alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT PARTADWA Pupuh I – XII


~ PUPUH I ~
A S M A R A D A N A

  1. Kawarnaa Sribupati/ Ngastina Sri Duryudhana/ dahat sungkawa ing tyase/ myarsa andikaning rama/ Sang Nata Pinandhita/ Dhestharata kang wus murud/ kaprabon ginantyan putra//
  2. Jêjulukirèng Narpati/ Mahaprabu Duryudhana/ Jayapitana parabe/ nalika sawiji dina/ Sang Prabu Duryudhana/ sumiwèng sang mahawiku/ karongron lawan kang garwa//
  3. Kusuma Ambanowati/ ya ta sang nata pandhita/ sakalangkung trusthèng tyase/ sawusira sinambrama/ satata dènnya lênggah/ kusuma dayita wiku/ rênaning tyas tanpa timbang //
  4. Kusumayu Banowati/ pinarak tan kêna têbah/ lan rama sang rêsi katong/ atap sunggata dhaharan/ pawèstri langên suka/ têbah tarab dènnya lungguh/ kadya panjrahing puspita//
  5. Kusumayu Anggêndari/ tansah ngacarani putra/ sinarweya dhadharane/ sang nata gung nor ing sabda/ ya ta sang wiku garwa/ matur mring sang sabdèng wuwus/ lon jêng putranta tan arsa//
  6. Dhadharan pijêr liniling/ sêmune nganti paduka/ dhuh inggih kados jêng kados/ bêktine darbe sudarma/ ajrih ngrumiyinana/ sigra wus bujana nutug/ sang wiku miwah sang nata//
  7. Wuwusên sang pandhita ji/ ngandika marang sang nata/ hèh ki prabu paran mangko/ pitutur ingsun mring sira/ bab Kraton ing Ngastina/ yèn gêmah arjane wuwuh/ atimbun pa-[2]ra narendra//
  8. Ingkang padha sih sumiwi/ sumurut soring dhêdhampar/ kabèh mêmpêng prasêtyane/ mung ana sandeyaning tyas/ ewuh pakewuh ing cak/ rêksanên ucaping wiku/ sumuyut ing lyaning praja//
  9. Ana bêbasaning jamni/ wrêksa gung sinêmpal kang pang/ sayêkti suda ayome tan karya kusuting praja/ yèn kataman ing barat/ balik sira kang marunggul/ kêna ing basan tanpeman//
  10. Arimu Si Pandhusiwi/ mungguha lakuning barat/ sangsayolèh turus gêdhe/ tumrap ulading dahana/tan sirêp dening tirta/ layak bae wong bêbruwun/ pangudine pasthi harda//
  11. Balikan kulup sirèki/ kalamun animbangana/ rong prakara ing lupute/ kang dhihin lawanan kadang/ kapindhonira tuwa/ kawêntar lyan praja saru/ ngrêrontog roning kang wrêksa//
  12. Sirnaning arinirèki/ marga ing sira priyangga/ rontog ron wrêksa pamane/ lan sira kaprênah tuwa/ wajib angalarana/ cêkake pituturingsun/ anata dayaning driya//
  13. Ngumpulna para maharsi/ nanging pratingkah dènsamar/ mungna kang piniji bae/ bisa tumuwuh ing sêdya/ kalakon têka puja/ yèn rosa purwaning kayun/ mêtu têka sayêmbara//
  14. Tanpa karya ing pamurih/ mijila ing sayêmbara/ têmah rame wêkasane/ ki prabu sira mijia/ mring paman ing Talkandha/ Sapwani sang mahawiku/ lan si adhi Sokalima//
  15. Purihên nungku sêmadi/ supaya dewa pa-[3]ringa/ nugraha gung mring siranggèr/ rupane ingkang nugraha/ wong kang saguh nyirnakna/ kamladèyaning prajamu/ bangên saparoning praja//
  16. Wayah gumlewang Hyang Rawi/ Dhêstharata angandhika/ kulup iki wus wayahe/ sira mundura ngadhatyan/ tumuli parentaha/ nimbali kang para wiku/ Duryudhana ngaras pada//
  17. Mundur ngarsèng sang palinggih/ dhasare pan wus tri dina/ ing sabên dalu sang katong/ nimbali kang pra pandhita/ kang sudibyèng pamuja/ Santanu putra myang wiku/ Rêksi Baratmadya putra//
  18. Muja nèng dhatu pamêling/ tan lyan gêng ning kang subrata/ jayaning karsa sang katong/ kunêng ingkang winursita/ winuwus kang praja lyan/ sumêla carita ngayun/ ana laladaning sabrang//
  19. Gumiwang araning nagri/ ingkang jumênêng narendra/ jêjulukira sang katong/ Sang Prabu Suryaanggana/ siniwi kang pra raja/ kèh raja atur panungkul/ putrine katur mawongan//
  20. Tan ana pinujwèng galih/ wus kasèp tan arsa krama/ ana arine sang katong/ putri warnanya yu endah/ kasor kang waranggana/ Suryawati kang jêjuluk/ diwasa tan arsa krama//
  21. Kèh pra narpati minta sih/ mêkathik sêdyaning driya/ nanging tan ana katampèn/ mangkana jêng srinarendra/ ing dalu pan supêna/ kramantuk putrining ratu/ angrênggani ing Ngastina//
  22. Jêjuluk Laksmanawati/ atmaja Sri Duryudhana/ sor waranggana citrane/ kadya wus sajiwasmara/ tan mantra yèn supêna/ lir satuhuning alulut/ marma tyasira sang nata//
  23. Kakênan sajroning guling/ ka-[4]lihe sami pratiknya/ sajiwa raga ing têmbe/ wunguning panendranira/ wong agung tyas mangarang/ kapirangu gandrung-gandrung/ amirangrong karurungan//
  24. Midêr mring taman ngrêrêpi/ mangkana udayaning tyas/ sangkal wadung parisibèng/ wignyaning barang pakaryan/ sela krêsnardèng tirta/ kapan sun bisa kêtêmu/ lan si manis ing Ngastina//
  25. Saron gung tinut ing gêndhing/ antara wuryaning mina/ mung sakêpriye polahe/ janma tanbuh ing asmara/ pamurih wus sanyata/ adate sang rêsmining rum/ tan kêna pisah sadhela//
  26. Ya ta wau sri bupati/ èngêt kondur mring puranya/ nimbali patihe karo/ wastane ingkang taruna/ pun Gajah Antisura/ jêjuluke ingkang sêpuh/ Patih Gajah Satrutapa//
  27. Kalihe manjing jro puri/ sumiwi ngarsa narendra/ angandika sang akatong/ hèh Satrutapa wruhanta/ karo sun piji padha/ sirnakna wiyoganingsun/ susah kêmbanging palastra//
  28. Nêmbah matur kyana patih/ pukulun jêng srinarendra/ paran purwa wiyogane/ manawi pun Satrutapa/ sagêd amulyakêna/ angandika sang aprabu/ sungkawèngsun anglêngkara//
  29. Patih tuwa matur malih/ jêmak panjênêngan nata/ pae lawan kawulane/ ing sabarange bineda/ yèn wong agung supêna/ minangka sasmita tuhu/ kang kalingling jroning nendra//
  30. Wahanane anampèli/ kalamun abdi paduka/ yèn tilêm ngorok sumênggor/ supênane kalayaban/ margi kèhing panggagas/ wahanane sêling sambut/ têbih dhatênging sasmita//
  31. Ya ta wau sri-[5]bupati/ myarsa turing patih tuwa/ kadya binerat susahe/ ngandika srinaranata/ hèh bapa wruhanira/ ing ratri goningsun turu/ ngimpi rabi putri endah//
  32. Panêngran Lêksmanawati/ putrining natèng Ngastina/ tanah Jawa laladane/ bapa tan mantra supêna/ kadi yêktine krama/ ing satanginingsun turu/ kongsi ana sêtêngah jam//
  33. Sih katon lungguh sumandhing/ sun punggêl ing karsaningwang/ sun jukuk ing rose bae/ impèn sun gawe sanyata/ lamun sun tan mêngkuwa/ kang dêlongèh jroning turu/ sêsotyaning wong Ngastina//
  34. Pratignyaningsun ngêmasi/ urip tan kinumpul lawan/ bojoku wong dlongèh-dlongèh/ sun tan bisa nanggulanga/ karsèngsun daya-daya/ wurung rabi sida lampus/ wirang yèn tan kalakona//
  35. Satrutapa karsa mami/ sun kêpung praja Ngastina/ supaya girisa tyase/ sang aprabu ing Ngastina/ mangsa sandhanga lima/ patih tuwa nêmbah matur/ dhuh gusti jêng srinarendra//
  36. Kamipurune kang abdi/ umatur ing jêng paduka/ saking katrêsnan èstune/ botên umatur nyênyamah/ mojar nèng srinarendra/ èstu paduka sang prabu/ ratu punjul tri bawana//
  37. Sintên ingkang animbangi/ kaprawiraning ayuda/ tuhu yèn ratu kinaot/ marma kathah kang pra raja/ nungkul tan sarana prang/ nglêlabêt-labêting enu/ tumêrah ing padukendra//
  38. Gunggunging kang pra maharsi/ sakawit rama paduka/ tumêrah dalah samang-[6]ke/ tan kenging yèn winicara/ manggung mangayubagya/ punika gusti sang prabu/ wit rêrasaning pra arja//
  39. Dibya prawiraning janmi/ kang sagêd nênuba wana/ ngêlêbi bantala bakwe/ yêkti sor lan tyas raharja/ sih ing rat paramarta/ punika dibya linuhung/ miwah rinangkêpan wiyar//
  40. Basan wiyar amriksani/ lêlabuhaning dumadya/ tan mung manusa èstune/ nadyan kewan walang taga/ yèn sampun kinawruhan/ saèstunipun piturut/ tur botên saking rêkasa//
  41. Ya ta wau sribupati/ myarsa turing patih tuwa/ sakala kanggêg driyane/ poma robing kang budaya/ Ki Tuwa Satrutapa/ pama Setu Banda Layu/ ngandheg isining samodra//
  42. Mangka bèr anganan ngering/ nêlêsi ing kyana patya/ kya patih maju ature/ dhuh gusti srimaharaja/ wontên dayaning driya/ ing karsa murih lêstantun/ prayoga ucaping praja//
  43. Lan wontên kirata malih/ traping arsa jatu krama/ sinangkan wicara asor/ sanadyan trahing ngawirya/ mangka mrih trahing pidak/ kêdah miluta ing ngayun/ supadyantuka ing karya//
  44. Kawula miyarsa warti/ praja Ngastina kancikan/ pandhita sabrang sangkane/ saking ing Ngatasmaruta/ putra Sri Baratmadya/ jêjulukira sang wiku/ wasta Dhahyang Kumbayana//
  45. Yèn ing sabrang tanpa tandhing/ ngratoni para pandhita/ binapa guru sakèh wong/ duk swargi rama paduka/ Sang Prabu Suryabrata/ puruhita mring sang wiku/ Nata Rêsi [7] Baratmadya//
  46. Rama paduka sang aji/ pinutra sinaudara/ lir nunggil bibi esthane/ lan Sang Wiku Kumbayana/ saking pamyarsa kula/ nèng Ngastina ginaguru/ binapa mring srinarendra//
  47. Obah osiking nagari/ mijil saking sang pandhita/ barang sang nata karsane/ mawi nantun têtarosan/ yèn sang wiku tan rêna/ sinalinan sêkaripun/ karêm ing sinom logondhang//

~ PUPUH II ~
S I N O M

  1. Dhuh gusti srimaharaja/ ing karya mamrih prayogi/ winawang lampahing praja/ tan pae margining warih/ karya enggal lêstari/ lahar lêbak marginipun/ pêpundhung tan tinrajang/ pae tingkahing sujanmi/ darbe reka tuwin darbe pamriyoga//
  2. Ewadene ingkang tirta/ lampahe têmah lêstari/ dumugi ingkang sinêdya/ makatêna sribupati/ prayogi saking aris/ purwa wasana rahayu/ yèn lir karsa paduka/ ingangkah sangkaning jurit/ anjawine yèn tan kenging pinrayoga//
  3. Marma paduka sowana/ mring ramanta sang maharsi/ kang dêdunung Sokalima/ ambêktaa bulu bêkti/ kaputrèn ingkang adi/ tumrapa mring sang rêtnayu/ lan brana guru bakal/ miwah dêdamêling jurit/ kang prayoga wêdalan nagri Gumiwang//
  4. Dwiradha4) turangga rata/ kang pantês katur sang aji/ punika gusti prayoga/ tan karya susahing abdi/ kenging sang raja putri/ adat [8] ing karsa sring lulus/ ngemana wadya tuwan/ sampun dumèh guna sêkti/ yèn sêsami-sami titahing jawata//
  5. Angamungakên Gumiwang/ kang sinèrèn guna sêkti/ tan beda liyaning praja/ ingkang sami guna sêkti/ yèn praja tanah Jawi/ malah kasusrèng jana gung/ pangungsèning aguna/ kêdhunging puja sêmèdi/ ulêkaning ngalêmpak nèng tanah Jawa//
  6. Sêktining tiyang Gumiwang/ prasasat toyaning kali/ miwah toyaning bangawan/ sadaya malbèng jaladri/ tan lyan ing tanah Jawi/ ingkang mangka samudra gung/ jêr Hyang Wisnu Bathara/ dumunung ing nuswa Jawi/ upamine pawaka wadya Gumiwang//
  7. Kang ngrêksa ing pra jawata/ Sang Bathara Wisanggêni/ nênggih Sang Bathara Brahma/ yèn maruta ingkang abdi/ ratuning angin-angin/ dumunung Bathara Bayu/ mangkya wus anèng Jawa/ prabuning prawira sêkti/ wus kinumpul ngêratu nèng Batharendra//
  8. Lêlajêr ing tanah Jawa/ pinutra Hyang Surapati/ ing pundi margane jaya/ prasasat mandêng Hyang Rawi/ kalamun sribupati/ tan dhaharing atur ulun/ kados yèn kalampahan/ padukantuk margi gampil/ srinarendra alon wijiling wacana//
  9. Iya bapa sun tarima/ pamrayogamu mring mami/ hèh Apatih Antisura/ undhangna sakèh bupati/ kêrigên ywa na kari/ tanapi prajurit ingsun/ gêgaman dènsamêkta/ sira manjinga jro puri/ kalumpukna kabèh brana ing Gumiwang//
  10. Andhungan gêgamaning [9] prang/ kang padha linuwih-luwih/ kumpulna ge dèn samapta/ kang bakal katur rama ji/ raja kaputrèn adi/ bakal agême sang ayu/ ruktinên gêndhaga mas/ rata titihan rama ji/ pangiride turangga ingkang prayoga//
  11. Busananing kang turangga/ pisungsung Ratu Sarwanti/ buntêlên baludru pita/ lan gajah Si Pamugari/ saplanane ywa kari/ rakitên wuwuhên bagus/ sêrati Ratu Mlawa/ kang wus wruh têkoning hèsthi/ parentaha sarupane bocah buta//
  12. Ing laku kaparêng wuntat/ ywa karya kagèting janmi/ sesuk samangsa samêkta/ tatanên lakuning baris/ aja numpang tumindhih/ sirêping karsa sang prabu/ Dyan Patih Satrutapa/ bukuh umatur sang aji/ dhuh dewaji wontên malih tur kawula//
  13. Yèn ngancik têpining praja/ kèndêla ing sawêtawis/ padukènggal utusana/ tur uninga ing sang yogi/ yèn wus kapriksan dening/ ramanta sang mahawiku/ manggèning pamrayoga/ saèstu saking sang rêsi/ kados botên sang wiku karya sangsara//
  14. Mèsêm sang nata ngandika/ sangsaya bolong tyas mami/ yèn mangkono sira bapa/ milua ing karya mami/ yèn arjaning pênggalih/ sira dhewe kang sun utus/ marga sang apandhita/ wis kulina ing sirèki/ dadi nora pinaido lakuning wang//
  15. Kya patih matur sandika/ wus kondur sri narapati/ sadalu datanpa nendra/ ketang aturing apatih/ pisung-[10]sung pinaranti/ kang badhe katur sang ayu/ ingasta juga-juga/ sinawang liniling-liling/ gung sinabda lir brêmara nguswa sêkar//
  16. Jêjimate wong Gumiwang/ agêmên pisungsung mami/ sêsupe maniking toya/ anggonên dariji manis/ sêngkang seta bang wilis/ sangsangna mênawa patut/ sêndarining kukila/ sêsawi tinraping nagri/ sun sawange dhewe gusti warnanira//
  17. Kunêng wau srinarendra/ sadalu tan antuk guling/ pijêr ngrungrum mriyêmbada/ raja kaputrèn liniling/ anggung ingarih-arih/ pinindha-pindha sang ayu/ èngêt srinaranata/ myarsa swaraning kang pêksi/ putêr seta srigunting kuthilang prênjak//
  18. Pan mèh rahina sêmu bang/ surya nèng pucaking wukir/ ujwalèng ron maya-maya/ pindha rêtnaning hèr gêni/ mijil saking botrawi/ myat ing mina runtung-runtung/ molah agêbyar-gêbyar/ kataman ujwalèng rawi/ srinarendra kacaryan miyat ing mina//
  19. Anggung dènnya angudrasa/ dhuh intêne wong sabumi/ myata rêsmining kang mina/ anganti sihira yayi/ marma gung marêpêki/ satêmah mangsa lêlumut/ lah gusti sêbarana/ bêrondong dimène bukti/ sinasambi sang nata ngundhuh puspita//
  20. Ana kang anjali seta/ mêgar gandane nêlahi/ ratuning wangi sadonya/ ngalumpuk mring wida putih/ pinêthik tinatinggil/ ingèsêman sêpêt madu/ anggung dènnya nêmbrama/ adhuh mirah ingsun gusti/ sangsangêna kang sêkar anjali seta//
  21. Kunêng ga-[11]ntya kawuwusa/ Kusuma Suryadiwati/ marpêki gyaning sang nata/ umatur saha wor tangis/ èngêta kakang Aji/ amicara kang buh-êmbuh/ tan nganti pitung kêcap/ gyanira matur sang aji/ angêting tyas  sigra rinangkul sang retna//
  22. Rara sira adandana/ sun gawa suwita maring/ jêng sinuhun ing Ngastina/ têlatah ing nuswa Jawi/ ratu pawira sêkti/ dhasar bisa dadi dhukun/ nambani wong kedanan/ pasthi bisa gêlis mari/ saranane putrane ingkang wanodya//
  23. Ayu punjul sêsamèng dyah/ jêjuluk Lêksmanawati/ kasusra gung sinuwitan/ ing narendra manca bumi/ matur sang raja dèwi/ jampine denekumênyus/ têmbe kula kènginga/ dhêdhèrèk tumut pêpilis/ sokur angsal jêjampi atising badan//
  24. Sang nata sampun busana/ sakapraboning narpati/ mijil saking prabarêtna/ tan pisah lawan sang dèwi/ orêg sagung kang nangkil/ mèt papan sajurujuru/ gumrah swaraning bala/ kadya trunaning udadi/ asrang sinrang gumulung agêgolongan//
  25. Patih Gajah Satrutapa/ mangka panganjuring jurit/ angrèh madya ing amanca/ dlêdêg lir ilining warih/ banderanira wilis/ aciri putri manêkung/ ing wuri gêgotongan/ pisungsung gêgaman jurit/ kinothakan tinêngran warnaning gaman//
  26. Kang isi rêtna busana/ dèncèt pi-[12]narada kuning/ tinulis araning brana/ ginotong wong manca bumi/ gamelan kang nambungi/ pelog muni ladrang mandu/ priyayi langên praja/ ngêlik nèng jroning bêdhati/ kadya pêksi cintaka sumêlêt rênyah//
  27. Têlas ingkang langên praja/ prajurit jro kang nambungi/ kang samya wahana kuda/ têtindhih para bupati/ longkang-longkang dèn goni/ naracak gêgaman ganjur/ jêjèbèng sang arêtna/ sarta busana sarwi brit/ yèn dinulu kadya kang wana kawlagar//
  28. Pinilih wayahing janma/ kang lagya nêdhêng birahi/ samya brêngos kêkêtugan/ solahe lir jayèng jurit/ ing wuri kang nambungi/ patih anom gêng aluhur/ ran Gajah Antisura/ sêmbada wahana hèsthi/ anindhihi sakèhing prajurit dharat//
  29. Watara mung sangang lêksa/ ing wuri srinarapati/ munggèng rata nawa rêtna/ jajar lan sang rêtnèng puri/ tinon kadi pênganti/ anggêbêl kang miyat nglurung/ sawênèh ana nyakra/ yèn akrama sribupati/ baya iki pangarake srinarendra//
  30. Wusnya budhal srinarendra/ ing wuri wadya kapilih/ bagus tur maksih taruna/ kang sinandhang mung jêmparing/ garêbêg rata rukmi/ busanane abra murub/ lir panjrahing puspita/ tinon sêmune nglangêni/ kapara doh untabing bala raksasa//
  31. Yeku buta têtêlukan/ prajane ing Jongbi-[13]raji/ rajane pan wus palastra/ aran Prabu Kalamurti/ anake kang gumanti/ aran Raja Kalamrêcu/ bala tanpa wilangan/ ing laku kinon mungkasi/ gora godha lampahing bala raksasa//
  32. Ana jungkir jumpalikan/ wênèh jêngking ngolang-ngaling/ kang prawira ngundha-undha/ tinadhahan lawan gigir/ miwah kang main bindhi/ gêgêntèn pukul-pinukul/ yêksa lit turut jurang/ ingkang jro banyune mili/ alêlangèn silulup ngupaya mina//
  33. Nêngna budhale sang nata/ ucape kawula kari/ jalwèstri angudarasa/ ing karyane sribupati/ akèh sandeyèng ati/ marma bingung ting bilulung/ wuwusên Satrutapa/ ing mangka laku pangarsi/ tan kawarna lampahe sukaning marga//
  34. Mèh ngambah têpining praja/ wus kèndêl cucuking baris/ kyana patih miyak wadya/ mêrpêki rataning gusti/ sêrati angèndêli/ kya patih ambuka pintu/ sang nata mèsêm mangwang/ Satrutapa matur aris/ dhuh dewaji ing mangke lampah paduka//
  35. Mèh ngancik praja Ngastina/ yèn parêng karsaning gusti/ prayoga kinèndêlana/ lan malih papan prayugi/ wana tur pêrak kali/ karya pasanggrahan agung/ gampil ngupaya boja/ lan sintên karsaning gusti/ ingkang utus malbèng dhukuh Sokalima//
  36. Angandika srinarendra/ bapa ywa tanggung ing kardi/ sira dhewelumakua/ sebaa mring sang maharsi/ matur-[14]a karya mami/ prayoganên ing aturmu/ sun bodho maring sira/ salining têmbang kang bêcik/ lumungsurèng sinom kinanthi saosna//

~ PUPUH III ~
K I N A N T H I

  1. Kyana patih sêmbah mundur/ praptaninggon sung udani/ karyane malêbèng praja/ mring pangarsane prajurit/ mangkana wus tilar kuda/ mung sêkawan kang tutwuri//
  2. Kunêng wuwusên sang prabu/ saungkure kyana patih/ nimbali mantri Prameya/ desa kinon angidêri/ nyêbar danane sang nata/ supayelang sanggarunggi//
  3. Kang ngubêngi catur wadu/ warata wong desa pinggir/ danane srinaranata/ wuwusên rêkyana patih/ tan pêgat pamurihing tyas/ ing laku aywa ngagèti//
  4. Kunêng patih mèh tumanduk/ ing dhukuhe sang maharsi/ nahan kang nèng Sokalima/ Rêksi Baratmadyasiwi/ pinarak nèng pacrabakan/ lan garwa Dèwi Karpini//
  5. Lan ipenira Sang Wiku/ Karpa Sang Suwedasiwi/ miwah Bambang Aswatama/ cinarita sang maharsi/ lagya mundur saking pura/ ing dhatu Ngastina puri//
  6. Pamêlêngan gyan mangumpul/ karsane srinarapati/ sagung kang pra kamituwa/ yèn dalu nungku sêmèdi/ lumakyèng karsa narendra/ ngandika Durna maharsi//
  7. Mring Sang Waranggana sunu/ kulup sira sun jarwani/ kang padha nèng pamêlêngan/ anutug kongsi sawêngi/ panêmbahan [15] ing Talkandha/ twin Sang Wiku Banakêling//
  8. Wit karsaning nata wiku/ ambêbangus marang siwi/ nanging rinangkêpan wulang/ umatur sang wiku siwi/ kang pundi karsa narendra/ marma subrata kapati//
  9. Ngandika malih sang wiku/ marma kulup sun arani/ pangasah ngiras pangampah/ sêmune liru ing galih/ andikaning mring kang putra/ sarirane mêmijèni//
  10. Ginalih wus anèng pungkur/ seje ingkang mikantuki/ pinurih pinêsu dahat/ sirnane ingkang kalilip/ mijila sihing jawata/ brasthaning rêncaking galih//
  11. Ing sirnane kang pra ripu/ mijila lyaning narpati/ sumambung Sang Harya Karpa/ dhuh panêmbahaning mami/ botên kadosa sang nata/ paribasan mungal-mungil//
  12. Yèn sampuna sang aprabu/ winastan hardèng pamêlik/ ing mangkya jrih mastanana/ sang wiku alon dènnya ngling/ umpama wong brangta mring dyah/ ing sêdya rada mêraki//
  13. Winarna langêning wiku/ manyura mencok pang wriwrin/ munya yayah asasmita/ adat mrak yèn wanti-wanti/ panguwuhe bèn asaban/ wontên kang sujamna prapti//
  14. Ya ta sang pandhita muwus/ mring putra sang wiku siwi/ kulup pariksanên jaba/ manawa na janma prapti/ sanadyan iku kukila/ jêr kêna yèn dititèni//
  15. Ing samangsa kêrêp ngungkung/ yèn rina dhayoh kang prapti/ [16] yèn bêngi klêbon dursila/ Bambang Swatama wus mijil/ dyan mangwang kang nèng sor wrêksa/ wong lima marbukuh linggih//
  16. Sigra pinarpêkan gupuh/ Swatama têtanya aris/ pundi wismane ki sanak/ miwah kang sinêdyèng galih/ kang tinanya rum mangrêpa/ umatur saha wor manis//
  17. Kawula tiyang martamu/ ing sabrang sananing abdi/ saking Nagari Gumiwang/ cinundakèng mring sang aji/ kang ngrênggani ing Gumiwang/ bêbisikirèng narpati//
  18. Suryaanggana Sang Prabu/ kunêng kang tanya ing Jawi/ sang maharsi ngungak-ungak/ myat sang tamu wus kaèksi/ ana karasa ing driya/ ing solah katamèng galih//
  19. Ing tyas mangu kadung-kadung/ gajêg supe gajêg eling/ osik jroning wardayanya/ sun sêsawure ta dingin/ yèn têmên panabdaningwang/ kang pasthi gêlêm nauri//
  20. Ya ta Ki Apatih Satru-/ tapa sadangunirèki/ tansah tumungkul kewala/ sadhela tumênging nginggil/ ing solah bawa tan samar/ mung warnasalangkung salin//
  21. Satêmah ing driya kadung/ tansah osik jroning galih/ sapa wonge kang wania/ solah-solah ngwangun panti/ ya ta Durna sru manabda/ hèhSatrutapa sirèki//
  22. Baya ta lali maring sun/ layak bae sira pangling/ jêr dhèwèk iki wis [17] tuwa/ lawas tan têmu sirèki/ kyana patih duk miyarsa/ tan saranta malayoni//
  23. Ambruk sumungkêm ing suku/ alara dènira nangis/ ciptaning tyas kyana patya/ èngêt gustine kang lalis/ Sang Aprabu Suryabrata/ kang siniswa sang maharsi//
  24. Baratwaja nata wiku/ marma sru rêkyana patih/ karuna nungkêmi pada/ alara dènira nangis/ Druna nglut dadya  karuna/ Ki Luhanti Sura Patih//
  25. Purnane ing galihipun/ wus rakit dènira linggih/ angling Dahyang Kumbayana/ hèh patih paran sirèki/ basuki ing praptanira/ ora nyana ingsun iki//
  26. Katêmu lawan sirèku/ umatur rêkyana patih/ pukulun sang pinandhita/ pangèstu paduka gusti/ dene sagêd asêmewa/ ing ngarsa sang narpa siwi//
  27. Ngandika malih sang wiku/ gustinira anak aji/ apata padha raharja/ mangkana rêkyana patih/ myarsa sabdane wakendra/ sumungkêm pada anangis//
  28. Lir wadon panjritira sru/ Durna ngartika ing galih/ nahan sirêping karuna/ Satrutapa matur aris/ rayi paduka sang nata/ sampun lami dènnya lalis//
  29. Antawis sêwulan taun/ putra paduka sang aji/ konduripun mring kamuksan/ wayah paduka gumanti/ mangrênggani ing Gumiwang/ pangèstu paduka gusti//
  30. Tan wontên ingkang barênjul/ [18] punggawa samya ngastuti/ nadyan abdi manca praja/ sadaya samya sumiwi/ tuwin sagung yêksa tawan/ mangayubagya ing gusti//
  31. Nalika jumênêngipun/ wayah paduka sang aji/ putra paduka ing Mlaka/ Sang Prabu Jayadimurti/ kang umadêgkên narendra/ lan kawula angalihi//
  32. Wusing ngastuti pra wadu/ kawula nyuwun lumingsir/ kang kinarsakkèn gumantya/ mangka patihing sang aji/ anak kawula pun Gajah/ Antisura kang kinapti//
  33. Rèhning kawula wus sêpuh/ nanging kalilan nuntuni/ ngandika Bêgawan Durna/ tan kayaa anak aji/ sêming bapa mring jêng rama/ kanyatanane nandhani//
  34. Gurune kondur mring dunung/ tan lawas nuli nututi/ akèh siswane jêng rama/ tan kaya mring anak aji/ krêp sinawung ing wacana/ Satrutapa matur manis//
  35. Sedaning gusti sang wiku/ sintên mangke kang gumanti/ ngrênggani Atasmaruta/ Dahyang Kumbayana angling/ o yayi ora kayaa/ sun dhewe ingkang karya tis//
  36. Nalika sugêng sang wiku/ ingsun kinèn gumantya ji/ lan nambut asilèng krama/ sun sugal tan mituruti/ têmah anis tinggal praja/ jêng rama dhahat sêmu runtik//
  37. Jêng rama tumamèng dhatu/ arda gone asêmèdi/ sanalika muksa mengkrat/ sirna Praja Ngatasangin/ purna jurang gunung alas/ sun iki kêtaman runtik//
  38. Kya patih ma-[19]tur nalabung/ ing wuwus lir mêmêgati/ mangkana ing aturira/ gusti Sang Tanaya Rêsi/ sowan kawulèng paduka/ ingutus maring jêng gusti//
  39. Wayah paduka sang prabu/ ing Gumiwang Sribupati/ Narpati Suryaanggana/ yèn parêng ing karsa gusti/ wayah paduka sang nata/ kenginga lajêng sumiwi//
  40. Ing jêng paduka sang wiku/ ing karya arsa minta sih/ mangkya nèng têpining praja/ marma kèndêl sribupati/ anganti lampah kawula/ kang dinuta tur udani//
  41. Kalamun èstu saharju/ ing galih paduka gusti/ wayah padukèstu sowan/ yèn paduka tan marêngi/ sayêkti wangsul kewala/ mung nênuwun ingkang mugi//
  42. Dohna dukaning sang wiku/ lêpata ing tulah sarik/ mandar aparinga mulya/ ing pangèstu sang maharsi/ ngrênggani Praja Gumiwang/ ya ta Kumbayana Rêsi//
  43. Miyarsa gumujêng guguk/ monyor-monyor dènira ngling/ adhuh putuku kêbapan/ ngandika matur sang yogi/ mring putra Sang Aswatama/ papagên sutamu kaki//
  44. Barênga lan pamanamu/ Si Patih Satrutawèsthi/ kang liningan samya linggar/ kunêng Karpa lan Karpini/ siyaga badhe pamboja/ wong sadhukuh amiranti//
  45. Kunêng kang siyagèng wangun/ wuwusên srinarapati/ Sang Aprabu Suryanggana/ kang kêkuwu jaban nagri/ karya kutha pacangkraman/ [20] sanega para bupati//
  46. Lan na karya tarub agung/ pasewakan wus miranti/ ngiras kinarya bujana/ karênan tyasnya sang aji/ banjêng wismaning bupatya/ ngubêngi prabaning aji//
  47. Mung rasêksa wil myang diyu/ bale nèng pinggiring kali/ mèt papan cêlak wanarga/ sabên dina dènlanglangi/ kang karya rusuhing tingkah/ winasesa dènpatèni//
  48. Tan wus karsane sang prabu/ nyêbar dana sabên ari/ lulut sih wong padêdesan/ wong desa doh samya prapti/ dodol laris kadi pasar/ têmbange salin rêncasih//

~ PUPUH IV ~
DHANDHANGGULA

  1. Wus misuwur mring jroning nagari/ lamun ing Dhukuhan Sokalima/ katêkan ing ratu gêdhe/ sabrang prajanira gung/ ing Gumiwang araning nagri/ jêjuluk Suryanggana/ praptane kumudu/ puruhitèng Dahyang Druna/ wus akarya kutha gung winangun asri/ layak durung kapirsan//
  2. Kèh panarkane kawula cilik/ wênèh-wênèh bêcik miwah ala/ suwe-suwe kèh bêcike/ lan ana critèng pungkur/ pagêdhongan lamun sang aji/ Srimaha Duryudana/ wus myarsa kalamun/ ana narendra gung prapta/ lan anjujug asramanya sang maharsi/ ing Dhukuh Sokalima//
  3. Lan wus nyundaka srinarapati/ nalika mantri lumaksana/ bali katur sasolahe/ kunêng wau sang prabu/ animbali Rêsi Sapyani/ prapta ing pamêlêngan/ [21] ngandika sang prabu/ paman Sapwani andika/ lumakua kapanggiha bapa rêsi/ mring Dhukuh Sokalima//
  4. Pakênira têmua pribadi/ paran nyatane ingkang pawarta/ yèn Bapa Durna samangke/ katamuan ratya gung/ têka sabrang paraning kapti/ anggawa bala wendran/ paman karsaningsun/ kalamun sang nata sabrang/ ing têkane kudua mêmitra bêcik/ manira arêp tampa//
  5. Lamun karêpe ratu kang prapti/ kumudua angayoni prang/ manira suguh yêktine/ ya ta wau sang wiku/ duk miyarsa sabdaning aji/ mèsêm lan aturira/ adhuh sang sinuhun/ paranta karsa paduka/ tan saranta kasêsa punapa kardi/ nir driya paramarta//
  6. Kirang sarèh kaecalan yêkti/ kaprawiran utamaning yuda/ kêdah awas pamawase/ mangka ratu kang rawuh/ wus sinêdya amangun jurit/ sanadyan dawêg prapta/ ing karya wus dinum/ duk angkate saking praja/ wus miranti ing upakartining jurit/ tan kadi jêng paduka//
  7. Têka gugup kudu ngajak jurit/ waos taksih sumladhang nèng plangkan/ punapa tinandukake/ dhuh anggèr jêng sinuhun/ katêlanjur pun bapa yêkti/ kamipurun nyênyampah/ ing karsa sang prabu/ taha lamun amêjana/ ing kadibyan paduka sêktining jurit/ matur saking gêng trisna//
  8. Jêng paduka ratya gêng linuwih/ tur siniwi [22] para raja-raja/ sor dhampar tanpa sêlane/ santana prawira nung/ wus kasusra ing manca nagri/ wil diyu myang rasêksa/ sumiwa sang prabu/ tri bawana jêng paduka/ jêng paduka ratu kêkasihing widhi/ bêg darma paramarta//
  9. Rayi paduka Kurawa sami/ asih lulut ambapa narendra/ paran manggung landeyane/ ing pundi marginipun/ yèn paduka dèrènga myarsi/ dhatênging nata sabrang/ sayêkti aluhung/ enggal paringa sêsêgah/ kang prayoga kautamèning miranti/ sênênging pasanggrahan//
  10. Kawistara santosaning galih/ raharjèng tyas mrih amigêna/ punika nggèr sayêktine/ lan malih jêng sang prabu/ bok kêsupèn ing karsa mamrih/ ngumpulkên prapandhita/ kinon amanêkung/ dene praptaning narendra/ ing Gumiwang kabule kang pra maharsi/ jawata sung nugraha//
  11. Miwah kathaha kang pra maharsi/ rama paduka ing Sokalima/ pinunjul ing sêsamine/ punika yêktinipun/ duk miyarsa srinarapati/ sukèng tyas ngayut asta-/ nira sang wiku/ ngandika kadya nêmbrama/ paman rêsi katampèn ing asta kalih/ sèwu lingga driyamba//
  12. Manira wus tan bisa mangsuli/ inggih palimarma jêngandika/ kabyantan paman sabdane/ bêjane wong tinunggu/ ing wong tuwa tan nganggo wigih/ nanggulang hardaning tyas/ sèwu-sèwu untung/ yèn boyaa pakênira/ kang pinuju kêtaman ing karsa mami/ dhuh [23] paman punapa//
  13. Ya ta wau Sri Duryadana ji/ animba ing Kya Patih Suman/ wus prapta ngarsa sang rajèng/ ngandika sang prabu/ bapa patih sira wus myarsi/ yèn ana ratu prapta/ anggawa bala gung/ têka laladaning sabrang/ ing Gumiwang jêjulukirèng Narpati/ Prabu Suryaanggana//
  14. Ing samêngko bapa wus angancik/ nèng pasisir jujug Sokalima/ Kya Patih alon ature/ sinuhun sang aprabu/ ingkang abdi sowan tur uninga/ kang paduka lir sabda/ paran ta pukulun/ pun bapa cumadhong karsa/ srinarendra arum andikanira ris/ hèh paman Suman sira//
  15. Sêsaosa sugata kang bêcik/ mêntah matêng miwah palakirna/ ing Ngastina saanane/ wong pikule nêm èwu/ anggawaa ingkang piranti/lan nganggo tindhihana/ bupatine satus/ manganggoa pacangkraman/wusnya têrang pangandikane sang aji/ wus lèngsèr kyana patya//
  16. Nêngna dalu enjing kyana patih/ wus miranti sugata pikulan/ binusanan mawarna kèh/ pradangga munyèng ngayun/ jinajaran bandera kuning/ ciri sarining sêkar/ tinon lir kêkuwung/ gawok kang samya umiyat/ ing rakita kantha-kanthaning lumaris/ lir sasrahan pikraman//
  17. Enêngêna sugata lumaris/ kawuwusa Bambang Aswatama/ wus praptèng pasanggrahane/ Sri Suryanggana Prabu/ patih tuwa juru basani/ panduking karsa nata/ si-[24]gra sang aprabu/ mêdhun saking palênggahan/ wusnya cakup-cinakup kang asta kalih/ satata dènnya lênggah//
  18. Aswatama maringakên gipih/ sabda mulya saking Dahyang Druna/ kèh pêpuja pêpujine/ sang nata gupuh dhêku/ wus umijil sugata mili/ kahanan saking sabrang/ minuman rum-arum/ wusnya bujana sang nata/ wiku putra matur karyane tinuding/ dening sang yogiswara//
  19. Gugup sang nata ngundhangi aglis/ budhal saking pasanggrahanira/ mring Sokalima karsane/ nanging kang pra wadya gung/ tan kalilan mèlu umanjing/ mung abdi kang kapêrak/ dharat lampahipun/ sang natawahana rata/ lan kang rayi Kusuma Suryadiwati/ katiga Aswatama//
  20. Rêmên sang nata dènnya lumaris/ urut marga ngiras pagunêman/ antara mèh prak lampahe/ mirêng pradangga umung/ dangu-dangu ana kaèksi/ wong mlaku arantaban/ mêmikul andulur/ akèh lêlayu sumêla/ kyana patih utusan mriksa lumaris/ lumaku gêgancangan//
  21. Wus kapanggih bupati pangarsi/ atêtanya puniku punapa/ lan dhatêng pundi jujuge/ kang tinanya sumaur/ pasugatan saking jêng gusti/ sinuhun ing Ngastina/ puniki kaatur/ sang prabu tamu ing sabrang/ kang tinanya gênti dènnya mitakoni/ sanak sintên punika//
  22. Kang nèng rata sinongsongan kuning/ mawi kepala agêm narendra/ kang tinanya lo-[25]n saure/ gih punika Sang Prabu/ Suryanggana ingkang ngrênggani/ kutha gêng ing Guwiwang/ wus nyangnglèng mentar wus/ wangsul matur ing apatya/ Dyantisura umatur mring sribupati/ têrang pamyarsanira//
  23. Langkung trusthanira sribupati/ kawuwusa Dyah Suryadiwatya/ kadya kêkayang polahe/ têtanya mring sang prabu/ kae apa gumandhul kuning/ nauri srinarendra/ layak iku têbu/ sang rêtna matur ing raka/ jikukêna age amiliha sing kuning/ tak ingune balumbang//
  24. Ya ta wau lampahe sang aji/ wus prapta ing Dhukuh Sokalima/ wus têdhak saking ratane/ parabdi pan wus ngumpul/ soring wrêksa dènnya mring atis/ wuwusên Dhahyang Druna/ ing sanggar tumurun/ mêthuk praptane kang wayah/ wus sinambut sang nata liniling-ililing/ muwus lir mriyêmbada//
  25. Sabên ngandika nolih ki patih/ Patih Tuwa Gajahsatrutapa/ dhuh babo putuku kiye/ mèh tan siwah sarambut/ ing wêrnane lah anak aji/ kang wus mulyèng sawarga/ layak anak prabu/ gêlis kondur mring kamuksan/ jêr putrane ing bawa warna ngêblêki/ têkan cirine padha//
  26. Lagya pangling Baratmadyasiwi/ lan kang wayah Sri Suryaanggana/ kasaru duta praptane/ anjujug mring sang wiku/ nêmbah matur duta bupati/ pukulun panêmbahan/ kawula ingutus/ putra paduka sang nata/ amaringkên sugata mring Sribupati/ Gumiwang Suryanggana//
  27. Putra pa-[26]duka srinarapati/ paring pangèstu mangayu bagya/ ing marga saha rawuhe/ lan malih sang aprabu/ mundhut ingkang aksama dening/ sêpi ing parikrama/ mung mrih ing pamuhung/ dening wayah padukendra/ wus misuwur kasujanane mumpuni/ rahayu tyas ngumala//
  28. Mardikèngrat mardikaning dasih/ sihing puja tyas andiwangkara/ mung samantên timbalane/ sora dènnya umatur/ ing pamurih kapyarsa dening/ sang nata ing Gumiwang/ sang wiku lon muwus/ hèh ki prabu sun tan susah/ anyarakkên pamintaning sih sang aji/ wisa dening cundhaka//
  29. Sang aprabu Gumiwang ngangsuli/ mring bupati caraka Ngastina/ hèh duta matura age/ mring rama jêng sinuhun/ pêparinge panganing abdi/ lan manèh paring sabda/ kamulyan mring sun/ matura mring srinarendra/ wus sun pundhi mangka pusakaning urip/ kalingga dadi jimat//
  30. Lan malihe kalilana dening/ cumanthaka nanging kaatura/ sungkême tyas ingsun kiye/ mring sor dhampar sang prabu/ wusnya nabda srinarapati/ pinisalin kang duta/ busana linuhung/ lan pêsangonnya gotongan/ duta mundur onêng tyas srinarapati/ sakala liru cipta//
  31. Kang tansah katon kumanthil-kanthil/ balêrêngi gêng têlênging netra/ gendhol-gendhol ting garêndhêl/ ting prênthol ting garandhul/ gêgondhelan mrênthil barêndhil/ thithil labêt pinêthal/ mangkana wong agung/ èngêt nimba-[27]li kya patya/ dhinawuhan sugata kinèn maradin/ mring sagung wadya bala//
  32. Kêbo sapi aja nganti cicir/ paringana mring kancamu yaksa/ nugraha gêdhe yêktine/ nyrambahi balung sungsum/ yuwanane sèwu ingkang wis/ kya patih lumaksana/ sugata sinawur/ sukèng tyas punggawa sabrang/ de katêmbèn lali ngambah lyaning nagri/ suka-suka rêbutan//
  33. Kawarnaa antuk pitung latri/ sang aprabu anèng Sokalima/ mranti bakal pisungsunge/ akèh mapikul-pikul/ raja brana bakal myang dadi/ gêgaman warna-warna/ èwu-èwu pikul/ sejene bangsa dhaharan/ lêlangènan suku pat suku ro mranti/ sangkêp isining alas//
  34. Palawija jalu miwah èstri/ barang anèh wêton ing Gumiwang/ pinantha lan panunggalane/ lan arine sang prabu/ Kusumayu Suryadewati/ pinrih anyaosêna/ kang mrih jro kadhatun/ Patih Gajah Antisura/ kang minangka senopatine lumaris/ ewonan wong angrêngga//
  35. Wus tinata lampahing prajurit/ kusumayu kang munggwèng jêmpana/ lan putri têtawan akèh/ samya wahana tandhu/ prajurit jro angapit-apit/ lugas tanpa gêgaman/ mung cinirèn kalung/ ban-êmban cindhe puspita/ ing wurine gêndhaga mas tur rinukmi/ isi rêtna di mulya//
  36. Asri pinikul para bupati/ sinongsongan pinarada jênar/ murub mubyar ujwalane/ginrêbêg pra manguyu/ padha nglaeng gu-[28]mrêmêng sami/ panêkunge pêpuja/ mring sang Hyang Dewa gung/ pasungsunge katampanana/ yèn luputa ing pangarah angêmasi/ isin myat ing Gumiwang//
  37. Ting sariwêt palawija wuri/ padha manggul kurungan kukila/ cilik-cilik bisa ngocèh-/ nya jodho bagus-bagus/ warnanira angrêspatèni/ wênèh manggul puspita/ jinêmbangan murub/ kang jajari buta bajang/ ting karêgol
  38. Kang tinuntun buron cilik-cilik/ gajah kate dhuwure rong kilan/ salombok cangak gadhinge/ pinlanan abra murub/ banthèng kêbo nyatêngah kaki/ matang dim kang mênjangan/ rangah cawang pitu/ jlarang bajing sajêmpolan/ ing wurine pikulan kang busana di/ bêrana warna-warna//
  39. Wuri anjrah gêgaman prajurit/ bêbongkokan pinikul wong wijah/ sarwa seta busanane/ kya patih munggèng pungkur/ angêdhangkrang wahana hèsthi/ sinongsongan laring mrak/ ting prêlok ting plancur/wus budhal kang munggèng ngarsa/ srinarendra nulya amarêk sang yogi/ lon matur angrêrêpa//
  40. 40.     Dhuh pukulun eyang sang maharsi/ rèhning dèrèng kalajêng kalampah/ yèn jêng eyang marêngake/ katur ingkang pisungsung/ mung wontêna kang mangka wakil/ sarirane jêng eyang/ pratandha kalamun/ wêdaling manah kawula/ wus kaèstrèn eyang paring pamrayogi/ sêkar dudha kasmaran//[29]

~ PUPUH V ~
P A N G K U R

  1. Sadaya kawula sabrang/ sanès adat tinimbang bangsa Jawi/ yèn kantosa katêlanjuk/ sumiwiyèng srinata/ botên wande ing pratingkah karya kusut/ wit mèh tanpa parikrama/ satêmah ngisin-isini//
  2. Pukulun jêng panêmbahan/ sampun tanggêl paduka aparing sih/ dene karya gugup-gugup/ tan kongsi tur uninga/ ing jêng eyang punika atur ing ngayun/ nganggo watêg tiyang sabrang/ duga wêweka yêkti nir//
  3. Yèn jêng eyang tan paringa/ amitulung kang anggung kawlas asih/ kang sèstu kawula antuk/ sêsikuning sang nata/ kang pikantuk ing pamilutaning kalbu/ sayêkti kawula merang/ tan sae mantuk mring nagri//
  4. Dahyang Durna duk miyarsa/ ing ature kang wayah sribupati/ sakêlangkung wlasing kalbu/ dadya lon angandika/ hèh ki prabu away sumêlanging laku/ mêngko sun kang mrayogakna/ kaature mring sang aji//
  5. Bagawan Durna ngandika/ mring kang putra sang arya wikusiwi/ hèh kulup sira sun utus/ marang ing kapatihan/ lancangana lakuning para pisungsung/ yèn wis têmu pamanira/  Ki Dipati Plasakuning//
  6. 6.        Warahên yèn sun kang duta/ marang sira sun purih wèh udani/ prakara babe pisungsung/ kang têka ing Gumiwang/ lan lêbune anakmu si rêtna iku/ sun jaluk pitulung marang/ pamanira ki dipati//[30]
  7. Si Rara Suryadewatya/ aja barêng lêbune lan si patih/ yèn wus katur kang pasungsung/ pasthi ana caraka/ wis ta kulup lumakua dèn agupuh/ tumuli anglancangana/ sutanira nini putri//
  8. Aswatama lèngsèr mangkat/ tan adangu ing lampah wus nututi/ piyak sakèhing wadya gung/ ya ta dyan wiku putra/ wus kapanggih kyana patih gupuh-gupuh/ angèndêlkên turangganya/ Swatama dhawuhkên aglis//
  9. Ing karsa sang dwijawara/ kyana patih sêndika wus miranti/ dèndhêg lampahing wadya gung/ Swatama laju mangkat/ tan kawarna ing marga laku sinêrung/ prapta dalêm kapatihan/ wus panggih lan kyana patih//
  10. Matur karyaning dinuta/ sakêlangkung sukane kyana patih/ Swatama wus kinèn wangsul/ Sangkuni sigra dangdan/ wus samêkta kya patih lampahnya laju/ ing wanci surya gumliwang/ kya patih malbèng jro puri//
  11. Wuwusên srinaranata/ mijil saking dhatu pamudya rêsmi/ wontên pawongan umatur/ dhuh gusti srinarendra/ yèn kaparêng ing karsa jêng sang aprabu/ abdi paduka pun paman/ parênga sumiwèng aji//
  12. Ngandika srinaranata/ lah dènage timbalana si patih/ ingkang liningan wus mundur/ tundhuk lan kyana patya/ wus dhinawuhkên timbalanya sang prabu/ radèn andika ngandikan/ jêng gusti srinarapati//
  13. Kyana patih sigra-sigra/ wus sumiwèng ngarsa jêng sribu-[31]pati/ Sêngkuni alon umatur/ dhuh gusti srinarendra/ duking wau pun Swatama kang ingutus/ mring pun Bapa Sokalima/ sung uninga mring kang abdi//
  14. Kula pinrih umatura/ ing paduka yèn parêng karsèng gusti/ putra paduka Sang Prabu/ Narapati Gumiwang/ angunjuki pisungsung mring jêng sinuwun/ adi-adi brana sabrang/ miwah dêdamêling jurit//
  15. Lan pratandhaning lêgawa/ sru sungkêming pada paduka gusti/ saengga têtawan katur/ rayèstri amawongan/ kang pêparab Suryadewati warna yu/ sumiwi sarêng lan brana/ paran ing karsa sang aji//
  16. Ya ta wau srinarendra/ dupi miyarsa ature kyana patih/ saklangkung sukaning kalbu/ ngandika srinarendra/ pakênira dhewe prayoga kang mêthuk/ lan bupati kang prayoga/ mumpung ing dina Rêspati//
  17. Putraningsun nini rêtna/ aywa barêng pisungsung kang umanjing/ sawêtara angrêrantun/ lan sira nimbalana/ Bapa Durna bêngi lumêbèng kadhatun/ manirarsa wruhing karya/ praptane sabrang narpati//
  18. Kyana patih mundur sigra/ kang winarna kawarnaa ing ratri/ Sang Sri Duryudana Prabu/ munggèng sanggar pamujan/ animbali para nujum kang wus tundhuk/ ingacaran tata lênggah/ kapat Sang Arya Sêngkuni//
  19. Marbuk kukusing kang dupa/ ya ta wau ngandika sribupati/ mring Dahyang Kumbayana wus/ bapa ma-[32]nira tanya/ kaya paran karyane ratu kang rawuh/ kaliwat akarya gita/ lêngkara kapati-pati//
  20. Umatur Bêgawan Durna/ marma ratu Gumiwang angajawi/ twin pun bapa kang jinujug/ mêkatên purwanira/ Suryanggana punika atmajanipun/ Sang Aprabu Suryabrata/ Suryabrata narapati//
  21. Rêmên pêparèng samodra/ katalanjuk dumugi Ngatasangin/ pruhita mring rama prabu/ ngabdi têmbunging krama/ mring kawula basa nanging lir sadulur/ ing mangke putra paduka/ Suryanggana narapati//
  22. Brangta loke pawartanya/ yèn paduka darbe putri yu luwih/ malah kasat nètrèng dalu/ marma mangke sang nata/ asrah praja ka\a\tura ingkang sinuhun/ kalilana manakawan/ anyaoskên pati urip//
  23. Akathah pratignyaning tyas/ lamun mantuk lêgan suka ngêmasi/ Rêsi Dewabrata matur/ pukulun srinarendra/ lamun saking cipta kawula saèstu/ sabdaning rama paduka/ jawata ingkang pêparing//
  24. Pamuwuse Rêsi Bisma/ sinasambi mring Bagawan Sapwani/ kadi pundi anak wiku/ saking pangintên kula/ Sang Sapwani umatur mangayu-ayu/ ngling malih Sang Dewabrata/ yèn parêng srinarapati//
  25. Pun bapa ing Sokalima/ andhawuhna ing karsa sribupati/ supadi sêpi ing kayun/ benjing-enjing sang nata/ ing [33] Gumiwang ngêmungna sumiwèng prabu/ trusthèng tyas srimaharaja/ angling mring Druna mangarsi//
  26. Nêdha bapa undurira/ ing ngarsèngsun dhawuhna karsa mami/  dèntêrang aywana kantun/ mring anak ing Gumiwang/ pakênira warahên sun kang wulangun/ bisa anuli pêpanggya/ wusnya trang karsa narpati//
  27. Pra wiku mundur sadaya/ srinarendra kondur mring jinêm wangi/ wuwusên Sang Mahawiku/ Sang Baratmadyaputra/ lir maruta lampahe wus praptèng dunung/ kunêng wuwusên sang nata/ wus dalu tan antuk guling//
  28. Mangu-mangunênging driya/ tan ana lyan katon mung kusumadi/ marma tansah kapirangu/ mirangrong karungrungan/ murwèng kidung gambas pait sating kayu/ sêsêbutan atmajendra/ paran polah ingsun Gusti//
  29. Kalamun tan nêmbramaa/ marang sira tan wurung angêmasi/ wadhah pamangsaning manuk/ rekatha rêruntungan/ ora mulih mring Gumiwang raganingsun/ bacuta mangsa dlamakan/ kawirangan ing dumadi//
  30. Dening dewasaning surya/ atmajèng dyah lan cêrak sribupati/ durung manira andulu/ wanodya kaya sira/ darnane budaya kang suku jungkung/ sapasang rakiting solah/ trêngginas lir Dèwi Ratih//
  31. Tulang tunjung ing warayang/ rênyêp ing tyas wadana nawang sasi/ miyogèng panggusah lêmut/ murti gung gora sandha/ bangkekane lurus lir pendah binubut/ pangawak kang sobèng tirta/ salira lurus aramping//
  32. Pakartining dwijawara/ sotyarêta ron arda anggatêli/ dhuh mirah pêpujaningsun/ roding tirta balumbang/ kukila lit ingkang sasmita tan ayu/ satmatanen dasihira/ mangka usadaning wingit//
  33. Kunêng kang anggung mong rimang/ kawuwusa praptane sang maharsi/ kagyat wau sang aprabu/ sigra angraup pada/ Dhahyang Durna ngandika winor rum-arum/ dhuh putuku siswaning wang/ putuku wong [34] anjêkithing//
  34. Sun mundhi kang pangandika/ ing ramanta Ngastina sribupati/ marang sira kaki prabu/ sang nata paring sabda/ lan pangèstu mangayubagya mawantu/ lire gèr sun tinimbalan/ andangu karyanta kaki//
  35. Sirik yèn ingsun goroha/ pakartining pandhita wuwus yêkti/ ing purwa madya wus katur/ têlênging karyanira/ gumarèwèl andikane sang aprabu/ mangkene kang pangandika/ ramanira sribupati//
  36. Bapa andika dhawuhna/ mring putrèngsun Gumiwang sribupati/ yèn nyata sih nrus ing kalbu/ muga tinêkanana/ patêmbaya manira kalamun besuk/ si rara kalamun krama/ tukone samodra gêtih//
  37. Pama lêbak ing Ngastina/ pinuriha dadi gunung brana di/ tinumpuk angundhung-undhung/ sumundhul ngantariksa/ yèn tan sirna kang mangka onênging kalbu/ caplak kêliliping mripat/ suka bêra nini putri//
  38. Nahan Sang Sri Suryanggana/ sakalangkung bingung onênging galih/ de ing tyas durung kabêntus/ dadya lon aturira/ dhuh pukulun eyang panêmbahan ulun/ kang mangka [35] radityaning wang/ katamakna ingkang yêkti//
  39. Yèn saking raosing driya/ brana pèni mung rangkêp tan dadya wit/ kang kawulèsthi ing kalbu/ tan lyan pêjah kawula/ nagri sabrang saisine ciptèng ulun/ mangka siyagèng pancaka/ prajurit gung kang mangkagni//
  40. Eyang mangka pandaming tyas/ dèntumuli amatamèng mring dasih/ Dahyang Druna mèsêm ngrangkul/ adhuh nggèr putuningwang/ dènatampa sun bêbisik ing sirèku/ maju mênglêng srinarendra/ Dahyang Druna abêbisik//
  41. Dhawuhe Sri Duryudana/ pêpanggile pikramane sang putri/ ing purwa wasana putus/ madêg suraning driya/ Suryanggana tan umiyat mring sang ayu/ katon narpati Pandhawa/ ing cipta sampun kapusthi//
  42. Umatur mring Dahyang Druna/ dhuh pukulun ing karsa sribupati/ prakawis kang wus dhumawuh/ dhuh sampun-sampun dahat/ sungkawèng tyas kawula ingkang sumaguh/ nyirnakkên narpa Pandhawa/ dangu anggitês kang mèrki)//
  43. Darbea nyawa salêksa/ botên wande pêjahe saking mami/ ing pundi pangungsènipun/ nadyan mring têlak naga/ angungsia ing Dewa Bathara Guru/ kula kadugi nyirnakna/ katêkan dewane tapis//
  44. Benjing-enjing kalilana/ angkat kula dhatêng Cintakapuri/ Dahyang Druna ngandika rum/ awya kasusu ing tyas/ sumiwia dhisik mring ramanta prabu/ sokur bisa sumiwia/ mring Destarata maharsi//
  45. Pangèstune lumuntura/ lan kapindho bakal martuwa kaki/ yèn wis kalakon sang prabu/ ngabêktia sang nata/ saya gampang sirnaning klilip sagunung/ dhuh babo salina têmbang/ maring pangkur dadi mijil//

~ PUPUH VI ~
M  I  J  I  L

  1. Muput sadalu sang maharêsi/ kalawan sang katong/ dènnya gunêm ing pangupayane/ mrih kalakon têmbayaning aji/ widagdaning rêksi/ bantêring sang prabu//
  2. Yèn mungguha nguladi kang agni/ sirêp tanpa dados/ [36] wus miturut ing sabarang kang rèh/ de sang wiku kang upama riris/ hardanèng kang gêni/ sirêp dening ranu//
  3. Wus rahina ya ta sribupati/ busana kaprabon/ ing undhangan sawadyane kabèh/ umung gumuruh swaraning baris/ bêda duk angkating/ saking nagrinipun//
  4. Sri narendra wus anitih hèsthi/ pinalanan abyor/ gung aluhur sêdhêng nom tuwane/ tur anjalma ing rèh mituruti/ panêngraning hèsthi/ pun Dewa Andaru//
  5. Sagung kapraboning prang wus munggwing/ bra pra bala kumpol/ ngandakara ujwalèng planane/ dhasar bêsus solah ngrêspatèni/ lir Hyang Surapati/ duk angrunah ripu//
  6. Anglurugi prajaning rasêksi/ Newata Sang Katong/ rinarampa wong Gumiwang kabèh/ lan ulading padupan manuhi/ lir jalada munggwing/ akasa kumêlun//
  7. Tan wus yèn ingucapna rêngganing/ asrining kaprabon/ wuwusên Sangkuni pamêthuke/ pisungsunging sabrang sribupati/ wus tundhuk kipatih/ lan tungguling wadu//
  8. Linêstari pranataning baris/ gumuruh swarèng wong/ joli rêtna ing ngarsa lakune/ anut karsanira sribupati/ mung murih patuting/ prayoganing laku//
  9. Anyêlani ucape sathithik/ rêngganing pasungsong/ kawuwusa radè-[37]n kadipatèn/ jêjulukira sang narpasiwi/ Lêksmana Mandradi/ Kumara linuhung//
  10. Jaka kumala-kala sang pêkik/ kêmbanging kadhaton/ brêgas banyak aruruh rekane/ jlalat-jlalat jênggilanging kapti/ asta lurus ramping/ mathekol ting brênjul//
  11. Netra jait wêwirone manis/ têmêne mandhêlo/ grana malicarma ukur sire/ satêmêne lir cupak garêsik/ mêlongo êlênging/ irung sêdhêng jambu//
  12. Wulu irung katon têlung nyari/ anglir duk nyêrodok/ bathuk nyela cêndhani andene/ pundhak jamur payung liring ati/ têmêne lir kêpis/ kang blêg kaya bestru//
  13. Jaja wijang bêbangkekan wangking/ nanging ethok-ethok/ pulungati manjêlut têmêne/ cinarita rahadyan putra ji/ arsa aningali/ lampahing pisungsung//
  14. Ngrasuk busana kaputrèn adi/ mêmantès pênganggo/ nyampinging abang cindhe anggêdhedher/ apaningsêt pathola tinêpi/ linuting barêci/ binara ngrêmbuyung//
  15. Clana rinenda satêbah sisih/ pinêkak karoncong/ gêgiligan salêngên gêdhene/ ajêjamang kinara wêstha di/ garudha ing wuri/ tinrap rêtna murub//
  16. Asêsumping gajah ngolang-ngaling/ dawala ngrêrompol/ mas tinrapi rêtna bang myang putih/ ilating garudha mas rinujit/ kêkalung tundha tri/ tinètès jumêrut //
  17. Ngagêm anting gung sabêndha miring/ panunggul saterong/ kêlat bau naga ilat [38] nglèwèr/ abêbinggêl sungsun pitu sisih/ gêng sajêmpol sikil/ watês dhuwur sikut//
  18. Driji kêbak ali-ali/ katêkan jêjêmpol/ watês kuku sinungsun patrape/ lir cinêkal tan bisa nêkêmi/ tinon angajrihi /  kadyarsa angrawut//
  19. Sigra agêganda burat kuning/ yèn tinon mancorong/ têkan suryane kuning pupure/ imba pinindih angus sanyari/ wus têdhak sang pêkik/ ningali pisungsung//
  20. Lêngut-lêngut lon dènnya lumaris/ arja plangi rimong/ dharat angrangkul punakawane/ kawuwusa lampahing kang baris/ gêbêl turut margi/ wong umyat pisungsung//
  21. Joli kang tinitihan sang putri/ kandhêg kori pindho/ gêgotongan pangurakan gone/ kawuwusa Jêng Srinarapati/ Sang Duryudana Ji/ siniwakèng wadu//
  22. Nèng pandhapa lunggwèng dhampar rukmi/ kang nèng ngarsa katong/ pêpak sagung pra Kurawa kabèh/ Dursasana kang munggèng ing ngarsi/ Durmahangsa tuwin/ Durmuka lawan Dur//
  23. Mayahangsa miwah Durmagati/ Durpraceka kang wor/ Kartamarma Kartasuwiryane/ Jayawikatha Kurawa sêkti/ Sri Karna Narpati/ Sapwani Sang Wiku//
  24. Dewa Barata Santanusiwi/ lunggwèng ngarsa katong/ kawuwusa Sangkuni praptane/ tur uninga marang sribupati/ pamêthukirèki/ agung kang pisungsung//
  25. Lan lêbuning Dyah Surya-[39]dewati/ myang brana kaprabon/ dyan wong agung miji pawongane/ paring uninga dayitèng aji/ praptane sang dèwi/ lan sagung pisungsung//
  26. Gumrah pawongan sajroning puri/ wênèh kang nênonton/ Banowati mijil sing purane/ kawuwusa Dyah Suryadewati/ tumamèng jro puri/ ingirit pra arum//
  27. Tinampèn mring Rêtna Banowati/ kinanthi manjing jro/ Lêksmanawati wuri lampahe/ atmajendra Lêksmana nut wuri/ miyak wong lumaris/ kang gêrbêg sang ayu//
  28. Saking sangêt gêdhedhering nyamping/ gung kidak dening wong/ nyamping sabuk èpèk jêbol kabèh/ kawirangan mlayu bopong nyamping/ wuwusên sang putri/ sumiwèng kadhatun//
  29. Sêsêk uyêl wong sajroning puri/ gumrumung swarèng wong/ dhasar katêmbèn ing pandulune/ Suryadewati tan kêna têbih/ Dyah Lêksmana wati/ rakêt dènnya lungguh//
  30. Kunêng wuwusên Arya Sêngkuni/ kang prapta manjing jro/ ngirit caraka sabrang praptane/ lan pisungsung sagung kang brana di/ pinantês kang warni/ umanjing kadhatun//
  31. Brana sotya nèng kêndhaga rukmi/ kang malbèng kadhaton/ palawija wadon pangampile/ warna-warna rupa ngrêspatèni/ bêburon sarwa lit/ sadaya pinikul//
  32. Buta bajang kang padha mikuli/ dhuwure saelo/ ana gombak kucir  myang pêpêthèk/ arêrapèk busananing para yêksi/ kinalunga-[40]n kêrbin/ binusanan murub//
  33. Palataran kêbak buta cilik/ akaryèng ram ing wong/ bangsa rowa lun-alun adhêge/ lir tinumpak wong Ngastina puri/ myat rupaning janmi/ wênèh myat pisungsung//
  34. Nêngna ramening jro miwah jawi/ kang samya nênonton/ têka lunga tan wontên bosêne/ kawuwuse dutane narpati/ Antisura Patih/ ing karya wus katur//
  35. Pisungsung wus samya dèntampani/ nayaka jaba jro/ linêbokke gêdhong sapantêse/ kang mring pura wus katur sang putri/ wong mikul rinukti/ têpining praja gung//
  36. Tan winarna ucape ing wuri/ mundur ing pisungsong/ kawuwusa sang prabu praptane/ Suryanggana kêrit sang maharsi/ gumuruh swaraning/ ya ta sang aprabu//
  37. Angandika mring Bisma maharsi/ eyang dwija katong/ bok mênawi punika praptane/ wayah paduka sabrang kang prapti/ sintên prayogining/ ing mangke kang mêthuk//
  38. Matur alon Dewabrata Rêsi/ yèn parêng sang katong/ prayogi raka paduka mangke/ putu ing Ngawangga Ki Dipati/ pun Gajagsa tuwin/ Saraba Saeku//
  39. Mêthuk kalêbêt ing Narapati/ Suryanggana katong/ kang liningan katiga lumèngsèr/ kawuwusa Gumiwang narpati/ wus tumêdhak saking/ dwirada sang prabu//
  40. Kang parabdi tan parêng nyelaki/ kendêla sang katong/ katongtona ing tyas prasajane/ mugi patih tuwa kang tan têbih/ kiwaning kang hèsthi/ pun Dewaandaru//
  41. Srinarendra gung dènnya manganti/ kang taksih gumeyong / [41] Kumbayana lawan wahanane/ tan adangu wus prapti sang rêsi / wus tumêdhak saking/ wahana sang wiku//
  42. Kawuwusa kang mêthuk wus prapti/ Basusena katong/ satriya ro kang mangka kondhange/ duk samana wus tundhuk anuli/ sêkare ginanti/ pangrawit pinatut//

~ PUPUH VII ~
S  I  N  O  M

  1. Watara kurang tri jangkah/ Sri Karna mèsêm marpêki/ sarêng ngayut asta/ Dahyang Durna ngacarani/ iku gèr wakirèki/ ing Ngawangga sang aprabu/ kaprênah paripeyan/ lawan Sri Duryudana Ji/ loro iku prênah arining yangira//
  2. Garwane Sri Dêstrarastra/ bok ayu Rêtna Gêndari/ atmaja Gêndarapatya/ Gajagsa ingkang wêwangi/ arine akêkasih/ Sarabasata waruju/ karo arine Soman/ wusing mangkana nulya glis/ sang aprabu Gumiwang kêrit Sri Karna//
  3. Agêng pakurmatanira/ sumiwine sribupati/ ing alun-alun lir bêntar/ gunging kawula ningali/ arantaban jalwèstri/ atub atêpung matimbun/ tan lyan Narpati Karna/ kang dadya ucaping janmi/ buh tikêling wiraganing Suryatmaja//
  4. Kawit ing kori pamedan/ sang nata dènnya lumaris/ ginarbêg para bupatya/ Sri Karna mangka pangirid/ lumampah munggwing ngarsi/ sinongsongan ing mas murub/ kampuh wangun karajan/ bathik modhang pinrada sri/ anggêdhedher lir paksi mrak anêmbrama//
  5. Atêtepong ting galêbyar/ ujwala angilat thathit/ praba lir [42] laring kagêndra/ barang sinandhang rêspati/ bêranyak tan wêwigih/ ing wurinira Sang Prabu/ Gumiwang Suryanggana/ yayah kinêmbar tan warni/ kaot Suryanggana ulate jêtmika//
  6. Gumbala lus kêkêtugan/ arja jamang tinundha tri/ rema ukêl supit urang/ kinancing garudha cilik/ sêsumping ngurang gadhing/ mas linuting sotya mancur/ kalung naga karangrang/ binggêl kêlat baunya sri/ sagung kang rinasuk karajaning sabrang//
  7. Song-song pinarada jênar/ pinucakan ing rêtna di/ tinrètès sotya bang pita/ yèn tinon angrêspatèni/ kasoroting Hyang Rawi/ ting paluncar angênguwung/ kang ngapit kering kanan/ arining Arya Sangkuni/ kalih pisan kang sinandhang kasatriyan//
  8. Gagah adêdêg pidêksa/ sinongsongan kêrtas putih/ winangun kadya pêpatah/ Dhahyang Druna munggèng wuri/ ngagêm cara maharsi/ jêjungkas panjalin wulung/ minggah mring sitibêntar/ bupati sabrang anangkil/ ing paglaran jajar Bupati Ngastina//
  9. Wus laju srimaharaja/ Kurawa amêthuk sami/ ning wiwara srimangantya/ supênuh pawongan cèthi/ kang samya nêningali/ plataran swara gumrumung/ prapta ngabyantarendra/ dhêdhampar wus piniranti/ tarab jajar \pa\lênggahan pra kamituwa//
  10. Ya ta Sri Suryaanggana/ gupuh dènira ngabêkti/ sumungkêm pada narendra/ yayah konjêm ing pratiwi/ sawusnya angabêkti/ Sri Duryudana lon muwus/ pakênira lungguha/ ing dhêdhampar wus sumaji/ anjajaran lan sagung pra kamituwa // [43]
  11. Sri Sabrang dhahat lênggana/ saha matur ngasih-asih/ pukulun jêng srinarendra/ sabda paduka kapundhi/ gênging sih sribupati/ kawula sèwu anuwun/ nanging raosing manah/ botên sumêdya atampi/ têbih saking pukulun ingkang punika//
  12. Sapintên nugrahaning Hyang/ ingkang martamaning dasih/ de kawula wis linilan/ angancik ing Nuswa Jawi/ mring nagri paduka ji/ tuwin sumiwèng pukulun/ punika kamayangan/ saking punapa pun dasih/ yèn puruna jajar lênggah lan paduka//
  13. Kang kawulaèthi ing manah/ wasiyate bapa kaki/ apanjang lamun katura/ ya ta Sri Duryudana ji/ karênan jroning galih/ myarsa ture sang aprabu/ dadya jinajar lênggah/ kalawan sang narpasiwi/ soring dhampar ing ngarsa kapering kiwa//
  14. Ngandika Sri Duryudana/ bagya ki prabu kang prapti/ anèng prajaing Ngastina/ kongsi patêmon lan mami/ lêlakon pirang ari/ dene lêtkang samodra gung/ gunung jurange gawat/ alas gung buron ngèbêki/ liwat saking anak prabu anrang baya//
  15. Umatur Sri Suryanggana/ dhuh pukulun sribupati/ kapundhi sabda paduka/ minangka jimat paripih/ ngalingga lênging ati/ nrusing balung mangka sungsum/ anjawi kang punika/ kawuningana sang aji/ milanipun sumiwi jêng padukendra//
  16. Wau sinuhun Ngastina/ têbih antaraning nagri/ ing Gumiwang lan Ngastina/ kalêbêt samodra tuwin/ wana prabata sungil/ nanging raose tyas u-[44]lun/ tinikêla ping sapta/ ing tyas kawula tan ajrih/ saugi sagêda sumiwèng paduka//
  17. Mangke pangèstu paduka/ kawula sagêd sumiwi/ dhahat ning rêncananing tyas/ lan kalilana] pun patik/ angrubiru ing Gusti/ angaturkên kang praja gung/ saisining Gumiwang/ darmi kawula angampil/ sokur lamun wontêna karsa paduka//
  18. Ananêmi mêngku praja/ kawula nrimah mêkathik/ sumêdya amunakawan/ lan wontên tawan narpati/ Jongmirah ingkang nagri/ Saktisura Sang Aprabu/ lan nata Gyantipura/ panêngran Sri Surasekti/ katigane prajane narpati yaksa//
  19. Winastan Nagri Saryana/ nama Prabu Kalamurti/ sadaya katur paduka/ Sri Duryudana nauri/ hèh kulup Sribupati/ abangêt panrimaningsun/ sakèh sihing prasêtya/ kabèh katêmu ing wuri/ prayogane anglêrêmakên sarira//
  20. Nata Duryudana/ ya ta Karna Sribupati/ ganti para kamituwa/ sun pambage ganti-ganti/ Lêksmana amungkasi/ tur pambagya wantu-wantu/ umatur Rêsi Bisma/ mring Sang Prabu Kurupati/ yèn kaparêng anggèr ing karsa paduka//
  21. Putu prabu ing Gumiwang/ kasowana nata rêsi/ ngabêktia lan supaya/ winantua ing pamêling/ ya ta Duryudana ji/ tyas karênan ngandika rum/ mring Arya Plasajênar/ hèh paman pakênirèki/ angruktia srimanganti bangsal wetan//
  22. Minangkaa pamondhokan/ aja nganti nguciwani/ si patih karone padha/ gawanên mring Plasakuning/ sakèh para bupati/ manggona wismaning wadu/ ngiras murih kulina/ prajuri-[45]te anak aji/ alun-alun ing lor kidul amanggona//
  23. Wusing trang kang pangandika/ kondur jêng srinarapati/ anganthi Suryanggana/ gawok kang samya ningali/ katon sihe sang aji/ sungkême narendra tamu/ dhasar bagus kang warna/ jêtmika angraras ati/ ting garêdêg parèstri kang samya umyat//
  24. Lêksmana cakêt lumampah/ mèsêm myat anganan ngering/ pawongan kang samya miyat/ tan taha wacana bêngis/ tobil bakna priyayi/ lêlewane ora nyebut/ ya ta srinaranata/ sapraptane mandragini/ ingkang garwa sinasmitan lumaksana//
  25. Kusuma Suryadewatya/ lan Sang Dyah Lêksmanawati/ garbêg Sri Dayintaraja/ Mandrakumara ing wuri/ bunguk dènnya lumaris/ tansah dhèhèm guyu tanggung/ karyèwuh kang lumampah/ dènlewaning narpasiwi/ gang sarisik ukêl asta tanjak glewang//
  26. Ting jrêlèh wong upacara/ Lêksmanawati anolèh/ wruh kang ratu kaya gila/ gumuyu têtawan putri/ rêngu lon amarani/ kang raka asring tinapuk/ susur kongsi malêsat/ rahadyan gupuh nututi/ wus tinêba linancangan ing pawongan//
  27. Ya ta kunêng kawuwusa/ Dhêstharata nata rêsi/ pinarak ing pacrabakan/ lan garwa Rêtna Gêndari/ pawongan tur udani/ gusti punika sang prabu/ lumarak jêng paduka/ lan gusti kusumèng puri/ narpa rêsi sigra manga-[46]tag ing garwa//
  28. Kèn mêthuk ing srinarendra/ wus tundhuk sigra lumaris/ prapta wus tata alênggah/ kang pawongan samya nêbih/ umatur sribupati/ ing karya narendra tamu/ purwa madya wasana/ sukèng tyas sang narpa rêsi/ dyan ngabêkti Sang Prabu Suryaanggana//
  29. Mring Sang Dwija Dhêstharata/ miwah eyang Dyah Gêndari/ Lêksmana prapta manêmbah/ ngabêkti mring sang maharsi/ ngandika Dyah Gêndari/ kathik ngabêkti wong bagus/ nora mulut tan sawal/ umatur sang narpasiwi/ êlo sampun kantun lan mantu paduka//
  30. Kusuma sêsangkaning dyah/ ngabêkti mring sang maharsi/ ngandika Sri Dhestarata/ ki prabu sapa kang bekti/ Lêksmana anyelaki/ nyêla matur mring sang wiku/ punika wayah tuwan/ pun Rêtna Suryadewati/ sumiwi ing paduka brangta mring kula//
  31. Marma nyanggung ura-ura/ dhuh gusti sang narpasiwi/ tulus asih ing mlas arsa/ kawula sumêdya nyèthi/ wong bagus mingit-mingit/ durung kongsi praptèng pupuh/ Banowati anyandhak/ karnane sang narpasiwi/ ginèrèt mring purane ing kadipatyan//
  32. Nêngna kang nyingitkên putra/ wuwusên Duryudana ji/ umatur mring Dhêstharata/ pukulun jêng rama rêksi/ kawula tur udani/ pisowane anak prabu/ Gumiwang Suryanggana/ bêdhol sawadyane kêrig/ bêbukane angaturakên prasêtya//
  33. Nyaoskên Praja Gumiwang/ saisi-[47]ne dènatapis/ raja brana wadyabala/ tiga tawaning narpati/ Jongmirah ingkang nagri/ onjo tinimbang pra ratu/ panêngran Sêkti Sora/ Gyantipura Surasêkti/ prajaning wil nama nagri ing Saryana//
  34. Jêjuluking narpa yêksa/ wasta Prabu Kalamurti/ katura Sri Mahbathara/ kang sarêng lan anak aji/ arinipun pawèstri/ kang wontên ngarsa pukulun/ nyênyêthi kaatura/ lan yèn sarêng rama rêsi/ kalilana amêkathik ing paduka//
  35. Wayah paduka pun rara/ kang mangka ros lênging ati/ ubayane wayah tuwan/ lulu awor lawan siti/ yèn tan pinujwèng kapti/ taha lamun kamipurun/ nglawan Praja Ngastina/ mung sumêdya nganyut pati/ angandika Nata Rêsi Dhêstharata//
  36. Hèh Ki Prabu ing Gumiwang/ awya dadi tyasirèki/ rèhningsun durung têtanya/ paran ta padha basuki/ nahan Suryanggana ji/ nêmbah-nêmbah lon umatur/ pukulun srinarendra/ ing sabda dhahat kapundhi/ de sagêda sumiwi ing padukendra//
  37. Tan lyan pangèstu paduka/ mring kawula anyrambahi/ sagung wadya ing Gumiwang/ ngandika sang pandita ji/ kabèh brana di-adi/ ingkang minangka pisungsung/ ki prabu atur praja/ twin têtawan pra narpati/ iku bangêt panarimèngsun mring sira//
  38. Nanging mungguh abojana/ ki prabu tan dadi daging/ pambanane ramanira/ Ki Prabu Duryudana [48] Ji/ iku bae ki aji/ kalakona dèn satuhu/ ingsun jumurung pujwa/ mangayu marang sirèki/ Suryanggana muka lir konjêm pratala//
  39. Umatur sarwi pratignya/ pukulun sang maha yêkti/ yèn kawula tan sagêda/ nyirnakkên rêtuning galih/ tan sae myat sujanmi/ suka jur awor lan lêbu/ benjing-benjing kawula/ mangkat mring Cintakapuri/ katamana ing pangèstu jêng paduka//
  40. Yèn kaparênga ing karsa/ kawula anyuwun kanthi/ jêng eyang ing Kapatihan/ minangka jimating jurit/ mênggah palwèng jaladri/ mangka kêmudhining laku/ nimbang awrating aprang/ mbotên kawula bên jurit/ mung nyalini sêkar dhêndha tejamaya//

~ PUPUH VIII ~
D  U  R  M  A

  1. Kadya cidra galihe Sri Suryanggana/ matur mring nata rêksi/ pukulun jêng eyang/ kawula nuwun sabda/ pangèstu madyaning jurit/ darmi ing karya/ karya sang mahayêkti//
  2. Angandika wiku nata Dhêstharata/ ki prabu sun sabdani/ sirantuk ing karya/ ratri sun datan nendra/ rina sun acêgah bukti/ iku minangka/ yuwananing ajurit//
  3. Angandika mring Narpati Duryudana/ kulup gawanên mijil/ iki sutanira/ Ki Prabu Suryanggana/ dêdimèn nuli miranti/ lan pamujinira/ yayi Arya Sêngkuni//
  4. Mung minangka kêkondhange sutanira/ Suryanggana nambungi/ eyang singidana/ sampun katingal mêngsah/ lêbura dènmor lan siti/ mungna kawula/ pukulun lawan malih//[49]
  5. Yèn kataman pangèstu jêng wiku raja/ kawula anyagahi/ sadintên kewala/ sirna narpa Pandhawa/ nagari katuju dening/ gunging wadyamba/ dhuhadhuh sribupati//
  6. Sampun dhahat sungkawa ing tyas paduka/ dene acandrèng bukti/ turing Suryanggana/ sarya nglulus gumbala/ ewa Rêtna Banuwati/ jumênêng sigra/ kondur mring langênpuri//
  7. Kawuwusa Sang Aprabu Duryudana/ mundur sing ngarsa rêksi/ saha Suryanggana/ datan kawarnèng marga/ wus makuwon sribupati/ ing sitibêntar binoja mawarna di//
  8. Pra Kurawa angêmbuli ing pamboja/ miwah Arya Sangkuni/ Gajah Antisura/ lan Gajah Satrutapa/ ing rahina gung miranti/ gêgamaning prang/ ya ta Hyang Arka manjing//
  9. Bubar sagung Kurawa ing bujana/ kawarnaa ing ratri/ Dhahyang Kumbayana/ Sapwani Dewabrata/ sarênging praptanirèki/ Sri Suryanggana/ gupuh mêthuk kang prapti//
  10. Sarêng ingacaran wus tata lênggahan/ gunêm masalah jurit/ tuwuk srinarendra/ binukan sabda mulya/ katri ing para maharsi/ sangsaya sura/ ning tyas sri-narapati//
  11. Kawuwusa atmajendra ing Mandraka/ satriya Madyapuri/ Arya Burisrawa/ duk nalika miyarsa/ Ngastina katêkan dening/ narendra sabrang/ ing ratri mentar saking//
  12. Kadi barat ing lampahe narpaputra/ dhasar trahing maharsi/ kaciwa ing warna/ mèh sarupa raksasa/ jiblês Kaki Bagaspati/ pambêkan padha/ tranging driya wis sami//
  13. Burisrawa ing ratri tumamèng pura/ nilip Dyan Bano-[50]wati/ ing wanci samadya/ ratri kusumèng pura/ karuna alantik-lantik/ ingkang sinambat/ madya kalima niki//
  14. Pan mangkana sambate narpadayita/ dhuh-adhuh sribupati/ liwat aniaya/ sikara wong tan dosa/ paran tinêmu ing wuri/ dhuh dewaningwang/ rêksanên Pandhusiwi//
  15. Duk samana pamuwusira sang rêtna/ wuwusên narpasiwi/ Arya Burisrawa/ dhèhèm jawi nêp lawang/ sang dyah sigra angaruhi/ sapèku jaba/ lir swarane si adhi//
  16. Dyan jumênêng mêngakkên inêping lawang/ sang arya wus kaêksi/ sèndhèn dènnya lênggah/ pitêkur marêp ngetan/ sang ayu nyandhak aglis/ astanira dyan/ malbèng kamar nulya glis//
  17. Wusnya lênggah ngandika kusumaning dyah/ paran karyanta yayi/ baya ana karya/ umatur rajaputra/ kakang bok kawula nêmpil/ wartining pura/ lan wau kulup nyilip//
  18. Ing sitinggil pinaranti pinakajang/ paglaran kêbak janmi/ napa Si Lêksmana/ kang bok sing arsa krama/ mèsêm sang rêtna ngling aris/ nora kayaa/ babo dhuh ari mami//
  19. Katuwone sira tan tinari karya/ mengko le sun jatèni/ ana ratu prapta/ têka Praja Gumiwang/ jêjuluke Sribupati/ Suryaanggana/ nglamar sutanireki//
  20. Glising rêmbug pêpanggile kakangira/ sirnaning Pandhusiwi/ saguhe si sabrang/ malêmbung lir canthuka/ sesuk untabing prajurit/ samangsa têka/ prajèng Cintakapuri//
  21. Sinaguhan lawase bangêt sadina/[51] sirna kalima siki/ tinumpês sinirna/ nadyan wadon jêjabang/ mèsêm rahadyan saryangling/ ratu kang prapta/ kang bok dika titèni//
  22. Aprasasat li-ili malbèng samodra/ sêsulung manjing gêni/ rèncèk mring tumangan/ sukaning Destharata/ dupèh sirna sribupati/ Narendra Krêsna/ Janaka sarwi anis//
  23. Pinapada lan cêblunge Si Kurawa/ sabên ilang nêbusi/ jêr kalah botohan/ maring gyan ronggèng wuda/ pahe murcaning Jahnawi/ Bathara Krêsna/ sirna ana kang pinrih//
  24. Layak bae Arjuna sirna taunan/ jêr mring Suranadi/ mêminta ing dewa/ kadibyan kanugrahan/ wong dewane mituruti/ Narendra Krêsna/ kang winênang mêmilih//
  25. Nadyan iki kang bok têkane wong sabrang/ jawata kang pêparing/ nugraha gung marang/ wong agung Panduputra/ Kurawa mangka gêlidhig/ mikul garobag/ katampana Pandhusiwi//
  26. Lah gih dawêg kang bok tiniten kewala/ pêndhak taun pinaring/ ganjaran wong sabrang/ opahe mênang yuda/ sirnaning sang narpayêksi/ Manikmantaka/ Sri Kawaca narpati//
  27. 38)Mari-mari nèkpun gêmêt ratu sabrang/ dityane Sri Rimurti/ sire wong Kurawa/ pinalusung wong sabrang/ tan wruh lamun angusungi/ milane kakang/ cubluk papaning wasis//
  28. 28.     Bojo dika dhewe tinuntun lir menda/ lir sapi dènkêluhi/ tinuntun jêmranthal/ anggêpe sinuwitan/ mring sagung pra maharsi/ para pandhita/ tan wêruh digêgêring//[52]
  29. Sire bungah sinuwita Dhahyang Durna/ Pandhita Ngatasangin/  mpun labêt punapa/ Kurawa têng Si Durna/ tan kadi Si Bayusiwi/ Si Hendraputra/ potange amêdhati//
  30. Pundi wontên wong dicicilake utang/ gêlême ngêlakoni/ Pandhita Talkandha/ Maharsi Dewabrata/ lair biyunge ngêmasi/ sagêde gêsang/ ngungsi Palasara Ji//
  31. Jêr barêngan lan laire Durgagana/ sinuson Durgandini/ malah dipèk garwa/ mring Sêntanu srinata/ pratignyane andhêrindhil/ rak gih Kurawa/ kang bok ginawe nicil//
  32. Si Sapwani umadêg sayêmbara prang/ têng Nagri Nglokabumi/ prang lan Diwangkara/ gih Wisabajrasuta/ kang rinêbut Dyah Lokati/ putriyu endah/ ampuna ditulungi//
  33. Maring paman aji Pandhu baya modar/ dipêndhêm ing pratiwi/ kapindho winehan/ anak Si Jayadrata/ walêse pasthi nêkani/ dhatêng Pandhawa/ anakan Kurawa ji//
  34. Têka bungah ngrasa tinunggu pandhita/ tan wruh ginawe nicil/ Adipati Karna/ napane lan Pandhawa/ kakang Baladewa aji/ dulur nak sanak/ pundi margane bêcik//
  35. Lir ngalindur pangucape Burisrawa/ tan kêna dènsêlani/ sawusnya ngandika/ angulat banjur lunga/ kadumêlan lir[wong baring/ gantya winarna/ kang mêkuwon sitinggil//
  36. Sribupati ing Gumiwang Suryanggana/ lawan Durna Maharsi/ Sapwani twin Bisma/ sawêngi pirêmbugan/ tan ana kang antuk guling/ ya ta miyarsa/ ana swaraning paksi//
  37. Bêbarungan mangsa woh wringin mandera/[53] ngungak ngetan sang aji/ myat ujwalèng surya/ lir manunu ing ngwiyat/ gugup tyasnya sribupati/ rêkyana patya/ karone dèntimbali//
  38. Kinen atêngara budhalakên wadya/ marang Cintakapuri/ gajahku saosna/ ning wetaning pamedan/ gumuruh swaraning janmi/ baris atata/ tan nganti dènabani//
  39. Taksih gègèr barise wong ing Gumiwang/ wuwusên sribupati/ manêmbah mring eyang/ sang pandhita têtiga/ angandika sang maharsi/ mangayu bagya/ dhuh putu sribupati//
  40. Katamana ing nugrahaning jawata/ ing karya dènlêstari/ ya ta Suryanggana/ manêmbah wus umangkat/ praptèng pamedan wus nitih/ dirada wasta/ dewadaru gêng inggil//
  41. Ting paluncar busananing kang matêngga/ kasorota Hyang Rawi/ têmpur lan busana/ nira srinaranata/ ting galêbyar ting parêlik/ tan wusing ucap/ rêngganing busana di//
  42. Duk samana Sang Aprabu Suryanggana/ nolih anganan ngering/ ing wuri kabêgan/ wadya bala sumahap/ sang nata wus nyasmitani/ dwipangganira/ anjrit tlale mangigil//
  43. Yèn angadêg lir tejane wiku tapa/ katon wênès amanis/ yèn malêngkung kadya/ kêkuwung minum toya/ yèn têlale mobat-mabit/ pan kadya kilat/ sinêrang anglir thathit//
  44. Patih Gajah Antisura wus grahita/ ngarungu Gajah muni/ anêmbang têngara/ gong beri abarungan/ badhe lir swarèng wiyati/ swara angangkang/ ulêngan kang prajurit//
  45. Winatara nêm ewu prajurit kuda/ bagu-[54]s prawirèng jurit/ prajurit ing ngarsa/ wignya sinranging guna/ nyandêr nututi sang aji/ bantala obah/ gumludhuk anggêtêri//
  46. Kang minangka têtindhih prajurit kuda/ sira Rêkyana Patih/ Gajah Antisura/ dharat lêksan awendran/ senapatining pra-jurit/ lêlajêring prang/ pun Satrutapa Hèsthi//
  47. Patih tuwa prawirèng prang ing aguna/ mangka sirahing baris/ sangsaya rahina/ akèh nusul kang wadya/ kang anèng jawining nagri/ ing pasanggrahan/ lumayu rêbut dhingin//
  48. Lir sadaya-daya jêjarah bêrana/ sasolahe gêgirisi/ wruh ratuna têbah/ marma tan ngrasa sayah/ wong kang wisma pinggir margi/ nyalini têmbang/ ingaran gula milir//

~ PUPUH IX ~
DHANDHANGGULA

  1. Tan winuwus lampahing kang baris/ kawuwusa wong Praja Ngastina/ kang pêrak marga wismane/ kèh samya andêdulu/ untabing kang baris lumaris/ dêlêdêg tanpa kêndhat/ sawênèh kang wêruh/ untabing prajurit sabrang/ akèh ingkang tutup lawange kinunci/ jrih solah gora godha//
  2. Ya ta ingkang kawuwusa malih/ pandhita ing Wukir Saptaarga/ ing Martawu pratapane/ trahing Hyang Brama Wisnu/ tan ingucap uruting ngluri/ ing carita rinupak/ mung kang dadi catur/ panêngraning kang pandhita/ Rêsi Krêsnadipayana lawan malih/ Bagawan Abiyasa//
  3. Apêparap Palasarasiwi/ pandhita trang anetra bathara/ jinurung barang ciptane/ kang durung mijil wus wruh/ lan winêca bakal baboni/ ing rat Jawa satêrah/ ing sabrang kinumpul/ wungu tyas Dipayana/ katêdha-[55]kan Hyang Wisesa amêmisik/ ing purwa myang wasana//
  4. Wusing purna wisiking dewa di/ nulya sêmedi Sri Dipayana/ anglela trang pamawase/ luwaraning panêkung/ pan sakala musna sang rêsi/ nunggal mring pinangkanya/ tan ngrika tan ngriku/ ya kabèh ya Dipayana/ wus kinumpul cipta rasa dadi siji/ ginulung kang bawana//
  5. Ya ta sanalika wus anunggil/ nata Pandhawa Sri Darmatmaja/ sirna mulih mring purwane/ sakadang garwanipun/ saisining Cintakapuri/ wêwêngkon jroning kitha/ kabèh sirna gêmpung/ bêburon siji tan ana/ kari wadhah isine kabèh wus mulih/ mring jaman kalanggêngan//
  6. Yèn ujaring wong kang ahli tèki/ larangan yèn ingucap sumewa/ mudharake bêbundhêlane/ paranta yèn winuwus/ nganggo seba Hyang Udipati/ miwah kang amisesa/ dating sira iku/ marêm lamun winasesa/ yèn karêpe sastra boya jajar carik/ mung ngumpul miwah nunggal//
  7. 7.        Kunêng muksaning Sri Pandhawa ji/ kabèh isining Praja Ngamarta/ Sang Biyasa sudibyane/ karya sasmita samun/ ana ingkang galagah langking/ tuwuh ing Balekambang/ gandanya rum marbuk/ akêmbang rêtna sumunar/ ujwalane surêm Hyang Pratanggapati/ mênuhi tri bawana//[56]
  8. Lan tan ana swara kang kapyarsi/ kêkayon gung tan ana kukila/ kupu kinjêng ilang kabèh/ tirta minane suwung/ mung pangliking jagat kapyarsi/ pindha karunaning dyah/ angrês-rêsi kalbu/ winasesa tanpa sesa/ mangsa naa wong myarsa mung winitawis/ lendhe mangsa bodhoa//
  9. Kang miyarsa caritaning tulis/ sampun duka dhatêng kang ngrumpaka/ endah punapa èstune/ wong juru tulis gunung/ rak alane wong duwe abdi/ kêmaruk ajang klapa/ kawruhe paruthul/ prayogane mung sapala/ de tan sêdya winêntar lyaning sujanmi/ mung rinasuk priyangga//
  10. Kadya taman kocape ing ngarsi/ têmbung nalika Sri Dipayana/ katêdhaka jawatane/ mung mrih prayogeng têmbung/ êndi ana Hyang Udipati/ anganggo têka lunga/ dene kaya dhukun/ satêmêne iku layak/ nalikane sang rêsi nungku sêmedi/ sirna Sri Dipayana//
  11. Sirna têng pundi ênggène ngalih/ sirna satuhu sarira tunggal/ kumpul kêmpêl sayêktine/ tuwin ucape wau/ Dipayana nganggo diwisik/ bisikan ajêng napa/ kapyarsa nyalimut/ kang satuhu Dipayana/ tanpa karna nanging pamyarsa tan gêmpil/ sèwu wong binisikan//
  12. Tanpa lidhah Palasarasiwi/ pamuwuse lir gêlap nêm kirna/ cêtha tan pelo wuwuse/ tanpa netra sang wiku/ sabuwana nglela kaèksi/ bok won-[57]têna punapa/ mas Biyasa gih wruh/ ingsêpe tanpa gêrana/ panggandane sajagad niki katiyubing/ anggêpe wasis wijang//
  13. Elo gih mas sampun salah tampi/ botên gruwung Rêsi Dipayana/ saès dènkapitan wanèng/ êmpun maneka banjur/ sakarsane gène mastani/ botên sasriking manah/ lo mas yêktosipun/ mung ampun kenging gêpokan/ kadursilan niku mas sing kula puji/ manjing mawon lak nêdha//
  14. Kawuwusa sang srinarapati/ ing Gumiwang sangsaya wus pêrak/ pan binantêr ing lampahe/ tan kandhêg rintên dalu/ kang kamargan wong desa miris/ jrih samya ngili marang/ jurang miwah gunung/ rajakaya tinuntunya/  malbèng wana gumrumung swaraning tangis/ rantab lampahing janma//
  15. Enêngna sangsaraning wadya lit/ natèng sabrang praptèng jaban kutha/ kanggêg manguning driyane/ myat ngiwa nêngên suwung/ nora myarsa swaraning janmi/ bêburon rajakaya/ sêpi tan kadulu/ pangumbaran jroning kandhang/ lan tan ana swaraning sata lan pêksi/ cuwa tyasnya sang nata//
  16. Saya nêngah ngambah jroning nagri/ sinalasah sang nata parentah/ wisma linebonan kabèh/ wonge nora kadulu/ gêdhong-gêdhong binukak sêpi/ wadhah kèh ginaledhah/ anggalodhang suwung/ isine kabèh tan ana/ inêbing kang lawang tan ana kinunci/ bingung tyas srinarendra//
  17. Taksih manggung gègèr munggèng èsthi/ kyana patih anung-[58]gal saplana/ sang nata lon andikane/ eyang paran ing kayun/ luwih anèh lakon puniki/ manira boya duga/ Sangkuni lon matur/ sinuwun watawis kula/ muwung ingkang janma ngalêmpak mring puri/ sumiwi ing sang nata//
  18. Ing kaparênging karsa sang aji/ sinêngkakna lampahe kang wadya/ lan kinêpungan purane/ saking watawis ulun/ sang aprabu Cintakapuri/ wus tan sumedya lawan/ jrih prabawèng prabu/ giris myarsa gunging wadya/ nanging wontên watawis kawula malih/ wontên purwaning lingga//
  19. Jêr Pandhawa sawung kang upami/ mangka ing mangke botohe minggat/ tan wontên kang nandhingake/ ngandika sang aprabu/ kadi pundi ngangge tinandhing/ Sêngkuni ngoso mojar/ sumangga sinêrung/ bok mênawi sêlak minggat/ dyan sang nata pun dewadaru ginitik/ anggrêng jumangkah rikat//
  20. Sawadyane pinêlak umanjing/ praptèng jawi lun-alun pamedan/ sang nata gêla ing tyase/ kanggêg tyas kapirangu/ lir kagêman kacuwèng rêsmi/ mêdhun saking dwipangga/ dharat sang aprabu/ nênggêl mangidul lampahnya/ ngalun-alun paglaran tan ana kang nangkil/ minggah mring sitibêntar//
  21. Suwung gomblang sang nata lumaris/ wus angancika praptèng palataran/ balinguh ing paningale/ janma myang swara suwung/ têbah jaja srinarapati/ sêsèndhèn wit drêsana/ gandrung amangkung/ kawangwang kusumaning [59] dyah/ salin cipta ngrêrêpa sabda rum manis/ dhuh intêning Gumiwang//
  22. Gambiring rat sadhat wisa mandi/ wrêksaning ron kang pindha tyas kamal/ karya gêla wêkasane/ manabda ing ngaluhur/ Minak Luyubraja ing ngarsi/ Kramasarana aprang/ mrih bêdhah praja gung/ wêwalêrtumraping sastra/ tyas kacuwan saha kang pinurih jurit/ wurung nêmbramèng sira//
  23. Sakala èngêt srinarapati/ sigra manjing mring jro prabasmara/ jinajah mring saubênge/ gêdhong-gêdhonge suwung/ sakèh wadhah wus tanpa isi/ mring kêbon lêlangenan/ tan ana kadulu/ Patih Gajah Antisura/ Satrutapa sarêng prapta awotsari/ lon matur ing sang nata//
  24. Dhuh pukulun sang srinarapati/ kawula wus jajah jroning praja/ èstu tanwontên banèke/ Sêngkuni lon umatur/ padukanggèr kataman ing sih/ saking eyang paduka/ Dhêstarata wiku/ miwah kang para pandhita/ rintên dalu tansah dènira sêmedi/ mangayu-ayu bagya//
  25. Estu ampuh sabdaning maharsi/ ing sirnane pun nata Pandhawa/ lan isining praja kabèh/ pinulung kinakêcut/ de mitrane Sang Hyang Pramuni/ inggih Bathari Durga/ jêr pun Pandhèwèku/ sinihan pinutraputra/ kados-kadosing dêdugi botên têbih/ marma jêng srinarendra//
  26. Sampun dhahat sungkawaning galih/ jêr drubiksa ajrihing linila/ sang nata lon andika-[60]ne/ hèh patih ro sirèku/ ingsun mundhut dayanireki/ prayogane linakyan/ kya patih umatur/ anjawi karsa paduka/ tinilara yèn tinêngga tanpa kasil/ dêduka tanpa lawan//
  27. Mung tinêngga acatur bupati/ lawan prajurit mung winatara/ pratandha kagêm prajane/ ing têmbe yèn wus katur/ ing ramanta srinarapati/ sakarsaning sang nata/ jêr paduka sampun/ anglampahi ing karyèndra/ lan kabêgjan tanpa prang rajane anis/ wus manjing dhatulaya//
  28. Namung sêrike gusti sakêdhik/ pundi ingkang winastan jayèng prang/ dene tanpa panrêngane/ rajane tan kapikut/ jêjarah têtawan sêpi/ katujune ki lurah/ Plasapita tumut/ ngêngondhangi ing paduka/ mangka sêksi bêdhahing Cintakapuri/ ing solah wus kapriksan//
  29. Lipur dukanya srinarapati/ wus ngundhangan lir ture kya patya/ amaju pat pabewake/ pinilih ingkang tugur/ bupati kang prawira sêkti/ nyatus prajurit dharat/ tur samya gul-agul/ risaksana srinarendra/ wus anitih dwipangga lawan Sêngkuni/ kêbut sawadyanira//
  30. Beda lawan angkate sang aji/ rêrikatan ing mangke lon-alonan/ mandhêk mayong kêrêp lèrèn/ mung agung kapirangu/ amirangrong saya ngranuhi/ munggèng rêngganing liman/ gandrung amangungkung/ manguna-[61]ndikèng wardaya/ kaya paran ing karya lamun tinampik/ suka matiyèng paran//
  31. Dhuh saiba ucape wong cilik/ yèn sun muliha Praja Gumiwang/ nora katon dhèncèng-dhèncèng/ kusuma wadung pantun/ prajurit prang anggung kalindhih/ dhahat anganiaya/ nora milu kondur/ tan sae myat ing sujanma/ puput jiwa bêdhug têngaraning jurit/ kataman matyèng rana//
  32. Saya liwung tyasnya sribupati/ sru kacuwan tan linawan ing prang/ tambuh-tambuh wiyogane/ mèh tan panon sang prabu/ anggulèyèh luhuring hèsthi/ gupuh Kya Patih Soman/ rinangkul sang prabu/ Patih Gajah Satrutapa/ amrêpêki matur mring Arya Sangkuni/ kados pundi ki lurah//
  33. Yèn kalawan pinujuning galih/ wayah paduka srinaranata/ prayogi kinundurake/ supados lêrêmipun/ liwunge tyas antuk panggalih/ nèng Dhukuh Sokalima/ kataman ing wuruk/ ing Sang Dhahyang Kumbayana/ mung ki lurah ngaturna lampah puniki/ mring jêng srinaranata//
  34. 34.     Pinujune ki lurah pinaring/ mangka pamomong wayah paduka/ dhuh lurah paran dadose/ tan bodho sang aprabu/ anauri Arya Sêngkuni/ kulup iya prayoga/ ngong61) iya miturut/ wus mudhun saking wahana/ nyengklak kuda kundêr lampahing turanggi/ dadya sowang-sowangan//[62]
  35. Kacarita Dyan Arya Sangkuni/ wus tumamèng ngabyantara nata/ katur kabèh pratingkahe/ lan undure sang prabu/ ing Gumiwang dhahat prihatin/ sang nata myarsa eram/ kunêng kang winuwus/ kang Kahyangan Cakrakêmbang/ Sang Bathara Kamajaya lawan sori/ Dêwi Ratih wranggana//
  36. Sang bathara angandika aris/ kaya paran wartane rinira/ têka jênak panunggune/ mukti anèng swarga gung/ siniwi mring pra widodari/ baya tan eling marang/ kang kari nèng dunung/ mokal yèn tan kawangwanga/ ing Cintakapura rinubiru dening/ raja têka ing sabrang//
  37. Ing samêngko yayi sribupati/ lan sagotra ing Cintakapura/ sinimpên trêtib ênggone/ praptaning ratu mungsuh/ tan umiyat janma sawiji/ isi wadhah binerat/ têkan sato suwung/ umatur dayita dewa/ yèn makatên prayogi sêkar sinalin/ kang sae salobongan//

~ PUPUH X ~
ASMARADANA

  1. Paran karsaning sang yogi/ sirnane yayi paduka/ pangrêksane ing karaton/ angling Sang Hyang Kamajaya/ yayi ayo lan sira/ nganglangi ngiras têtunggu/ kadhaton Cintakapura//
  2. Umangkat sang maharêksi/ kadi garudha manglayang/ alon-lonan ing lampahe/ ana kang jawata prapta/ kawangwang tanpa sangkan/ bagus cahyanya umancur/ jêjuluk Bathara Maya//
  3. Hyang Tunggal ingkang sêsiwi/ mula-[63]ne Bathara Maya/ prapta pitutur yêktine/ mring putra Hyang Kamajaya/ kulup dènage sira/ têtulunga mring arimu/ sang nata Cintakapura//
  4. Siniya mring Kurupati/ nyuraya mring ratu sabrang/ karêpe kinarya tèdhèng/ tangkis dêdukaning dewa/ ing mêngko arinira/ sinimpên mring Hyang Maha Gung/ ngenaki tyasing durmala//
  5. Umpama ora piningit/ kongsia têmpuhing aprang/ kêriga wong sabrang kabèh/ di margane sor ing aprang/ lare nêmpuh samodra/ sira salina jêjuluk/ arana Si Partadewa//
  6. Yèn ana takon sirèki/ minangka Kilasawarna/ Tejamaya parêpate/ sutaning Kilatbawana/ kadang Ujwalamaya/ wis mangkata sira kulup/ jujuga jro datulaya//
  7. Kamajaya wus lumaris/ Hyang Maya wus tan katingal/ bali mring pêrnahe manèh/ Partadewa praptèng pura/ wuwusên mantri sabrang/ kapat pinuju akumpul/ ngubêngi wêngkoning pura//
  8. Nalikarsa manjing puri/ kaparanggul Partadewa/ bupati kucêm ulate/ tanya lambene wel-welan/ gusti sintên paduka/ lan pundi pinangkanipun/ punaparsa mundhut nyawa//
  9. Kang abdi naming sadêrmi/ purun ngambah jroning pura/ ngêmban karsaning sang katong/ ngandika lon Partadewa/ yèn sira tanya mring wang/ sun iki têka ing gunung/ arane Kilasawarna//
  10. Gêng luhur jurange rumpil/ dhukuhku ing Tejamaya/ Partadewa aran I-[64]ngong/ garwèngsun iki wranggana/ panêngran Kandhilaras/ sutaning pandhita luhung/ jêjuluk Kilatbawana//
  11. Pandhita trang ing pangèksi/ kadanging ujwalamaya/ sira sayêkti kinongkon/ gustimu natèng Gumiwang/ Si Prabu Suryanggana/ kang brangta putrining ratu/ Mahaprabu Duryudana//
  12. Kang aran Lêksmanawati/ jaruman Pandhita Druna/ wis padha muliha bae/ tutura ing rakanira/ ingsun kang ngarsa-arsa/ paran ta gêlêm tinuntun/ miitênah wong tanpa dosa//
  13. Lamun tan gêlisa prapti/ sun tunu praja Guumiwang/ sun kang bakal malêsake/ niayane gustinira/ marang nata Pandhawa/ ujêr iku mitraningsun/ ing tyas wus saeka praya//
  14. Sandika aturing mantri/ manêmbah arsa umangkat/ padhambruk ting gloyor kabèh/ sakojure awel-welan/ ting karênggos barangkangan/ prapta sajaban kadhatun/ wus samya pajar rewangnya//
  15. Prajurit kabèh milyatis/ budhal lampahe ginêlak/ ing marga tan winiraos/ ganti ingkang winursita/ kang wontên Madukara/ garwa Arjuna waruju/ kusuma Drupadaputra//
  16. Iya kusuma Srikandhi/ kocap murcaning Arjuna/ duk sacandra ing murcane/ garwa kang sêpuh priyangga/ putri saking Madukara/ Rêtna Basudewasunu/ panêngran Rêtna Sumbadra//
  17. Kondur marang Dwarawati/ Srikandhi garwa ampeyan/ kang kari têngga purane/ Bimanyu putra Sêmbadra/ miwah Radèn Sumitra/ Su-[65]lastri ingkang sêsunu/ kang têngga nèng kasatriyan//
  18. Wong agung ing Pringgadani/ kang tugur ing Madukara/ dhasar kulina slawase/ Srikandhi miyarsa warta/ lamun Nagri Ngamarta/ katêkan parangmuka gung/ tèka Nagara Gumiwang//
  19. Malah gumrahing pawarti/ Sang Aprabu Darmaputra/ lolos sagarwa putrane/ ari katiga nut raka/ Bima lan Madrim putra/ tumpêsan kang para wadu/ malah praja wus kabêgan//
  20. Dening ratu manca bumi/ kang anglana saking sabrang/ ing Gumiwang gung wadyane/ ya ta Radèn Gathutkaca/ miwah Jahnawiputra/ wus samya kalih ingutus/ mring Praja Cintakapura//
  21. Angyetèkakên ing warti/ têmên doraning pawarta/ wus umangkat radèn karo/ mung lawan tri punakawan/ lumampah gêgancangan/ ciptaning tyas bela lampus/ paribara nêmu arja//
  22. Sira Radèn Bimasiwi/ mêsat mijil jumantara/ lir kaga raja ibêre/ krodharsa ngrabasèng mêngsah/ Rahadèn Partasuta/ tan kandhêg ing lampahnya wus/ umanjing sajroning praja//
  23. Miyat nganan ngering sêpi/ tan ana bawaning janma/ têkan manuk ora katon/ kêkayon wohe tan ana/ rinèng tyas Partaputra/ mèh sirna krodhaning kalbu/ wadya tumindak lon-lonan//
  24. 24.     Pamyarsa paningal sêpi/ prapta pinggiring pamedan/ lun-alun ngalela katon/ asêpi tan ana janma/ ngandika marang Sêmar/ kaya paran pamikirmu/ elok lakon Ngamarta// [66]
  25. Endi kang minangka saksi/ bêdhahe praja Ngamarta/ ora ana lêlabête/ tumpêsên wong ing Ngamarta/ tan ana sarah bathang/ kabèh omah padha suwung/ têkan isi kari wadhah//
  26. Bêburon tan ana kèksi/ sêpi tan ana sabawa/ Badranaya lon ature/ mila srêp manah kawula/ ningali têtingalan/ punika elok kalangkung/ dede pandamêling tiyang//
  27. Kados pitulunging widhi/ asih paring kanugrahan/ karya cawêngahing mungsoh/ kados sadèrènge prapta/ mêngsah sirnaning janma/ lurah kanthong manabda sru/ wuwuse iku wis ora//
  28. Rak mung gonmu ngathik-athik/ wong tan ana mungsuh têka/ minggat saduwèke brèsèh/ ya ta Arya Bimasuta/ prapta sarwi karuna/ kang rayi anggung rinangkul/ pamuwuse kawlas arsa//
  29. Dhuh ariku wong asigit/ iki ana dayaning tyas/ ayo lumèbu kadhaton/ yèn jêng uwa wus tan ana/ mêngko mrih budidaya/ aku nut ing sakarêpmu/ lara pati aja pisah//
  30. Ya ta rahadyan kêkalih/ tumindak arsa mring pura/ sangsaya onêng driyane/ de samarga tan umiyat/ sipating kang sujanma/ ing srimanganti wus rawuh/ laju malbèng palataran//
  31. Wuwusèn kang pindha rèksi/ Partadewa lan kang garwa/ Kandhilaras anulya ge/ mêthuk rawuhe kang putra/ Bimanyu Gathutkaca/ [67] akekehan sang rêtna yu/ kèndêl 40)têpining taratag//
  32. Sang rêtna awanti-wanti/ pamêluke mring Rahadyan/ Bimanyu naratap tyase/ ya ta Bambang Partadewa/ nabda mring Badranaya/ lurah warahên anakmu/ bok ing tyas saya gupita//
  33. Lurah Sêmar matur aris/ mring Radèn Jahnawisuta/ sampun kagèt gèr yêktose/ punika satriya ngarga/ mitrane rama dika/ Kilaprupa kang sêsunu/ nama Bambang Partadewa//
  34. Nyudara sinarawèdi/ kang tapa Ki Lasawarna/ mirsa kang dèrèng kêlakon/ ya ta Bambang Partadewa/ numpangi ing panabda/ kulup tuture wakamu/ kabèh iku apa nyata//
  35. Lurah mlêbua mring puri/ katemu lan sutanira/ sakarêpmu ana kabèh/dèn tutug ênggonmu nadhah/ Sêmar wus manjing pura/ myat boga nadhah sumrikut/ kunêng wuwusên mandhapa//
  36. Wus samya atata linggih/ radyan ro lan Partadewa/ kapat wranggana rowange/ Partanggung anyidhikara/ mring putra mrih lêrêma/ kalihe pan wus linipur/ linut siliring maruta//
  37. Ya ta rahadèn kêkalih/ lêsu lungkrahe wus ilang/ sumuking tyas sirna kabèh/ kadhaut pangaribawa-/ nira Sang Partadewa/ sêgêr sumrah angalumut/ ya ta Bambang Partadewa//
  38. Ngandika mring radèn kalih/ kulup sun wêca mring sira/ wong tuwamu lêlakone/ pamadya Endraputra/ tan kêna ing sangsara/ ing mêngko apan mèh [68] timbul/ têka sêsêngkêraning hyang//
  39. Besuk wong tuwanirèki/ mulih anggawa nugraha/ linuwih sajagad kabèh/ jêr dewanggung kapotangan/ mring ramanta Ki Parta/ unggahe sang yêksa prabu/ ngrabasa Endrabawana//
  40. Jawata anggung kalindhih/ yèn aja tinulungana/ mring wong tuwamu yêktine/ sida rusak Suralaya/ dêripun ing yaksendra/ ramanira kang mitulung/ mati Newatakawaca//
  41. Sabalane tumpès tapis/ dening hruning sarotama/ tinunu barêng kuthane/ marma gung sihe bathara/ kinudang linambana/ dene sirnane ibumu/ yèn mungguh palwèng samodra//
  42. Layare ibunirèki/ supaya lakune kêbat/ glisa têka pamurihe/ lan ana manèh upama/ sorog kuncining lawang/ wênganing sihing dewa gung/ pambuka nugraha mulya//
  43. Jêr ibunira linilir/ dening mustikaning dewa/ linuhur lan wranggana kèh/ besuk timbule barêngan/ miwah wakira nata/ Pandhawa tan kêna lêbur/ tur bisangsung mulyaning rat//
  44. Dalaning guna myang dhêsthi/ mung kêrêp matèni badan/ cêgah suka sapadhane/ anyimpar boja lan nendra/ sukaning aji jaya/ marga kawiryan pan kudu/ andhap asor wani ngalah//
  45. Ing pêpêsthèn dènkawruhi/ sumingkir barang jubriya/ gêdhe sabar panrimane/ marga gèr wong tuwanira/ durung pêdhot subrata/ anglêluri marang kang wus/ kang tèki ing Saptarêngga//
  46. 46.     Awit lêluhurirèki/ Sang Rêksi Manumayasa/ trah jawata parandene/ de arsa baboni ing rat/ Jawa lulus mêngkua/ tan kagèt yèn sinrang ing dur/ têguh bakuh ora obah// [69]
  47. Aja kaya sastra warih/ dhèk bayi ora digêbyag/ tan kêna kêmrêsêk kagèt/ sira kulup pêpacangan/ mijèni para raja/ dèn bisa mong sariramu/ têgêse mong ing sarira//
  48. Kinuwayan marantèni/ êndi lire kinuwayan/ ngawruhi bakal pakewuh/ kang tan mrih arjaning driya/ pantês yèn sinimpangan/ mangka wruh marga pakewuh/ yèn tinrajang aran maha//
  49. Têgêse wong mirantèni/ dumunung kang sihing badan/ mung rong prakara anggere/ yèn badan kataman panas/ lilingên witing ana/ ing panyirêp aja ngawur/ kalamun tan mêngkonoa//
  50. Ya ta rahadyan kêkalih/ kathah pamyarsaning sabda/ dhahat ayêming galihe/ nêmbah matur angrêrêpa/ pukulun dunungêna/ supados padhang ing kalbu/ nauri Sang Partadewa//
  51. Kulup gènira mêt krami/ yèn tan kêparênging driya/ ambapaa bae mring ngong/ mring soriku angibua/ mrih ilang tyas sandeya/ wit rêsêpe wong tuwamu/ kabèh lir nunggal sayayah//
  52. Ingsun ya mêngkono maning/ tan rumangsa amêmitra/ pama kataman pakewoh/ sun labuh sabayantaka/ yèn iki tan dadya pa/ sun cipta dudu pakewuh/ dewa kang paring nugraha//
  53. Dèn atampa sun jar-[70]wani/ goningsun micara panas/ dudu panasing srêngenge/ dudu panasing dahana/ kang sun pajar mring sira/ panasing panabda catur/ panyirêp kudu waspada//
  54. Lamun panasing Hyang Rawi/ kinudhungan bae kêna/ yèn gêni agampang bae/ dinihan bae pan tawa/ ilang rasaning panas/ bantêring pamyarsa iku/ sirepe têka istipar//
  55. Têgêse êninging ati/ dèncèngèng dimèn waspada/ saranta ing pamatrape/ wit gêni mijil ing karna/ êmbuh tikêling panas/ lir nalika sira krungu/ salin kinanthi kang têmbang//

~ PUPUH XI ~
K I N A N T H I

  1. Lir nalika sira ngrungu/ parangmuka nêkani/ ngrabasa Cintakapura/ kongsi kèngsêr wakira aji/ sêpira sumuking driya/ sêsêg napas tumpang tindhih//
  2. Sêpira kèhe kang mungsuh/ pama gunging jalanidhi/ ardhaning alun lumembak/ tan wêgah sira ngêbyuri/ layak sun tan maidoa/ trêsnane duwe sudarmi//
  3. Bantêr kawanèning kalbu/ tan nawa panasing gêni/ ing kawanèn lir sadaya/ daya alirua kêris/ têkèng don tan tuk landhêsan/ sêpira cuwaning ati//
  4. Bedaning warta lan wujud/ kanyataane bingungi/ prayoga winaspadakna/ kang kadya sira kawruhi/ yèn wis manjing ing panyipta/ ing dêduga wus kapusthi//
  5. Pinandêng ingkang kapanduk/ lêlakon ingkang kadyèki/ anèng elok mokal-mokal/ dudu panggawè-[71]ning janmi/ tan kêna yèn ginuyua/ mung kari narimèng takdir//
  6. Mangka kabèh wus kinawruh/ iku panyiraming gêni/ atising tyas kapindhonya/ tan angêt yèn dènkêmuli/ tuwin srana binadhiyang/ atis wong suwunging pikir//
  7. Dudu atising kang banyu/ miwah bawaning bun angin/ ati sabarang gyuhing tyas/ sêdhih ngênês-nêsi ati/ kêkêmule ora liwat/ mung sukur narimèng widhi//
  8. Lir sirnaning wong tuwamu/ karone mring badan atis/ anjaba sokur maring Hyang/ kudu pinurih patitis/ pinêsu pinuja-puja/ winawang dimèn kaèksi//
  9. Dene kulup praptaningsun/ nèng pura Cintakapuri/ ngalingi praja Ngamarta/ nanggulang mungsuh kang prapti/ sihku mring wong tuwanira/ sun labuhi lara pati//
  10. Marma nggèr karo wong bagus/ ing sungkêmira mring mami/ aja nganggo sêmang-sêmang/ dupèh lagi-lagi panggih/ dèntimbang lan trisnaningwang/ sun iki ora lêlamis//
  11. Cinarita pitung dalu/ rahadèn dènnya sumiwi/ marang Bambang Partadewa/ winulang winêling-wêling/ winulang jaya kadibyan/ kasampunaning dumadi//
  12. Saklangkung sihnya sang wiku/ mring radyan putra kêkalih/ tuwin rêtna waranggana/ tan mantra putra mêmanggih/ lan salamine ing pura/ busana mangka pisalin//
  13. Tan kirang malah atumpuk/ boja-bojana mênuhi/ woh-wohan mawarnawarna/ kèh cè-[72]thi kang nglêladèni/ gandanya marbuk rum ngambar/ nom- anom angrêspatèni//
  14. Lêlangên kêbon supênuh/ patirtan rinêksèng janmi/ pinilih kapara tuwa/ sipate abrêsih-brêsih/ panganggo pindha jêjanggan/ kêkêthu daluwang putih//
  15. Nyangkêlit kudhi ing ngayun/ kêkalung têsbèh kêrandhing/ asalendhang wastra seta/ piranti yèn angrêsiki/ bokor talam numpang kênap/ loro wong kang anjagani//
  16. Yèn sang rêtnarsa angundhuh/ woh-wohan kêmbang di-adi/ jêjanggan mènèk kang wrêksa/ anane mung sabên enjing/ yèn siyang wohe tan ana/ mulih maring suranadi//
  17. Gêlak kêmbang pênthilipun/ yèn esuk barêng sumiwi/ pating garendhol anèng pang/ rêbut êndhèk kang dèngoni/ woh kang kari tan tuk papan/ uyêl nèng tambining kang wit//
  18. Balumbang kasatan ranu/ kêkuwung kang angangsoni/ sabên sore ngangsu marang/ têlaganing suranadi/ mina manculat ing wiyat/ kataman ujwalèng rawi//
  19. Gêbyar-gêbyar ting palancur/ kadya andaru sisiking/ mina kang bang buntut seta/ tuwin wungu buntut wilis/ sirah ijo amardapa/ warna-warna mina prapti//
  20. Paksi raja wulu wungu/ gombak abang kuning wilis/ buntute sadhêpa ngayang/ ting parêlok lirik-lirik/ padha ngigêl ing plataran/ kadya tayaning sarimpi//
  21. Paksi dewata ing pungkur/ lan paksi kitiran putih/ pamanggunge kawlas arsa/ rênyah arum ngraras ati/ kalamun suru-[73]ping arka/ mulih maring Suranadi//
  22. Hyang Arka lalu sumurub/ ginantyan purnamasidhi/ pradangga munya ing tawang/ tan lyan gêndhing kaduk manis/ apês balêbês laela/ akarya ngrês tyas ngrêrujit//
  23. Ya ta wuwusên Bimanyu/ wungu sungkawaning galih/ tan lyan ketang mung ibunya/ tan rêna myat kang wêrna di/ anggung dènnya rawat waspa/ nanging nglêlimpe sang dewi//
  24. Angandika Sang Bimanyu/ marang Lurah Saronsari/ kaya kapriye Wa Sêmar/ rasaning atiku iki/ uyang kutu ambêlayang/ ing satêmah poyangpaying//
  25. Saya katon rama ibu/ ora kêna sun sabili/ umatur Ki Badranaya/ mring radèn putra Jahnawi/ kadi pundi karsa dika/ kawula dika jatèni//
  26. Angandika sang abagus/ sun iki arsa ngulati/ ing sirnane ibu rama/ tyas ingsun saya ngranuhi/ umatur Ki Lurah Sêmar/ dhuh babo momongan mami//
  27. Bok inggih andika anut/ rama dika muruk bêcik/ tan mèmpêr kapanggih rina/ rêsêpe angambil siwi/ wêwulange têng sampeyan/ lan wêcane amranani//
  28. Bimanyu adrêng ing kayun/ tan ngandika gya lumaris/ arsa nilapkên kang raka/ wong agung ing Pringgadani/ kang lagya tumamèng pura/ sumiwa mring sang awasi//
  29. Lan nalikanira wau/ nêlas wulange sang rêksi/ mring rahadèn kalih pisan/ Partadewa manjing puri/ sêmune kadi wus mawang/ mring tyasing sang Partasiwi//
  30. Sadangunira winuruk/ tinuduh purwa mungkasi/ Partadewa anggrahita/ mring batinira Sang Partasiwi/ jinarag datan ingajak/ kondure mring dalêm puri//
  31. Mung Bimasuta tut pungkur/ ciptanira sang a-[74]wasi/ supadi away cawêngah/ ing karsa bok mêmalangi/ ya ta Sang Partatênaya/ sigra dènira lumaris//
  32. Gancangan dènnya lumaku/ sumêlang bok dèntututi/ marma nyimpang tan nut marga/ glising carita wus ngancik/ jajahan karang padesan/ lumur jurang sungil-sungil//
  33. Kunêng Rahadèn Bimanyu/ kang anggung amurang margi/ kawuwusa Partadewa/ lan garwa twin Bimasiwi/ nèng pura anggung mêmulang/ mring satriya Pringgadani//
  34. Gathutkaca lon umatur/ mring sang rama sang pindha rêksi/ wuwuse kadya ngrêrêpa/ dhuh jêng rama sang maharsi/ kawula anyuwun lilah/ têtinjo mring Pringgodani//
  35. Kawula tan kongsi pangguh/ sowan kawula mariki/ jêng ibu kang kantun praja/ angiras atur udani/ rawuh paduka nèng praja/ mitulungi ing kaswasih//
  36. Awit sirnaning jêng ibu/ kawula gung anjagèni/ mringsun adhi Plangkarêtna/ kang anggung anganyut pati/ Partadewa lon sabdanya/ kulup sira sun lilani//
  37. Ananging ta wêkasingsun/ mung sira gêlisa bali/ wruha ênggonku rumêksa/ karatone yayi aji/ taha yèn sun sumêlanga/ mungsuha wong sèwu nagari//
  38. Tuwin kulup wruhanamu/ ana pêpeka gung prapti/ dutane Si Duryudana/ wakira Ngawangga puri/ tuwin Dhahyang Kumbayana/ karêpe ngayon-ayoni//
  39. Karêpe berat maringsun/ jêlirkên kadibyan sêkti/ iku kulup kawruhana/ sira ngiras sun bakali/ lan maninge ulihira/ mawanga arinirèki//
  40. Wruhanira Si Bimanyu/ wulangune angranuhi/ tan marêm pitutur ingwang/ malah saya angatoni/ kangêne mring bapa biyung/ nanging têmbe mêrangguli//
  41. Katêmpuhing bêbaya gung/ si-[75]ra wajib mitulungi/ girang ing tyas Bimaputra/ lumèngsèr sagêd ngabêkti/ mring uwa Sang Partadewa/ sapraptanira ing jawi//
  42. Mêsat jumantara mamprung/ lir paksi kardèng wiyati/ kang antara wus amawang/ kutha gung ing Pringgadani/ gantya kinanthining têmbang/ sêkar pucung angênggoni//

~ PUPUH XII ~
P  U  C  U  N  G

  1. Kawuwusa  sêkar pucung kang sinawung/ prajaning yaksendra/ kutharga ing Pringgadani/ kang ngratoni ing ngarsa Prabu Arimba//
  2. Sang aprabu ayoga kang priya catur/ wanodya sajuga/ wasta kusuma Arimbi/ kang panênggak wasta Arya Prabakesa//
  3. Pamadyane Arya Brajadhênta diyu/ kyat ing rat Sang Arya/ Braja Mikalpa sumendhi/ warujune Brajamusthi prawirèng prang//
  4. Ing patine yaksendra Arimba ngênu/ ngalabuhi wirang/ putrèstri ingkang nyalingkrik/ myang panênggak Pandhawa Dyan Bayusuta//
  5. Pinarjayèng pancanaka witing lampus/ yaksendra Tênaya/ nungkul samya angabêkti7)/ asrah praja saisining Argapura//
  6. Ing antara sang rêtna ayoga jalu/ warnanya tan siwah/ lan wong agung Jodhipati/ mung kaote sêsiyung pindha rasêksa//
  7. Ajêjuluk Arya Têtuka sang sunu/ iya Gathotkaca/ ya Sang AryaBimasiwi/ ya Kusuma Kapita Lumajang Têngah//
  8. Sawusira diwasa Sang Bimasunu/ jumênêng narendra/ ing Nagara Pringgadani/ nanging lulut mring kang paman Madukara//
  9. Jêr satriya Madukara krêp manêkung/ Radèn Gathutkaca/ arêmên marang sêmadi/ lan tinaman ing [76] wijaya kawidagdan//
  10. Cinêkak kang caritane Bimasunu/ wus niyup manglayang/ anjog lunggyèng pancaniti/ sigra laju sang prabu umanjing pura//
  11. Bab jumênêng Arimbi mêthuk mring sunu/ rinangkul kang putra/ mèsêm-mèsêm dènira ngling/ ayo kulup kene gèr padha linggihan//
  12. Gupuh-gupuh praptaning satriya catur/ wil narendra putra/ kangên mring Sang Bimasiwi/ nora mantra kalamun putra pulunan//
  13. Ya ta wau sang rêtna ngandikan sunu/ dhuh gèr kaya paran/ têka lalu gonsun nganti/ kaya paran ing murcane ibunira//
  14. Prabu Anom umatur sarwi rawat luh/ duk marang Ngamarta/ arsa labuhing ajurit/ amiwiti kongsi prapta ing wêkasan//
  15. Duk angrungu Arimbi panon sumaput/ aniba kantaka/ pawongan gumuruh anjrit/Gathutkaca gupuh nungkêmi sang sêtna//
  16. Ari catur gêro-gêro dènnya muwun/ ya ta sanglir rêtna/ wus èngêt napase aring/ lênggah rangkul mring putra asru karuna//
  17. Dhuh bêndara sira nggèr woding tyas ingsun/ katuwone sira/ tan sinayan ing sudarmi/ têka dhahat tan dêrman tinunggu bapa//
  18. Laha dene têmên bapakne si kulup/ paran dosaningwang/ têka muwara ngêmasi/ ora rêna dewa kari raganingwang//
  19. Dhuh Sang Pandhuputra paran dosaningsun/ aninggal pralina/ têka nora amêmêling/ ngenak-enak mukti nèng Ngendrabawana//
  20. Ya ta wau Prabu Anom Bimasunu/ ing tyas dènirarsa/ nglêlipur marang sang dèwi/ da-[77]dya alon umatur sarwi ngrêrêpa//
  21. Dhuh jêng sakecaning manah ulun/ sirnane jêng uwa/ botên sarana ing jurit/ isèn-isèn sirna naming kantun wadhah//
  22. Kawula lan pun adhi malbèng kadhatun/ myat Sang Partadewa/ ibu mungkirang sakêdhik/ kula rangkul dènwarni jiblês jêng paman//
  23. Solah bawa lêlewa pasêmon ngumpul/ panabda tan siwah/ lan pamaningkang lagya nis/ wêwulange kathah kaworan pamêca//
  24. Twin rêsêbe tan mantra dawêg kapangguh/ miwah ingkang garwa/ tumarêcêp datan kalih/ tênagane lir bibi Cêmpalarêja//
  25. Pamêcane raka paduka wa prabu/ timbul sêsarêngan/ lan jêng rama twin pra ari/ miwah ari paduka ing Madukara//
  26. Dene raka paduka jêng uwa prabu/ Sri Bathara Krêsna/ ibu Sumbadraupami/ panyoroging kunci nugrahaning dewa//
  27. Benjing timbul Pandhawantuk nugraha gung/ ibu mung punika/ sabdaangasrêp-asrêpi/ duk samana Kusuma Arimbatmaja//
  28. Berating tyas sungkawa marêm maruntul/ alon pangandika/ mring putra sang ayu siwi/ kaya piye mêngko kulup karêpira//
  29. Lon umatur Gathutkaca mring kang ibu/ Rêsi Partadewa/ wanti-wanti amêmêling/ kula kinèn jampangi putra paduka//
  30. Pun Bimanyu tanpa pamit kesahipun/ nanging uwa Parta/ dewanggung ngayêm-ayêmi/ pan makatên timbalane mring kawula//
  31. Sira aja dadi ing tyasi-[78]ra kulup/ lungane rinira/ Bimanyu tan bêbayani/ malah têmbe mulih gawa prawan sabrang//
  32. Para paman miyarsa pra samya jêtung/ Arya Prabakesa/ miwah ingkang para ari/ pamêcane Sang Maharêsi Partadewa//
  33. Dadya matur mring putra Sang Bimasunu/ anggèr ingkang nama/ Partadewa nyumêlangi/ ing wicara lêrês dora akaryeram//
  34. Bimasunu anauri wacana rum/ eloking paningal/ sakalangkung angebati/ mangka Praja Ngamarta isining gêmpang//
  35. Tan ngemungkên janma isèn wisma suwung/ tanpa woh kang wrêksa/ sinabda wohe ngêmohi/ ting tarèmplèk matêng-matêng dhêdhongkolan//
  36. Rintên dalu pawongan atab warna yu/ busana sarwendah/ tur dede pawongan lami/ punika kang ngladosi lamun adhahar//
  37. Pangratênging bojana rasa rum-arum/ ing pundi gyan molah/ kula paman tan mrangguli/ Prabakesa sumaur lo gih punika//
  38. Rak sangsaya mêdal tan kenging winuwus/ mung kandêling manah/kadosa jêng sribupati/ sinaryan mring jawata linuhuring lyan//
  39. Kasangsaya adamêl kandêling kalbu/ Bambang Partadewa/ tan umuk ngungalkên dhiri/ ujêr sampun wontên pratandhaning nyata//
  40. Ya ta wau tyasira sang kusumayu/ mèh tan kalêbêtan/ myarsa turing Bimasiwi/ alon nabda mring putra prabu taruna//
  41. Hèh ki prabu mêngko wis padhang [79] tyasingsun/ dènage nusula/ lungane Si Partasiwi/ ngêlakoni tuduhe Sang Partadewa//
  42. Pira-pira wong tuwanira padhantuk/ sihing kang jawata/ pratandhane apêparing/ pangrêksaning praja ing Cintakapura//
  43. Wusnya muwus sang rêtna dyan narpa matur/ mring ibu sang rêtna/kawula anuwun pamit/ anglampahi pitêdahing Partadewa//
  44. Wus matur Gathutkaca mijil sampun/ praptèng palataran/ sigra dêdêl ing wiyati/ tanpa kanthi lir grudha ing ngantariksa//
  45. Kêtap-kêtap ing gêgana nyamut-nyamut/ tutuking garudha/ kataman lakune angin/ sru mangangkang lir sêndhari kapawanan//
  46. Rêtnaning kang munggèng jêjamang pinagut/ ujwalaning surya/ murubmuncar anêlahi/ kadya lintang lingga sèwu bêbarêngan//
  47. Enêngêna Prabu Anom Bimasunu/ wuwusên sang rêtna/ sapungkure Bimasiwi/ ginagagas lêlakoning Partadewa//
  48. Lawan ari catur malah praptèng dalu/ duk gagat rahina/ para ari samya mulih/ agumanti têmbange sinom logandhang//

     

    Wonten Candhakipun Pupuh  XIII – XXVI

SULUK PANDUKING DUDUNUNGAN


Anggitanipun abdi-dalem Raden Tumenggung Sastranagara.

sekar Dhangdhang-gendhis : 12 pada.

~ DHANDHANGGULA ~    

  1. Poma sira ngawruhana sami, aja pangling jebeng susurupan, den awas sira tataken, ewuh ing takon dunung, lamun nora kalawan wisik, lir kinjeng tanpa soca, saparane nglangut, poma jebeng angungseda, atakona ingkang wus angaji pati, ing reh kang nora samar.
  2. Poma-poma anak putu mami, aja tungkul dunya lan kapenak, dene tan ana  wekase, tan ana wadinipun, lara pati sira lakoni, tan lana ananira, nora wande mantuk, nora jenak neng dunungan, jroning dunya den padha sira prihatin, aja sah paguneman.
  3. Paguneman lan mitranireki, sira jebeng yen nora tatanya, ningalana sastra bae, sastra minongka wuruk, aja kandheg sira akhasil, upayanen den-angsal, aja sira tungkul, aja wedi beya wragad, yen tan duwe ngadhapa saosa kardi, asraha jiwa raga.
  4. Supaya jebeng antuka wisik, yen tan nemen mongsa den-wejanga, den-sareh amet galihe, ewuh wong takon dunung, marga rusit repit aremit, pirantine wus teka, jebeng aja tungkul, poma-poma den-waspada, raganira lir lungan sipeng ing margi, pasthi tan wande pulang.
  5. Den-aeling jebeng ing ngaurip, aja sira laku dora-cara, dadi panengeran ngakeh, tan kandel golek ngilmu, nora kaya wong temen kaki, nastiti akeh welas, lan kandel ing guru, pan kolur pamulangira, satibane wong temen akeh wlas-asih, lan kinasihan ing Hyang.
  6. Ya iku wong kang temen nastiti, angguguru ingkang wus apana, dadya wruh panjing surupe, kyeh lire angguguru, kang saweneh ateki-teki, mring pandhita-pandhita, tan ana potipun, atakon ngilmu kang nyata, ewuh temen eh jebeng raga puniki, atakon ing dunungan.
  7. Aja lali ing namanireki, aja dumeh sira wruh ing sastra, aja tungkul sastra bae, yen durung ngolih tuduh, guguruwa mupung ngaurip, kang anom lan kang tuwa, tan lana neng dunung, tan wande tekeng ngakerat, raga iki nora wurung pulang siti, jebeng paekanana.
  8. Kang wangsit jebeng sengga wong ngimpi, tansah rupane dhewe den-kawangwang, pralambining turu dene, sajroning turu iku, angrasani nikmating urip, saniskara katingal, sajroning aturu, nora beda pejah gesang, kang wus awas dening wruh raga pribadi, iku wekas ing sukma.
  9. Pan wong iku jebeng wus pinasthi, yen wong lara pangantepe teka, belis lanat katon kabeh, ana kang rupa guru, ana rupa ibu lan nini, ana rupa wong sanak, ana rupa dulur, ana ngajak kekesahan, lah den-tetep imanira aja gingsir, iku tingal sakarat.
  10. Poma jebeng sira yen asakit, ujar iku sira aja lena, weneh andulu ngilmune, akeh liring kadulu, yen kapencut aniniwasi, dadi mring panasaran, kang ngagama dudu, yen tingale kang wus nyata, jroning pati datan amanggih-pinanggih, wus katingal sampurna.
  11. Poma jebeng yen prapteng sayekti, aja pegat ing pangrakitira, tegese iku elinge, dipun-eling ing tuduh, ngurebana ujar kang yekti, kawruhana den-awas, ing sakarat iku, nora kena ginagampang, den-amadhep gagamanira den-becik, aja kongsi kasoran.
  12. Yen kasora jebeng tibeng sisip, pan kasasar jro sakarat pama, pacampuh ing ngaprang gedhe, mungsuhira pra ratu, wadyanya keh tur sekti-sekti, sira ijen kewala, tan wande kapikut, nanging jebeng ana uga, wong sawiji ngasorken mungsuh sakethi, mawendra wurda sirna.
  13. Tanah Ngarab Jeng Bagendha Ngali, yen mengsah prang pan ijen kewala, amung lawan titihane, lan pedhangira ampuh, marma jebeng ing wong ngaurip, ngupayaa gagaman, ingkang lewih ampuh, liring gagaman kamuksan, yen wus nyekel sirna mamalaning pati, mulya jati wisesa.

SERAT SRI UTAMA


~ PUPUH I ~
DHANDHANGGULA

1. Arungsit sru déramba mrih manis, lwirnya angèl gyan ulun ngupaya, ing têmbung tinêmbungaké, binangkitkên andudud, lêngênging tyas kanang sudyapti, wardinya sukèng driya, kang sudi ing kayun, kayun karsa jarwanira, miyarsakkên sumawana ngudanèni, marang ing srat punika.

Begitu sulit bagi saya menjadikannya indah, ibarat sulit tetap saya upayakan, di setiap kata-katanya agar menarik, Penyejuk jiwa yang baik, maksudnya menyenangkan hati, bagi yang sudi berkeinginan, berkeinginan untuk memahami, mendengar serta mengamati,  terhadap serat ini.

2. Pêpèngêtan nalikanya nguni, ulun ngabèhi Atmasukadga, mundhi dhawuh sangandhapé, padéndra kang Sinuhun, Kangjeng Susuhunan utawi, kang tyasnya jawi iman, mashurkên yèn tuhu, nata pakuning buwana, myang sayidin panata gama mêngkoni, Kadhatyan Surakarta.

Peringatan dahulu kala ketika, saya Ngabehi Atmasukadga, mendapat tugas dari, Sang Raja yaitu Sinuhun, Kangjeng Susuhunan atau, yang dipercaya di tanah Jawa. Termasyur benar, sebagai pedoman di dunia, serta pemimpin agama yang memimpin, Keraton Surakarta.

3. Hadiningrat darwanirat jawi, ulun kinèn ngirita supadya, Radyan Tumênggung parabé, Arung-|binang Sri Wadu, dé Sri Wadu wau winardi, wadya dalêm naréndra, pamajêgan dhusun, ing gêgatan umawrina, têgêsipun umawrina wruha maring, krêtêg Bacêm Ngutêr myang.

Hadiningrat yang memimpin tanah Jawa. Saya diperintah untuk mengiring, Raden Tumenggung yang bernama, Arungbinang Sri Wadu, sedang Sri Wadu tersebut dijelaskan,  seorang prajurit raja, seorang pamajegan dusun, yang pantas umawrina. Maksudnya umawrina supaya tahu, jembatan Bacem, Nguter,

4. Padhasgêmpal Samaulun nami, saha ulun nalika dinuta, mrih kyai lurah uningèng, krêtêg sakawan wau, lawan dipunparingi kanthi, ngabèhi Taliwanda, myang dhawuh Sang Prabu, tiyang tiga ulun lawan, kanthi kula wau Taliwanda tuwin, Dyan Mênggung Arungbinang.

Padhasgempal dan Samaulun. Dan ketika saya mengiring, kyai lurah untuk mengamati, keempat jembatan tersebut, dengan diberi teman, Ngabehi Taliwanda. Untuk melaksanakan tugas dari Sang Raja, tiga orang dengan saya, teman saya Taliwanda serta, Raden Tumenggung Arungbinang.

5. Sami ingandikakkên sarimbit, lan swaminya sarta kapatêdhan, swaniti motor sartané, dhawuh dalêm Sang Prabu, angkatira saking ing panti, nêtêpana wanci jam, énjang pukul pitu, ya ta badhamyan winarna, angkatira ingangkah marêngi ari, Ngad Wagé nuju tanggal.

Semua diceritakan berpasangan,  dengan istrinya serta diberikan, kendaraan motor. Peritah sang raja, keberangkatan saya dari rumah, tepat pada pukul tujuh pagi yakni penuh perdamaian. Diceritakan keberangkatan saya yakni pada hari Minggu Wage tanggal,

6. Kaping astha wêlas Pébruwari, taun sapta juga rong prawira, déné lèk jawi tanggalé, ping kawanlikur nuju, Rabyalakir warsa marêngi, puniku winastanan, Dal angkaning taun, wiku suci murtining rat, Ijrah Nabi tata guna gunèng aji, Kunthara windunira.

Delapan belas Pebruari tahun 1917. Sedangkan kalau tahun Jawa tanggal dua puluh empat Rabiulakhir tahun yang dinamakan tahun Jimawal 1847. 1335 H. Windunya windu Kunthara.

7. Duk ing Saptu dalu ngrintênkên ri, wau Ngahad kang samyarsa mangkat, kacarita nalikané, déra samya galugur, guling layap byur-byuran nglilir, dadya mèh tantuk nêndra, dupi wancinipun, pukul tiga tangi samya, adus wusnya palêstha dènira mandhi, asamya wiwit dandan.

Ketika Sabtu malam menjelang hari Minggu, mereka yang hendak berangkat diceritakan pada waktu itu semua berbaring, tidur berserakan lantas terjaga  sampai hampir tidur lagi. Begitu waktu menunjukkan pukul tiga pagi kesemuanya bangun, mandi, seusai mereka mandi semua mulai berdandan.

8. Jroning dandan amyarsakkên maring, ting cruwi-|tnya swaraning kukila, kang nèng taron pomahané, cingcinggoling lan manuk, thilang glathik êmprit lan pêking, angocèh swaranira, wèh rênèng pangrungu, mimbuhi sênênging driya, dènnya samya ginanjar jêng Sri Bupati, arsa winyatkên arga.

Selama berdandan terdengarlah kicauan suara burung yang ada di pekarangan rumahnya. Burung cingcinggoling dan burung kutilang, gelatik, pipit dan peking. Berkicaulah suaranya Begitu merdu saat didengar. Menambah senangnya hatiMereka yang menerima tugas dari sang raja untuk pergi ke gunung.

9. Sadaya wus rampung dènnya sami, amanganggya purwa prabangkara, purwa prabangkara lwiré, ing wétan cahyanipun, Sang Hyang Surya sampun nyoroti, nyilakkên rêpêting rat, sirna dadya santun, panjingglanging satngah sapta, wau ingkang samyarsa kula ampiri, wus sawégèng pandhapa.

Semuanya telah selesai, didapatilah purwa prabangkara, purwa prabangkara maksudnya di timur cahayanya matahari sudah menyinari, menerangi gelapnya dunia hingga menjadikannya terang. Terangnya menunjukkan setengah tujuh, Mereka yang hendak saya jemput sudah siap di pendapa.

10. Déné ulun kang ngripta bêbisik, Atmasukadga ugi mangkana, satngah sapta ing wanciné, sampun sawéga lungguh,nèng pantyasa ngarsa ngantyani, wau motor| wahana, paring jêng Sang Prabu , dupi wanci jam kasapta, kirang dasa mênut abdi dalêm supir, Bêkêl Wignya saksana.

Sedangkan saya yang mengarang bernama Atmasukadga yang juga demikian, pada pukul setengah tujuh sudah siap duduk di depan saya menunggui di kendaraan motor pemberian sang raja. Sampai pada pukul tujuh kurang sepuluh menit abdi dalem sopir Bekel Wignya segera,

11. Nyudhiyakkên rikanang swaniti, motor munggèng salor wiwaramba, srog prapta taman talompé, ulun umangkat laju, anumpaki wau swaniti, sarimbitan swamimba, wusnya tata lungguh, masin pinutêr lumaksa, swaranira sès-sès uwab wimba wèh wrin, mring janma kang tumingal.

Menyiapkan kendaraan tersebut. Motor berada di utara pintu rumah saya, tak lama kemudian saya melaju menaiki kendaraan tersebut bersama dengan istri saya. Seusai menata duduk, mesin dinyalakan lalu berjalan. Suara ses-sesnya seakan memberi peringatan kepada orang-orang yang melintas.

12. Gya lumaksa sêr myang dyan ngampiri, mring kang parlu katuju karséndra, mrih myat krêtêg catur kèhé, nênggih ki lurah wau, Arungbinang ingkang bêbisik, lajêng kéwala mangkat, lan wau tan kantun, Taliwanda sarimbitan, nulya samya alungguh munggwèng swa-|niti, wusnya satata sila.

Segera melaju menuju yang hendak saya jemput, menuju yang hendak dituju sesuai kehendak raja, untuk mengamati jembatan yang berjumlah empat. Yaitu tersebut ki lurah yang bernama Arungbinang. Langsung saja berangkat, dan tidak ketinggalan pula Taliwanda beserta istri. Kemudian kesemuanya duduk di kendaraan. Seusai menata duduk,

13. masin motor gya pinutêr nuli, swara sès-sès ngêsês kukusira, anyêmprot kaworan ing wé, nulya manglêr lumaku, karindhikkên nanging upami, katututan turangga, wus manyok kang sêngkut, parèstri kang nut manumpak, tinuduhkên kang dèrèng dipunwêruhi, suka tan èngêt wuntat.

Kemudian mesin motor segera dinyalakan, suara ses-ses mendesis, uapnya menyembur bercampur air. Kemudian berjalan lambat, diperlambat namun dengan kira-kira. Disalip oleh kuda. Sudah jauh tersebut yang menyalip. Para perempuan yang ikut naik diberitahu yang belum diketahui. Begitu senang hingga tidak ingat yang sudah terlewati.

~ PUPUH II ~
P A N G K U R

1. Dupi prapta tanggul nulya, winêruhkên krêtêg Tanggul yaiki, dupi jlêg sampun kalangkung, krêtêging Kaliwingka, sawatara rinikatkên lampahipun, sumiyut ing Grogol prapta, lampahira rindhik malih.

Ketika tiba tanggul kemudian diberitahukan jembatan Tanggul ini. Begitu tiba sudah terlewati jembatan Kaliwingka. Sementara lajunya dikencangkan. Kemudian tiba di Grogol, lajunya diperlambat kembali.

2. Awit Grogol wau pasar, lêng-ulêngan janma anêngah margi, krana ing pranatanipun, mring supir ingkang samya, anglampah-|kên motor kalamun pakéwuh,  marga ingkang dipunambah, karindhikkên myang akanthi.

Oleh karena Grogol tersebut pasar yang ramai dengan orang-orang hingga ke tengah jalan. Karena sudah menjadi peraturan kepada semua sopir yang menjalankan motor untuk segan-segan. Mengingat area yang dilaluiteman saya menyuruh saya untuk mengurangi kecepatan.

3. Sagung duga dugèng driya, pinasang ing pikir ywa nganti lali, sagung pakéwuh wus putus, iku supir utama, kacarita lampahing motor wus tutug, ing krêtêg Bacêm kaambah, karindhikkên dènnya laksi.

Banyak perkiraan dalam hati. Terpasang dalam pikiran jangan sampai lalai. Rasa segan sudah berlalu, demikian tersebut sopir utama. Diceritakan laju motor sudah sampai di jembatan Bacem. Diperlambat jalannya,

4. Mrih samya trang pakartinya, rosa saé tan wontên nguciwani, kyahi lurah dyan tumênggung, nabda marang kang aran, Taliwanda pinrih nindakkên pangukur, winangsulan yogyanira, mangké kémawon manawi.

Supaya semua dapat jelas. Kuat dan bagus tidak ada yang mengecewakan. Kyai lurah raden tumenggung berkata kepada yang bernama Taliwanda untuk melaksanakan pengukuran. Dijawablah “sebaiknya nanti saja jika,

5. Sampun wangsul lampahira, saking krêtêg Padhasgêmpal rumiyin, gya Samaulun ingukur, ing panjang wiyarira, lajêng Ngutêr sumawana Bacêm rampung, kyai| lurah waluyannya, ya bênêr iku prayogi.

Sudah pulang dari perjalanan.  Dimulai dari jembatan Padhasgempal, kemudian Samaulun diukur panjang lebarnya, lalu Nguter serta Bacem selesai. ”Jawabnya kyai lurah“ iya benar itu bagus,

6. Lamun wus bali kéwala, motor nulya linampahkên kinardi, sawatawis rikatipun, larisnya dyan wus prapta, pos wétannya Kaliwonan kang sinêbut, kabupatèn Sukaharja, nanging dènira lumaris.

Jika sudah kembali saja.” Motor kemudian dijalankan. Hanya sebentar melaju perjalanan sudah sampai pos timur Kaliwonan yang disebut kabupaten Sukaharja tetapi lajunya

7. Wau motor malah mandar, trusnya ngidul wimbuh rikat sakêdhik, prapta krêtêg Ngutêr sampun, karindhikkên lampahnya, ugi mamrih têrang ing pakartinipun, arsitèg sanyata dibya, pakartinya dèra kardi.

Motor tersebut justru semakin keselatan ditambah kencang sedikit, tibalah di jembatan Nguter, lajunya diperlambat agar jelas dalam pikirannya. Arsitek benar-benar pandai berfikir di dalam bekerja.

8. Bagus santosanya kêmbar, lawan krêtêg Bacêm kang wus kawuri, namung kaot dirganipun, sinawang lan lumampah, panjang wiyar krêtêg Bacêm nanging lamun, sampun dènukur kintênnya, botên kaot sapara tri.

Bagus dan kuatnya sama dengan jembatan Bacem yang telah dilewati, hanya selisih panjang kelihatannya dan sepintas lebih panjang dan lebar jembatan Bacem tetapi begitu sudah diukur kiranya tidak sampai selisih sepertiganya.

9. Kula kang ngripta pèngêtan, têmbung anak sarta kêris kinawi, nun Atmasukadga ulun, kang nyupir saking praja, nalikanya motor rindhik lampahipun, ki lurah bêbisik nabda, kulup gonku arang angling.

Saya yang mengarang peringatan, merangkai kata dan membuat keris, yaitu saya Atmasukadga yang menyetir dari kerajaan. Ketika motor lambat lajunya kyai lurah berkata berbisik “nak, penyebabku jarang berkata,

10. Marang sira déning sabab, têmbung dhaup gêntha dara jinarwi, panêmu myang panyawangku, wong nyupir iku kêna, dènèmpêrkên lan janma nurat nuju, tan kêna dènjak rasanan, awit kadya sira iki.

Kepadamu oleh karena kata digabung diganti serta diubah menurut pendapatku orang menyetir itu dapatdiibaratkan seperti orang yang sedang menulis, tidak boleh diajak berbincang-bincang seperti halnya kamu ini.

11. Gonmu nyupir ati tangan, sarta pada tansah anambut kardi, kula anulya umangsul, dhumatêng kyai lurah, tan kénging krêp imbal wuwus mandar angur, janma nyrat dènjak raosan , yèn salah namung dènkêrik.

Berhati-hatilah kamu dalam menyetir baik tangan serta kaki harus senantiasa bekerja sama.” Saya kemudian menjawab kepada kyai lurah “janganlah khawatir justru jika orang menulis diajak berbincang-bincang jika salah hanya tinggal dikerik saja.”

12. Ki lurah nulya maluya, iya bênêr kulu-|p gonmu mangsuli, ki lurah gya nabda manglung, cêlak mring karna amba, bisik-bisik makatên bêbisikipun, mêngko yèn lurungé padhang, motor dènira lumaris.

Kyai lurah kemudian menjawab “iya nak benar jawabmu”. Kyai lurah segera merunduk berkata dekat telinga saya berbisik-bisik demikian bisikannya “nanti jika jalannya sepi laju motor,

13. Sêngkakna lumarisira, mamrih para swami iku udani, rasané motor sru mamprung, kang binasakkên kêna, janma lémpoh jajah jaban jagad kêmput, nir pralambang kang tumimbang, rikatira kadya kuwi.

Percepatlah jalannya, agar para istri merasakan rasanya motor yang begitu kencang yang dapat diibaratkan orang lumpuh berpetualang menjelajah dunia bukan itu perumpamaan yang menyamai, kencangnya seperti itu”.

14. Nun prayogi waluyamba, dupi sampun wontên wradinan rêsik, têgêsnya samun tumlawung, janma kéwan tan ana, gumalibêsing margi dinulu suwung, ing ulun rikatkên nulya, plas ngêsuk swasana nami.

“Baiklah.” Jawab saya. Begitu sudah berada di jalan sepi maksudnya sunyi sepi manusia dan hewan tidak ada yang melintas, jalan terlihat sepi kemudian saya kencangkan hingga memecahkan suasana,

15. Dadya lir angin prahara, manjing jroning motor angosak-a-|sik, rambuting pra swami wau, tansah ngêlus késwanya, priyanira pitakon priyé rambutmu, pra wanita waluyanya, dahat dènnya mosak-masik.

Seperti angin prahara masuk ke dalam motor mengobrak-abrik rambut para istri tersebut. Dengan mengelus kumisnya, suaminya bertanya, “bagaimana rambutmu?” jawabnya para wanita “semua begitu berantakan.”

16. Ki lurah dyan mênggung nabda, mring swamèngwang makatên dènira ling, Dyan Ngantèn Kadga sira dhuk, coba-coba gawéa, pralambangé motor dènira lumaku, swamèngwang aris maluya, makatên dènira angling.

Kyai lurah raden tumenggung berkata kepada istri saya, demikian perkataannya “kamu nak, Raden Nganten Kadga coba buatlah perumpamaan mengenai laju motor!” istri saya menjawab dengan pelan, demikian jawabnya,

17. Kula sampun krêp késahan, mring Bandhung myang Surapringga Batawi, dhawuh sorpada Sang ulun, Gusti Pêpundhèn amba, Kangjêng Ingkang Sinuhun kang sih mring wadu, numpak ègprès rikatira, dèrèng sami lan puniki.

”Saya sudah sering bepergian ke Bandung Surapringga Batawi dibawah perintah raja saya Kangjeng Sinuhun yang sayang prajurit naik ekspres kencangnya belum sama dengan ini.

18. Amila motor punika, lumaksanya kawula angaturi, pralambang lambanging ngèlmu, janma cébol anglunjak, tranggana nèng lokamantala kajumput, rêbatan lan janma wuta, kalangan têbaning langit.

Maka motor ini saya katakan kencangnya ibarat perumpamaan ilmu manusia kerdil melompat kegirangan di luasnya jagad rayasaling berebut dan orang buta yang mengelilingi luasnya langit.”

19. Puwara jlêg sampun prapta, wontên krêtêg Padhasgêmpal lir ngimpi, andaradasih satuhu, Padhasgêmpal kaambah, sampun rindhik motor wau lampahipun, kula tur maning pralambang, rikatnya motor lumaris.

Begitu berhenti sudah sampai di jembatan Padhasgempal bagai mimpi. Begitu menakjubkan. Padhasgempal ditapaki. Sudah lambat laju motor tersebut, saya berkata kembali mengenai perumpamaan kencangnya laju motor,

20. Kadya kitab caritanya, duk jêng Nabi Panutup anitihi, paksi burak namanipun, katimbalan Pangéran, sabên mlumpat salumpatan têbihipun, lampahan gangsal tus warsa, ki lurah sukèng tyas angling.

Seperti kitab cerita nabi penutup ketika menaiki burung yang bernama burak dipanggil Tuhan, setiap satu kali melompat jauhnya seperti perjalanan lima ratus tahun. Kyai lurah senang hatinya kemudian berkata,

21. Dhatêng kula dènnya nabda, lé rasakna swaminta dèra kardi, pralambang mangkono mau, kula gumlêgês sarta, amangsuli dhumatêng ki lurah wau, inggih sanggya rêraosan, nèng jronya motor puniki.

Demikian perkataannya “nak rasakan hasil bekerjamuseperti perumpamaan yang demikian tadi.” Saya hanya tertawa serta menjawab kepada kyai lurah tersebut “iya.” Hingga terjadi perbincangan di dalam motor ini.

22. Mung kinarya mangrênèng tyas, dènnya sami angsal sih dèndhawuhi, karsa dalêm Sang Aprabu, kinèn samya bêsiyar, gêgirang tyas mring arga praptaning gunung, mung kadi janma supêna, amargi saking nagari.

Hanya berlandaskan rasa senang di hati, mereka yang menerima tugas dari sang raja, diperintah untuk melakukan perjalanan. Merasa senang dalam hati dari  gunung hingga gunung. Hanya seperti orang bermimpi, karena dari kerajaan

23. Pukul sapta ing umangkat, sampun prapta Padhasgêmpal banawi, kang dèn krêtêg warninipun, dipunambah punika, dados pintên jam danguning lampahipun, ki lurah lajêng maluya, mung juga satngah jam prapti.

Berangkat pada pukul tujuh dan sampailah di bengawan Padhasgempal yang wujudnya berupa jembatan yang ditapaki sekarang. Jadi berapa jam lamanya perjalanan. Kyai lurah lalu menjawab “hanya satu setengah jam sampai.”

24. Ing bangawan Padhasgêmpal, motor ngong dhêg Taliwanda lan supir, Dèn Bêkêl saksana mudhun, ngukur wau jêmbatan, rampungira ing pangukur lajêng wangsul, numpak motor malih nulya, pratéla panjang wiyaring.

Di bengawan Padhasgempal motor saya hentikan, Taliwanda dan sopir Raden Bekel segera turun mengukur jembatan tersebut. Begitu selesai mengukur lalu kembali menaiki motor, kemudian jelas sudah panjang lebar,

25. Wau krêtêg Padhasgêmpal, nanging ulun kang ngripta pratéla mring, sanggyanira kang mahayun, nungkara srat punika, ukur krêtêg-krêtêg ing sadayanipun, badhé kapratélèng wuntat, supadya trang tharik-tharik.

Jembatan Padhasgempal tersebut. Akan tetapi saya yang mengarang menjelaskan kepada yang berkehendak atas kesanggupan saya, yang menunggu serat ini, bahwa ukuran jembatan kesemuanya akan dijelaskan di belakang supaya dapat begitu jelas.

26. Yata mangkyamba carita, sampunira makatên motor nuli, kula lampahakên têrus, mangetan sabên ludhang, madyanira| ing ênu dinulu suwung, motor ngong lariskên rikat, sakêdhap kéwala prapti.

Tersebutlah nanti saya bercerita, sesudah demikian motor kemudian saya lajukan lurus ke timur, setiap senggang atau jika menurut saya terlihat sepi, motor saya lajukan kencang. Hanya sebentar saja sampai,

27. Ing Jati Bêdhug arannya, duk nèng ngriku motor dyan ngong abani, crag-crèg tyasnya motor wau, mangêrtos kèndêl nulya, Kyai Lurah Arungbinang yèku laju, pitanya marang sujanma, kéné iki lurung ngêndi.

Di Jati Bedhug. Ketika di situ motor saya atur crak-crek suara motor tersebut, lalu berhenti. Kemudian Kyai Lurah Arungbinang tersebut berjalan, bertanya kepada seseorang “di sini ini jalan apa?”

28. Kang tinanya aturira, tiyang ngriki anggènipun mastani, wradinan ing Jati Bêdhug, kya lurah gya pitanya, purwanira priyé déné para manus, ngarani mangkono samya, aturnya wau sujanmi.

Yang ditanya menjawab “orang-orang di sini menamainya jalan di Jati Bedhug. ”Kyai lurah segera bertanya ”awalnya bagaimana sedang orang-orang menamai demikian?” Jawab orang tadi

29. Criyosnya wong wréda- wréda, ing wanadri ngriki punika nguni, wontên wit jati gêngipun, sa-|bêdhug kang gêng dahat, kyai lurah anulya malih andangu, pogogé mau mandira, ingkang aran kayu jati.

“Cerita dari orang-orang tua di perbukitan ini dahulu kala ada pohon jati yang besarnya seukuran bedhug yang amat besar.” Kyai lurah kemudian bertanya kembali “pangkal pohon tersebut di mana, yang bernama kayu jati,

30. Saikiné iku apa, ijéh wujut kang tinanya mangsuli, sampun ical wujutipun, ambok bilih kéwala, wus kurugan saking siti lunturipun, ing rêdi déning kawruhan, samantên praptèng sapriki.

Sekarang itu apa masih ada?” Yang ditanya menjawab “sudah hilang wujudnya, mungkin saja sudah tertimbun oleh longsornya tanah, menjadi pengetahuan di gunung dari dahulu hingga saat ini.”

31. Kèndêl kya lurah takyannya, wontên ngriku motor ngong putêr bali, gya mring krêtêg Samaulun, sawusira tumêka, krêtêg wau motor kula dhêg myang ulun, manggènkên nèng pinggir marga, parluning tyas ngong supadi.

Selesainya kyai lurah bertanya, di situ motor saya putar balik menuju jembatan Samaulun. Sesudah sampai di jembatan tersebut motor saya hentikan, saya tempatkan di pinggir jalan maksud hati saya supaya.

32. Dyan Bèhi Taliwanda myang, Bêkêl Wignya saksana mudhun sami, angukur karêtêg wau, wusnya rampung anulya, wangsul maring rata motor minggah sampun, gya lapur pétang ukuran, mring ngong kasmaran kulingling.

Raden Ngabehi Taliwanda serta Bekel Wignya segera turun mengukur jembatan tersebut. Setelah selesai kemudian kembali naik ke kereta motor, segera melaporkan hitungan ukuran. Saya merasa kagum sekali,

~ PUPUH  III ~
ASMARADANA

1. Mila wangsul kula saking, krêtêg Samaulun nulya, lampahnya wahana motor, ngong ubang-ubêngkên marang, angambah marga-marga, margèng kutha kang sinêbut, Wanagiri larisira.

Maka kembali saya dari jembatan Samaulun kemudian lajunya kendaraan motor saya bawa berkeliling-keliling menelusuri jalan-jalanjalan di kota yang disebut Wanagiri. Kecepatan,

2. Ing motor ngong karya aris, Kyai Lurah Arungbinang , dyan tanya-tanya marang ngong, kula gya matur wontênnya, ing Loji Asistènan, myang kabupatèn sartèku, Pacinan myang pasar-pasar.

Motor saya kurangi. Kyai Lurah Arungbinang kemudian bertanya-tanya kepada saya. Saya menjawab apa adanya “di Loji Asistenan serta kabupaten serta tersebut Pacinan, pasar

3. Pakampunganing wong jawi, wêwêngkon kutha Wanarga, kiyai lurah sabdané, dadya ki aldaka ingkang, katon sinawang sangka, ing Ngutêr katoné dhuwur, ing saiki kaidakan.

Perkampungan orang Jawa di bawah pemerintahan kota Wanagiri.” Kyai lurah berkata “jadi gunung yang senantiasa terlihat dari Nguter terlihat tinggi sekarang telah ditapaki?

4. Lah kok bênêr mau kaki, panungggangé iku rata, swaminta dènira gawé, pralambang kasêbut ngarsa, gêpok ngélmu sêmunya, yaiku supangatipun, sorpada jeng Sri Naréndra.

Lho kok benar tadi nak, laju kereta seperti yang kamu buat perumpamaan seperti yang tersebut di depan, seperti mencari ilmu yakni bermanfaat atas diri raja,

5. Sih matêdhani swaniti, sasat lir thathit lampahnya, sakêdhèpan wus prapta srog, ing kutha Wanagiri kang, tumumpang lumahira, bumi gunung kang kapétung, rada srénggikêni kambah.

Yang telah memberi kendaraan yang lajunya seperti petir, satu kedipan saja sudah sampai di kota Wanagiri yang bentangannya bersusun, terbilang pegunungan, yang ditapaki.

6. Ing sujanma myang| kinardi, kutha pasar myang pomahan, sumawana rêrèkané, loji sarta kabupatyan, kagolong wus prayoga, aja manèh kéné kulup, yèn ora kinarya yogya.

Oleh orang-orang dibuat kota, pasar serta pemukiman serta sudah terbilang sebagai pemukiman dan kabupaten yang sudah tergolong bagus. Apalagi di sini nak mana mungkin tidak bagus?

7. Lah wong kulup mau margi, kang mring Jati Bêdhug rannya, anggumunkên gumriningé, myang amba tangguling marga, bêntar wilis dhukutnya, kula anulya umatur, kasinggihan kyai lurah.

Tadi saja nak jalan yang ada di Jati Bedhug kebersihannya begitu menakjubkan. Bentangan tanggulnya jalan dipenuhi berbagai jenis rerumputan.” Saya kemudian berkata yang kemudian disetujui kyai lurah,

8. Anamung yèn masa katri, radi kirang mangrênèng tyas, wit rêdi séla kang katon, sampun kantun dumuk sasat, tan tuwuh rumputira, dadya riyu-riyunipun, botên wontên mung gumêmplang.

“Hanya saja jika musim kemarau agak kurang menyenangkan hati karena hanya gunung batu yang terlihat, seakan-akan hanya tinggal seperti itu tidak tumbuh rumputnya sehingga keasriannya tidak nampak yang terasa hanya panasnya matahari.”

9. Kyai lurah nabda| sarwi, amanthuk-manthuk O iya, mawus bênêr sira tholé, wusnya makatên motor dyan, ngong rikatkên lampahnya, têrus mantuk lampahipun, ing krêtêg Ngutêr wus prapta.

Kyai lurah berkata sambil mengangguk-angguk “O iya, memang benar kamu nak.” Sesudah begitu motor kemudian saya percepat lajunya, kemudian menuju pulang, tibalah di jembatan Nguter.

10. Wontên ing ngriku swaniti, kula andhêg grêg anulya, Taliwanda utawiné, Dèn Bêkêl Wignya saksana, samya mudhun parlunya, angukur karêtêg wau, rampunging pangukurira.

Di situ kendaraan saya hentikan, kemudian  Taliwanda dan juga Raden Bekel Wignya segera turun dengan tujuan mengukur jembatan tersebut. Seusai pengukuran,

11. Nulya munggah ing swaniti, wusnya sila nèng wahana, nuntên wau rata motor, kula lampahkên myang rikat, gya prapta Sukaharja, têksih laksana rikat trus, mila sakêdhap wus prapta.

Kemudian naik ke kendaraan. Sesudah duduk di kendaraan, kemudian kereta motor tersebut saya lajukan dengan kencang, segera tiba di Sukaharja, masih terus melaju dengan kencang, maka hanya sebentar sudah tiba

12. Krêtêging Bacêm banawi, motor kula andhêg nulya, ing sêdya kula supados, Dyan Ngabèhi Taliwanda, Bêkêl Wignya saksana, samya mudhun parlu ngukur, ing krêtêg ugi gya samya.

Di jembatan Bacem. Motor kemudian saya hentikan, maksud saya supaya Raden Ngabehi Taliwanda, Bekel Wignya segera turun untuk mengukur jembatan tersebut dan juga segera,

13. Mudhun tumandang nêpusi, ing krêtêg wéra dirganya, sarampungé pangukuré, nulya minggah maring rata, wusnya tata susila, wau rata motor laju, kula lampahkên duk prapta.

Turun menghitung ukuran panjang dan lebar jembatan. Seusai pengukuran, kemudian naik ke kereta. Sesudah menata duduk, kereta motor tersebut melaju, ketika sampai,

14. Buh ménggok rikanang maring, Pasanggrahan Langênharja, nulyèng ngong lampahkên ménggok, wit dhawuh sandhap padèndra, Ki Lurah Arungbinang, mamrih udani kalamun, pandhapining pasanggrahan.

Gapura belok menuju Pasanggrahan Langenharja. Kemudian saya belokkan sesuai dengan perintah dari bawahan raja Kyai Lurah Arungbinang untuk melihat pendapa pasanggrahan,

15. Kang wétan rinombak mangkin, prapta kula Langênharja, anjujug wismanya Radèn, Bèhi Prawira Giyota, abdi dalêm kang ngrêksa, pasanggrahan dalêm wau, wusnya tata pinanggihan.

Yang timur sudah dipugar. Setiba saya di Langenharja, langsung menuju rumah Raden Ngabehi Prawira Giyota, abdi dalem yang menjaga pesanggrahan tersebut. Seusai saling bersua,

16. Pra wanita kang manggihi, Dyan Ngantèn Prawira Pura, lungguh andhèr nèng markisé, Lojèn Wétan myang sinêgah, wédang roti mérikan, kula lan kya lurah wau, pinanggihan nèng pandhapa.

Para wanita yang menjamu Raden Nganten Prawira Pura duduk berbanjar di markis Lojen Wetan dengan dijamu air minum, roti dan camilan. Saya dan kyai lurah tadi bertemu di pendapa.

17. Sarêng sampun sawatawis, kya lurah angajak marang, Prawira Giyota déné, nglingnya ki lurah mangkana, payo kulup ngirita, lumêbu jroning pantimu, ngong arsa kêtêmu marang.

Setelah sudah sementara waktu, kyai lurah mengajak Prawira Giyota, sedang kyai lurah berkata demikian, “ayo nak antarlah aku masuk ke rumahmu, aku ingin bertemu dengan,

18. Para wadon gawan mami, Prawira Giyota turnya, ulun tan susah andhèrèk, yogya ki lurah pribadya, lumêbêt maring griya, ki lurah radyan tumênggung, gya manjing mring madéyasa.

Para perempuan yang saya bawa. ”Jawab Prawira Giyota “saya tidak usah ikut, lebih baik kyai lurah sendiri yang masuk ke rumah.” Kyai lurah raden tumenggung segera masuk rumah.

19. Amargi datan udani, pra wanita lamun samya, silandhèr munggèng markisé, Lojèn Wétan cêkakira, mawus kapanggya nulya, kyahi lurah nuntên tumut, sila nèng ngriku myang sigra.

Jelas saja tidak kelihatan, ternyata para perempuan duduk berbanjar di markis Lojen Wetan. Seusai bertemu kemudian kyai lurah ikut duduk di situ dan segera,

20. Mêlingkên kula utawi, Prawira Giyota lawan, Taliwanda sêsampuné, prapta ngriku myang wus tata, susila sumawana, sawatawis gunêmipun, kula anulya pratéla.

Berkata kepada saya ataupun Prawira Giyota dan Taliwanda. Sesudah tiba di situ dan sudah selesai menata duduk serta sudah berbincang-bincang sebentar saya kemudian menjelaskan,

21. Dhumatêng radyan ngabèhi, wau Prawira Giyota, radyan bèhi praptaning ngong, ing ngriku parlu dinuta, ing Kangjêng Sri Naréndra, dhawuh dalêm Sang Aprabu, kiyai lurah punika.

Kepada Raden Ngabehi Prawira Giyota tersebut, ”raden ngabehi tibanya saya di sini dengan maksud mengantar Kangjeng Sri Narendra. Atas perintah sang raja, kyai lurah ini

22. Lan para wanita sami, kadhawuhan sowan miyat, pasanggrahan salêbêté, punapa ta parlu mawa, lapur mring pangagêngnya, kang rumêksa udyana nung, ing Langênharja punika.

Beserta para wanita ini diperintah untuk berkunjung melihat ke dalam pasanggrahan,apa harus dengan lapor kepada pembesaryang menjaga taman di Langenharja yaitu

23. Bandara Pangran Ngabèhi, Putra dalêm jêng Naréndra, kang jumênêng ajudané, ingkang jêng Gupênur Jéndral, tanah Indi Nèdêrlan, kang tinakyan anulya sung, waluyan sinom logondhang.

Bandara Pangeran Ngabehi putra raja yang ajudannya Kangjeng Gubernur Jendral tanah Indi Nederlan?” Yang ditanya kemudian memberikan jawaban dengan tembang sinom.

~ PUPUH IV ~
S I N O M

1. Kalamun pamanggih kula, rèhning punika pakarti, wus trang dhawuh dalêm ing Sang, kang mêngkoni tanah Jawi, ngadhatyan praja adi, ing Surakartyambêg mashur, asih myang| martatama, mring wadya bala gung alit, miwah mitra bangsa ing liyan nagara.

“Menurut pendapat saya perkara perintah tersebut sudah jelas perintah dari yang memimpin tanah Jawa, kerajaan yang indah di Surakarta yang termasyur berwatak penyayang dan sabar terhadap prajurit golongan besar maupun kecil serta kepada mitra bangsa di luar negara,

2. Dènmong lan kamartotaman, marmanya kadya prayogi, taman mawi lapur ing Sang, pramodya rumêksa maring, pasraman udyanadi, lan rèhning Putra Sang Prabu, priya wêrda pribadya, wastunya sanggyèng panggalih, mirib rama natyambêg gung martotama.

Begitu dihormati dan dihargai. Maka dari itu, sepertinya tidak usah melapor kepada yang menjaga pemandian taman ini. Dan sudah barang tentu putra sang raja, lelaki yang berkepribadian luhur tentu mengizinkan. Mirip ayahnya seorang raja yang penuh kesabaran,

3. Pramana mring lêlarikan, wênang mokal sarta wajib,parlu sumawana sunat, kaèsthi ing siyang ratri, sêsampunnya Dyan Bèhi,Prawira Giyota mangsul, wau ingkang mangkana , kula gya umatur maring, Kyai Lurah Arungbinang nun sumangga.

Paham terhadap hukum, yang dilarang serta yang wajib dan juga yang sunah. Diamalkan siang dan malam.” Sesudah Raden Ngabehi Prawira Giyota menjawab seperti yang demikian. Saya segera berkata kepada Kyai Lurah Arungbinang “mari silahkan

4. Tumamèng jro udyanarja, kyai lurah wusnya angling, maluya mring kula iya, anulya wasana maring, éndyahing kang maggihi, nênggih radèn ngantènipun, Prawira Pura sarta, suta bantyannya ngabèhi, kang bêbisik wau Prawira Giyota.

Masuk ke dalam taman kerajaan!” Sesudah itu kyai lurah berkata memberi jawaban kepada saya “iya.” Kemudian akhirnya bertemu dengan cantiknya yang menemui yaitu Raden Nganten Prawira Pura serta anak turunnya. Ngabehi Prawira Giyota tersebut berbisik,

5. Wus gèr-gèr wanita tiga, Prawira Pura utawi, sira gèr mantu Giyota, loro pisan payo sami, ngirita wanita tri, kadangmu saka prajanung, malbèng pura pêpara, wêruhna Kaputrèn tuwin, myang jronira datulayaning udyana.

“Sekarang kalian wanita tiga, Prawira Pura dan kamu anak mantu Giyota, dua sekalian ayo antarlah ketiga wanita saudaramu dari kerajaan masuk ke pura pepara tunjukkan Kaputren serta ke dalam pertambangan kerajaan.

6. Nanging samasa sira jak, ing kamar-kamar umanjing, sira ndhisikana nêmbah, gya laku dhodhok dyan linggih,  kang lininga-|n matur ris, nun inggih sandika ulun, wusnya makatên nulya, bidhal kya lurah lumaris, anèng ngayun lawan Prawira Giyota.

Akan tetapi sewaktu kalian diajak masuk ke kamar-kamar, kalian harus mengawali dengan menyembah lalu berjalan jongkok baru kemudian duduk.” Yang diberi pesan menjawab dengan pelan “iya saya mengerti.” Sesudahnya demikian kyai lurah berjalan di depan bersama Prawira Giyota,

7. Gya manjing pura cangkrama, pra wanita laju manjing, Kaputrèn wau udyana, déné kyai lurah tuwin, kula lawan Ngabèhi, Taliwanda sartanipun, Prawira Giyota gya, linggih munggèng pungkasaning, pandhapadi kang wétan madhêp pracima.

Bersegera masuk ke pura cangkrama. Para wanita berjalan masuk ke Kaputren taman tersebut. Sedangkan kyai lurah serta saya dan Ngabehi Taliwanda beserta Prawira Giyota segera duduk di bagian belakang pendapa yang timur menghadap ke barat.

8. Salbêtnya samya linggihan, wontên ing ngriku anuli, kyai lurah gya manabda, mring Prawira Giyota ris, makatên dènira ngling, kulup kandhanana aku, pandhapa ingkang wétan, karombak puniku kaki, karsa dalêm kapri-|yé ing têmbénira.

Selama duduk di situ kemudian kyai lurah segera berkata kepada Prawira Giyota dengan pelan, demikian perkataannya “nak jelaskan padaku, pendapa yang timur ini apa sudah dipugar, keinginan sang raja nantinya bagaimana,

9. Apa ta puniku bakal, ngadêg kamulyakkên maning, kadya duk samananira, Prawira Giyota angling, nun botên ngadêg malih, karsa dalêm jeng Sang Prabu, kantun dhapi pracima, jrambahnya kang dènlinggihi, punika kang katêksihkên ananging ta.

Apakah akan dibangun diperbagus kembali seperti dahulu kala?” Prawira Giyota berkata “sudah tidak didirikan kembali, keinginan sang raja hanya pendapa barat yang lantainya untuk diduduki itu yang disisakan, hanya saja

10. Kaingêr wuwung kinarya, mujur mangidul dumadi, mangétan adhêping wisma, wisma pandhapi puniki, kyai lurah mangsuli, iya kang mangkono kulup, pangudarasaningwang, têgêse kiraku kaki, bok manawa karsa dalêm jêng Sri nata.

Atapnya diputar dengan Panjangnya mengarah ke selatan, sehingga Rumah menghadap ke timur,rumah pendapa ini.” Kyai lurah menjawab “Iya, yang demikian itu nak perkiraan saya maksudnya saya kira kalau saja keinginan sang raja

11. Mrih plataran wimbuh wéra, éwadéné têmbé wuri, nata rasanya gumêmplang, wastunya mawus ginalih, sinung| mandira warsi, têgêse wiwitan taun, sawusa samyanira, soré taman dèn dièdi, mrih mimbuhi sênêngé para suméwa.

Supaya halaman diperluas meskipun nanti kerajaan terasa semakin panas tentu sudah dipikirkan di mandira warsi maksudnya awal tahun. Sesudah semuanya selesai bawah taman diperbagus untuk menambah senang yang berkunjung.

12. Lèn catur kyai baita, Rajamala kadya kèksi, nèng pinggir pracima yogya, iki mêngko lamun mami, budhal mulih ngampiri, sêdyayun umiyat prahu, Kiyai Rajamala, Prawira Gyota mangsulris, nun prayogi pra wanita mrih wuninga.

Beralih pembicaraan, perahu Kyai Rajamala sepertinya terlihat  bagus di pinggir barat. Ini nanti jika saya berangkat pulang mampir, maksud hati melihat perahu Kyai Rajamala.” Prawira Giyota menjawab dengan pelan “itu bagus agar para wanita tahu.”

13. Sampunnya para wanita, mubêng-mubêng ngarsa wingking, rêsik sajroning udyana, sadaya dènudanèni,gya nusul mring pandhapi, sawusnya satata lungguh, yata wau Dyan Ngantyan, Prawira Pura anuli, lapur marang Kyai Lurah Arungbinang.

Seusai para wanita berkeliling depan belakang di kesemua bagian taman semua telah diamati segera menyusul ke pendapa. Sesudah menata duduk tersebut tadi Raden Nganten Prawira Pura kemudian melapor kepada Kyai Lurah Arungbinang,

14. Kula nuwun anggèn kula, kadhawuhan ngirit maring, pra kadang èstri têtiga, mrih sumêrêp salêbêting, kadhatyan udyanadi, nun sampun salêsih samu, lwirnya samu sadaya, tan wontên kècèr sasiki, kadang éndyah saking praja sarêng miyat.

“Permisi, di sini saya diminta untuk mengantar ketiga saudara perempuan untuk mengamati taman kerajaan sudah diamati samu maksunya samu semua, tak ada satu pun yang terlewati. Saudara-saudara cantik dari kerajaan ketika melihat

15. Nuwun ing got toyanira, kula sumêt rèk anuli, murub kadya urubira, janèwêr dipunbêsêmi, dahat gumuning ati,samya kêkêl gujêngipun, sami tanya witira, toya wau saking pundi, lajêng kula ajak maring bur guskara.

Air di parit saya nyalakan dengan korek kemudian menyala seperti nyala arak yang dibakar mereka begitu terheran-heran, semuanya tertawa lepas,  semua bertanya asal air tersebut dari mana. Kemudian saya ajak ke sumur tancap.

16. Lah punika witing toya, pra kadang wanita katri, tumuntên sami wacana, É kok anèh têmên warih, tirtèki kang upami, wignya dadi petroliyum, saiba supangatnya, ing Kangjêng Sri Narapati, maring putra wangsa myang wadya kawula.

Nah inilah asal air. Saudara wanita tiga kemudian berkata “wah kok aneh benar air ini, seandainya bisa jadi minyak tanah betapa berkahnya bagi sang raja serta bagi anak cucu dan prajurit seperti saya.”  

17. Wusnya Dyan Ngantèn pêparab, Prawira Pura kèndêl ngling, dènya matur mring kya lurah, kiyai lurah anuli, wacana aris maring, Prawira Giyota wau, makatên wacananya, rèhning aku lan parèstri, goné miyat kagungan dalêm udyana.

Seusai raden nganten yang bernama Prawira Pura selesai berbicara melapor kepada kyai lurah. Kyai lurah kemudian berkata dengan pelan kepada Prawira Giyota. Demikian perkataannya “seusai aku dan para wanita melihat-lihat taman sang raja,

18. Rêsik sanggya kawaratan, myang pangèstu jêng Sang Aji,ginanjar tulus raharja, marmané ing mangkya kaki, aku lawan ngabèhi, Atmasukatga sartèku, parèstri sadayanya, lilanana budhal mulih, sarta mampir umiyat Kya Rajamala.

Sudah paham semua yang janggal, dengan memohon restu Tuhan agar diberi keselamatan, inginnya nanti nak, saya dan Ngabehi Atmasukadga serta tersebut para wanita semua diperkenankan pulang serta mampir melihat Kyai Rajamala.”

19. Prawira Gyota maluya, nuwun sumangga ing kapti,gya bidhal sadayanira, sumawana kang mong tami, Atmagiyota èstri, tri wau samya tut pungkur, miyat Kya Rajamala, wusnya samya manjing maring, kagungan sang baita Kya Rajamala.

Prawira Giyota menjawab “ mari silahkan!” Semua segera berangkat beserta tuan rumah Atmagiyota, perempuan tiga tadi semua mengantar melihat Kyai Rajamala. Sesudah semua masuk ke dalam perahu Kyai Rajamala.

~ PUPUH V ~
G A M B U H

1. Gambuh dènya andulu, para èstri swaminya katêlu, Arungbinang Kadga Taliwanda angling, sêmunira samya gumun, umiyat kagungan Katong.

Berulang-ulang mereka mengamati, para ketiga wanita istri Arungbinang, Kadga, Taliwanda berkata disertai rasa terheran-heran melihat kepunyaan sang raja

2. Kya Rajamala prahu, ingkang karya gumunirèng kalbu, dènya agêng dirga bagus gumarining, saya maning dupyandulu, jamban agêm Sang Akatong.

Perahu Kyai Rajamala yang membuat takjubnya kalbu. Begitu besar, panjang, mempesona. Apalagi ketika melihat kamar mandi sang raja,

3. Pèni èdi myang bagus, pangalêmé têmbung tumpu-|k-tumpuk, jamban iki ayak waragaté nganti, ora kurang saka pétung, limang atus sèkêt kêton.

Begitu indah serta bagus kata-kata pujian bertumpuk-tumpuk. Kamar mandi ini kira-kira biayanya tidak kurang dari  Rp 1.375,-.

4. Wusnya watara wau, kyai lurah awacana arum, mring pra èstri mangkana dènira angling, gonmu padha miyat prahu, apa wus têrang panonton.

Sesudah sementara waktu, kyai lurah berkata pelan kepada para perempuan, demikian perkataannya “apakah dalam kalian melihat perahu sudah jelas?” 

5. Pra èstri maluya rum, inggih sampun trang samyamba dulu, kyai lurah anulya manabda aris, yèn mangkono payo uwus, mangkat mulih nunggang motor.

Para perempuan menjawab dengan pelan, “iya, kami sudah jelas dalam melihat.” Kyai lurah kemudian berkata dengan pelan “kalau begitu, ayo berangkat pulang naik motor.”

6. Nulya budhal sing prahu, prapta cakêtira rata laju, tamu tuwin kang dipuntamoni sami, bagé-binagé rahayu tamu gya anunggang motor.

Kemudian berangkat dengan perahu sampai di dekat kereta. Tamu serta tuan rumah  saling mendoakan, tamu segera naik motor.

7. Wusnya atata lungguh, jalêr èstri kang nèng motor laju, manthuk maring kang mong tamu pasmon dadi, ngambali bagé rahayu, déné kang tampa pasêmon.

Seusai menata duduk, laki-laki perempuan yang berada di dalam motor mengangguk kepada tuan rumah sebagai tanda mengulang berbagi doa keselamatan. Sedangkan yang menerima isyarat

8. Malês mêndhak myang manthuk, ugi dadya ngambali bagyayu,  rata motor kula lampahkên tumuli, tot-tèt pasmon mring wong mlaku, minggira ngétan mangulon.

Membalas merunduk disertai anggukan yang juga menjadi tanda mengulangi berbagi keselamatan. Kemudian kereta motor saya lajukan, tot-tet menjadi peringatan bagi orang yang yang berjalan, minggirlah ke barat atau ke timur.

9. Dupyantara motor tutug, wétan Masjid Agung udyananung, mamrih wau gêgawan para pawèstri, tumonton sapantêsipun,nulya mudhun saking motor.

Hingga sementara waktu motor sampai di timur taman Masjid Agung. Supaya para rerempuan yang dibawa melihat-melihat seperlunya, kemudian turun dari motor.

10. Wusira samyandulu, mring kagungan dalêm masjid wau, nulya wangsul anumpak mring motor malih, wusnya tata déra lungguh, munggèng jro wahana motor.

Seusai semua mengamati masjid tersebut kemudian kembali ke motor. Seusai menata duduk, Kendaraan,

11. Punika kula laju, mawèh pasmon tattèt sarta tit-tut, motor tanggap sès-sès dènira aturi, gya laksita sêr sumêbut,turut lurung mujur ngalor.

Tersebut saya lajukan dengan memberi isyarat tat-tet serta tit-tut. Menurut saya motor bersuara ses-ses. Kemudian berjalan lambat di jalan yang mengarah ke utara.

12. Malih kumandhir ulun, thot-thot thit-thot motor wau laju, tanggap ménggok mangétan laksana ngênthir, ngong malih sasmita tat-tut,motor tampi menggok ngalor.

Saya senantiasa terus berjalan tot-tot tit-tot motor tersebut melaju. Pertanda motor hendak belok ke timur lurus. Saya memberi isyarat tat-tut kembali pertanda motor hendak belok ke utara

13. Lurung sêmunya mujur, ngalor ngétan motor dènnya mlayu, ngêpêng rikat raosnya marang ing dhiri, gêtêr myang angin sumrubut,brêbêt-brêbêt ménggok ngulon.

Ke jalan yang agak mengarah ke utara agak ke timur. Motor melaju kencang sekali, rasanya badan menjadi gemetar oleh angin semilir yang wus-wus. Belok ke barat

14. Ngambah kampungan lurung, Jagasuran sartanira lurung, Jagaprajan kula gya kumandhir rindhik, mrih wadon kang samya lungguh, wontê-|n ing swaniti motor.

Menapaki jalan perkampungan Jagasuran serta jalan Jagaprajan. Saya kemudian berjalan dengan lambat supaya perempuan yang sedang duduk di dalam motor

15. Sêrêpa wismanipun, sanak kanca kang mangindhung kampung, Jagasuran Jagaprajan kasbut nginggil, kyai lurah dyan tumênggung, wiwit motor wau ménggok.

Tahu rumah sanak saudara yang tinggal di perkampungan Jagasuran, Jagaprajan yang disebutkan di atas. Kyai lurah raden tumenggung sejak tadi motor belok,

16. Sakêdhap-kêdhap amung, tudhang-tudhing nuduhkên mrih wêruh, para èstri kang nunggil juga swaniti, mring wismèng kanca sadulur, iki Atmasupana gon.

Sebentar-bentar hanya menunjuk-nunjuk memberi tahu para perempuan yang menjadi satu dalam kendaraan, mengenai rumah sanak saudara. Ini tempat Atmasupana,

17. Hla iki wismanipun, lé raharja puniku sadulur, saduluré Singadiwirya Ngabèhi, hla-hla iki wismanipun, Atmasupana dipunwroh.

Nah ini rumahnya, anak tersebut saudara Ngabehi Singadiwirya. Nah ini rumahnya Atmasupana sudah diketahui.

18. Hla iki wismanipun, Singadiwirya mau jêjuluk, hla-hla iki wismané tholé ngabèhi, Sastraukara nganggo buh, Èsmutanèn ra-|da kulon.

Nah ini rumahnya Singadiwirya yang disebut tadi. Nah ini rumahnya Ngabehi Sastraukara yang disertai gapura. Esmutani agak ke barat.

19. Samya ngingêtna kidul, mêngko aku nuduhkên gonipun, Èsmutani hla-hla wruha iku panti, pantinira èsmu mau, ngaliha nonton mangalor.

Menolehlah ke selatan nanti aku tunjukkan tempat Esmutani. Nah lihatlah rumah itu, rumah esmu tadi. Beranjaklah menoleh ke utara,

20. Hla iku wisma bagus, Mangkudiningratan kula laju, kumandhir mring motor lan sasmita naming, tèt-tit tut-tèt tit-tut laju, ngrêtos tampi sos-sos motor.

Nah ini rumah megah Mangkudiningratan. Saya terus melaju Berjalanlah motor dengan memberi isyarat tet-tit tut-tet tit-tut, melaju hingga bersuara sos-sos. Motor

21. Rikat laksitanipun, kluwêng ménggok manguntara têrus, ing Gêmblêgan mangalor kewala prapti, prapatan Cayudan laju, kaluwêng ménggok mangulon.

Melaju dengan kencang, lalu belok ke utara lurus menuju Gemblegan, ke utara sebentar sudah sampai perempatan Cayudan. Terus melaju lalu belok ke barat,

22. Tan antara puniku, gya kaluwêng ngalor ménggokipun, kluwêng maning ménggok mangulon lumaris, du-|pyantara mawus tutug, pungkas wétan Kêbon Katong.

Tak lama kemudian belok ke utara, lalu belok ke barat lagi, hanya sebentar sudah sampai di timur Kebon Raja.

23. Nulya kumandhir ulun, klak-klêk motor mangrêti tyasipun, sigra rindhik gumlêsêr déra lumaris, ki lurah nulya anuduh, maring wau para wadon.

Kemudian saya melaju, klak-klek suara motor. Segera iperlambat jalannya, kyai lurah kemudian menunjukkan kepada para perempuan,

24. Yaiki taman agung, Kêbon Raja kagungan Sang Prabu, motor ngrêti ménggok-ménggok angubêngi, Kêbon Raja ngantya kêmput, têmu gêlang para wadon.

Inilah taman agung Kebon Raja milik sang raja. Motor kemudian mengelilingi Kebon Raja hingga selesai secara keseluruhan. Para perempuan

25. Samya trang dènnyandulu, sawatawis rèhning lugunipun, wadon lawan wong priya béda sayêkti, lanang kêrêp kluyag-kluyug, kliyêg-kliyêg anênonton.

Sudah jelas dalam mengamati, hanya sebentar oleh karena sebenarnya perempuan dan laki-laki itu sangat berbeda, laki-laki sering keluar bermain melihat-lihat,

26. Gêgirang manah patut, munggèng paron sanggèn-ênggèn patut, wangsul èstri yèn priyanya tan ngidèni, utama nyêngkêr barukut, badan ulat binarongsong.

Mencari hiburan di sembarang tempat pantas. Lain halnya dengan para perempuan jika suaminya tidak mengizinkan lebih utama tidak berangkat. Menutup aurat dan menjaga pandangannya.

27. Éwadéné kalamun, nuju wêdal kaumbar ing kakung, ingkang suka sênêng tyas kinanthèn eling, traping raga ulatipun, kang utama ing pasêmon.

Hanya saja jika menuju waktu harus dipersembahkan kepada suami harus disertai dengan rasa senang dalam hati disertai badan yang bersih serta paras yang manis dalam raut wajah,

28. Lawan manah kalamun, sami wadon nuju kumpul-kumpul, ingkang kêndêl têtêg ingkang ngati-ati, aja kéwat ywa gumaut, kang prasaja ing paclathon.

Dan juga dalam hati. Jika para perempuan hendak bersosialisasi harus teguh pendirian, harus berhati-hati, jangan sombong, jangan merasa paling bisa, yang berhati-hati dalam berbicara.

29. Luwih manèh kalamun, kumpul lawan jalu mèlu lungguh, wimbuhana ing kalbu dèn ngati-ati, wit saka wadon lan jalu, sanggya budi saprawolon.

Terlebih lagi jika ikut berkumpul dengan laki-laki harus lebih berhati-hati karena parempuan dan laki-laki pengetahuannya satu banding delapan.

30. Lan manah wanitèku, ingkang lêgan dèn ngandêl ing kalbu, mring sipatnya Pangéran rahmanirakim, wajidaha wajidahu, tinurutan ing Hyang Manon.

Dan hati wanita itu harus lebih bisa menerima dan percaya terhadap sifat Tuhan Rahmanirrakhim, yang terjadi terjadilah, semua atas kehendak Tuhan.

31. Nanging tinurut mau, amiliha lêlakon rahayu, lwirnya ayu bêcik sartanya basuki, saniskara ing panggayuh, dèn sêdya mring karahayon.

 Akan tetapi dari situ maka pilihlah jalan hidup yang rahayu,  maksudnya ayu yakni baik, serta selamat, tak ada penghalang bagi keinginan, semua keinginan tercapai.

32. Galadrah wuwus luhur, nging upami katulat satuhu, ing sarèhning wiyata langkung utami, wus tamtu nêmu rahayu, iya sira rata motor.

Seperti yang telah disebutkan di atas, jika diamalkan dengan benar menjadikan lebih utama. Sudah tentu menemukan keselamatan. Tersebut kereta motor

33. Kaluwêng ménggokipun, kulon Priyabadan ngalor têrus, prapta lurung sakiduling Pépé Kali, kluwêng ménggok lurungipun, sêmu mujur| ngétan ngalor.

Lalu belok ke barat, Priyabadan lurus ke utara, sampai di jalan sebelah selatan Kali Pepe. Lalu belok, jalannya mengarah ke timur agak ke utara.

34. Puniku gya jumêdhul, lurung cakêt ing sakidulipun, balé rata sêtatsiyun agung nami, ing Balapan ménggok ngidul, anginthar kéwala motor.

Segera didapati jalan sebelah selatan dekat setasiun agung yang bernama Balapan, lalu belok ke selatan melaju sebentar motor

35. Nulya ngétan asêmu, ngidul anjog ing samadyanipun, bacira ing Mangkunagaran anuli, sêmu ngétan ngambah lurung, Sêtabêlan malih ménggok.

Kemudian ke timur agak ke selatan, tiba di tengah-tengah alun-alun Mangkunagaran. Kemudian agak ke timur sampai di jalan Setabelan. Kemudian belok

36. Lurung pratêlonipun, Tambaksagaran mangétan laju, gya mangidul Pasar Gêng dipunubêngi, pacinan kang samya ngêpung, Pasar Klithikan tinonton.

Ke jalan pertigaan Tambaksagaran. Berjalan ke timur kemudian ke selatan mengelilingi Pasar Gedhe, pacinan yang banyak mengerumuni. Pasar Klithikan terlihat.

37. Gya ngétan ménggok tutug, Krêtêg Gantung têksih lajêng ngidul, nulya ménggok ngambah lurung saki-|duling, Bètèng Loji ménggok ngidul, ing Galadhag rata motor.

Kemudian belok ke timur sampai Kreteg Gantung masih lurus ke selatan. Kemudian belok melewati jalan sebelah selatan Beteng Loji, belok ke selatan ke Gladhag. Kereta motor

38. Trus manjing alun-alun, lajêng ngambah kilèn Wringin Kurung, ménggok ngétan angambah tuwin nglangkungi,  sangajênging dalêm agung, kagungan dalêm Sang Katong.

Lalu masuk alun-alun lalu melewati barat Ringin Kurung. Belok ke timur lewat depan kerajaan milik sang raja.

39. Tuhu kalamun bagus, jrambah luhur wiyar ngaluk-aluk, nguni nama Pagêlaran mangkya nami, Sanasuméwa puniku, karsa dalêm Sang Akatong.

Begitu megah, lantainya bagus dan begitu luas. Dahulu kala dinamai Pagelaran sekarang dinamai Sanasumewa. sang raja

40. Ingkang aparing wau, nama saha ingkang karya bagus, saandhaping pada dalêm Sri Bupati, kang Jumênêng ping sapuluh, kluwêr motor nulya ménggok.

Yang memberi nama serta yang memperbagus dibawah pemerintahan sang raja yang ke-X. Motor kemudian belok

41. Mangidul dupi tutug, wétan Sasana Suméwa laju, ménggok ngétan sama-|ntara ménggok malih, ngidul Baturana tutug, kaluwêr ménggok mangulon.

Ke selatan sampai Di timur Sasana Sumewa. Lalu berjalan belok ke timur lalu belok ke selatan sampai di Baturana. Kemudian belok ke barat.

42. Ing Gadhing ngulon têrus, nanging samantara motor laju, ménggok ngalor prapta ngayun kabupaten, kaparak kéring puniku, kaluwêng ménggok mangulon.

Di Gading, ke barat lurus tetapi hanya sebentar, lalu motor belok ke utara sampai di depan kabupaten. Diarahkan ke sebelah kirinya, lalu belok ke barat.

43. Tan tawis dangunipun, ngalèr prapta butulan kilèn trus, manjing ngétan gya ménggok mangalor dupi, wau swaniti kang sinung, anama karéta motor.

Tak lama kemudian ke utara sampai di butulan kilen lalu masuk ke timur kemudian belok ke barat sampai. Kendaraan yang tersebut dinamai kereta motor

44. Prapta sipatanipun, margi alit kang mring pantinipun, kyai lurah nulyèng ngong andhêg grêg dupi, wus kèndêl kya lurah laju, mandhap dé ngong sakarongron,

Sampailah Di jalan kecil menuju rumah kyai lurah, kemudian saya hentikan. Sesudah berhenti kemudian kyai lurah turun, sedang saya berdua

45. Kurmat samya tut pungkur, sarêng| sampun prapta régolipun, kyai lurah kang tinut myang kang nut wuri, jalwèstri bagya rahayu, sampatnya ngong wangsul ngulon.

Memberi hormat dan mengiring. Setelah tiba di gapura, kyai lurah kepada yang mengiring laki-laki dan perempuan saling berbagi doa keselamatan. Setelah selesai, saya kembali ke barat

46. Marang ing ênu wau, goning motor kula numpak laju, sarimbitan swamèng ngong kula anuli, agnya motor mrih lumaku, motor gya laksana ngalor.

Menuju jalan tempat motor saya naiki, berdua dengan istri saya kemudian motor saya lajukan. Motor melaju ke utara

47. Ménggok mangétan tutug, kori wisma ngong myang swami mudhun, manjing wisma bukak èrloji jam kalih, kula dyan sowan malêbu, gya munjuk kangjêng Sang Katong.

Belok ke timur sampai di pintu rumah saya. Kemudian kami turun masuk rumah membuka arloji pukul dua. Saya kemudian bekunjungmenghadap sang raja.

48. Dhawuh dalêm Sang Prabu, kinèn kadya omong-omong amung, sabên ngadhêp lawan kanca kang sumiwi, kadya| kasêbut ing luhur, maning omong kasbut sinom.

Sang raja berkehendak disuruh seperti halnya hanya berbincang-bincang saja. Setiap menghadap yakni dengan teman seperti yang disebut di atas. Berbincang yang disebut tembang Sinom kembali.

~ PUPUH VI ~
S I N O M

1. Dadya gunggungirèng sêkar, nênêm sinom ngaping kalih, sinom pungkasan kinarya, mèngêti ukuran maring, krêtêg kèhnya winilis, catur kang wiwit dènukur, karêtêging bangawan, ing Padhasgêmpal pinanggih, nênêm mètêr astha dhèsi wiyarira.

Jadilah bangunan tembang ke enam yakni Sinom yang ke dua. Sinom yang terakhir dibuat. Memperingati ukuran jembatan yang jumlahnya sudah ditentukan yakni empat, yang pertama diukur jembatan Padhasgempal didapati lebarnya 6 m lebih 8 dm,

2. Déné ukuran dirganya, satus gangsal mawa lêwih, satêngah mètêr déné ta,krêtêg Samaulun kali, ukurannya pinanggih, tigang mètêr langkungipun, sangang dhèsi wiyarnya, dé dirganira pinanggih, satus kalih mètêr pétang ukurira.

Sedangkan ukuran panjangnya 105 lebih 0,5 m. Sedangkan jembatan Samaulun Ukurannya 3 m lebih 9 dm lebarnya, sedangkan panjangnya 102 m.

3. Dé krêtêg Ngutêr wiyarnya,sakawan mètêr tan luwih,déné ukur panjangira,satus gangsal mètêr luwih, amung sêsanga dhèsi, déné krêtêg Bacêm wau, ukuran wiyarira, kawan mètêr sangang dhèsi, panjangipun satus kawan likur pétang.

Sedangkan jembatan Nguter lebarnya 4 m tak ada lebihnya, sedangkan ukuran panjangnya 105 m lebihnya hanya 9 dm. Sedangkan jembatan Bacem ukuran lebarnya 4 m 9 dm, Panjangnya 124

4. Mètêr ukuran Éropah,gumlaring crita mèngêti,ginubah sinambi séba, ing siyang kalawan ratri, kang samya dèndhawuhi, bêsiyar marang ing purug, kang wus kasêbut bêntar, prapta wismanya basuki,déning saking pangèstu dalêm Sri Nata.

M ukuran Eropa. Tersusunnya cerita peringatan dikarang sewaktu menghadap di siang dan malam. Semua yang ditugasi melakukan perjalanan ke tempat yang sudah disebutkan di depan, sampai di rumah dengan selamat berkat doa restu dari sang raja.

5. Amila katri wadyèndra, sarimbit santa pudya mring, ing Gusti Kang Maha Mulya, sinêbut rahmanirakim, kang mugi amimbuhi, murah sih mring Gusti ulun, kamulyan karaharjan, nyupangati garwa siwi, wangsa wadya kawula satanah Jawa.

Maka ketiga prajurit raja yang berpasangan mengucap syukur kepada Tuhan Yang Maha Mulia yang disebut Rahmanirrakhim. Yang mudah-mudahan menambah kemurahan hati kepada raja kami, kemuliaan dan keselamatan. Bermanfaat bagi anak istri, keturunannya, serta prajurit setanah Jawa.

6. Sampating mangun ukara, sinawung kidung supadi,dudyat16 arsayèng wardaya, nadyan arungsit kapati, binangkitkên dumadi, dêdalan wawênganipun, tan kawêkèn anggubah , têmbung têmbang sagêd manis, ing wêkasan manisé asêmu sêpa.

Selesainya menyusun kalimat dibuat tembang supayamembangkitan senangnya hati. Meskipun dalam menyusunnya sulit, namun dengan semangat maka jadilah. Susunannya tidak boleh diubah, dengan maksud agar kata dalam tembang menjadi manis, karena nanti manisnya agak hambar.

7. Kocapan kang dipunkêcap, lir pada pincang dumadi, gumlindhinging sêmu gronjal, sajroning sapada lungsi, kèh kêcapan mancasi, tan cocog lan lagunipun, wit saking lukitanya, dèrèng jangkêp ing sakrami, kadêrêng tyas mardi budi kêkidungan.

Perkataan yang diucapkan menjadi seperti kaki pincang sehingga jalannya agak bergelombang. Dalam setiap akhir kata pada bait, banyak ucapan yang berlebihan tidak cocok dengan aturan persajakannya. Oleh karena ilmunya belum lengkap, belum mengerti ilmu tembang,

8. Marma upami cinêda, déning kang para winasis,sawastu amung narima, mandar santya pudya maring, rikanang pra winasis, nuli ngayomi kang wahyu, kawindra kanugrahan, mirib supangating Nabi, panutuping pra Ambiya waspadèng tyas.

Maka berlapang dada jika disalahkan oleh yang ahli. Sungguh hanya menerima, dan justru mengucapkan terimakasih kepada para ahli tersebut, yang kemudian mau menjaga karya pujangga termasyur yang diberkahi, seperti Nabi Penutup para Ambiya yang senantiasa waspada.

9. Sadèrèngira winarah, saiba bingahing ati, kantun pruwita kéwala, ing ngélmu tatrapan asih, mrih sipat sasawiji, kang ajêg ngumandhang ngurung, andadèkkên sabarang, sakaliring alam bangkit, nuntun atul têkdir ékramé sampurna.

Sebelum saya mengajarkan betapa senangnya hati mau berguru terhadap ilmu tentang sifat wajib, istikomah dalam melaksanakan dan menjaga. Menjadikan segala sesuatu, semua yang ada di alam sebagai penuntun menuju ketaukhidan yang sempurna.

10. Punika srat winastanan, Sri Utama dènya dadi, kawastanan Sri Utama, déné para ingkang sami, srimbitan bêsiyar mring, wanarga bêbungah kalbu, wit sabab bangkitira, mabur sasat nunggang thathit, tuhu déning utamèng jêng Sri Naréndra.

Inilah serat yang dinamai Sri Utama, menjadikannya dinamai Sri Utama oleh karena mereka yang berpasangan melakukan perjalanan ke Wanagiri bersenang hati karena perjalanannya begitu cepat seperti halnya naik petir, patuh terhadap tugas utama sang raja.

11. Cinupêt kêcap cinancang, nèng crita niti masani Sukra Wagé nuju tanggal, ping tri likur Rabyalakir, taun Dal angka warsi, wiku suci ngèsthi ratu, katêtuman sungkêmnya, ing narèswara wit saking, kantun mangsul sih Nata lir| truh sarkara.

 

Kata telah terbatas tak mampu menjawab, waktu selesainya cerita Jumat Wage tanggal dua puluh sembilan Rabiluakhir tahun Jimawal 1847. Selalu dinanti persembahannya oleh sang raja karena membuat raja kembali senang bagai tersiram kata-kata manis.

—————————–+ 

Umur naskah adapt diketahui dari keterangan waktu selesainya naskah ditulis, yakni pada hari Sukra Wage (Jumat Wage), 23 Rabiulakhir 1847 tahun Dal atau 17 Pebruari 1917 M. di tulis oleh Ngabehi Atmasukadga.

 

~ @@@~

%d bloggers like this: