pengung kèmawon. Awit tiyang pengung punika sampun boten ngajengi warah-wuruk.

Mangkana salebeting gunem raos, kasaru rawuhipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, dumrojog tanpa larapan. Dupi wus tata lenggah, lajeng angandika makaten:

“Iki wong dèsa, aran Kaki Tengara, prayoga kawulakna. Pantes amajibi lawan anglurahi para paniti masa. Lan maningè, wong kang turu sangisoring wit waringin kurung, kairida anèng ngarsaningsun. Poma warahen, ingsun wus teka.”

Para kanca anggandhèk sandika, mangkat. Dupi prapta temah matur dhateng kang nèndra, “Gusti, Paduka tinimbalan manjing pura, karana rama Paduka sampun rawuh ing kadhaton, amung ngentosi sowan Andika kèmawon.”

Radèn Sahida gumrègah lumaksana, kèrid ing gandhèk kekalih. Sadhatenging ngabyantara Nata, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika:

“Hèh, hèh, Sahida, ing mengko sira wus katemu lawan ingsun. Sira banjur lungaa manèh, ngupayaa bumi Bintara kènè. Yèn ana dèsa lemahèdarbè ganda langu, banjur bebadraa sakuwasamu dhèwè. Lawan ing kono bakal ingsun anggo nganggur, supaya bisa dadi petilasan.”

Sèh Sahida matur sandika, nyuwun dhawuh menggah ingkang kawajibaken  punapa. Kangjeng Susuhunan Kalijaga angandika :

“Sira dadia punggawa pamijèn, amajibana barang lelungguhingsun bumi dèsa kang parek ing kono. Bèsuk sawatara dina ingsun tumeka, bakal karya wisma kangdadi pasarèyaningsun dhèwè. Sarta sira ingsun wenangakè mangrèh wong cilik sabalabaging bumi satus karya. Dènè kang bakal dadi dalemingsun, sira aja wani-wani angetrapi, sarta wus ingsun paringi tetenger : kayu kumuning bang utawa kayu tayuman; telu kayu garu; kayu widara putih, kayu waliku. Saubengè kekayon lima mau mung sawangana wates bae. Bèsuk ingsun dhèwè kang ngadani.”

Kangjeng Sultan ing Demak mimbuhi pangandika, “He Kulup Sahida, ingsun apeparing aran. Sira ingsun rilani jeneng Pangèran.”

Para wali aneksèni sadaya, yèn ing mangkè Raden Sahida nama Pangèran ing Kadilangu, sarta angsal ganjaran sabin, kathahipun kawan atus karya. Dalah saking rama dados gangsal atus karya.

Dupi wus sampat dhawuh pangandikaning Nata tuwin dhawuh wewelingipun ingkang rama, lajeng pamit, kalilan mangkat.

Ing sawatawis dinten Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga tedhak ing panggènanipun ingkang putra. Radèn Sahida dipun damelaken tarapan saèngga gedhang salirang, kaanggè wadhah bekakasing dalem. Dumadakan ing salebetipun angadani dalem, Kangjeng Susuhunan Kalijaga angsal kaèlokan, èncèh isi rajabrana kebak.

Sanadyan manggih, kedah bayawarakaken dhateng tangga tepalih, sinten ingkang gadhah èncèh wau. Tangga tepalih, parpat manca lima sami matur, boten rumaos ndèkèk. Mila sareng sampun boten sami ngakeni, ugi rahadunya lajeng kawaridinaken dhateng para bekel ing ngriku. Mila kumrubut sami nuwun-nuwun. Mila para tetiyang sakiwa-tengenipun ngriku, nadyan ingkang boten kabawah, sedya atur bulu bekti, bau suku tumut ndandosi dalem, sarta badhè pasarèyanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Kinaroyok ing kathah, lajeng ènggal dados. Istha masjid tur cèkli langgarè, ingubengan tirta wening. Mila lajeng karang ing Kadilangu. Makaten pangandikanipun:

“Hèh Sahida, sira dèn ènak atetunggu pasarèyaningsun, lawan ingsun tinggal wewekas, dèn èstokna. Sapungkuringsun, sira aja wani-wani ngungkabi gendhaga wadhah wangkinganingsun. Saturun-turunira, sing sapa langkah, nganti weruh wangkinganingsun, pasthi tanpa mata.”

Sabda pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga dhateng Pangèn ing Kadilangu pinareng dèning Allah tangala. Sami sanalika kadi binarung ing swara gumeleger ngawiyat, lindhu gonjing, prahara gora rèh kagiri-giri.

Saluwaring prabawa, punang gandhaga wadhah wangkingan kadi pinaku, karaket ing manah. Sarta ingkang dhinawuhan ugi ngèstokaken. Saturun-turunipun Pangèran ing Kadilangu sami ajrih sumerep dhapuring pusaka wangkingan wau.

Dumugi sapunika kènging nyirami lisah cendhana nyumerepi dhapur tangguhipun.

Suprandosipun ing nguni wonten ingkang sumedya badhè uninga. Margi mingkis sinjang gegubahan, saweg uninga sadlèrèngan kèmawon, tiyang wau mripatipun nyeplos.

Mila tulus sapriki lajeng boten wonten ingkang wani uninga wangkinganipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga. Wasana lajeng dipun dhawuhaken dados wewaton : sinten para ngulama tuwin para juru kunci ing pasarèyan Kadilangu, katamtokaken ing saben Anggara Kasih, ingkang nyirami Kyai wangkingan kedah mawi dipun tutupi mripatipun, kanthi tiniti boten kèngis maripatipun. Nadyan para ratu, boten kenging uninga wujuding wangkingan wau.

Kacarita malih, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, sasampuning paripurna anggènipun yasa dalem dalah langgaripun, lajeng dhawuh dhateng ingkang putra, rèhning sampun sepuh, boten karsa angagem wangkingan. Amung badhè gebayakan kèmawon, ngagem teteken pucuk cis wesi cawang, sarta pamit ingkang putra, yèn badhè ngaluyur nuruti karsa. Amung rèhning boten ngagem wangkingan, ingkang putra wineling, njagi rumeksa boten kènging ngagem, boten kènging uninga. Ingkang liningan matur sandika ngèstokaken.

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng kèsah lelana, sapurug-purug, ngantos dumugi tanah ingatanah, pulo ingapulo, manca nagari, pasisir sampun kaancikan sadaya. Malah satengah kaoling carita, dumugining paran, ing saben saonjotan santun gelar, santun warni.

  1. Ing nalika ngambah laladan pulo Pinang, Kangjeng Sunan Kalijaga sesilih Jaka Lonthang. Ing ngriku witipun wonten Serat Suluk ngilmi, dipun wastani Suluk Lonthang.
  2. Ing nalika ngancik dhateng pulo Siyag, lajeng nama Kyai Dana. Ing ngriku witipun wonten Serat Suluk Besi, awit Kangjeng Sunan Kali kèlu dhateng pakartining tiyang pandhè wesi, laminipun kalih taun.
  3. Ing nalika ngancik pulo Bayan, ngantos dipun jajah saubenging nagari. Mangka pulo Bayan punika tigang jaman dipun kulinani : ngambah ing Bayanmani, lajeng ngambah dhateng Bayanmaot, lajeng dhateng nagari Bayan Budiman. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ngalih aran kaping tiga. Duk nganggit Suluk Bayanmani nama Empu Hartati. Nalika nganggit Suluk Bayanmaot ngalih nama Empu Hartadaya. Sareng wonten nagari ing Bayan Budiman ugi nganggit Suluk Bayan Budiman. Kangjeng Susuhunan Kalijaga sesilih nama Sèh Ismangil Jatimalengis lamènipun ngambah jaman nagari tetiga wau tigang taun. Lajeng wisata sapurug-purug malih.
  4. Nalika ngancik wonten ing nagari Ngacih, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ugi nganggit Serat Suluk Acih, jejuluk Sèh Sutabrit. Kalunta-lunta ngantos nagari  ing Mekah, nanging Sèh Sutabrit awarni larè dolanan. Dènè ambah-ambahanipun dhateng masjid Mekah, adamel kaèlokan, dènè purun anglanggar ngilmi dhateng para jamhur Mekah. Inggih punika ingkang sampun kasebut wonten rahsaning Serat Suluk Sutabrit.
  5. Ing nalika ngmabah pulo Siyem, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga anganggit Serat Suluk Puji. Dènè sesebutaning nama : Kaki Linggapura. Wonten ing laladan nagari Siyem boten karsa anglajengaken. Suprandosipun dangu, jalaran kasengsem aningali cara-caranipun tiyang anggènipun liru lambang urub-inguruban.

Kala samanten Kaki Linggapura kalanturipun nama Kaki Singgapura. Dumugi sapriki lestari dados lambang-lambanganing arta, kados ta : arta saking tanah jawi wonten nagari liyan boten ajeng, kedah lintu arta liyan. Pundi ingkang dipun purugi liyaning praja, badhè  ngajawi ugi lintu arta tanah Jawi.

Makaten ing caranipun. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga wonten ing ngriku ngantos sakawan taun, jalaran dipun pupu dèning juragan, nama Kaki Glontor.

Sanget asihipun, malah dipun ajak gegramèn dhateng pulo ing Bojong, inggih pulo Ciamis. Akathah lelangening nagari, karya senenging panggalih. Mila Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng nganggit serat Suluk Gontor, awit saking saweg tumut dagang Kaki Gontor.

  1. Ing nalika kondur saking bawah Siyem, Sang Lelana lajeng kondur angajawi malih. Ing ngriku taksih andugekaken lelana jajah wana, wukir, jurang pèrèng sungil. Sang Lelalana karsa nganggit Serat Jaka Rasul. Ing nalika punika kapareng anggelaraken rahsaning ngilmi babaran wahananing Dat, tinunggilaken lawan panganggitipun Suluk Jaka Rasul wau. Mila Suluk sareng dados gegebengan, sakalangkung gancar piyambak. Sarta raosipun dhateng tèkad tetèla kathah meleng piyambak rahsaning ngilmi kasampurnan. Kapara mawi cecarangan angangit imbal-imbalaning swara, dipun wastani Suluk Burung, ingkang kadhapur pangartining para paksi gemak dènya rebat unggul, prakawis pambektaning jasat dalah kurunganipun. Sadaya wau sakalangkung ramèning pamicara. Ing ngriku witipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng anganggit Serat Suluk Burut.
  2. Ing nalika punika Kangjeng Susuhunan Kalijaga lajeng karsa lelana malih dhateng tanah kidul, anjujug pinggiring samudra, inggih punika ingkang winastan ing Dalepih. Laminipun jaga-jaga satepining tasik kinten-kinten satengah wulan, saweg amuthuki tiyang satunggal, tanpa mangganggè wastra. Awakipun namung dipun ubeti oyod, sirahipun anyunggi sakathahing uwuh ron aking. Upami dèdè  Sinuhun Kalijaga, tamtu mlajeng, awit sinengguh brekasakan ingkang rumeksa sapinggiring sagara Dlepih. Wasana sareng saya celak, dinangu sarana angagètaken. Ingkang nyunggi uwuh kagètipun sanget, ngantos andherodhog, andhèprok boten saged lumampah. Sambatipun amung mati. Tinanggenah ing pangandika, lajeng matur saparlunipun, “Kawula pun Wana, larè ing dhusun Dlepih ngriki, badhè ngupados paksi mliwis, kasadè damel ngingoni anak putu.” Kangjeng Susuhunan paring sabda waluya, lajeng angandika :

“Kaya kapriyè rèkanè amèt manuk mliwis ? Ingsun arsa uninga. Lakonana, aja kasuwèn.”

Ingkang sinabdan manembah, lajeng malebet ing warih. Ririh lampahira. Dènè ingkang katingal amung ombyong-ombyongan uwuh. Dèrèng pati tebih, dumadakan anyarengi panebaning paksi maliwis, niyup saking nginggil mangandhap, lajeng angambang ing toya bayak-bayakan. Wana marpeki, tumandang. Punang paksi mèh telas. Saking kekebaken kapisipun, temahan rinèntèng ing tetali kang sinabukaken. Tali tampar, lulup, sampun kacakan sadaya. Kantun tigang iji, kagèt, muluk ing gegana. Dènè kagètipun paksi tetiga wau, awit pun Wana kuwalik badhè kelem, awit saking kawratan pambektanipun. Nanging Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga awas ing pandulu. Pun Wana pancen galagepan, lajeng sinaut ing teteken, ginanthol ing cis. Pun Wana saged minggir, lajeng dipun entasaken. Dupi sampun sarèh napasipun, lajeng dinangu. Pun Wana matur makaten, “O, Gusti, salami kawula pados peksi maliwis boten kados sapunika. Bok sampuna kawula kelem saking boten kuwawi mbekta, kados rampun tan akècèr. Katujunipun lajeng paduka entasaken. Sapinten ing panuwun kawula, Paduka paring gesang. Mangka kirang sakedhik kemawon, tamtu pejah. Boten langkung, rèhning Paduka ingkang nambak ing nyawa kawula, angsal-angsal kawula paksi maliwis kawula sumanggakaken.”

Kangjeng Susuhunan Kali angandika :

“He Wana, sira rumangsa urip awit ingsun kang angentasakè, duk sira galagepan. Iya banget panarimaningsun, sarta antuk-antukira maliwis sira aturakè maringsun. Ananging dadèkena sumurupira, maliwis kang wus gawa, kabèh mabur, jalaran nalika sira kelep ing banyu, nganti lali pangangsilanira.”

Pun Wana èmèk-èmèk kapisipun, nyata suwung. Nadyan ingkang sami cinancang ing tetali sabukan, sami mabur. Satunggil boten wonten ingkang taksih. Pun Wana dadya kaduwung sanget. Dangu-dangu lajeng mosik makaten, “Dhuh Sang Pinundhi, rèhning sampun kapotangan umur kula, kaparenga Paduka tumedhak ing pagriyan kawula, parlu badhè angaturi sesegah sakadarè tiyang dhusun, margi wanci sapunika sampun ngajengaken surup.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga amituruti. Dumugining wisma, ngancarani lenggah ing salu. Pun Wana lajeng medal, sanjang biyungipun, kapurih sesegah. Kang ingatag tanggap, angratengi badhè segah. Pun Wana lajeng dipun timbali dalah biyungipun. Saprataning ngarsa, dhinawuhan :

“Nini, sira aja susah nyuguh sarana nganak-anakakè kang ora ana. Ingsun trima tanpa sugata, angger tangga teparomu padha teka kènè.”

Pun Wana matur, “nDatengaken tiyang wau inggih kedah nyegah sawontenipun.”

Kanjeng Susuhunan angandika :

“Gampang prakara suguhing tangga teparomu kabèh. Ana pira kèhè?”

Wana matur, “Cacahè eri kawandasa sèmah. Mangka adatipun, ing dhusun Dalepih ngriki, saben dipun undang, jaler-èstri dhateng sadaya. Wah sami bekta anak, margi sampun dados rerukunaning rembag ngajeng, sinten ingkang gadhah parlu, tangga tepalih sami rungkat sadaya, alih-alihan.”

“Yèn mangkono luwih becik. Pasthi mengko ana kamurahaning Pangèran kang kena sinuguhakè.”

Ing nalika punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng maringaken waragad sacekapipun. Dadya kalampahan ing dalu punika saged ndhatengaken tangga tepalihipun sadaya. Warnaning sugata boten anguciwani, karana pinaringan waragad kathah. Sareng sampun ing wanci dhatengipun. Sami dinangu, arta anggènipun maringi waragad telas punapa taksih. Yèn telas, dipun paringi malih. Lumbung pari kalong pirang gèdhèng, yèn kathah lukaking pari, dipun jogi malih.

Biyungipun  Wana matur makaten, “Arta ganjaran kablanjakaken ulam, bumbu warni-warni, pirantosipun sekul ulam panganan. Panumbasipun langkung kathah, arta boten kalong. Wadhah uwos tanpa kèndel panakeripun, wasana ing padaringan boten lukak. Nadyan ing lumbung malah kebak. Mila arta kawula aturaken wangsul malih.”

Kanjeng Susuhunan ing Kalijaga boten karsa anampèni. Pangandikanipun makaten :

“Bibi, mengko tamunira padha wratanana arta sacukupè.”

Kang liningan matur sandika. Ing sadalu punika dhatengipun para tamu langkung kathah. Dalah parpat mancalima anggili tumut manggihi. Pun Wana nyariyosaken kawasaning tamunipun, sarta anambak nyawa, amiwiti tumeka mungkasi.

Dupi tekèng tengah dalu, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga tumedhak ningali tamunipun, sarta tumut lelenggahan, lajeng paring pangandika makaten :

“Kabèh sanak sadulur, ing mengko padha timbangan saparlunè. Lelakonè si Wana enggonè ngupaya manuk maliwis, wasana malah anemu papa. Marga saka maha kumawawa, wekasan mèh palastra, tur tuna sedyanira. Saka wus katrucut basanè, arep males kabecikan marang ingsun, uga banjur ingsun pitututi. Èwadenè saka karepku, becik mangan ènak lawan sanak sadulur, tangga teparo, anulusakè rukunè.”

Ingkang sami dhinawuhan sakalangkung nuwun.

Kacariyos malih, salebeting pajagongan, Nyai Wandawa kuma purun atur pratèlan makaten, “Dhuh Sang Pinundhi, sanget panuwuning manah kula, dènè saged marek ing Paduka, karana nguni pun patik sampun natè uninga, duk Paduka saweg birahi angadani sumur utawi masjid, wonten ing dhusun tanah Pajang. Awit kawula punika temenipun, biyung kawula sampun natè ngawula ibu Jengandika. Malah kadhawuhan nginyani putra kakung, nama Radèn Mas sahid, inggih punika ingkang tunggil sesepan kawula. Sareng pun biyung pejah, kawula lajeng imah-imah, angsal Kaki Wandawa. Dupi semak kawula pejah, lajeng dumugi ngriki, kaanggè sepuh-sepuh, kapara dados dhukuning bebayi. Mila sadhusun punika sami ngalap kasagedan kula padhukunan wau. Mila pun patik nuwun deduka, dènè sumalonong purun sapocapan, parlunipun amung badhè matur, ingkang nama Radèn Sahid punika rayi Paduka punapa raka Paduka?”

Kagjeng Sinuhun ing nalika punika dahat pangunguning galih, boten kanyanan yèn Nyai Wandawa punika kadang palihanipun. Dados lajeng sajarwa, yèn sariranipun. Mila Nyai Wadana lajeng pinaringan sih ganjaran saking luwesing atur, kalawan nyata. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ngandika :

“mBakyu Wandana, wus ingsun anggep nyata caritanira. Ora luwih ing samengko sira ingsun paringi ular-ular, enggonen pawitan saurripira. Tampanana pasihaningsun, rupa kalpika. Kaksiyatè : sira bakal ginugu marang sasama-sama. Lawan ardana sawatara, tampanana.”

Ingkang pinaringan dahat nuwun. Sasampunipun makaten, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng paring arta dhateng para ingkang sami tinimbalan wau. Amung kènging kanggè sesarat sawatara. Kados ta : arta tigang reyal ing dalem tiyang satunggal, sadangunipun boten saged suda. Para tetiyang sadaya naracak ganjaranipun. Wewelingipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga ugi sami kèmawon.

Ing nalika samanten Kangjeng Susuhunan kalijaga lajeng pamit, badhè andugèkaken ing lampahipun, lelana sapurug-purug.

Rerancanging carita, Kangjeng Sultan ing Demak dahat angajeng-ajeng rawuhipun Susuhunan ing Kalijaga, margi sampun dangu mboten anembah ing guru.

Mila para wali sinebar, angupaya dhateng pundi purugipun. Sunan Punggung aturipun, “Boten susah dèn upaya. Manawi sanyata sungkemipun murid, dhateng piyambak. Dènè guru kangen tataning murid, pasthi saged katuju piyambak sarta sampèka sapiwarahing guru, yakti dugi sedyanipun.”

Gantya kang cinatur malih. Arya Jipang salebetipun anata baris pendhem wonten ing dhusun Panolan, saweg lelenggahan kalih ingkang rayi ipè, nama Radèn Puspita. Ing rinten dalu tansah padudon karsa, jalaran Arya Jipang sedyan angkara murka. Radèn Puspita tansah ambolèhi atur, amrih rapih, pinapagaken ing karsanipun,

“Kakang Arya, punapa saèstu angrampit prang dhateng Demak, punapa boten? Kantenan anggèn kula manah. Saupami boten saèstu ambebara prang, inggih sokur, margi kula badhè ngupadosi wekasaning kajat kula dhateng tanah bang wètan, nglantun anglantun dhateng tanah kidul, rèhning sampun boten saèstu prang. Dènè yèn karsa Paduka kenceng nglurug prang dhateng nagari Demak, kula nyuwun pamit, boten ndhèrèk, jalaran kula gadhah parlu sakedhik. Anak-anak kula sampun sami diwasa, badheè kula suwitakaken dhateng Kadilangu, supados angaji tatakrami.”

Arya Jipang mangsuli makaten, “Mungguh aturira iku wus ora kena pinikir sayekti. Pèdah apa ajurira iku? Yèn sida nglurug, sira pamit ora labuh maringsun. Yèn ora sida ngadani, ngalaga, sira bakal ngumbara, lunga sakarepira dhèwè. Dadi apa kang sira anti-anti nganggo cumandhang dhawuhingsun? Sarta wus mratandhani sira iku wedi mati. Luwih becik sira lunga samengko iki.”

Ingkang rayi matur, “Ingkang makaten punika, Kakang, pamanggih kula, dados tiyang enèm inggih kedah matur ing kadang tuwa. Paèdahipun antuk sabda pangèstu, supados gampila ingkang kula sedya ayu.”

Arya Jipang mangsuli radi sengol, “Mungguh caturira iku kabèh, ing ngatasè milu wong ngatuwa, tanpa gawè, awit sira iku mung lumuh, malumuh wedi campuh. Upama ingsun candheta, digawe apa, parlunè ora ana. Bara-bara angur aja katon mata, tur ora dadi klilip. Ananging supaya tan mandheg tumolèh, mboklunga pisan.”

Radèn Puspita anampeni. Kadangipun lajeng dèn ajak kèsah. Sareng sampun sawatawis tebih, ingkang mbakyu jinarwan yèn Arya Jipang badhè boten tulus gesangipun. Tinimbang ing tmbè boten tulus kompra, luhung miruda. Sinten ingkang sotah mengku, angger boten dados manah mutawatiri. Ingkang raka Retna Paniwèn gentos anjarwakaken, “Iya, teka pasanga yoga, sira anggawa lunga raganingsun. Pancèn sadurungè sira mangkana, wus dadi pangèsthing tyasingsun. Sajatinè ingsun iki ora kinanggokaken kadi para garwa pangrembè Arya Jipang. Ananging saka tunaning pandon.”

Ingkang rayi matur, “Kadi pundi liring pandon tuna?”

Retna Paniwèn mangsuli makaten, “Yayi, ingsun iki sanyata sipatè wadon, nanging satuhunè tiwas kalumrahanè, ora kena kinarya pasamuwan ing papreman. Dadi Arya Jipang mengku raganingsun iki mung ginawe genep waè.”

Radèn Puspita dahat pangunguning galih. Wekasan suka sukur anarimah. Dadya makaten ing aturipun, “Kakangmbok, yèn makaten Paduka luhung ndhèrèk tetruka ing Ratu Mas Kalinyamat. Saiba sukaning galih.

Retna Paniwen nembadani, lajeng kadhèrèkaken. Boten winarna ing margi, sapraptaning wukir, laju marek manembah ing ngarsa. Dinangu, matur sajarwa sawewadinipun. Ratu Mas Kalinyamat dahat sukaning galih, lajeng pinatah tengga korining pratapan. Radèn Puspita tinanggenah ing sedyanipun, matur badhè ngupados wewenganing manah.

Ratu Kalinyamat lajeng paring pitedah, Radèn Puspita dhinawuhan ngupaya Kaki Walaka ingkang dhedhukuh ing dhusun Galinggang. Saupama suwung kinèn anganti, awit janggan Walaka iku araning rèrèh ing wisma. Karemenanipun lelana tanpa sedya.

Raden puspita manembah, lajeng mangkat. Ing samargi-margi anggung kasangsaya sinangsaya, awit pakartining margi boten amiranti. Èwadènè Radèn Puspita mèrang, yèn balia. Tan ajrih bebayaning margi rumpil, sungil-sungil. Dumadakan sapraptaning wana kapethuk tetiyang, nama Kaki Janggalana. Duk tinakènan dhateng Radèn Puspita, temah sugal wangsulanipun, dènè boten dipun ajèni Kaki Jenggalana. Dangu-danguning rembag dipun ajèni Kaki Janggalana. Dangu-danguning rembag temah dadya pancakara, ngantos ramè, gentos kasora, nanging boten mawi gegaman.

Radèn Puspita sakalangkung kaken ing galih. Badhè teluk, pakèwed manawi angauba dhateng sasami-sami. Yèn nanggulangaa, langkung kasoran, saha mèrang sanget. Dangu-dangu Radèn Puspita lajeng mitembung angasih-asih. Kyai Janggalana awewarah yèn lana, dèn ajak ngumbara sapurug-purugipun, tan nana sinedya. Radèn Puspita anut, tan lenggana ing rèh. Kyai Janggalana lajeng lelana sapurug-purug. Ing saben surup surya atetaken :

“Opa sira ora ngelih, lawan apa ora ngelak?”

Radèn Puspita matur, “Boten.”

Dumugi tengahing dalu Kyai Janggalana galundhung jurang, sarè asesengoran. Watawis dangu wungu, lajeng kaloyongan malih, balasakan ing bebondhotan. Watawis ing wanci gagat bangun enjing Kaki Janggalana nolih, tetakèn, “Apa sira ora arip?”

Aturipun, “Boten.”

Dados Radèn Puspita anggènipun anglampahi tut wuri wau sampun tèkad pejah, sarta boten angraosaken risaking sarira. Saweg tigang dalu Radèn Puspita sangsaya mempeng dènya tut wuri Kaki Janggalana.

Parmaning Hyang paring rèh rahayuning titah. Radèn Puspita sampun katingal kuwungipun, awit bebasan ulat, karep, ati madhep dènya tèkad pati, sedya puruita. Kayi Janggalana kagèt aningali kuwunging nitya, asmu mancorong. Mila Kyai Janggalana welas ing galih, temah angandika :

“Jebèng, boya ilang sira ngetutakè saparaningsun. Dibasakakè mokal kaluwèn, bakal ora wareg. Mesthi bakal ana sihing Pangèran maring kang kaluwèn. Mula dèn banget tarimanira.”

Kaliyan lumampah kèmawon pangandikanipun. Kaki Janggalana lajeng ngambah samadyaning wana tarataban. Boten wonten tiyangipun, tebih dhusun, tebih warung, tanpa toya, utawi kekajengan ingkang ageng-ageng. Radèn Puspita matur, “Punika pundi?”

Sang lelana angandika :

“Perluning wong anggeguru iku iya ing tembè tumekaning pati aja nganti kaliru ancasè. Aja nganti kasawar tibanè, aja nganti kasangsara lakunè ing dalem pati.”

Radèn Puspita matur, “Tèkading kahanan jati punika punapa wonten bèda-bedanipun? Awit ing dalem pati punika badhè nyandhang tiwas ing tri prakara :

  1. Bosoking jasad, awit sampun nunggil kaliyan luluhing siti kang lebet.
  2. Risaking piranti dènè sampun koncatan anjing-anjinganing bayu otot, kulit daging, sami pisah adon-adonanipun.
  3. Larating erah lawan rahsa, punapa dènè sampurnaning atma, nyawa, cahya, sapanunggalipun sami miruda tan kantenan.

Kados pundi bèdaning tiyang wantun kaliyan ingkang sami anggeguru?”

Sang Lelana aangandika :

“Jebèng, upama ora ana bèdanè, pati-pati anggeguru apa gunanè? Ananging yèn dhasar sanyata pangèsthinè, iya bèda uga.”

Radèn Puspita matur, “Nyuwun pitedah, supados radi saged tumindhak dhateng wewarahing guru satunggal-satunggal.”

Sang Lelana mangsuli :

“Jebèng, sira durung wanci anggayuh ngilmu kasampurnan. Marmanè gunemira durung turut. Pasthi wus dadi benerè gunem bocah. Upama sira kadereng arsa uninga tetalering ngilmu kasunyatan, adat banjur kadhingan tuwuh. Tegesè, durung wayahè selak kasusu karepè. Ana dènè wewatesing wong kena ngeguru iku, yèn wus umur patang puluh tahun sapandhuwur. Awit manungsa durung patang puluh iku akèh kalirunè. Manawa wus patang taun iku, ginanjar kuwat, anampani kawruh kang sanyata. Marmanè sira milu ingsun, maksih ingsun ganjar anteping laku baè dhingin. Manawa sasuwenè sira tut wuri ingsun ana kalèjeme mantep tama temen, sarta sira yèn wus uninga gatra-gatraning ngilmu, ora èsuk ora sorè, wus pasthi ingsun kang maringi ing kawruh marang sira dhèwè. Aja kuwatir.”

Sasampuning makaten, Kaki Janggalana andugèkaken dènya lelana. Radèn Puspita dipun warah kantun, katitipanken Dhoyok Pangangsalan. Tegesipun : pangagenging dhusun ing tanah ngriku, jalaran welas aningali Radèn Puspita dènya dèrèng wanci tumut lelana. Sang Lelana lajeng tedhak dhateng dhusun Katègan, ing nguni karan Sabaran.

Ènggalipun Radèn Puspita lajeng tata-tata badhè dènya kari anggana. Sang Lelana nutug dènya ngunggar karsa, nurut pinggiring tasik. Antawis tigang lapan Sang Lelana wangsul dhateng unggyanè Radèn Puspita, atakèn :

“Hè Jebèng, sira ingsun pitaya ana ing dèsa Waru. Ingsun paringi aran Ki Ageng Waru.”

Radèn Puspita matur nuwun, Sang Lelana lajeng kèsah malih. Tigang lapan wangsul paring dhawuh makaten :

“Jebèng, sira rabia antuk sutanè Sunan Panggung, aran Rara Subekti. Wus takjalukakè padha leganè. Mula saiki sira ingsun srahakè, supaya tumuli didhaupakè.”

Ki Ageng lajeng tut wuri. Sampun kapanggihaken lawan sutanè Sunan Panggung. Radèn Puspita tulus nama Kyageng Waru.

Kacarita Sang Lelana sampun ngumbara malih dumugi tanah Banjarmas. Sang Lelana mancala larè nem, karan Jaka Lelana. Ing saben guru-guru miluta Jaka Lelana. Mila ngirub pangawikaning tiyang Banjarmas. Sareng sampun ing antawis lami, Jaka Lelana malah antuk sihing para guru, pinaringan berkah.

Dènè caranipun sadaya guru dipun elèr kemawon wejanganipun, boten wonten wonten ingkang dipun singid. Dènè ingkang dipun wejangaken naracak bangsaning ngèlmi sesorogan nakisbandiyatul kak. Sawenèh anggelaraken ngilmi tapakurahman. Mila warni-warni wewedharanipun tiyang Banjarmas wau. Amung bangsaning ngilmi sorogan, mijèni sakaliring wewenang kaèlokan sadaya.

Jaka Lelana lajeng kèsah, sawulan wangsul, sampun warni Kaki Janggalan, lajeng gentos anggelaraken ngilmi sorogan. Tiyang sakiwa panengen ngriku gilir tanpa sela, sami anggeguru dhateng Kaki Janggalana.

Ing nalika punika para guru-guru ing Banjarmas kathah pangugunipun, dènè wonten satunggaling guru neneka, lajeng ngungkuli ingkang sampun lami. Mangka kanyatahan ing wewulangipun. Dangu-dangu para guru ing Banjarmas ayon sedya, nyekabat dhateng kaki Janggalana.

Sampun kalampahan panyakabatipun para guru Banjarmas wau, ugi sampun katampèn sadaya. Amung wonten satunggaling guru gumaib, nama Kyai Mangilhas, pugal boten purun sumuyud dhateng Kaki Janggalana. Malah ing saben dalu Kaki Mangilhan wau karsa ngalempakaken para juti pethut sadasa iji, anuju selaning dinten Kaki Janggalana wonten ing griya piyambak. Para pethut ingkang nyidra sami malebet griya. Tanpa prasaba lajeng amadung lawang, mengkang pager gedhah gedhèg. Pangrisakipun tiyang sadasa wau ambek sura wani. Boten ajrih ingkang tengga griya. Dènè Kaki Janggalana wau amung èca-èca anggènipun pitekur ing kursi kemawon.

Sareng sampun celak, pandung sadasa nempuh sura wani, tan ajrih ing pancabaya. Dupi saweg namakaken pedhangipun, sadaya pareng mangsah. Boten kalampahan mocok utamangganipun tiyang. Dangu-dangu Pangèran Ingkang Agung paring parimarma.

Sèh Janggalana boten mawi pariwara, lawan Janggalana kesah tan nana kang uninga. Tegesipun : ngedalaken mangunah catur warna, saluguning Kaki Janggalana kèsah sakiwa tengening ngriku. Nanging tilar warni wujud sakawan.

Ing wètan inggih Kaki Janggalana, kidul inggih Kaki Janggalana, kilèn inggih Kaki Janggalana, lèr inggih Kaki Janggalana. Nanging sakawan wau tinandukan ing gegaman, boten kènging. Kadi ameca wewayangan.

Para pethut-pethut pothèt, kawèkan ing galih. Saking tunaning pangangkah lajeng sami lumpuh, boten saged lumampah. Wasana analangsa, atur tobat turun tumurun, boten sedya ngawoni. Kaki Janggalana ngandika makaten :

“Apa nyata sira wus ora wani maringsun? Sapa kang ngajani sedya cidra iku?”

Para durjana pothèt matur sajarwa, pakènipun guru, Kyai Mangilhas. Kyai Janggalana ngandika:

“Yèn mangkono sira padha waluyajati, tanpa sangsaya.”

Para durjana kècu sampun luwar saking papa, lajeng sami pinaringan arta busana, sarta kinèn bara griya ingkang saè, bebanjaran urut margi, patilasaning panyidra wau. Bandha bèbaya saking Sang Sèh Janggalana.

Sasampuning tata reja, lajeng pinaringan aran dhusun Sidayu. Para durjana kècu angèstokaken sadaya. Sèh Janggalana paring dhawuh :

“Bènjang yèn sira maring tanah Jawa, angupayaa jenengingsun, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Wismaningsun ing Kadilangu, bawah nagara Demak.”

Ingkang dinawuhan sadaya nuwun sandika, sèwu kapundhi. Para guru ing Banjarmas lajeng sedya tutwuri, boten kalilan. Amung pinaringan waragat arta busana, dhinawuhan anyedagar. Bandha bèya pinaringan.

Kaki Janggalana, sapengkeripun saking Sidayu, wonten gisiking muwara pinarepekan dening tiyang ageng, inggil. Tinakènan, nama Kyai Mailhas. Gentos pitaken, jinarwan nama Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Mangilhas andheku, nembah sarwi matur ngasih-asih, sajarwa susahipun, “Anggèn kawula lelèdhang satepining muwara punika, sajatosipun nganti-anti patembayan kawula, tiyang pèthoting pethut. Kula resaya menahi tiyang nama Kaki Janggalana, margi ngendhih kabegyan kawula. Mangka tiyang nagari Banjarmas punika, pangungsèning rembag punapa dènè patakèning kawruh, sadaya ingkang dipun suhun-suhun sami dhateng kawula. Wasana sareng wonten tiyang neneka, nama Kaki Janggalana punika, sadaya tiyang ing Banjarmas sami balik pangidhepipun, ngantos supè dhateng kawula. Mila lajeng kawula resayakaken amejahi. Para pethut sadasa sagah entos-entosan wonten muwara ngriki. Wasana sampun sadasa dinten langkung, bilih Paduka saking sabda waskitha.”

Kangjeng Susuhunan amangsuli makaten :

“Ki sanak, kapasanga yogya pethuking manah kula kaliyan dika. Kula punika tiyang kasasar, saking Ngarab dumugi ngriki , margi saking kapancal ing baita kapal. Wusana wonten tiyang cariyos, yèn ing Banjarmas wonten guru saged, nama Kyai Mailhas. Dados malah katuju temen. Kula nedha pitulung, sagedipun kula dumugi ing jaman kula, nagari ing tanah Jawi. Dènè yèn sanak sagah ngantukaken badan kula, bokmanawi kula saged angirit suruhan sampèyan para pethut.”

Kyai Mailhas mangsuli, “Inggih leres, para tetiyang kathah sami nedahaken Kyai Mailhas tiyang saged, wah guru ageng, nalika dèrèng dipun sirep Ki Janggalana. Mila panedha sampèyan pitulung makaten kèmawon tamtu boten kawekèn manah kula. Sarèng dipun sarug tiyang neneka, dados badhè boten saged mitulungi, awit manah bingung, kalingan muring-muring.”

Kangjeng Susuhunan amangusuli makaten :

“Dados tiyang saged punika mawi kènging supè, utawi kenging kuwur muring-muring? Mangka atasing kagunan punika boten kèngin ical, boten kenging supè, awit sadaya kasagetan punika saking gaibing Pangèran, sasaringan saking sarining roh sadaya. Sarining roh katarik lampahing napas, anpas, tanapas, nupus, tumus dhateng rahsa. Rahsa sumarambah dhateng budi. Budi tumanem ing nguteg, turut mahanani dhateng manik, sumarambah dhateng karna, grana, lèsan. Sayèkti boten kenging kasupèn, awit punika wananing nugraha. Kèngingipun kalimput, manawi sampun puput yuswanipun. Ingkang makaten punika pepiridan saking punapa? Mangka kahananing ngaguna punika nadyan asal saking nugraha tuwin saking gaibing Pangèran, ananging sareng sampun gumelar ing ngakathah, tancebipun amung dhateng sarèngat kemawon. Saiba kaluwihan ingkang deles gaibipun. Yakti manjing dhateng rahsa rumasa, tur saged kawasa amurba.”

Kyai Mailhas kawelèh wewadosipun, temah mojar. Anggènipun mangsuli saya boten tumaja. Wantuning tiyang pancèn jugul, dangu-dangu malah gangsul, “Kula dèrèng sumerep kadi sesorah makaten punika, awit boten tunggil cecepan. Yakti bèda lanjaranipun.”

Sang Lelana mèsem sarwi angandika makaten :

“È ki sanak, lagi sapunika kula mireng, yèn ngelmi mawi gèsèh-gèsè. Awit boten nunggil cecepan, badhè gèsèh lanjaranipun. Kados kèmawon ingkang sami mardhukun dhateng sampèyan sami balik paguron. Nadyan para pethut ingkang sami dipun resaya, yakti malah kèlu dhateng Kaki Janggalana. Tur kula dèrèng sumerep, ananging sasat sampun tetèla. Èwadènè kula saged andhatengaken Kaki Janggalana dalah muridipun sadaya.”

Kyai Mailhas mangsuli, “Inggih yèn dhasar saged dinateng  ngriki, pinten saratipun mangkè kula bayar.”

Sang Lelana gumujeng latah :

“Kula boten ngalap upah kados dhukun rucah. Boten guru aleman kados guru ngudi ragad. Andika nganti, kula tekak-ena.”

Sakala Jeng Susuhunan andhatengaken, katarik saking purba wasèsaning Dat Kang Èlok. Mila sanalika mangunahing pandhita linuwih saged mujudaken sadaya.

Kaki Janggalana ngadeg sakiwanipun Sang Lelana, tanpa ngandika, ginarbeg para muridipun jaler èstri tuwin para pothèting pethut ingkang dipun resaya wau. Sang Lelana lajeng ngandika masrahaken :

“Allah. Andaweg dika sumerepi. Layak kèmawon sampèyan kalindhih, awit Kaki Janggalana guru gegedhug, jatmika, anteng. Yakti terus nyata ngilminipun, boten madal sumbi. Bèda sanget kalih andika. Tandha yektinipun para guru-guru sami sumungkem sadaya. Dalah kang andika resaya sami kèlu dhateng Kaki Janggalana. Yèn sumerepa ing ngriki wonten pandhita sidik, boten susah ngupadosi andika.”

Kyai Mailhas saya wimbuh mèrangipun. Bebasan kawelèh, meksa dèrèng purun ngalah. Dangu-dangu Kyai Mailhas anarik, pedhangira, ngancari adegipun Kaki Janggalana. Dèrèng dumugi temah angacung bahunipun, boten uninga liding alad, kènging pangaribawanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Mila sareng sampun kadung pamedhangipun. Kaki Janggalana dalah para sabatipun wangsul sadaya. Ingkang nama Kaki Janggalana wau inggih Sang Lelana.

Menggah ungasing pangawasa ingkang mratandhani punika tetèla boten kènging kinira-kira. Sareng sampun sawatawis dangunipun Sang Lelana welas, temah linuwaran. Kyai Mailhas sakalangkung konjem ing galih, lajeng sedya tur wuri sapurug. Sang lelana angandika :

“Iya ingsun lilani milu saparaningsun. Ananging èwuh lakunira. Nora bisa nututi. Becik lumebua lengenaning jubahingsun kènè.

Kyai Mailhas manembah, sampun malebet ing jroning lengenan jubah. Sakala sumiyut kadi layaping anèndra. Sang Lelana sampun ngancik laladan ing Demak. Kyai Mailhas ingudhunaken sarta ingandikan:

“Hè Mail, wruhanamu sira iki wus anèng praja Demak. Marma sira mituruta wewarahingsun, ngupayaa Sunan Giri lawan Sunan Kudus. Aja walèh saka ingsun. Dènè lakunira ingsun paringi waragat, supaya dadi sedyanira. Poma.”

Kyai Mailhas matur, “Dhuh Gusti, kula kedah kaparingan pitedah taleripun rumiyin, supados wonten lambaranipun. Awit tiyang badhè puruita punika manawi dèrèng gadhah lambaran kawruh ingkang premati, tamtu tuna tuwas. Nadyan antuk pitutur kang sanyata, cepak mentahipun. Bèda kaliyan manawi lambaran saè, dhateng panggayuh boten uwas-uwas. Kawimbuhan pitedahaning guru saya seged anglimbang. Tur ing nguni kawula inggih sampun midhanget pawarti, yèn Sunan Giri punika wali tungguling Demak. Mila dipun wenangaken misèsani praja, jalaran katandha mangunahipun. Duk nagari Majapait wekasan, utusan wadyabala kinèn nyirnakaken Sunan Giri, karana dipun kinten amijèni nalar ingkang prayogi dhateng Sultan Demak, anggènipunwani nglanggar ingkang rama, pinrih manut ing agami Islam. Mila Prabu Brawijaya lajeng utusan wadya, kinèn mejahi Sunan Giri wau. Dupi kalampahan pinarbut ing prang, Sunan Giri tan lumawan. Amung èca-èca nyerat kèmawon. Dènè mangunahing pandhita tan kèwran ing upakarti. Kalam panyeratipun pinudya dados dhuwung ligan, kasebut Kyai Kalamunyeng, awit dhuwung asal saking kalam panyeratan. Lajeng ginetak marwasèng mengsah sirna tapis. Dhuwung wangsul dados kalam panyeratan. Mila tulus sapriki kadibyaning tiyang tanah wètan punika, sami saged ngemataken bangsaning tuju, tenung, teluh, taragnyana, saking mujijatan.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaganè sira bangkit carita?”

Kyai Mailhan umatur sajarwa, “Dhuh Sang Pinundhi, temenipun kawula punika asal tiyang Ngampèldenta. Alitan kawula suwita dhateng Giri. Sareng kawula gadhah dosa, temah kapalajeng dumugi Banjarmas. Èwadènè bapa kawula punika nama Mailtasnim, palihanipun rama Paduka, Kyai Tumenggung Wilatikta. Dados pancèn ulucumbu Paduka. Nanging kawula ajrih rumengkuha, ila-ila punapa Gusti, asaling alit cumethaa ing ngarsa Paduka. Ajrih sesikuning Pangèran. Kados sanadyan Paduka boten kasupèn, duk alitan kawula, karan pun Pèthèk, rayi kawula pun Kuncung, rayi kawula ragil Gombak, sami ndhèrèk ing rama Paduka salaminipun.”

Duk samana Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, nalika dipun sorahi Kyai Mailhas, dahat sukaning galih, lajeng dhedhawuh :

“Yèn mengkono, sira becik dadia kanthinè Pangèran ing Kadilangu, awit iku putraningsun kang pambarep. Lawan sira ingsun elih aran Kaji Samangil. Tulusa dadi jimating Kadilangu, lawan narimaa dhingin. Kang dadi kuwajibanira, tunggu wangkinganingsun. Ingsun wenangakè dadi kamituwane wong Kadilangu kabèh. Purbawisèsanè metu saka Pangèran ing Kadilangu, minangka gegununganira. Dènè enggonira bakal ngupaya Sunan Giri, gampang katemu wuri, sedheng sira wus rada mateng pèmèning tèkad kang sajati.”

Kaji Ismangil matur sandika, lajeng paringaken ingkang putra Pangèran ing Kadilangu, kinèn anuntuni sapakartining agami Islam. Pepancèring kaji sampun kaparingan, sarta kinèn gegriya ing iring kiwaning alun-alun, jalaran sampun kinarang, ing tembè kagem pasarèyan. Mila sami ajrih angadekaken. Para gegriya tinata uruting ngalun-alun, utawi dhinawuhan ngirub rarè sakiwa tengening Demak, Kadilangu, kalilan dados pondhok. Tegesipun : kaanggè muruk ngaji. Dènè ingkang dados pangagengipun inggih Kaji Ismangil wau sarta sami rinilan anggaota saèngga sedagaran.

Mila kataletuh sapariki iring-iringaning masjid punika sami lampah anggaota sedagaran, amèt sabda pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, supados tulus gangsaring anambut kardi. Ananging kala samanten dèreng wonten caraning ngupajiwa kados jaman sapunika.

Duk bebakalaning Kadilangu, dèrèng wonten tiyang potang mawi sareman. Dèrèng wonten caranipun tiyang sadè barang ilang, mawi katempuhaken. Amung kinèn nalangsa, sarta ingkang darbè barang kedah ngudhuni barang malih. Dènè tiyang tumut gegriya, angger anut caraning ngulami, inggih kapareng. Tegesipun : anetepi agama.

Ing nalika punika Kaji Ismangil lajeng ambayawarakaken dhedhawuhan tuwin adamel pranatan kukum. Tegesipun : pengadilan ingkang leres. Nadyan prakawis rebatan waris, sarta gana-gini, Pangèrang Kadilangu tuwin Kaji Samangil kala samanten sampun kapasrahaken ingkang putra.

Kangjeng Susuhunan ing Kadilangu lajeng lelana malih dhateng tanah Blambangan. Anjujug wismaning tetiyang gendhing sayang sapanunggilanipun, sami nggarap bangsaning kuningan utawi bangsa baloking gangsa.

Dumadakan anuju satunggal dinten Sang lelana sumerep gangsa murub. Sareng dipun parpeki, tiyang nggarap gangsa calon kempul dinangu purwanipun saged murub. Ingkang nggarap boten uninga yèn murub. Amung wantah anggebeg balaka.

Dènè aturipun sajarwa, yèn rimbakan gong ageng tilas risakan mongang, duk jaman Siyungwanara, awit ing nalika samanten kathah para bituwah ingkang risak. Èman, yèn botena dipun mulyakaken.

“Dènè anggèn kawula damel kempul punika mituruti larè. Anak kawula jaka punika remen ringgit wayang. Alit mila pancèn majeng dhateng carita, dalah nyorèk anatah piyambak, saged. Dènè namanipun larè kawula punika pun Bicak.”

Sang Lelana angandika :

“Besuk sutanira iku loro, aranè sapisan karan dhalang Bicak. Kapindho : kempulmu iku ing tembè dadi pusakaning Ratu, katut aranè anakmu, kempul karaton : Kyai Bicak.”

Ingkang dinawuhan matur nuwun sadarmi. Sang Lelana lajeng kèsah nasak wana, jurang terbis. Dumadakan wonten ing tengah wana kapethuk tiyang nyangking bendhè. Dinangu, matur, “Bendhènè Kyageng Sèla, dipun sambut dhateng Kudus, awit bendhè punika kènging dipun anggè yèn wonten damel ageng. Kados ta : tandha apes-ungguling perang. Yèn taksih ngungkung, inggih tandha jaya. Sasamining pakèwed kènging dipun anggè tandha. Yèn budheg, apes.”

Sang Lelana dhawuh anglajengaken. Aturipun ingkang mbekta, sampun sèlo, jalaran awrat sanget. Sang Lelana lajeng mingkis rasukanipun gebayak landhung. Tiyang dalah bendhe kalebetaken ing lengenan. Sami sanalika dumugi ing Kudus.

Sang Lelana andugèkaken lumampah. Dèrèng tebih kapethuk tiyang nini-nini nyangking dhuwung ligan sampun risak. Duk dinangu matur makaten, “Ing wana lèr punika woten pogogan kajeng ageng, gapuk. Sadaya para tetiyang sami mendhet kajeng gapuk wau, hiyang dalu. Wasana singa mendhet, angropoh pejah. Dados kanca kula kathah pejah sadaya. Wantuning kula tiyang sepuh, lajeng kula waspadakaken, sadèrèngipun ngadeg, ligan. Kula uthik-uthik kènging, lajeng kula bekta mantuk punika.”

Sang Lelana tetaken :

“Duga-duganè, yèn sira weruh kayu iki, duk uripè kayu apa?”

Kang dinangu matur, “Randhu wana. Nalika gesangipun inggih temen ageng, nanging duk gesangipun, kajeng punika taksih jaman Majapait. Amung kula ènget dedongènganipun bapa kawula. Randhu wana punika tanemanipun Janggan Sepang wau manggih dhuwung kalih. Ingkang satunggal dipun sukakaken putra Jenggala, nama Radèn Jaka Lalèyan, awit punika agemanipun ingkang rama. Dados pusaka kraton. Dènè ingkang satunggal pusakanipun Patih, nama Kyai Ragas. Rèhning dhuwung sampun risak, lajeng dipun dèkèkaken pangipun kajeng randhu ingkang saweg dipun tanem wau. Dènè wujudipun pancèn sampun kados eri. Makaten dongèngipun bapa.”

Sang Lelana andangu malih :

“Nini, apa ana tungalè dongèngè wong ngatuwamu?”

Nyai tuwa matur, “Inggih wonten, nanging radi kasupèn ukaraning tembung. Amung kacakètheh parlunipun kèmawon. Ing jurang sigrong ngajeng punika sakalangkung singit. Boten wonten ingkang purun ngambah. Kawarti ing kina, wonten gambangipun gangsa, malah kaliyan patrem. Nanging dhuwung patrem wau kangunganipun putri Kadhiri, Candrakirana. Patrem agemanipun wau nama Kyai Rambut Pamutung. Nanging ing jurang punika kantun gambang gangsa ingkang taksih. Mila sapunika sakalangkung angkeripun. Malah saben malem Jumungah mungel piyambak.”

Sang Lelana angandika malih :

“Nini, yèn mangkono, payo ingsun milu mulih marang wismanira.”

Nyai Tuwa lenggana, dumèh tuna tan atur sugata. Sang Lelana ngandika:

“Nini, aja sumelang. Baya wis ana kang mirantèni saulihira.”

Sang Lelana lajeng tur wuri. Dumugining wisma Nyai Tuwa kagyat ing manahipun, awit ing wisma wus sinaji-saji dhaharan sekul ulam, panganan. Nyai Tuwa tetakèn anak-putu, “Kang cecawis iki mau sapa?”

Anak-putunira wewarah, yèn ingkang sesaji wau inggih kang kairit punika. Nyai Tuwa dahat pangungunipun, temah sami binukti. Dènè anak-putunipun sami kalubèran bukti, dalah tangga tepalih boten kaliwatan.

Sareng dumugining dalu, sami rinembag dènya badhè ngentasaken gambang gangsa. Para anak-putu tuwin tangga tepalih sami sagah angentasaken gambang. Saking leganing galih, Sang Lelana lajeng karsa paring sih hardana, utawi Sang Lelana tanggel ing tiwasipun.

Sareng sampun dumugi byar raina, lajeng tumandang. Wonten ingkang mbabadi garumbul bebondhotan, wonten ingkang anyingkiraken sèla-sèla, aanggè dalan. Dupi wus paripurna, padhang tan apeteng, punang gambang katingal tiyang kathah. Watawis tiyang kalih dasa boten kuwawi angangkat. Sang Lelana tedhak marpeki piyambak. Gampang gangsa dipun tarik asta kalih, sampun kongkih. Lajeng tinampènan para bau-suku, sarta pirantining rembatan.

Kala samamanten babad dumugining resik, sadinten. Pangangkatatipun dumugining pondhokan, sadinten. Dados kalih dinten rampung. Sasampuning makaten, Nyai Tuwa lajeng dhinawuhan angakeni, sarta naminipun kaelih nama Nyai Jelamprang. Ing tembè dados kabagyanipun piyambak. Nyai Jelamprang matur sandika.

Ènggalipun, Nyai Jelamprang sampun wineling saparlunipun sadaya. Sakala gambang gangsa kalih Nyai Jelamprang bekta dhuwung ligan sampun winastan Kyai Ragas. Sasampuning rinasuk, lajeng kalebetan ing lengenan rasukan gebayak landhung. Sami sakala dumugi nagari ing Demak.

Para wali sadaya atur uninga ing Jeng Sultan, yèn ingkang sami dhateng ugi pusaka karaton sadaya. Kangjeng Sultan suka anampèni, sarta sampun anginten yèn pandamelipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Mila para wali lajeng tata-tata wilujenganing para pusaka dhateng para dupa-dupa langkung ageng. Dalah wilujenganipun angrumati para sakit, awit ing nalika dhatengipun bendhè Kyai Udan Arum, utawi dhatengipun wangkingan Kyai Ragas, gambang gangsa, sadaya wau prabawanipun lajeng kathah sesakit. Nanging boten dados punapa, awit Nyai Jelamprang pancèn saged angusadani, tuwin wasis andhukuni para tetiyang gadhah larè. Ing nalika punika Kangjeng Sultan Demak utawi para wali sakalangkung suka pirenaning galih, jalaran sadaya para pusaka karaton sampun kondur.

Mangkana Nyai Jelamprang sampun ketetepaken dados lurahing para yaga, utawi dados lurah panggendèr sarta pinaringan wisma anèng kilèning masjid. Sareng anakipun ngatingal, lajeng kadadosaken tukang gendhing kalang sapanunggalipun. Sarta sampun kasabdan dumugi sapunika, para abdi dalem yaga gendhing, dhalang, sami boten angsal sesebutan Ngabehi, amung nama Demang kèmawon. Pangkatipun inggih Mantri.

Mangkana Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga saya mempeng dènira lelana. Tepis wètan dumugi ing Toyawangi, tepis kilèn dumugi Sumedhang, Mekah, Medina, ing Rum. Gubet mangalèr dumugi Keling, Indhu, Siyak, Siyem, Sokawana, Lampung, Cianjur. Gubet tepis ing lèr Limpur, Lipura, Banjar, Bandhung, Gubug, Bali, Surabaya. Gubet ing Kadhiri, Gresik, Panaragi.

Dumadakan Kangjeng Susuhunan wonten sawètan radi Lawu kandheg tetakèn tiyang. Dipun wangsuli, punika ing Lodhaya. Sang Lelana tetakèn kang dipun pageri. Winangsulan, “Bendhè Kyai Pancajaknya, dhuwung Kyai Sengkelat. Ing nguni agemanipun Sang Hyang Wisnu, nanging saben masa wuku Dhukut sami dipun ujungi para sima kathah. Kaleresan ing dinten Jumungah èmbèn punika sami dhateng. Sakathahing sima saking kilèn, lèr, wètan, kidul, gumrudhug dhateng ing ngriku. Mila wiwit bènjing ènjing para tetiyang dhusun kiwa tengen punika sampun wiwit ngili, jalaran ajrih sima kathah.”

Sang Lelana ngandika, “Aku arsa uninga tekane para sardula. Apa sira tanduk, ingsun reremi wismanira?”

Kang liningan nyumanggakaken. Ing sasampunipun kairit mantuk, lajeng sinugata sakuwasanipun.

Dupi ing wanci tengah dalu lajeng dhinawuhan rumanti pangaron ènggal, kinebakan toya setaman, utawi dupa-dupa. Sang Lelana andhawuhaken :

“Sapa panggedhènè ing dèsa? Cacah eri pira, padha tekakna ing ngarsaningsun.

Kang liningan sampun ngrembagi. Para parpat ngamanca lima sami sagad dhateng sadaya. Sinugatan menuhi. Saking kawasanipun Sang Lelana. Parpat manca lima ngungun wedaling sugata. Watawis bibaring sugata, Sang Lelana medal amanggihi. Lajeng andangu namanipun satunggal-tunggal. Sami matur balaka sadaya.

  1. Nama Ki Jayapati, kamisepuh ing Lodhaya.
  2. Ki Surawani, sosoranipun ing Lodhaya.
  3. Ki Wanapada, ugi sosoranipun ing Lodhaya.
  4. Ki Tariman, pangkat Petinggi sepuh ing Lodhaya.
  5. Ki Wanatara, pangkat kuli kenceng ing Lodhaya.
  6. Ki Jagur, ugi kuli kenceng ing Lodhaya.
  7. Bagus Ubaya, sutaning pangageng lima ing Lodhaya.
  8. Bagus Bondhan, sutaning Ki Wanatara ing Lodhaya.
  9. Ingkang gadhah griya piyambak, nama Bolur, pangkatipun ulu-ulu, ngilèkaken toya.

Tiyang sasanga wau saben wuku Dhukut sami ngili saanak-bojonipun. Pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga makaten :

“Sabecik-becikane lunga, becik mangun bujana. Samengko padha ingsun paringi pangkat naracak pradikaning Lodhaya kènè. Saben masa wuku Dhuku, sira padha sedhiaa suguh iwak mentah sakuwasanira dhèwè-dhèwè, lawan padha nemonana tekaning macan. Anuta satabiyatè. Dènè sira ingsun sabdakakè padha bisa dadi mancala macan gegadhungan.”

Ingkang dinawuhan matur sandika, lajeng kèrit malebet ing griya. Sesanga pisan kinèn raub ing toya setaman. Sakala tiyang sanga pisan saged dados sima, pating gelereng gegojègan. Sareng sampun sawatawis dangu lajeng winarah ngilo, sarwi anjepalik kaping tiga, wangsul dados manungsa malih. Dahat suka tiyang sanga, sampun kapatah badhè manggihi wonten sajawining pager. Dènè toya sekar sami andikakaken nulusaken sapanginggilipun.

Dupi wusing ari Jumungah, wanci ènjing, tiyang sanga sampun mituhu weweling. Anjepalik kaping tiga dados sima. Luwaripun inggih anjepalik kaping tiga malih. Ing ngriku pinaringan pasugatanipun, tiyang satunggal maèsa satunggal.

Dupi wusing antawis dhateng, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga aningali pareking pager, nanging para sima tan wonten uninga. Duk mriksani patraping sima ingkang sami dhateng wau malebet ing bethèk urut-urutipun, sami ngambus bendhè kalih dhuwung ligan wau, ingkang medal rumiyin lajeng mangsa ulam mentah pinothèng-pothèng urut pinggir. Sareng sampun rampung pangisepipun, sima bibar pating salebar dhateng dhangkanipun piyambak-piyambak. Dènè sima gadhungan sanga lajeng mancala janma malih. Satirah-tirahipun maèsa sanga wau lajeng kalilan ambekta mantuk, katedha saanak-bojonipun. Sang Lelana angandika :

“Hèh wong sanga gadhungan sesanga, sira ingsun tulusakè rumeksa ana ing Lodhaya kènè. Lawan saturun-turunira sing padha kaduga angalap satebiyatira kabèh, iya bisa dadi macan gadhungan.”

Sasampuning makaten sang Lelana langjeng angluru mancakaki sakiwa-tengening Lodhaya. Dumadakan amanggih tetiyang sepuh, nama Kyai Panjata, gegriya sapinggiring jurang. Dinangu, matur gancar, “Yèn bendhè punika temen pusaka duk Sang Hyang Wisnu, dalah wangkinganipun. Nalika Sang Hyang Wisnu angratoni sima, jejuluk Prabu Singawatara, ugi warni sima dados Jawata malih, pusaka kalih kinèn nulusaken dados sesembahaning para sira sadaya, dumugi sapriki. Amung kawula boten uninga; amung saking dongèngipun bapa kaki kawula. Malah kupiyanipun, boten kènging dipun pendhet. Manawi ngantos kaelih saking panggènan ngriku, sinten, ing pundi griyanipun, badhè karoban ing sima, damel risak.”

Sang Lelana lenggah saya nganseg tetakèn :

“Hè Kaki, mungguh panemunira kapriyè? Teka dadak ora mendha pangreksanè?

Ingkang dinangu matur, dèrèng gadhah pamanggih. Sang Lelana angandika :

“O, si Kaki, tuna temen anggonira urip, dènè ora bisa anggathukakè panemunira. Kapriyè mungguh panggayuhira, sarta pati-pati manggon pinggir jurang, adoh tangga teparo? Apa tapanira kang ginawè gegèyonganing awal akir?”

Kang dinangu tumungkul sarwi matur, “Dhuh Sang Pinundhi, satuhunipun awit kuncung ngantos gelung boten natè dipun sanjangi dhateng tiyang sepuh. Temen yen suwung tanpa ujung. Mila bilih kapareng, kawula dipun paringana pitedahan, supados saged mangertos jatining pati kawula dumugining kahanan akir. Dados boten amung tuwa suwung, tanpa isi.”

Sang Lelana anggènipun anguman-uman punika saking welas, aningali wujudipun sepuh, guguh. Utawi Sang Lelana temenipun aningali Kyai Panjata boten pangling, yèn punika paman, arinipun ingkang rama wuragil. Ananging Sang Lelana dèrèng karsa sajarwa.

Wekasan dhinawuhan geguru dhateng Giri. Kyai Panjata mopo, saking sampun jompo, boten kumawi lumampah. Sang Lelana lajeng maringaken ardana, kangge kandhutan. Dupi wus rinasuk, Sang lelana sigra ngingkis kebayakipun, Kyai Panjata tinarik malebet ing baju. Tan antara Kyai Panjata sampun dumugi ngarsanipun Sunan Giri.

Dinangu matur sajarwa, nama Kyai Panjata, nyuwun ngalap berkahipun Kangkeng Sunan Giri. Boten sajarwa yèn kinèngkèn Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, ngaken saking kajengipun piyambak. Dinangu, nama Kyai Panjata, wisma ing pinggiring jurang, sukuning ardi Lawu. Mila sowan, saking bodho, tanpa tuduhan.

Kala samaten Sunan Giri boten pangling dhateng ingkang rayi nak-sanak, dhasar kumpul alit mila. Mila sareng sampun takèn-tinakèn, Kyai Panjata lajeng ingajak malebet ing dalem, sinuba-suba menuhi.

Rèhning kadang lami tan kapanggih, pangandikanipun Sunan Giri makaten :

“Yayi, muga aja kagèt ing atinira. Sajatinè sira iku ariningsun nak-sanak dhèwè. Sira arsa nggeguru maringsun, gampang. Èwuh apa, rèhning sira iku kadangingsun. Sedheng sarèh pulih-rusaking badanira, yayi, baya wus lawas enggonira mesu budi, tapabrata anèng jurangè si Gandhul? Mangka sira tumeka ing kènè, banget rusaking badanira.”

Ingkang lingan matur amemundhi, dènè kaaken kadang. Dadya dangu tansah ruinangkul lungayanira. Sareng sampun angsal pendhak dinten, Kyai Panjata matur, saèstu kabarkahana. Pangandikanipun Sunan Giri, badhè kaaturaken dhateng Demak, supados dipun kawulakaken ing Ratu.

Ènggalipun, Kyai Panjata sampun umiring marek ing ngabyantara Nata. Dinangu, matur sadaya. Dènè pasuwitanipun Kyai Panjata wau sampun kadadosaken ngulami pradikan ing Kayu Apak, pinaringan nama Kyai Pangulu Jènal Kulisanil Kadir, tetep pangulu ing Kayu Apak. Ingkang nguwasani : Susuhunan ing Giri.

Kala samanten Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng kondur dhateng Kadilangu, yèn ingkang èyang paman samangkè kapasrahaken dhateng Giri, tetep pangulu ing Kayu Apak, sarta sinung aran Kyai Kalisanil Kadir.

Pangèran ing Kadilangu sumerep yèn dipun pasrahi ingkang èyang paman. Wangsulanipun amung sandika. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng karsa sarè wonten ing masjid, sarta paring dhawuh, ing dalem pitung dinten pitung dalu, manawi boten wungu piyambak, ingkang putra boten kapareng anggugah, sarta boten karsa dipun kintun dhahar ing sadintenipun.

Ingkang putra matur sandika. Kangjeng Susuhunan sigra manjing jro masjid. Ingkang kalilan rumeksa amung Kaji Ismangil piyambak.

Menggah karsanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga makaten punika, parlunipun amung badhè tarèk ingkang kalayan terusing cipta hening. Mila ing nalika punika Kaji Ismangil sakalangkung panjaginipun. Bebasan amung sasat boten tumut bèla tarèk kèmawon. Ing saben dalu Kaji Ismangil boten sedya sarè. Wantuning saweg sapisan dèrèng sumerep pratikeling tarèk, tur amung tengga kèmawon, suprandosipun sarira risak.

Watawis angsal tingang dinten tigang dalu pangreksanipun Kaji Ismangil, dumadakan lajeng kasaru wonten Kaji sepuh, nama Kaji Iskak, griya ing dhusun Pangangsalan. Dhatengipun ngriku mitembung tumut tengga ing masjid. Kaji Ismangil amangsuli, yèn salebeting masjid saweg kaagem sarè Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Boten kènging ambuka kori sarta mungu dènya sarè. Kaji Ismangil ajrih, Kaji Iskak adrèng badhè mungu. Pianambengan, meksa, lajeng adan wonten surambining masjid.

“Allahu Akabar, Allhu Akbar, ashadu akla ilaha illallah, wa ashadu anna Mukamadan Rasulullah. Ayangalal salah, ayangalal salah. Aya ngalal palah, ayangalal palah. La ilaha illallah, Mukamadan Rasulullah, wal fadekumati salah. Allahu Akbar, Allahu Akabar.

Adanipun Kaji Iskak ingkang makaten wau, mirena:

  1. Bokmenawi andadosaken kagèting galihipun Kangjeng Susuhunan dènnya sarè. Yakti Kaji Ismangil antuk deduka;
  2. Adanipun Kaji Iskak kirang jangkep.

Mila amung kèndel kèmawon, awit rumaos yèn badhè manggih tiwas sarta badhè angsal deduka, bokmanawi kagèt dèning swara.

Wasana kori minep kèmawon, boten menga-menga, mangka majatipun ingkang sarè wungu, angrungu swaranipun Kaji Iskak wau. Mila Kaji Ismangil saya ribet tyasira. Temah sugal dènya imbal wacana, “Hè Kaji Iskak, andika lunga saking masjid ngriki. Mangkè yèn damèl kagètipun Gusti kula anggènipun sarè.”

Wangsulanipun Kaji Iskak malah sora, “Tinimbang turu becik tangi. Yèn wis tangi, becik lungguh, yèn wis lungguh, becik ngadeg. Yèn wis ngadeg, becik lumaku. Yèn wis lumaku, becik angèsthi budi.”

Kaji Ismangil saya ketir-ketir manahipun. Winangsulan supados kèndel, awit saget kuwatiring manah. Kaji Iskak malah saya andadra sora ngumbar swara. Kaji Ismangil malah saya duka, lajeng tumubruk arsa kawedalaken ing jawi.

Boten saged kacepeng, nedha tulung tiyang jawi, pinrih ngrubut, boten saged mikenani. Rinujak, indha nyepeng Kaji Iskak. Mila lajeng dipun unggar sakarsanipun, sami ajrih angaruh-aruhi.

Kaji Iskak lajeng minggah ing langgar malih, mung andhodhogi korining masjid. Kaji Ismangil amung ngingetaken kèmawon, ajrih ngèngetaken. Kaji Iskak wuwusipun kumrusuk asesumbar, “Sapa bisa nyekel ingsun, sasat bisa nyekel angin.”

Ingkang sami ngrungu inggih kèndel kèmawon.

Wasana sareng anuju dalu, malem Jumungah, ing wanci tengah dalu, Kaji Iskak lerep kanepsonipun. Lenggah sèndhèn saka, sarwi maca Ayat Kursi. Kinè parek lenggahipun :

“Kaji Ismangil, boten saking punapa, anggèn kula gambira kala wau punika, saking sayah badan kula supados radi lemes sakadhik. Wusana Jengandika kalintu tampi, malah ngajak pasulayan. Yakti mangsa lawana, atandhing kalih kula. Mila ingkang caplak kaliyan kula amung ingkang saweg sarè. Nanging kula kinten ajrih medal. Èwadènè yèn kula sampun boten wonten, inggih lajeng purun medal, awit tunggil paguron, sareng sadinten kalih kula.”

Kaji Ismangil lanjeng andheku-dheku. Dangu-dangu mitembung, saged angsal barkah, “Margi sampun dangu dèrèng angsal berkahipun Kangjeng Susuhunan, mila mugi wontena sih kawlasan Andika, paring wewejangan ingkang parlu, kènginga kula anggè paitan ing tembè, manawi sampun angsal berkahipun Kangjeng Sinuhun. Dados sampun gadhah lambaran. Awit tiyang anggeguru ngilmi kasampurnan punika manawi dèrèng gadhah lambaran tamtu kadangon anggènipun nampi.”

Kaji Iskak anembadani panedhanipun. Kaji Ismangil lajeng kinèn amèt toya wulu, dalah niyatipun winulang kados ing ngandhap punika. Kaji Ismangil miturut :

“Bimilllahirrahmanirrakim. Nawètu rabngal kadasil suharatawal kabirata. Niyatingusn amèt banyu khadas, angilangakè kadas cilik lan kang agung. Parlu karana Allah. La ilaha illa’llah. Mukhamaddan Rasulullah. Allhu Akbar.”

Sasampuning wulu, lajeng majeng mangilèn, marbakuh konjem ing siti. Kaji Iskak majeng mangètan, sami dedupa. Ingkang rumiyin ing grana, lajeng talingan kiwa. Lajeng dedepa ing jaja, dupi wusing dedupa, Kaji Ismangil tineteg sadadipun, kadhedheg kahatemenanipun, sarwi pinetel jempolanipun kalih pisan, sarwi angandika :

“Hè Jebèng, piyarsak-ena kang anglèng. Mungguh wewedharaningsun iki amung miturut rahsaning Kitab Daka Idayatul Kakiki, kaya babaraning ngilmi Makripat, kasampurnaning Ngatunggal. Tegesè : bisaa mulya urip. Nadyan tumekaning kahanan akir, kita iya uga urip, ora kena ing pati. Iya uga padha nukil saka Dalil, Kadis, Ijemak, Kiyas.”

Makaten jarwanipun :

  1. Tegesipun DALIL : anedahaken pangandikaning Allah.
  2. KADIS : anyariosaken wewulanging Rasulullah.
  3. IJEMAK : angumpulaken wewejanganipun para wali.
  4. KIYAS : amencaraken wewerahing para pandhita.

“Kabeh-kabeh kasebut ing ngilmi Makripat iku iya padha wiji saka Kangjeng Nabi Muhkamad Rasulullah, tinurut dèning para wali sesanga, nanging padha kasrambahan saking berkahing Kangjeng Susuhunan ing Ngampèldenta karo Kangjeng Susuhunan ing Bènang. Iku kang wus binuka dèning Allah Tangala, pinaringan ilham, rinilan amedharakè pambukaning kekeran; ingkang pinareng anggelarakè rahsa gaib sajati, sarta ingkang waskitha marang sangkan paraning Tanajul Karki, mulya sampurna kahanan jati.

Dènè kang dadi wijining ngilmi Makripat iku anurut kekiyasan, pangandikaning Pangèran Kang Mahasukci marang Kangjeng Nabi Muhkamad Rasulullah, karaos ing dalem Rahsa, kaya ing ngisor iki jarwanè. Piyarsakna.

Ingkang kasebut ing dalil sapisan, pangandikaning Kangjeng Nabi Muhkamad marang Sayidina Ngali, kinèn angèstokakè.

Hèh Jebèng, Kaji Ismangil, mara mènglènga kupingmu kang kiwa. Mangkènè wedharè.”

Kaji Ismangil miturut, amènglèng talinganipun ingkang kiwa. Kaji Iskak lajeng bisik-bisik makaten jarwanipun :

“Sejatinè ora ana apa-apa. Awit duk maksih awang-uwung, durung ana sawiji-wiji. Kang ana dhingin iku Ingsun. Ora ana Pangèran anging Ingsun. Sajatining Dat Kang Mahasukci, anglimputi ing sipatingsun, anartani ingasmaningsun, amratandhani ing apngalingsun. Iya Ingsun kang wenang amurba amisèsa ing jagad iki kabèh. Byar padhang tarawangan saka ing Kudrat Iradatingsun.

Mungguh kang angandika sajatinè Dat Kang Mahasukci iku iya urip kita pribadi, yakti katitipan rahsaning Dat Kang Agung.

Anglimputi ing sipat iku iya rupa kita pribadi. Iku sayekti kalimputan wahananing Dat Kang Èlok.

Anartani asma iku iya iku iya aranira pribadi. Iku yakti kaaken pasebutaning Dat Kang Wisèsa.

Amratandhani apngal iku iya solah bawa kita pribadi. Pasthi anèlakakè pakartining Dat Kang Sampurna. Mula wahyaning Dat kawasa anyamadi sipat. Sipat anartani asma. Asma wenang amratandhani apngal. Apngal iku kawasa dadi wahananing Dat. Marmane wus binasakakè Dat Kang Agung iku tegesè sipatè dènè bisa angebaki jagad kabèh.

Dat Kang Èlok iku dènè ora lanang ora wadon, mesthi ananè. Mokal oranè.

Dat Kang Wisèsa iku, dènè ora jeneng sapa-sapa. Dat Kang Sampurna iku dènè kawasa anggelar padha sanalika, ora nganggo sarana apa-apa.

Dènè Dat enggonè kawasa anyamadi sipat iku kaya madu lawan manisè. Mesthi ora kena kapisahakè.

Dènè sipat enggonè wenang anartani asma iku, upamanè baskara lawan prabanè. Yakti tan kena kabèdakakè.

Dènè asma enggonè mratandhani apngal iku kaya paèsan jati, kang ngilo lawan wewayanganè. Pasthi sapakartinè kang ngilo iku  weweyanganè anut kang ngilo.

Dènè apngal enggnè dadi wahananing Dat iku, upamanè jalanidhi kinebur. Pasthi ombakè anut sasolahing samudra iku.”

Dènè urut-urutaning dumadining sipat kawedharaken malih makatèn :

“Sajatinè Ingsun kang murba amisèsa, kang kawasa anitahakè sawiji-wiji. Padha mulya sampurna saka ing kodratingsun. Ing kono wus kanyatahan pratandhanè apngalingsun, minangka bebukaning iradatingsun.

Kang dhingin Ingsun anitahakè kayu Sajaratul Yakin, tumuwuh sajroning nglam Makmun Ajali Abadi.

Nuli Ingsun nitahakè Cahya Nur Muhkamad.

Nuli Nyawa Mir’atul Kaya’i utawa Roh Ilapi, sarta kandil utawa warah, lawan Dhindhing Jalal. Sajatinè iku minangka warananingsun.

1. Kang dhingin : KAYU. Iku iya Kayun.

Tegesè : urip, tumuwuh sajroning Ngalam Makmun Ajali Abadi.

Iku tegesè : sajatining urip iku èlok sarta gaib, awit satuhunè urip iku ana ing alam suwung.

Dènè kang diarani suwung mau sajatinè isi. Mulanè dèn ngibarati atining wuluh wungwang, iya iku kang amesthi rumuhun dadinè sipat sawiji.

2. Dènè kang diarani NUR MUHKAMAD iku cahya kang awening utawa cahya kang pinuji.

Tegesè : teteping wiji saka pangarep-arepira dhèwè. Dadi bisa anganakekè gaib.

Mungguh ing dalem Kadis, kang diarani NUR MUHKAMAD iku kaya manuk merak sarta kanyatahan ananè anèng pramana, kasat mata ing pandulu kadi kepyur-kepyuring panon saka panonton kita pribadi.

Mungguh kahananing NUR MUHKAMAD iku dumunung ana sajroning sesotya kang mancur mancorong.

Iya iku Dating atma, dadi wahananing alam akadiyat.

Dènè kang dèn arani ATMA iku gregel.

Tegesè : obahing Dat kang sapisan diarani ANGEN-ANGEN.

Obahing Dat kaping pindho diarani ATMA utawa PANGGAGAS.

Obah kang kaping telu diarani SUKMA KAWEKAS. Iya iku sajatining KAJAT JATIWASÈSA.

Krejet kang kaping pat diarani ROHILAPI, iya iku kang sinebut NYAWA, awit wus ambabar uripè, wus tumuwuh kajatè, wus kanyatan dumunungè, diarani AKSARA ALIP.

Iya iku ALIP MUTTAKALIMU WAKIT. Wujudè wus ginambar anèng angganira.

Tegesè : tetep ana ing netranira. Marmanè dadi lelantaraning panuwun kita, kasebut ana ing SALAT DAIM.

Iya iku kang pinenthang, kang pinentheng, andulu pucuking gunung Tursina, ngenengakè ilining banyu jam-jam, ngeningakè kajat Jatiwasèsa.

Manawa wus bisa sipat kenceng, pamawasè saka ing pucuk grana, mili anarik napas kang sarèh.

Aja nganti tumpang suh.

Iya iku sajatinè kita wus anglakoni Salat Daim. Mangka nyatanè Salat Daim iku ratu-ratuning Salat, punjul-punjuling sembahyang, awit langgeng panalangsanè maring Pangèran, tanpa pedhot ing rina wengi.

Nadyan ora nganggo sujud rukuk, wus kukuh. Nadyan turu utawa meneng, lungguh, lumaku, iya wus ana ing sira puji dhikirè, sujud rukuhè.

Iya iku upama wong ambalang melèk cedhak elèsanè. Wallahu aklam, luputa pangarahè, mesthi kenanè.

Bèda lawan salataing kaum kaji, padha anglakoni sembahyang limang waktu. Iya iku upamanè wong ambalang, kadohan lèsanè.

Durung weruh prenah dunungè, pambalangè lawan nutupi nètra, pati kuping. Yakti wallahu aklam bisanè mèncok. Cepak luputè.

Dadi kang sira lakoni salat limang wektu iku mung genep-geneping kukum. Mungguhing sarak, wajibè kudu anglakoni ngibadah slat limang waktu, iya iku mung ginawè panengeran sanyatanè kaum, ngulama, kaji, mukmin, santri ngaji, sapanunggalanè, kudu nenetepi limang waktu. Yèn tiningalana salah sawiji, kena dèn arani ambrubrah sarakè. Mulanè amung nemenakè kang dadi benerè ing urip kita. Yèn nyatanè, wus ora apa-apa. Parluning salat ana daimè. Tèkadè ana ing niyat kita.”

Kaji Ismangil sumela atur, “Duk nguni kula antuk wewelinging bapa, manwi anggeguru, kinèn tetaken sajatining sastra kang sanyata tuwa utawi sajatining Sadya, kalih Nun, akaliyan aksara tuwin Bè. Manawa ana guru kang bisa anggelar sajatining aksara kabèh wau.”

Kaji Iskak amangsuli makaten :

“Hè Jebèng, mungguh wewelinging sudarmanira iku mangkènè satuhunè :

  1. Aksara SADYA, iku : sawiji.
  2. Aksara NUN, tegesè : neptu. Dadi bener, sing sapa weruh neptu sawiji iku nyata wus ambontos ngilmunè, awit uninga sajatining sawiji.
  3. Dènè aksara ALIP, iku mungguh ing dalem teturatanè nyata tuwa, dènè dhingin panggawenè. Wus kena kinarya gegenti, nyata sesilihing Dat Sawiji mau.

Ananging kabèh-kabèh iku mau dadi lelantaraning ngibaratan baè. Manawa ing salugunè, aksara kang tuwa iku : BÈ.

Nyatanè, sadurungè tumiba wus dadi aksara. Bareng tinibakakè, gatra aksara BÈ. Bareng wus ginelar tetalerè. Apa kang sinedya bisa dadi sarta wujudè kaya Dat Sawiji.

Ceceg ingkang mangkènè iki wus bisa dadi aksara BÈ. Balik dilakokakè, pasthi banjur aran dhèwè-dhèwè. Mulanè awas, aja uwas-uwas.

Kaji Ismangil matur malih, “Menggahing tèkad punika asal saking pundi? Purugipun punapa kanyatahaning rahsa? Ingkang ginaib punika pakarti, pangartinipun sinten ingkang minangkani? Kawula nuwun pitedah.”

Kaji Iskak ngandika makaten :

“Hè Jebèng, wruhanamu, mungguh angsaling tèkad iku saka nepsu.

Nepsu iku saka budi. Dadi tumangkarè marang kuwanèn.

Paraning tèkad iku marang lali. Luluhing lali iku marang èling.

Dènè rahsa gaib iku asalè saka cipta pangrasa. Marmanè tinembungakè PANGARTI. Tegesè : ngawruhi kang dadi tetarikanè.

Dènè pakarti iku panggawè.

Dadi kawruh iku weruhè saka panggawènè dhèwè.

Witè ana pangrasa, saka karsa.

Ing kono nyatanè ingdalem  rahsa, bareng wus antuk piranti, panatanè ing pakarti. Tutugè  sarana lawan pituduhè.

Apa sira durung bisa anampani prakara iki?”

Kaji Ismangil tansah angengudi budi, supadi dadi kang binudi, “Adhuh Sang Among Brangti, tetepipun ing dalem rahsa, sagedipun rumasa saking punapa?”

“Hè Kaji Ismangsil, apa sira lali lantaraning gaib? Yèn pinikir sayekti, mokal tan weruha.

Nanging sanyatanè iya uga nora angawruhi.

Kaya ngibaratè geni mati tumrap marang ngendi?

Dadinè kelawan èlok, lunganè kelawan gaib.

Gaibè saka sira, èloke uga sira kang ngawruhi.

Tegesè : sira iku Allah, Dat iku ganjaran. Dadi wujuding Dat iku saka Allah. Ganjaraning Allah iku saka Dat. Dènè dat iku ya adatè. Apa sira lali maring adatè?

Teteping Dat iku ana paugeraning urip kita.

Yakti ora owah ora gingsir. Upama nganti mingset saka kahanè, pasthi kena sinebut owah Datè.

Mangka dunungè Dat, enggonè ana ing sipat.

Kadi banyu kalawan karingetè, getih lawan ludira, tirta lawan warih. Yaktinè kudu nganggo angirih-irih.

Lamun kalènan nganti uwal saka ancering Dat, pasthi mubeng kaya kitiran tanpa mendha.

Marmanè sirikanè wong tinitah urip iku, kudu ajega adatè dhèwè, tetepa papanthenganing tèkad kang sajati.

Tuwuhing Dat iku saka solah bawa kita ingkang sarèh.

Cahyaning Dat mantheng tanpa owah gingsir iku saka dyatmikaning budi premati.

Sentosaning Dat iku saka kendel kumandeling antepira dhèwè.

Manawa sira wus bisa anampeni, sanyataning Dat iku saka iman.

Mantepè iman iku saka èling. Dadi bandhuling ngilmi makripat iku saka awas èling.

Lirè : dèn bisa weruh sajatining rahsa rumasa.

Iya iku kang sinebut AWAS.

Èling iku saka mantheng kenceng, heneng hening ing cipta rasa. Pasthi ing kènè kana ora bisa amisahakè.

Teteping iman iku amung sajatining èling.

Èling iku telenging budi premati.

Marmanè kena dèn arani urip ora kena ing pati, mung waluyajati nirmala, tanpa sangsaya salawasè. Sanyata ora kacamburan ing cipta apa-apa.

Empanè mung urip ing awal akhir. Awal akir iku iya uga saka ing kita. Kabèh-kabèh iku kapurba saka ing budi.

Budi kawengku ing jinem.

Jinem kasorotan ing cahya premana.

Cahya premana kalimputan ing manubawa. Sajatinè kang aran manubawa iku kang meneng tanpa swara, kang dyatmika tanpa una, kang suwung tan na kothong.”

Kala samanten Kaji Ismangil dahat suka, kadi binuka. Korining rahsa menga sadaya. Dalah pepanthenganipun sampun padhang tarawangan, nanging dèrèng sagèd keplok papaning cipta rasa. Tegesipun : sampun padhang, nanging dèrèng saged anggelar piyambak.

Kaji Iskak atetanya, “Saupamanè sira sun tinggal, apa wus bisa ambabarakè dhèwè?

Kaji Ismangil matur, “Sampun menga, nanging dèrèng saged anggelar.”

Ing ngriku Kaji Iskak lajeng amusthi daya prabawa ingkang amurbamisèsa ing kajat jatiwisèsa, angumpulaken sakathahing rahsa, pinisthi babaring musthika, iya iku mangunah ingkang sampun nyata wisèsaning gaibul guyub.

Dupi wus amratandhani dhikir kaping satus, Kaji Ismangil winalik ciptanè, sasat sampun ngancik layaping ngaluyup, tumekeng jagad walikan. Kaji Ismangil katingal ngadhep Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.

Wonten ing alam walikan Kaji Ismangil dahat karuna, sarwi ngrungkepi padaning Sang Kinawasa. Andhawuhaken pangandika :

“Hèh Kaji Ismangil, wus ora ana apa-apa. Kahanan jati kita iya kahanan jatiningsun. Sajatinè sira iku ingsun. Sajatinè sira sing angengkoki iku sira.”

Sasampuning andhawuhaken makaten, Kaji Ismangil wangsul wonten palungguhanipun. Kaji Iskak boten katingal.

Leng-leng kapileng tyasira Kaji Ismangil, sarwi lenguk-lenguk. Dahat pangunguning galih, jalaran katilapan ing gurunira. Ananging Kaji Ismangil sampun gadhah osik, yèn ingkang nama Kaji Iskak wau inggih ingkang sarè, jalaran sareng karaos tarèk, kusuking cipta sampun ngadhep Ingkang Sinuhun Kalijaga. Sareng sampun luwar kusuking tarèk, gurunipun boten wonten.

Mila ing nalika punika Kaji Ismangil lajeng luwar dènnya ndhekukul ngrangkul dengkul. Temah marbukuh, anyelaki korining masjid. Boten dangu Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga wungu sarè pungun-pungun. Lajeng andangu dhateng Kaji Ismangil.

“Sajronè ingsun sarè, ing kènè ana apa?”

Kaji Ismangil matur kawontenanipun sadaya. Kangjeng Susuhunan lajeng paring wimbuhing ngilmu Makripat.

Ing ngandhap punika amratèlakaken nalika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga mentas maringi barkah dhumateng Kaji Ismangil, ingkang rumeksa masjid ing Kadilangu.

Ing antawis dinten malem Anggarakasih, ingkang paman ing Kayupapak miwah Radèn Puspita ing Galinggangan, tiga garwanipun Sèh Sitijenar, sakawan pisan sami pinaringan barkah, ngiras sarasèyanipun Kaji Ismangil. Dènè ingkang kagelaraken amedhar riwayatipun Susuhunan Bènang. Dènè ingkang dados pambukaning riwayat wau nukil rahsaning kitab Bayanbudiman.

Makaten urut-urutanipun wewedharan satunggal-tunggal :

Ingkang rumiyin anggelar Jatining Budiman.

“Jebèng, sajatining manungsa iku paugeranè saka ing budi utawa iman, awit budi iku kang angobahakè jaba-jero.

Iman iku kang anggawè benering cipta rasa.

Iya wus kena dèn isbatakè wahananing Kawula-Gusti, jalaran iman enggonè wenang dadi sesulihing Pangèran. Dènè langgeng, ora kena owah gingsir, dadi gegentining kahenengan.

Ing kono yèn wus winahyu, weruh sajatining meneng. Iya nyata èling, tan kena lali. Iya iku kang kasebut IMAM MAKSUM.

Tegesè : kang nyata kang nugraha, kang amengku tan winengku, kang salagu telenging èling, kang melang tanpa lali, karana sajating Dat iku gumelenging Pangèran.

Wahananing kang sapisan iku ÈLING.

Wahananè kang kapindho : RAHSA. Wahyaning Rahsa kasebut ANGEN-ANGEN. Iya iku minangka warananing Dat.

Mula kalebu ing larangan. Yen bisa aja nganti kawetu ing wicara saenggon-enggon.

Tegesè : aja cuwèh dèn anggo rèpèh, aja wahhèh dèn gawè lèr-pèh.

Mungguh babarè telung prakara wau padha darbe wewenang dhèwè-dhèwè.

  1. ÈLING. Iku telenging Dat sajati. Wewenangè iya kawasa agawè warana, bangsaning lelimput, amengku alam kanyut. Gumelarè anuwuhakè lali. Lali iku anenarik nepsu, iya iku warananing ÈLING.
  2. RAHSA, warananing Dat, wenang agawè kaluwihan. Kaya ta : atma suksma, sakaliring urip utawa sarupaning roh, iya iku padha dadi aling-alingè Rahsa.
  3. ANGEN-ANGEN. Wenenangakè anggelar aling-aling, sumarambah marang jantung, dadi aran BUDI.

Mahanani lakuning getih, bayu sapanunggalanè, marma ana sesebutan : KARKAT, CIPTA, GAGASAN, sapanunggalaè MOSIK.

Marmanè ana kaoling pandhita luwih, mindha kombang angajap ing tawang, susuh angin ngendi enggonè; miwah atining wuluh wungwang; lan gigiring punglu; tapaking kontul nglayang; manuk miber uluke ngungkuli langit; kusumanjrah ing tawang.

Kang agawè ngibarat sasmitaning ngilmu kang mangkono mau iya bener, awit anuduhakè gaibing Pangèran kang wus gumelar iku ANGEN-ANGEN, utawa CIPTA.

Mangka kanyataning Pangèran iku muhung Angen-angen lawan Cipta. Yaktinè ana, nanging napi.

Tegesè : ÈLOK. Èlokè lawan mokal. Mokalè saka gaib.

Ingkang mangkono iku, rèhning sira wus padha lambaran, pasthi wus ora susah nganggo wisikan.”

Ingkang tanpi dhawuh matur, “Nuwun kapundhi. Amung nyatanipun ingkang kaèsthi kalayan mèsthi, sageda kadhawuhaken.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga gumujeng sarwi ngandika :

“Jebèng Kadilangu, sira iku wis winenang asesilih araning Dat. Mangka Dat iku Pangèran Kang Mahasukci. Sira dadi Kalipah sangisoring Ratu. Apa aran Pangèran iku ora bangkit anggelarake wewadi kang wus ingsun dawuhakè kabèh? Yèn mangkono siri durung kadunungan nugrahaning Pangèran. Lagi katitipan pulung baè. Mangka sajatinè, pulung iku ala becik.

Yèn ala, jumrunuh sangsaranè, tur ora karasa.

Yèn becik, amung sinuyudan ing sasama baè.

Yèn mangkono sira lagi kena dingèngèri wong cilik kang sawewengkonira dhèwè.

Mungguh si paman Pangulu Kayuapak, sapanunggalanè kabèh, iku kaya ngapa panemunè? Aja ana kang pakèwuh, tutura sawantah baè.

Manawa ana kang binuka antuk nugrahaning Pangèran, iya tulusa dadi gegunungan. Nadyan sira, Rabiyahè Sèh Lemahbang, aja pakèwuh, dumèh wadon.

Prakara gaibing Pangèran ora nganggo pilih lanang lan wadon. Pasthi tibaning nugraha padha baè. Mula aja sumedya nyumpet panemu, kudu apsah lawan barakanè.

Ana dènè sira , Kaji Ismangil, utawa Jebèng Puspita, padha wetokna panemuning Cipta Rasa kang tumrap marang sira. Bokmanawa ingsun bisa anggelarakè kabeh pangèsthinira.”

Kacariyos, saking pandangunipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga dhateng para siswanipun, wasana sadaya sami kèmawon ing panampinipun. Amung Nyai Sèh Lemahbang piyambak ingkang saged matur, “Dhuh Pukulun pepundhèn kawula ing awal akir, kilap leres lepat, pun patik ing sasaged-saged kawula kedah matur. Mugi tinebihna ing sesiku, rèhning kawula èstri, dinangu ing Gusti Guru kawula. Menggah pamanggih kawula, ingkang kadhawuhaken Dat punika witing gesang. Kawasa mahanani tigang kahanan : ÈLING, RAHSA, ANGEN-ANGEN.

  1. Witing èling saking lali.
  2. Witing Rahsa saking pangrasa.
  3. Witing angen-angen saking pambukaning cipta

Upaminipun makaten, sajatining ratu iku saka kawulanè kang ngarani. Ananè becik, saka ala lanjaranè. Witing ana, saka ora; witing kupur saka kapirè. Witè dadi saka ora. ”Apanjang yèn winuwusa aturipun Nyai Sèh Sitijenar.

Winangsulan pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga makaten :

“Hè Rubiyahè Sèh Lemahbang, apa wewadinè sira kadunungan panemu kang mangkono?”

Ingkang dinangu matur, “Saking wewarahing laki duk gesangipun, angancer-anceri makaten, Rubiyah, sajatinè dedalan kang bener iku saka bèngkong dhingin. Ananè padhang iku saka peteng. Sejatinè kang putih iku ireng. Sajatinè adoh iku saka cedhak. Tegesipun : adoh punika saking pandulu. Delesing pandulu punika nètra kang misèsani. Dados ing dalem kijab inggih asal saking kita pribadi. Teteping tebih inggih nètra ingkang amastani. Mila manungsa punika dipun isbataken jagad raya, inggih kahananing ratu mawi wenang adamel warana, dipun wastani nayaka wolu, njawi sakawan, lebet sakawan, sanga pepatih. Yèn nyata menang pamanthengipun, inggih sami kaliyan sapatemoning Kawula dhateng Ratu. Tataning kasunyatan inggih kumpuling Kawula Gusti punika saking sangang prakawis, marganipun saking babahan hawa sanga. Ing ngriku wonten wewakil nayaka wolu, njawi lebet : DAT, SIPAT, ASMA, APNGAL.

Bupati njawi kasebut : SUKMA LUHUR, SUKMA WISESA, SUKMA PURBA, SUKSMA LANGGENG.

Nanging Bupati njawi lebet punika sadaya tumusan saking wewenanging para nayaka wolu, sesanga patih, punika amung kalih prakawis. Makaten saking kaèngetan kawula : ingkang rumiyin CAHYA NUR MUHKAMAD; ingkang kaping kalih : ROH.

Manawi kacariyos duk tiyang jaler kawula taksih gesang ingkang dipun wastani CAHYA NUR MUHKAMAD wau cahya kang pinuji. Kawasanipun saged nyoroti kawan prakawis :

  1. Saged sumorot dhateng cahya cemeng.
  2. Saged sumorot dhateng cahya abrit.
  3. Saged sumorot dhateng cahya jenè.
  4. Saged sumorot dhateng cahya pethak.

Dènè ugering ROH punika winastan ROHILAPI. Tegesipun : banyu wiji.

Nanging amung tumrap wijining manungsa piyambak, awit ingkang nama ROHILAPI punika wau sari-sarining roh sadaya. Mila sakalangkung wening. Èwadènè ingkang nama ROH wau warni-warni. Kados ta : ROH JASMANI, ROH RABANI, ROH ROKANI, ROH KÈWANI. Sadaya wau inggih sami dados wiji, ananging amung dumunung dhateng sipating jim, utawi brekasakan, sato kewan saha para kutu-kutu walang ataga.

Bèda lawan ROH WIJINING MANUNGSA. Manawi cacahing Roh ingkang badhè dados wiji, kathahipun satus kawan welas, nanging tanpa parlu  dados wiji, kathahipun satus kawan welas, nanging tanpa parlu yèn kawula cacahaken sadaya.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika dhateng ingkang paman, Pangulu Kayu Apak utawi kaji Ismangil tuwin Radèn Puspita. Pangandikanipun makaten :

“Kaya apa mungguh gaibing Pangèran Kang Agung, teka sipating wadon angungkuli lanang lanciping panemu? Mangka bener-luput pasthi kudu amangsuli marang gelaraning guru. Marma saiki si Paman kalih Radèn Puspita, tiga Kaji Ismangil, sami mangkata dhateng Sunan Giri, puruitaa, supados saged padhang ing pamanggihipun tetiga pisan.”

Ingkang sami dipun dhawuhi amung tumungkul sarwi rawat waspa. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga dhawuh makaten :

“Gampang ing wuri, angger wus padha anglakoni sapakon. Lan sira, Rubiyahè Sèh Lemahbang, milua marang Giri pisan.”

Aturipun makaten, “Dhuh Pukulun, bilih kepareng kawula nyuwun wangsul suwita dhateng ratumas Kalinyamat kèmawon, ngiras angrengcangi anak-putu kawula.”

Dhawuhipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga :

“Iya Ingsun lilani, nanging sira lawan anak-putunira padha alihan saka kènè, supaya lestari ora dèn agru-agru enggonmu, awit ing tanah Pengging kènè bakal ana sikaraning nagara.”

Nyai Lemahbang saanak-putunipun matur sandika, lajeng sami mangkat suwita dhateng Ratu Kalinyamat, prenah sakilening umbul Sungsang, tanah Pengging.

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng lelèdhang mangalor sakedhik. Sumerep tiyang sami angadhepi genthong, isi toya wening. Dinangu, “Sapa kang amarentah sira?”

Ingkang dinangu matur, “Saking wewelingipun Sèh Lemahbang, sadaya kabekelan siti gangsal karya dipun mijkaken ngangsu ngebeki genthong urut margi, kinèn ndanakaken para tiyang langkung.”

Kangjeng Susuhunan lajeng paring dhawuh :

Desa iki padha aranana ing Banyudana. Tulusa ing salawasè.”

Ingkang dhinawuhan matur sandika. Wonten pangageng ing dhusun ngriku angaturi rèrèh dhateng griya, rehning kadalon. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga mituruti. Praptaning wisma sinugata ulam ayam gorèngan, dipun dhahar sacuwil, lajeng dhawuh:

“Pitik weton Banyudana ènak. Bèda lan liyanè.”

Sabdaning pandhita linuwih, dalah ulam ayam ing Banyudana kinaot raosipun.

Dupi saged imbal wacana kaliyan tiyang Banyudana, watawis ing wanci tengah dalu, sakiduling dhusun Toyadana wonten swara tulung-tulung. Kalampahan sami tandang, ngantos dangu, jalaran saben para tetiyang dhateng, tanpa pariwara lajeng campuh prang kaliyan wanara kathah, ageng-ageng. Sareng dumugi gagat ènjang, tiyang ingkang sami tandang saantukipun adus erah. Punapa dènè tiyang ing ngriku kathah ingkang katiwasan, jinamah èstrinipun. Dènè ingkang kantun sadaya ngili dhateng Banyudana wau.

Ing antawis sampun byar raina Kangjeng Susuhunan Kalijaga sigra nedhaki, jalaran welas aningali sambatipun tiyang kathah, sareng dumugining panggènan, sagung wanara umpetan ing jurang tuwin kekajengan ageng. Mila Kangjeng Susuhunan lajeng andangu dhateng mancakakining dhusun. Ingkang dinangu matur gancaraken, “Sakawitipun karajaning dhusun ageng kidul punika katingal kadhatonipun Prabu Kalana Batulata Pengging. Mila katelah ing dhusun Bantulan. Leresipun : Batulatan. Kala ing kina salèr-kilèning kadhaton tilas patamanan ageng. Ingkang tengga kethèh jaler èstri ageng, namung kalih. Sapunika sampun kathah. Manawi siyang boten kantenan enggènipun. Manawi dalu ngrebda, anjejamah tiyang èstri, misakit dhateng tiyang jaler.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga andhawuhaken pangandika makaten :

“Ing desa tilas patamanan iki kang saparo degana, karana pasar Taman. Kang saparo iring lor-wètan aranana ing dèsa Wenara. Tulusa salawasè. Dènè kethèk kang padha ndhelik ana jurang-jurang sarta kayu gedhè wus padha ingsun tundhung lunga saka kènè. Ingsun paringi prenah ana sakuloning Gresik, tanah Giri, dumunung pinggiring bangawan, ana randhu alas telung wit, dadi siji. Kang dadi panganè mung jejaluk, manawa ana sedagar dagang metu ing bangawan nunggang prau. Ing kono kang dadi panganè. Pangandikaningsun iki uga wus tinampanan ing wanara, karana ana ratunè wus bangkokan, bisa ngilang. Mula wus aja ana sumelang, jalaran ratunè loro lanang wadon wis mulih marang asalè, saka alas Roma, tanah Pagelèn. Amung ana wekasingsun marang wong Wenara kabèh, ing tembè wuri yèn ana wong darbè anak nganggo buntut, banjur ulihena marang alas Roma Pagelèn mau. Bokmanawa bakal ana wewalesè ing wuri, padha dadi lelantaraning kadonyan.”

Sadaya ingkang dhinawuhan ngèstokaken. Mila dumugi sapunika tiyang ing dhusun Menara wau yèn kinadaraken sugih, katamtokaken nenepi dhateng Roma.

Kala samanten Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng wangsul mangidul malih. Karsanipun badhè dhateng dhusun Palar, amariksani anggènipun yasa sumur kaliyan masjid. Rèhning dèrèng binuka kijabipun, dados sumur kalih masjid wau dèrèng katingal. Ananging karsanipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga badhè ngampiri Sunan Panggung, dhateng Jatinem.

Wasana saweg dumugi sakiduling Pengging aningali tetiyang kasrakat, boten angsal tedha saking pailan, wah kasatan toya. Siti sami nela wiyar. Para tiyang jaler-èstri ageng-alit sami malebet ing tela, angisep rembesing siti. Kangjeng Susuhunan welas aningali, lajeng sami dipun wengkang teken cis.

Tela lajeng mili toya. Para tetiyang dahat leganing galih, kailènan toya. Mila sami mentas sadaya sarta lajeng pinaringan pitedah enggèning tedha. Sami dhinawuhan mangidul. Ing dhusun punika temah pinaringan nama ing dhusun Telawong.

Lampahipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ngidul ngilèn. Dènira lumampah anelasak ngambah sabin beran, tan karsa ngambah ing margi ageng. Galengan kang tinurut, tebeng-tebeng panasnya tumiling.

Ing wanci lingsir surya Kangjeng Susuhunan kèndel wonten ing gubug. Kagyat ingkang darbè gubug wau, awit saweg nutu suket tuton. Tinapènan,  inginteran saèngga gentang pantun.

Ingkang Sinuhun andangu, “Kinarya apa?” Ingkang inter matur, “Kanggè nedha, rehning boten wonten pantun ingkang medal.”

Kangjeng Susuhunan welas aningali, lajeng paring sabda :

“Hèh Nini, pagènèa sira inter suket tuton? Becik muliha, lumbungmu wus kebak pari.”

Ingkang liningan matur sandika. Dumugi ing griya nyata, yèn lumbungipun kebak. Mila sanget pamundhi panuwunipun. Dènè panutuning suket tuton lajeng badhè dipun bucal. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga boten kapareng, malah kinèn angliwet pisan, kapundhut badhè mirsa raosipun.

Ingkang dipun dhawuhi rikat angliwet. Tan adangu mateng, lajeng kaaturaken kanthi lelawuhan sawontenipun, sarta krawon bangsaning jamur-jamur, wedaling lèpèn sarta wader dipun pès.

Kangjeng Susuhunan angraosaken èca, lajeng paring sabda   pangandika :

“Iwak wader pèpèsan utawa sega suket tuton tulusa. Tembè, sing sapa darbè parlu, yèn arep agung rijekinè, nganggoa sasarat sega suket tuton satakir, pèpèsan wader siji, kasajekna ana ing patanèn.”

Ingkang dhinawuhan matur sandhika. Kangjeng Susuhunan lajeng kèsah malih, mangidul leres. Wonten tigang onjotan uninga tiyang kathah sami rèntèp turut margi. Dinangu perlunipun, sami matur yèn saking dhawuhipun para wali, ing wekdal punika sami dipun dhawuhi nyadhiyani dawegan parasan, awit ing dhusun ngriku sèket karya badhè dipun paringaken dhateng para pamagangan wali, minangka ili-ili anggènipun sami kawengku ing ratu. Mangka pamagangan sadasa pinaringan seket karya. Dados ing dalem pamagangan satunggal angsal gangsal karya tedhanipun.

Kangjeng Susuhunan angandika, “Apa ora bakal cecawis suguh sega sapanunggalanè?”

Aturipun, boten kamedalan. Mila amung dawegan kèmawon sagedipun anyedhiyani.

“Wus pirang dina?”

Aturipun, sampun lami tansah tengga degan urut margi. Kangjeng Susuhunan angandika :

“Yèn mangkono bakal dadi lantaraning kasangsara. Ing mengko wis aja nyadhiyani. Becik padha mangidula bener kènè. Bokmanawa bakal bisa sempulur rijekinira. Dèsanira ing kènè padha aranana ing Magangan. Manawa wis padha antuk ular-ular, balia manèh.”

Ingkang dhinawuhan matur sandika, lajeng sami mangkat aseluran, mangidul sadaya. Kangjeng Susuhunan lajeng tumindak  malih. Dumugi sakiduling jurang wonten tiyang gumandhul ing oyod, mangongkang jurang. Lajeng dipun dhawuhi mudhun. Tiyang kalih dinangu, matur, “Ing jurang punika mentas bena ageng, kathah tetiyang kelem, sarta kabalak ing toya. Mila kawula gumadhul ing oyod ngriki.”

Kangjeng Susuhunan angandika, “Yèn mangkono sira padha tut wuria, supaya tumuli wareg.”

Ingkang liningan matur sandika, nanging suku kados dhèngkelen, margi ing dalem kawan welas dinten tanpa nedha, amung gandhulan kèmawon. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika malih:

“Watu ing wurimu ana sega salawuhè, wareg sira pangan lawan rowangira.”

Lajeng kapendhet, nyata wonten sekul sawungkus salawuhipun. Temah sami pinangan kembulan. Sasampunipun sami nedha, suku mari lumpuh. Kangjeng Susuhunan angandika malih :

“Jurang iki samengko wus ora bisa bena, anging ilinè ajeg cilik baè, lan jurang iki aranana Jurang Gundhul.”

Rarè kalih matur sandika, lajeng mangkat. Dumugi sakidul jurang lajeng uninga embak-embaking toya mawi endhut. Para tetiyang kathah sami kembel, kantun sirahipun ingkang katingal. Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng ngobat-abitaken tekenipun. Sadaya tiyang ingkang kembel ing baladhu saged mentas sadaya. Embak-embak sanalika lorot dhateng jurang Sigandhul.

Para tetiyang sami matur piyambak-piyambak, “Ing nalika jurang bena, ladhu kèndhel sakiwa-tengen ngriku. Angoking jurang, embak angelebi dhusun dalah tiyangipun. Ing dalem sakawan dinten sami manthèngèl, kantun sirah kèmawon sarta tan anedha. Dènè sapunika Paduka angluwari papa sangsara kawula sadaya, sanget nuwun.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng paring tedha, luber sadhusun kawaratan. Sawusing sami nedha lajeng paring pangandika :

“Dèsa iki aranana ing Silem, lawan wong ing dèsa Silem kabèh aja padha kari, ngidul mangètana, yèn arsa wareg sandhang pangan. Aja mulih-mulih marènè, yèn durung antuk patang puluh dina.”

Ingkang liningan umatur sandika, mangkat. Sasampunipun makaten, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng tut wuri para tetiyang ingkang sami ngili tedha, sarta dhedheg angalempak wonten ing sela-selaning pasabinan beran, parek ing dhusun ngriku. Saking kebaking tetiyang ngantos lubèr tebih. Badhè dipun lajengaken, ajrih jalaran wana ageng. Mila kèndel kados angentosi semayan.

Kangjeng Susuhunan tan adangu rawuh, lajeng angandika, “Desa sawiji aranana telu, Ngendho, Janti, Koripan, awit dhedheg padha kadi nganti semayanè. Koripan, dènè kena dianggo ngungsi urip. Padha lerepa ing kènè. Ing dalem patang puluh dina, iki dèsa wus isi pari akèh kanggo pangan.”

Kala samanten para tetiyang ingkang ngungsi tedha dhateng ing dhusun Koripan, Ngendho, Janti, sareng sampun dumugi ing wewangen dhawuhipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, lajeng wangsul mantuk dhateng padhusunanipun piyambak. Sareng sampun bidhalan, kantun satunggal tiyang ingkang boten purun mendhet pantun. Dinangu, nama Kyai Dremawangsa.

Anggènipun boten purun mantuk mbekta panduman pantun punika, amung sumedya tut wuri dhateng Kangjeng Susuhunan Kalijaga, ngantos dipun lampahi boten nedha boten tilem.

Kangjeng Susuhunan lajeng tedhak dhateng wismanipun Ki Dremawangsa. Pinariksa banjar pakaranganipun sarta isèn-isènipun wisma pepak. Kangjeng Susuhunan andangu malih, sababipun sedya tut wuri, tuwin boten purun bekta pantun saking Ngendho Koripan, Kyai Dremawangsa aturipun makaten, “Nuwun, anggèn kawula sedya tut wuri ing Paduka utawi anggèn kawula boten purun mendhet pantun peparing Paduka wau, temenipun angèngeti wewelingipun Kyai Walaka, nalika pepanggihan wonten ing dhusun Ngares kilèn punika. Welingipun, kawula kapurih narima, supados katrima. Utawi kapurih ngandel, supados kumandel. Kapurih marsudi kawruh, supados weruh. Boten dangu ingkang nama Kaki Walaka wau kèsah, dumugi sapriki tansah kulo raosaken, meksa dèrèng saged kraos parlunipun. Mila saking kodhengipun manah kawula, ngantosa ing ngrasa Paduka. Tèkadipun manah kawula, ngantosa cèkoh règoh nyaketi jangan jambu, boten sedya mantuk, manawi dèrèng angsal dhawuh wewedharan Paduka saking saking wewelingipu Kaki Walaka wau. Upami kawula narima, supados katarima, punika ingkang paring katarimaning jasad kawula sinten? Kawula dipun warah ngandel, supados kandel. Ingkang kawula lampahi ngandel punika ngandelaken punapa? Supados kandel punika ingkang kawula labuhi sinten? Kawula dipun purih marsudi kawruh, supados weruh. Anggèn kawula mbudi kawruh punika kawruh punapa? Ingkang nuntuni sinten? Supados weruh punika dhateng barang punapa? Ing dalem sadasa taun sapriki kawula tansah dipun kuya-kuya sanak sadhèrèk kathah, dipun wastani èwah Dat kawula, jalaran ngantos kasupèn dhateng kuwajiban tetanèn, amung tansah kodheng gèdhèg-gèdhèg kèmawon. Mila mugi wonten sih kawelasan Paduka, sagedipun waluya, anggèn kawula linglung leng-leng, ngèling-ngèling wewelinganipun Kaki Walaka rumiyin, awit saking pamanah kawula mung Paduka ingkang saged majaraken ing kawidhengan kawula.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga gumujeng sarwi paring pangandika makaten :

“Hè Dremawangsa, teka kukuh temen panggayuhmu. Santosa temen pangèsthimu. Mantep temen budimu, nganti labuh labuh rusaking jasad, kaèsi-èsi ing sasamaning urip. Apa sira wus nyata tumanem ing pangarahira marang telung prakara”?

Kang liningan matur, “Sampun mantep, tan asedya mengèng sarambut.”

Kangjeng Susuhunan lajeng medhar pangandika :

“Dremanwangsa, satuhunè enggonè Kaki Walaka awèh wangsit mangkono iku bener, mung nuhokakè lakuning urip iku kudu nganggo telung prakara :

……………………………………………………………….
…………….. Halaman 99 hilang……………………..
……………………………………………………………….

4. Kaping patè, kang padha dèn arani mati iku tutup lawangè patang prakara. Tegesè : sirnaning pangucap, tulining pamiyarsa, wutaning paningal, sumpeting pangganda. Papat iku uga wus ngumpul dadi sawiji marang rahsaning Dat sajati, pakartinè mung kari tawekal. Tegesè : pasrah marang Kang Amurba Amisèsa, bisane tunggal lawan Idayatullahi. Iya iku sampurnaning Dat utawa mulya sampurnaning sipat Esa. Dadi weruh sangkan paraning Tanajultarki.

Mungguh kang kasebut kabèh-kabèh mau kudu ngawruhana iman kang abangsa kukmi. Ing kono kari nyataning kukum balaka.

Tegesè KUKUM iku bener. Dadi ngaurip iku wajibè nglakoni bener, kanthi awas èling. Manawa ora tinggal ing telung prakara iku, yakti tan prabèda ing dunya lawan ing kahanan akir. Manawa sir amaksih anyipta bèda, pasthi ing sedyanira bakal semu dudu.

Tegesè : kaliru pangancasè. Lamun sira wus angarani ora loro tetelu, iya bokmanawa bakal tumeka jatining kahanan kita. Nyatanè iya uga salugunè.

Manawa sira kurang piandel, takokena ing guru kang pinunjul kawruhè, awit wus kalebu ing bebasan : Karna binandhung, undhaking pawarta, sudaning titipan. Iku wus prakara mesthi, awit pituturingsun iki kena diarani temon ana dedalan. Katetepakè kawruh nenempil, iya wus benerè.

Aja agè-agè nggugu yèn durung wruh galethekè. Aja maido, yèn sira durung weruh dadinè. Aja nemoni lan aja memadoni, yèn sira durung weruh wewadinè. Aja nepèkake, yen durung mangerti nyatahanè. Karana prakara kawruh siji iki lamun maksih semang-semang, nemahi sesiku, karana kasebut maksih mentah ngilmunè.

Marmanè wekasingsun marang sira, manawa tembè Kaki Walaka katemu lawan sira manèh, aja agè-agè tetakon, yèn sira durung bisa tetakon.

Tegesè : wong anggeguru ing ngilmu iku lamun durung ana kang bakal kang bakal tinemu, aja agè-agè geguru. Lawan ana wewarah kang kena rinasa selawasè. Kabèh kang dadi sedyanira iku kudu katarik saka cipta rasa dhingin. Yèn wus katemu pamanthenging cipta, karasa ing dalem rahsa. Sayektinè kena sira anggo gegujengan utawa geyonganing ngilmu salugunè. Lamun dira durung darbè cipta nganti karasa, kadi kakung kasengsem marang dyah ayu. Iya iku durung pinareng menga ngilmunè. Yèn wus mangkono panemunira, baya wus pinareng dèning Allah Tangala pepanthenganing cipta rasanira. Kena binasakakè kabulyakin. Tegesè : tumuwuh cahyaning nugraha.”

Kala semanten Kaki Dremawangsa, duk miyarsa wasitanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, ènggaring galih kadi siniram ing tirta marta. Sumyar-sumyaring sarira lir taru tumaruna karirisan ing wasitotama. Sasampuning mangkana Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga sigra kondur. Kyai Dremawangsa badhè umiring dèrèng kapareng. Dhinawuhan amemulihaken badan, tuwin memulihaken pakaryan wajibing among tani, margi sampun lami anggènipun tilar kuwajiban, adamel bibrahing anak bojonipun, sarta risaking manahipun tiyang sepuh.

Mila Kaki Dremawangsa sareng sampun angsal barkahipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, gugup para waris sadaya, angrungkebi sarwi mular, dènè boten kanyana-nyana Kaki Dremawangsa saged waluya jati. Ananging rumiyin mangkè pancèn boten punapa-punapa. Nanging pamanggihipun tiyang ingkang sami tuminggal, sayekti amastani èdan kèmawon, mila prakawis punika tetela angèl pamawasipun. Manawi tiyang ingkang sampun putus ngilminipun, inggih boten amastani èdan. Beda lawan para tetiyang ingkang dèrèng ngilmi, tamtu amastani yèn Kaki Dremawangsa ing Bungasa èdan.

Ènggaling cariyos, Kaki Dremawangsa sampun mituhu dhawuhing guru, lajeng tapak ing kuwajibanipun tani, nggaru, mluku, macul sasaminipun. Dupi sampun antuk samangsa, Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga wangsul malih, pindha sudra papa, sesilih Kaki Walaka, marpeki anggènipun maluku Kaki Dremawangsa.

Sajarwa nama Kaki Walaka ingkang sampun pulang saè. Kyai Dremawangsa duk andulu, lajeng kèndel dènya madamel pasabinanipun. Malah angancarani dhateng wisma, sarwi manembah. Kaki Walaka sinembah kipa-kipa, rèhning dèrèng wajib sinembah ing sasama. Kyai Dremawangsa mangsuli,

“Ingkang kula sembah punika Gusti kula Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, awit tilar weweling dhateng kula, singa wonga, manawi suku kekalih kadi tan anapak kisma, kawula boten kènging rusiya, awit sariraning Gusti. Mangka Paduka nyaplaki weweling ingkang sampun kadhawuhaken dhateng kula. Dados tetèla Paduka badhè nyobi kaantepan kawula. Dados Kaki Walaka rumiyin punika inggih Panjenengan Paduka.”

Kangjeng Susuhunan dahat sukaning galih, lajeng angandika makaten :

“Jebèng, sira wus katara yèn antuk sih nugrahaning Pangèran Kang Amahasuksci. Samengko temenana atetanèn, sarta sira ingsun paringi sabda, ing tembè wuri dadia pituwaning among tani . tegesè : sarupaning para tani, yèn ana tandur kena ama, sira wajib anulungana sesarat winih, supaya ora katrajang ama. Karo dènè sira ingsun paringi peparab Kyai Gedhè Kapinihan.”

Ingkang dhinawuhan matur anuhun. Badhè umiring mesa dèrèng kapareng. Taksih kinèn andugèkaken tetanèn, karana ing tèmbe badhè wonten babaranipun ingkang èlok. Nanging samangkè dèrèng binuka. Amung panaringan ancer-ancer kèmawon. Manawi sampun dumugi wewates tibaning nugraha kirang kalih turunan, Kyai Gedhè Pawinihan saged tumut nedha wahyuning karaton Jawi, wiji saking èstri.

Mila Kyai Gedhè Pawinihan tinedahaken ingkang dados margining wahyu, kinèn angelih griya wonten ing Janti Ngendho Koripan. Ingkang dipun dhawuhi matur sandika.

Kyai Gedhè Bungasan temah paring weweling dhateng ingkang putra makaten, “Hè kulup, sira bakal ingsun tinggal ngalih wisma marang Ngendho Janti, ngèstokakè dhawuh wewelingè Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Kaya mangkènè sabda pangandikanipun padha èlingana salawasè :

“Sing sapa arep duwè turun bisa milu mikul nagara, dèn saranta traping sanggama, dèn saba santosa lawan tetimbanganira. Dèn meleng pepanthenganing cipta roroning atunggal.

Tegesè : jalu èstri ing dalem pagedhongan andarbè cipta kang tan tumanja. Aja rasa rumasa ngalem amemada liyaning jiwangganira, lawan angrasani alaning wong, aja ngalem beciking lyan. Mung  malenga sawiji, wadonè marang kakung, kakungè marang wadon, netepana budi sanubari. Yèn wus temempuh ing ngadilaga, aja agè-agè marwata suta. Kudu anyantosanana ing dalem telung atus pandulu. Manawa wus bangkit anembadani hardaning raras driya, nuli telenging cipta dèn sabayantu ing tokidira. Yakti sira bakal antuk nugrahaning Pangèran Agung.

Sing sapa bisa netepi pakarti iku, Mansa Allah bisa mijèkake wiji premati. Pirabara ambaboni tanah Jawa. Tegesè : kinadarakè dèning Allah Tangala, bisanè urun wadon. Awit wiji cilik iku yèn bapa biyungè taberi ngulik-ulik, temah landhu. Bokmanawa bisa marug becik thukuling winih mau. Manawa bisa mijil jalu, cepak antuk wahyuning wahyu jati. Adat luwangè, yèn ana wong bisa sabar santosa marang tataning among lulut, iya linulutan ing sasama-sama. Trekadhang milu mikul rubet rentenging praja. Marmanè èstokena.”

Ingkang wineling dahat mituhu. Ingkang paring pangandika salugu. Mila nadyan sapelè tetalering cariyos ing nginggil wau, yakti kènging dipun leluri, jalaran sampun dados sabda pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.

Ènggaling carita, kala samanten ing dhusun Ngendhok Janti Koripan sami dados pangungsèning tiyang dhusun kiwa tengen. Ingkang kekirangan wiji, kedah nedha tulung dhateng Ngendhok Janti Koripan wau.

Boten kawursita ing dhusun Koripan, anuju satunggal dinten Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga karsa lelana mangètan, sedya sowan martuwi ingkang uwa, Kangjeng Susuhunan Lawu, awit midhanget pawartos yèn ingkang uwa ngulawisudha bangsa jim sakawan iji.

Langkung kinasihan, awit awicarita :

  1. Jim biru nama Arya Panji Gedhah.
  2. Jim kuning nama Arya Panji Sumunar.
  3. Jim wungu nama Arya Panji Jinggaharda.
  4. Jim putih nama Arya Panji Puspita.

Jim sakawan punika angaken darahing Jawata, teturutan saking Bathara Puspanjali. Manawi saking èstri, darah jim dadu, nama Prabu Adiwarna.

Dènè jim sakawan anggènipun sami suwita ing Kangjeng Susuhunan Lawu punika, awit taksih kalebet santana sangking ingkang ibu.

Menggah pamilutanipun jim sakawan wau amung kaanggè wadya pamijènipun Kangjeng Susuhunan Lawu. Manawi pinuju sarè, jim sakawan ingkang ndongèng lelampahanipun para Jawata. Gentos-gentos ingkang cariyos dedongèngan. Manawi ameng-ameng binusanan catur warna, ngapit ngajeng-wingkingipun Kangjeng Susuhunan Lawu.

Sareng ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Lawu Kalijaga sowan, lajeng katamtokaken ngadhep. Kala samanten Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga tetakèn dhateng jim sakawan.

“Kadi pundi panggayuhing para Jawata tuwin gèyonganing ngilmi? Punapa dènè para Nata duk jaman purwanipun. Manawi bangsa jim punapa ingkang dipun gayuh? Kula Andika tempili pingilipun.”

Wangsulanipun jim sakawan, “Dhuh Pangèran ulun, Susuhunan ing Kalijaga, menggah pandangu Paduka sadaya wau, adèrengipun kula gadhah atur, kados Paduka sampun uninga talering agami Budha. Èwadenè rehning kadangu, inggih kedah sasaged-saged anggadhahi atur. Kados timbang kèmawon agamining para Nabi Wali kaliyan agami kadèwatan. Ingkang dados panutan ugi nenem. Gumelaring wewedharan utawi raosipun utawi raosipun yakti boten beda, amung miturut agami nenem. Nadyan kanabèan, ingkang rinilan mengku agami ugi nenem :

  1. Kangjeng Nabi Adam, timbanganipun Sang Hyang Bathara Èndra.
  2. Kangjeng Nabi Nuh, timbanganipun Sang Hyang Bathara Brahma.
  3. Kangjeng Nabi Ibrahim, timbanganipun Sang Hyang Bathara Bayu.
  4. Kangjeng Nabi Musa, timbanganipun Dang Hyang Bathara Samba.
  5. Kangjeng Nabi Ngisa, tetimbanganipun Sang Hyang Bathara Wisnu.
  6. Kanjeng Nabi Muhkammad, Rasulullah, tetimbanganipun Sang Hyang Bathara Kala.

Nadya wewedharanipun utawu sarèngatipun ing agami Islam inggih boten wonten bèdanipun. Makaten malih, nadyan pingiling raos, sami kèmawon.

Kados ta : sarèngatipun Kangjeng Nabi Adam, ingkang dipun engkoki pantaraning Allah Tangala. Sang Hyang Èndra ugi angaken barakaning Jawata kang linuwih.

Kangjeng Nabi Nuh anganggep gegenti, Sang Hyang Brahma inggih wewakiling Jawata.

Kangjeng Nabi Ibrahim angaken prajuriting Allah. Sang Hyang bayu ingging sènapating Jawata.

Kangjeng Nabi Musa kekasihing Allah. Sang Hyang Samba gegebenganing Dèwa.

Kangjeng Nabi Ngisa putraning Allah. Sang Hyang Wisnu pitayaning Jawata.

Kangjeng Nabi Muhkammad kaaken utusaning Allah. Sang Hyang Bathara kala ugi sapu kawating Suralaya.

Dènè ancer-ancering wewejangan ugi tan prabèda :

  1. Sajatinè ora ana Pangèran anging Adamapitratulah.
  2. Sajatinè ora ana Pangèran anging Nuh Kalipatulah.
  3. Ora ana Pangèran anging Mungsa Kalamulah.
  4. Ora ana Pangèran anging Ibrahimakalilulah.
  5. Ora ana Pangèran anging Ngisa Raohkulah.
  6. Ora ana Pangèran anging Kangjeng Nabi Muhkamad Rasulullah.

Menggah ingkang makaten punika bèdanipun punapa kaliyan wedharing para Jawata ?

  1. Hong ilahèng nir Yang Kalamertyu, muhung Èndradimulya. Tegesipun : Hè kang Angagung kang Èlok, ora ana jawata muhung Bathara Èndra, wenang anglebur angkara murka.
  2. Hong ilahèng Mangarcana Mataya : Hè kang asipat èlok, kang sinembah muhung Hyang Brahma sanyata. Amung Bathara Brahma satuhunè.
  3. Hong ilahèng Sihyanamasaha : Hè kang asipat èlok, kang asih ing dunya muhung Hyang Bayu priyangga. Amung Bathara Bayu piyambak.
  4. Hong ilahèng Mangarcanamataya : yakti Hyang Samba, dana. Tegesipun : Hè kang asipat èlok, kang wajib sinembah ing dunya amung Bathara Samba.
  5. Oilahèng nir Hyang Kalamertyu Kabub, pamunahing satru jaya muhung Hyang Kèsawa. Sajatinè kang èlok, kang gaib, ora ana liya kang wenang nampurnakakè nepsu angkara murka, muhung Bathara Wisnu.
  6. Hong bujèng bumi belah sirna, muhung Hyang Bèrawa mahanani ing bawana kasapta. È Allah, kang kasapta bumi lebur sirna. Muhung Bathara Kala kang angratoni bumi langit sap pitu.

Sadaya wau amung kawula pendhet saparluning wewejangan kèmawon. Mila boten wonten bèdanipun ingkang dipun akeni, punapa malih ingkang dados gèyonganing raos. Bokmanawi sami kèmawon.

Kangjeng Nabi Muhkamad Rasulullah inggih sampun winenang angrata agami Islam, tetep dados panutanipun para umat sadaya, waradin ingkang ngidhep Kangjeng Nabi Duta.

Manawi agamining para Jawata, ingkang dados teturutanipun para titah sadaya inggih Hyang Bathara Guru. Èwadenè inggih wonten  kaotipun. Awit Kanjeng Nabi Muhkamad atas saking pangandikaning Pangèran kang Amahasuksci. Sareng Sang Hyang Bathara Guru amung tiron wewakiling Pangèran. . Èwadenè katarik ing tapabrata, dados saged sipat gaibul guyub. Kawimbuhan basaning jim sami ngunjuk toya gesang. Mila saged turun-tumurun kawasa aparing nugraha, awit sampun badan alus sadaya.”

Dahat pangunguning galih Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, dènè saged anggancaraken pingiling kina-kina. Wasana Kangjeng Susuhunan atetakèn malih.

“Saking dahat suka bingahing manah kula dènè Jengandika anggancaraken pingiling kadèwatan utawi kanabèyan. Yèn makaten Jengandika punika kalebet sampun masuk agama Islam.”

Atur wangsulanipun makaten, “Manawi kagalih Islam, kawula dèrèng, jalaran jim punika bangsa badan alus. Saged kawula gancaraken sadaya wau amung saking gethok tular. Ados kènging dipun  wastani kawruh nempil. Èwadenè sanadyan gethok tular anenempil, saking karep sarawungan para pandhita tuwin para ngalim. Mangka bangsa jim wau boten kènging pejah, dados ujaring tiyang satunggal kalih kawula cathet. Dangu-dangu kathah pangertosan kawula. Mila tetèla tan prabèda dayaning budi Buda tuwin pangartining para Nabi. Manawi kawula dipun wastani bangsa kapir, inggih mèmper, jalaran jim punika bangsa lembat, tunggil pangawikaning Jawata. Mila amung nyumanggakaken ing karsa Paduka.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika malih :

“Mila kula kapiluyu, lajeng sowan Kangjeng Uwa Sunan Lawu, awit mireng pawartos, Panjenenganipun Uwa ngulawisudha satriya jim sakawan, dipun tetepaken pujangga, margi awicarita. Yèn kapara nyata, kula badhè miyarsa pangarti Andika ingkang kènging kula anggè pusakaning karaton jawi.”

Ingkang dinangu matur, “Kula dèrèng pujangga awicarita. Amung dados tukang ndongèng. Awit ingkang Uwa Kangjeng Susuhunan Lawu samangkè kaparenging panggalih, saben badhè sarè, kawula dipun piji marek ing sahandhap pasarèyan, sami ndikakaken cariyos dedongèngan sasaged-saged kula. Kilap leres, kilap lepat, ugi kawula lampahi, gentos-gentos. Sambung-sinambung uruting cariyos, andongèngaken lelampahanipun para Jawata, awit Uwa Paduka punika saèngga tunggil darah saking rama, trahing Jawata deles. Mila remen cariyos Buda, awit ngandharaken leluhur saking rama. Manawi turutipun rama Paduka piyambak ugi darahing para Nata Binathara ing Pajang Pengging. Suprandosipun kaparenging galih anggayuh agami Islam. Tamtu kaangè kaot piyambak, amargi trahing Jawata punika kinadaraken lantip ing budi, lepas ing kawaskithan, trus ing tapabrata, tur ing tèkad tan ajrih ing pati. Kawimbuhan Jawata punika cecampuran bangsa jim. Tamtu yèn tiniti sayekti tanpa sama pangartining lair batin. Nadyan empaning kalepasan utawi kaluwihan ingkang èlok tamtu boten takèn malih. Ènggalipun kawruh bangsa Islam punika manawi sampun saged campur dados satunggal kaliyan pangawikaning Jawata, tanpa sama panitining ngilmi gaib.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga saya gregut patakènipun, awit sadaya karsanipun para jim sakawan saged amedharaken. Saweg imbal wacana, kasaru wonten timbalan dalem sami ngendikan, kinen sami angunjuk ing Balè Patani, inggih punika pasarèyanipun Kangjeng Susuhunan Lawu. Sadaya sampun kèrit ing parekan.

Sapraptanipun ing Balè Patani, Kangjeng Susuhunan Lawu boten dangu lajeng tedhak pribadi, lajeng manjing tilam sari kèmawon. Ingkang putra Kangjeng Susuhunan Kalijaga sinapa ingkang Uwa, dinangu basukining margi, nembah anuwun basuki. Ing ngriku ingkang Uwa maringi sugata dhaharan ingkang pèni-pèni, èca-èca. Kinèn lajeng bukti lawan para jim sakawan wau. Sasampuning bukti, ingkang putra pinaringan sumerep, anggènipun ngulawisudha jim sakawan, sami wasis medharaken cariyos ing kina-kina. Ingkang putra temah dhinawuhan miyarsakaken dedongèngipun para jim wau.

Ingkang putra kadhawuhan amèngeti cariyosipun jim sakawan, supados kènging tinulad ugering karaton, kaanggè pepakeming cariyos padhalangan, rèhning Kangjeng Susuhunan Kalijaga saweg kasengsem yasa ringgit wayang wacucal. Sarta kacatheta pingil-pingilipun ingkang anggepok dhateng bangsa ngilmi makripat.

Ingkang putra matur sandika, lajeng mirantos panyeratan. Para jim sakawan lajeng dhinawuhan anglekasi cariyos, dedongèngan, sapamanggihipun piyambak, angger urut kèmawon. Para jim sakawan pisan matur sandika, amung kalilana dipun istha gineman kaliyan rowang. Amung mamrih suka senengipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, rèhning saweg nembè amiyarsa.

Kacariyos Arya Jim sakawan lajeng murwani lelampahan nalika tumuruning Hyang Naraddha dhateng nagari Purwacarita :

“Ing salebeting  taun Iwa, inggih punika taun ingkang kanggè para Jawata, ètanging taun Suryasangkala : 316, sinengkelan : OBAHING JAGAD TIGA, kaètang ing taun Cadrasangkala : angka 325, sinengkelan : TATANING PANEMBAH KAUNINGA, amarengi mangsa Manggasra, inggih punika wulanipun para jaman Dèwa.

Kala samanten Sang Hyang Naraddha tumedhak dhateng nagari Purwacarita, inggih punika tilas karaton Jawi saweg kaping kalih.

Ingkang rumiyin : pangèjawantahipun Sang Hyang Bèrawa, inggih punika Bathara Kala, lajeng kagentosan dèning Mahaprabu Raja Budakresna, inggih punika Bathara Wisnu. Prenahing karaton wonten sukuning wukir Mahèndra, inggih punika redi Lawu. Tumedhakipun Sang Hyang Naraddha wau angemban dhawuhipun Sang Hyang Pramesthi Guru, rèhning samangkè katetepan dèning Sri Maharaja Kano. Mila lajeng dhinawuhan amranata tataning agami Buddha, awit katingal bibrah tatanipun. Resah lampahing para titah, wor-suh pepèranganipun.

Mila ing nalika tinedhakan dèning Sang Hyang Naraddha, lajeng wiwit tata patrapipun.

Ing saben sagolongan kinen amaringi pangulu. Tegesipun : pangageng. Sarta sakarèrèhipun sami dhinawuhan anganggè tetenger piyambak-piyambak. Pangandikanipun Sang Hyang Naraddha dhateng Raja Kano wau makaten :

“Hè Raja Kano, wruhanamu, iki pusaka panetep panata agama. Ingkang dadi purbawisèsanira ambawani bawana, pangawasa kang wenang sira parèntahakè, dadi wewatoning karatonira ana ing marcapada.

Hèh, Raja Kano, rahayu wong kang santosa lawan mungkul marang agamanè. Marma sira agè angleksanana panataning agama sawiji-wiji.

Kang dhingin : panghulunè.

Kapindho : tetengerè.

Kaping telu : panembahè.

Kaping pat : tapabratanè.

……………………………………………………………….
………………. halaman 109 hilang………………….
……………………………………………………………….

Yèn ari raya, pangolahè kudu kang sarwa legi.

Laranganè : ora kena ngrabèni leluri kang saka lanang, lan ora kena mapas wiji kang lagi thukul. Ora kena matèni geni, ora kena mangan daging sapi, ora kena manganggo bangsa timah, lan ora kena ngrabèni anaking inya, ora kena ngrabèni anaking guru. Wenangè mung yèn ginawè tanba lang ginawè sesarat.

Dènè wewatonè, yèn wong wadon ontang-anting, pepalinè kudu disunati lawan ditetaki. Pakartinè wong laki-rabi, nganggo badhudhakan. Para warganè pangantèn nganggo langen taya. Jogèdan bèsan sami bèsan.

Yèn mati, layonè ingobong. Paliyanè pasucèn, dinusan banyuning godhong dalima. Yèn memulya sarana beburuh.

Hèh Raja Kano, wadayanira kang agama Èndra, panghulinè aranana SAKRANA. Sasèwasugatanè padha anganggoa  Èkal Bajra, galihing kayu, rining bajra, dèn anggo sangga gelung.

Panembahè marang gunung lan marang rembulan. Lakunè : lila, marta, anarima.

Tapanè yèn masa Naya, ora kena angemban bocah.

Yèn masa Asuji, ora kena asanggama.

Yèn ari raya, kang sarwa pait.

Laranganè : ora kena mangan antelu, ora kena ambuwang sesuker ing bumi, ora kena matèni dwipangga, ora kena nganggo dembaga. Wenangè dianggo tamba lan kaanggo sarana.

Lan wenang cinukur wadon kang kedhi. Wenang wong wadon bèla mati lakinè, yèn jaka lara. Wenang disunati, yèn dadi pangantèn. Yèn lanang, tinetakan nalika lair, lan anaking dhukun.

Pepalinè yèn laki-rabi, nganggo sintèn lan ènjèr. Para warganè pangantèn padha prang catur. Nggonè nandukakè pralambang sasmitaning pasugata.

Yèn mati, layonè kapethak, kapendhem, lan kaluweng, kadokok guwa utawa jurang. Paliyasanè dinusan ing leri. Yèn memulya sarana urup.

……………………………………………………………….
………………. halaman 111 hilang…………………..
……………………………………………………………….

Tekèk, cecak kemaga. Wenangè yèn kinarya tamba lan sarana.

Wadon cinukur, yèn randha anyar. Lan wenang wong wadon ditetaki, manawa dadi panghuluning agama.

Pepalinè yèn laki-rabi, nganggo baoyang. Pangantèn angarak. Warganè pangatèn wadon nganggo angadhangi warana dhingdhing. Manawa rubuh, sida ngarak. Manawa ora rubuh, salin dina pangarakè.

Yèn mati, layonè kasètra, kadunungakè ana ngara-ara utawa agunungan. Paliyasanè dinusan banyu udan. Yèn memulya sarana ambarang.

Hè Kano, wadyanira kang agama Kala, panghulunè agama aranana KALANA. Sasèwasogatanè padha anganggoa tetenger Èkal Purusalingga, gadhung utawa balung rining palanangan, dèn anggo kalung.

Panembahè marang satupanè kang aèng, kayu, watu, sapepadhaè.

Lakunè : wirangi.

Tapanè, manawa mangsa Manggakala.

Manawa lelungan ora kena nginep.

Yèn mangsa Padrawana ora kena mangan uyah.

Yèn ari raya, kang sarwa pedhes.

Laranganè : ora kena ngrabèni kang kaprenah tuwa, ora kena ngrabèni anaking inya, anaking guru, ora kena ngrabèni  sèjè bangsa, kaya ta :  bangsa rahmana ora kena ngrabèni bangsa Waisya, sapepdadhanè.

Lan ora kena matèni sona, kalabang, kala jengking.

Ora kena mangan kalapa, ora kena nganggo emas.

Wewenangè : kena ngrabèni sanak enom, ngrabèni tunggal bangsa. Kaya ta : bangsa Brahma pada bangsa Brahma, bangsa Waisya padha bangsa Waisya, bangsa Satriya padha bangsa Satriya, bangsa Danuja padha bangsa Danuja, bangsa Daniswara padha bangsa Daniswara, bangsa Sudra padha bangsa Sudra, bangsa Raksasa padha bangsa Raksasa.

Kenanè, dianggo tanba lan sarana.

Pepalinè : yèn laki-rabi, nganggo lempeng. Warganè pangantèn padha gelut, endi kang kalah, didhega. Lan pangaraking pangantèn nganggo èdan-èdanan.

Yèn mati layonè katarap, kapakakakè sato galak. Paliyasanè pasucen, layon dinusan banyuning godhong widara. Yèn memulya sarana laku dhusta.

Hè Kano, mungguh agama enem mau, endi kang dipilih dadi senenge wadyabalanira kabèh. Padha sira dhawuhana ngathokake pangandikaningsun kang wus dhumawah ing sira. Sapa kang ora netepi tatanè agama sawiji-wiji, kena ing sapu dhendha.

Agama Sambo, kasulah.

Agama Brahmana, kaobong.

Agama Mahendra, kaluweng.

Agama Wisnu, kalabuh.

Agama Bayu, katarang.

Agama Kala, katarap.

Sri Maharaja Kano matur sandika. Sang Hyang Naraddha muksa. Lajeng kadhawuhaken waradin.

Nalika punika kawastanan AGAMA PAKUHAN, mirit Raja Kano inggih PRABU PAKUKUHAN.

bersambung…. bag III

*****@@@*****

Sumber :
Tedhakan Serat Kina Ingkang mratelakake lelampahan Sarta sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak. Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA KANGJENG SUNAN KALIJAGA. Dening PAGUYUBAN AHLI WARIS/KULUWARGA SUNAN KALIJAGA, Cabang Jakarta 1993. Ingkang nindakaken penedhakipun Astuti Hendrato Darmosugito.

SERAT KAKI WALAKA (bag I)


Perangan I

Ing ngandhap punika amratèkaken rawuhipun para wali, ingkang sami lelana aniti pariksa ingkang amemarahi rubet-rentenging ngari Demak. Kala samanten sampun sami sapatemon kaliyan Kangjeng Sultan Demak, anyariyosaken angsal-angsalipun piyambak-piyambak. Wantuning para ahli ngèlmi, temah sami medalaken mangunah, kados ta, Sunan Giri kaliyan Sunan Kudus lajeng kawasa ngudanèni para kawula para kawula ageng alit, jaler estri. Ingkang nandhang sakit, sinabdan kèmawon, saras. Nadyan para wali lelana ngidul-ngilèn, inggih sami katandha kaluwihan. Wonten ingkang saged nggendam, kemat, panglerepan, nerang jawah, ndhatengaken jawah, sapanunggilanipun sampun kagelaraken ing ngrasa Nata.

Dupi ing antawis dinten, para wali ingkang kantun sami reraosan gethok-tular, yèn ing kedhaton wonten tiyang nama Kaki Walaka, saweg kineker, sinihan ing Narèndra. Sarta winartan, yèn Kaki Walaka wau sampun natè dipun seking dèning Sunan Maryapada, muksa. Sampun sami nginten sirna, wusana mumbul malih. Malah ngetheker wonten kedhaton. Bokmanawi dipun guroni Sultan Demak. Katawis winong sakajengipun. Manawi wujudipun tiyang, boten mèmper, saking sipatipun dahat papa. Pakartinipun ngarit rumput. Denè talitining tiyang, asal ing dhusun Galinggangan, trahing alit balaka.

Para wali ingkang mentas lelana dahat ngungun. Temah matur ing Nata, namun badhè tepang Kaki Walaka. Kangjeng Sultan Demak marengaken, lajeng tumedhak animbali piyambak. Dumugining panggènan Sang Nata kagyat, atetanya, “Sira iku sapa, dènè ana wong dodhèg wok, simbar dhadha, gedhè dhuwur, tunggu pasarèyaningsun. Apa sira jim utawa gandarwa kang mbaureksa kadhaton?”

Ingkang dinangu matur, “Kawula pun Walaka. Mila Paduka Nata sampun kagèt. Anggèn kawula mancala warni ageng inggil punika, rèhning badhè sapatemon kaliyan para wali.”

“Yen mangkono tut wuri.” Kaki Walaka matur sandika, umiring. Sareng dumugi ing panepèn, andadosaken kagètipun para wali sadaya. Anginten yèn gandarwa. Wekasan tinakènan, ngaken nama Kaki Walaka.

Sunan Maryapada tetanya, “Karananè sipatira rowa, bèda lawan nalika kapanggih rumiyin?”

Kaki Walaka mangsuli, “Saking boten kekirangan kucahing Nata.”

Sunan Muryapada ngandika, “Dènè para wali iki kabèh wus lawan sinuba-suba ing Nata, teka tan ana undhaking kulit daging. Saweneh malah saya kuru, ananging rina wengi amung ngulah budi. Layak tan bisa lemu. Balik sira, mung nganggur. Yekti wus dadi benerè, yèn wong cilik iku, angger wus wareg wetengè baè, wus trima. Mangangan saananè baè wus bungah. Sarta kang binudi, liya turu angorok satutugè, ora ana manèh. Wah ora mèlu mikir rubet rentenging praja. Ora sumurup reretu, angger awakè lemu.”

Kaki Walaka gumujeng latah, sarwi mangsuli, “Bener, bener, nyata awas para wali iku, yèn anyandra caplak waè. Ewadenè, imbal wicara iku, bagusaos, bener-luput, kudu amangsuli catur. Hè Sunan Muryapada, apa nyata pangan iku marahi lemu? Apa mesthi, wong ginanjar budi iku amung wali? Apa nyata, kang mikul sarubet-rentenging praja iku amung wali? Lawan apa wali iku ora tau turu, ora mangan upa? Mangkono manèh, apa nyata para wali iku bèdha sapadhaning manungsa? Yèn kabèdakna, apa Gusti Allah ora kawasa? Apa Allah ora murba amisesa? Apa Allah nora èlok? Nora sampurna? Muhung angugung para wali baè? Yèn mangkono, Sunan Muryapada iku bisa gawè abang-ijo. Parlu apa ngaub wibawaning Narèndra? Manawa panimbangku, ngendi ana wali kadunungan ati panas atèn, panasbaran? Mangko manungsa ijèh kanggonan angkaramurka, èwanan maring sapadha-padhaning ngurip, karem canggèh, karem dhawèn, karem opèn kamèren baè, wus kena dèn arani kèwan. Upama ingsun ngawulakakè wong kaya kowè, èman angulungi pangan. Mubadir angulungi kècèran. Caturan baè èman.”

Sunan Muryapada sakalangkung mèrang ing galih. Badhè dipun candhak, pinenggak kancanipun. Tanpa damel anglawani Kaki Walaka. Mindhak boten kajèn, sarta nyenyamah badan, ngapesaken dhiri, yèn mengsaha tiyang alit balaka. Kang pinenggak ènget. Amung Sunan Kudus ingkang mandhengkel galihipun. Sunan Giri amenggak, amung paring sasmita kèmawon, kinèn anandukaken panglerepan, pangatisan. Nadyan para wali ingkang sami mentas lelana, inggih jumbuh tampining sasmita. Dadya sami nandukaken aji pangatisan, sarta tuju tenung pangleburing satru.

Amung Sunan Punggung, kalih Seh Lemahbang, tiga Molana Ibrahim Jatiswara ingkang mboten tumut ganggu gawè. Malah mbekuh ngandika, sarwi medal jawi, api-api tetoya, “E, sasat apa, padha kadunungan watak brangasan. Bener kang  ngarani wali tanpa guna.

Karonè maneh, teka tanpa kekèring dènya pating pantheleng, lali purwa duksina, yèn ana ngarsaning Nata. Iya angur metu baè, nyawang saka jaba. Kapriyè nyatanè, kaya ngapa gelare? mBok padha kawelèh wadinè.”

Kacarita para wali saya kabangan galih dènya ningali Kaki Walaka. Lajeng sami nandukaken aji pangapesan, pangatisan, sapanunggalipun. Wantu-wantu tanpa pedhot dènya nandukaken donga pangleburan sarta donga sait, donga tlekim, nanging boten saged tumama. Kaki Walaka sumerep gelar sikaraning para wali, lajeng anjawil Sang Nata, mrih mundura. Kangjeng Sultan ing Demak anampèni sasmitanipun Kaki Walaka, lajeng kondur ngadaton. Para wali rinilan bibaran, mantuk sowang-sowang.

Sareng dumugi sanjawining kori Brajanala, para wali sami paguneman, angraosaken Kaki Walaka anggènipun wentala. Boten pasah kataman sakathahing aji panglerepan, miwah donga sikara sapanunggilanipun boten rinasa.

Saking pamanggihipun para wali, anarka dèdè manungsa. Wonten ingkang amastani dhanyang perayangan ingkang rumeksa ing pura. Trekadhang wonten ingkang amastani kadangipun Sang Nata piyambak ingkang lair sadinten. Pangintenipun para wali, nalika kataman ing reretu, Sang Nata manekung dhatengipun kadang papat kalima pancer, nanging ingkang sawujud amung satunggal, sedya badhè labuh ing sungkawèndra. Awit manungsa punika, manawi sanget pangèsthinipun anekakaken kadang, yekti kadugèn. Manawi mboten makaten pasthi sirna kataman ing piranti.

Sunang Punggung, Sèh Lemahbang, Sèh Molana Ibrahim Jatiswara mangsuli, “Manawi saking pamanggih kula, malah sanginggiling sadhèrèkipun sakawan kalima pancer. Inggih punika amujudaken cipta, rasa, angen-angen. Saking sangetipun sungkawa, temah kawasa angumpulaken tigang prakawis dados satunggal, nama Hyang Cipta Hening. Tegesipun, Kaki Walaka wau suksmanipun Kangjeng Sultan. Tandhanipun, saged angraosaken kaluwihaning wali. Ewadène bènjang ènjang dalu, manawi sami wangsul, prayogi nywun lilahipun Sang Nata, Kaki Walaka dipun ruda peksa ing kathah.”

Gantya kacariyos, sakonduripun Nata, Kaki Walaka tinimbalan, dinangu sawewadining sedya, duk patemonan para wali. Kaki Walaka matur sajarwa, “Dhuh Sri Nata, sayektosipun amung sedya andadar kadibyanipun para wali kèmawon, menggah pangreksaning praja, punapa pancèn mimbuhi santosa punapa mboten. Wasana kalèjemipun amung gumulung  èla-èlu kèmawon. Wonten ingkang radi patitis. Sunan Giri asring dhoyong. Wonten ingkang moncol pangawikanipun. Sunan Kudus karem jejailan. Seh Lemahbang samukawis ngujubriya, angoglèng ngengkoki, tanpa dipun waranani. Dados satengah kupur, Seh Molana Ibrahim Jatiswara nyata punjul, nanging pakèwed, margi saking kasoran talitinipun. Dados sadaya wau tangèh anyamènana Susuhunan ing Ngampèldenta kalih Susuhunan Bènang. Punika nyata trus ing lair batinipun. Wonten malih wali balila ing ratu, Susuhunan ing Kalijaga. Upami puruna ngumpul para wali, kados tetiga punika kèmawon saged nguwawèni pangreksaning praja.

Sri Nata tetanya malih, “Satuhunè sira kaprenah apa lawan Susuhunan Kalijaga, dènè bangkit anggancarakè?”

Kaki Walaka matur, “Dèdè sanak, dèrèng natè uninga. Amung gethok tular karna binandhung, indhaking pawartos kèmawon ingkang kula cariyosaken punika. Papan prenahipun wisma tan uninga.”

Sang Nata malih pangandikanipun dhateng Kaki Walaka, “Yèn nyata sira durung wanuh, durung weruh, pagenèya sira kaduk wani nanggulangi para wali? Saka panawangingsun, sira kadi ana kang ngajani.”

Kaki Walaka matur, “Boten.”

Sasampuning imbal wacana, kasaput ing ratri, Narèndra tedhak ing panepèn malih, amanggihi para wali. Kaki Walaka tansah atut wuri Sang Nata, tunggil lungguh kalih palawija pun Wada, Wadaka. Ing ngriku Kangjeng Sultan ngandika asmu pegel, angraosaken para wali kalih Kaki Walaka.

“Hè para pinundhi, dahat kodheng pamanggih kula, dènè jengandika kadi badhè ngrebut prang. Katawis pating bathithit. Nitya sirung, serenging pandulu lir mulat dhem-dhemanipun, dènè jengandika anon tiyang kebon kèmawon dadak murang-muring. mBok radi kasarèhaken sawatawis. Manawi anggung makatena, temah lèna rumeksaning nagari, mimbuhi karubetaning manah kula. Dados ing panepèn punika boten kaanggè nenepi, boten sedya semadi, tansah kaanggè padudon ingkang tanpa waton.”

Para wali sareng ngulap sirunging nityanipun Sri Nata, temah tumungkul, tan ana saged amangsuli. Ananging wantuning sampun sami kumpul ing rembagipun, dados amung ngentosi jengkaring Nata kemawon. Sedya badhè ngrujak Kaki Walaka.

Duk samana Sri Nata lajeng kondur ngadhaton, saking kirang mirena aningali patrapipun para wali, sampun boten kènging dipun pambengi. Wasana asmu kaaben kèmawon. Kaki Walaka tinilar kari priyangga.

Sapengkeripun Sri Nata, anelik saking jawi gubah. Kaki Walaka lajeng ngrasuk busana sarwa langking, cundhuk sekar wora-wari bang, Sunan Panggung kalih Seh Lemahbang, Seh Molana Ibrahim Jatiswara, sakawan Sunan Ing Majagung, Sunan ing Gunungjati, duk ningali dhateng rèkanipun Kaki Walaka, lajeng sami medal ing jawi, awit boten pangling ningali gelaripun Kaki Walaka. Nyata yen Sang Pinudya.

Kala samanten Sunan Kudus dalah para wali tuwin pamagangan sakantunipun sampun sagolong gumulung ing galih. Amung Sunan Giri ing galih karaos sumelang. Mila sareng Sunan Kudus, Sunan Muryapada sakancanipun sareng mengsah, Sunan Giri cangkèlak wangsul, malah medal ing jawi, nunggil pangintipanipun para wali ingkang medal wau, sarta lajeng nunggil lawan Sang Nata.

Kacariyos salebeting dalem panepèn swaranipun sakalangkung ramèning solah, sabawaning patrap. Amung swaraning pangucap boten mireng. Dadya amung pating kalepruk, pating kalebrug, pating galudhug, dènya ngrubut Kaki Walaka. Amung kanyatanipun Kaki Walaka wau boten mingset saking palungguhan. Amung èca-èca anggènipun nata cundhuk, utawi ngilo, apepidihan sarwi nggebeg sarunganing wangkingan kèmawon.

Dènè ingkang pating galebrug, ting galudhug punika Sunan Kudus sakancanipun, anggung larak-linarak piyambak, gèrèt-ginèrèt, dugang-dinugang, bithi, tabo-tinabok, jengkang-jinengkang, larak-linarak ramè.

Dangu-dangu Kaki Walaka welas aningali solahing pasulayan. Kaki Walaka lajeng muksa tan katingal. Sunan Giri rikat malebet ing panepèn kaliyan para wali ingkang sami umpetan, atut wuri Kangjeng Sultan. Sapraptaning dalem panepèn lajeng misah para padu kalintu padu sadaya.

 

Sareng sampun sami pisah Sunan Giri angandika, “Sapa kang padha sira karubut? Dènè mungsuhira suwung. Wasana sira regejegan lawan sakancanira para wali. Kaya priyè pangrasaning tyasira kabèh?”

Sunan Kudus, Sunan Muryapada matur piyambak-piyambak. Saking pangraosipun para wali wau ugi angrubut Kaki Walaka. Jalaran tinubruk ngiwa, manengen. Ing kidul Kaki Walaka, mangalor Kaki Walaka. Nadyan tinubruk saking lèr, mangetan. Rinujak, manengah inggih ical. Dangu-dangu ribut panduluning para wali.

“Kaki Walaka pating sariwet, manengah langkung kathah. Busananipun sadaya sami, cundhuk sekar wora-wari bang. Sareng Paduka pisah punika, Kaki Walaka sirna tan katingal.”

Mila para wali sami rèbat, rumaos kasoran ing adilaga. Cipta mati, yèn tan kecepenga. Nanging Kaki Walaka lajeng boten katingalan. Temah gelaning manah dènè mengsahipun miruda, tan panggih ing adilaga.

Sunan Giri sakancanipun ingkang ngintip sadaya sakalangkung gumujeng ing panggalih dahat. Temah angandhika dhateng Sunan Kudus, “Hè Jebèng, boya menang sira aprang lawan wong sudra papa. Mung sawiji baè sira bangganè, karana Kaki Walaka sira krubut ngakèh. Ora layak mungsuhira sirna.”

Ing nalika punika Sunan Kudus sakancanipun dahat merang ing galih, dènya kawelèh ing ngayuda. Dangu-danguning paguneman, Sultan Demak anambungi pangandika, “Menggah menanga kalih Kaki Walaka, paèdahipun punapa? Ingkang dipun kukup punapa? Layak kèmawon Kaki Walaka kasoran yuda, awit satunggal kinarubut ing kathah. Upami para wali kalindhih ing adilaga, sapinten susahipun, dènè ngrubut tiyang satunggal kèmawon ngantos kawelèh. Mila mbok inggih dipun engeti, tembè wingking upami wonten lelampahan ingkang kados punika. Mindhak nyenyamah badan, angapesaken dhiri. Luhung kinèndelaken kèmawon. Tur kantun mirengaken sakojah-kojahing tiyang alit sudra papa.”

Sunan Kudus sakancanipun sami boten saged amangsuli. Amung tumungkul, asmu mèrang dahat. Dèrèng kèndel dènya imbal wacana, kasaru dhatengipun Sunan Ngudung. Dadya lajeng winartan sasolahing pancakara. Sunan Ngudung ambekuh makaten, “O hah, wong ngatuwaku, teka dadak kapilarè temen, dènè wus anthuk dhawuh wewelingè Sunan Ngampèldenta miwah wewelingè Sunan Bènang, menawa ana lelakon aneh kang luwih saka kalaumrahaning ngakèh, aja wani-wani anyulayani, karana Sunan Kalijaga sukak anyoba ing sapadha-padha. Panyobanè mung saka arep nonton tekading wong sawiji-wiji. Wekasanè mung mamrih rahayuning tumitah kabèh.

Kapindhonè, yèn ana lelakon anganèh-anèhi, mangka dudu sawantahe, iya iku tandha panggawèning Pangèran Kang Agung, enggonè bakal amaringi lelakon becik-becik. Wasana wong ngatuwaku dalah para wali padha kapilarè temen. Malah padha kuwalik panemunè, anuruti hardanè, angumbar nepsunè. Dadi tan rumeksa ing ratu, ora ngèman dhirinè. Mangka wus jumeneng wali, iku mung kari ngidaki benerè baè, ora perlu maèlu kang tanpa perlu. Awit wis pinundhi-pundhi sanagara, sinembah-nembah putra santana, anak-putu. Tanpa gawè yèn padha maksih ngunggarakè kanepsonè.”

Kangjeng Sunan ing Kudus saya mèrang ing galih, nalika ingkang putra piyambak tumut ambubuh. Wasana dupi Sang Nata wus jengkar saking sèwaka, para wali ingkang mentas pancakara sami lèrès, medal sedadya, amung ngenggar-ngènggar galih dhateng wana-wana.

Saking sanget kalingsemipun, Sunan Kudus sakancanipun para wali sami kalimpukan wonten ing wana Kardhayana. Saking Demak ngidul-ngètan, lampahan sadinten sadalu. Laminipun para wali andhelik, dhateng wana satengah wulan.

Dumadakan wontenipun ngriku dipun opèni tiyang èstri, wismanipun ropoh roning jati aking. Suprandosipun saged angaturi sugata sawontenipun. Saking katuju ing karsa, para wali wau temah arerèwang ngupados kayu rèncèk, sarta ngupayakaken barang saisining wana-wana. Kados ta : ndhudhuk wi gembili. Saking kalabetan saè, dados kedah amales sasagedipun. Sareng antawis dangu, Sunan Muryapada tetakèn, “Hè Nyai, pagènèya sira wong wadon wis tuwa wisma samadyaning wana, tanpa rowang? Apa tan duwè sumelang? Lawan saka ngendi kang minangka ular-ularing pangan?”

Kang dinangu matur makaten, “Anggèn kula gegriya wonten wana punika sampun sinedya, sarta mituhu sapakèning gurulaki kula. Anggènipun, nedha inggih amung angandel-kumandel ing Pangèran kèmawon. Awit kamirahaning Allah punika boten kènging kinaya ngapa. Sayekti saenggèn-enggèning gesang, sinung pangan. Nadyan uler salebeting kayu, watu, inggih sami dipun gantungi tedha.”

Sunan Muryapada miwah Sunan Kudus anganthuki bener, “Masak Allah, sira wruh kamurahaning Pangèran Kang Murba Kawasa Amisèsa. Mungguh lakinira iku sapa? Anambut gawè apa? Teka wus suwè durung mulih mrènè.”

Kang dinangu matur sajarwa makaten, “Semah kawula nama Kaki Walaka. Pakaryanipun amèt rumput. Nanging saben angsal rumput pangaritipun punika boten dipun sadè. Amung ngupaya kapal utawi maèsa, lembu ingkang gering. Saben dinten tanpa kendhat. Sato kèwan, sakinten sakit lajeng dipun sukani, saras. Yèn siyang sadè sekul, kaideraken dhateng dhusun ngadhusun. Manawi dipun tumbas, boten suka. Pakartinipun amung sinungaken tiyang miskin. Pinggir margi sami sinungan tirta wening anèng wadhah, supados kaanggè ngunjuk tiyang miskin. Dènè simah kawula punika sajegipun gesang, boten nyepeng punapa-punapa, sarta boten natè nedha. Kaki Walaka wau remenipun lelana sapurug-purug, sarta boten natè kekaya dhateng kawula. Dènè Gusti Allah inggih paring kamirahan. Amung sèmah kawula, Kaki Walaka punika, manawi nuju wonten griya, tetiyang ingkang sami pepanggihan tansah lumintu, boten pedhot ingkang kula anggè nyugata dumadakan mboten kirang. Sarta Kaki Walaka wau boten mesthi naruwe tetiyang. Saben dhatèng namung kinèndelaken kèmawon. Suprandosipun kathah ingkang dhateng, nyuwun sabda pangèstu. Tur para ingkang dhateng punika mawi ambekta, inggih boten. Yèn wonten tiyang dhateng mawi angsal-angsal, malah dipun wangsulaken. Suprandosipun rijeki kula sakalangkung kathah, utawi lajeng kula sukakaken anak-putu kula sadaya, waradin. Ing wewadhah tuwin lumbung sanget luberipun. Dènè yèn sèmah kawula, Kaki Walaka, wau kèsah, mangka kula katamuan, agengipun sanak sadhèrek darbè karya, wadhak kula donya sampun isi. Dados boten garobyagan uru-urun.”

Para wali sadaya kagèt, panggalihipun sanget ngungun. Kathah kaduhungipun wardaya. Mila sareng dipun cariyosi makaten punika, sangsaya kathah mèranging galih, lajeng nedha pangapunten, badhè andugèkaken lampah. Ingkang liningan nyumanggakaken ing karsa.

Enggaling carita para wali, lampahipun saya sampoyongan, awit saking sayah dènya ngengudi weninging karsa. Wasana malah mboten kèsah-kèsah. Ing mangkè para wali ingkang sami kabuka sesikuning Allah, lajeng saya sapurugipun. Wonten salebetipun pakaranganipun Nyai Walaka ngantos kawekèn ing galih, dènya para wali tansah bola-bali, boten saged lajeng medal. Wantuning tyas kawelèh, temah mudalèh, “He Nyai Walaka, kapriyè anggoningsun arsa lumaku, dènè tan bisa metu saka pakaranganira? Apa duk lagining bebadra, apa sira mendhem oyot mimang? Marmanè ingsun sarananana, supaya aja bingung bola-bali. Dène saluput-luput, manawa ana garap gangsulè iya kang agung aksamanira.”

Nyai Walaka matur, “Boten kawula pendhemi punapa-punapa. Dènè anggèn Paduka boten saged medal saking pakarangan punika, bokmanawi wonten ingkang gadhah osik kirang prayogi, awit welingipun sèmah kawula, sanadyan kutu-kutu wong alang ataga ingkang malebet pakarangan kawula, mangka gadhah osik awon, tamtu boten saged mantuk. Mila sèmah kawula welingipun, sinten ingkang malebet ing pakarangan ngriki, kula kapurih nyaèni. Sukur kawula saged boja, yèn boten sagedipun, kula inggih krama. Kawula wineling, sampun ngantos gadhah renguning nitya. Ewadènè rèhning Paduka punika Panjenengan wali, kawekèn punapa ambirat pakartining ngalit? Yèn kula sageda, saèstu lajeng kula birat sesaratipun. Rèhning amung wewelinganipun tiyang jaler, dados kedah ngentosi sadhatengipun bojo kawula. Dèrèng kantenan antukipun.”

Ing nalika punika para wali dahat sungkawaning galih. Malah sampun sami ngedalaken daya prabawa miwah mangunahing pandhita. Wekasan sami boten amratandhani. Kinetoga dayaning budi, tan anglabeti. Wasana Sunan Kudus lajeng asrah jiwa raga dhateng Nyai Walaka, ing lair-batin, awal-akir boten niyat anyidranana pangucap. Para wali sadaya anut sumpah dhateng Nyai Walaka, boten sedya anyidranana pangucapipun piyambak ingkang sampun konus sumungkemipun dhateng Nyai Walaka. Saking sangeting panalangsa, Nyai Walaka welas aningali, lajeng gadhah atur wewangsulan, “Masak Allah, manawi dhasar sanyata antep Paduka, kula amung darmi ambuka wewelingipun sèmah kawula. Daweg Paduka sami kula irit malebet ing guwa wingking griya. Mangkè yèn  kapanggih bojo kula, mitembunga piyambak. Kados antuk pangaksama. Ananging lebet Paduka dhateng guwa, angucapa makaten : (para wali nuruti)

“Ingsun Kang Agung, Kang Amaha Kuwasa Suksci sajati. Iya Ingsun Amisèsa, iya Ingsun Kang Wenang Angluwari rubet rentengingsun dhèwè. Ora ana Pangèran anging Ingsun Sajatining Dat, kang anglimputi ing sipatingsun. Anartani ing asmaningsun, amratandhani ing apngalingsun. Byar sampurna padhang terawangan, ora ana apa-apa. Anging Ingsun kang binuka saka kijabingsun dhèwè. Wus sanyata kasahid dèning Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, kalawan anteping kodratingsun.”

Sunan Kudus sakancanipun sami nurut sawewarahipun Nyai Walaka.

Dupi wus malebet ing guwa sadaya, para wali lajeng sumrepet panonipun. Kadi ngambah ing ngalam kanyut. Sakedhèping nètra para wali sampun dumugi ngarsa Nata, sarta Kaki Walaka taksih sumiwi sakiwaning Narèndra.

Kacarita praptaning para wali wau sadaya dahat pucet-pucet nityanipun. Sang Nata tetanya, temah matur sajarwa sadaya. Sang Nata dahat pungunguning galih. Dupi wis sawatawis dangunipun, Sang Nata aparing dhawuh, yèn ing mangkè parenging karsa Nata nadhè ngalap berkahipun Kaki Walaka. Para wali dhinawuhan angèstreni, karana sampun dados patembayaning karsa. Mangkè ratri tinemtokaken Sang Nata anggeguru dhateng Kaki Walaka. Manawi wonten ingkang dèrèng nembadani, kalilan darbè atur.

Kala samanten para wali sampun jumurung, boten anulayani, karana sampun rumaos kasoran ing ngilmunipun, dalah kaluwihan ingkang medal saking gaib inggih kalindhih. Mila satunggal boten wonten ingkang nulayani.

Sasampunipun makaten, Kangjeng Sultan ing Demak lajeng kondur ngadhaton, angrakit sapakartining puruita. Dènè ingkang kapareng bèla : palawija kalih pisan, pun Wada, pun Wadaka. Sami binusanan saèngga pangantèn sapekan. Kaki Walaka ingkang kapitados mbusanani para wali, inggih amung Sunan Giri, Sunan Kudus, sapanunggalipun. Nanging Kaki Walaka boten purun sinalinan busana. Mila sareng dumugining ratri, Sri Nata sampun miyos. Dupi aningali kusuting busananing Kaki Walaka, Sang Nata asmu duka. Nginten para wali ingkang gething, boten purun ambusanani. Para wali matur sajarwa, yèn Kaki Walaka boten purun santun busana. Wangsulipun makaten, “Manawi pancèn rinilan Allah, sami sanalika kèmawon saged antuk busana.”

Sareng sampun dumugi wanci sirep tiyang, para wali sapamangangan pepak, sami ngadhep ing ngarsa Nata. Dènè para wali ingkang sepuh-sepuh kalilan lenggah jajar lawan Sang Nata.

Sasampuning makaten Kaki Walaka matur bilih kapareng nyuwun lenggah nginggil, majeng mangètan. Kangjeng Sultan miwah para wali kinèn ngadhep majeng mangilèn. Narendra mituruti.

Dupi wusing mangkana Kaki Walaka lajeng ngadeg sarwi ngawè pun Wada kalih Wadaka. Kaki Walaka lenggah ing dhampar kancana, amung kalih Kangjeng Sultan Demak piyambak. Palawija kalih pisan sami mèpèt sangandhaping dhampar. Para wali lenggahipun amung wonten kursi kèmawon, sarta radi tebih kaliyan, pamejangipun. Dados pamirengipun amung gremeng kèmawon.

Ing nalika punika para wali sami ajrih ndengèngèk, awit sampun rumaos kalindhih sarèkanipun, kawelèh saakalipun, kawirangan rambah-rambah, sarta katutupan wicaranipun piyambak. Dados sanget sumungkemipun kaliyan Kaki Walaka, sasat pitik iwèn kaparekan ama.

Makaten malih Sang Nata, dhasar sampun sinedyakaken ing Guru Rama, tumanceping manah sasat angluluh sarira. Mila nggung tumungkul, ajrih tumenga. Amung palawija kekalih ingkang ngawasaken dhateng Kaki Walaka.

Dènè para wali ingkang sumerep dhateng Kaki Walaka amung Sunan Giri kalih Sunan Panggung. Sunan Ngatasangin, Sèh Lemahbang, Sèh Molana Ibrahim Jatiswara, tamat dènya mancala warni.

Sareng sampun matrapaken pangandika sapisan, saparluning wewejangan, Kangjeng Sultan Demak kalilan tumenga, margi badhè kagelaraken paraboting ngilmi.

Kangjeng Sultan ing Demak duk tumenga, boten wawang yèn ingkang Kaki Walaka punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.

Knagjeng Sultan boten saranta, sigra angrungkebi pangkonipun, nanging Kangjeng Sultan ing Demak lajeng dipun inggati. Sunan Kalijaga muksa sakala, tan katingal, amung kantun warni cahya gumilang tanpa wawayangan, sumorot amrabani sadalem pura.

Ing sawatawis dangu cahya sirna. Kang tinilar lengleng ing driya, lir tinebak ing mong tuna. Ing ngriku para wali sadaya luwar sungkemipun, awit sampun ngandel-kumandel dhateng gaibipun Kangjeng Sinuhun ing Kalijaga. Nyata yen katrimah ngilminipun, nyata yèn sampun waliyullah Gaib, nyata yèn dados panggayuhipun, rinilan manjing Rijalullah Gaib. Mila Susuhunan ing Giri sakancanipun ènggal dènya marepeki Kangjeng Sultan ing Demak, sarya ngrerepa, amrih lipuring Narèndra, dènya lara karuna saèngga kantu, tan enget ing purwa duksina.

Dupi wus paripurna, lajeng lenggah ing singasana, kaapit-apit para wali sepuh-sepuh, kaadhep para wali anèm dalah pamaganganipun sadaya. Amung pun Wada lawan wadaka ingkang marepeki Sunan Kajenar, kalih Sèh Ibrahim Jatiswara, awit palawija kekalih punika maripatipun amung mantheleng, boten kedhèp, kadi mata walangen. Dupi sampun sami waluya jati, temah taken-tinakènan sababipun sami kami tonggongen. Ingkang dinulu punapa, ingkang mitakoni sinten ? Yèn kagèta, dènè sidhem, tan ana swara sora, boten wonten tetingalan punapa-punapa.

Pun wada, Wadaka matur, “Saking kami tenggengen ningali warnanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, dènè mawa cahya mancur, mancorong gumilang tanpa wewayangan. Dados anggèn kula mantheleng boten kadhèp, saking kasorotan cahya nurbuwah. Dados cahyaning nètra kurub, kalimputan ingkang mancur mancorong wau. Wantunè kula taliwining ngalit balaka, sajeg kula gesang saweg punika uninga prabaning cahya anglimputi bawana. Dados lajeng anglarataken cahyaning nètra kawula..”

Para wali atetanya malih, “Mungguh pangrungu kita duk amedhar rahsa gaib marang Kangjeng Sultan Demak, apa sira angleng pangandikanè Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga?”

Pun Wada, pun Wadaka matur, “Inggih mireng cetha, sarta kula cathet saparluning wewejanganipun dhateng Kangjeng Sultan Demak.”

Pandangunipun para wali dhateng pun Wadaka, Wada, tansah dineder saparluning wejangan. Pun Wada, pun Wadaka matur, “Boten saged anggancaraken. Amung saking ancer-ancer kèmawon ingkang kula tampèni. Wisikan ananing dadya. Manawi duk misik dhateng Kangjeng Sultan, pamireng kula sasahidan kanyataan ing dalem rahsa rumasa, sarta anggelaraken wisikan kahananing Dat kang mutlak, kang kadim ajali abadi, tuwin ambabar budiman ingkang amratandhani purba wasèsaning Dat Kang Mahasukci. Pungkasanipun amedharaken Kajat Jatiwasèsa, inggih punika nyataning Kawula Gusti. Dados anedhahaken Sangkan Paraning Tanajultarki, katetepaken pangawasaning tèkat ingkang dhateng pangancas panjing-suruping pati, neteg sahadatipun Kangjeng Sultan. Saweg saangkatan lajeng katungka wonten prabaning cahya nurbuwah, winantu jasat kawula kami tenggengen punika wau. Dados gagar boten kantenan.”

Para wali jalimet dènya tetakèn. Pun Wada, pun Wadaka sugal wewangsulanipun, “Kadi pundi dadak tansah tetaken? Punapa ngilmi punika wonten bèdanipun ? Menawi pancèn wonten bèdanipun, kula nrimah. Manawi boten bèda, kadi pundi sami pangkating wali sami ndhedhes dhateng kula ? Sok makatena Jengandika sadaya dereng paja-paja ngèmperi Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Dados Jengandika punika kènging dipun wastani mentah ngilminipun, awit tandhanipun para wali tanpa mangunah. Mangka tiyang ahli ngelmi kasampurnan punika, manawi sged angancas dadining awal-akir, nyata kawasa. Wasana kagètan, gumunan, èraman.

Manawi tunggil cecepan, tamtu boten parlu andhedhes dhateng kula. Balik kula saweg kaparingan barkah kala wau dalu. Tamtu dèrèng kacanthèl. Ingkang sampun lami dadak adeling-delingaken. Yèn makatena, tetèla Sunan Benang utawi Sunan Ngampèldenta anggènipun paring pusaka mawi pilih kasih. Tandhanipun boten kadunungan budi jatmika, boten anglebeti panguwasanipun, pinareng gesang ing awal-akir. Inggih punika tetep kayun pidarèni. Tegesipun : gesang toya kalih. Wonten ing alam dunya gesang, wonten kahanan ngalam akirat saged saged gesang.”

Boten kacarita pandhedhesing para wali dhateng pun Wada, pun Wadaka. Sakonduripun Kangjeng Sultan ing Demak, para wali tansah paguneman angraosaken gaibing Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Mila parawali sepuh, sanget panggagasing galih, dènya bèda lawan ingkang ngumbara. Dènè para wali ingkang nèm, sarta para pamaganganipun saya kirang gadug panggagasing galih.

Amung Susuhunan Panggung ingkang sampun ngregem wasitanipun Kangjeng Susuhunan Kalijaga. Mila sumalonong atur dhateng Sunan Giri, Sunan Kudus, kados ing punika pagunemanipun.

“Kula punika inggih sampun angsal berkahipun Kangjeng Sunan Kalijaga, nanging amung gelaran wahananing Dat kèmawon punika ngantos sawarsa dèrèng saged ngregem parlunipun. Ngantos dumugi sapriki meksa dèrèng mangerti nyatanipun. Mangka Kangjeng Sultan  kaliyan pun Wada, pun Wadaka, anggènipun amaringi amung sadumuk malih, sageda gadug. Mila dados sakalangkung panggagasing manah.”

Sunan Kajenar, inggih Sèh Lemahbang amangsuli sugal dhateng Sunan Panggung, “Ě, boten kadosa anggènipun ngraosaken, Sunan Panggung. Teka gampil temen pangandika Paduka. Menggah kahananing ngilmi punika tanpa kira, boten kènging kinaya ngapa. Sanadyan dipun jinggleng wewarahing wewadi, ananging dèrèng binuka kijaping Pangèran, yekti datanpa damel anggegurua. Awit ngilmi kasampurnan punika manawi boten angsal kanugrahaning Allah, tamtu tuwas tiwas, tur tanpa damel anggènipun puruita.”

Sunan Giri angandika, “Yèn mangkono sira iku wis pinaringan barkah lawan Sunan Kali ? Kalèjemè malah kalawan Sunan Panggung. Yèn cilikanè Sèh Molana Ibrahim Jatiswara uga katara kedalè pamicara utawa rerasanè marang bangsa rahsa, akèh sulayanè. Tur ingsun iki kabèh, para wali, uga padha wiji saka Sunan Benang. Witè ing dhuwur pisan saka Ngampèldenta. Suprandènè kang wus katandha kasunyatanè marang ngilmu makripat, Sunan Kalijaga iku wus antuk gaibing kanugrahan. Mulanè kabèh para wali ora ana kang lawan mujijatè utawa kanugrahanè.”

Sunan Panggung matur, “Puanapa Paduka nama Kaki Walaka ? Para wali boten anyektosi, dados ing mangkè wajib sami dipun èngeti, supados ing tembè yèn wonten kaèlokan, dados boten balolokan ing paninggal. Ing nguni kula sampun angsal dhawuh piwelingan kados ing ngandhap punika :

  1. Dhestar wulung, nyamping wulung, rasukan sami wulung, cundhuk sekar wora-wari bang, wangkingan warangka ladrang kacothè ngajeng, anyampiraken kacu gembaya.
  2. Dhestar modang cemeng, rasukan tiga gangsal, paningset puluh watu malang, èpèk sangkelat cemeng, nyamping cakar ayam, nyampir kacu baya gembaya, nyothè wangkingan.
  3. Sorban koncèran, baju kebayak mubah, ing jawi rasukan antakusuma, nyamping gembaya, kacu gembaya, lancingan panji-panji, gasperan.

Panganggè tigang prekawis wau dugi sapunika boten kènging tinulad, yèn maha katamun walad.

  1. Yèn cara kaji, busananipun dhuwung kaagem salebeting jubah. Ingkang dipun katingalaken amung jejeranipun.
  2. Yèn mangagem cara sudra papa, inggih sanget kusutipun, kados tiyang miskin, ananging ginemanipun kedah kumalungkung, angungkul-ungkuli sasamining tiyang.
  3. Yèn mindha pawèstri, ingkang dipun agem bangsa aji pangapesa, sasaminipun. Mila duk mindha tiyang ngarit, nama Kaki Walaka, ginemanipun langkung adigang adiguna. Mila manawi kirang mulur panggalihipun, tamtu dados pasulayan, awit saking ngungasaken pangawikanipun.

Sunan Giri miwah Sunan Kudus dahat sukaning galih, jalaran sampun tinedahaken titikanipun. Saupami boten dipun aturi, ing wuri badhè kasaluru kados ingkang sampun kalampahan. Temah badhè nuwuhaken salah surupanipun. Sareng sampun jinarwanan dèning Sunan Panggung, sadaya suka ing galih, jalaran para wali punika sampun sami suka sumungkem ing galih dhateng Sunan Panggung kalih Sunan Kajenar, tiga Sèh Ibrahim Jatiswara. Tetiga punika sejatosipun sampun nyuwun widana. Tegesipun : nyuwun barkahing Pangèran Kang Agung. Nadyan wong pidak padarakan, kedah canjè-canjè. Punika tembung Arab ingkang dèrèng wewangunan. Tegesipun : ingkang nyata nyatanè. Manawi sesikuning Pangèran, jampènipun andaluya punika giniro-gira, supadosipun harja kanjeng suistha jampi.

Menggah ingkang kasebut ing suwalik punika, saking pikajengipun Sèh Ibrahim Jatiswara. Tembung Canjè wau nyata.

Ginira andaluya punika tiyang ingkang ngglangyong tanpa kering.

Harja kajeng suistha jampi tegesipun : kang urip ora kena pati.

Rèhning Sèh Ibrahim Jatiswara pègo, dados boten cetha wicantenipun. Upami cetha makaten, Para wali sadaya, mugi sami anengerana. Yèn wonten larè gelanyong dèdè suwadosipun, inggih punika nyata Sunan Kalijaga. Inggih punika ingkang urip tan kena ing pati. Kang langgeng, ora kena ing owah gingsir. Mila mawi kapethuk sadaya wau, mugi dèn prayitna. Utaminipun, manawi karsa mampir. Manawi boten, inggih ingkang ajrih, ingkang kurmat. Awit manawi wonten tiyang ingkang menthangul, malah dipun perpeki.

Lega tyasè para wali sadaya, rumaos ing tembè badhè boten kènging cobinipun Kangjeng Sunan Kalijaga, awit sampun angsal pitedahipun Sunan Panggung bab ingkang dipun agem sadintenipun, utawi pangagemanipun ingkang padinan.

Kacariyosaken sasampunipun makaten, para wali lajeng lelana, ngupados siti payah, awit sayah nalika rerejenganipun sami dipun abèr-abèr kajalonipun. Awit manawi ngalempruk sadaya, inggih katut papa sangsara.

Kala samanten para wali lajeng darbè musintarasab, tegesipun : marèntah. Dados tiyang Demak sadaya sami manut dhateng Sunan Giri, lamenipun sadasa taun. Sareng mentas kapacel dèning Kangjeng Sunan ing Kalijaga, tiyang Demak lajeng sami purun manut.

Ing nalika samanten Sunan Giri lajeng wiwit malincur. Arang sapatemon kaliyan Kangjeng Sultan, rukun kaliyan Sunan Kudus. Dipun timbali sapisan kaping kalih, ngantos kaping rambah-rambah, meksa boten dhateng. Kangjeng Sultan dahat sungkawaning galih.

Anuju satunggal dinten Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga anedhaki, sarwa tetakèn, “Apa sababè, kadi ana kang rinasa ? Mungguh mirudanè Sunan Giri lawan Sunan Kudus iku, anutugakè babangus Arya Jipang, supaya sida kalakon angraman. Kang iku, Jebèng, aja sira rasakakè, mundhak ngungkat-ngungkat nalar. Anggur sira mamardia rahsaning ngilmu. Ayo ginilut kang prayogi.

Kala semanten Kangjeng Sultan Demak kaliyan Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga sampun sami malebet ing kadhaton. Pun Wada, pun Wadaka boten kènging kantun. Sakawan pisan wau lajeng terus tedhak ing patamanan, tumamèng Wisma Kembang (Keterangan : manawi jaman samanika winastan Bandengan, A.H.). dumugining ngriku Kangjeng Susuhunan Kalijaga angandika makaten :

“Jebèng, ing mengko ingsun ambalèni wewejangan kahananing Dat, kaya mangkènè. Tilingena.

Sajatinè ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-awang, durung ana sawiji-wiji. Kang ana dhingin iku Ingsun. Ora ana Pangeran, anging Ingsun, sajatining Dat kang anglimputi ing sipatingsun, anartani ing amaningsun. Iya Ingsun sajatining Dat Kang Murba Amasèsa ing ngalam kabèh.

Mungguh sajatining Dat anglimputi sipat iku, iya rupa kita pribadi, sanyata kalimputan Dating Pangeran Kang Agung.

Anartani asma iku iya nama kita pribadi, nyata kaaken sebuting Dat Kang Wisèsa.

Amartandhani apngal iya ya solah bawa kita pribadi, kaaken pakartining Dat kang èlok.

Ing kono sira wus aja nganggo uwas sumelang manèh, awit satuhuning sipat kita iku nyata katitipan rahsaning Dat Kang Sampurna. Tandhaning manungsa kaaken Kalipah iku, saka wus kanyatahan saliring rahsa rumasa, padha kapurba ana ing sira.

Mula kasebut wewakil. Dadi ora mung Ratu kalawan kawulanè. Kabèh manungsa nyata wewakiling Allah. Tunggal Kawula Gusti, tanpa antara kahananè; tanpa sesawangan wahananè.

Dènè kang kasebut wewakiling Allah iku Ratu. Mung dianggo misahakè sarèngat lawan hakèjatè baè.

Mula dèn awas, aja uwas. Nyatanè kabèh manungsa pada nganggo pirantining jasat. Ora bèda lawan praboting Ratu. Ngibaratè mangkènè :

  1. Kang dhingin, Ratu iku kaupamakake sipating Gusti. Tandhanè, wenang murba amisèsa. Mungguhing sarèngatè, sapa madhani Ratu ?
  2. Kang kaping pindho, Kawula iku minangka warangkaning Gusti. Yakti ora kena yèn oncata salah sawiji.

Upama kawula tanpa Gusti, sasat embanan tanpa sesotya. Dadi kaupamakakè kinjeng tanpa soja, anggalandha kari kandhang.

Mangka sajatining kawruh iku iya dèn kongsi weruh. Ngilmu Makripat iku kawruh kang wus kasat mata nyatanè. Kaya kancana winor lawan sarining tembaga, pasthi ilang wujuding loro.

Pasthi dadi sawiji. Aranè suwasa mulya.

Ing kono maring endi wujuding kencana ? Tiba ngendi sipating dembaga sari ?

Iya iku sejating Kawula Gusti. Yakti nora keno yèn kasebut roro. Mulanè wus aja nganggo wani ambèdakakè. Nyata, yèn Kawula iya Gusti, Gusti iya Kawula.

Kangjeng Sultan ing Demak utawi pun Wada, pun Wadaka saya ngregut pangisepipun. Sasat bremara ngrabasèng kusuma. Ambangengeng tanpa kèndel, yèn dèrèng telas maduning puspita. Wasana nyuwun pitedah malih. Sadaya wau supados saya padhang, kadhapurna ing dederahan.

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga amituruti. Kados makaten wejanganipun :

1. “Jebèng, kang dingin dèn arani DAT.
Tegesè : wujud sawiji, nanging wenang murba amisèsa. Awit DAT iku sipating Pangèran.
Marmanè, yèn cilik samrican, binubut. Yèn gedhè angebeki jagad raya, jaba jero.
2. Jebèng, kang dèn arani SIR, iku angen-angen. Iya iku kang minangka warananing Pangèran. Iya iku bisa obah, tan nana kang ngobahakè. Iya iku kakèkating rahsa. Wahananè wenang nganakakè roh. Dadi sipating Atma, mahanani marang suksma, iya iku kang kasebut nyawa.

3. Jebèng, kang dèn arani NUR ing cahyaning Pangèran, kang dèn wenangakè dadi warangkaning suksma utawa bisa amrabawani sèsining dumadi ing jagad raya.
4. Jebèng, kang dèn arani KAYU iku uriping Pangèran, kang wus gumadhuh marang Sir Nur. Marmanè kasebut HIDAYATULLAHI. Tegesè : nyata uriping Pangèran.
5. Jebèng, mungguh kang dèn arani NEPSU iku sajatinè uriping cahya patang prakara, dadi sawiji anjajah saereping SIR, NUR, KAYU, NEPSU. Dadi obahing patang prakara mau mahanani wewenanging angen-angen.

Mula NEPSU dèn arani HAWA. Matekè angkara murka. Ananging ora kena yèn kapisahna, awit minangko kekuwataning kahanan nyata.

  1. Jebèng, kang dèn arani APNGAL iku budi. Marmanè kena dèn arani urip. Ananing Apngal enggonè urip mau kasorotan cahya patang prakara. Marma bisa ambabar cipta, rasa, sapanunggalanè.
  2. Jebèng, mungguh jasad iku badan. Iya iku minangka wewadhaning Dat sawiji-wiji. Kawasanè bisa ngrasakakè lara kapènak, suka-sungkawa.

Namung sawiji Jebèng, dèn awas èling. Kabèh kang wus ingsun gelarakè iku, senadyan wus wenang sesilih Dating Pangèran, ananging ijih kena ing lara pati, ijih kena ketaman ing rencana. Amung sawiji kang langgeng, ora owah gingsir, ora kena lara pati, ora kena susah bungah. Iku mung asma kita sajati. Nyata urip, ora ana kang nguripi.

Mulanè ana ngibarating para Pandhita, dèn umpamakakè simbar nèng kakayan. Uripè mung tumèpèl, tanpa milu pancering wit; ora milu nambahi oyod dhangkèlè. Suprandenè ngrembaka.

Marmane dèn awas èling, aja uwas sumelang. Lairè Dat iku wus kawengku ana ing sira kabèh. Tegesè : iya aranira dhèwè.

Iku kang kawasa mengku kabèh mau, awit mungging Pangèran iku ora kagungan nama. Muhung angagep ing nama kita pribadi. Iku kang dèn aku sesebutaning Pangèran Kang Agung, Kang Mahamulya.

Ing kono sakaliring Dat kabèh mau ana sesebutan reringkesan, amung dhapur patang prakara :

  1. DAT, tegesè : wujud.
  2. SIPAT, tegesè : lelungidan ing rupa.
  3. ASMA, tegesè : aran.
  4. APNGAL, tegesè : budi.

Patang prakara iku nuduhakè kang mahanani Nepsu.

Marmane Nepsu bisa kanggonan cahya patang prakara.

Iya iku tandhanè panuntuning karep iku kabèh.

Kaya tha :

  1. Cahya abang, pakaryanè bisa anggelar kang kaliru.
  2. Cahya ireng, pakaryanè anenuntun panggawè sisip.
  3. Cahya kuning, pakaryanè amemarah karep kang ora bener.
  4. Cahya putih, pakaryanè anenuntun budi dtuhaka.

Marmane cahya patang prakara iku, nadyan ora mancorong, nanging amblerengi. Iku sangka warna-warna prabanè. Ananging, sanadyan nepsu patang prakara mau mung anggelar angkara murka, yèn sira bisa mepeti dedalanè, ora sumorot prabanè, pasthi ilang panase.

Mungguh sawantahè, wus kasebut ing wewedharan triloka. Kaya tha : Bètalmakmur, Bètalmukaram, Bètalmukadas.

Telung kahanan iku pasèwakaning Dat Kang Mahasuci. Marmanè yèn sira arsa sapatemon lawan Kang Agung, Kang Mahaluhur, anetepana pepeti babulpranapa. Tegesè : lawanging sawarga sangang prakara, kaya ing dalem panekungan, nutupi babahan hawa sasanga :

  1. Netro karo. Iku memarah karep kang ala becik.
  2. Lèng grana karo, anggèrèt urub kang tanpa kira—kira.
  3. Lèsan anuwuhakè wicara kang tanpa prayoga.
  4. Parji, anuwuhakè karsa kang tanpa duga-duga.
  5. Dubur, anggepar raksa. Ing kono anyangga rekasaning jasad.

Yèn kurang awas, yakti nuwuhakè tiwas. Kabèh-kabèh iku lawang sanga, bisa dadi dedalaning swarga naraka. Mulanè kang para sujana, para sarjana, ingkang ahli budi, mardi nyataning ngilmu kasampurnan. Pasthi akèh kang padha anggelarakè marang muridè, nanging gèyonganè trekadhang amung wewedharanè triloka baè. Dadi gadugè, wong bisa mepet napsu hawa iku wus kalebu luwih. Wajibè kang anganggo para wali sajroning praja. Suprandènè nadyan wus padha jumeneng wali, ijèh ana ngeresing panemu. Marmanè sira dèn bisa mengku bener luputè para wali. Dèn èling marang rubet rentenging dumadi ing ngalam dunya kabèh iki, karana iku padha baè panggawèning Pangèran kang Amurbamisèsa.

Kangjeng Sultan ing Demak wus padhang tyasira terawangan, sumarambah dhateng palawija kekalih pisan. Pun Wada, pun Wadaka matur, “Gusti kawula kang aparing iman, rèhning kawula lampahi pundi ?”.

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ngandika, “Luhur-endhek, gedhe-cilik, padha baè. Amung nganggo duga-duga. Tegesè : ing ngatasè wong cilik, nadyan ngilmunè dadi, durung kuwat andulu anak-bojonè. Mulanè nadyan tumeka ing pati, titis tumanjanè.”

 

Pun Wada, pun Wadaka matur, “Nuwun kapundhi, amung sageda kalimputan ing sabda pangandika, sarta kaparengena kawula mantuk dhumateng asal kawula ing tanah Kidul. Bilih saged anglubèri anak-bojo kawula, sami katumusana ing sabda pangestu.”

Kacariyos pun Wada lawan Wadaka. Sasampunipun untuk nugraha saking saking berkahipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, pun Wada, Wadaka sakalangkung memundhi. Wasana matur nyuwun kanca, rèhning sampun sepuh, sarta sampun lami dènya suwita ing Nata.

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ndangu asalipun, Wada, pun Wadaka. Asal saking dhusun wanasida. Dinangu ing sedya matur, yèn kepingin pejah. Nanging senadyan sampun kinubur, kaparenga taksih tumuntur ring karaton Jawi.

Ěnggalipun, palawija kekalih rinilan mantuk, sarana pinaringan brana. Palawija kalih dumugining alas Wanasida pejah. Nanging kuwandanipun kalih pisan kukut, tilar weweling makaten, “Alas ing Wanasida akèh kayune jati siluman. Besuk dadia pirantining karaton Jawa.”

Sareng anak putunipun atur uninga, Kangjeng Sunan Kalijaga nedhaki piyambak. Sarawuhing ngriku andangu dhateng warisipun, lamining tumeka dumugining pati. Ingkang dinangu matur sajarwa, “Dhatengipun sèmah kawula punika saweg pendhak dinten, lajeng pejah. Wewelingipun namung nedahaken, manawi sawingking griya punika alas ageng. Kathah witipun jati, nanging kajengipun sami boten katingal. Manawi badhè uninga, kedah sarana toya mawi sekar setaman. Ingkang dipun anggè nandha, pangilon. Manawi katarimah, saged gana witing jati ageng. Ananging manawi dèdè karaton Jawi ingkang ngagem, boten kènging.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng nglaksanani, dipun tandha sarana pangilon utawi kembang sataman, kanthi dedupa kang agung. Sasampuning makaten, Kangjeng Sultan namur kawula dhusun dhateng Wanasida. Dupi wus prapta lajeng sami nyatakaken. Wasana kanyatahan, wana ageng katingal. Tuhu tanpa sela, wit jati ageng-ageng. Kangjeng Susuhunan Kali lajeng dhedhawuh.

“Hè bojonè Wada lawan Wadaka, ing mengko mupakatna. Awit saka karsaningsun, ing alas Wanasida ingsun elih ing Danalaya, minangka panengeran patinè si Wada lawan Wadaka. Karo dènè rèhning wus dadi panuwunè si Wada lawan Wadaka kayu iki dadia pirantinè kraton Jawa. Ingsun wus angidèni, lestari. Aja katon, yèn nora bakal kagem ing Ratu.”

Kang liningan matur sandika. Kangjeng Sultan ing Demak utawi Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga lajeng kondur, paring tetilaran dunya sawatawis.

Mila dados pèngetan sapariki, wana Danalaya kajengipun jati langkung kathah tur ageng-ageng, nanging boten katingal. Sadaya wit jati siluman. Dènè manawi badhè kanggè karaton, inggih saged ngatingal. Nanging kedah dipun saranani sesajèn sekar setaman sarta pangilon, kanggè ngilokaken kajeng jati ingkang siluman wau. Ananging sanèsipun kagem ing Ratu, boten kènging.

Kacariyos ing nalika punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga kaliyan Kangjeng Sultan ing Demak samargi-margi anggung imbal pangandika makaten :

“Jebèng, wruhanamu, mungguh patinè si Wada lawan Si Wadaka iku luwih becik, dènè bisa anggawa saraganè. Yèn kang durung sumurup, si nengguh mranyanyang dadi dhemit sing rumeksa kayu jati siluman. Mangka sadurungè si Mada, Wadaka mati, kayu jati wus padha tumuwuh. Dènè enggonè ora katon janggerenging kayu, ing nguni pananemè Sang Hyang Bathara Wisnu, nuju siluman. Dalah wijinè nalika janggleng uga saka wiwitan suwarga. Utawa nalika nanjakakè wiji, iya sarana sinung sabda, sing sapa trahing Wisnu jumeneng tanah Jawa, iku kena negor kayu ing alas Wanasida. Marmanè saiki ingsun elih aran Danalaya, karana dadi panengran, enggonè si Wada lawan Wadaka mati ana ngalas iku.”

Kangjeng Sultan ing Demak matur tanjanipun, “Menggahing pati katun raganipun, punapa boten sinengguh mrenyanyang ? Upami nunggil lawan dhangnyang ingkang tengga wana, saèstu nistha ngilminipun.”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika :

“Iya bener kang angarani, karana sunduk prayoganè ora mlèsèt. Ananging, sajatinè ora paja-paja yèn anunggala panuksmanè lelembut, ananging ora timu-tinemu. Amung ana luputè si Wada lawan si Wadaka. Rada karikaten. Dadi ing pati mung sampurna baè. Wujuding sampurna iku mung nunggal lawan Datè Kang Agung. Dadi mung tetep piranti baè. Iya iku kang ingaran sampurnaning pati. Upama saangkatan engkas, pasthi bisa tunggal lawan Hidayatullahi. Wus kena sinebut kamulyaning pati.”

Kanjeng Sultan ing Demak matur malih, “Punapa wonten inggahipun malih?”

Kangjeng Sunan Kalijaga angandika :

“Teka amindho kardi, dènè sira wus ingsun pituturi, mungguh caritaning Kadis pangandikaning Allah, sing sapa wus nunggal hidayatjati, yakti wus kalebu punjul panggayuhè. Ananging yèn katetepakè ing wewejanganingsun ijèh nyamut-nyamut nyatanè, karana saangkataning Hidayatullahi, banjur  tumaka ing ngalam kanyut.

Iya iku dununging kalimput.

Dènè yèn wus bisa anembadani kahananing ngalam iku, banjur tumaka sajatining kira. Iya iku alam kang wus tan kanyanan, karana ananè kalingan ing nikmatullahi.

Sawusè tumeka ing ngalam sajatining kira, banjur ana rerupan kang sira durung tau sumurup salawasè urip.

Yèn carita duk Kangjeng Nabi Adam, kang kadulu mau sinebut Wohing Kuldi. Mulanè Kangjeng Nabi Adam nganti kasiku, tunurunakè ing dunya, iya saka dhahar Wohing Kuldi mau. Upama duk nguni ora dhahar Woh Kuldi, pasthi tulus Nabi Adam, nora kasiku, tinetepakè anèng swarga baè. Ora nitahake manungsa iki kabèh.”

Kanjeng Sultan Demak matur, “Sejatining Woh Kuldi ?”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga ngandika :

“He Jebèng, mungguh kang diarani Wohing Kuldi iku sejatinè sesotya sarining swarga. Iya iku arang kang weruh rupanè dèning Allah Wohing Kuldi mau mung Nabi Adam dhèwè.

Marmane ana sesiku, jalaran saka gajah ngidhak rapah, katempuh pepesing papah. Tegesè : kang dirilani rumeksa amung Nabi Adam. Wasana ngrusuhi rereksanè dhèwè.

Iya bener, kang agawè luput, wus dadi ukumè yen wong rusuh, anemu pakèwuh.”

Kanjeng Sultan matur, “Menggah sesotya sarining swarga punika punapa ?”

Kangjeng Susuhunan Kalijaga ngandika :

“Wruhanamu Jebèng, mungguh kang diarani sesotya sarining swarga iku kahananing jinem.

Sajroning jinem iku : wadi.

Sajroning wadi iku : madi.

Sajroning madi iku : manikem.

Sajroning maningkem iku : rahsa sajatining rahsa, kang ginawè dèning Allah, kang rinengga dèning suksma, kang pinardi dèning ati.”

Kangjeng Sultan ing Demak sampun mangertos. Sakalangkung anuwun kapundhi. Wasana nutugaken lampah sakalih-kalihipun. Sareng dumugi Delanggung, labuh tan ana wong lumaku. Alas gung liwang-liwung, kathah bebujengan ingkang galak-galak. Kangjeng Sultan Demak matur, menawi kapareng kasengkakaken ing lampah, supados angicalaken samar.

Sunan Kalijaga angandika :

“Ngendi panggonanè samar, emar, wedi ? Dadinè ana ing sirri dhèwè. Aja sumelang, karana iki pangajaraning tekat. Mungguh ing dalem ati, luwih sangka iki pakewuhè. Kari luput pisan, kena pisan. Balik kang dilakoni iki gampang malasahè.

Bebasanè : saupama kapapag ing bebaya  sarpa miwah sardula, kari ananting kuwandanè. Lamun sira kalah, sirna. Menang, ngukup. Mungguh kukupanè, sirna bathangè, pinangan ing sato galak.

Balik ing ngalam akirat, wus anyandhak-nyandhak tuna, ngrangsang-ngrangsang luput. Maring ngendi palayunè ? Andhelik, aling-alingan apa ? awit ing pati kari sapisan. Ora bisa menang ing aprang sabil. Tur mesthi kalahè, awit ing dalem pati, tanpa andulu apa-apa. Tan ana kayu kekayon kang katingalan. Mung kari awang-uwung, wus kari anglindhung dhèwè.

Mulanè si Kaki Dhalang bisa gawè ngibarat Arjuna kalawan Semar. Ing saben  ana bebaya, Semar nangisi ngajak lumayu. Yèn Semar wus umpetan, Janaka prang lawan buta. Marmanè Kaki Dhalang agawè ngibarat wewayangan, amung nuduhakè barang lelakoning ngurip. Mulanè yèn Janaka ijèh kairing Semar lunga, buta mati.

Tegesè : mungguh lelakonè ngurip utawa lelakoning pati, yèn maksih samar-samar, pasthi jèdok panggayuhe, awit kurang wani tèkadè, uwas-uwas pamawasè. Yèn wus ilang sumelangè, kari melang tekadè, iya tutug sedyanè.

Lamun nora mangkana, urip tutuging pati tansah dadi gawè, utawa tiwas uripè.

Ewadenè yèn sira meksa durung wani andadar tèkad, pasthi ingsun bisa angulihakè marang Demak, padha sanalika teka.”

Kangjeng Sulatan matur, “Gampil nglampahaken weninging tèkad. Wangsul ing mangkè anetepi angger-anggering karaton, inggih kedah dipun anggè. Dados angsal sakalih-kalihipun.

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika, “Iya bener.”

Sasampuning makaten lajeng ambèbèr baju gebayak landhung. Kangjeng Sultan ing Demak kadhawuhan malebet ing lengenan kabayak landhung wau, kinen merem netranipun sapandurat. Saking nyata kuwasa Sèh Sutabarit, saged angingset paran ungguling jagad. Kangjeng Sultan ing Demak sami sakala manjing lengenan kulambi. Sakedhèping nètra dumugi ing Demak.

Ing nalika punika Kangjeng Sultan ing Demak kaliyan Ingkang Sinuhun Kalijaga, sarawuhipun ing kadhaton taksih angdugèkaken reraosanipun nalika wonten samadyaning wana. Kangjeng Sultan ing Demak matur, “Pakartining pati, sagedipun titi pangruktining pakarti, tinarik saking punapa ?”

Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga angandika makaten dhawuhipun :

“Hè jebèng, anadenè pangertining pati, manawa titi patitis, pasthi kena ginulang saiki. Supaya lanyah, amiwitana ngawruhi keplasing turu. Aja lali panglesing layap, tumekaning luyup. Tegesè : wiwit baliyut tumekaning angler, iya uga ana petunganè, minangka panengeran.

Kaping pindhonè tarèk, andadar tekad ing kauripanira dhèwè. Tegesè : anarik napas, pinepes amrih marang anpas.

Anpas pineksa supaya ngumpul marang tan napas. Tan napas pinusthi bisanè dadi sawiji marang nupus.

Mungguh sinaonè rong prakara ing mangkènè. Patitisena, Jebèng:

Kang dhingin :    ngurangana pangan, supaya kothong wetenge.

Kapindhonè    :    ngurangana turu, supaya ènthèng badanè, padhang polatanè.

Kaping telu     :    dèn upakara jamunè, supaya kuwat balung ototè.

Kaping pat      :    dèn lega lila ciptanè, supaya menang papanthenganè.

Yèn wis sampeka pakartinè, supayo uwas atinè, iya sinaonana eling lerleraning turu dhingin. Angètunga keketeg ingkang terus pangrunguning kuping.

Ingkang dalem sawidak keteg, pasthi katara rèrèhing napas. Nganggo meneng sadhèla, banjur dhedheti maneh. Ing saben wus kaping sawidak, rèrèh. Manawa wis kaping telu rèrèhing napas, banjur ana swara, saèngga kendhenging gandhèwa lagi mentas pinentang. Ing kono dèn awas sarta patitis pètungira.

Yèn wus “greng”, “greng” kaping telu, banjur saya kerep “greng”, “greng”, “greng” tanpa sela. Iya iku kang dèn èling, aja lèna, awit ngarepakè tibaning bawa-bawa. Tegesè : lelimpet kang bakal anglimputi marang panon kita prabadi.

Kalalèn ler-leraning cipta maya. Banjur ana tumeka manèh gora-goraya. Tegesè : swara sora tanpa sela, ngungkuli gumlegering gelap utawa baledhèg, sarta ora nganggo antara karepè.

Iya iku kang bebarung mamrih rusaking pangangen-angen kita, manuman nonton bawur kuwur, ora ngawruhi sarta ora dèn kawruhi. Ing kono dèn prayitna, aja samar. Bokmanawa bakal uninga sajatining kahanan.

Kapindhonè, kang diarani tarèk, iya iku tarik. Tegesè : anarik napas, anpas, tan napas, nupus.

Ananging panarikè ora sarana turu, ora nganggo alam kanyut. Amung pineksa lawan lungguh baè. Nanging pakartinè padha nganggo ngurangi pangan utawa turu, apadène jamu kang anget-anget. Utamanè, yèn nganggè minum arak kang nganti mendem. Ing kono dianggo tarèk, gelis kalakonè. Angger ora kalalèn, malah becik.

Dèn yèn dhasar bisa santosa budinè, mantheng ciptane, iya ora kaya kang tanpa sarana mendem.

Dadi wantah pamandengè ing kahanan jati.

Ewadènè pangkat-pangkating lelakon iya ora bèda dedalanè nalika  patrap layaping nèndra. Amung yen wus tumekaning don sejating kira, uga tumangkar dadi telung perkara. Yèn padha katarima :

  • Manawa padha turu, katrimanè ing dalem kasunyatan, bisa raga sukma.

……………………………………………….
………….Halaman 26 hilang………….
……………………………………………….

Wekasanè malah anjalari tiwasè wong ngatuwa. Dadi gelisanè wong kang arep swara, wong kang sukak micara sora, wong kang dhemen solah, tenaga saru kurang rèrèh ririh, iya iku kalebu pancèn.

Tegesè : wus dadi pepancèning roh nalika lagi cumithak sajroning maningkem. Èwadènè ana tandhanè. Telung prakara panitikè wewatakan mau :

  1. Kaèngetakè. Tegesè : dièlingakè laku-lakunè kang ora prayoga, brabah, sora, saru, supaya mari. Yèn meksa ndadra, tandha wus kodrat duk dadinè. Iya wus takdiring Allah.
  2. Kaèngetakè, supaya patrapè kang ala bisa becik, mangka gelis miturut. Tandha patrap tetularan.

Tegesè :katut apa woworanè. Bebasanè amor maling, wruh lakune maling. Amor wong ala, katularan ala. Iku nyata bener kang padha ngarani.

  1. Kaèngetakè supaya èling uripè, aja nganti darbè patrap kang ora prayoga. Mangka lagi dèn agagi gunem baè wus ènget dhèwè. Iya iku sajatining urip. Nyata elasing dumadi. Tetep kamangungsanè.

Jer manungsa sipatè, watakè bodho, druwolo, angèl wulanganè. Iku duk nitisake, mosiking Bapa-Biyung sepen pikirè kang premati. Dadinè manungsa pasthi kaya kebo. Anadènè ala sipatè, wekasan becik atinè, pasthi duk cumithak anuwuhakè budi paramarta. Katitik saka katuju tujunu karepè.

Anadènè maneh sipatè manungsa wekasanè lumancang langkah karepè. Iku nalika nitisakè kurang netes. Tegesè : kurang satiti, kurang sucinè. Dadi tibaning wiji becik, akèh borotè. Kabeh titahing Pangèran wus ora kena kinaya ngapa, lawan ora bedanè tibaning roh kang dadi luhur, lawan kang dadi asor.

Marmanè, nadyan sira jumeneng Nata, aja nganti ambek kumalungkung. Èngetana padha asal saka banyu. Ing kono ana nyatanè, kaya ta : wong tinitah luhur, mangka wani ngidak benere, bokmanawa kuwalik adilè. Kasiku padha asalè.

Marma dèn èling, Jebèng, kabèh wekasaningsun.”

Kangjeng Sultan Demak matur, “Pisah-pisahing toya buthek lan wening, puruging warna yèn wus mawor, paraning ijem-abrit dhateng pundi? Kawula nyuwun pitedah.”

Kangjeng Sunan Kalijaga angandika, “Wrunanamu Jebèng, mungguh empanè kang among sawarna, tunggal lawan kang wening. Kang wus wujud banyu bening iku tegesè : wus meneng.

Iya iku kang nora obah. Kaworan banyu warna-warna, iya mulih marang warnanè dhèwè :

  1. Banyu abang momor banyu wening, ulehè si abang iya mulih warang cahya abang, ya iku nepsu amarah.
  2. Banyu ireng iya mulih marang cahya ireng, kahananing nepsu luamah.
  3. Banyu kuning iya cahyaning nepsu supiyah.
  4. Banyu putih iya mulih marang asaling cahya putih, kang ingaranan saka nepsu mutmainah.

Tumangkarè ana dhèwè. Kaya ta : biru, klawu, gedhah, lamus, sapanunggalanè iku padha saka wahananing cahya ireng.

Jambon, kapuranta, jingga, wungu, sapanunggalanè iku padha asalè, saka cahya abang.

Ijo pupus, gadhung, sapanunggalanè, iku asal saka cahya kuning.

Pingul, sèta, pèrak, padha asal saka wahananè cahya putih.

Mungguh terusè sabarang warna teruse mangkènè :

Putih iku bisa dadi kuning, awit saka cecampuran.

Kuning bisa dadi abang, uga saka cecampuran.

Abang bisa dadi ireng, uga saking cecampuran liru lambang empaning carup wor.

Wekasan dadinè ora bisa mulih marang banyu wening. Mangka yèn satuhunè, warna iku mung rong bab :

1. Kang dhingin : anuduhakè luguning cahya ireng.
Marmane ireng banget irengè iku putih.
Putih kang banget ireng.

2. Kaping pindho : anuduhakè satuhuning cahya abang. Manawa abang banget abangè, iku dadi kuning. Kuning kang banget kuningè bisa dadi abang. Iya iku sajatining warna.

Ananè wungu, dadu, ijo, jambon, sapanunggalanè iku soroting rong prakara mau.

Marmanè ana pati sasar, utawa ana rupa bagus, ala, kiwa, cacat, sapapadhanè.

Ing kono aja nganti kurang tampaning ati kita. Aja tumpang suh cipta rasanè. Aja kaliru surup budinira. Aja kuwur sedyanira

Ing kono ananè saka kita pribadi. Oranè iya kita kang amurungakè. Dadine iya kita kang ambebakali bisa dadi.”

Kangjeng Sultan ing Demak duk nampèni dhawuh wewedhararanipun Ingkang Sinuhun Kalijaga sakalangkung pamundhi panuwunipun. Salebeting panggalih rumaos padhang terawangan, saèngga boten wonten ingkang dados aling-aling. Melenging panggalih sampun karegem sadaya. Upami tinaruju kaliyan boboting wali sadaya, taksih awrat Narpati ing Demak, margi ginulang-gulang, wineleg ing siyang ratri. Suprandosipun manawi anandukaken tembung, kedaling lèsan, taksih katawis kirang seblaking budinipun. Mila Kangjeng Sinuhun ing Kalijaga anggung mangandika makaten :

“Hè Jebèng, baya kayaa, enggon kita aneter pangarti kita. Dènè panawangingsun kaya maksih ana wewageling atinira. Rumasa kurang terang tampaning budi premati. Yèn ta maksih ana kodhenging panemu, becik sajarwaa maringsun. Bokmanawa ingsun bakal anuduhakè salugu, mupung ingsun maksih kapareng tunggu ing sira, Jebèng. Aja pakèwuh.”

Kangjeng Sultan ing Demak matur, saluguning sigeging galih, taksih wonten wewagelipun, amung jabaring cahya kawan prakawis. Anggènipun cacamburan weninging tirta marta, dèrèng saged tumancep anampeninipun. Mila nuwun wantahipun, supados saged tumanem amanggih ing manah. Kangjeng Sinuhun ing Kalijaga gumujeng, sarwi angandika makaten :

“Yahu Allah, teka banget temen enggonmu pindha bayi salapan umurè. Prakara cacamburan iku, upama ingsun ora nuduhakè, pasthi sira wus bisa ambabar pribadi sawewadinè kabeh. Amung saka banget temen enggonira jugul. Kang wus jumonggol, sira sengguh bonggol. Mangka yen prakara iku, bebasanè angger wus darbè paugeran kang ana pingilè, pasthi bisa ambabarakè dhèwè. Èwadènè sira ingsun tuduhakè salanjaran baè, bokmanawa banjur bangkit anuntumakè gothak-gathukè. Ana ta othak-athikè, anjarum sarumbunganè wus ora kawekèn. Mara pareka maning, Jebèng. Sira ingsun paringi lanjaran jarwaning wewadi.”

Sang Nata nembah marbukuh ing ngarsa. Sigra ginelaran talering warih kang warna-warna.

“Tampanana, Jebèng, aja kaliru.”

Aturipun Sang Nata, “Sembah nuwun sandika.”

Ing nalika punika Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga wasitaning galih taksih asmu gumuyu. Dados kedaling pangandika kadi winor ing raras, binarung ing sesingir, kados ing ngandhap punika bebukanipun :

“E.. Allah Yatallah, Gusti Allah, angudubillahi, barang polah yèn tan kalah man aklah, la ilalaha illallah, Muhammadan rasulullah, Allah kita dèning ingsun. Allah ingsun dènè kita. Sanyatanè kang tinemu nemokakè. Mokal linyok, mokal dora. Yèn goroha nora dadi. Dènè temen kang tinemu saka Datè. Dat sipatè yèn tan nyata pasthi wurung. Yèn ruwetè pasthi bingung, agungaka ing sendhang kang manca warna. Lamun kita cipta cidra, cinidranan, sedya harda antuk nepsu, niyat rusuh pasthi kisruh. Reged resikan tan saking osik kita. Kita iku yèn kukuh amasthi kuat. Lamun heneng pasthi hening. Hening iku tan lyan saka panggawè kita pribadi.”

Dhatdhat karaos panggalihipun Sri Nata ing Demak. Rumaos saged anggelaraken piyambak. Pasemonipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, sasampunipun makaten lajeng paring pangandika malih saklimah, wantahipun makaten :

“Hè Jebèng, satuhunè banyu rahmani, iya iku lamun sira lagi mosik, aja kacamburan apa-apa. Manawa kacamburan rahsa rumasaning cipta kang ora bener, pasthi bakal malèncong dadinè.”

Pangandika makaten wau sarwi jumeneng kèsah Narèndra ing Demak badhè nyandhet, ajrih sesikuning guru. Mila mung sembah nuwun kaping sèwu kapundhi Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga atilar pangandika.

“Jebèng, bèsuk ingsun bali manèh manawa wus ana antaranè.”

Tumindaking lampah Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga dumugi sahandhaping taratag lajeng boten kawistara.

Gentos cinarita, para wali sadaya  marek ngarsa Nata, atur uninga yèn Sunan Dèwakatong tilar dunya, Kangjeng Sultan ing Demak dahat pangunguning galih lajeng utusan anggandhèk tengen kalih, amringake waragatipun sawates.

Ing nalika samanten taksih anetepi punapi lenggahipun siti, yèn wali bekel, lenggahipun sèwu karya, paring wragat inggih sèwu rèyal. Yèn wali sepuh, wolung atus karya, inggih wolung atus rèyal. Sunan Dèwakatong wali nem, lenggah gangsal atus rèyal. Nanging mawi tambah ganjaran, margi Sunan Dewakatong saking sepuhing umur satus taun.

Sampun kapengker cariyosipun layoning Sunan Dèwakatong.

Nuju satunggaling dinten kangjeng Sultan ing Demak andangu prakawis roh dateng wali. Amung Sunan Kudus utawi Sunan Giri suwung. Minangka tadhah timbalaning Nata, Sunan Panggung sakancanipun. Patakèning Nata ugi dipun aturi sesorahipun satunggal-tunggal, kados ing ngandhap punika :

  1. Dipun wastani Roh Ilapi, inggih punika roh kudus mulya. Pakartinipun : saged mapan ing gaib. Mila kawasa dados lambaring Jati Wasèsa, awit saking winenangaken dados manungsa, tan lyan saking Rohilapi.
  2. Roh Jasmani, punika roh sajatining gaib, nanging boten dados lambaran, awit sanget kaalusanipun. Mila manawi taretip pangruktinipun, cepak anyorot dhateng bangsaning jim prayangan.
  3. Roh Rokani, punika sakalangkun santosa. Kawasanipun saged anambahi kekuwataning manungsa. Amung manawi kirang gemet pangukudipun, cepak-cepak anyorot dhateng bangsaning lelembat, brakasakan, sapanunggalipun.
  4. Roh Kèwani, punika dados pirantining jiwa-raga. Saged anambahi kuwating bebayu miwah otot. Ananging manawi kirang resik pangungakipun, cepak saged dados bangsa kèwan.
  5. Roh Mahdi, kawasanipun saged amimbuhi kalimpating budi sanubari. Ananging manawi kirang kabegyanipun, asring kasaluru ing panyipta, awit ambah-ambahanipun bangsa nikmat.
  6. Roh Rabani, kawasanipun saged andamel pakarti. Tegesipun : tuwuhing pangraita. Ananging asring kataliweng dhateng panasaran, awit ambah-ambahanipun dhateng manpangat.
  7. Rohmani, tegesipun wiji rangkep, ingkang kawasa anggelaraken sagung dumadi sadaya, punapa dènè kabegyanipun saged adamel bilai sami sanalika, awit tetarikanipun saking mukti wibawa enggènipun.
  8. Rohkiyat, inggih punika ingkang winenang adamel santosaning balung atot, kulit, bayu, daging. Ananging tibaning bilai tan anglabeti. Telas akalipun, lajeng larat sadaya.
  9. Rohkayat, tegesipun roh ingkang anarik sakaliring begya dahulat. Mila saged andhatengaken palalullah. Tegesipun : ganjaraning Allah ingkang tanpa kanyanan. Kanyatanipun anarik bangsaning gaib. Ananging bancananipun amung sakedhap kanyanan. Mila kedah tineteg saking anteping tèkad kita kang saluguning cipta kita.
  10. Roh Nurani, kawasanipun saged adamel padhanging budi, angluwari ricuh, andhatengaken bingah, awit panganggènipun angambah dhateng barang sedya kang asuci. Amung bilahinipun saking konusing wicara, kirang dyatmika. Mila kedah anteng.
  11. Roh Nurmadi, punika raksaning roh ingkang rumeksa ing atma, utawi wonten ing sukma. Mila kawasanipun saged andamel padhang terawangan. Amung tiwasipun manawi boten ngati-ati.
  12. Roh Nursiri, tegesipun : cahya ing kang kawasa nunggil lawan ing manah suci, sumrambahing dhateng budi sanubari. Kerep angsal beja, arang sungkawa, awit ing nalika punika nursiri wau dhatengipun kalawan cipta kita kang wening.
  13. Roh Insani, kawasanipun saged amimbuhi sereng-serenging panggalih, awit katumusan saking sarining nepsu ingkang tanpa kedhat. Mila manungsa saged ajeg ingkang kaniyatanipun, amung woten tundha bèmaning panggalih, manawi kataman ing cipta ruhara. Tegesipun : panggagas ingkang boten saged kendel. Èwadenè wonten gaibipun pakartining Roh Insani wau. Manawi angsal sakseriking sasama-sama, karsaning Allah tangala saged anuwuhaken osik ingkang kumrisik.
  14. Rohnapi, tegesipun : roh ingkang alus. Inggih punika rahsaning Pangèran wewenang ingkang gaib. Kawasanipun saged adamel empaning wewenang ingkang tanpa wewangenan. Inggih punika ingkang amimbuhi kajat Jatiwasèsa. Tegesipun : osiking Pangèran Sajati.

Kangjeng Sultan ing Demak adangu kathahing roh. Sunan Panggung amangsuli atur, “Saking dhawuh pangandikanipun Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, sajatining roh punika satunggal. Ananging kawasa dados satus kalih dasa roh. Mila kawula aturaken saweg kawan welas, awit saweg punika gaduging manah kawula, nadyan ing nguni sampun kagelaraken sadaya. Nanging kawula derèng gadug raosipun, anggelar satunggal-satunggal, kados ingkang kawula gancaraken. Èwadenè wonten ingkang radi kathah pangawikanipun, prayoogi dupun timbali : 1. Sèh Sitijenar; 2. Sèh Ibrahim Jatiswara.

Kangjeng Sultan ing Demak anayogyani, nanging kedah saselaning para wali-wali kathah. Ing saben malem Jumungah Sunan Punggung. Sèh Sitijenar, Sèh Molana Ibrahim Jatiswara katamtokaken amung saben malem Anggara Kasih.

Anuju malem Jumungah, para wali dalah pamagangnipun pisan sami sowan malebet. Ingkang ngirid Kangjeng Sultan ing Demak boten wonten ingkang dipun pangandukakaken, liya amung bangsa pati tuwin bangsaning panengeran. Badhè kajumbuhaken kaliyan pamanggihipun Sang Nata. Pangandikanipun makaten dhateng Susuhunan Giri, “Boten saking punapa-punapa, wontenipun panengeran ingkang mesthi sangking pundi tarikanipun? Saupami boten sarana uninga ing panengeran, punapa inggih badhe boten saged pejah? Kula nedha kapajarana.”

Sunan Giri, Sunan Kudus sakancanipun kagyat ing galih, nalika tampi pangandikaning Nata. Nanging èwet anggènipun badhè ngaturi wewangsulan, awit sami anginten yen cengkolongan pangandikanipun, awit Sultan Demak mentas anggeguru Sunan Kalijaga. Upami ngaturaken sapamanggih kèmawon, tamtu darbè kadho-kadho ing panggalih. Mila sami pakèwet dènya ngaturaken. Amung satunggal ingkang sumengka, purun matur sagadug-gadugipun, pamagangan wali, anama Sèh Molana Khaji, saking tanah Jepara, kados ing ngandhap punika :

“Saking pamanggih kula, gaduging alit balaka, menggah paugèraning panengeran punika sakalangkung kathah, nadyan saking kitab-kitab ugi mboten kirang uger-ugering panengeran. Èwadenè menggah angger panenggeran punika dèrèng tamtu. Ingkang tinamtu sampun boten èwah gingsir punika amung tigang panduman :

  1. Osiking cipta kang karsa.
  2. Tetep panetesing Jatiwasèsa.
  3. Purbawasèsaning Susmayajati.

Tegesipun : ingkang tampa malèsèt punika, manawi sampun gadhah sentuging manah ingkang sampun dados gegelengan. Tandha yèn utusaning Pangèran.

Tegesipun : Jatiwasèsa punika, manawi kita sampun mratandani lelagon ènggal. Inggih punika : sanyataning tèkad sampun andungkap badhè tumeka ing ngalam kiyamat kubbra.

Purbawisèsaning Susmaya punika tegesipun : ingkang sampun mratandhani asating akhir jaman, yakti tumekaning don anyirnakaken cahya.”

Kangjeng Sultan ing Demak atetakèn dhateng Sèh Molana Khaji, “Pamanggih ingkang mangkana iku saka ngapa pathokanè?”

Ingkang dinangu matur, “Saking Kitab Bayan Budiman.”

“Kitab Bayan Budiman iku pira kèhè?”

Molana Khaji umatur yèn gangsal Kuran :

  1. “Kitab Bayan Budiman punika nyariosaken gumelaring ing roh, duk dadi manungsa.
  2. Sasaming roh ingkang sampun winenangaken dhateng para Malèkat, winastan Bayan Mani, kitab pangarangipun pra jamhur sadaya.
  3. Kitab Bayan Maot, ugi anggelaraken pakartining roh sadaya.
  4. Kitab Bayan Tarikul, ambababraken pingiling roh ingkang andhap, ingkang inggil, kadadosanipun sadaya.
  5. Kitab Bayan Rakimul Kiyin, inggih punika ingkang anedahaken dununging roh ing dalem satus kalih dasa, sami kapratèlakaken satunggal-satunggal.

Kangjeng Sultan ing Demak lajeng anggraita, yèn sami kaliyan sorahipun Sunan Panggung. Èwadènè wajibing Ratu punika kedah momon, momot, mengko. Nadyan sampun uninga, kedah piarsa. Makaten pangandikanipun Kangjeng Sultan ing Demak, “Payo gelarna sapanemunira.”

Molana Khaji lajeng nggancaraken, “Ing nalika manungsa saweg tumitah wonten ing ngalam dunya, kasebut Adam. Mungging Pangèran saweg maringaken iman tetiga : 1. Kidam; 2. Juwar; 3. Nur. Ing nalika punika Malèkat Jabarail katitahaken wujud toya, pitung prakawis :

  1. Toya Dal, dados panggesangan.
  2. Banyu Kal, dados swara.
  3. Banyu Molia, dados rupa.
  4. Banyu Mendhati, dados cahya.
  5. Banyu Manikem, dados nyawa.
  6. Banyu Mani, dados paningal.
  7. Banyu Wadhèh, dados pamirengan.

Dènè pancering roh sadaya wau kados makaten :

  1. Banyu Angin, dados loh kalam.
  2. Banyu Jasma, dados pikuwat.
  3. Banyu Lebu, dados bumi langit sap pitu.
  4. Banyu Panas, dadso Malèkat.
  5. Banyu Ngèlmu, dados rina lan wengi.
  6. Banyu Suhut, dados lintang, rembulan, srengèngè.
  7. Banyu Matci, dados naraka.
  8. Banyu Katdi, dados suwarga.
  9. Banyu Musik, dados karsaning Allah.

Kangjeng Sultan ing Demak angandika, “Banget panarimaningsun, sira asung wimbuhing pangawikan. Amung saiki sira padha ingsun rilani bubaran dhingin, marga wus sadhengè ingsun arsa jengkar. Bèsuk Jumungah ngarep baè dèn tutugakè.”

Molana Khaji matur nuwun sandika.

Kangjeng Sultan lajeng jengkar, tilar weling dhateng Sunan Giri, Molana Khaji kinèn ganjar pangkat sapalihing wali.

Gantya lebetipun Sunan Panggung, kalih Sèh Sitijenar, tiga Sèh Molana Ibrahim Jatiswara. Tetiga wau anetepi ubaya ing saben malem Anggara Kasih tiga pisan sami rinilan sowan ing Jeng Sultan.

Dumadakan ing dalu punika boten wonten pingiling ginem ngilmi, amung ngraosaken aturipun Sèh Molana Khaji Jepara, dènya ngandharaken atur prakawis roh warni-warni. Nunggil misah kaliyan aturipun Sunan Panggung miwah aturipun Sunan Lemahbang, punapa dene aturipun Sèh Ibrahim  Jatiswara. Ananging taksih wetah balaka. Asaling kitab-kitab suprandosipun boten saged sami, margi pangawikaning dhusun. Tamtu garoyok duk winulangaken ing Narèndra.

Sunan Panggung ugi gumuyu nayogani. Sunan Kajenar miwah Sunan Jatiswara ugi sami nembadani karsa Nata, sarta gadhah atur makaten, “Tandha asnapun, parimarmaning Pangèran ingkang tumerah para titah, yèn ta boten kabèdakna pangawikaning dhusun utawi pangawikaning praja, kados pundi? Nadya para wali salebeting praja, yakti boten saged anyamèni pangawikaning Ratu.”

Sasampunipun makatèn, satengah dalu rinilan bibaran. Dados tandha suwunging budi tanpa gumana, awit kalingan caritanè Sèh Molana Khaji kèmawon. Mangka parlu sanget anggènipun badhè tetakèn dhateng ahli ngilmi. Wasana malah amung urug-urug uwuh kèmawon. Èwadènè kamirahaning Nata taksih lumintu tanpa kendhat.

Boten kacarita ing dalem pendhak dinten, nagari ing Demak kadhatengan jaja. Tegesipun : pakartining tetiyang sesadèyan anèh, utawi cara-caraning para kawula tilar padatanipun. Sarta mèh waradin, sanagari jaler-èstri sami kadunungan manah harda angkara-kara, akarem rerantan. Tegesipun : pawèstri katut ing jaler, jaler kabandhang pawèstri. Kathah tilar kawiraganing jaler estri. Sarta saben tiyang sami ngumbar hawa, kirang trimah panduming tedha samurwatipun.

Watawis angsal sawulan, lajeng wonten tambahaning lelampahan ing kaèlokan. Kados ta tiyang alit wani ing Gusti, Gusti ajrih ing kawula. Lelabet tan anglabeti, lelabuhan malah kabubuh, jejailan saya ngrebda, lali sihing kekadang, ilang lumrahing pawong sanak.

Watawis antuk sawulan, wimbuh malih kaèlokaning praja. Kados ta : pisang pupus cindhè, jamur tumuwuh ing waton. Ingkang makaten punika dhasar temen, manawi kathah lelampahan anèh. Mila katelutuh, ngantos dados prajangji èrang-èranging serat piyagem tuwin tebas-tinebas bumi.

Dupi angsal setengah taun, lajeng wonten lelampahan ingkang bebayani. Wadyabalanipun Arya Jipang ingkang sampun sanyata anata baris pendhem, lampahipun sami sesingidan, anyidra kadi traping durjana. Sawenèh ngècu, mandung, ambègal, adamel reresah ing nagari.

Mila sampun dados apesing praja. Tandhanipun tiyang sami nganèh-anèhi, wonten ingkang jejagongan, paguneman tanpa kusur, wonten ingkang tutur-tinutur awon nganggur. Saweneh wonten tiyang wicantenan kumriwik tanpa rowang. Upami kasengguh tiyang èwah, dèdè, awit boten  gadhah cembilak polatanipun.

Ing nalika punika malah sulayan kaliyan rowang. Kados ta : Sunan Kudus anggènipun katingal panas dhateng Sèh Lemahbang dipun leksanani. Kalampahan Sèh Lemahbang pinejahan saanak-rabi, dalah sabat-sabatipun pinejahan sedaya. Mila Sunan Punggung utawi Sèh Molana Ibrahim Jatiswara lajeng miruda malih, angili ngungsi gesang dhateng wana, wukir-wukir, pundi ingkang dipun senengi, saking ajrih wantuning alit, bokmanawi pinaten. Awit ing wektu punika nagari ing Demak kathah tiyang kalintu imanipun, utawi para tetiyang sami ngumbar hawa, ambabar budi sura wani.

Kala samanten Sunan Panggung lajeng terus lelana, angulati Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga. Dènè Sèh Molana Ibrahim Jatiswara laju dhateng pantaran redi Merapi, anetepi pratapanipun lami, punapa dènè ngantos koonus ing pangandika dhateng garwa-putranipun, “Heh Rubiyah, ing mengko ingsun èstrenan. Ing saiki ingsun jenak ana gunung Mrapi kènè, sarta ora pati-pati bali marang Demak, yèn ingsun ijèh andulu Sunan Kudus.”

Ingkang garwa matur, “Sabab saking punapa teka ngantepaken prasetyaning galih?”

Sèh Ibrahim Jatiswara awewarta, yèn lunga kapeksa, saking ajrih dahat, awit arinira Sèh Lemahbang pinatèn tanpa dosa.

Garwanipun duk winartan, yèn ingkang rayi Sèh Lemahbang tumeka tiwas, lajeng anjerit lara karuna. Rèhning tanpa mendha panangisipun, sarta kaimur-imur boten saged sarèh, Sèh Molana Ibrahim Jatiswara kaken ing panggalih, lajeng angandika makaten, “Heh Rubiyah, mungguh benering waton, yèn katempuh ing pancabaya iku, kari rong prakara, pilih salah sawiji. Apa nglampus, apa nglamong? Tegesè nglampus iku bèla patining kadang. Yèn amilih nglamong milua Ratu Kalinyamat. Apa kang dadi prasetyanè, anirokena, supaya bisa kalegan karenteging tyasira.”

Ingkang garwa matur sandika, manembah, lajeng wisata, sumusul ing tapanipun Ratu Kalinyamat. Dinangu, matur sajarwa sawewadining sedyanipun. Ratu Kalinyamat matur dhateng ingkang bibi makaten :

“Dhuh bibi tiyang sepuh kawula, dènè pati-pati sumusul ing ngarga, ambèlani sungkawa. Inggih sakalangkung suka bingahing manah kula, jalaran bibi mbèlani pepulunan. Ananging manawi saking pamrayogi kula, rèhning bibi sampun sepuh, punapa dènè kirang urup pati raga nglabuhi guru laki kados kula punika yekti urup kèmawon, bibi. Mila kagaliha ing saparlunipun. Nadyan sanget asih tresna ing kadang, kedah mawi dugi prayogi. Mangka upami tiyang njemparing, lèsanipun watu item. Dèrèng tamtu pasah bèdhoripun. Mangkè yèn ngantos bali, tikel, yakti tumampeg ing jaja, ambilaèni. Bokmanawi si bibi wonten kawawa kataman balining panah, awit lèsanipun bibi bongkotaning kayu tal. Tangèh sageda gempur lèsan wau. Aben-aben malah damel sangsara, jalaran si bibi dèdè timbangè kalih kang badhè dipun elas. Yaktine beda kalih lelakon kula. Kira-kira panah saè, bèdhor kencana, kedah boten pasah dhateng gedebog, inggih saking bejanè badan kula. Yèn Jèngandika ngilo lelakon kang kula lakoni, tamtu waluhu alam. Amung kinten kula si bibi tiwas rusak, dèrèng kantenan saged angrisak. Mila mugi dipun raosaken rumiyin. Amung kula gadhah pitedah kèmawon, sageda bibi mituhu atur kula. Ing dhusun Karang Galinggang wonten tiyang satunggal, nama Kaki Walaka. Bibi amanggihana, sapitedahipun sampun ngantos boten amituruti.”

Nyai Ibrahim Jatiswara suka ing galih, lajeng pamit mangkat. Boten kacarita ing margi, sapraptaning dhusun Galinggang, tetakèn boten angsal. Malah sadhusun ngriku boten sumerep ingkang nama Kaki Walaka, sarta mireng kèmawon saweg punika. Nyai Jatiswara sakalangkung ngungun, mangunandika ing galih, “Apa Ratu Mas Kalinyamat iku dora? Yèn cidraa pangandika, mokal. Nanging nyatanè ora ana kang aran Kaki Walaka.”

Ing ngriku Nyai Jatiswara, rèhning kadalon lajeng sipeng ing dhusun ngriku. Sadalu tansah rinaosaken kèmawon, anggènipun tan saged kapanggih kang nama Kaki Walaka. Sareng ing wanci bangun ènjing, Nyai Jatiswara dipun undang tiyang nama Nyai Galinggangan. Ingkang dipun undang lajeng medal. Wasana dèn ajak dhateng griya, miturut malebet. Saweg lelungguhan sawatawis, lajeng byar raina.

Ingkang darbè griya boten pangling, yèn punika tiyang estri asring wonten ing jurang. Malah saben tiyang anginten yèn punika bangsa miskin. Mila ingkang darbè griya asmu kirang mirena. Sareng Nyai Jatiswara dipun jarawani, lajeng ngaras pada, sarwi karuna. Dènè tiyang ingkang darbè griya wau sanget pangunguning manahipun. Wantuning tiyang alit kadhatengan tamu, kekalih estri. Mangka ingkang satunggal sipatipun kèrè, suprandosipun ingkang sarwabusana èndah malah ngabekti. Mila ingkang gadhah griya lajeng ngaturi para parpat manca lima, supados sami nyumerepi tetamu kalih pisan.

Dènè ingkang dipun aturi para parpat sadaya dhateng, dalah tangga tepalih. Dupi ingkang darbè griya nyadhiani sugata sakadaripun, Nyai Sepuh awewarta, “Aja susah ngrupakakè sugataning parpat manca lima, marga mengko sedhèla anak putuku teka anggawa piranti suguhan sapepakè, ora kuciwa.”

Ènggalipun, sareng para parpat sampun dhateng sadaya, lajeng wonten tiyang dhateng nyunggi tènong ageng-ageng, isi sekul ulam sapirantosipun, sumaji ngarsaning tamu. Ingkang gadhah griya dahat suka asmu ngungun, dènè anggung kabagyananipun. Wasana ingkang gadhah griya tetakèn, sinten nama miwah aslinipun. Nyai tuwa mangsuli, “Inggih kula kang nama Kaki Walaka utawi Nyai Walaka.”

Ingkang gadhah griya lajeng nyaitaken dhateng para prapat, sampub ngèstreni. Wonten ingkang tetakèn, angudi makaten, “Kadi pundi Nyai Walaka, dènè Jengandika èstri mawi ngrangkep nama Jaler? Nalika saweg dhateng, kula mireng pamicara Andika nama Nyai Galinggangan. Sapunika sesilih nama Nyai Walaka, inggih Kaki Walaka.”

Kang tinakèn amangsuli, yèn wandu. Sipat wadon darbè pajaleran. Para parpat sami ngungun ing panggalih. Dumadakan wonten ingkang sepuh satunggal nama Kaki Tengara, anggerengi dhateng para parpat ingkang pitakèn wau, “Hè, hè, jemplon, aja sambrana tetakon tanpa urus. Besik sing sarèh, sarta rumeksa marang Nyai Molana Ibrahim. Iku dudu sapapadhanira.”

Sirep duk mangkana, para tetiyang kadi binungkem. Kaki Tengara piyambak ingkang nandukaken imbal wacana, makaten, “Dhuh Nyai, Kyai Walaka, kados pundi menggah witipun, dènè kapareng nama rangkep? Inggih sanadyan wandu, yakti salah satunggal ingkang kaanggè sesebutan. Punapa dènè kula kedah nyuwun jinarwanana, kahananing sesegah punika, dènè kathah sarta manèka warni, saged marnèkaken sami sakala. Punika saking pundi angsalipun? Punapa dènè wonten ing pundi anggènipun ngolah sekul ulam panganan?”

Nyai Walaka mangsuli, “È ki sanak sadaya, mugi andadosaken sumerep sampèyan, yèn ing mangkè jaman nagari Demak sabawahipun, ageng alit sami badhè ngambah lelampahan èlok.

  1. Ingkang rumiyin, punapa pantes garwanipun wali, anama Nyai Molana Ibrahim Jatiswara kedah angeruru tiyang kèrè kados badan kula?  Wah mawi purun angèstu pada? Ingkang makaten punika tandha kalebet aèng. Bokmanawi jaman Demak badhè wonten lelampahan, para luhur ujung dhateng tiyang alit.
  2. Ingkang kaping kalih, tiyang ing dhusun Galinggangan boten sumerep tiyang nama Nyai Walaka, mangka sampun dangu dènya wonte jurang. Inggih punika tandha jaman Demak badhè boten sumerep sasami-sami. Sarta badhè wonten lelampahan anèh. Tiyang èstri dados jaler, tiyang jaler dados èstri. Inggih punika tandha icaling kawirangan.
  3. Ingkang kaping tiga, badhè wonten sesunguting perang ageng. Tandhanipun : tiyang gegriya kadhatengan tiyang kèrè kèmawon sumelang, temah nyuruhi parpat tangga tepalih.
  4. Dènè sesuguh kula punika nandhakaken tiyang dhusun badhè nyegah mungsuh sarana sanalika saged wujud sekul ulam, kaanggè nambak umur. Tandhanipun dhateng kula ngriki asmu dipun sigèni. Wekasan malah angerobi tiyang kathah.”

Mangkana Kaki Tengara, sareng jinarwan makaten ènget welinging bapa, yèn wonten tiyang nganè-anèhi inggih punika Kangjeng Sinuhun Kalijaga. Mila Kaki Tengara lajeng nolih anak-putunipun sarwi ngucap makaten, “È, è, wong ing dèsa Galinggangan kabèh, wruhanamu ingsun arsa tut wuri saparanè sesembahaku iki. Dènè sapungkuringsun, sira banjur memetria tilas palenggahanè Gustimu iki, karana bakal ana prang gedhè. Nagara ing Demak tutug tanah Pengging kènè.”

Telasing weling, Kyai Walaka, Nyai Ibrahim miwah Kaki Tengara wus tan katingal. Patilasan ngriki wel-uwelan rebut dhucung, lajeng karan ing dhusun Kuwel, tanah Pengging Dlanggu.

Ing ngandhap punika anyariyosaken pratandaning nagari ing Demak, salebetipun Kangjeng Sultan Seh Ngalam Akbar ambabar yasan dalem gangsa  Sakatèn sareng sampun sawatawis sumimpen, margi saweg angupados gendhing ingkang saged momor kaliyan sasingiraning para ngulami. Mila malebet gangsa Islam, tandhanipun tunggil waoten ing masjid ageng.

Anuju satunggal dinten, salebeting gedhong gangsa Sakatèn wau wonten swara gumrenggeng, kados ngulami, ngaken nama pun Rambu. Ingkang satunggal nama pun Rangkung. Sajarwa, yèn dèdè manungsa. Pangakenipun, talitining jim ingkang rumeksa ing wana Bintara, nywun lilah badhè rumeksa gangsa Sakatèn punika. Para ngulami ingkang mariksa wau, ingkang sami rinembag punapa? Wangsulanipun jim kekalih, “Adamel leresing tembung, supados boten kelantur. Mila tansah imbal gantos wacana.”

Ènggaling cariyos, sareng kauningan dèning Kangjeng Sultan, lajeng andhawuhaken dhateng para wali, kinèn adamel Sakatèn kiwa tengen. Imbaling swara, gantos lelagon gendhing, nanging ing nalika punika jim kekalih kinèn rumeksa satunggal sèwang. Anurutaken imbal-imbaling pangucap, gentosan takèn-tinakèn. Ananging sami caraning jim kekalih punika, para ngulami boten wonten ingkang mangertos, awit tembung budha.

Dumadakan wonten satunggiling tiyang, nama Kyai Ganjut, saged anjarwani wicantenanipun jim kekalih wau. Mila katrimah, lajeng kadadosaken kanca prebot, anabuh tengara bedhug. Menggah gancaring pangucaping jim katur ing Nata, kados ing ngandhap punika :

Pun rambu atakèn dhateng pun Rangkung, kados makaten pitakènipun :

“Anirna Daya. Tegesipun :  tiyang padudon, alelèndhèyan tiyang sampun pejah.

Mila dumugi samangkè, kanggè tembung dhusun lindhèyan kayu aking, dados angicalaken kekuwataning padudon wau.

Anirna Warsa. Inggih punika ngibaratipun tiyang gadhah pasitèn, dipun sampun ing tangga, kataneman kitri utawi sanès-sanèsipun, tanpa saksi parpat manca lima. Sareng kitri sapanunggalanipun wau awoh, pasitèn katedha ingkang gadhah, sataneman wohipun sadaya. Pinanggihing manah makaten, rèhning Anirna warsa punika tegesipun : angicalaken taun. Dados angicalaken kangelaning tiyang ingkang amulasara siti utawi wit-witan, ngantos dumugi awohipun. Angsala pinten-pinten taun, kaicalaken kèmawon.

Utawi, tembung warsa wau bokmanawi kadamel anyaman wastaning kajeng taun. Dados angicalaken tetaneman. Wondènè sepènipun ing serat utawi pasahid kala panyambuting siti, inggih pikantuk dipun salokani : Anirna Warsa, dados ngicalaken taun. Inggih punika sepen saking titi mangsa, adamel petenging prakawis.

Menggah warsa wau inggih anggadhahi teges : jawah. Ananging menggahing pangraos, teges taun ingkang pikantuk.

Anirna Lingga. Salokanipun tiyang nyamur ing panggènaning durjana. Utawi boten kedah ing penggènanipun durjana, angger tiyang nyamur, kènging dipun salokani Anirna Lingga.

Anirna Pandaya. Salokanipun tiyang gadhah prakawis, asèndhèn tiyang kèsah. Pandaya tegesipun : paèkan, pirantos. Dados kajengipun ing saloka wau : kaicalan gegarining prakawis. Punika ingkang dipun ngibarataken pirantos, sairib mèh sami kaliyan Anirna Daya wau.

Anirna Parosa, Anirna purusa. Salokanipun tiyang ambaèkaken parèntahing Ratu utawi parèntahing ngadil. Tegesipun : parosa utawi parusa : meksa, mikekah, midosa.

Anirna Patra. Ngibarat tiyang mukiri seratanipun. Patra tegesipun : godhong. Mila kabasakaken patra, awit tiyang kina manawi nyerat, papanipun godhong tal, ingkang nama lontar, rontal utawi kropak.

Anara Wacana. Salokanipun tiyang angujar-ujari tiyang, tanpa sebab, utawi jaksa angajak reraosan kaliyan tiyang gugat, utawi tiyang ingkang ginugat. Anara utawi Abara, tegesipun : anjemparing. Purba utawi lingga saking : rasa jemparing. Dados anjeparing kaliyan ujar.

Anir Dhsutha, Anirna Dhustha. Ngibarat tiyang angèsahaken pandung utawi durjana. Dhustha tegesipun : awon, pandung, durjana. Anirdhusta miruda wacana. Salokanipun tiyang ngaken boten ngèsahaken durjana. Miruda tegesipun : ninglar, oncat, ajrih.

Anir Yukti. Salokanipun tiyang peteng utawi boten yektos panarkanipun. Yukti tegesipun : temen.

Ina Riba. Salokanipun tiyang nindakaken prakawis, ingkang sampun boten saged tumindak ing pradata, amargi saking kekirangan waragat. Ina, tegesipun : cacad, kirang. Riba : pisungsun, kemèlikan.

Anak-anakan Timun. Punika ambasakaken tiyang kolu dhteng anak-anakipun. Kados ta : tiyang jaler amendhet anak, rarè èstri. Sareng diwasa lajeng dipun pendhet bojo, utawi tunggil tilem. Makaten ugi tiyang èstri amendhet anak, rarè jaler. Sareng diwasa dipun ajak nunggil tilem, utawi lajeng dados bojonipun.

Ina Kulina. Salokanipun tiyang lumuh sesanakan, utawi tiyang memanggih, boten abaya wara. Lina tegesipun : raket, sengsem, etrapipun dhateng lumuh pasanak. Dados kirang raketipun utawi etrapipun dhateng amemanggih, dados lumuh bayawara, saking sengsemipun dhateng barang ingkang pinanggih.

Anak Molah Bapa Kapradah. Ngibarat tiyang manggih kasusahan utawi reribed, kabekta saking lepating anak.

Kapradah, tegesipun : kabedhah, kababar. Purba utawi lingga saking : pradhah; bedhah babar. Molah wau ngibarat anggenipun nglampahi kalepatan.

Kapradhah, ngibarat tambah risak utawi reribed, awit samukawis ingkang dipun pradhah anama risak. Wasana tiyang budinipun pradhah, tumrapipun dhateng ing tamu ingkang dipun gumatosi tuwin ingkang dipun erobi ing pasegah, saèstu manawi saè. Ananging tumrapipun dhateng darbèk ingkang kasegahaken, boten prayogi, awit saking kalong, amargi dipun pradhah dhateng ingkang gadhah. Kados ta : tiyang sugih anglangkungi, manawi badhè adedana utawi udhik-udhik kathah dahteng tiyang miskin, pamendhetipun ing arta saking gedhong pasimpenanipun kabasakaken bedhah.

Tumrapipun dhateng gedhong arta ingkang kabedhah saèstu boten prayogi, ananging tumrapipun dhateng ingkang dipun danani udhik-udhikan saè. Dados tiyang ingkang budi pradhah wau pasajanipun, babar kasaenanipun. Inggih punika kathah.

Andriya Raksa. Punika salokanipun tiyang butajengan ing samukawis. Andriya tegesipun : ambudi, amanah. Raksa : jagi. Pasajanipun : tiyang ingkang manahipun tansah jagi-jagi kèmawon.

Andaka Ina, Tan Wrin Ngupaya. Tegesipun : bantheng cacad boten uninga ing paèkan, lajeng  katempuh ngupadosi pandungipun. Boten saged amanggihaken, namung ngaturaken belik ingkang kapendhet pandung wau. Dados tiyang makaten punika kalebet cacad. kènging ing panggrayangan, tumut mandung utawi nglampahi piyambak. Dados tan wrin ngupaya wau kajengipun : boten sumerep paekanipun ingkang aken ngupadosi pandung.

Andaka Atawan Wiyasa. Punika salokanipun tiyang gadhah prakawis, rumaos utawi sumerep yèn badhè kawon, lajeng kèsah minggat. Andaka tegesipun : banthèng. Atawan = anemahi; wantahan; kusung-kusung; aboyong. Wiyasa = wangun; damel.

Terangipun  makaten : banthèng, ngibarat tiyang ingkang gadhah prakawis. Boyong tegesipun : ingkang salugu ngalih. Punika kadamel ngibarat : kesah, minggat.

Wiyasa, kados kadamel awakipun ingkang kesah. Dados kapikantukaken dhateng teges : wangun inggih punika dhapur, utawi wanguning badan.

Andaka Anglukar Sari, Baut tan Wrin Baya. Tegesipun : bantheng angudari sekar, saged boten uninga dhateng pakèwed. Salokanipun tiyang jaler angawasaken tiyang èstri liya.

Andaka angungas sari, tan wrin baya. Tegesipun : bantheng angambus sekar, boten uninga ing pakèwed. Salokanipun tiyang jaler anyara-nyara rabining liyan.

Nyara-nyara tegesipun : pindha-pindha, ningkah-ningkah. Kajengipun : angrengkuh dhateng rabining liyan, apinda utawi kacara kados dhateng bojonipun piyambak. Wondèning boten uninga ing pakèwed, utawi boten ajrih dhateng pakèwed.

Andaka Kitiran. Salokanipun tiyang bogo ing parèntah, utawi ngubeng-ubeng ing parèntah. Kitiran tegesipun : kiteran; peksi perkutut; utawi wonten dedolanan anama kitiran. Manawi kanginan mubeng.

Andaka Mangsa Prana, Tan Wrin Ing Lingga. Tegesipun : banthèng amangsa manah, boten uninga ing badan. Salokanipun tiyang nyara-nyara dhateng randhaning rèncangipun.

Tembung prana punika ingkang kadamel ngibarat randhaning rèncang. Mila dipun wastani boten uninga ing badan. Kajengipun : supè yèn bendara, badhè amarunggul rècang èstri. Tegesipun : dadosa panguban.

Andasalin. Tegesipun : anyedasa sembrana. Punika salokanipun tiyang anglelèdhèk sato, wekasan dipun cakot utawi dipun tujah, dipun pèngkal, sasaminipun bilai ingkang pinanggih awit dèning sembrana.

Andiyu Wraksa. Salokanipun tiyang purun dhateng jaksa, utawi dateng parèntah. Anditu tegesipun : kados danawa. Purbanipun : diyu, danawa. Dados tiyang ingkang purun dhateng jaksa utawi parèntah, kaupamèkaken kados danawa utawi kados santosaning pikajengan.

Andum Amilih, punika mabasakaken tiyang ingkang dipun pitadosi amratanata samukawis ingkang dipun pranata, wekasan gadhah pamilih. Menggah tiyang ingkang dipun pitadosi wau, pancènipun inggih gadhah panduman, bebahan, kados ta : angedum barang utawi siti dhusun, mawi amilih ingkang saè, minangka bebahanipun piyambak.

Andangkarta. Wetahing tembung : Andangkaharta. Andangka tegesipun : angudha, harda kalangkung. Punika salokanipun tiyang gadhah atur ngambar-ambar, boten kantenan wekasanipun.

Anteng Kitiran. Ngibarat tiyang kathah tenaganipun utawi ingkang boten saged nganggur badanipun.

Ora Ana Geni Tanpa Kukus. Ngibarat pandamelan saè utawi pandamelan awon tuwin lampah awon, lampah saè, boten wonten ingkang tanpa pawartos. Saben pandamelan utawi lampah-lampah, ènggal, lami, inggih kapireng sanèsipun.

Ora Urus. Punika ambasakaken tiyang manahipun ingkang boten jujur utawi ingkang boten purun uninga ing lepatipun. Urus tegesipun : leres.

Ora Iga Ora Kunca. Punika ngibarat tiyang ingkang miskin sanget. Kaumpamakaken boten dhuwungan, boten bebedan. Dados namung kathokan kèmawon. Iga punika boten tebih kaliyan lambung, panggènan anyangkelit dhuwung. Kunca : klèwèring pucuk kampuh ing wingking.

Ora Angon Kosok. Ngibarat tiyang ingkang boten angon mangsa. Kados ta : tiyang saweg kasusahan, dipun ajak gegujengan. Kosok, ing bebasan punika tegesipun : kosok rebab. Mila dipun basani : ora angon kosok, kados ta : tiyang ngrebab pathet nem, mangka dipun gambangi gandhing pathet sanga, mesthi boten kantenan. Dados bibrah. Makaten ugi sasaminipun : tiyang kasusahan, amesthi boten saged tumut gegujengan.

Ora Narima Ing Pandum. Punika ambasakaken tiyang ingkang boten narimah ing pepesthènipun Gusti Allah. Kedah anggayuh ingkang inggil, kedah anggegem ingkang ageng.

Ora Kena Bathuk Klimis. Punika ambasakaken tiyang blèrè kèmawon, inggih ajeng. Bathuk punika ngibarat warni. Klimis, ngibarat resik. Kajengipun : dadosa boten ayu, angger resik.

Ora Kena diampu-ampu. Ambasakaken tiytang ingkang boten kènging dipun rosani utawi dipun wisèsa. Ampu tegesipun : rosa, kuwat.

Ora Kena Dikarokos. Ambasakaken samukawis ingkang boten kènging dipun gegempil, utawi boten kènging dipun ina. Karokos, tegesipun : anggras, ekul wasèsanipun. Ngrokos, tegesipun : nganggras, ngekul.

Ora Kena Disuwawa utawi Sawawa. Sawawa, tegesipun : tandhing, proyogi, pantes, sambada. Puunika ambasakaken tiyang ingkang boten kenging dipun timbangi.

Pra Kena Disangga Miring. Tegesipun : boten kènging dipun gegampil. Ambasakaken samukawis ingkang mboten kènging dipun lampahi akanthi sembrana, pepèka.

Ora Kena Wong Pilis. Punika anggadahi teges kekalih.  Ingkang sapisan : ora kena bathuk klimis. Kaping kalih : ambasakaken tiyang ngekul utawi amewahi reribeding liyan.

Terangipun makaten, manawi etrepipun dhateng tiyang blèrè. Pilis wau pilis ayon-ayon, kados ta : pilis wungu, ijem, jene, sasminipun, ingkang boten wonten tiyang jejampi, manawi boten sakit.

Ora Kena Londhè. Londhè, ambasakaken samukawis ingkang boten kenging dipun damel api boten. Longok-longok, tegesipun : lenggah, ngadeg utawi limampah, aningali nginggil, sairib kados langak-langak.

Ora Keris, Nanging Keras, utawi : ora keris, yen keras. Punika ambasakaken tiyang nganggras. Tetèlanipun, sanajan tanpa dedamel, nanging keras wicaranipun, saèmper kados tiyang giri-giri.

Harda Walèpa. Punika ambasakaken tiyang centhula, amangsulaken pitakènanipun tiyang. Dipun takèni dèrèng sumaur, males tetaken. Harda tegesipun : sanget, kalangkung. Walèpa = amangsulaken ujar.

Ora Dublong. Ambasakaken tiyang apes, boten daya, boten rosa. Dublong tegesipun : ciplos, gobog, pathak, cocot. Tegesipun : mripat, kuping, sirah, cangkem. Tegesipun Ora dublong punika boten saged wawratan.

Ora Tèlèr. Punika sami kaliyan : dublong ora waru. Tèlèr, tegesipun : umbel. Dados kajengipun : boten saged sisi. Ananging tèlèr punika inggih ugi tembung kasar.

Ora Tèdhèng, utawi ora nganggo tèdhèng aling-aling. Punika ambasakaken tiyang barès, boten mawi samudana. Tèdhèng tegesipun : tetebeng, inggih bangsanipun aling-aling.

Ora Tèyèr. Punika sami kaliyan ora : Ora dublong wau. Tèyèr, tegesipun : uyuh. Menggah tèyèr akaliyan tèyèng, wau sami tembung kasar.

Ora Tembung Ora Lawung. Ngibaratipun tiyang mendhet gadhahanipun tiyang, tanpa patembung, boten mawi akèn nembungaken.

Lawung tegesipun : umbaran, landhèyan utawi landhèyan sawaosipun.

Mila lawung kadamel upamiakèn nembungakèn, awit minangka lantaranipun ingkang akèn. Aliya saking punika, tiyang ingkang boten micara, boten saè dedeg piadegipun, inggih dipun basakaken : Ora tembung, ora lawung. Ora tembung punika kajengipun : ora bisa ngempakakè tembung.

Ora lawung, boten saè dedeg pangadegipun : boten kados lurusing lawung.

Ora Satu. Ambasakaken tiyang kekalih utawi tiyang tiga, ingkang boten tunggil ing pamanah, utawi boten sarju. Satu tegesipun : tunggil, tunggal, banon.

Ora Weruh Endhas Trasi. Ngibarat tiyang jaler ingkang boten opèn dhateng pandamelanipun tiyang estri, utawi tiyang ingkang boten purun anglampahi pandamelan kanistan.

Terangipun makaten : Sarèhning traos panunggilanipun bumbuning olah-olahan, mangka olah-olah punika pandamelanipun èstri, mila kabasakakèn : Ora weruh endhas trasi.

Aliya saking punika, ora weruh endhas trasi wau ring basanipun tiyang ingkang boten anggadahi èring, utawi boten ngaosi dhateng tiyang, amicanteni sawiyah-wiyah.

Ora Weruh Alip Bèngkong. Punika ambasakaken tiyang boten sumerep dhateng aksara Arab. Terangipun makaten : dhapuring Alip punika warni kalih. Ingkang satunggal : leres. Satunggalipun : ing ngandhap ragi nyakuntheng. Punika ingkang dipun wastani Alip bèngkong.

Ora Weruh Kenthang Kimpulè. Ngibarat tiyang boten sumerep ing rembag utawi wijang-wijangipun ingkang dados nalaring prakawis.

Ora Polo Ora Uteg. Amabasakake tiyang ingkang bodho sanget. Polo akaliyan uteg, boten wonten bèdanipun. Namung kaot polo punika tembung kasar.

Arep Jamure, Emoh Watangè. Ngibarat tiyang ajeng dhateng kamèmilikan. Utawi : pokilipun, boten purun kagepok utawi kasempèt ing prakawisipun. Watang makaten : landhèyan. Punika ingkang kangibarataken prakawis, utawi reribed.

Ora Dhenger “Pa” Pincang. Ingkang dipun wastani “pa” pincang punika pasangan “pa”.

Ora Juntrung. Tegesipun juntrung : purun. Punika ambasakaken tiyang matur cecariyosan, boten genah urutipun. Utawi tiyang ingkang boten genah lelurinipun. Dados boten kantenan urutipun ingkang nurunaken.

Ora Jaman, Ora Makam. Punika samukawis ingkang boten mawi kalamasa, saha boten manggèn. Utawi tiyang ingkang boten kantenan asal tuwin panggènanipun. Katelahing basa dados : Ora Jaman, Ora Makan. Makan kaliyan makam, punika sami tembung Arab. Makan tegesipun : panggènan. Makam : kuburan.

Ora Nyèthèt. Punika sami kaliyan : dublong kasebut ing nginggil nyèthèt punika tembung kasar. Tegesipun : wawratan.

Ora Mambu Ènthong Irus. Punika ambasakaken tiyang sanès, ingkang boten wonten ambet-ambeting sana. Terangipun makaten : ènthong kaliyan irus, punika sami abahan pawon. Dados kajengipun : boten kalebet panunggalaning sanak. Boten kados ènthong kaliyan irus. Punika panunggalanipun. Anangining paribasan punika dados rerebatan. Woten ingkang mastani kados makaten wau, wonten ingkang amastani : amabasakaken sanak sadhèrèk ingkang kalis. Dados kajengipun, boten mèmper yèn tunggil bedadok. Ingkang dipun wastani bedadok punika warninipun kados tumbu, kadamel wadhah abahaning pawon, ingkang warni : ènthong, irus, uleg-uleg, sasaminipun. Dados kajengipun : boten mèmper  satunggal wadhah. Wadhah punika ngibarat : biyung.

Ora Mambu Sega Jangan. Punika sami kaliyan : ora mambu ènthong irus. Ananging inggih ugi dados rerebatan kados ingkang sampun wau. Mila sekul kaliyan jangan ingkang dados upami, awit jangan abenipun tiyang nedha.

Ora Mambu Wong Wadon. Punika ambasakaken tiyang èstri ingkang gadhah pratingkah utawi bebudèn kados tiyang jaler.

Ora Mambu Wong Lanang. Ambasakaken tiyang jaler ingkang gadhah pratingkah utawi bebudèn kados tiyang èstri. Dados koso wangsulipun : Ora Mambu Wong Wadon wau.

Ora Mambu Bocah. Ambasakake larè ingkang gadhah  bebudèn kados tiyang sepuh.

Ora Ganja, Ora Unus. Ambasakaken tiyang ingkang dhapuripun awon, yèn wicantenan awon utawi saru. Terangipun makaten : awoning dhapur kaumpamèkaken dhuwung tanpa ganja. Unus punika inggih unusing dhuwung utawi pedhang. Ngibarat wedaling wicanten.

Hèr Gung Raja Manung. Wetahing tembung : Hèr gung raja wana anung. Punika salokanipun tiyang sugih arta, singgih ingkang utama manahipun. Hèr tegesipun : toya. Gung : ageng. Punika kadamel ngibarat kasugihan. Mana : manah. Nung utawi Anung : kawasa, utama, linangkung.

Ora Bisa Andulit Mangsi. Ambasakaken tiyang ingkang boten sumerep aksara Arab. Sami kaliyan : Ora Weruh Sanak. Boten kados ènthong kaliyan irus. Punika panunggalanipun. Utawi : boten sumerep Alip Bèngkong (kasebut ing ngunggil kala wau).

Ora Thothok Jawil. Tiyang gadhah solah tingkah utawi padamel, boten awewartos dhateng tiyang sanès ingkang pantes utawi wajib dipun wartosi. Dados kabasakaken : boten wonten panothok panjawilipun.

Ora Ngebuk, Ora Ngepèn. Ambasakaken tiyang boten saged maos, boten saged nyerat. Ngebuk utawi ngepèn punika sami dèdè tembung Jawi, ananging tiyang Jawi sampun kathah ingkang sumerep. Menggah ingkang dipun wastani : ebuk punika serat. Epèn = kalam.

Ora Ngubengakè Jantra, Kedhayohan Wong. Utawi : Ora ngubengakè jantra, teka katekan wong edan.Punika basanipun tiyang ingkang kadhatengan tiyang èdan. Terangipun makaten : ingkang dados ila-ilanipun tiyang Jawi, yèn jantra kaubengaken, boten kadamel ngantih, ngadat ingkang ngubengaken kadhatengan tiyang èdan.

Aran Raja Likasan, yèn ginawa perang, kinepung mungsuhè, ora katon; lan ora kena dialani ing wong; tulus dayanè, bener pikirè, lan bisa mlumpat adoh, sarta adoh bebèkanè, kalis ing lara, cepak jatu kramanè lan sandhang panganè; sinung kadrajatan sarta apa karepè katekan; ginawa memaling, olèhan; kinèston dèning wong wadon, kèringan, tulus karejekènè.

Encak-encaken. Tegesipun : ginjal-ginjal. Yèn tumraping budi, tiyang kekathahen reringa.

Encak-encak Pucuking Eri. Ngibarat tiyang ngabdi ingkang boten angsal manah. Samukawis lampahipun angsal kalepatan. Dados tansah minggrang-minggring kèmawon.

Ana Catur Mungkur. Punika maribasakaken tiyang ingkang boten purun mirengaken utawi amanah reraosan.

Terangipun makaten : menggahing ngibaratipun, tiyang lumampah mawi teken, manawi ngambah radinan ingkang jeblog, tekenipun inggih kaanggè ugi, boten mawi kapilihaken ingkang gasik. Dados teken wau kawstanan boten ajrih ing jeblogan.

Wondènè teken punika ngibarat pajaleran. Jeblongan ngibarat pawetrèn. Menggah tiyang jaler ingkang lèmèran, manawi gadhah pikajeng dhateng tiyang èstri, boten mawi milih. Sanajan sampun sumerep yèn tiyang awon, sarta badhè anulari ing sesdakitipun, inggih ugi dipun ramuhi.

Amadu Balung Kapèsing. Wetahing tembung : Amadu balung tanpa isi.

Wonten bebasan : Ora ngrungokakè jaratan growong. Wetahing tembung : Ora ngrungakakè ujaring wong.

Cocak Mati Ulonè. Wetahing tembung : Cocak mati gulunè.

Inggih punika tiyang lonyo pangucap, karem ngathi-ngathik ingkang boten wonten. Wekasan pejah saking ucaping piyambah. Mila dados pepènget ing tembè wingking, anak putu sampun ngantos karem ujar jejailan, muthakil, awit punika mejahi sandhang panganipun.

Wonten tembung malih : Cecak Nguntal Lo, Katèpang Ngrangsang Gunung.

Leresipun cecak anedha lo punika tandha kaèlokan; amung dados sasmitaning nagari kèmawon.

Katèpang ngrangsang gunung punika leresipun tembung : Wit katèpan ngrangsang ardi. Yakti andadosaken kaèlokan malih. Mangka leresipun, ingkang nama katèpan wau wit-witan ingkang sakalangkung andhap; godhong karaket ing siti.

Yakti mokal yèn sageda angungkuli agraning wukir. Mila sadaya wau amung dados pratandha cipta sasmitaning nagari, badhè karisakan.

Kala samanten sampun katur ring Nata imbal wacananipun jim kekalih wau. Mila lajeng kaanggè wewaton bebukaning gangsa Sekatèn wau imbal-imbalan kadi ucap-ucapan, wangsul winangsulan.

Bebukaning gangsa Sekatèn winasta Rambu. Dènè leresipun bebuka Rambu punika Sekatèn Ageng Rangkung punika Sekatè Anakan.

RAMBU : bedhug rumiyin, minangka tengaraning bebuka ingkang nama Rambu.

RANGKUNG : demung panunggal kasarengan saron barungan, lajeng saur-sauran ing bonang. Tanpa kenong.

Sadaya wau ingkang dipun enut swara barung binarunging jim kekalih, nama pun Rambu Rangkung, inggih punika ingkang rumeksa gangsa Sekatèn. Dènè rarasing gendhing barung rarasing sisingiran masjid.

bersambung…. bag II

————————-

Sumber :

Tedhakan Serat Kina Ingkang mratelakake lelampahan Sarta sugengipun Kangjeng Sunan Kalijaga Ingkang cinandhi ing Pasarean Kadilangu Demak. Kababar lan lan kawedalaken PAGUYUBAN AHLI WARIS KULAWARGA KANGJENG SUNAN KALIJAGA. Dening PAGUYUBAN AHLI WARIS/KULUWARGA SUNAN KALIJAGA, Cabang Jakarta 1993. Ingkang nindakaken penedhakipun Astuti Hendrato Darmosugito.

SERAT PARTADEWA Pupuh XIII – XXVI


~ PUPUH XIII ~
S  I  N  O  M 

  1. Antara mèh bangun rina/ munya dhêdhêt Erawati/ sato wana sêsauran/ umung swaraning kang pêksi/ katon pucaking wukir/ soroting surya manêmpuh/ rêsmining kang pradapa/ wênèh wungu pita wilis/ anrang baya mring sang pinarjayèng rimang//
  2. Rumrang gandaning puspita/ dahat sinrang dening angin/ têbah [80]tumanduk mring sang dyah/ wimbuh gambuh amranani/ manyura munya dumling/ nyangungkung pindha manguwuh-/ ira Sang Bayuputra/ trênyuh tyas Arimba ari)/ kasangsaya kontab naratab tab-taban//
  3. Datan kêna sinayutan/ tyasira Dèwi Arimbi/ mijil saking pamêlêngan/ mêsat saking ing wiyati/ wus wignyaning rasêksi/ kang samya trahing aluhur/ bisa ngambah dirgantara/ tanpa lar pang kadya pêksi/ kang sinêdya tumamèng praja Mandura//
  4. Tan kêna yèn kinirowa/ tikêle ngambah wiyati/ tuwin linakonan dharat/ gêlis angambah wiyati/ gantya ingkang kawarni/ ing Mandura SangAprabu/ Mahraja Baladewa/ iya Basudewa aji/ apêparab Sri KusumaWalikita//
  5. Mahendra putra surèng rat/ Kakrasana Narapati/ ajêjuluk Jaladara/ ratu titising dewa di/ nênggih Sang Hyang Basuki/ pan jawata nayaka gung/ kacrita gêng wiyoga/ wit murcane ingkang rayi/ Sri Bathara Danardana ing Dwaraka//
  6. Sadalu anungku puja/ nèng pamêlêngan sêmadi/ antuk sasmitaning dewa/ têrang tyase sribupati/ byar rina surya kèksi/ luwaran gyannya manêkung/ têdhak mring langên tirta/ ujwala rêsmi sarwa sri/ sawusira sang nata umanjing pura//
  7. Ing sawusira busana/ alênggah srinarapati/ satata lawan kang garwa/ Kusumayu Erawati/ atab kênya ing puri/ kunêng gantya kang winuwus/ Arimbi sang kusuma/ kang anjok saking wiyati/ kang jinujug wurining daturêtnendra//
  8. Tan taha tu-[81]mamèng pura/ angrangu pipining kori/ prameswarindra tumingal/ tan samar umyat sang dèwi/ matur mring sribupati/ dhuh pukulun sang aprabu/ punika ri paduka/ Arimbi ing Pringgodani/ pramèswari tumêdhak tundhuk sang rêtna//
  9. Kang rayi nulya cinandhak/ sukèng tyas Dyah Erawati/ dangu-dangu kawistara/ yèn kang rayi marbês mili/ cuwèng tyas sang rêtna ngling/ paran yayi kang dadya gyuh/ alon binakta minggah/ ya ta Kusuma Arimbi/ ambruk lunggwèng pangkoning raka sang nata//
  10. Alara dènnya karuna/ sêsambate amlas asih/ kadruya srinaranata/sungkawane raja putri/ ya ta srinarapati/ anglêlipur mring sangamongkung/ ngrih-arih ing wacana/ mênênga aywa anangis/ yèn kadurus ing sungkawa tanpa karya//
  11. Bok ngantên sira pajara/ paran darunaning tangis/ umatur rêtna juwita/miwiti prapta mungkasi/ sirnaning Pandhawa ji/ wong sapraja lirtinulung/ dhahat pan karya eram/ ngandika srinarapati/ satêmêne yayi apan padha-padha//
  12. Sira kaelangan garwa/ layak akarya tyas atis/ dhuh bok ngantên mung sapira/ gunge susah ingkang ati/ kadangira yayi aji/ sirnane lawan arimu/ Sri Rara Bratajaya/ buh praptane rara pati/ sapiraa yayi rasaning tyasingwang//
  13. Nanging ana dayaning tyas/ kang ngadhêm-adhêmi ati/ adat yèn lunga barêngan/ lawas gêlis pasthi mulih/ ipemu yayi aji/ lir wangke kentar ing ranu/ iku samangsa-mangsa/ timbule pas-[82]thi barêngi/ wus adate bok ngantên ping pira-pira//
  14. Marma ywa kadora susah/ mêngko sun kang angulati/ ing sirnane garwanira/ pisah dènjênak atunggu puri/ ana kinarya pilis/ gêguyon kang kakangamu/ lêlungsèn angantia/ ing purnane padha nis/ srinarendra angandika mring kang garwa//
  15. Yayi Erawati sira/ dèn bisa ngaling-alingi/ sun arsa atinggal praja/ bok wadya tanya mring mami/ sun warahên lagya gring/ lawan tan sinawang wagu/ ywa karya sadayèng tyas/ sigra sang nata umanjing/ pamêlêngan asêmadi karsanira//
  16. Angêningakên ing driya/ panca waranya kawingkis/ sirna kang rasa pangrasa/ yèn Baladewa sang aji/ agampang dènnya murih/ kumpuling rêncana catur/ binuwang tan kêmrosak/ ya ta wau sribupati/ wus amuwus sirna saking pamêlêngan//
  17. Tan winarna lampahira/ sakêdhap pan sampun prapti/ ing wanci surya manglayang/ pan eyube sribupati/ jujug sajroning puri/ ing gyan pramèswari sêpuh/ garwa Narendra Krêsna/ kang ngadhaton Dwarawati/ sang rêtnayu Jêmbawati kang panêngran//
  18. Sang kusuma duk umiyat/ ing rawuhe sribupati/ gurawalan praptanêmbah/ parama radèn timbali/ Sêtyaboma Rukmini/ agupuh wus samya rawuh/ kalih sungkêmi pada/ sang rêtna karuna ririh/ luhira nêlêsi pangkoning raka//
  19. Sambate amêlas arsa/ adhuh kakang narapati/ mring pundi rayi paduka/ puwara aninggal dasih/ susulna awak [83] mami/ yèn têksih kêng aji njujug/ lamun rayi paduka/ bok wus tan kêna inganti/ gya ngêlalu kawula malbèng pancaka//
  20. Akathah sêsambatira/ sang dyah pramèswari kalih/ ya ta nata Baladewa/ angrês tyas miyarsa tangis/ surya bang maratani/ kumêmbêng netra kêbakluh/ jangga srêt gung manênggak/ datan bisa angangsuli/ panabdane sang rêtna mung têbah jaja//
  21. Jêmbawati wlas tumingal/ mring sambate ari kalih/ dadya lon ingkang wacana/ dhuh ariku wong rêspati/ tan beda sira yayi/ wulanguning tyas lan ingsun/ de padha among putra/ kabèh pan durung akrami/ mangka noradrêman tinunggu ing wayah//
  22. Balik mungguha pawaka/ kang lagyarda hruning hagni/ kang mangka sirêping panas/ ing rawuhe sribupati/ prasasat maosa di/ tirtamaya gungtumanduk/ yayi mring jiwanira/ ilang prabawaning kang gêni/ yènmungguha bantala kataman surya//
  23. Karya kang bumi bêlah/ prabawaning Sang Hyang Rawi/ mangka nulikawênangan/ ing rawuhe sribupati/ prasasat kang tirtaning/ bun raturatuning bun/ lumaku kapêtêngan/ jêng sinuhun angobori/ wong lumakulunyu srana lêlantran//
  24. Balik yayi payo padha/ nyawang karsaning sang aji/ paran ta ing karsanira/ dèn mituhu ywa gumingsir/ iku yayi kang pêsthi/ patut tinakon wong têlu/ tanpa karya karuna/ mung mundhak abêbingungi/ pakolihe gugah tyas kang gung rêncana//
  25. Inguni jêng srinare-[84]ndra/ kang lagya migêning dasih/ wanti-wanti ingpamulang/ mring sira kalawan mami/ dènsabar barang budi/ lantêguh sabarang wuwus/ panyimparing kagetan/ pikukuhing wong dumadi/ ing samêngko wong têlu barêng anyandhang//
  26. Marma yayi dèn narima/ mring hyang kang misesa kami/ sêranane ing panrima/ saranta lan na ya manis/ barang wêtuning budi/ kudu sarèh ing panêguh/ kang mêlêng ing pamawas/ iku margining patitis/ ywa sinêngguh ingsun mêmulang ing sira//
  27. Rèhning wong ginawe tuwa/ sapakoleh mituturi/ nahan Prabu Baladewa/angandika mring kang rayi/ Kusuma Jêmbawati/ timbalan sutaningsun/ ing prabu kadipatyan/ ana dayaning kang ati/ watarèngsun pantês yèn padha linakyan//
  28. Sang rêtna wus mijil sigra/ pawongan kang animbali/ mring putra Rahadèn Samba/ kang liningan wus lumaris/ kang kawarna ing margi/ duta wus panggih sang bagus/ wusnya matur ing karya/ gya kêrit tumamèng puri/ dyan ngabêkti ing uwa srinaranata//
  29. Ngandika Narpati Bala-/ dewa mring sang narpasiwi/ kulupangkatku sing praja/ karkatingsun mung angungsi/ ngupaya trangingati/ nèng wisma kataman bingung/ katêkan bibekira/ yayi Dèwi Pringgodani/ ambruk pangkon panangise tanpa kira//
  30. 30.     Mêngko ngungsi mring Mandura/ buh sor ungguling tangis/ umatur sangrajaputra/ mring uwa srinarapati/ pukulun jêng wa aji/ paran darunaning muwun/ bibi Arimbi sang dyah/ angandika sribupati/ lir dêdongènging purwa madya wasana// [85]
  31. Andikane srinarendra/ lir usadaning akingkin/ mring sang rêtna katri samya/ pamuwuse anêlahi/ ngandika sribupati/ saiki ing karsaningsun/ bok ratu katri padha/ sun gawarsa angulati/ usadaning tyas wong kataman cintaka//
  32. Parandene anèng praja/ ya anggung ngandhut wiyati/ anguran sun gawalunga/ tan nganggo suka prihatin/ sumambung Dyah Rukmini/ gumujênganyablèk jêngku/ luhung yèn makatêna/ aprasasat wus ngêmasi/pintên bêngi ing têmbe manggih raharja//
  33. Ngandika Sang Baladewa/ sira kulup dènabêcik/ tutupmu mring prapunggawa/ aja nganti akarya tis/ ngandika sribupati/ dènage yayi katêlu/ manjinga garbaning wang/ sigra buka sribupati/ pranajane ngalela katon gapura//
  34. Maneka warna rêtnendah/ awan sang rêtna umanjing/ kawangwang rêsmining pura/ katiga sênêng ing galih/ wus mentar sribupati/ anggêgananyamut-nyamut/ lir taruka pawanan/ saparan katubing angin/ ya ta kunêng gantya ingkang kawuwusa//
  35. Satriya Partatênaya/ kang linggar saking jro puri/ purendra Cintakapura/ kacarita pitung ratri/ dènnya ngambah wana dri/ murang margamunggah gunung/ lawan tri kawanira/ yèn lêrêm nèng jurang trêbis/ salin gambuh mari têmbange lêgondhang//

~ PUPUH XIV ~
G  A  M  B  U  H 

  1. Yèn rina anrang gunung/ lamun sayah lêrêm ing garumbul/ datan ajrih bêbayane ing wana dri/ kèh swara pating galêbrug/ singa barong tinggêlarong//
  2. Ya ta rahadyan sunu/ aningali rêsmining kang gunung/ tan patya gêngmiwah datan pati inggil/ [86] mung ujwalane ngênguwung/ ruyu-ruyuneingkang ron//
  3. Sumbaga raning gunung/ ana dhukuhe banjar anglangut/ tinon saking dohkaton wiwaranya sri/ tumrun akêkayon têpung/ tumpang pangngrêmbuyung kang ron//
  4. Sawetaning dhêdhukuh/ ana pasar swarane wong umung/ padolanemawarna saengga nagri/ kali mili mubêng têpung/ tirta mili tinonnyarong//
  5. Satêngêning dhêdhukuh/ pasawahan arata kadulu/ ana ingkangmrêkatak miwah mlêndhuti/ kalis ama lêmu-lêmu/ tinon lir jaladangayom//
  6. Ing ngarsa kang wana gung/ kêkayone akèh manggis dhuku/ jambu jirakpêlêm pakèl myang kuwèni/ pijêtan durywan kapundhung/ rambutan lan gowok dhompyong//
  7. Tan ana kang buron gung/ naming kidang kancil lan tarwèlu/ sakèh buron ama tan wani ngênggoni/ tikus luwak rase wêrgul/ padha manggon kangdoh-adoh//
  8. Yèn manuk mung drêkuku/ cocak kuthilang parênjak dêruk/ johan kathiksikatan putêr barênggi/ suwung walang ulêr sêmut/ mung kèndhêla lan kinjêng dom//
  9. Rêrênggyan jroning wangun/ kêkêmbangan kang samya ganda rum/ warna-warna ana bang kuning myang putih/ nèng jêmbangan gêdhah wungu/ sinêling traping pandokok//
  10. Dene pinangkanipun/ pisungsunge satriya gung-agung/ kang padha sihmrih puruhita sang yogi/ balumbang binata têpung/ mili swaranegêmrojog//
  11. Wadêr mas kang dèningu/ turut pinggir amangani lumut/ [87] ana umbulmancur muncar malbèng puri/ wisma lit piranti lamun/ sang wikusiram nèng kono//
  12. Tan kasêbut ing gunung/ mung dhukuhe pratapan ranipun/ Yêksaratapasebutan wong ngarani/ jêjulukira sang wiku/ Jayawilapa kinaot//
  13. Tan pêgat amanêkung/ tranging paningal wacana tuhu/ saking deningsinihan ing jawata di/ nèng ana rêsmining wangun/ wuwusên sang andon lamong//
  14. Tan sinêdya kalamun/ umarêka marang sang awiku/ kadi sakingkarsaning dewa linuwih/ apa sabdaning sang wiku/ lampahe sang prawira nom//
  15. Kadya wong mêndêm gadhung/ galuyuran tan ngambah dêlanggung/ dhasar sami tan dhahar tanapi guling/ saking sêdyane anglampus/ angupaya tan antuk don//
  16. Ya ta wau sang wiku/  mijil ing wisma marani gupuh/ ya ta wauKusuma Jahnawisiwi/ duk tumingal ing sang wiku/ lumayu nungkêmigupoh//
  17. Ing padanya sang wiku/ nulya binekta tumamèng dhukuh/ ingkangana ing wisma Endhang Palupi/ ibunira sang aprabu/ ingrancang Mas Gambiranom//
  18. Kagyat ing praptanipun/ ingkang rama anganthi Bimanyu/ dyan rinangkul radyan tansah dèntangisi/ Bimanyu manêmbah sampun/ sumungkêm padaibu nom//
  19. Pamuwune sang bagus/ de warna kathah empêring ibu/ rada widhung Kusuma Dèwi Palupi/ bawane kusumèng gunung/ cahyane padha mancorong//
  20. Sakêdhap Sang Bimanyu/ winasta-[88]nan kang putra Sang Prabu/ Gambiranom dêdêg pangadêge sami/ kulit angron pisang pupus/ solah tandang bawa kaot//
  21. Tandang tindaking suku/ solah asta twin obahing lambung/ bawawijiling sabda sora myang ririh/ ganggas bêrgas Sang Aprabu/ Bimanyu luruh pasêmon//
  22. Wusing purna pamuwus/ Dyah Palupi pangandikanya rum/ KakangSemar saanakira dènanglês/ ngasoa marang ing pungkur/ bok ana bukti ing pawon//
  23. Sigra-sigra wong têlu/ mring padhangan sumaji kang sêkul/ têlung bodhag jangan bobor rong kuwali/ kuluban nêm panjang munjung/ salayah sambêle lêthok//
  24. Linadèn cantrik pitu/ kontrang kantring prandene krêp kantu/ sayah muluk jaluk dulang turon miring/ gulu anggung tinalusur/ balêdhèh wadhuk ing oyog//
  25. Panakawan tri tuwuk/ kamlakarên tan bisa lumaku/ arsa marang kali ginendhong mring cantrik/ prentah adang godhog jagung/ nyambêl kukus kêlan kelor//
  26. Winuwus Partasunu/ anèng Yêksarata tigang dalu/ esuk sore suka myatlangêning wukir/ nèng botrawi siram kungkum/ mêntas myat puspitèngkêbon//
  27. Tumingal sêkar gadhung/ agrêronce manduk gandanya rum/ gungwinawang katon mêlok yayah bibi/ gandrung-gandrung myat malêtuk/malathi karya wirangrong//
  28. Ya ta sang kusumèng rum/ myat ing putra tansah amangunkung/ pinarpêkan pamuwuse nga-[89]rih-arih/ rinangkul binakta kondur/ praptèng dhepok arawat loh//
  29. Radyan salaminipun/ nèng pratapan tan kongsi umatur/ lêlakoning Pandawa sampun udani/ sang pandhita gung pitutur/ ing purwa madya praptèng don//
  30. Winulang wantu-wantu/ ing kadibyan pamunahing satru/ mibêr tan lar garing yèn angambah warih/ tan gèsang lamun katunu/ prabawane linuwih wong//
  31. Ngandika sang awiku/ sun pitutur kulup mring sirèku/ kalamun trahSaptarêngga iku pasthi/ lamun kataman rubiru/ sinikara padhaning wong//
  32. Walêse tikêl gulung/ tan ngamungkên kang sikara iku/ ing satêrah sumungkêm padaning sikil/ mring trah Saptarêngga suyut/ mangkaganjaran Hyang Manon//
  33. Kaya ta sang aprabu/ ing Ngastina lali mring sadulur/ asikara nyuraya para narpati/ tan kinêcêng walêsipun/ jêr Ngastina sasat rumpon//
  34. Ratune kadang satus/ minangka ram wadya lir bêkatul/ SribupatiBaladewa Si Sapwani/ ing Mandraka Sang Aprabu/ Dewabrata rêsi katong//
  35. Pagêr wiwide brukut/ Durna panggiringe kang mina gung/ ingkang mangka mina sagung pra narpati/ ing sabrang kabèh ngalumpuk/ mringPraja Ngastina rumpon//
  36. Yèn wus mina ngalumpuk/ sang narpati Pandhawa kang ngirup/ darahira ing têmbe ingkang ambukti/ tumêrah turun-temurun/ tan kasêlan jêr wis manggon//
  37. Paran margane luput/ Jêng Hyang Soman kang mong Pandhusunu/ Sang Hyang Soman mustikaning pra dewa di/ nuli kinanthèn [90]wakamu/ Badranaya dewa katon//
  38. Panyimpar pra karya dur/ panawa wisaning Hyang Naga gung/ marmakulup turutên pitutur mami/ mringa sukolima dhukuh/ pasanggrahan sabrang kono//
  39. Ana putrine ayu/ Suryadiwati rupa pinunjul/ iki pan mèh timbuleArya Pamadi/ ambilên putrine iku/ sira mulih sakaloron//
  40. Sapira bae kulup/ pangudange ing ramanta besuk/ kesthi têmên ayoga bisa nêtêpi/ kêkudangane ramèku/ watak Arjuna kang dènnggo//
  41. Sigra Sang Abimanyu/ ngabêkti mring eyang sang awiku/ lan ngabêkti mring ibu Dèwi Palupi/ sang rêtna ngaras ing êmbun/ anggung drês waspanya miyos//
  42. Wus lèngsèr sang bagus/ prapta jawining sanggar pra glitung/ ting jêrawil mangayubagya sang pêkik/ endhang ngadhang ing dêlanggung/ anyaoskên gantèn rokok//
  43. Sakèh ingkang pisungsung/ para endhang tinulak sêdarum/ nangismarang pra endhang gumulung siti/ ana lulur-lulur suku/ tan ngeman jaja ginablok//
  44. Sêmar saanakipun/ gurawalan anusul sang bagus/ ana endhang têlu samya anututi/ gujèk mring Ki Lurah Petruk/ nagih utange bêrondong//
  45. Kêcandhak pinggir lurung/ ginagewèng Pretruk salah ambruk/ anênapuk jêjak dugang anggabloki/ bêbêt kathok ora ngukup/ ting saluwir jendral katon//
  46. 46.     Garèng dènnya lumayu/ malbèng pasawahan tan kadulu/ ingkang potangsaking doh samya balangi/ sirah Garèng nora luput/ kêna balang cêplascêplos// [91]
  47. Ya ta sang among gandrung/ sirna pêpêtêng ruwêting kalbu/ kunêng wontên ingkang kawuwusa malih/ sinimpên têmbange gambuh/ durmarangsang kang gumantos//

~ PUPUH XV ~
D  U  R  M  A

  1. Kawarnaa sribupati ing Gumiwang/ sakundurira saking/ Batanakawarsa/ sangêt cuwaning driya/ cinarita tigang ari/ kadya kantaka/ atajin dhahar guling//
  2. Ingkang mangka sandeyaning driyanira/ ing karsa bok tinampik/ de sirnaning mêngsah/ tan mawi sarana prang/ marmanggung sumpêking galih/ mung Dahyang Druna/ kang anggung bêbolèhi//
  3. Ya ta wau wusing sirna duka cipta/ enjing miyos tinangkil/ anèng pasanggrahan/ pêpak punggawèng ngarsa/ kang cakêt kya patih kalih/ tan lyan sinabda/ mung dènnya cuwèng galih//
  4. Tan pantara ing jawi swara gumêrah/ praptaning catur mantri/ kang pinatah têngga/ kutha Cintakapura/ sigra tinimbalan aglis/ kapat wus prapta/ ngarsaning sribupati//
  5. Angandika Sang Prabu Suryaanggana/ mring punggawa kang prapti/ hèh pagene sira/ mulih dudu karsèngwang/ tan karana sun timbali/ manawa ana/ karya kang angluwihi//
  6. Ya ta matur manêmbah catur bupatya/ pukulun sribupati/ pramila kawula/ mundur saking pajagan/ wontên sinatriya prapti/ saking aldaka/ Kelasawarna giri//
  7. Ingkang apanêngran Bambang Partadewa/ atmajaning maharsi/ Sang Kilatarupa/ prapta jujug jro pura/ kawula dipuntimbali/ kang abdi sowan/ sakanca malbèng puri//
  8. 8)Amba lawan kanca sami dhinawuhan/ makatên kang wê-[92]wêling/ wis padha muliha/ ingsun kang ngrêksa praja/ sun iki mitra sapati/ lawan Pandhawa/ dudu karyamu yêkti//
  9. Matura mring gustimu Si Suryanggana/ dene kongsi mungkasi/ aturing punggawa/ sigra narik musala/ kapat punggawa binabit/ dening musala/ kapat sirah gumlinting//
  10. Sinampar ing suku sirah kapat mêsat/ tibèng glundhung tiba têbih/sigra Satrutama/ nyandhak gêmbung punggawa/ ginèrèt mêdal ing jawi/ ya ta sang nata/ dukane tan sinipi//
  11. Angandika marang Gajah Antisura/ sira dangdana aglis/ lawan anggawaa/ prajurit sawatara/ kêpungên Cintakapuri/ lawan miliha/ bocah buta kang bêcik//
  12. Buta mangka pangarêping lakunira/ nanging sira ywa kongsi/ wani malbèng praja/ dene ing karyanira/ bok Si Partadewa mijil/ têka jro pura/ iku sun kuwayani//
  13. Lakunira yèn kapranggul trah Pandhawa/ aja nganti sumingkir/ bandanên awya wal/ yèn budi patènana/ mrênaha papan kang bêcik/ sun dhewe seba/ mring rama sribupati//
  14. Sigra mundur Gajah Antisura/ sapraptanirèng jawi/ miji kang punggawa/ buta wusnya siyaga/ mangkat buta andhisiki/ sang nata budhal/sumiwa ing rama ji//
  15. Duk satêngah dina lampahe ki patya/ panganjur ingkang yêksi/ myatingkang sujanma/ lèrèn ngisor mandera/ buta gêbayan nulya glis/marpêki arsa/ têtanya kang lumaris//
  16. Kunêng ditya wuwusen Partatênaya/ lèrèn sor man-[93]dera sri/ lankawan têtiga/ myarsa swara kêmrêsêg/ lan mambu gandaning yêksi/18)sigra rahadyan/ jêjagan abêbiting//
  17. Abêborang nglumpukkên prajuritira/ têpung ngalang ngubêngi/ngisor myang gêgana/ Bimanyu wus kajiwa/ mring Hyang kangmisesèng bumi/ nahên saksana/ yêksa kèh andhatêngi//
  18. Pangarêpe yaksa pun Kala Prêmeya/ kang akèh jagèng wuri/ sang yaksatêtanya/ babo sapa ranira/ lan apa karyamu dening/ liwat nglêngkara/ lumaku marang margi//
  19. Anauri Bimanyu sun Partasuta/ sira buta ing ngendi/ lan sapa ranira/ tingkahmu gora godha/ kang tinanya anauri/ sun buta dêmang/ ayer ngiras pulisi//
  20. Sira apa sêntananing wong Pandhawa/ ngakua aja mukir/ yèn sirabêlaka/ dak-ganjar lungguh dêmang/ ngiras dadia gêlidhig/ Bimanyunabda/ sun putra Pandhusiwi//
  21. Kaponakan dening narpati Pandhawa/ arêp apa siranjing/ wil Prameyalatah/ kalingane ta sira/ bêburone gusti mami/ andadak minggat/ mring êndi gonmu ngungsi//
  22. Angungsia mring têlaking sang nagendra/ tuwin ing Suranadi/ mangsa ta wurunga/ kêcanthil nyawanira/ lah nuruta sun talèni/ Bimanyu mojar/ sira buta pêkathik//
  23. Kewan alas padhaning jêjinisira/ tan mawang myat sujanmi/ sun baguswarata/ sakojur tanpa cacat/ rupamu pating bêsasik/ pantês mung mangan/ bê-[94]buron ukur cacing//
  24. Krodha nyandhak suligi Kala Prameya/ Bimanyu kang binabit/ sumêbut akebat/ Partatanaya oncat/ kinayang dènira babit/ antuk landhêsan/ yêksa lir ginalintir//
  25. Tiba klumah yaksa sru angathang-athang/ Petruk kêbat nututi/ mripate Premeya/ cinocok ori carang/ yaksa anggung gobag-gabig/ tangi narajang/ tumandang mung andèrpati//
  26. Netra wuta anggung numbuk gora rupa/ ginuyu dening yaksi/ yêksa wira mangsah/ têlu barêng tumandang/ kinarubut Partasiwi/ dening tri yaksa/ tinubruk nganan ngering//
  27. Radèn Jayênggati tan kewran ing solah/ kinarubut ing yaksi/ anapuk andugang/ nampiling nêbak jêjak/ saya kèh yaksa ngêmbuli/ sigra rahadyan/ trêngginas anarik kris//
  28. Ditya ingkang ngarubut sinrang gumlimpang/ kagarut ganja mati/ Bimanyu malumpat/ mamrih papan kang padhang/ sigra amusthi jêmparing/ kang narawantah/ lumêpas mring wiyati//
  29. Kêthèn wendran bêlêg sumawur ngawiyat/ tibane lir garimis/ sêrsêg tumpa-tumpa/ nibani kang raseksa/ ting gulimpang bangkening wil/ atumpa-tumpa/ kang mlayu dèntututi//
  30. Sayêkti doh de rosaning kang [95] panawa/ wuwusên kyana patih/ têtindhih ing wuntat/ senapati manungsa/ manggala pangirit baris/ Sang Antisura/ kanggêg dènnya lumaris//
  31. Buta ndhêlik ing êrong tinuding panah/ ting talêsêp ngulati/ kacandhak tinanam/ mung busêk gumalimpang/ panah baut mandi-mandi/ upama udan/ binuncang dening angin//
  32. Sayêkti doh de rosaning kang [95] panawa/ wuwusên kyana patih/ têtindhih ing wuntat/ senapati manungsa/ manggala pangirit baris/ Sang Antisura/ kanggêg dènnya lumaris//
  33. Myarsa swara gumuruh gora gurnita/ kadya manêngkêr langit/ sumiyuting wrêksa/ ron kabur kamarutan/ tan dangu udan jêmparing/ adrês ing wiyat/ nibani kang prajurit//
  34. Wus anyakra Patih Gajah Antisura/ yèn wadya wil ing ngarsi/apranggulan kang/ satêmah wawan ing prang/ garjita rêkyana patih/ sigra amênthang/ panulaking jêmparing//
  35. Musthi ingkang bramastra nyandhak wisesa/ minantra wus umijil/ dahana angalad/ sungsun atumpa-tumpa/ dalêdêg wijiling hakni/ kumantar-kantar/ wrêksa wana kabêsmi//
  36. Kang sanjatanira wantah sirna gêmpang/ pinangan sanjata hagni/ kagyat Partasuta/ myat prabawa dahana/ sukèng Dyah Jahnawisiwi/ èngêt kataman/ cobaning sang maharsi//
  37. Ingkang eyang Begawan Jayawilapa/ tambah sudirèng galih/ sigra-sigra nyandhak laras/ ingkang panah warayang/ mênthang langkapnya gumêrit/ tumêngèng wiyat/ sanjata mijil angin//
  38. Gumaludhug prahara gora sinêrang/ bayu bajra tumindhih/ kèh patih sulaya/ wrêksa rubuh kaharah/ bramastra kabuncang angin/ hruning warayang/ sumêbut mobat-mabit//
  39. Sumpêk nampêk kapalêpêk wadya sabrang/ gègèr lumayu ngisis/ ngungsi senapatya/ Ki Patih Antisura/ têtêg tan nêdya gumingsir/ Bi-[96]manyu sigra/ marpêki senopati//
  40. Asta kiwa wiraga ngasta kang langkap/ têngên Hardhadhedhali/ alon atêtanya/ hèh sabrang ranmu sapa/ sikara nyidra ing jurit/ apa wus adat/ tan parikramèng jurit//
  41. Kagyat mulat mring bagusing radyan putra/ gèdhèk-gèdhèk ki patih/ gung angunjal napas/ nyakra dudu manusa/ groyok dènira nauri/ yèn tambuh mring wang/ ing sabrang sun pêpatih//
  42. Raningsun Patih Gajah Antisura/ taliti sutèng patih/ marmèngsun labuh prang/ jêr buta kancaning wang/ sapa aranmu wong sigit/ manawa sira/ jawata pindha janmi//
  43. Anauri ingsun putra Madukara/ satriya Plangkawati/ Bimanyu raningwang/ ya Arya Partasuta/ atmaja surayèng widhi/ Hendratanaya/ Badra siswa ya mami//
  44. Apèparab kyatingrat Jahnawisuta/ Pamadyasuta mami/ Sang Arjuna Weka/ Tenaya Widasmara/ atmaja Prabu Kalithi/ prawinaning prang/ Suraya andon rêsmi//
  45. Kadangingsun putra waranggana Surendra/ kabêh nêmbah ing mami/ Patih Antisura/ malongo duk miyarsa/ nauri gumuyu ngikik/ asugih aran/ tumpuk atumpang tindhih//
  46. Lah nututa wong bagus sira sun gawa/ milih mring praja mami/ ywa nganti kawêngan/ ing gusti srinarendra/ rabènana anak mami/ punjul sapraja/ têmbe dadia patih//
  47. Lurah Sêmar matur mamrih tumulia/ matêmpuh ing ajurit/ nyêmpal pang mandera/ pinanduk kêning jaja/ kagyat Antisu-[97]ra narik/ curiga nrajang/ Bimanyu pinrang kêris//
  48. Wanti-wanti panggocone kyana patya/ Bimanyu datan busik/ gigir lambung jaja/ jimpe rêkyana patya/ kang curiga gurèwèli/ akon malêsa/rahadyan narik kêris//
  49. Kalanadhah ki patih jaja kataman/ gumêbruk wus ngêmasi/ sigra pra punggawa/ wruh lurahe palastra/ gumrubyuk têmbang ginanti/ durma sinimpar/ pangkur ingkang gumanti//

~ PUPUH XVI ~
P A N G K U R

  1. Nêngna untabing kang bala/ kawuwusa Rahadèn Bimasiwi/ lalu pangupayanipun/ ngêmbara ing awiyat/ tyas kumêpyur myat lêbu mulêg lir lesus/ gumrah alas kaêbêgan/ garjita Sang Bimasiwi//
  2. Sangsaya niyub mangandhap/ kawistara kang udrêg ing ajurit/ tan samarpaningalipun/ kang rayi Partasuta/ kinarubut  kang mungsuh langkung sèwu/ dyan wong agung Pringgacala/ mangkrak krodhanya mawrêdi//
  3. Nguwuh sêsumbaring ima/ prabawa gung kumêlun gung kukus mijil/ dalêdêg wêtuning tutuk/ lir mêndhung kamarutan/ tinumpa ing prahara tumamèng mugsuh/ gumlêgêr swara gurnita/ rug kontrak kang bumi gonjing//
  4. Hèh kodhik sun tan pêpeka/ sapa ingkang sikara ing ajurit/ tadhahana wêwalêsku/ sun putra ing Pawênang/ Prabu Anom Têtuka jêjulukingsun/ iya Arya Bimasuta/ wong agung ing Pringgadani//
  5. Bêbayaning jumantara/ andhanu lar Arimbatmaja mami/ sun atmaja Bayusunu/ kapitra anrang têngah/ dènprayitna sigra Bimaputra niyub/ narajang têngahing [98] mêngsah/ dhupak napuk anêmpiling//
  6. Ngancik pundhak muntir sirah/ gulu jêbol jêrohan katut mijil/ kèh sinawatakên mungsuh/ mati ingkang katiban/ bubar kuwur ting salêbar kawur mawur/ wênèh ngungsi malbèng jurang/ dhrêsêl garumbul ori//
  7. Wuwusên Partatênaya/ Garèng Petruk miyat sirnaning baris/ lan akèh sirah gumlundhung/ gêmbung kèh gumalimpang/ wus anyakra yèn kangraka kang têtulung/ sigra Sang Partatenaya/ nguwuh sarta amrêpêki//
  8. Wus tundhuk lawan kang raka/ samya lênggah anèng soring waringin/ kalihe rangkul-rinangkul/ tanya Arya Têtuka/ witing aprang lawansangkaning kang mungsuh/ satriya Jahnawisuta/ matur purwa amungkasi//
  9. Lan matur wêlinging eyang/ Rêsi Jayawilapa andhawahi/ kinèn manjing purèng mungsuh/ pinriha manuhara/ lan putrining Suryanggana sangaprabu/ nuladha adate bapa/ jayaning prang olèh putri//
  10. Gathutkaca ngandika/ yèn mangkono  ingsun milu sirèki/ nadyan tumêka ing lampus/ aja pisah lan sira/ kasok têmên bok kaya kang wis kapungkur/ Bimanyu alon aturira/ mrih Rahadèn Bimasiwi//
  11. Kakang sih paduka mring wang/ sakêlangkung tumanêm pulung ati/ kalingga têlênging êmbun/ mugi sampun dêduka/ wit kawula lênggana yèn tinut pungkur/ bantu wuwus Lurah Sêmar/ ngaturke wêlinging kaki//
  12. Ing karyane rayi dika/ mangka pikat [99] rama dika kang anis/ timbalane sang awiku/ benjing prang pasanggrahan/ ing timbule rama dika radènbagus/ miwah rama jêngandika/ rahadèn ing Jodhipati//
  13. Ya ta Radèn Gathutkaca/ duk miyarsa aturing Saronsari/ kalangkung trusthaning kalbu/ lêsah-lêsuning ilang/ angandika mring kang ari Sang Bimanyu/ wis yayi payo binagya/ ing karya dimèn tumuli//
  14. Yayi maring pasanggrahan/ ingsun ingkang sumiwi Parta rêsi/ Gathutkaca sigra mumbul/ dêdêl ajumantara/ lamat-lamat lir kaendra nggayuh mêndhung/ jalada malang tinrajang/ buyar mawur katut angin//
  15. Partatênaya umangkat/ alon-lonan anggung nyilip ing margi/ kunêng gantya kang winuwus/ Sang Prabu Duryudana/ risêdhêngnya tinangkil pêpak pra wadu/ miwah para kamituwa/ Kurawa samya sumiwi//
  16. Karsane srinaranata/ mung anggunêm sirnaning Pandhusiwi/ eloke barang kadulu/ sabarang kari wadhah/ tan antara praptanira sang aprabu/ ing Gumiwang Suryanggana/ tan palarapan sumiwi//
  17. Ngarsaning Sri Duryudana/ rêrênggosan kadya soring ajurit/ angling Duryudana prabu/ mring Prabu Suryanggana/ hèh ki prabu dene agita praptamu/ kaya kang anêmu karya/ umatur sang narpasiwi//
  18. Pukulun srinaranata/ kawula tur uninga jêng rama ji/ abdi paduka kang tunggu/ Praja Cintakapura/ jinudhag mring satriya sajuga rawuh/ wasta Bambang Partadewa/ pinangkane saking [100] wukir//
  19. Pratapan Kelasawarna/ yoganira Sang Kilatrupa rêsi/ sêsumbare mila purun/ gusah catur punggawa/ pun Pandhawa ingakên mitra satuhu/ alabuh sabaya pêjah/ mêkatên gènira angling//
  20. Sira dudu mungsuh ingwang/ gustinira dènage konên prapti/ mantri jagi samya mantuk/ gita sanjang ing kula/ kamipurun lumancang karsa pukulun/ mantri pangrêksa sakawan/ sami kawula pêjahi//
  21. Pukulun jêng srinarendra/ sowan kula nyuwun pangèstu mugi/ kaèstrèna para sêpuh/ nyêpêng pun Partadewa/ kalilanana kawula amale ukum/ lan kadhaton ing Ngamarta/ yèn parêng kawula bêsmi//
  22. Ngandika narpa Kurawa/ mring Sang Wiku Dahyang Durna maharsi/ bapa paranta ing kayun/ karêpe putranira/ kudu-kudu anyêkêl kang anèng kadhatun/ matur Baratmadyaputra/ dhuh pukulun sribupati//
  23. Yèn putra paduka nata/ kang umangkat nyêpêng kang anèng puri/ kabaranang ing bêbêndu/ kang nama Partadewa/ kawula jrih ngarokos ingkang saèstu/ yèn karsa karaya-raya/ bok mênawi nêniwasi//
  24. Pun bapa botên angina/ kadibyane putranta sribupati/ prayogi sarèh ing kalbu/ waspada ing paningal/ kêdah ingkang sagêd matawis ing wangun/ ngandika Sri Duryudana/ manira bodho sirèki//
  25. Kang prayoga anyêktèkna/ Dhahyang Druna umatur mring sang aji/ raka paduka Sang Prabu/ Ngawangga Basusena/ kados bo-[101]tên dêdugining kalbu/ waskitha ing panggrahita/ lêbda mawang ing tyas lantip/
  26. Yèn pamawrate pun bapa/ Partadewa langkung saming janmi/ wondene sumanggèng kayun/ ing karsa Srinarendra/ Duryudana alon angandikanipun/ ring raka Dipati Karna/ nêdha kakang adipati//
  27. Jêngandika lumakua/ marang datulaya Cintakapuri/ yêktining jroning kadhatun/ ing mêngko ana ingkang/ wani ngrêngkuh wijiling wong têka gunung/ aran Bambang Partadewa/ ngaku sinudara dening//
  28. Rayi andika kang muksa/ yèku kakang jêngandika timbali/ paran sêdyane satuhu/ bangga rinampungana/ Bapa Suman pakênira dèn sabyantu/ lan kakang Dipati Karna/ Kurawa kang gantung kardi//
  29. Trusthèng tyas Dipati Karna/ piniji mring rayi jêng narapati/ dhêku sarwi lon umatur/ yayi srinaradipa/ dènsakeca ing galih pun kakang sanggup/ anggèndhèng pun Partadewa/ dènnya muwus Suryasiwi//
  30. Goyang jêngku sru sêsumbar/ mèsêm- mèsêm mangkana dènira ngling/ dhuh yayi ingwang sinuhun/ lamun benjing pun kakang/ botên bêkta mustakane wong ing gunung/ tan sumiwi ing paduka/ wirang miyat ing sujanmi//
  31. Eman alungguh dhêdhampar/ pêpantêse nguni awor pêngarit/ Rêsi Bisma lon amuwus/ Dipati Basusena/ yèn cêlathu ilang parikramèng ratu/ pêpantêse binalika/ Partadewa ingkang nyangking//
  32. Murdaning radetyatmaja/ ora patut ka-[102]soran ing ajurit/ Karna kucêm sigra mundur/ datan kongsi nyamêkta/ praptèng jawi nyengklak kudhanira mamprung/ pangkur kari panangkilan/ pucung têmbange gumanti//

~ PUPUH XVII ~
P  U  C  U  N  G 

  1. Kawarnaa kang nèng jroning têmbang pucung/ Bambang Partadewa/ lawan garwa wranggana di/ tuwin putra Sang Prabu Anom Têtuka//
  2. Partadewa ngandika mring garwanipun/ ingsun iki bakal/ dhayohan dhutèng narpati/ kang dinuta adipati ing Ngawangga//
  3. Sira iku mirantia ing sêsuguh/ ing jro miwah jaba/ ywa nganti ngisin-isini/ Kandhiraras mijil angrukti sugata//
  4. Partadewa angandika maring sunu/ Arya Gathutkaca/ kulup sira sun tuturi/ ingsun katêkan ing dhayoh anangsara//
  5. Poma kulup dèn mituhu lêkasingsun/ lamun duta nata/ arêp sikara mring mami/ sira aja wani têtulung maring wang//
  6. Aja ngaton sira dhêlika ing pungkur/ sigra Bimasuta/ mentar dhêlik ngintip-intip/ ing tyas kudu wêtu atarap ing karya//
  7. Ya ta wau Bambang Partadewa sampun/ mijil saking pura/ jumênêng soring taritis/ kawuwusa Adipati Basusena//
  8. Tanpa kanthi manjing palataran wong agung/ Sêngkuni nèng wuntat/ nusul napas kêmpis-kêmpis / jinaganan Kurawa angunjal napas//
  9. Bambang Partadewa mêndhak lon umatur/ nêdha carakendra/ paduka manjing puri/ kula ingkang nglêladosi ing paduka//
  10. Sribupati Karna bêngis ngandika sru/ apa sira ing-[103]kang/ jênêng Partadewa rêsi/ gya umatur tan kalih naming kawula//
  11. Nama Partadewa mung kawula tuhu/ miwah kang Pandhawa/ yêkti tan liya kang abdi/ ingkang rusak kang rinusak mung kawula//
  12. Adipati Karna mèsêm nolih pungkur/ angling mring kang paman/ nêdha paman dika pikir/ punapi ta wontên wong angrangkêp karya//
  13. Gèbès-gèbès kyana patih lon umatur/ bêbasan ngalêntar/ bok gih sampun dipungalih/ gya tumuntên dhawuhna kang pangandika//
  14. Partadewa ngrumiyini manabda rum/ bok inggih sumangga/ lajêng umanjing jro puri/ ing sakarsa supadi nuntên kalakyan//
  15. Sigra wau wus manjing pura wong agung/ tata dènnya lênggah/ atembokparêkan cèthi/ ingkang samya ngrakit samya ajuning sugata//
  16. Ingkang rasa sêgêr lêgi myang rum-arum/ Sang Narpati Karna/ durung nganti dèncarani/ ting karompyang Kurawa dènira nadhah//
  17. Partadewa alon panêmbramanipun/ dhuh sang adipatya/ kawula atur basuki/ duk nèng praja ing marga praptèng wusana//
  18. Anauri Karna mring atmaja wiku/ ya Ki Partadewa/ bangêt panarima mami/ ingsun malês pambagya marang ing sira//
  19. Hèh Ki Partadewa ing karya sun cancut/ wit ing praptaningwang/ dinutaing sribupati/ amaringakên sabda pangèstu mring sira//
  20. Gya andhêku wiku putra lon umatur/ sabdaning rayinta/ asih pama ing basuki/ sakalangkung kapundhi kalingga murda//
  21. Mung mênawi wontên karsa kang mrih ayu/ Narapati Kar-[104]na/ pangandikanira bêngis/ hèh Ki Parta timbalane Srinarendra//
  22. Sapa ingkang nyuraya marang sirèku/ apa karêpira/ dene liwatkumawani/ anrang baya kuwanènmu tanpa taha//
  23. Praptaningsun animbali ing sirèku/ yèn nuntut dak banda/ sira bangga sun patèni/ mèsêm-mèsêm wiku putra lon turira//
  24. Dhuh sang prabu mila amba kamipurun/ tingkah kang mangkana/ anrang baya kumawani/ anjudhag ming mantri kang rumêksèng praja//
  25. Awit pun Pandhawa pawong mitra ulun/ tan mantra mêmitra/ lir nunggal sayayah wibi/ liya saking mêkatên tyasing pandhita//
  26. Pakartining têtulung ing kawlas ayun/ sami lan narendra/ wajib angrêksa kaswasih/ yèn narendra têtulung sarana aprang//
  27. Yèn pra wiku mung puja miwah pitutur/ mangka pun Pandhawa/ tan dosa dhahat pinurih/ sinangsara marma kawula sumêngka//
  28. Sapikantuk nanggulang pakaryan pra dur/ lan pamyarsa kula/ Sri Duryudana Narpati/ nak ing dulur lan narpati Ngamarta//
  29. Datan eman têka kolu murih lêbur/ nanging dhatêng layak/ awrate rêbut nagari/ pantês supe rinewangan mèt suraya//
  30. Jêr wadyane sadaya pan êmpuk-êmpuk/ arêp mêngku praja/ wêdi ananggulang jurit/ golèk sraya olèh ratu atos jênang//
  31. Malih dipun têrang tan nyambut pangrungu/ paduka punika/ sadulur anunggal bibi/ gumrahing wong dadi têka aji mulya//
  32. Duk winatêk Kunthi wêtêng-[105]e malêmbung/ liwat dora cara/ aji bisa dadi bayi/ congèr-congèr linabuh marang samodra//
  33. Wontên malih mêdal saking adatipun/ lair ingkang jabang/ marmane mijil sing kuping/ saparane kinelenan gagang lanang//
  34. Sadèrènging dewasa gorohe ngumbuk/ mangka rahsaning hyang/ dumunung ingkang prakawis/ kenging uga kinaryan rahsa sêkawan//
  35. Tutuk grana karna parji cangkêm catur/ manggone kang rahsa/ nanging parah kang umanjing/ lêgi gurih ning tutuk manggoning rahsa//
  36. Rahsèng grana bangêr bacin wangi arum/ mung rahsa nèng karna/ mèh padha kang nèng parêji/ yèn kêlêbon kêkilar rahsaning nikmat//
  37. Yèn parêji mung salumrahing winuwus/ wit punika mangka/ kaelokaningHyang Widhi/ yèn kataman lêgi gurih tanpa rasa//
  38. Kula sirêping atur bok kajalungup/ kados yèn kolua/ mring Pandhawa wus tanpa sih/ jêr paduka kadadosaning sukêrta//
  39. Sadangune sang wikuputra dhoreng wuwus/ Narpati Ngawangga/ miwah Ki Patih Sêngkuni/ pra Kurawa ngantuk ngorok sêsênggoran//
  40. Ing wêkasan wiku putra dènnya muwus/ Sri Karna anyêntak/ gêbyak asta asru runtik/ tan saranta sinikêp Sang Partadewa//
  41. Pan gumapruk lir sidhakêp udrêg kukuh/ nanging tanpa lawan/ mêksa wanti-wanti banting/ Patih Soman jumbuh susure malêsat//
  42. Kawuwusa Bimaputra kang nèng pungkur/ myarsa swara gita/ [106] sigra dènira umanjing/ pinapakên ing rama Sang Partadewa//
  43. Rinarapu dènira arsa têtulung/ nahan wiku putra/ Kurawa wus dènsabdani/ padudona Kurawa lan sanakira//
  44. Mung Sri Karna kang inguja karsanipun/ riwusnya sinabdan/ Kurawa lir turu nglilir/ barêng ngêbyak barêng surak barêng mêngsah//
  45. Niba tangi ing palataran padha gêlut/ kang jambak jinambak/ dhupak nyongkol anampiling/ gêgamane kabèh padha kapalêsat//
  46. Kang dènidak gulune ilate mêtu/ kèh mripat kasipat/ irung buntus kuping suwir/ Arya Soman binuru ubêng-ubêngan//
  47. Kaku tyase manjing urung-urung banyu/ kalèn nuju matang/ mukanggung kasaban warih/ nglangak sundhul bali mundur sinogokan//
  48. Kawuwusa nata Karna langkung bêndu/ nyandhak kang sanjata/ narawantah wus kapusthi/ duk lumêpas wiku putra tangkis asta//
  49. Kang sanjata prabawa tinulak wangsul/ nibani Sri Karna/ kumarutuk lir garimis/ wusnya ambruk Karna karoban ing panah//
  50. Kakuning tyas têmah kantaka sang prabu/ Kurawa ting glimpang/ ting galêrêng ting karêmpis/ Patih Soman mundur saking marga toya//
  51. Duk umiyat Kurawa pating galuntung/ sigra Partadewa/ marpêki Patih Sengkuni/ alon nabda hèh palibaya dènenggal//
  52. Pra Kurawa dènmota ing ngekrak gupuh/ [107] Narpati Ngawangga/ tinumpangna ing turanggi/ rinompoha tumuli sami mundura//
  53. Palibaya  umatura ing sang prabu/ manira suwuna/ pangaksama mring sang aji/ dene para Kurawa manggih sangsara//
  54. Nanging dede saking manira satuhu/ wit karsa priyangga/ dhêndhaning sikaring janmi/ lan katura kawula asung yu bagya//
  55. Kawuwusa Sangkuni sawadyanipun/ sabên saonjotan/ lèrèn kang samya lumaris/ mêmêtèki Kurawa kang munggèng ikrak//
  56. Nata Karna ing samarga-marga kantu/ kondur mring Ngawangga/ ning marga têmbange salin/ mari pucung kang gumanti maskumambang//

~ PUPUH XVIII ~
MASKUMAMBANG 

  1. Kawarnaa kang tapa gupita giri/ pratapan Sumarma/ kiwaning pinggir jaladri/ adoh dhukuh mung prak alas//
  2. Kèh bêburon banthèng andanu mêraki/ singabarong warak/ tuwin kang buron jaladri/ gung saba midêr pratapan//
  3. Garudha gung mibêr midêr anganglangi/ tan ana tanduran/ kêpoh randhu alas wringin/ pinggir samodra siwalan//
  4. Dhuwur-dhuwur jajar tan kêna winilis/ padha sinusuhan/ garudha munya ting krêlik/ marga sinaba ing janma//
  5. Kang martapa pandhita awarna yêksi/ adêdêg pidêksa/ têgêse sêdhêng gêng inggil/ netra apindha baskara//
  6. Grananya gung tutuk cawak waja ngrungih/ siyung ngapurancang/ karnanya apindha hèsthi/ jaja gêblak sêmu wijang//
  7. Gumbala gêng godhèg wok simbar jaja brit/ asta meng-[108]kol cêndhak/ dariji gêng sakurahi/ kênaka gèpèng lir bêndha//
  8. Susu kopèk wêtêng jêmbluk bokong nyênthing/ suku penthong cêkak/ kêbak wulu klangsrah siti/ dlamakan pindha pêpisan//
  9. Ajêjuluk Kesawa sang maharêsi/ lawan cinarita/ arine sajuga èstri/ warna sor wrangganèng swarga//
  10. Kang panêngran Kusuma Humandadari/ wus tan kêna ngucap/ candraning sang ruming sari/ sabarang bêcik kang tinrap//
  11. Kabèh-kabèh sakojur rêtuning bêcik/ tapaning sang rêtna/ lan kang raka anyarêngi/ arêpa nadhahana//
  12. Lamun dalu dêdamar ujwalèng sasi/ mangkya sang pandhita/ lagya amêsu sêmèdi/ tapa mati jroning gêsang//
  13. Anyirnakkên pancadriyanya sang rêsi/ tan myat tan miyarsa/ rasa pangganda piningit/ cipta osik kabèh sirna//
  14. Mung angêmpêl kumpule ywa kongsi gêmpil/ lan angga priyangga/ lamun panêmbahe milih-/ milih kang êndi sinêmbah//
  15. Yèn nêmbaha ing sêsamaning dumadi/ dene tanpa ngrasa/ yèn nêmbah ing dewa luwih/ dewane sapirang-pirang//
  16. Lawan dewa yinoga Hyang Ujwala tri/ iya Sang Hyang Jagad/ mêngku wiji misesani/ bantala miwah akasa//
  17. Wujude kang dènrasani/ marma kasangsaya/ subratane sang maharsi/ waspadaa warnaning Hyang//
  18. Marma wus samadya candra sang maharsi/ dènnya tapa pêjah/ datan obah datan mosik/ anglir tugu sinukarta//
  19. Mêmpêng dènnya mrih sampurnaning du-[109]madi/ pamoring Hyang nunggal/ ywa nganti silih-sumilih/ sanalika sang atapa//
  20. Adrêng mêrdêng jiwa linggar saking jisim/ marma ingaranan/ jisim wus koncatan dening/ Hyang Suksma linggar sing angga//
  21. Duk maksihe dumunung ingaranan jalmi/ cuwèng tyas Kesawa/ miwah Dyah Uman Dadari/ myat ing raga karigana//
  22. Panuruning caritaning dhalang ringgit/ pêcating kang nyawa/ suwe yitma anunggoni/ sru dènnya anguman-uman//
  23. Gumarunggung ngundhamana yitma kalih/ marang raganira/ duk tinurun sastra warih/ nuju têmbang maskumambang//
  24. Kang mangkono nora dèntulisi/ mrih bok tinuladha/ têka yitma  muringmuring/ saiba duk aran janma//
  25. Wusing purna yitma dènnya muring-muring/ tumulya lêlampah/ kèh dinulu amarnani/ yèku pan uga tiningal//
  26. Hyang wisesa yèn wis lingga saking gaib/ paran nganggo marga/ têka nganggo amêmilih/ rêp mring wisma sangka ngomah//
  27. Arêp lunga mêntas ingkang dènparani/ mêngkono ing rasa/ antêpe kang mardi tulis/ ing driya tan sêmang-sêmang//
  28. Parandene isih ana kang pinêthik)/ jêr ginawe sêpa/ tuladha sasmitèng pati/ mangkana kang cinarita//
  29. Sang Kesawa lan Kusuma Mandadari/ anon pakarangan/ saking doh dinulu asri/ katon munggul gapuranya//
  30. Gapura mas pinathik-pathik rêtna di/ tuwuhan têmruna/ ya ta wau Mandadari/ kèndêl dènira lumampah//
  31. Lon matur mring kang raka ngasih-asih/ iku kakang sa-[110]pa/ kang dumunung katon iki/ Kesawa lon lingira//
  32. Iku rara pêpancèning pra maharsi/ tuwin para raja/ sanadyan wiyahing  janmi/ bisa dumunung ing kana//
  33. Yèn pandhita kang tansah muja sêmèdi/ tan lyan kêring kanan/ mungkul ing tyas anêtêpi/ sapakartining pandhita//
  34. Yèn narendra uga padha lan pra rêsi/ mung sejening patrap/ pandhita alul sêmèdi/ betah luwe cêgah nendra//
  35. Ora mêngêng pangèsthine marang dewa di/ gêlising pangucap/ tuladhane wus mrêpêki/ narpati miwah pandhita//
  36. Ingkang padha ngantêpi karsaning widhi/ kaya ta pandhita/ sang Begawan Wrahaspati/ Bagaspati kalaludra//
  37. Iku padha tinitah sipat rasêksi/ tan mung iku rara/ yèn kang jumênêngnarpati/ Mantili Prabu Janaka//
  38. Srinarendra ya padha raja narpati/ kang padha ginanjar/ suwargane kêna milih/ padha aloka sawarga//
  39. Kang siranon iku tan kêna pinilih/ ujêr wis pinacang/ ing wêca pinanci-panci/ kang bakal duwe sawarga//
  40. Lamun ana satriya lêbda sêmèdi/ têranging paningal/ luwih kang para maharsi/ sinuraya ing jawata//
  41. Yeku ingkang pancèn kêna angênggoni/ siniwi wranggana/ umaturUmandadari/ ngêndi araning sawarga//
  42. Angandika yaksa Kesawa maharsi/ araning sawarga/ gapura kang dinomêri/ ran sawarga Tejamaya//
  43. Ya ing Tinjomaya swarga dènarani/ ya ta ngandika/ Kusuma Mandadari/ bok aku iki lan sira//
  44. Ginanjara sawarga ingkang kadyèki/ lah saiba kakang/ mêthangkrusku angênggoni/ angling Bêgawan Kesawa//
  45. Seje têmên lan karêpku iki yayi/ sèwu no-[111]ra sêdya/ tinikêle ping sakêthi/ rupendah kang luwih ika//
  46. Lo kapriye kakang ujarmu nyalindhit/ kakang kaya ngapa/ pangarêparêping ati/ mêtua ingkang mangkana//
  47. Sang Kesawa ngujiwat alon dènnya ngling/ yayi kadangingwang/ pindha karya ing pamikir/ winanti-wanti pinajar//
  48. Wèwuruke priyangga marang pribadi/ minangka pusaka/ tan ngalèwèng sun antêpi/ tan rêna lamun ginanjar//
  49. Sapa ingkang ginanjar sapa ingkang paring/ malah agawea/ kang dadi sênênging ati/ jêr ika kabèh ya ingwang//
  50. Mangka têmbe ana kang suka pinaring/ swarga Tejamaya/ sun tarka kurang patitis/ kêna sinamuring dewa//
  51. Basa teja wêwayangan kang sayêkti/ mayèku ujwala/ têgêsing ujwala yayi/ cahya kang gumilang-gilang//
  52. Matur malih sang raka lirih/ sun kêpingin kakang/ lumêbu sawargan iki/ saiba endahing warna//
  53. Nulya laju lampahe kang yitma kalih/ kunêng kawuwusa/ kang nèng jroning mandragini/ salin têmbang dhandhanggula//

~ PUPUH IXX ~
DHANDHANGGULA

  1. Cinarita kang nèng jroning puri/ puranira Sang Hendratanaya/ jawata nata lungguhe/ anênggih ajêjuluk/ Sang Bathara Prabu Karithi/ siniwèng para garwa/ pangarsanya catur/ jêjuluk Rêtna Supraba/ putra Hendra Wilutama ingkang rayi/ Sambu ingkang pêputra//
  2. Lêng-lêng Mandanu ingkang sumendhi/ Lêsmanantaka jangkêp sêkawan/ Brama ingkang ngyogakake/ punika kinawayuh/ lawan Drê-[112]sanala kang rayi/ kang anèng jroning garbanira Pandhusunu/ akathah garwa ampeyan/ cinarita tiga ingkang wus sêsiwi/ kapat Wara Supraba//
  3. Supraba wus pêputra kêkalih/ ingkang sêpuh Sang Bimawicara/ luruh jatmika solahe/ nunggil watêkanipun/ lan kang rama Prabu Karithi/ karêm mring kasatriyan/ kondhang linalancur/ kêkêmbange Surantaka/ kèh  pra widodari brangta mring sang pêkik/ sumêngka tur pralina//
  4. Ingkang rayi Dyah Minangkawati/ nunggil ibu lan Bismawicara/ lan kang ibu kèh èmpêre/ muka kulit amulu/ tindak-tanduk sabawa sami/ marma dadya laela/ kèh jawata gandrung/ Rêsi Wilutamaputra/ mèh sawarna lanraka Suprabasiwi/ Nayamurdhama atrang//
  5. Tyas ngumalaa mustika manik/ angluri mring pambêkaning eyang/ lumuh mring pakaryan rame/ karêm puja manêkung/ ingkang rayi Radèn Wisagni/ Tenaya Drêsanala/ miwah arinipun/ nama Rêsi Wisangkatha/ ambêranyak bawa tênagane nyami/ cahya andiwangkara//
  6. Cinarita Sang Prabu Karithi/ kang siniwi pra garwa wranggana/ salami tan kadi mangke/ netya kucêm mawêlu/ lir purnama ingkang mangsa tri/kataman ing jalada/ ing satêmah kusut/ dadya tyasing kang pra garwa/ samya labuh kamigênaning prihati-[113]n/ rêrêp sirêp nir bawa//
  7. Datan ana kang girang ing galih/ ting palongo kèh ngalalar jangga/ anguwêt-uwêt drijine/ ngunjal napase ngangsur/ kèh bêbisik rowange linggih/ duk nèng gupita rêtna/ bok kèh tan sinarju/ ya ta dyah Hendratanaya/ anrangbaya nir weka umatur ririh/ asrêt kadya karuna//
  8. Dhuh pukulun Hyang Bathara mami/ sampun dhahat akarya sandeya/ rêngu paran darunane/ taha kawulanipun/ yèn ajriha kataman runtik/ nadyan praptèng pralina/ kawula umangguh/ sumêlaning manah amba/ yèn paduka tan kawuryan duk sumiwi/ ing ngabyantara nata//
  9. Lêpating atur kawula mugi/ tinrapana tikêl ing patrapan/ kumawawakawulane/ atanapi kalamun/ giyuhing tyas èngêt kang rayi/ rumêksèng Madukara/ adhuh paran sampun/ rikuh têmah karya rimang/ myang paduka kawula rêksa sayêkti/ lulusing tyas kawuryan//
  10. Yèn kadurus sungkawaning galih/ botên wande karya rênguning rat/ kèh gara-gara têmahe/ dhuh wêlasa sinuhun/ kayangane pra widodari/ kapanduk ing blêkdaba/ kawah lir katunu/ dhaharên atur kawula/ angowêla pukulun panutan mami/ têmbe praptèng wasana//
  11. Nahan tuwuh wêlasing kang galih/ dadya arum ing waca-[114]nanira/ kabèh kêkasihku dhewe/ aywa na salah surup/ taha lamun dinukanan dening/ sang hyang siniwèng dewa/ miwah panangguhmu/ yèn kangên mring garwa putra/ iku luput satêmêne iku yayi/ kataman ing pawarta//
  12. Wus kawêntar dewa kang anangkil/ yèn dewaji ing Cintakapura/ lumèngsèr saka prajane/ kajudhag dening mungsuh/ têka sabrang prawira sakti/ prajane ing Gumiwang/ jêjuluking ratu/ Maha Prabu Suryanggana/ abêbala bacingah guna ing jurit/ marga bêdhahing praja//
  13. Katuwone yayi awak mami/ anèng Tejamaya wus wibawa/ siniwi wranggana akèh/ tan eling mring sadulur/ pijêr rinob pra widadari/ gabug têmên mring kadang/ kalingan linuhur/ nèng sawarga mong asmara/ iku yayi kang dadi susahing ati/ saiba loking dewa//
  14. Ênêngna Sang Prabu Karithi/ kawuwusa yitmaning Kesawa/ lan Mandadari yitmane/ wus tumamèng kadhatun/ tyas kumêpyur Umadadari/ miyat sang awibawa/ mèsêm jroning kalbu/ sang dyah matur ing raka/ sapa iki kang pinarêk widadari/ ngêdhèngkrèng lir jamita//
  15. Sang Kesawa alon nauri/ aja baribin pangucapira/ yèn karungu lalar gawe/ sêmune kaya wêruh/ marang sira tuwin mring mami/ angling kusuma yitma/ patute wong iku/ [115] maripate kabuwanan/ calinguke budhêge ingkang ngranuhi/ kêtara ing lêledha//
  16. Apa iku kang sira arani/ satriya kang katrimèng panêdha/ sapa kakang ta wong kuwe/ Kesawa alon muwus/ iku yayi Prabu Karithi/ satriya Dananjaya/ ya Tenaya Pandhu/ pamadyaning kang Pandhawa/ ya mulane tinarinan widadari/ mukti nèng Tejamaya//
  17. Pinutra mring Sang Hyang Surapati/ nalikane katêkan prangmuka/ ing Imantaka prajane/ nanging arupa diyu/ Sang Nirbita araning aji/ iya Prabu Newata-/ kawaca jêjuluk/ tapa ning wukir Drakila/ sinuraya amunah sang narpa yaksi/ margane katarima//
  18. Anauri yitma Mandadari/ iku jawane kang aran Parta/ eman têmên ing baguse/ sêkti prawira punjul/ linuwih lan samining janmi/ nganti pinutra marang/ sang jawata prabu/ jawane wong iku kakang/ ora ana wong bagus têrusing ati/ akèh bagus nyênyêlang//
  19. Topèng kayu ginawe nutupi/ nadyan gruwung picak tan kawangwang/ sok katona dhèngklèh-dhèngklèh/ Kesawa jawil muwus/ ah lo sibèng aja baribin/ mêngko rak kapiyarsa/ nolih sang rêtnayu/ sangsaya sru dènnya mojar/ sira kakang maido pitutur mami/ iku wong yèn mungguha//
  20. Woh-woh-[116]an kang sinawang wêrna di/ wohing bolu tuwin wohing ingas/ dinulu ngêpengenake/ tanpa rasa woh bolu/ yèn woh ingas têmah gatêli/ bagus jaba jro wisa/ èmpêre wong iku/ watêkke goroh lalenan/ rada dhêndhêng imul bêcike sathithik/ maido rada cupar//
  21. Marmaningsun gêlêm angarani/ goroh lalèn saèn dhêndhêng cupar/ wis ubaya lan bojone/ sinêksèn ing dewa gung/ melik mukti rabi habsari/ lali ing pangrêncana/ gampang binalilu/ prajane kênèng sangsara/ ora wêlas bungah myat brana hapsari/ kinasih ing jawata//
  22. Ya ta sadangunira samya ngling/ yitma loro narpa Hendraputra/ datan samar satêmêne/ rinasan trang pangrungu/ langkung krodha Prabu Karithi/ nalikarsa tumandang/ yitma sang don wuwus/ kang rayi binêkta mlajar/ Sri Karithi tan ngandika anututi/ saparan tinut wuntat//
  23. Lamun rikat dènira nututi/ yitma loro umêsat lir kilat/ sayah kêndho pamburune/ yitma tamban lumaku/ Sang Arjuna sangsaya runtik/ wuwusên waranggana/ sadaya wulangun/ têmah matur Batharendra/ tan winarna gunême Hyang Surapati/ ya ta Hendratanaya//
  24. Sinêngka dènira anututi/ yitma kêbat umêsat lir kilat/ tan antara ing praptane/ inggyan raga sih lungguh/ datan owah ra-[117]kit sêmadi/ ya ta ing praptanira/ yitma ing tyas ngungu/ mangkana andikaning tyas/ hèh rubaya paranta karêpirèki/ de karêm amigêna//
  25. Sun kapati asih mring sirèki/ sun rewangi têkên-têkên jaja/ suku janggut pocapane/ ênggonku) analusur/ marang sira supaya bêcik/ sumuk sira sun guyang/ sukêrta lumuntur/ gung sun trapi gandawida/ supayane rêsêpa kang myat sirèki/ mèmpêra ran manusa//
  26. Lamun atis sira sun kêmuli/ arêp tumindak sun tuntun sira/ arsa myat sun tuduhake/ arêp myarsa ing wuwus/ sabdaningsun kang anggung mêtik/ arsaa sapocapan/ padhaning tumuwuh/ ingsun kang paring sarana/ arsa lêbda ing ganda kang arum bacin/ supaya wignya wijang//
  27. Tumraping tutuk bisaa milih/ rahsaningsun gumadhuh ing sira/ têmah mangkene dadine/ paranta wêwalêsmu/ gonsun asih mring sira iki/ sun saguh tarubaya/ tuhu prasêtyamu/ ujare tan gêlêm pisah/ mulya papa wêkasana karsa pribadi/ angêmbari maring wang//
  28. Dhuh rubaya tan roro sun iki/ tan bisa lamun sirarsa nimbang/ sira ing êndi sangkane/ sirarsa ngudi tuwuh/ ulihira marang ing êndi/ ananira saking wang/ ulihmu maringsun/ sinigêg wuwuse yitma/ ri kang jisim tumênga kadya ningali/ Kesawa anggarjita//
  29. Apan yitma karo wis umanjing/ marang raga ka-[118]gèt wus waluya/ lir supêna sakarone/ lênggah apungun-pungun/ Mandadari angêjum weni/ wênga nanggung ing ucap/ pinaripurna wus/ ujwala pindha purnama/ gya sumandhing ing raka sang yaksa rêsi/ sêsèndhèn bau kiwa//
  30. Tan antara Sang Prabu Karithi/ dumarojog ngarsane sang dwija/ ing tyas arda dêdukane/ de kang garwa kadulu/ lèyèh-lèyèh bauning yaksi/ dadya sru angandika/ marang rêsi diyu/ hèh sirèku buta apa/ dene wani alungguh lan garwa mami/ baya bosên myat ing rat//
  31. Sang Kesawa gumuyu sarwa ngling/ hèh ko janma mojar nora pakra/ yèn kang sabênêr-bênêre/ rak aku sing cêlathu/ wèh pambage marang kang prapti/ mangsa kayaa sira/ wuwuh ngaku-aku/ sira ngakua ranira/ Sang Arjuna nauri sun iki/ narendra Hendraputra//
  32. Sun Pandaming rat surayèng bumi/ winênang ganjar nyiksa pra dewa/ Arjuna iya Pamade/ Parta Palguna ingsun/ Dananjaya Wira Jahnawi/ Janaka ya Pamadya/ Arya Pandhusunu/ mlengeh Bêgawan Kesawa/ asru mojar olèhmu kulak nèng êndi/ ing sajinahe pira//
  33. Wis ping pira sun mring pasar ngiri/ golèk jênêng satu tidhak angsal/ bok ya nêmpil têlu bae/ pilihna sing radampuk/ angling malih sang yaksa rêsi/ hèh biyêt apa ingkang/ kok sêja praptamu/ yèn mung nguyangake aran/ Sang Arjuna nauri [119] wacana wêngis/ hèh buta praptaningwang//
  34. Duk ing mau sun lagi alinggih/ nèng suwarga anèng wong kang prapta/ sun sêngguh dewa têkane/ bok arsa banjêl wahyu/ kari-kari anganggo kanthi/ kanthine kang ginawa/ iku pan garwaku/ tur garwaku sing pêng-pêngan/ jaka lara atmaja Basudewa ji/ panêngran Dyah Sêmbadra//
  35. Nusul sun sêngguh kangên mring mami/ mung sadhela kalepat alunga/ wong lanang bêbarêngane/ sun nut saiki jêbul/ malbèng kene iku kang linggih/ sun jaluk garwaningwang/ Kesawa sumaur/ aku tan wruh garwanira/ nanging iki mau ana wong kang prapti/ aran Sang Jatilingga//
  36. Prapta banjur angwènèhkên rabi/ iya bênêr arane Sêmbadra/ jare wis bosên ujare/ Sêmbadra sinrah mringsun/ ewadene tarinên dhisik/ lamun Sêmbara arsa/ milu ing sirèku/ yèn tan gêlêm bae aja/ sira pêksa sun rewangi takêr gêtih/ singa ingkang tiwasa//
  37. Sang Arjuna dumadak nuruti/ angrêrintih patanyaning garwa/ biyung kulup ayo muleh/ pagênê ta sirèku/ kadingarèn têkonmu salin/ gêlêm winêngku ing lyan/ tur asipat diyu/ lali mring ubayanira/ apa ora wêlas mring sutanirèki/ sapa ingkang momonga//
  38. Sang rètna sumaur cumalêkit/ sapa ingkang tan wêlas ing putra/ dhuh sintên ingkang kasupèn/ sintên ingkang salin kalbu/ yêkti kula botên mijèni/ mung manut ing sakarsa/ mituhu mring [120] guru/ wong wadon atine rupak/ tininggal ing bojo lawas nora mulih/ yêkti ngupaya garwa//
  39. Nadyan warnaa diyu rasêksi/ lamun rêsêp amêngku mring kula/ sun ngèngèri têkèng têmbe/ yèn putrane si kulup/ sugih biyung tur widadari/ wangsul badan kawula/ sintên ta kang masgul/ pun lêrês rupane ala/ apêsing wong wadon ginonjak ing janma/ sintên kang mrinanana//
  40. Tansah lêndhotan sang ruming sari/ tumênga myat mukaning kang garwa/ dènira ngling sasuwene/ mangkana Pandhusunu/ sumung-sumung mawinga wêngis/ mijil krodhaning driya/ pamuwusira sru/ hèh Sêmbadra bêcik sira/ lah sadhangên sigra jumênêng sang pêkik/ salin têmbanging durma//

~ PUPUH XX ~
D  U  R  M  A 

  1. Arjunarsa nyandhak astane sang rêtna/ Kesawa nyandhak aglis/ astaning Arjuna/ binabit kapalêsat/ têbih tibanya kêbanting/ ngêjum busana/ nyandhak gandhewa aglis//
  2. Musthi ingkang jêmparing gêng narawantah/ prabawane linuwih/ pinanthêng minantram/ mêtu maneka warna/ gêgaman sarwa mêpêki/ dalêdêg mêdal/ saking pucuk jêmparing//
  3. Pira-pira kèhing gêgaman lumêpas/ Kesawa mituruti/ kilaping Arjuna/ sigra nyandhak sanjata/ Nagastra raning jêmparing/ pinanthêng sigra/ sarpa lar kadya pêksi//
  4. Kang sarpa lar mijil ing bedhoring panah/ naga gêng gêgirisi/ lahèng a-[121]lap-alap/ nyambêr cucak kuthilang/ rangkêp satus èwu tapis/ nguntali panah/ sirna ingkang jêmparing//
  5. Ting kulamêt naga kurang kang minangsa/ jawata kèh ningali/ suka myat ing sarpa/ kang samya gacar panah/ gada bindhi dènuntali/ limpung myang watang/ lag lêg datan mindhoni//
  6. Akèh dewa sangu alu lumpang gantar/ ginawe mêmakani/ kurang alu gantar/ dewa binuru ula/ tumbukan lumayu gêndring/ ngungsi Kaendran/ ya ta Sang Pandhusiwi//
  7. Sigra nyandhak risang sanjata Bramastra/ wisesa wus kapusthi/ ingangkat minantram/ Parta tumêngèng tawang/ dalêdêg dahana mijil/ kumantarkantar/ kumêlun mring wiyati//
  8. Lir jalada kabuncang ing samirana/ sumêbar ngêbar abir/  gumolonggolongan/ ambujung sarpa naga/ kunêng gantya kang winarni/ Narpati Bala-/ dewa kang gung lumaris//
  9. Ing nalika angkate saking Mandura/ nalika têngah wêngi/ tansah rêrikatan/ praptaning jaban kutha/ tan arsa anut ing margi/ alas jêjurang/ gunung kèh dènunggahi//
  10. Kèh pratapan wasi ajar tinakonan/ datan wani mangsuli/ angungak samodra/ ujwala tan kawangwang/ ribèng tyas Baladewa Ji/ kèndêl sakala/ osik sajroning galih//
  11. 11.     Kaya paran anggoningsun angupaya/ kalamun tan na panggih/ lawan ariningwang/ tan mulih ing Mandura/ nèng paran suka ngêmasi/ wiring umiyat/ warnaning kang sujanmi// [122]
  12. Katalika Baladewa myat ing wiyat/ ana ingkang kaèksi/ dahana gêng mubal/ lir sundhul jumantara/ wagu gêng tyasnya sang aji/ miyat dahana/ kumêlap angêlêbi//
  13. Ciptaning tyas bok giri mijil dahana/ mangkana sribupati/ arsa mrêpêkana/ cipta ge) waspadaa/ têlêng ulading kang agni/ sigra umangkat/ tigang tindak lumaris//
  14. Kang winangwang têlêng urubing pawaka/ ya ta ana sujanmi/ ngadêg ngasta langkap/ kumêlun kukus ingkang/ mijil pucuking jêmparing/ dahana mubal/ garjita sribupati//
  15. Pinarpêkan tan samar paningalira/ kalamun ingkang rayi/ pamadya Pandhawa/ Sang Arya Dananjaya/ gitaning tyas sribupati/ arsa tulunga/kanggêg èngêt ing wêling//
  16. Ing prang nora kêna tulung tinulungan/ anjaba dènsambati/ ya ta Baladewa/ mêmêt gon mrih kawangwang/ lan waspada mrih pinurih/ pranging Arjuna/ kasor jayaning jurit//
  17. Lamun unggul wus tan kêna winicara/ kalamun soring jurit/ barênga pralina/ mangkana èsthining tyas/ kawuwusa kang umjil/ Bramastranira/ Sang Arya Pandhusiwi//
  18. Mubal-mubal gumulung agêgolongan/ tinundha wanti-wanti/ angêbyuki kirang/ prabawa kang nagastra/ sarpa sirna tumpês tapis/ brastha minangsa/ dening prabawa gêni//
  19. Sigra Rêsi Kesawa musthi sanjata/ Barunastra linuwih/ langkapnya pinênthang/ Kesawa nêngèng wiyat/ jalada dhêdhêt nglimputi/ mijil kang suba/ manggala drês niba-[123]ni//
  20. Sirêp ingkang prabawa panah Bramastra/ Arjuna sru prihatin/ sigra dènnya nyandhak/ Pasopati nèng langkap/ saha sru dènira angling/ hèh yaksa sira/ tan wurung angêmasi//
  21. Pucuking jêmparing mawa ujwala/ muncar sakonang cilik/ wijiling sanjata/ siyunging Hyang Birawa/ rambut binêthot sawiji/ dadi wisesa/ marma ampuh ngliwati//
  22. Wus lumêpas sanjata kang pasopatya/ tumanduk angemasi/ sirnaning Kesawa/ katon Bathara Krêsna/ wuwuse Baladewa ji/ tan samar umyat/ mring ari Sri Rimurti//
  23. Gya lumumpat sumêbut pan kadya kilat/ prapta ngarsa sang ari/ Narapati Krêsna/ sigra arêrangkulan/ Baladewa sru anangis/ kalara-lara/kèh sambat kang mlas asih//
  24. Sang Arjuna ngênthir mring gyaning Sêmbadra/ sinambut sang rêtna di/ pan anggung mêminta/ ing rèh kang pangaksama/ sang rêtna luluh ing galih/ sarêng praptanya/ ngarsaning Sang Rimurti//
  25. Sri Kusuma Walikita) apêpajar/ sangsaraning kang rayi/ nata ing Cintakapura/ pura kèngsêr ning praja/ kawit prapta amungkasi/ kadya caritane/ saha waspa umijil//
  26. Dyan lon-lonan wong agung tiga lumampah/ katiga gênti-gênti/ dènira carita/ lêlakon kang linakyan/ sarwi têmbange sinalin/ lèrèn durmanya/ asmaradana ganti//

~ PUPUH XXI ~
ASMARADANA 

  1. Sri Baladewa lingnya ris/ mring ari Narendra Krêsna/ kaya paran wekasane/ tanya [124] tur bêdhahing praja/ lan jêngkare rinira/ ing Pandhawa kang wus murut/ puluh-puluh kaya ngapa//
  2. Sun iki tuntunên yayi/ dènkaya bocah tratèan/ prayogane kang linakon/ trêsnèngsun maring Pandhawa/ ubayaning wardaya/ jagad nêksèni wuwusku/ yèn kongsi cidrèng ubaya//
  3. Pandhawa kataman janji/ mulih kabèh mring kamulyan/ sun mung binarêngna bae/ mangka pura ing Cintaka/ ana trêsna Nangkula/ ngungsir wong sabrang kang ngrêngkuh/ papat bupati miruda//
  4. Lo mung iku yayi aji/ kang dadi kodhênging driya/ ya saking tyasingsun bodho/ mung kang aran Partadewa/ sih têmên amêmitra/sêmono anggone labuh/ sokur kalamun lulusa//
  5. Bok loro-loro ing pikir/ luru êncik olèh babah/ anêlabung pamurihe/ lêgine wong ngêmut gula/ eman yèn linêpeha/ lan mênawa yayi prabu/ wus wruh gone amêmitra//
  6. Yayi ing Cintakapuri/ lan kang aran Partadewa/ ngong durung wruh salawase/ umatur Sri Padmanaba/ lamun ari paduka/ ing Cintakapura prabu/ arêmit sabarang karsa//
  7. Sang Arjuna anambungi/ umatur mring Padmanaba/ mung sakêdhik ing lepate/ saking pamanah kawula/ dadak nis tilar praja/ punapa inggih ta sampun/ kantenan sor ungguling prang//
  8. Pocapane dèrèng busik/ têka lajêng tilar praja/ dahat damêl bingunging wong/ Sêmbadra nolih ing garwa/ sarwi lon aturira/ sintên kang wit damêl bingung/ dadak anutuh mring [125] kadang//
  9. Milane kula kapati/ anrangbaya nêmpuh ing byat/ kang minihi gih slirane/ kang raka masa bedaa/ mila nis tilar praja/ nglalu tinilar sadulur/ nglawana prang mêsthi kalah//
  10. Kêrêngan seje pinikir/ duwea aji sagrobag/ parak yêktine kêlalèn/ pundi margane jayèng prang/ aluwung ngocatana/ kêdhungsangan sing anusul/ sing disusul ngenak-enak//
  11. Kok baut têmên ngarani/ wong slirane ingkang murwa/ gawe bingunge wong akèh/ Krêsna nolih mring Sêmbadra/ sarwi nyalênthik pundhak/ ngandika sarwi mrêngut/ kok sing-sing kang winicara//
  12. Arjuna gumujêng ngikik/ sarwi bêksa lincak-lincak/ ngiwi-iwi melatmelot/ sang rêtna rêngu mring garwa/ nyuklèk pang kayu pilang/ ginêpyok pungkuranipun/ Parta dèngkèng sarwi milar//
  13. Pungkuran kathah tatu ri/ ngêsas-ngêsês Sang Arjuna/ mingkar nêbih ing lampahe/ kunêng gantya kawuwusa/ kang nèng Nagri Ngastina/ Duryudana sang aprabu/ enjing wus miyarsa warta//
  14. Praptaning Arya Sangkuni/ sang nata mijil mandhapa/ nulya mijil pawongane/ ingkang kinon nimbalana/ mring Dahyang Kumbayana/ lawan Arya Sangkuni wus/ kalihe praptèng ngarsendra//
  15. Cakêt dènira alinggih/ sang nata lon angandika/ paman matura dènage/ paran laku pakênira/ lan kakang ing Ngawangga/ têka tan barêng sirèku/ lan apa margane pisah//
  16. Umatur Arya Sangkuni/ [126] anggèr sang srimaharaja/ lampah kawula wiyose/ dinuta mangka kêkondhang/ ing raka jêng paduka/ Basusena sang aprabu/ mring Nagri Cintakapura//
  17. Sayêkti sampun pinanggih/ lan kang nama Partadewa/ pinanggihan jro kadhaton/ sinugata warna-warna/ sangkêp kang sêsêgêran/ dhatêng kawula pukulun/ sampun miranti sugata//
  18. Duk raka paduka prapti/ panêmbramane prayoga/ andhap alus wicarane/ nor raga amêlas arsa/ dènira amèt prana/ kadi nilakramèng wiku/ amanis wijiling sabda//
  19. Sawusnya sami pambagi/ raka paduka Sri Karna/ dhawuhkên timbalan katong/ sabda paduka tan gethang/ malah gung pamriyoga/ têlas wijiling pamuwus/ tumuntên Sang Partadewa//
  20. Ngangsuli timbalan aji/ amanis wijiling sabda/ rèrèh netya sumèh/ sinuhun kawula eram/ pan botên gung-gung mêngsah/ umatur sayêktosipun/ ing naya tan mantra-mantra//
  21. Tampi dêdukèng narpati/ srêng sabdaning kang dinut/ yêktining pratingkah awon/ bok inggih mawi kwatgata/ ing netya cêlum miwah/ kabranang hardaning kalbu/ têtêg tanggon ing pangucap//
  22. 22.     Makatên dènnya mangsuli/ rubaya dhatêng katêdha/ pangandikane sang katong/ paring pangèstu mring amba/ kang murih ing kamulyan/ kawula sangêt pangêmbun/ matamaning jiwa angga// [127]
  23. Namung sabdaning ing wuri/ kawula kataman tarka/ darbe manah melik ing don/ mêngku nagri ing Ngamarta/ punika amangkana/ êmbok inggih sang aprabu/ sampun mawi hardalepa//
  24. Rubaya pangraos mami/ sang nata tan kêkilapan/ saobah osiking kang wong/ wondene saking kumêdah/ minihi ing dêduka/ punika mêdal ing catur/ adrênging manah kawula//
  25. Milamba purun ngêkahi/ praja ing Cintakapura/ wit Puntadewa sang katong/ tuwin sagotra Pandhawa/ mitra sae kalayan/ tanpa dosa mitra ulun/ sinikara mring wong ing sabrang//
  26. Marmamba tan nulungi/ pikajêng srinaranata/ Ngastina jêr sadhèrèke/ pantês lamun mrinanana/ satêmah tinêmaha/ awrating arsa amêngku rat Jawa siniwèng raja//
  27. Sinuhun dènnya ngangsuli/ mring sang dipati Ngawangga/ dadak mèsêm pamuwuse/ ngrêrogoh kang jroning guwa/ tan mawi winaranan/ tumanduk ing tyas cumlêkut/ raka paduka sru duka//
  28. Duk arsa ngasta nak aji/ kumlawe lêngên cinandhak/ kang katuju gêlugêle/ kinipat malêsat têbah/ enggaling tur kawula/ raka paduka sangprabu/ mêdalkên sudiraning tyas//
  29. Krodha wangkingan tinarik/ wanti-wanti panggoconya/ wangkingan malêndho mleyot/ Parta atadhah lêgawa/ sarwi mèsêm ngujiwat/ Kurawa ambyuk têtulung/ kenging ing pa-[128]ngaribawa//
  30. Têmah salah ing pangaksi/ udrêg ulêng sami rowang/ sami liwung ing krodhane/ dangu samyambruk ing papan/ anak Dipati Karna/ kantaka satêngah lampus/ mundur sarwi rinarampa//
  31. Marma pun kakang dipati/ ing Ngawangga tan sumiwa/ wit sangêt ing kantakane/ ing mangke kula sumangga/ pun bapa tadhah duka/ lêgêg ing tyas sang aprabu/ ngandika mring Dahyang Durna//
  32. Nêdha bapa kadi pundi/ sintênta ingkang prayoga/ anutugna ing karyane/ kakang Narapati Karna/ umatur Dahyang Durna/ anjawi karsa sang prabu/ yèn pamanggihe pun bapa//
  33. Lamun linawan ing jurit/ dènbyuka tiyang sapraja/ tanpa damêl sayêktine/ ing ngajêng sampun nuladha/ kasore pra Kurawa/ padudon lan rowangipun/ ing wingking mangsa sandeya//
  34. Wong lêksan banting-binanting/ prasasat karya klangênan/ tuwas ngunggar tyasing mungsoh/ ngandika srimaharaja/ bapa mangsa bodhoa/ prayogane kang tumanduk/ lêlawan lan Partadewa//
  35. Lumawana ing ajurit/ awya nganti mindho karya/ punapi wayahe dhewe/ anak prabu ing Gumiwang/ gumuyu Dahyang Durna/ sarwi lon dènnya umatur/ dhuh-dhuh adhuh prabuningwang//
  36. Pun bapa botên ngilani/ dibyane pun Suryanggana/ têmên langkung lan pra katong/ ananging linêbêtêna/ ing duking Partadewa/ prasasat rêncêk katunu/ sulung malêbèng tumangan//
  37. Kawula myarsa pawart-[129]i/ sêsumbaring Partadewa/ ing manah kathah karaos/ dhukuhe Kilasawarna/ putra Kilatarupa/ punika pêtênging kalbu/ twin pangintêne pun bapa//
  38. Awrat sinanggi ing jurit/ marma yèn parênging karsa/ klilana kawula mangke/ badhe yêktoskên kewala/ warana myang solahbawa/ upami tiyang dêdumuk/ latu kang munggèng tumangan//
  39. Miwah anyabrang bênawi/ pun bapa anjajag-jajag/ cêthèk utawi lêbête/ yèn saupami pun bapa/ èstu sagêd lumawan/ kawula mrih saking alus/ punika manawi pasah//
  40. Angandika sribupati/ hèh bapa ing Sokalima/ ing pratingkah mangsa borong/ manira pan wis pitaya/ bapa mring pakênira/ miwah marang kaki prabu/ mung sauga kêlakona//
  41. Umatur Durna maharsi/ pukulun srinaranata/ mung pangèstu paduka nggèr/ mugi pun bapa sagêda/ malês sih jêng paduka/ Dahyang Durna sigra mundur/ sang prabu kondur ngadhatyan//
  42. Laju sowan nata rêsi/ umatur karyaning Karna/ ing sasolah-solahing wong/ ngungun Prabu Dhêstarata/ nahên lampahing Durna/ saking panangkilan mundur/ praptèng Dhukuh Sokalima//
  43. Lan kang garwa wus kapanggih/ Rêtna Karpini lan Arya/ Karpa Swatama rowange/ awit kang surya giniwang/ sadalu pagunêman/ ya ta ing wanci mèh bangun/ gumrah swaraning kang sata//
  44. Kumrusuk swaraning paksi/ Dahyang Durna wus umangkat/ mung Aswatama rowange/ eling tyase [130] Kumbayana/ aji jaya maruta/ winatak sakala mamprung/ ing lampah kadya pawaka//
  45. Mung sawatara wus prapti ngambah jajahan Ngamarta/ linêrêm-lêrêm lampahe/ samarga awirandhungan/ lumampah lawan muja/ pujane maruta sunu/ muga hyang miji misesa//
  46. Anglilanana pun patik/ buwang wong murka candhala/ sagung titah ing hyang manon/ byar rahina kawatgata / myat srining pasawahan / kèhing wong padesan mêtu / gawa pirantining karya//
  47. Baskara lumampah wukir /sakala ana maruta / umung gumuruh swarane/ barat angirit jalada/ pêtêng ing sanalika/ prapta udan awor lesus/ kèh wrêksa kombul kabucang//
  48. Durna saliranya atis/ anggung dhêrodhog wel-welan/ monyor-monyor sêsambate/ kinêkêp dening Swatama/ lumaku taruntunan/ lir wong dhèmpèt èsthinipun/ rikuh dènira lumampah//
  49. Kèndêl dènira lumaris/ anèng Dhukuh Kadêmangan/ antara sirêp udane/ kèndêl sami abêdhiyan/ ngiras ngêpe busana/ malêm-malêm sang awiku/ lajêng dènira lumampah//
  50. Sinêrang lampahing prapti/ sabêt sapuning Ngamarta/ winangwang sêpi ing wonge/ tan tumingal raja kaya/ ana wisma jênggarang/ tinon saking jaba suwung/ tan ana bawaning janma//
  51. Ribèng Baratmadyasiwi/ anggung dènnya ngunandika/ bayèki biyèn tuture/ Ki Prabu Suryaanggana/ tan ana ingkang wing [131] wang/ kunêng gantya kang winuwus/ kinanthi salining têmbang//

~ PUPUH XXII ~
K I N A N T H I 

  1. Ya ta ingkang pindha wiku/ lawan Arya Bimasiwi/ miwah garwa sang wranggana/ Partadewa ngandika ris/ mring garwa dyah waranggana/ hèh yayi dènamiranti//
  2. Sun bakal katêkan tamu/ pandhita ing Ngatasangin/ nutugkên lakuning Karna/ saiki pan wus mèh prapti/ sira sadhiyaa dupa/ ratus worên wangiwangi//
  3. Nyêbara kêmbang rum-arum/ sang dyah mundur nyadhiani/ adan Partadewa mêdal/ duk prapta ing srimanganti/ myarsa panguwuhing Durna/ Partadewa marêpêki//
  4. Tundhuk asta sarêng ngrangkul/ Partadewa ngacarani/ sumangga lajêng kewala/ tumamèng sajroning puri/ kinanthi astaning Durna/ aywa ta manggung kêkinthil//
  5. Ing sapraptanira dhatu/ wus tata dènira linggih/ ning babut kinêmbangkêmbang/ sinêbaran puspita di/ kinêpyuran ganda wida/ kumêlun kukusing hagni//
  6. Bêlêg mulêg jro kadhatun/ ganda lir ngayuh wiyati/ matur Bambang Partadewa/ mring Durna sang maharêsi/ pukulun sang dwijawara/ dahat langkung kumawani//
  7. Anilakrama pukulun/ pêpuja puji basuki/ ing marga praptèng wusana/ Dahyang Durna anauri/ bangêt panrima manira/ palibaya wèh pambagi//
  8. Katampan ing asta kumpul/ ngalingga pulunging ati/ ing panyarwe pakênira/ paranta palibaya nggih/ basuki rumêksèng praja/ hèh sang sih mêmitra yêkti//
  9. Parta ngling sakêlangkung nuwun/ wusana umatur malih/ rubaya sintên sina-[132]mbat/ miwah sasana ing pundi/ paran ing karsa paduka/ katêmbèn manira panggih//
  10. Dahyang Druna lon sumaur/ hèh palibaya sun iki/ Pandhita Sokalima/ binapa srinarapati/ Ngastina Sri Duryudana/ kang ginuru-guru nadi//
  11. Rubaya ing praptaningsun/ ingutus mring sribupati/ Ngastina Sri Duryudana/ kang dhihin paring bêsuki/ pindho manira dinuta/ ngyêktèkkên kang wus kawuri//
  12. Punapi ta gih sirèku/ kang aran Partadewa di/ dènawalèh aturira/ sang apindha lon nauri/ rubaya inggih manira/ Partadewa akêkasih//
  13. Durna bêngis ing pamuwus/ yèn mangkonoa sirèki/ kang wani karya sangsara/ mring dutane sribupati/ tur iku duta narendra/ ing karya mung mamrih bêcik//
  14. Unduring Kurawa saru/ lir mêntas kasoran jurit/ Narpati Karna kantaka/ paran pakênira wani/ akarya pangewan-ewan/ Partadewa matur aris//
  15. Rubaya ingkang saèstu/ manira tan kumawani/ sarta yèn mamrihsangsara/ niaya dutèng narpati/ saking karsaning priyangga/ padudon samining kanthi//
  16. Dene Sang Radeyasunu/ wêtawis kakuning galih/ ningali para Kurawa/ sami rowang rame jurit/ rubaya lamun manira/ tan sumêdya akarya tis//
  17. Guguk gujênge sang wiku/ têkêm sirah ngolang-aling/ ngandika hèh Partadewa/ samêngko padha wong bêcik/ manirarsa cêcangkriman/ rubaya ingkang mêrdèni//
  18. Tih among tugêling gulu/ yèn pakênira ta-[133]n bangkit/ narbuka ing cêcangkriman/ sun karya pangewan benjing/ nèng alun-alun Ngastina/ Partadewa matur aris//
  19. Dhuh sang siniswa pra ratu/ prayogi ingkang tumuli/ amêdhar kang cêcangkriman/ ing karya dimèn tumuli/ jatining pangarsa-arsa/ rawuh ing sang maharêsi//
  20. Dahyang Durna sigra muwus/ hèh rubaya dènatampi/ ywa kaliru ing tarbuka/ ing satêmah mêmirangi/ cangkriman sinawung têmbang/ gurisa dèn ngati-ati//

~ PUPUH XXIII ~
G  I  R  I  S  A 

  1. Durna sigra ura-ura/ cangkriman têmbang gurisa/ swara rênyah gêtêr êrak/ jangga bêdodong ngêlangak/ yèn ngêlik uwang sinangga/ mêcicil idu ting ciprat/ apêrak dènnya pinarak/ sigra dènnya narbuka//
  2. Rupa swara pawakarda/ jodho pisah tan wangênan/ kang pêrak nora gêpokan/ wujud tan ngranuhi warna/ dumadi sangkaning apa/ ngucap tan kêna sulaya/ ana urip gung migêna/ yèn pisah aji waluya//
  3. Guthaka pringga sinamur/ isining jro luwih samar/ purna mijil kaya gita/ tan kêna yèn tinuladha/ lan ana kinêmbar rupa/ yèn liningga têmah oncat/ pinarpêkan lir sumiwa/ rinasuk seje kang kêna//
  4. Hèh ta palibaya nêdha/ kang cangkriman jinawaba/ taha punggêle kang murda/ yèn pakênira tan bisa/ narbuka kang cêcangkriman/ ginawe pangewan-ewan/ mèsêm Bambang Partadewa/ sigra dènnya anarbuka//

~ PUPUH XXIV ~
K I N A N T H I 

  1. Dhuh Rubaya sang awiku/ [134] kalilana amêrdèni/ cangkriman kang sapta lingga/ ing jangji manira tampi/ rinanjama wor lan kisma/ yèn lêpata ing pamêrdi//
  2. Dene kang sampun sinêbut/ ing ngarsa punika gampil/ tan wontên brojol sing badan/ tan pisah ing siyang ratri/ manggèn salira paduka/ marmamba umatur gampil//
  3. Lan sawiyah lare dhukuh/ tan pêgat ing sabên latri/ sring kadamêl dêdolanan/ pamancat arsa aguling/ ing sabda punika kirang/ kêkalih tutup satunggil//
  4. Dene rupa kang winuwus/ kang ni swara tan kapyarsi/ punika karsa paduka/ nèng jalada ing pamêrdi/ dumunung wontên paningal/ purnama tanapi warih//
  5. Sadaya prabawa ayu/ nglêrêmkên sadaya runtik/ lir tyang kataman ing wulan/ dhasare purnamasidhi/ dora yèn botên karênan/ aras-arasên ngoncati//
  6. Toya tan kenging winuwus/ dhasare prabawa atis/ baboning akèh sanepa/ mripat sinêpakkên warih/ kadi panêmbahan duka/ asring sandeya ing runtik//
  7. Mangka kang kataman bêndu/ kawistara ing pangaksi/ rubaya dora kewala/ kang sèstu dukane lilih/ ping kalih ingkang suwara/ wujude datan kaèksi//
  8. Rubaya ucap ing punggung/ punika winastan angin/ sintênta ingkang wuninga/ warna wujud ingkang angin/ anjawi mung kapiyarsa/ suwara gora ngajrihi//
  9. Rosa kaprawiranipun/ gurda gung katêmpuh angin/ punggêl sol [135] sêmpal kaprapal/ yèn mulêg barang kapuntir/ bisa kumbul ngantariksa/ katon cilik kêthip-kêthip//
  10. Gronangin dènnya dumunung/ prawirane dènbubuhi/ sabarang kang mawa ganda/ amêmijang arum wangi/ yèn ing lyan pan baya bisa/ amastani arum bacin//
  11. Pawakarda malihipun/ pawaka wêrdining gêni/ harda bangêt tanpa mêndha/ anggèn kawula mêrdèni/ dumunung dhatêng talingan/ surya nêpsuning sujanmi//
  12. Mangka wong lamun ngarungu/ ujar kang boya prayogi/ prabawaning kang talingan/ bêrbabak salira gêni/ krodhane boya sakira/ ing purwa tan dènkawruhi//
  13. Tan samar akarya lampus/ anut pamyarsaning kuping/ nanging sor prabaweng netra/ cihnane yèn wus kaèksi/ lilih duka têmah mêndha/ sor lan pigunaning warih//
  14. Jodho pisah doh anglangut/ rubaya bumi lan langit/ dumunung tutuking janma/ pangwasane angawruhi/ sabarang kang rasa-rasa/ yèn ing lyan boya nitèni//
  15. Mung tutuk ingkang kadunung/ mijang rahsa pêdhês asin/ rubaya catur prakara/ mangka wakiling Hyang Widhi/ kadunungan sowangsowang/ pangwasane andhèwèki//
  16. Kang pêrak tanpa dinumuk/ punika tan wontên malih/ mung Hyang jagad amisesa/ sintên kang sagêt mêstani/ doh pêrak Hyang Wisesa/ lan warnane kadi pundi//
  17. Yèn prak dene pan kadumuk/ lamu-[136]n têbiha Hyang Widhi/ yêkti lir pring tanpa rosan/ ngêlowong kita puniki/ myarsa obah osik tanpa/yèn wontêna kang mêstani//
  18. Hyang Suksma wontêna wujud/ dora têmên kang mêstani/ iba kèhing tyang sumewa/ yèn sonya pan kadi pundi/ dumadi saking punapa/ rubaya kita puniki//
  19. Badan tan ngawruhi wujud/ lo ing agêsang puniki/ kêdah wruhe sihing badan/ prayoga miwah bêbêrsih/ nanging pilih tiyang ingkang/ angrêksa badanirèki//
  20. Durna sadangunya wau/ saure mung inggih-inggih/ mung sumaur alahiya/ Partadewa angling malih/ dumadine ing agêsang/ miwah sabarang kumêlip//
  21. Tuwuhan sêsaminipun/ punika saking ing pundi/ kados tan mêdal Hyang jagad/ kang misesa ing dumadi/ marma amba kêdah wruha/ maring kang akarya urip//
  22. Kang tan sulaya ing wuwus/ sabda sabarang dêra ngling/ têgêse sabda pan nyata/ kang ingaranan sayêkti/ irêng ingaranan seta/ yêkti mêmplêg dadi putih//
  23. Marma yèn kang para wiku/ tan samar karêping janmi/ paitan tuhu wêcana/ mirsa sadèrènging lahir/ urip anggung amigêna/ yèn pisah kadi tan mikir//
  24. Lupa badane ngalumpruk/ nir pangupajiwa ênting/ maligi madhêp sajuga/ punika kang dènwastani/ kasêbut Sang Hyang Pramana/ dumunung pranaja kering//
  25. Uriping pramana iku/ tan lyan amung anê-[137]nêmpil/ lir simbar munggèng ing wrêksa/ pramila dipunwastani/ gêsang manggung amigêna/ dene karêm bêbarungi//
  26. Anyênyiwo angrubiru/ ananggulang tyas kang bêning/ ngubungi panggawe ala/ sok karya gitaning ati/ dununge kang ingaranan/ pinisah raga ngalinthing//
  27. Rubaya tiyang puniku/ dènpramana angoncati/ dahat katungkul ing gêsang/ tan darbe cipta mêmilih/ mèh kadi têkoning kewan/ pangupanyaning sirnanting//
  28. Lan wus pinasthi dewa gung/ gèsanging manungsa nènggih/ pae lan gèsanging kewan/ manungsa anandhing milih/ adhêm bisa gawe panas/ kêcut bisa dadi lêgi//
  29. Yèn kewan sêsaminipun/ êndi kang pêrak binukti/ lan tan sagêd ngreka daya/ sawontêna kang binukti/ botên andarbèni akal/ mila pinangan ing janmi//
  30. Guthaka pringga sinamun/ punika kawula wêrdèni/ guthaka wrêdine guwa/ rong lèng babahan kang sami/ pringga têgêsipun samar/ sinamun ing aling-aling//
  31. Naming karsaning sang wiku/ dumunung tiyang garbini/ awit babahan ing jabang/ sinamun miwah piningit/ lan duk ning garbaning biyang/ sintên ta ingkang udani//
  32. Mijil karya gitèng kalbu/ luwar saking ing kuwatir/ ilang kang rasa sumêlang/ tinuladha pan tan kêni/ têgêse sintên kang bisa/ ngèmpêr eloking Hyang Widhi//
  33. Lan ana kinêmbar wujud/ yèn lininggar) ango-[138]ncati/ pinarpêkan lir sumiwa/ rinasuk seje kang kèni/ rubaya pambatang kula/ tiyangamawang ing cêrmin//
  34. Kados pundi ta sang wiku/ pambatang kula puniki/ lêrês lêpat kêkêncêngan/ ing karsane sang ayogi/ punapa sampun atêlas/ ing wingking mênawi tasih//
  35. Yèn tan sampun wontên kantun/ karsa paduka pêparing/ ambêbadhe coba-coba/ rubaya kawula pundi/ Dahyang Druna tan ngandika/ lingak-linguk salira tis//
  36. Naya aclum kusut amêsum/ aputih tan darbe gêtih/ tan miyarsa turing Parta/ yèn tan tinanya krêp angling/ pamuwuse tan na liyan/ mung hêm sandika lo inggih//
  37. Rahadèn Tênaya wiku/ nèng wuri kêrêp anjawil/ sinauran gih sandika/ Partadewa duk miyarsi/ pangucaping Dhanghyang Durna/ dahat wlasira ing galih//
  38. Wusana alon umatur/ saengga angarih-arih/ rubaya jêng panêmbahan/ manira matur sayêkti/ sampun dhahat sandèyèng tyas/ kabatang ingkang cêcangkrim//
  39. Manira tan ngrasa unggul/ mung rumangsa kataman sih/ wêwulang jêng panêmbahan/ ing toh tan nêdya katampi/ linirua ing panabda/ jaya wusanèng dumadi//
  40. Raosing tyas kang satuhu/ yèn lawan rênaning galih/ manira arsa jêjanggan/ supadi kapanduk ing sih/ ing mangke wus salin têmbang/ kang kangge sinom [139] pangrawit//

~ PUPUH XXV ~
S  I  N  O  M 

  1. Ya ta Dhanghyang Kumbayana/ myarsa tur kang wor mêmanis/ prênthul-prênthul tuwuh ing tyas/ wusana ngandika aris/ êlo anak bokinggih/ awon jamurên ning wadhuk/ lamun pakênirarsa/ tadhahana nêm pêdhati/ ing kadibyan manira mangsa têlasa//
  2. Kunêng lingnya Kumbayana/ obah jêngku amalangkrik/ Partadewa matur sigra/ mugi dènsih anjatèni/ manira nalika lit/ myarsa linge kang pra wiku/ lamun laladan sabrang/ prajane ing Atasangin/ kang jumênêng narendra ngiras pandhita//
  3. Jêjulukirèng narendra/ Sri Maruta maha rêsi/ têdhaking Bayu bathara/ saking Sang Rêtna Maruti/ ingkang kagarwa dening/ Hyang Karaba asêsunu/ Prabu Rêsi Maruta/ kangsaning Hyang Odipati/ kinarsakkên ambaboni pra pandhita//
  4. Ing sabrang suyud sadaya/ sungkême anggurunadi/ Rêsi Maruta pêputra/ Baratmadya kang wêwangi/ sumilih ing rama ji/ pandhita mêngku kaprabun/ tan pae lan kang rama/ ambêg santamartèng dasih/ Baratmadya yoga Bambang Kumbayana//
  5. 5.        Gumujêng Maharsi Durna/ anyêndhu dènnya nauri/ lo gih kula niki kula/ palibaya kang de angling/ Partadewa ngling malih/ Kumbayana tyas pinunjul/ langkung lan bapa eyang/ ing karsane angêjawi/ wit miyarsa ing tanah Jawa ing benjang// [140]
  6. Wontên prang ran Bratayuda/ Kurawa lan Pandhusiwi/ pandhita maharsi dewa/ pamêcane pêsthi-pêsthi/ sapa kang anglabuhi/ ing Pandhawa karyanipun/ pasthi nêmu suwarga/ saundhausuking panci/ Sri Bathara Krêsna kang minta nênimbang//
  7. Duk samantên wiku putra/ kasmaran miyarsa warti/ matrênyuh tyas tilarpraja/ ing tyas sumêdya nglabuhi/ ing Pandhawa karyèki/ duk praptaning muhara gung/ kramantuk admajendra/ kawit kêna ing pangingling/ tan cinatur ing lêlakon tan prayoga//
  8. Sapraptaning tanah Jawa/ kêna ing sangsara luwih/ anèng nagri ing Cêmpala/ sang wiku putra ubanggi/ sapa bisa matrapi/ ing sikaraning wong iku/ pratignya kinawulan/ lan wontên kinandha malih/ Pandhawa lan Kurawa nèng Jalatundha//
  9. Angupaya astagina/ kang arupa cupumanik/ pusaka Sang Parikènan/ tumrah Palasarasiwi/ Kurawa adrêng mamrih/ aminta pusaka cupu/ nanging Sri Dipayana/ ing batos datan marêngi/ astagina sinabdan mêsat gêgana//
  10. Dhumawah ing Jalatundha/ jumêgur lir ruging giri/ Kumbayana nulya prapta/ tulung nglêpaskên jêmparing/ Sang kaliardadali/ sêlulup jroning kang sumur/ jêmparing tanpa guna/ jêr sampun katampan dening/ dewa penyu parab Begawan Nala//
  11. Gumuning manah kawula/ sabdaning dipa maharsi/ tyas rilane mring Pandhawa/ dumadakan Madrimsiwi/ kramantuk widadari/ ananging arupa kêbul/ astagina katampèn/ de wruju Pandhu narpati/ [141] lan sêmantên wikuputra agawe glar//
  12. Nraju Pandhawa Kurawa/ sing abot dènsuwitani/ kang mêkatên lah rubaya/ gumliwange dèn katawis/ mangka pun Pandhusiwi/ gangsal Kurawane satus/ pasthi satus kang awrat/ Kurawa minggah rumiyin/ nuntên pun Pandhawa kantun dènnya minggah//
  13. Nalika minggah sêkawan/ rampak nanging dawêg silir/ nuntên Bima tumut minggah/ taraju jomplang ajênthir/ Kurawa ingkang sami/ nèng traju tiba kumrutug/ Kumbayana kataman/ ing ubaya karya malih/ Duryudhana ingkang karya amiliha//
  14. Narpati sèwu nagara/ lan sang prabu Dwarawati/ wikuputra manjing marang/ ing raja kang sèwu nagri/ Duryudhana narpati/ milih ingkang ratu sèwu/ inggih botên kadosa/ dora têmên kang sung warti/ dene maksih darbe milik kawibawan//
  15. Nanging layak makatêna/ nalika nyabrang jaladri/ kawêkèn tan angsal palwa/ nuntên wotên ingkang prapti/ awarni kapal wilis/ èstri cahyane umancur/ turangga tinumpakan/ bisane nyabrang jaladri/ langkung rêmên lampahing ingkang turangga//
  16. Ingkang nitih duk umiyat/ parjine ingkang turanggi/ krodha liwung anêmpuh byat/ turangga nulya garbini/ sarêng praptaning jangji/ mijil jalma warna bagus/ suku kiwa taracak/ soring karna mawi suri/ wus ingaran sira Bambang Aswatama//
  17. Dhahyang Durna duk mi-[142]yarsa/ Partadewa dènira ngling/ krodharsa angrangsang sirah/ karo tiba gumalinting/ gumlundhung praptèng jawi/ kabucang ing maruta gung/ karo lêpas lir panah/ anèng tawang jêlih-jêlih/ sang pandhita tiba jro pura Ngastina//
  18. Wuwusên dyah waranggana/ lan Gathutkaca nulya glis/ karone marpêgi sigra/ winartan karyaning tami/ purwa prapta mungkasi/ sang rêtna kalangkung ngungun/ ya ta Sang Partadewa/ angandika marang sori/ wruhanira bakal ana dhayoh prapta//
  19. Ananging dhayoh pamungkas/ garjita sang ruming sari/ ya ta sampun aluwaran/ kunêng kawuwusa malih/ Sang Parbu Arimurti/ jawi pamêngkang wus rawuh/ lan Nata Baladewa/ Sêmbadra myang Pandhusiwi/ lon umatur Sri Kresna mring Baladewa//
  20. Yèn parêng karsa paduka/ kula ingkang ngrumiyini/ nandangi pun Partadewa/ kula ujane ajurit/ angling Baladewa ji/ mung dèn prayitna ing pupuh/ yèn kongsi kasuwèn prang/ lilanana anusuli/ adan mangsah Narapati Danardana//
  21. Sapraptaning palataran/ sêsumbar srinarapati/ ndi rupaning Partadewa/ dulunên iki Kresna ji/ iki Sri Arimurti/ Danardana iya ingsun/ pêparab Narayana/ Kesawa anrang ing jurit/ iya ingsun Mahaprabu Padmanaba//
  22. Ya Bathara Narasinga/ kang mong si kalima siki/ gugup bungah nêmu praja/ yèn Si Basudewa siwi/ isih mong Pandhawa ji/ mangsa kênaa rinêbu-[143]t/ mêkatên nguyang warta/ aja ngucira ing jurit/ lah dènage mêtua tandhing sudira//
  23. Angêtog prawiraning prang/ angrok bandawalapati/ gathuk bau têpung jaja/ ukêl kol aliru kêris/ Partadewa miyarsi/ nyandhak samir sutra wungu/ sumampir ing wijangan/ gandrung-gandrung amarpêki/ Kandhiraras ambondhèti munggèng wuntat//
  24. Esthane pan kadi arsa/ anêmbrama mring dyah adi/ mrih rêsmi ge lumuntura/ Krêsna gita amalangkrik/ waspada myat kang mijil/ mungkur kukur-kukur pupu/ Kusuma Kandhiraras/ anggêtak saking ing wuri/ Krêsna jola niba ngrangkul Partadewa//
  25. Sakamantyan sukaning tyas/ Partadewa lan sang aji/ matur Rêsi Kamajaya/ lan kang rayi sribupati/ pukulun yayi aji/ ing lêpat kawula katur/ de sangêt kumawawa/ lumancang tan tur udani/ ing pangrêksa mring arinta pun Pandhawa//
  26. Sinêmbadaa paduka/ mêmêling winanti-wanti/ kasangsaya gitaning tyas/ gumujêng srinarapati/ dhuh kakang maharêsi/ sabda paduka kalintu/ lêrêse rak manira/ kang minta aksama yêkti/ dene kapilare têmah damêl susah//
  27. Umatur Hyang Kamajaya/ dhuh yayi jêng sribupati/ kados manira tan susah/ matur purwa amungkasi/ kados yayi wus ngèksi/ sadaya lampahanipun/ angling Bathara Krêsna/ manirarsa mêdal jawi/ asêsandi kasor prang lan Partadewa//
  28. Nahan Sri Bathara Krêsna/ mè-[144]yèg-mèyèg mêdal jawi/ saloyoran ngayang-ayang/ dupi praptane ing jawi/ panggih lan Pandhusiwi/ tinanya datan sinaur/ pijêr ngêsês angayang/ pamuwuse ringik-ringik/ Sang Arjuna gupuh mlajêng malbèng pura//
  29. Sêmbadra tansah tut wuntat/ prasasat tan ngambah siti/ wuwusên kang anèng pura/ Kamajaya lawan Ratih/ duk miyat yèn kang rayi/ sigra amarani gupuh/ tundhuk wus rêrangkulan/ lir kêkupu amrih rêsmi/ Dèwi Ratih wus panggih ngrangkul Sêmbadra//
  30. Wuwusên srinaranata/ Krêsna Baladewa maksih/ anèng jawining pamêkang/ tan darana angêntèni/ nusul wong agung kalih/ sapraptanirèng kadhatun/ myat kang rayi wus lênggah/ kapat Sêmbadra lan Ratih/ cuwa ing tyas angadu tan kadadeyan//
  31. Sigra Sang Arya Têtuka/ ngabêkti ing sribupati/ Mandura nulya manêmbah/ ing Bathara Arimurti/ nulya ngabêkti maring/ kang paman Sang Pandhusunu/ saha sru karunanya/ dangu anyungkêmi wêntis/ Sri Bathara Krêsna umatur ing raka//
  32. Sang Bathara Kamajaya/ pukulun sang maharêsi/ wus wancine anguculna/ mring ingkang sami piningit/ nahên angandika ris/ mring sang ari Pandhusunu/ kinèn manèh gêlagah/ kang tuwuh udyana warih/ dyan Sang Parta umangkat malbèng udyana//
  33. Winawas wus kasat mata/ kang warna galagah langking/ Arjuna sigra anyandhak/ jêmparing Ayahsêngkani/ lumêpas wus ngênèni/ purna sirna glagah wulung/ kawangwang Yudhistira/ tu-[145]win tiga kang para ri/ Bayuputra lumumpat nyandhak Arjuna//
  34. Ingumbulakên mring wiyat/ tibane katampan dening/ astanggung winangwang-wangwang/ gêdrug-gêdrug Bayusiwi/ lir bêlah kang pratiwi/ gêrêng swara gumaludhug/ lir gurnitèng ancala/ mangkana sang purnèng jati/ saisining kadathon sadaya mulya//
  35. Kusuma Dayita nata/ lan sagung kang para cèthi/ wus purna lan kadi saban/ isin pulih kadi nguni/ bêburon samya prapti/ paksi munya ting balêkur/ mina kèh samya polah/ wrêksa wohe dadi- dadi/ sinang-sinang ting gêrandhul dhêdhompolan//
  36. Kunêng mulyane sadaya/ Hyang Kamajaya bêbisik/ mring kang rayi Sang Arjuna/ yayi sira sun tuturi/ sutanira saiki/ manjing mring wismaning mungsuh/ karêpe manuhara/ sadulure ratu prapti/ anglakoni tuduhe martuwanira//
  37. Sri Rêsi Jayawilapa/ dèrèng dumugi dènira ngling/ Arjuna galêlês mentar/ Bima sigra anututi/ Sang Prabu Arimurti/ tanpa pamit nuli nusul/ sarêng Sang Gathutkaca/ Kamajaya wusnya pamit/ adan mentar lan garwa ajumantara//
  38. Nêngna Sang Hyang Kamajaya/ wuwusên kang anèng puri/ Drupadi lan Wilantênan/ tiga Kusumayu Kunthi/ cipta lir wong angimpi/ umyat rêsmining kêdhatun/ tambah endah ing warna/ kêbon-kêbon ngudyana sri/ puspitanjrah mawarna wangine tambah//
  39. Wrêksa wohe tuwa-tuwa/ rampa-[146]k tumpuk tumpang tindhih/ tuwin kang ngêning balumbang/ toyanya tambah awêning/ mina kang taksih alit/ muncul gêdhe ting calêbung/ banyak arak-arakan/ akarya langêning ati/ urang watang mangan lumut ting salengkrang//
  40. Kunêng gantya kawuwusa/ ingkang lêlana don jurit/ narendra gung ing Gumiwang/ kang anggung among wiyadi/ kasangsaya ngranuhi/ kapirangu amalatkung/ Prabu Suryaanggana/ supe maring pasanggiri/ mung Lêksmanawati kang katon gumawang//
  41. Kêna ing sêsandi karya/ bisane Rêtna Gêndari/ asêsandi ingkang wayah/ kêkintun rimong palangi/ pinanduk ing ganda mrik/ lan pratandha srat winangun/ têmbunge amlas arsa/ nor roga mêmulêt ati/ pangarahe supaya mêmpêng ing yuda//
  42. Nanging malah dadi wisa/ wisaning wong mangun jurit/ lali gawe sung kawangwang/ kang paring rimong pêlangi/ kadi katon sumandhing/ sasmita ywa anrang pupuh/ supe dhahar myang nendra/ tan arsa siniwèng  abdi/ guramean ngudrasa nèng pasarean//
  43. Gêguling karya sumêlang/ kang anggung liniling-liling/ sinepa kusumaning dyah/ sinabda rum angrêrêmih/ dhuh mirah jiwa mami/ asih têmên ing apunggung/ sidhat gung mawa karna/ wisma tan ingambah janmi/ dèntulusa asih mring wong kawlas arsa//
  44. Kagendra suwiwi pagas/ ayam kuncung taya rêsmi/ mina mananduk ing saya/ ayu gêgêg mêrak ati/ pêksi kang grana èsthi/ dêdalan tumanduk ngranu/ tan kondur ma-[147]rang sabrang/ sinangkala naya manis/ jênak têmên gusti anèng pamondhokan//
  45. Rêkatha lit ing udaya/ rambatan dèntaratagi/ wong ayu salina sinjang/ ing kene wus amiranti/ panêngran[sira manjing/ pêpantêsên busanamu/ aywa kapati abra/ eman rêsmining sotya di/ mêsum kasor ujwalane mukanira//
  46. Kunêng kang anggung migêna/ wuwusên Arya Pamadi/ patêmon lan Badranaya/ Sêmar lara dènnya nangis/ wus sirêp kang prihatin/ Arjuna alon andangu/ dhuh kakang anakira/ ing mêngko ana ing ngêndi/ alon matur Saronsari mring Palguna//
  47. Turene têng pasanggrahan/ karêpe angincim-incim/ têng adhine Suryanggana/ Arjuna sigra nututi/ ing wanci bangun enjing/ wuwusên kusumaningrum/ lagyarsa asêsotya/ ingiring pawongan kalih/ bêkta nampan isi sabuk lan pêsatan//
  48. Sang rêtna manjing patirtan/ Bimanyu prapta ing wuri/ wor pawongan bêkta nampan/ tan nyana lamun sinandi/ narka abdi kinasih/ pasatan tanapi sabun/ ngulungkên wus tinampan/ ya ta kusumaning puri/ saking jamban nguwuh amundhut kosokan//
  49. Bimanyu malbèng patirtan/ sang rêtna ngandika aris/ age simah kosokana/ wus lawas ora babêrsih/ sigra dènnya ngosoki/ sariranggung linalulur/ jaja gigir padharan/ bocong wêlakang myang wêntis/ nora gêlêm dikon wi-[148]s bok lara simah//
  50. Baskara mèh kawatgata/ ujwalane mananduki/ wus purna dènira siram/ mundhut pasatan sang dèwi/ ingaturakên nuli/ plengas-plengos Sang Bimanyu/ dangu-dangu kawangwang/ katon brêngose jlekithit/ sang kusuma arsa jrit nanging tan bisa//
  51. Lathi tinutupan asta/ ginèrèt mêdal ing jawi/ arikuh dènnya lumampah/ pijèr kasrimpèt pang garing/ satèmah minggrang-minggring/ asta ro anggung anyut/ ya ta abdi ro ingkang/ satêngga jawining kori/ pandulune mring sang dyah lir pinalara//
  52. Pawongan jrit lumaksana/ arsa tur uningèng gusti/ wuwusên Sang Hendraputra/ kagèt duk miyarsa panjrit/ linuru wus kapanggih/ ing putra Risang Bimanyu/ ngèwèng-èwèng wanodya/ kreyaban lumaku miring/ pinarpêkan tinanya saking ing wuntat//
  53. Bimanyu kagyat anjola/ ucul ngasta mring sang dèwi/ arsa mlayu dyan cinandhak/ ujunging pasatan kêni/ tèmah dheprok sang dèwi/ Arjuna tanya mring sunu/ paran purwaning arsa/ Bimanyu matur mungkasi/ angandika wong agung Hendraatmaja//
  54. Wis kulup nuli uculna/ tuwin kalamun sira sih/ gampang yèn wis sampurnèng prang/ kalamun unggul ing jurit/ tan wurung yèn sirambil/ parikramaning prang pupuh/ brana mangka jarahan/ panungkul para bupati/ sakèh ingkang putri minangka têtawan//
  55. Payo malbèng pasanggrahan/ wruh-[149]a rupane sang aji/ ing sabrang Sri Suryanggana/ kaniayane kêpati/ angiras sun tuntuni/ pakartining prang rahayu/ tan amigênèng guna/ wus manjing satriya kalih/ kawuwusa wus salin têmbange durma//

~ PUPUH XXVI ~
D  U  R  M  A 

  1. Suryanggana tan pêgat amriyêmbada/ guling gung linaliling/ dhuh pêpujaningwang/ aja tumuli nendra/ sapanên dasihmu gusti/ paran ta mirah/ dhahat tan nabèng dasih//
  2. Larang têmên biyadane wong Ngastina/ baya durung bisa ngling/ wuwusên kang prapta/ pawongan tur uninga/ yèn pura kataman dening/ satriya endah/ misesa ing sang putri//
  3. Gusti ari paduka linarak-larak/ kilap dadosing wuri/ ya ta srinarendra/ duk myat pawongan prapta/ gregah nulya amrêpêki/ sarwi mêndhapan/ wuwuse angrês-rêsi//
  4. Dhuh gustiku ing mangke kawulanira/ layak wurung ngêmasi/ yèn sirawus prapta/ mirah paring husada/ parêkan mundur sarya ngling/ gusti kawula/ dede sang raja putri//
  5. Kunêng ingkang anggung kandhuhan kung rimang/ wuwusên Pandhusiwi/ nèng jaban purendra/ arsa anêtêpana/ lungguhing satriya luwih/ utamaning prang/ yêkti nganggo tinari//
  6. Wani ora tinakon lawan prayoga/ dadi tan ngucirani/ yèn liyaning praja/ nganggo ambuwang layang/ ya ta Risang Hendrasiwi/ adan sêsumbar/ swara lir muksèng wyati//
  7. Aprabawa yayah kapilêng-[150]kang myarsa/ mangkana dènira ngling/ kèh Suryaanggana/ yèn sira tambuh mring wang/ sun wirèng rat wignyèng jurit/ samya Pandhawa/ trah Rêsi Bramamani//
  8. Sun atmaja Surapatindra Suraya/ ya Sang Prabu Karithi/ siniwèng wranggana/ lêlancuring surendra/ kinarya lananging bumi/ winênang ngrunah/ wil diyu myang rasêksi//
  9. Nadyan janma kang ambêg murka candhala/ tan parikramèng jurit/ kaya têkonira/ mukul prang murang dalan/ nir parikramèng aji/ kasusu arsa/ tampa putrining aji//
  10. Bungah-bungah panarkamu kadangingwang/ murut wêdi ing jurit/ hèh Suryaanggana/ rêbutên ing ayuda/ sotyèng rat ingsun Jahnawi/ ya Dananjaya/ ya iki Si Pamadi//
  11. Ya Arjuna ya Janaka ya Pamadya/ ya Parta Pandhusiwi/ ya Arya Palguna/ dènage Suryanggana/ mêtua sun kang anadhahi/ yèn nyata lanang/ sagêndhingmu ing jurit//
  12. Ya ta wau Sang Prabu Suryaanggana/ karna kadi pinêthik/ sirna brangtanira/ mring putri ing Ngastina/ gêgamaning prang cinangking/ mijil ing jaba/ wusnya myat kang nyumbari//
  13. Amêrpêki Parta cinandhak lambungnya/ nanging tyas datan gigrig/ singgan-singgun nora/ ya ta Sri Suryanggana/ angling hèh Parta dèn aglis/ apa nèng sira/ tibakna sun tadhahi//
  14. Anauri satriya Adananjaya/ langka ujarmu iki/ dudu watakingwang/ yèn aprang dhinginana/ kapindhone yèn sirèki/ sun dhinginana/ bok tan nga-[151]nti malêsi//
  15. Muring-muring sang nata narik curiga/ anggoco wanti-wanti/ Arjuna tan obah/ eca ngadêk ing ngarsa/ rusuh trape dènira mrih/ marjayèng Parta/ Arjuna mèsêm angling//
  16. Hèh sang nata aja kêsusu ing aprang/ sun tan nêdya ngoncati/ salina gêgaman/ anggonên marjayèngwang/ sang nata sugal nauri/ hèh Pandhuputra/ malêsa sun tadhahi//
  17. Sigra narik curiga Ki Kalanadhah/ pusaka Hyang Pramèsthi/ duk sinurayèng prang/ lan yaksendra Newata/ barêng panah Pasopati/ siyunging Kala/ loro pinuja dadi//
  18. Siyung ngisor dadi kêris Kalanadhah/ kang dhuwur Pasopati/ Arjuna ngandika/ hèh Sang Nata Suryanggana/ iki wêkasanmu urip/ age umyata/ ujwalaning hyang rawi//
  19. Ewadene sirarsa urip dènkêbat/ ambungên sikil mami/ anjrit Suryanggana/ sarwi amrang curiga/ tan sira dhewe pinaring/ jaya kadibyan/ pagene sun ngabêkti//
  20. Wus jamake wong bêcik lawanan aprang/ sapa sor angêmasi/ sang Padmèng Surendra/ mantukkên Kalanadhah/ pêcating yitma barêngi/ Sri Suryanggana/ gumlimpang wus ngêmasi//
  21. Surêm-sirêm gêgana alimêngan/ pracihna ratu mati/ jalada mangubyat/ gumlêgêr kang prabata/ gurnitaning jalanidhi/ bantala obah/ munya dhêdhêt rawati//
  22. Ing sadangunira wong agung dènnya prang/ Bimanyu ngintip-intip/ tuwin sang lir rêtna/ [152] anggung ngungak cêndhela/ duk rak kang ngêmasi/ anjrit karuna/ lumayu dèntututi//
  23. Cinandhak rikmane sang rêtna kalumah/ karuna dènlik-elik/ Sang Arjuna sigra/ sirahe Suryanggana/ pinagas murda gumlinting/ adana nyandhak/ sanjata Dadedali//
  24. Linêpaskên sinangên wus buncang sirah/ tiba ngarsaning Patih/ Gajah Satrutapa/ bubar ing panangkilan/ gumuruh kang pra dipati/ sadaya arsa/ bela patining Gusti//
  25. Gumarubuk lumêbêt ing pasanggrahan/ wuwusên Bayusiwi/ lawan Gathutkaca/ kèndêl ning soring wrêksa/ tan antara ingkang prapti/ narendra Krêsna/ prapta sru dènira ngling//
  26. Yayi Werkudara age têtulunga/ lan sira Bimasiwi/ ingkang rinêbut prang/ kaipe Madukara/ nèng jro kinêmbulan dening/ prajurit sabrang/ rajane wus ngêmasi//
  27. Bima Gathutkaca marang pasanggrahan/ sinambi turut margi/ anjèthoti sirah/ Sang Arya Wêrkudara/ mung gada kinarya babit/ rangkêp pat lima/ gélasah angémasi//
  28. Kang katênggêl gada ajur datan kalap/ suh ajur ting saluwir/ kêna tinêngêran/ tilas Bima Têtuka/ kang tugêl sirahe pêsthi/ sisa Têtuka ting saluwir//
  29. Kang sayêkti ginada ing Arya Bima/ wong sabrang kêkês wingwrin52)/ ya ta kawuwusa/ Sang Gajah Satrutapa/ umiyat Radèn Pamadi/ lumayu sigra/ prapta nungkêmi sikil//
  30. * Bima Krêsna Gathutkaca samya prapta/ miyat54) kang anyungkêmi/ ya ta Sa-[153]trutapa/ umatur wor karuna/ dhuh gusti sang jayèng jurit/ mugi pyarsakna/ ing ature pun patik//
  31. Yèn paduka anglajêngna ing dêduka/ tan wande tumpês tapis/ dhuh gusti ngemana/ mring kawula Gumiwang/ kawula ingkang kadugi/ nyirêp ing wadya/ kang sami labuh pati//
  32. Lawan botên adamêl sukaning driya/ mrih pêjahing cêcindhil/ ing prang tan linawas/ angling Sang Hendraputra/ pangucapmu lir garimis/ sun durung wikan/ aranmu kang sayêkti//
  33. Lawan apa lungguhmu ana ing sabrang/ paran karêpmu iki/ dene sira têka/ nungkêmi padaningwang/ matur Satrutapa Hèsthi/ gusti kawula/ ing sabrang lênggah patih//
  34. Kaparingan nama Gajah Satrutapa/ wondene ingkang abdi/ kamipurun nyêlak61)/ ing ngarsa jêng paduka/ yèn kaparêng karsèng gusti/ rèhne ing mangkya/ raja kawula lalis//
  35. Kaparênga kêng abdi ngaturkên praja/ Gumiwang mring Jêng Gusti/ minangka62) têtawan/ putrine srinarendra/ panunggul brana sotya di/ dêdamêling prang/ pratandha jayèng jurit//
  36. Pintên banggi kang abdi pinarêng gêsang/ sok sampuna ngabêkti/ lan ngaturkên praja/ saisine Gumiwang/ owêl tuwuh glagah grinting/ luhung têksiha/ sumiwi ing Jêng Gusti//
  37. Matur nêmbah Arjuna mring nata Krêsna/ pukulun sribupati/ kawula sumangga/ turipun Satrutapa/ sang aprabu ngandika ris/ ingkang prayoga/ Si Satrutapa patih//
  38. Dhawuhêna ngratoni [154] Praja Gumiwang/ angrèha pra bupati/ miwah manca praja/ kabèh padha renea/ ya ta Sang Arjuna aglis/ dhawuhkên marang/ sirèng rêkyana patih//
  39. He ta Gajah Satrutapa tampanana/ dhawuhing bathara ji/ yèn ing mêngko sira/ ginanjar mêngku praja/ ing Gumiwang angratoni/ labête lawas/ kawêngkuwèng sireki//
  40. Aja owah jenênge Sang Prabu Gajah/ Satrutapa narpati/ sira manèmbaha/ mring prabuku Ngamarta/ sira muliha dènaglis/ sakèhing brana/ kapraboning narpati//
  41. Lan sakèhe pusaka gêgamaning prang/ kadarbe ing sirèki/ mung bêndaranira/ Si Lara kang sun gawa/ cèthine aja na kari/ Sang Prabu Gajah/ sumungkêm sru anangis//
  42. Angrêrêpa ature Sri Satrutapa/ sumungkêm ing pratiwi/ dhuh gusti kawula/ lilanana atut wuntat/ Arjuna ngandika aris/ dènage sira/ muliha aja kari//
  43. Marma sira yèn ngantia lawas-lawas/ sadeyaning wong cilik/ tan wurung akarya/ rêtu rusaking praja/ sang nata manêmbah aglis/ sumungkêm pada-/ nira Sang Arimurti//
  44. Nulya nêmbah mring wong agung ing Pamênang/ nulya mring Sang Pamadi/ riwusnya mangkana/ sang nata agya budhal/ kêbut ing sisaning pati/ sang prabu anyar/ ing lampah mandhêg nolih//
  45. Kadya priya kasmaran ing wanodyendah/ samarga tawang tangis/ wuwusên Sri Krêsna/ angling mring Dananjaya/ yayi pasanggrahan iki/ sira basmia/ kabèh dimèn barêsih//
  46. Yèn wis tunu sira buncanga ing barat/ bangke dimèn barêsih/ [155] sigra Dananjaya/ musthi kang Bramastra/ kumêlun dahana mijil/ kumantarkantar/ wisma gung kang dènbyuki//
  47. Gumarubug saengga wana kawêlagar/ ngêbyuki nganan ngering/ sigra Hendraputra/ mênthang sanjata wrayang/ lumêpas nêmpuh ing agni/ mubal sumêbar/ sumyur sumawur mamrih//
  48. Bangkening wong kabuncang tibèng samodra/ kumrutug lir garimis/ minangsa ing mina/ kêmroyok ting kalobak/ kunêng wuwusên Sang Aji/ Krêsna lan kadang/ wus bubar kundur maring//
  49. Ing Cintakapura bêkta putri tawan/ punggêl kang dènsêrati/ lakon Partadewa/ ing Dhukuh Tejamaya/ sangalas Besar Dal warsi/ sastraningangka/ 9 9 7 1 mungkasi//

tamat

%d bloggers like this: