alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT WULANG WANITA


PUPUH I
DHANDHANGGULA 

  1. // Murweng sarkara nata sung wangsit / mring sagunging wanita kang samya / winengku marang priyane / kudu manut sakayun / ngayam-ayam karsaning laki / lelejema mrih rena / karanane iku / dadi jalaraning tresna- / ning wong priya yayah guna lawan dhesthi / pasthine mung elingan //
  2. // Aywa linglung lengleng nora eling / lalu lina lelabaning lara / badan tumekeng atine / titi tan mikir wuruk / angrerusak budi tan wening / sangsaya mring sarira / ras-arasen nurat / wulanging bapa lan biyang / yekti pantes tinurut jer iku dadi / jalaraning tumitah //
  3. // Tetepana tartamtuning estri / pan pinetri wewadining badan / dadi tartip iku rane / tartip tegese urut / runtut titis wajibing estri / titis bener tegesnya / nering driya iku / ywa liya mring lakinira / rah-arahen  ywa arda driya den manis / ulat wijiling sabda //
  4. // Dadi kanggo tinuruting laki / jer ta sira miturut tur awas / marang karsaning lakine / nuraga dadi iku / marmaning Hyang asih mring dasih / sumingkir duka cipta / iku adatipun / labet labuhaning kuna / kang kasusra wanita kanggo ing laki / yogya linaluria //
  5. // Myating solah myang karsaning laki / kira-kira mrih reseping karsa / dadi timbang mrih perlune / laki kongasing kalbu / bungah lengah-lengeh kang estri / tinurut kasembadan / tan cuwa tyasipun / lir taru katiban warsa / ngrembaka ron kembang pentile andadi / tentrem tan walang-driya //
  6. // Driyanira den tentrem ywa gingsir / sarwa bisa wajibing wanita / miranteni busanane / priya myang dhaharipun / ingkang dadi kareming laki / pinatut wayahira / sarapane esuk / tengange lan lingsir surya / tengah wengi byar esuk sayoga salin / tan bosen mamrih lejar //
  7. // Jer ta iku dudutaning pikir / dadi sumeh semune tan giras / tentrem krasan neng wismane / yekti sira kang untung / tinunggonan nora ngembani / lamun sira sembada / sariranta iku / bebresih wida myang sekar / sawatara dadi panggugahing ati / lakinta nora kemba //
  8. // Bisikane sang raja ing Demis / pan wus umum sakehing wanita / gung nepsu cupet budine / lalen dhemen ginunggung / nora ketung bayar rong ringgit / janjine ana ujar / ngrika wonten dhukun / bisa nyarati wanita / jambe suruh saranane kanggweng laki / ginugu tan tinimbang //
  9. // Mula akeh wanita yen laki / pitung dina branane wus bebas / pinunjungken mring dhukune / tombok darbeking kakung / busanadi prabot anangkil / konangan jinemalan / tur sudasihipun / awak lesah ati susah / tan tinulung mring lakine muring-muring / gering cekek dadakan //
  10. // Ngagak-agak sebute dharindhil / iya talah nora kaya ingwang / teka dadine mangkene / parikan pantek kayu (paju) / uler siti kang mongsa sikil / majwewuh mundur wirang- / nging wus watakipun / wanodya yen lagi susah / tansah katon bapa biyung den aturi / pae yen kanggweng krama //
  11. // Lali lamun jalaraning urip / pijer mikir sukane don karsa / ingundang keh semayane / nanging kalamun padu / jaranthalan prapta pribadi / dhuh adhuh wong wanita / sun puji tyasipun / mituruta sakeh wulang / lerepena driyanta supaya dadi / tuladan marang putra //
  12. // Jer ta lumrah wong iku sesiwi / yen alaa nenulari putra / dadi tan ana ajine / tininggal bapa biyung / ngayang-ayang tanna ngajeni / sama-sameng tumitah / uripe ngalincut / cinacat turuning sudra / mider-mider mring lyan praja samya uning / yen iku trahing kompra //
  13. // Angalompra tangeh wruhing becik / goroh umuk tur sugih carita / yaiku dadi gelare / mrih kandel mring lyanipun / pakantuka gone ngapusi / sire lir pokrul jendral / bisane calathu / iku wong durjana sabda / dipun eling sakehing manungsa sami / ywa kongsi nandhang bronta // 

PUPUH II
ASMARADANA

  1. // Ywa lalu mandayeng laki / lali pijer don asmara / kalimput mung suka bae / yogya sira memujia / sakadaring wanita / titise dadi tan cubluk / sudibya ngungkuli bapa //
  2. // Pan mangkono wong aurip / jangkane kudu jinangkah / kang ririh amrih ywa cewet / katekan sakarsanira / lumintu tan rekasa / pae karsa kang kasusu / suh sirna tanpa karana //
  3. // Sumaraha mring Hyang Widhi / kang asung urip mring sira / den rapet ngadu pasemon / semuning Gusti kawula / den jumbuh ywa bencorah / ngarah lestarining kusuk / pasemone pinrih jomblah //
  4. // Jomblah wanuh ingkang wredhi / mangkene upamanira / pawestri iku wajibe / den weruh budining priya / dimen tuk sih tan kendhat / bokmanawa wuwuh-wuwuh / wahaneng tyas marang sira //
  5. // Ruwiyaning para putri / ing kuna wus cinarita / ing Ngarab myang Jawa kene / kang utama piniliha / sakadaring sarira / linaras lan jamanipun / mrih tumrah tinoning kathah //
  6. // Pathining we jalanidhi  / ron lempuyang misih mudha / wus sayah kang ngripta mangke / aririh dera mangarah / runtute kang wiyata / tarlen mung dadya pangemut / tyasing wanita mrih arja //
  7. // Kasmaran ngungune guling / angripta kadi supena / sedya andugekken maneh / pitutur mring pra wanita / yogyane baresiha / jro wisma myang badanipun / mrih rahabing kadang mitra //
  8. // Ingkang sedya amartuwi / pirangbara lamun bisa / nyugata amrih sukane / kadang mitra ingkang samya / tuwi krasan rerasan / saking bisa tindak-tanduk / ingaranan bojakrama //
  9. // Boja  suguh ranireki / krama tembung kang mrih lejar / tyasing tamu mrih jenake / tan age mulih dumadya / pratandhane yen sira / sinihan sesaminipun / janma yogya linuria //
  10. // Karanane wong antuk sih / ing manungsa iku tondha / Hyang Manon kang ngosikake / den agung sukuring Suksma / muga ta lestaria / sihing Hyang turun-tumurun / tumekeng dina kiyamat //
  11. // Mupangati lair batin / wong sinihan sameng titah / tumruntun prapta drajate / sasedyane pan tinekan / mangkana adatira / manungsa kang arsa luhung / sumingkir marang kanisthan // 

PUPUH III
KINANTHI

  1. // Nganthia wulanging ratu / kang wus mashur nguni-uni / budweslam samya tetilar / nalar kang amrih nulari / mring budi dadine jembar / brekahi mring anak rabi //
  2. // Pirabara lamun sarju / liyaning ahli kapengin / miturut wiyata arja / ujer iku mufangati / mring badan lan ahlinira / resep antuk kojah becik //
  3. // Cobanen kalamun ngrungu / ujaring kang dadi wiji / wijining utameng karsa / yekti tentrem tyas kang gingsir / lan sire dhewe sulaya / janma len yekti tan sudi //
  4. // Darbe mitra kang kadyeku / tan wande andarawasi / nulari sakehing nalar / milar milalu medeni / wis aja sinruwe padha / wong ingkang pangawak dhemit //
  5. // Dhemen wadul lir wong nglindur / dora ragane mrih becik / cilakaning lyan sinedya / kadya setan nunggang ilir / saben nglilir angupaya / luputing tongga pinikir //
  6. // Keri gatel lambenipun / kalamun nora ngrasani / mring konca mitra kekadang / iku tetela yen dadi / awak uwong ati setan / tan kena dipun tambani //
  7. // Pantes ngalap opah iku / saben sasi sing pulisi / cukup digo tuku madat / lan pacitan sawatawis / yen wus seger nuli lunga / golek warta mrih bilai- //
  8. // Ning wong kang nora tartamtu / mung tamtu antuk pawarti / tinata denira dora / supadya kandeling wingking / wuwuh blonja wuwuh madat / awak kuru gelis mati //
  9. // Patine akeh kang sukur / saksat kelangan kalilip / nora gedhe nanging lara / marang mata brebes mili / mulane para sujanma / aja kadi dhuwur iki //
  10. // Pikiren utamanipun / solah muna lawan muni / ron roda kinarya ajang / gong alit munggel irami / pikiren dhingin supaya / tan kabanjur tindak nisthip //
  11. // Buring carma aranipun / ibu Sang Duryudanaji / lestarining barang karsa / angel lamun tan ngawruhi / sasmitaning mongsakala / lalu luluh tan pakolih //
  12. // Pilihen wong urip iku / utama kalawan nisthip / begja kalawan cilaka / andhap luhur iku sami / wus ginelar aneng wulang / ywa lalu gone nglaluri //
  13. // Jaman katon jroning turu / marga we kang munggeng tritis / den kaepi sakeh wulang / tinimbang mrih babar budi / budiman baboning gesang / sarana parek mring Gusti //
  14. // Gusti iku keh liripun / gusti lair gusti batin / laire sri naranata / ing batin kang maha suci / karone kudu sinembah / mrih utameng dunya ngakir //
  15. // Mapan pae patrapipun / sembah lair sembah batin / laire sarana tangan / batine dumunweng ati / tinata dipun tetela / laraping don pinrih titi //
  16. // Tartip tetep titis teguh / ginodha gunging pangeksi / tan rinungu tan rinasa / mung ngrasa nikmating ati / ati runtut wus tinata / tataning tindak utami //
  17. // Rinambah liring pitutur / marang samoaning estri / den alus jatmikeng tingkah / lire sabdanira manis / supadya dadya nang-onang / sengseming driya mimbuhi //
  18. // Den awas sasmiteng dunung / dununge karsaning laki / dhuh babo babo wanodya / yen tan wruh karsaning laki / rudah ing cipta tur dadya / kuwur ngawur kowar-kawir //
  19. // Kaweran ing genging napsu / kesusu tan antuk kasil / kesliyo tyas temah ngredha / kena karencaneng eblis / lah ta mulane wanita / den samya amerak ati //
  20. // Titikane duk ing dangu / wanita ingkang utami / tuladan ing kuna-kuna / caritaning umat singgih / supadya antuk utama / utameng sagung dumadi //
  21. // Dhuh babo babo wong ayu / ….. apasihaning Widhi / dimen tulus ayunira / ….. pasihan lestari / tan pegat sinung darajat / apan sira wruh ing wangsit //
  22. // Sesiku kang mrih …..smu / poma-poma den kaesthi / supaya antuk sihira / ing lakinta awal akir / dadi awak tanpa ….. / neng dunya wimbuh kamuktin //
  23. // Gampang wong suwiteng kakung / mung miturut ing sakapti / nastiti sawuwusira / aywa wani nyenyampahi / nadyan karyaa legawa / den bisa manuju kapti //
  24. // Kancana kang mung bau (gelang) / ayam kang kekuncung Gusti (merak) / gegulangen saben dina / mrak ati muna lan muni / tur dadi sukaning driya / lumunturing sih kawijil // 

PUPUH IV
M I J I L

  1. // Darunanireng Hyang Maha Suci / nganakken punang wong / jalu estri pan padha perlune / wujud priya lantaraning wiji / estri kang madhahi / kumpul dadi wujud //
  2. // Yen wus wujud obah aran urip / wajibe tetakon / sajarahe ingkang nganakake / kang asareh pitakone titi / patitising wiwit / pungkasaning mantuk //
  3. // Supayantuk marga ingkang sidik / dadi mulih mring gon / gone lawas tan uwas wus wenteh / wus tan was-was wanuhe wus lami / memitran wit eling / winulang mring guru //
  4. // Guru iku lantarane yun wrin / wajibing tumuwoh / wohing kamal dununge sang rajeng / den waskitha semune Hyang Widhi / mandhiri sajati / jatine mung iku //
  5. // Kang sinebut pinuja-pinuji / yekti mung Hyang Manon / nabi wali oliya myang rajeng / apan pantes pinuji mring janmi / sabab iku sami / kekasih Hyang Agung //
  6. // Yen manungsa liya sri bupati / Ngabdul araning wong / apan jemak lan manungsa kabeh / mung pinurih aywa srik ing galih / lumintu mrih puji / ing manungsa iku //
  7. // Kudu-kudu tinarimeng ati / manawa kapergok / nabi Allah kang mindha druwise / jabat akeh tuladhane nguni / malekat pi-api / namur anjejaluk //
  8. // Mung carita dudu zaman mangkin / samengko tan kanggo / mung pinirit jumbuhing mangsane / dadi nora kaelangan lari / ngleluri utami / mamrih sugih kang wruh //
  9. // Wruha ing ala kalawan becik / saking wulang ing wong / ingkang wasis waskitha budine / pan ingetrap neng dluwang lan mangsi / sinimpen mring ahli / kitab aranipun //
  10. // Kitab saking Kuran asalneki / Kuran sing Hyang Manon / ya ta mongsa Allah nulis dhewe / pasthi nyambat manungsa kekasih / tinrap neng jro ngati- / ning manungsa iku //
  11. // Jer ta ana kang muni jro dalil / rapale mangkono / kalbu mukmin ya betolahine / ing tegese ati ingkang mukmin / ingaken sayekti / unggyaning Hyang Agung //
  12. // Basa mukmin manungsa wus napi / liyane Hyang Manon / dadi kayun pidareni rane / wong kang manuh manggone kekalih / dunya den dunungi / ing akerat jumbuh //
  13. // Wus pinunggel pitutur mring estri / sedhenge semono / pan kaselan lagi mikir pones / Rebo Kliwon ping telu kang sasi / ing Rabingulakir / Galungan kang wuku //
  14. // Kang mongsastha Kunthara warsa Lip / sangkala rinaos / kawileting kawi wangsalane / yitmeng praja cipta kang kawijil / kangjeng sri bupati / karsa amanawung //
  15. // Drenging driya tansah amemuji / kalipahing Manon / yun mangesthi sang prabu ing mangke / wulang tumrap marang para estri / mrih ayu pinanggih / wit wekasanipun // 

@@@

BABAD DIPANEGARA II



PUPUH XII
D  U  R  M A 

  1. Kawarnaha wau Pangeran Jakarta, nulya mepaki wadyeki, nenggih prajuritnya, Betawi winetara, sewu mapan langkung kedhik, Gurnadur mirsa, nulya mepak Kumpeni.
  2. Gangsal atus mapan punuka sedaya, wong sabrang warna warni, pan sampun sumekta, nulya mendali yuda, wus campah kang ngajurit, pan kathah pejah, wau wadya Betawi.
  3. Datan kathah nadhani pengedrelira, wus mundur wong Betawi, binerek kewala, sira Pangran Jakarta, kuthanya wus den anciki, Pangran nulya lolos sa anak rabi.
  4. Donya brana mapan kantun sedaya, nanging kang anak rabi, kang meksih tut wuntat, wong Betawi sedaya, mapan sampun samya balik, Pangran karsanya, mapan atur upeksi.
  5. Mring Mentaram datan winarna ing marga, Mentaram sampun prapti, mapan sampun panggya, lawan Ki ADipatya, Singaranu Kyana Patih, Pangran Jakarta, wus katur niskareku.
  6. Langkung kagyat Ki Singaranu miharsa, lajeng katur Sang Aji, gya nuding Nalendra, ingkang kinen ngluruga, Ki Mandurareja iki, sakancanira, pangiwa kinen ngerig.
  7. Lan Bupati Wangkit sakilen Semarang, pan kinen bekta sami, gya nembang tengara, budhal sawadya kuswa, gumuruh swaraning jalmi, anulya budhal, sagung wadya Mentawis.
  8. Ki Mandurareja pangiriding lampah, medal dharatan sami, sangking gunging wadya, wana jurang kabekan, mapan dadya marga sami, datan sami, datan winarna, marga Betawi prapti.
  9. Langkung geger Betawi samya wong desa, mapan samya angili, Gurnadur wus mirsa, sigra nembang tengara, wus pepak bala Kumpeni, lawan wus kathah, ingkang prapta bantoni.
  10. Kalih ewu langkung kedhik kewala, samya siyageng jurit, kang arsa methuk yuda, tan pantara wus budhal, kawarna wadya mentawis, yen sampun pirsa, arsa pinagut jurit.
  11. Ki Mandurareja nulya tata tata, ingkang dadya pangirid, pasisir sadaya, nenggih Pangran Sumedhang, lawan ing Tegal Dipati, sampun sumekta, nulya tengara muni.
  12. Cucuking prang pan sampun ayun ayunan, wus ingabanan sami, nulya campuh ing prang, pan sampun ayun ayunan, pangedrelo kang Kumpeni, lir gunung rebah, mawut wadya pasisir.
  13. Datan tahan ingudanan mimis samya, nulya kang praDipati, angawaki yuda, lan sagung wong Mentaram, kang dadya pangawat kering, Pangran Sumedhang, kanan Dipati Tegil.
  14. Ki Mandurareja pan wus dadya dhadha, rempek pangamuk neki, wong Kumpeni tadhah, sanget pangedrelira, nanging wus datan preduli, kang pra Dipatya, lawan wadya Mentawis.
  15. Samya nusup ing kukuse kang senjata, dadya kuweling jurit, senjata wus pejah, kantun ngamuk kang pedang, nanging wus tan miyatani, Kumpeni telas, lumayu inglang urip.
  16. Ngungsi kitha wong Mentaram sampun prapta, ingkang samya nututi, mriyem sinuledan, kang aneng luhur ika, ing beteng lir gelap swarneki, wadya Mentaram, dadya menggah pan sami.
  17. Ki Mandurareja lan kang pra Dipatya, mapan rembagan sami, kinepung kewala, kitha inten punika, derapon ngenes saiki, nulya kinepang, Kumpeni ambedhili.
  18. Saking luhur ing beteng mapan kiwala, pan wus tan bisa mijil, ing tyas langkung giras, lan mega binedhilan, pan sampun miharsa warti, Pangran Purbaya, saget ngambah wiyati.
  19. Rinten dalu kang senjata berondongan, dene wadya Mentawis, pan eca kasukan, mengkana pirembagan, Pangran Sumedhang tur neki, mring Ki Mandura, ki lurah yen suwawi.
  20. Inginggahan kang kitha inten punika, saging konca Dipati, samya nginggahana, tiyang alit sedaya, sampun wonten tutumut jurit, dugi kawula, sampun alit kang galih.
  21. Sendawanya sampun tipis dugi kula, rembag kang pra Dipati, nulya sareng mangkat, kutha inten wus prapta, tan pantaran gya rinampit, Gunadur nulya, langkung gugup ngabani.
  22. Kang mariyem pan sampun sinuledan, pan anglir gelap muni, nengah pra Dipatya, pan rempek ajengira, tan ajrih swaraning mimis, langkung gugupnya, kang neng jro beteng sami.
  23. Dadya telas kang pelor tinja kinarya, mapan tepiyo sami, karya nyendhoki tinja, mengkana Ki Mandura, mapan kenging mimis tahi, ingkang salira, mapan galuprat tahi.
  24. Miwah para Dipati hiya mengkana, pan nungur nungur sami, dadya undurira, sedaya dening tinja, dadya mesanggrahan malih, pan samya siram, henengena ingkang winarni.
  25. Kangjeng Sultan animbali mring kang uwa, Pangran Purbaya prapti, jeng Sultan ngandika, wus sampeyan pirsa, tangled tiyang mentawis, pan sampun lama, tan wonten wartineki.
  26. Kangjeng Pangran Purbaya matur sendika, nulya selamun nuli, wus lengser sing ngarsa, datan ambekta bala, nging ponakawan kekalih, ngampil ganthennya, lan pakecohaneki.
  27. Sampun prapta jeng Pangran nitih bahita, pecala bahita lit, ran Ki Kaladuta, wus lepas lampahira, aneng satengah jeladri, kapethuk nulya, bahita kapal iki.
  28. Mapan bantu saking nagari Walonda, pan lajeng amriyemi, nging Ki Kaladuta, tan kendel lampahira, mergi kapal Kumpeni, dadya grahita, sagung wadya Kumpeni.
  29. Baya iki wong Jawa kang wus kacrita, saka nagara mami, kang aran Pangeran, Purbaya duganingwang, dene teka bahita lit, kang tinunggangan, bisa nengah jeladri.
  30. Datan gawa rewang mung loro ika, pan padha lare cilik, ya bilahi sira, dene kepasang yogya, nulya ngedrel lan mriyemi, Ki Kaladuta, akas lampah lir angin.
  31. Wus kaliwat pelore ingkang senjata, nulya ambetus sami, lir gelap swaranya, mapan samya bahita, rempu kapaling Kumpeni, kerem anulya, wonten kang nunggang sami.
  32. Pan sekawan anenggih prahu penJawat, lumajeng den tututi, mring Ki Kaladuta, kacandhak binentusan, rempu sedaya pan sami, kerem palastra, tan ana kari siji.
  33. Pitung atus winetara kathahira, telas tanana keri, lajeng Kaladuta, tan pantara wus prapta, anenggih nagari Betawi, kang pra Dipatya, langkung gugup tyas neki.
  34. Mulat lamun Kangjeng Pangran Purbaya, rawuh dhateng Betawi, sagung pra Dipatya, rumahos tampi duka, Ki Mandurarejo nuli, nembang tengara, loji renempid malih.
  35. Kangjeng Pangran Purbaya aris ngandika, padha menenga dhingin, ingsun iki prapta, tan kinen ngadu yuda, nging kinen mariksa iki, marang ing sira, lawan pan margoki.
  36. Nora sira bedhah iya betengika, yen tan kelar sireki, nora tur uninga, tumungkul ki Dipatya, tan saged matura sami, Kangjeng Pangeran, nulya ngandika malih.
  37. Alah payo ingsun sira tuduhena, aja na gawa jalmi, marang ingkang aran, kutha inten yun wikan, sendika kang pra Dipati, samya kapalan, wolung dasa wetawis.
  38. Prapta pinggir beteng nulya geger samya, mariyem den suledi, lan ngedrel senjata, mesem Pangran Purbaya, sarta angandika aris, eh si Welonda, dene kepati pati.
  39. Ngendelake iya iku bedhilira, lawan betengireki, nulya tinudingan, benteng bedhah sekala, mapan iya sedheng jalmi, saya gegernya, kuwur tyasnya Kumpeni.
  40. Kangjeng Pangran nulya wangsul mesanggrahan, sineba pra Dipati, nulya ris ngandika, paman Mandurareja, lan sagung kang pra Dipati, padha kariya, lan aja magut jurit.
  41. Mapan ingsun ayun mulih mring Mentaram, pada barisa sami, aja magud yuda, kelamun durung ana, utusan teka Mentawis, kang pra Dipatya, sandika aturneki.
  42. Kangjeng Pangran nulya kondur nitih palwa, Ki Kaladuta iki, rikat lampahira, datan winarneng marga, jeng Pangran mapan wus prapti, Kanjeng Pangran, kondur dhateng Mentawis.
  43. Sampun prapta lajeng sohan mring kang putra, Kangjeng Sultan wus panggih, lajeng Jawat asta, Sri Nalendra ngandika, atanya marang kang uwa aris, kados punapa, wertine ing Betawi.
  44. Kangjeng Pangran mapan alon aturira, dene inggih Betawi, mapan sampun risak, ing loji dereng bedhah, kelamun dipun bantoni, sepisan engkas, kados bedhah kang loji.
  45. Kangjeng Sultan mapan aris angandika, sampun karsaning Widi, pan punika uwa, benjing sapengker kula, dados kanthi ingkang wingking, turun kawula, punika kang ngembani.
  46. Sampun pesthi kersane Allah Tangala, kapir jaler ing jurit, ing sapengker kawula, uwa kapir punika, mapan inggil jurit neki, neng Tanah Jawa ngantos tri atus warsi.
  47. Yen wus jangkep tigang atus warsa uwa, kapir neng Tanah Jawi, pan lajeng misesa, ngakon ratuning Jawa, punika uwa ing benjing, pan wonten uga, uwa karsaning Widi.
  48. Kang nandhingi yudane kapir punika, mapan risak kang benjing, nging waluhu alam, uwa lestarinira, marmane uwa ing mangkin, kajeng kawula, kang baris ing Betawi.
  49. Mapan ayun kawula unduraken uwa, nanging inggih pun kapir, tinantun kewala, punapa ta puruna, teluk lawan bataneki, Pangran Purbaya, kasinggihan tur neki.
  50. Kangjeng Sultan nimbali Ki Wiraguna, pan sampun prapta ngarsi, jeng Sultan ngandika, ya sira Wiraguna, ing mengko sira sun tuding, sekancanira, maranga ing Betawi.
  51. Anusula lakune Mandurareja, wus padha konen mulih, nanging si Welanda, iku sira tariya, konen atur bulu bekti, marang Mentaram, wus ta mangkata nuli.
  52. Atur sembah Ki Tumenggung Wiraguna, wus lengser saking ngarsi, gya nembang tengara, mangkat sakancanira, datan winarna ing margi, Betawi prapta, Ki Mandura wus panggih.
  53. Lan Pangeran Sumedhang sakancanira, sagung kang pra Dipati, samya salamun, lan Kyai Wiraguna, sedaya sampun weradin, Ki Wiraguna, nulya dhawuhken iki.
  54. Ing timbalanira Kangjeng Sri Nalendra, marang Ki Mandura iki, lan sagung Dipatya, samya tumungkul ika, tan wonten saged mangsuli, rumahos tiwas, henengena ingkang winarni.
  55. Kutha Inten anenggih Gurnadur Jendral, pan sampun miharsa warti, bantu ageng prapta, tindhihnya Pangran Purbaya, lan miharsa warta malih, yen bantunira, telas aneng jeladri.
  56. Pan kapethuk kalawan Pangran Purbaya, lan wus wikan pribadi, mring Pangran Purbaya, yen kutha tinudingan, kewala bedhah ing mangkin, lawan wus telas, nenggih kang obat mimis.
  57. Dadya telas tyas sira Gurnadur Jendral, rumahos tumpes sami, pan ayun teluka, tan angsal pados marga, dadya langkung tyas sireki, dennya sungkawa, henengna gentya winarni.
  58. Ki Tumenggung Wiraguna pirembagan, lan sagung pra Dipati, pan ayun urusan, marang Gurnadur ika, lawan serta mawi tulis, Ki Jiwaraga, wau ingkang tinuding.
  59. Tur sandika sampun lengser saking ngarsa, kutha Inten wus prapti, Gurnadur anulya, sampun sinung uninga, yen wonten duta nireki, Ki Wiraguna, kang serta mawi tulis.
  60. Langkung suka tyas sira Gurnadur ika, gya methuk kori jawi, mapan sampun panggya, lan Kyai Jiwaraga, pan lajeng binekta manjing, mring loji ika, langkung panyubaneki.
  61. Mapan nulya pinaring ika nuwala, nulya winaca nuli, kelangkung tyas ira, asrep Gurnadur ika, rumahos yen angsal urip, wus keri dika, datan mawi Kumpeni.
  62. Nanging lawan kapitan lan juru basa, mapan sampun kapanggih, lan Ki Wiraguna, lan sagung pra Diptya, mapan atabeyan sami, kelangkung suka, tyasnya Gurnadur iki.
  63. Dhinawuhan yen sampun angsal apura, saking jeng Sri Bupati, nanging saben warsa, nenggih kinen sohana, lawan atur bulu bekti, marang Mentarum, nging wakila prayogi.
  64. Tan kalilan yen sira dhewe lumampah, iya marang Mentawis, Gurnadur aturnya, inggih sandika, wus rampung saneskareki, Ki Wiraguna, anulya den aturi.
  65. Lawan sagung wau kang pra Dipatya, mariksa kitha nuli, Gurnadur utusan, wau kang juru basa, ingkang kinen ngrumiyini, ngresiki kitha, Ki Tumenggung lumaris.
  66. Lawan sagung wau kang pra Dipatya, Gurnadur datan tebih, sampun prapta kitha, langkung pasunggatannya, Gurnadur mring pra Dipati, lan tur aturnya, kang badhe mring Mentawis.
  67. Warna warna ingkang nora nana, lawan pasungsung neki, mring sagung Dipatya, apan sampun warata, sawusnya tabeyan sami, nulya budhalan, mundur dhateng Mentawis.
  68. Tan winarna marga Mentawis wus prapta, lajeng sohan sang aji, wus katur sedaya, solahira dinuta, lawan atur atur neki, Gurnadur Jendral, mapan wus katur sami.
  69. Mapan kathah kelangkung awerna werna, lajeng samya pinaring, mring sagung punggawa, weradin sawadyanya, mengkana pan sampun lami, ing saben warsa, mapan tur bulu bekti.
  70. Ing Betawi inggih dhumateng Mentaram, Gurnadur mapan wakil, nenggih Kapitan Temas, sohan ing saben warsa, serta bekta bulu bekti, nging kendelira, ing kehijenu iki.
  71. Tur uninga marang kyai Adipatya, Singaranu anuding, wong gandhek kewala, nenggih Ki Jiwaraga, ingkang kinen ananpeni, panginep sira, kalilan pitung bengi.
  72. Tata tita mangkana mapan wus lama, Pangran Jeminah nenggih, mapan sampun seda, ingkang putra gumantya, anama Pangran nenggih, Riyamenggala, dadya bantheng Mentawis.
  73. Kangjeng Pangran Purbaya inggih wus seda, ingkang putra gumanti, meksih namanira, nenggih Pangran Purbaya, Kangjeng Sultan kang winarni, langkung tyas ira, tinilar kang wa kalih.
  74. Saya sanget birahi marang Hyang Sukma, rumahos tanpa kanthi, angles ingkang driya, aneng kluwat kewala, wus tampi wangsiting Widi, lamun wus celak, Jeng Sultan mring ngisiki.
  75. Nulya miyos animbali mring kang putra, nenggih Pangeran Dipati, sampun prapta ngarsa, Sri Nalendra ngandika, kulup marma sun timbali, den becik sira, ingsun meh prapta jangji.
  76. Kangjeng Sultan kang putra nulya winejang, mring ngelmu laduni iki, wus karsa Hyang Sukma, landhep ing tampinira, nulya kinen animabali, mring Kyana Patya, lawan pangulu kalih.
  77. Sampun prapta Kangjeng Sultan ngandika, dhateng Rekyana Patih, lan pangulu ika, lah padha undhangena, lamun iki putra mami, Ki Adipatya, genteni marang mami.
  78. Wus jumeneng amengku Ing Tanah Jawa, gumanti marang mami, sedaya tur sandika, sami tumungkul ika, lawan ngemu waspa sami, ajrih matura, mapan rumahos iki.
  79. Yen tinilar Kangjeng Sultan wus uninga, semunya punggawa tri, nulya ris ngandika, dene bebekal sira, apa wekasaning ngurip, pan samya tompa, nulya nerah karsa ji.
  80. Lawan enget marang purbaning Hyang Sukma, wus samya lejar iki, Jeng Sultan angandika, wus ta padha muliha, kalawan Ki Adipati, angkaten nulya, sakawan ngujung sami.
  81. Sampun lengser saking ngarsaning Nalendra, tumedhak saking wukir, sampun prapta kreta, Ki Singaranu nulya, amepak kang pra Nrepati, lawan sentana, Bupati ageng alit.
  82. Wus jumeneng Kangjeng Pangeran Dipatya, Kangjeng Sunan Mentawis, pan ngestoken samya, sagung wong Tanah Jawa, Kangjeng Sultan kang winarni, nimbali ika, Kangjeng Ratu wus prapti.
  83. Mapan kinen angladosi gennya siram, nging lawan juru kunci, sakawan punika, gapura kinencenan, lawan parekan satunggil, pan Palawija, ni Repet westaneki.
  84. Nulya siram mila mengkana Jeng Sultan, sampun ira dumugi, nulya abusana, kang sarwa suci ika, lajeng ta sarehan nuli, neng sandhing kluwat, nulya surut sang aji.
  85. Mapan lajeng sinarekaken kewala, obahing Tanah Jawi, langkung gora gora, surya sasi grahana, sedaya pannyana sami, lamun Jeng Sultan, kondur mring Rahmatulahi.
  86. Kangjeng Ratu nututi let telung dina, lan nyai Repet iki, henengna kang wus munglya, Kangjeng Sultan winarna, tan arsa ngedhaton iki, wonten ing kreta, dadya yasa pribadi.
  87. Kadospaten kang lajeng kinarya praja, Palered westa neki, langkung agengira, lawan yasa segara, sampun karsanya Hyang Widi, Kangjeng Suhunan, marang karsanireki.
  88. Mapan nilar lawan duk swargi kang rama, garwanira kekalih, kang sepuh punika, pan saking Surabaya, ingkang anem putraneki, Pangeran Harya, Menggala pan wus sami.
  89. Apeputra ingkang saking surabaya, pan wus jumeneng iki, Pangeran Adipatya, kang sampun Jeminahan, Pangran Puger purabneki, Jeng Sunan derman, pan kathah putra neki.
  90. Putra putri mapan satan winarna, nanging pengajeng kalih, mengkana Jeng Sultan, pan kathah kersanira, lawan assuring remen nenggih, nglahirken ika, mring hasibing Hyang Widi.
  91. Dadya samya jrih giris sagung punggawa, malah Pangran Pekik, pan sampun sinedan, dadya Pangran Dipatya, kelangkung denya prihatin, sasedanira, ingkang eHyang Pangran Pekik.
  92. Kangjeng Pangran nimbali marang kang EHyang, Pangeran Kajoran prapti, gya binobot karya, saguh Pangran Kajoran, kang kinarya sawung neki, nenggih sang Adipati.
  93. Ing Kadhiri westa Raden Trunajaya, mengkana sampun dadi, lan prajangji nulya, semana tan winarna, mapan wus umadeg baris, Sang Trunajaya, aneng nagri Kadhiri.
  94. Mapan sewu prajurit Sampang Mandura, kalawan wonten malih, nenggih wong Mekassar, tigang atus wetara, Raja Glosong westaneki, pengangengira, mengkana pan wus dadi.
  95. Ing Bang Wetan mapan wus teluk sedaya, sagung para Dipati, mring Sang Trunajaya, mengkana wus kapirsa, saking nageri Mentawis, Kangjeng Suhunan, mapan anulya anuding.
  96. Mring kang uwa Kangjeng Pangran Purbaya, lawan kang para Dipati, panengen sedaya, sampun nembang tengara, wus budhal saking Mentawis, Sang Trunajaya, mapan sampun miharsi.
  97. Nulya nuding mring kang putra Mekassar, Raja Glosong iki, lan sagung Dipatya, ing bang wetan sedaya, kang kinen methuking jurit, nulya tengara, wus budhal sawadyeki.
  98. Tan winarna ing marga pan sampun prapta, ing demung tata baris, wadya ing Mentaram, datan pantara prapta, anulya campuh ing jurit, pan long linongan, langkung rame ning jurit.
  99. Datan ana kuciwa ingkang ngayuda, pan wus kersaning Widi, Jeng Pangran Purbaya, kenging mariyam ika, ing wentis ira kang kering, datan tumama, mapan lajeng ngemasi.
  100. Wus rinebat lang layon mring pra sentana, nulya mundur pan sami, dhadhal wong Mentaram, bereg wadya bang wetan, anuli kasaput wengi, wadya bang wetan, pan mesanggrahan sami.
  101. Langkung suka wong Mentaram tan winarna, undunya lan prihatin, pan samya karuna, kecalan senapatya, dalu mapan lajeng sami, budhal sedaya, kang manah langkung geris.
  102. Raja Glosong mapan lajeng tur uninga, lamun lananging jurit, angsal senapatya, nenggih Pangran Purbaya, ingkang kesambut ing jurit, wadya Mentaram, wus dhadhal wangsul malih.
  103. Langkung suka sang aprabu Trunajaya, mapan lajeng ngaturi, mring Pangran Kajoran, prapta ngaturan wikan, yen Pangran Purbaya lalis, Pangran Kajoran, sika ngandika aris.
  104. Yen mengkana pa yo kulup wus den lagar, iya praja Mentawis, wus ilang banthengnya, iku Pangran Purbaya, tan ana boboting malih, nadya akeha, pan wus nora wigati.
  105. Prabu Trunajaya wus nembang tengara, budhal saking Kedhiri, lan Pangran Kajoran, arsa nglagar Mentaram, prapta ing Demung wus panggih, lawan kang putra, Raja Galongsong nenggih.
  106. Nulya lajeng samya mangkat mring Mentaram, henengna ingkang winarni, wadya ing Mentaram, ingkang samya kaplajar, sampun katur mring sang aji, lamun ingkang wa, sampun kesabut ing jurit.
  107. Lawan malih wadya ing bang wetan ika, mapan samya nututi, mengkana sang nata, langkung ngunguning nala, kalamun kang wa kajodi, karsaning sukma, lan nuju grerah aji.
  108. Ingkang putra Kangjeng Pangeran Dipatya, pan sampun dhawuhi, kinen methuk yuda, lan sagung wong Mentaram, kinrerig sedaya sami, nembang tengara, wus budhal gunging jalmi.
  109. Tan petungan datan kawarna ing marga, nulya kapethuk margi, lan wadya bang wetan, nulya tangled sakedhap, mengkana wadya Mentawis, karsaning sukma, manahe samya alit.
  110. Nora kena tinata mundura kewala, wus karsaning Hyang Widi, magul magul kontal, wong bang wetan punika, dhasar mentas angsal ati, bereg kewala, prapta Prambanan nuli.
  111. Helet empak mengkana pinanggulan, marang Jeng Pangran Dipati, meksa nora kena, wus kathah ingkang prapta, anenggih Palered nagri, pan sedyanira, angrebat anak rami.
  112. La kagyat Kangjeng Pangran Puger ika, lajeng manjing mring puri, ngrebut mring kang rama, mapan ngaturi nulya, lolos Kangjeng Sri Bupati, lan nuju gerah, sanget Jeng Sunan iki.
  113. Lawan sampun pirsa mring gaibing sukma, nulya nurut mring siwi, lajeng lolos nata, anitih tandhu ika, Pangran puger kang ngampingi, dhateng kang rama, lestari kang winarni.
  114. Kangjeng Pangran Dipatya pan jeng ngajengan, lawan prabu Kadhiri, let empak kewala, nulya na atur uninga, yen sampun lolos sang aji, saking negara, Palered pan wus sepi.
  115. Langkung kewran tyasira Pangran Dipatya, dadya yan toleh nagri, nging tresna sudarma, nulya nyamethi kuda, nander nusul kersaneki, dhateng kang rama, wus tan toleh wadyeki.
  116. Dadya budhal barisnya wadya Mentaram, sedya ngrebat nak rabi, supe suba sita, dadya mawus sedaya, Mekasar sampun nututi, brereg kewala, wus bubar wadya Mentawis.
  117. Tan winarna niskara, sang Trunajaya, sampun manjing ing puri, sagung wong bang wetan, mapan samya ajejarah, dadya Palered wus kendhih, mring bang wetan, henengna gentya winarni.
  118. Sri Nalendra rarendhonan lampah ira, saking kathah pawestri, lan rare lit ika, dadya rubet samarga, miyos urut sewu aji, datan winarna, toya mas sampun prapti.
  119. Nulya kendel sang nata amesanggrahan, aneng toya mas nenggih, ngasokaken salira, lan sanget grerah ira, mengkana ingkang winarani, Pangran Dipatya, prapta lajeng nungkemi.
  120. Padanira kang rama sarwi karuna, Sunan ngandika ris, wus kulup menenga, paran mengko wertanya, tan saget matur sang siwi, nata wus duga, nulya ngandika malih.
  121. Paran mengko yen nora sira rebuta, nagrinira nak mami, menawa kalunta, kancikan mring wong liya, Jeng Pangran matur wot sari, manah kawula, pan dereng gadhah kapti.
  122. Pejah gesang mapan yun dherek kewala, Jeng Sunan ngandika ris, apa sira nyawa, wus lila nagrinira, Jeng Pangran aris tur neki, mapan samangkya, sumongga karsa aji.
  123. Sri Nalendra nulya nantun mring kang putra, Pangeran Puger nuli, paran karsanira, apa sira kaduga, angrebut nagri nireki, aris aturnya, Pangran Puger ngabekti.
  124. Pan kewala sumongga karsa Nalendra, kalawan ingkang ngidi, putranta kakang mas, mapan dermi lumapah, ing ngayahan kang sayekti, nata ngandika, marang Pangran Dipati.
  125. Paran sira kulup Dipati ku iya, ature ring rineki, Jeng Pangran aturnya, kawula pan sumongga, anulya ngandika aris, Pangran Dipatya, dhumateng ingkang rayi.
  126. Ya wus adhi ja sira sumeleng driya, mapan jumurung mami, wus mongsa bodhoha, adhi ingsun lan sira, mapan padha anduweni, mesem Nalendra, nulya ngandika aris.
  127. Mring kang putra Kangjeng Pangran Puger nulya, wus kulup sun ngamini, iki kang pusaka, Tarub sira agema, karyanen ngrebut nagari, lan Mondhalika, Gajah Mada sireki.
  128. Padha sira ngembana putra ningwang, poma den ngati ati, kalih tur sandika, nata malih ngandika lawan ing Pagelan iki, sira aduwa, kulup karyanen kanthi.
  129. Wus ta kulup baliya kene kewala, maranga pagelan kaki, atoto totoha, poma aja sumelang, sira marang ingsun kaki, wus karsaningwang, kena sesiku kaki.
  130. Mapan ingsun kulup banjur marang Tegal, poma ja walang hati, angrebut praja, Kangjeng Pangran anulya, sumungkem pada nerpati, lan mring kang rama, ri wus anulya pamit.
  131. Sampun lengser saking ngarsanya Nalendra, ngiring punggawa kalih, Harya Mondholika, lawan Gajah Premada, ing Pagelen sampun prapti, neng Purwaganda, Jeng Pangran tata baris.
  132. Wong Pagelen semena pan sampun prapta, ing Panjer Kalapaking, Kaleng Wirakartya, Grendhetan Tambakbaya, Surajaya Wingka iki, sampun sumekta, sagamaning ngajurit.
  133. Langkung ageng dedamel Pagelen sedaya, wus tata mangkat nuli, anembang tengara, langkung enggar tyasira, kang dadya cucuking jurit, Ki Tambakbaya, lan Ki Surajayeki.
  134. Wirakerti Kalapaking Jayawirya, sampun mangkat nulya glis, Jeng Pangeran ika, nambungi lampahira, Harya Mondholika iki, Gajah Premada, ngampingi datan tebih.
  135. Henengna Jeng Pangran lampahira, Palered kang winarni, Prabu Trunajaya, sampun ngaturan priksa, yen Pangran Puger mangsuli, yun ngrangsang kitha, mesem prabu Kadhiri.
  136. Nulya matah sagung Dipati sedaya, ing bang wetan tan pra sami, kinen methuk yuda, nulya nembang tengara, sampun pepak mangkat nuli, datan winarna, marga kapethuk sami.
  137. Lan dedamel Pagelen campuh kang yuda, wong bang wetan kalindhih, wong Pegelen ika, lir buta tandangira, mapan wus tan mangga puliha, wadya bang wetan, mapan lumayu gendring.
  138. Wong Mentaram apan sampun kathah prapta, saya agung kang baris, Harya Mondholoka, lawan Gajah Premada, wus pepak prajurit neki, henengena, Trunajaya nrepati.
  139. Wus maturan uninga lamun kang wadya, kapelajar ing ngajurid, wadya ing bang wetan, sampun mawut sedaya, tan kenging ing ngaben iki, Pangran Kajoran, nulya ngandika aris.
  140. Yen sembada anak Prabu Trunajaya, becik mundur ta dhingin, mring Kedhiri ika, nadya benjang apranga, sedheng ta kabeh iki, wadya bang wetan, yen wong Pagelen iki.
  141. Lagi wani akumpulan wong Mentaram, abot sangganig jurit, Prabu Trunajaya, mapan nurut kewala, gya budhal sawadya neki, kebut sedaya, Palered pan wus sepi.
  142. Kangjeng Pangran sawadya mapan wus prapta, nanging menangi sepi, lajeng manjing pura, sampun jumeneng nata, ingangkat punggawa sami, lan pra pandhita, julukira sang aji.
  143. Jeng Sinuhun Sunan Prabu ing Ngalaga, sampun mupakat sami, sagung wong Mentaram, lawan Pagelen ika, Harya Mondholika patih, Gajah Premada, punika sisih neki.
  144. Henengna kang sampun jumeneng nata, tetep aneng Mentawis, kawarna Jeng Sunan, kang aneng negri Tegal, saya sanget gerah neki, kinen ngupaya, mring siti ingkang wangi.
  145. Sampun katur Jeng Sunan nulya ngandika, dhateng Pangran Dipati, kulup wekas ingwang, kelamun ingsun prapta, ing jangji kuburen mami, ing bumi ika, kang wangi gandaneki.
  146. Sun arani Tegalarum bumi ika, mapan ngestokken sami, sagunging punggawa, lan jeng Pangran Dipatya, mengkana Sri Narapati, lajeng surudnya, sinarekaken nuli.
  147. Ing sawelingira sampun datan ewah, inggih ing Tegalwangi, henengena kang wus mulya, kawarna ingkang putra, Kangjeng Pangran Dipati, sasedanira, kang rama Sri Bupati.
  148. Langkung sanget prihatin Pangran Dipatya, pan arsa minggah khaji, nulya Jeng Pangran, nimbali Mertalaya, punika Dipati Tegal, wus prapta ngarsa, jeng Pangran ngandika ris.
  149. Mertalaya sira dandan bahita, Mertalaya tur neki, kinarya punapa, gusti mundhut bahita, Jeng Pangran ngandika aris, pan ingsun karya, titihan munggah khaji.
  150. Mapan arsa ingsun khaji marang Mekah, Mertalaya tur neki, luhu jemenenga, mengsah dalem bang Wetan, kawula ingkang nyagahi, nadyan wewaha, gusti semanten malih.
  151. Dereng ulap Kangjeng Pangran ngandika, sun tarima tur neki, nanging ing tyas ingwang, kudu khaji kewala, dene iya Tanah Jawi, pan meksih ana, si adhi ingkang kari.
  152. Mertalaya wus mundur saking ing ngarsa, dandan bahita nuli, kawarna Jeng Pangran, mapan asesarehan, aneng masjid den pateki, mring ponakawan, kalih sarya ngebuti.
  153. Lajeng nendra Kangjeng Pangran asupena, saka gadaning Mesjid, pan jebol mring tawang, lawan ingkang mustana, langit kapitu kaeksi, kang ponakawan, kalih pan ngantuk sami.
  154. Nulya kagyat andulu kang ponakawan, cumlorot saking langit, dhawah ingkang jaja, Kangjeng Pangran ika, nulya wungu dennya guling, Kangjeng Pangeran, wus sanes karsaneki.
  155. Apan ngadeg Jeng Pangran suraning nala, nulya ngandika ris, mring kang ponakawannya, lah sira timbalana, si Mertalaya den aglis, Ki Mertalaya, datan pantara prapti.
  156. Ngarsanira Kangjeng Pangran angandika, wurung mring Mekhah mami, iya Mertalaya, kabeh padha pepakna, sakehe kang pra Dipati, pan ingsun iya, arsa jumeneng aji.
  157. Mertalaya langkung suka manahira, mundur sing ngarsa nuli, panggih Mondaraka, pan sampun dinawuhan, sagung kang para Dipati, pepak sedaya, nulya sohan pra sami.
  158. Sampun prapta ngarsa Jeng Pangran ngandika, sagung punggawa mami, padha ngestokena, ingsun jumeneng nata, ana dene parab mami, Sultan Mangkurat, iya ing Tanah Jawi.
  159. Mondaraka kang ingsun karya warongka, sihan nrang kusumeki, dadi sosorannya, sisih Harya Sindurja, Mangun heneng jajar neki, binareng ika, Mertalaya sang sisih.
  160. Mertapura Suranata Sihurawan, iku sisihan neki, dumurung sadaya, sagung kang pra Dipatya, lajeng ngaras pada sami, langkung tyas sira, ri wus tata alinggih.
  161. Kangjeng Sunan lajeng aris angandika, Mondaraka sun tuding, mringa Batawiyah, mundhuta bantu ika, marang si Gurnadur iki, bala Welonda, Mertalaya tur neki.
  162. Yen marengi bok sami mawi Welonda, wantu titiyang kapir, tan kana manahnya, dene prekawis mengsah, di dalem gusti nyagahi, pun Mertalaya, mesem nebda sang aji.
  163. Mertalaya iya wus sun tarima, prasetyanya mring mami, lah ta kaya ngapa, pan wus karsaning sukma, lelakone anak mami, bala becingah, tumungkul sang Dipati.
  164. Ki Dipati Mondaraka nulya mangkat, lengser saking ngarsa ji, wus mancal bahita, tan winarna wus prapta, anenggih nagri Betawi, mapan wus panggya, kelangkung suka neki.
  165. Pun Gurnadur Jendral Betawi punika, dene kang Sunan iki, mundhut wong Walonda, nulya nyaosi ka, Amral al Duwelbih ika, pangagengira, kalih dasa upesir.
  166. Gangsal atus prajuritira sedaya, lawan tur atur neki, kathah warna warna, Gurnadur welingira, mring Ki Mondaraka ki, sakirang ira, Kumpeni ing Betawi.
  167. Ingkang wonten Jepara kula sumongga, pan kineriga sami, wus rampung sedaya, welingnya nulya budhal, mapan numpak palwa sami, datan winarna, ing Tegal sampun prapti.
  168. Sampun cundhuk kalawan Kangjeng Sunan, Amral lan para Opesir, sampun atabeyan, wus kondur kintunira, kang saking Jendral Betawi, langkung akathah, mapan awarni warni.
  169. Kinen aso Amral lan seprajuritnya, Mondaraka kang ngirit, wus sinung penggenan, wetara sampun lama, Jeng Sunan budhal sing Tegil, sawadya kuswa, Amral tan kenging tebih.
  170. Mapan urut pasisir ing lampahira, prapta ing Surawesthi, mengkana winarna, kang baris Surabaya, Raja Galongsong puniki, lan pra Dipatya, nulya campuh ing jurit.
  171. Langkung rame mapan genti long linongan,  Amral tetulung nuli, lawan Opsirnya, prajurit wus tinata, nulya rempek ajeng neki, pangedrelira, bareng mariyem neki.
  172. Tan kuswa nadhahi wadya Bang Wetan, mring pengedrel Kumpeni, wus bubrah tatanya, mapan kathah kang pejah, gya mundur kang pra Dipati, pan wadyanira, ayun atur upeksi.
  173. Marang Prabu Kadhiri Sang Trunajaya, pan wus ngaturan uning, yen wadya sor ing prang, nulya nembang tengara, pangarsa nindhih ing jurit, Sang Trunajaya, wong Bang Wetan kinerig.
  174. Ingkang dadya andeling prang Trunajaya, wong Mandura puniki, lan Sampang Makasar, wus budhal Trunajaya, saking nagri Kedhiri, anulya prapta, aneng wetan benawi.
  175. Mesanggrahan aneng sawetan bengawan, henengena ingkang winarni, Jeng Sunan Mangkurat, mengkana sampun prapta, aneng sakilen benawi, ajeng ajengan, Amral matur mring aji.
  176. Yen suwawi punika dipun sasaka, inggih lepen pan puniki, nulya Sri Nalendra, lajeng kinen akarya, sasak henengena kang winarni, sang Trunajaya, sampun ngaturan uning.
  177. Wong Mentaram samya karya sasak ika, marma kendel kang jurit, Prabu Trunajaya, nulya miyos yun priksa, lenggah sawetan benawi, ngayap gung wadya, aneng tepining warih.
  178. Trunajaya anggedhangkrang pinayungan, lawan sesumbariki, baya wong Mentaram, ngenteken gendhengira, ratu tedhak ing wong tani, angur macula, bari wangona sapi.
  179. Pira bara yen padha lan Trunajaya, tedhak jaran panolih, ratu kaduk sura, lah payo wong Mentaram, yen lanang nyabranga iki, Sri Naranata, sampun ngaturan uning.
  180. Lamun Trunajaya asru sumbar sumbar, aneng wetan benawi, langkung dukanira, nulya nitih turangga, mapan sampun den cemethi, ambyur ing toya, semana kang benawi.
  181. Mapan nuju banjir ingkang pelabuhan, toyanya sa penHyangking, pan marmaning Sukma, asat padha sekala, lajeng kenging den sabrangi, kang pra Dipatya, lan Amral sareng nuli.
  182. Pra hupsir sareng lan wadya sedaya, prapta wetan benawi, nulya campuh ing prang, rame samya sudira, tanana kang ngrasa ajrih, pra hupsir samya, rempek pangedrel neki.
  183. Langkung rame peteng kukusing sendawa, pan wus karsaning Widi, kang prang punika, panggih samya timbangnya, ingkang alit samya alit, kapara klawan, urakan sampun panggih.
  184. Raja Glongsong wus panggih kalwan Amral, wong Mekasar pan sami, rempek pengamuknya, wong Kumpeni atadhah, dadya kuwel ing ngajurit, tanana kuciwa, Trunajaya winarni.
  185. Sampun panggih lan Raden Nerang Kusuma, Dhangdhang Wecana iki, panggih lan Sindurja, Mangkuyuda Mandura, panggih lawan Jangraneki, Ki Mertayuda, panggih Mangkuyudeki.
  186. Pan ing Kedhu sampyuh sareng palastra, liya mangkono maning, wus ijen ijenan, datan ana kuciwa, akuwel denira jurit, karsaning sukma, apes Trunajayeki.
  187. Sampun telas tan ana mongga puliha, lumayu ingkang urip, sasisaning pejah, wangke asawang arga, wong Mentaram wuru getih, lajeng sang nata, manjing kitha Kedhiri.
  188. Wong Mekasar meksih rempek undurira, mapan ngungsi ing ardi, pan gunung Sampora, nging Galongsong palastra, nging Busung Manur kang meksih, pengagengira, lawan Dhaeng Makincing.
  189. Henengena ingkang ngungsi minggah arga, Kangjeng Suhunan winarni, pan miyos sineba, Amral kang munggeng ngarsa, kalawan kang pra hupsir, kang pra pratiwa, nu nganung muggeng ngarsi.
  190. Kang kinarya werangka den Nreng Kusuma, Ki Mondaraka lalis, grerah duk neng marga, Sri Nalendra ngandika, Nrang Kusuma karsa mami, satinggalira, si Mangkuyuda iki.
  191. Kang gumanti anake loro ku iya, Kedhu paranen iki, si Lembuaranya, Tumenggung Mangkuyuda, si Buang aranireki, si Natayuda, mapan wus jumurung sami.
  192. Sri Nalendra alon malih angandika, Sindurja sira dingin, mapan ingsun duta, nelik marang Mentaram, apa wus estu si adhi, umadeg nata, Sindurja atur bekti.
  193. Sampun estu rayi paduka sang nata, Pangran Puger gusti, kang umadeg nata, aneng nagri Mentaram, jujulikipun nrepati, sinuhun nata, Ngalaga ing Mentawis.
  194. Sri Nalendra arum dinira ngandika, paran padha sun tari, ngendi karya praja, Mentaram wus kanggonan, iya marang ya si adhi, Kedhiri iya, dudu waris negari.
  195. Nrang Kusuma umamatur dhateng Nalendra, kejawi Surawesthi, mapan nagri lama, lan malih kang tilaran, Kangjeng Hyang dalem pribadi, boten kuciwa, lawan ageng aradin.
  196. Sri Nalendra Surabaya datan arsa, ki Urawan tur neki, rumiyin kawula, miharsa kang wirayat, jeng Hyang dalem Pangran Pekik, pan dhinawuhan, dhateng Sinuhun Giri.
  197. Alas iki ingkang aran Wonakarta, besuk dadi negari, iya putunira, kang jumeneng ing kana, lan bala bancingah benjing, Sri Naranata, dadya padhang kang galih.
  198. Angandika yen mengkono Nrang Kusuma, padha babaden nuli, iya Wonakarta, sira rakita praja, sandika Raden apatih, nata luwaran, sampun manjing ing puri.
  199. Raden Anrang Kusuma lajeng kewala, lan sagung pra Dipati, kang babad Wonakarta, tan lama sampun dadya, wus rakit ingkang nagri, kang purbayeksa, lagya jinaro iki.
  200. Raden Anrang Kusuma wus tur uninga, yen ingkang nagri dadi, nulya Sri Nalendra, saking Kedhiri budhal, ing Wonakerta wus prapti, ngedhaton nulya, enjing miyos tinangkil.
  201. Pepak sagung pratiwa nung anung seba, mHyang Amral munggeng ngarsi, pepak upsirnya, sang nata angandika, Nrang Kusuma nagri iki, arane iya, Ing Kartasura becik.
  202. Undhangena wong sagung ing Tanah Jawa, sandika kyana patih, Mral jumurung karsa, nata malih ngandika, Mangunjaya ingsun tuding, sira menHyanga, iya nagri Mentawis.
  203. Maringana weruh marang si adhi sira, yen Trunajaya lalis, lan ing mengko iya, ingsun wus madeg nata, lawan sun karya negari, ing Kartasura, lan ingsun kangen kepati.
  204. Mring si adhi wus lawas datan kepanggya, Mangunjaya tur bekti, wus lengser sing ngarsa, nata luwar sineba, den Mangunjaya winarni, pan gegancangan, lampahnya mring Mentawis.
  205. Kawarnaha Kangjeng Sinuhun Ngalaga, enjang miyos tinangkil, Harya Mondalika, lawan Gajah Premada, Pangran nata Kusumeki, Pangran Pamenang, Pangran Surya Mentawis.
  206. Lan Pangeran Harya Panular punika, kalih samya kang rayi, pepak pra punggawa, Sri Nalendra atanya, dhumateng kang paman kalih, man Natasuma, punapa mirsa warti.
  207. Wanakarta wartine dados negara, sinten kang madeg aji, Pangran Nata Suma, pan aris aturira, werti raka panduka ji, Pangran Dipatya, Pangran Pamenang tur neki.
  208. Kula mireng pan dede raka panduka, anake Amral yekti, dadya geseh turnya, sedaya pan mengkana, kasaru wau kang prapti, den Mangunjaya, sarwi amundhi tulis.
  209. Langkung kagyat tyasira nateng Ngalaga, myat Mangunjayeki, prapta bekta surat, lajeng angaras pada, riwusnya katur tumuli, ingkang nawala, tinampan mring sang aji.
  210. Gya binuka kang serat sinukmeng nala, sawusnya mahos tulis, dangu tan ngandika, langkung kewran tyas narpa, wekasan ngandika aris, eh Mangunjaya, pajara den sayekti.
  211. Ingsun mirsa wertane kangmas Dipatya, dhingin wus kesah khaji, iku Mangunjaya, sapa ingsun tan duga, kawerta sing kene iki, anake Amral, kang madeg Kartawani.
  212. Raden Mangunjaya aris aturira, kawula gusti tan dugi, sumongga Nalendra, ing penggalih punika, dadi kewran tyas sang aji, Pangran Nata, Kusuma tur ira raris.
  213. Yen marengi kawula ingkang yektosna, inggih lan dede neki, jeng raka paduka, sakit kalawan pejah, kawula ingkang nglampahi, lilah Nalendra, amrih ecaning galih.
  214. Sri Nalendra aris denira ngandika, inggih paman prayogi, nanging den prayitno, kula kantheni paman, Puspa Kusuma sireki, sira meluha, sandika atur neki.
  215. Nulya mangkat Pangeran Nata Kusuma, lan Puspa Kusumeki, tiga Mangunjaya, datan winarneng marga, Kartasura sampun prapti, Sri Naranata, mapan nuju tinangkil.
  216. Kagyat mulat praptane den Mangunjaya, kalawan angsal kanthi, Pangran Nata Kusuma, ingawe prapta ngarsaji, nungkemi pada, Pangran asru anangis.
  217. Sri Nalendra aris denira ngandika, pun paman dika linggih, paran ingkang warta, si adhi praptanira, sanget kangen ingsun iki, marang adhimas, Pangran aturira ris.
  218. Amba mila ingkang kinen rumiyina, rayinta jegeng galih, uwas dening warta, tinarka apus krama, mesem Kangjeng Sri Bupati, aris ngandika, sokur sewu si adhi.
  219. Duwe ati weweka marang prekara, pun paman dika mulih, Pangran aturira, ewet amba mantuka, kajengipun rayi aji, pitajeng nala, amba kantun ngarsa ji.
  220. Adhi Puspa Kusuma dika mantuka, matur Raden sayekti, kalamun kang raka, sampun estu punika, kula den dinangu adhi, dados pratobdha, mrih pikajenging galih.
  221. Sampun lengser Rahaden Nata Kusuma, saking ngarsanira ji, tan winarna marga, Mantaram sampun prapta, lajeng sohan mring sang aji, nuju sineba, pepak kang pra Dipati.
  222. Dadya kagyat Nalendra mulat praptanya, Puspa Kusuma iki, kang paman tan ana, nata nulya atanya, sireku prapta pribadi, Nanatasuma, ing mengko ana ngendi.
  223. Nulya matur Rahaden Puspa Kusuma, mapan paduka sang aji, lajeng mangsul nata, amba kinen mantuka, sang ngandika malih, paran wartanya, ingkang jumeneng aji.
  224. Apa nyata lamun kakang mas Dipatya, yen dudu mokal neki, paman Natasuma, teka gelem ngeriha, Puspa Kusuma tur neki, anuwun duka, dewaji pandung yekti.
  225. Ingkang warna tenapi kang pangandika, nging limrahipun gusti, tiyang Kartasura, samya mestani ika, lamun anake Kumpeni, Sri Saranata, langkung kewran kang galih.
  226. Angandika dhateng Harya Mondalika, lan Gajah Premada ki, paran karsanira, kari sun tari padha, dening ewuh lalakon iki, kalih aturnya, gusti lamun marengi.
  227. Nadyan estu punika raka paduka, pan landi tiyang kapir, tan sae dadosnya, rahose tyas kawula, datan wande risak gusti, ing Tanah Jawa, luhung sampun menangi.
  228. Sareng mirsa Kangjeng Sinuhun Ngalaga, marang aturireki, Harya Mondalika, lawan Gajah Premada, gya ngadeg suraning galih, nulya ngandika, yen mangkono sireki.
  229. Mondalika kelawan Gajah Premada, lan sagung wadya mami, wus padha dandana, angur andhinginana, lurupa pan ing ngajurit, mongsa wurunga, aprang lawan si kapir.
  230. Tur sandika Raden Harya Mondalika, nulya luwar sang aji, Harya Mondalika, lajeng nembang tengara, wong Pagelan lan Mentawis, wus kumpul samya, siyaga ing ajurit.
  231. Henengena ingkang lagya tata tata, kawarna Kartawani, Jeng Sunan mangkurat, sampun miharsa warta, yen ingkang rayi Mentawis, tan arsa sohan, kedah menglawan jurit.
  232. Langkung ngungun tyasira Kangjeng suhunan, anulya animbali, Raden Nrang Kusuma, kinen menthuk ing yuda, sedaya wadya pesisir, moncanegara, sampun sumekta jurit.
  233. Nulya budhal saking nagri Kartasura, baris ing pokak iki, pan tanpa wilangan, wong pasisir sedaya, kumpul lan moncanegari, henengena kawarna, Jeng Sinuhun Mentawis.
  234. Sampun budhal saking negari Mentaram, kang dadya cucuk jurit, Harya Surajaya, lan Harya Tambakbaya, angiridan Pagelen sami, pan sampun prapta, Malinjon tata baris.
  235. Sampun tata nulya samya magut yuda, rame asilih ukih, wadya ing Mentaram, mapan karoban lawan, nanging datan sedya ajrih, pangamukira, lir bantheng tawan kanin.
  236. Nanging meksa kangelan karoban lawan, mengkana kang winarni, Ki Gajah Premada, mingre saprajuritnya, anelabung saking kering, wus tinadhahan, mring wadya Surawesthi.
  237. Langkung rame sampun karsaning Hyang Sukma, Gajah Premada kanin, jaja trus walikat, dhawah saking turongga, kang pra sentana ningali, kelamun dhawah, Ki Tumenggung sing wajib.
  238. Mongsa dadak ingsun wurunga palastra, yen sira wedi mati, padha lumayuwa, sun tinggalen kewala, Ki Tumenggung anguculi, paningset ira, ingambenken tumuli.
  239. Lan tumingal tatu jaja kang ludira, pra sentana nungkemi, pan sami karuna, ingaturan mundura, Ki Tumenggung ngandika ris, mundur kakarya, dene ngisin isini.
  240. Ngemu wespa lawan aris angandika, dhuh gustiku sang pekik, sinuhun Ngalaga, sun tetedha Hyang Sukma, tulusa jumeneng aji, mapan pun bapa, gusti amit ngemasi.
  241. Pan kawula dadosa banten Nalendra, tulusa mengku Jawi, gya nitih turongga, wus ngegem pengawinan, cinamethi kuda neki, nerajang mengsah, golong pengamuk neki.
  242. Ramening prang kalah duk prang Trunajaya, wong Mentaram prang lali, Harya Mondalika, rempe ngamukira, tanana wani anadhani, Tumenggung Demak, Suranata nadhahi.
  243. Suranata sira iku liwat ala, dene wus den beciki, marang gustiningwang, Sinuhun ing Ngalaga, teka pati bebentusi, si demak edan, ngenger ratu Kumpeni.
  244. Ya ta kurda Ki Tumenggung Suranata, ngembat watang kumitir, sampun tinadhahan, nulya tumbak tinumbak, tanana kasoran kalih, samya sudira, braja tan miyatani.
  245. Harya Surajaya Harya Tambakbaya, Harya Jayawiryeki, Harya Wirakerta, Kalapaking punika, tinindhika mring sang aji, liwung tandangnya, lir buta anon daging.
  246. Wong Pagelen lamun bedhil tindhihira, tan sedya mundur urip, wong pesisir bubar, miwah moncanegara, Welonda wus kathah mati, kalindhih prangnya, wong Kartasura iki.
  247. Lan kasapih ing dalu kala semana, wong Kartasura sami, mundur atur uninga, yen kalindhih ing yuda, langkung ngungun Sri Bupati, henengena kawarna, Jeng Sinuhun ing Mentawis.
  248. Mesanggrahan sampun ngaturan uninga, yen Ki Tumenggung kanin, pan lajeng palastra, langkung ngungun Nalendra, patine prajurit luwih, Gajah Premada, mila susah pra sami.
  249. Harya Mondalika aris aturira, yen marengi sang aji, aluhung kondura, gusti dhateng Mentaram, nadyan rempena ing banjing, mongsa ajriha, gusti wonten Mentawis.
  250. Lawan ngasokaken abdi Sri Nalendra, wus nurut Sri Bupati, marang aturira, Ki Harya Mondalika, wus budhal Sri Narapati, kebut sedaya, kondur dhateng Mentawis.
  251. Henengena kawarta ing Kartasura, Kangjeng Suhunan iki, kang mangku rat Jawa, mapan lagya sungkawa, langkung heneng mring kang rayi, temahan yuda, langkung ngungun sang aji.
  252. Mangkene ya yudanira wong Mentawis, duk Trunajaya dhingin, pesthi nora bedhah, iya nagri Mentaram, mengkana pangungun neki, Sri Naranata, nulya kinen nimbali.
  253. Raden Anrang Kusuma prapta ing ngarsa, sang nata ngandika ris, paran warta nira, barise wong Mentaram, Raden patih atur bekti, rayi paduka,mundur dhateng Mentawis.
  254. Sapejahe gusti pun Gajah Premada, kados alit kagalih, sagung wong Mentaram, nging kantun Mondalika, kang dados andeling jurit, rayi paduka, ngandika Sri Bupati.
  255. Nrang Kusuma kabeh padha undhangana, sagung wong kartawani, ingsun arsa tedhak, iya marang Mentaram, sokur yen si adhi eling, rekyana patya, wus lengser sing ngarsa ji.
  256. Prapteng jawi anulya nembang tengara, sumahab wadya sami, pasisir sedaya, lawan moncanegara, Amral Hel Duwelbeh iki, lan sa wadyanya, sampun sumekta jurit.
  257. Nulya miyos sang Nata Prabu Mangkurat, ngagem cara Welandi, lenggah siti bentar, sineba pra pratiwa, miwah Amral munggeng ngarsi, lamun sinawang, lir durnadur ngejawi.
  258. Raden Anrang Kusuma kinen tengara, budhal sagunging baris, ingkang muggeng ngarsa, wadya moncanegara, sinambungan wong pesisir, lan Kartasura, nulya amral nambungi.
  259. Lan sawadya Kumpeni neng ngarsa nata, wuri wadya jro sami, Den Harya Sindurja, kang dadya pangiridnya, rumeksa wuri Nerpati, kebut sadaya, sagung wong Kartawani.
  260. Rindhik rindhik gunas trabas trabandhung santana, amHyang lir gunung geni, werdu hangga sasra, kumerab wadya pangarsa, lir watu turun sing ngardi, ya ta henengna, ingkang lagya lumaris.
  261. Kawarnaha Kangjeng Sinuhun Ngalaga, mapan lagya tinangkil, Harya Mondhalika, kang muggeng ngarsa nata, lawan ki pengulu iki, pan pra pandhita, ngulama ketib modin.
  262. Pra paratiwa nung anung wus muggeng ngarsa, Mondhalika tur bekti, lan atur uninga yen mengsah ageng prapta, warni warni wadya neki, ing Kartasura, mapan kerigan sami.
  263. Lan ngandika Kangjeng Sinuhun Ngalaga, yen mengkono ta iki, Harya Mondhalika, anembanga tengara, ingsun arsa mapan jurit, ing yudanira, iya wadya Kumpeni.
  264. Wa pangulu kalawan sa kancanira, kariya tunggu nagri, ki Pangulu turnya, nuhun napa kawula, pinten banggi maggih urip, kanca sedaya, pan sedya dherek sabil.
  265. Sri Nalendra mesem alon angandika, yen mengkono sireki, wus padha dandana, nulya kondur Sang Nata, angrasuk busana adi, Raden Harya, nembang tengara jurit.
  266. Wus sumahab sagung ing kang wadya kuswa, sa kepraboning jurit, ngalun alun anglar, ki Pangulu punika, sampun ngagem sarwa putih, sa kancanira, padhita lan ulami.
  267. Ketib modin merbot ngagem pethak samya, anglir kuntul sa rawi, wus miyos Nalendra, rasukan baludru kresna, alancingan panji panji, cindhe puspita, rinengga ing subyadi.
  268. Yen sinawang anglir putra Madukara, Raden Bimanyu yekti, yuswanya Nalendra, lagya selawe warsa, ki Pangulu yen ningali, sa kancanira, mapan kedah anangis.
  269. Nulya budhal kang dados cucuking aprang, wadya Pagelen iki, lajeng sinambungan, dhateng wadya Mentaram, nulya ki pengulu iki, ngarsa Nalendra, kang neng wuri narpati.
  270. Ingkang paman nenggih Pangran Pamenang, lawan wadya jro sami, ngambil Suranata, datan winareng marga, pan sampun kaphetuk sami, panganjuring prang, lan wadya Kertawani.
  271. Nulya dhedher alok mungsuh tata gelar, Pagelen sampun panggih, lan mocanegara, pasisir lan Mentaram, Welonda pan sampun panggih, lawan ngulama, lajeng campuh ing jurit.
  272. Wong Kumpeni kelangkung pangedrelira, peteng kukusing bedhil, wadya ing Mentaram, nusup kukusing sendawa, langkung ruketing ngajurit, wus wor kang yuda, nanging karoban tandhing.
  273. Lir upama toya cangkir lan segara, langkung denya mangukih, wadya ing Mentaram, wus tan asedya gesang, dene gustinya jenengi, wong Kartasura, mapan mengkono maning.
  274. Tinindhihan dhumateng Sri Naranata, langkung panggah ngajurit, wangke sawang arga, wong Mentaram tandangnya, kadya bajo angejawi, nging kasayahan, dadya kathah kang mati.
  275. Harya Mondhalika kelamun pasaha, telas salira neki, ajur dening braja, kinrubut pra Dipatya, senadya balunga wesi, kulit tembaga, emu salira neki.
  276. Kasayahan sampun karsaning Hyang Sukma, Mondhalika ngemasi, ki Pangulu ika, kang aprang lan Welanda, sampun ki pangulu sabil, sakancanira, Welanda nanging kari.
  277. Kalih welas Amral ngungsi wingking nata, narpa ngalaga winarni, mulad Mondhalika, lan ki Pangulu ika, kelamun wus samya sabil, pan arsa bela, Ki Palered pinundhi.
  278. Bubar lurug punggawa ing Kertasura, Ki Urawan ningali, Sinuhun Ngalaga, Ki Palered pinadya, anulya lumayu gendring, watir ing nala, marang gustinya sang aji.
  279. Dene meksih busana cara Welanda, Ki Urawan nungkemi, dhuh gusti lukara, ngagema cara Jawa, wau kawula udani, rayi paduka, ki Palered pinandhi.
  280. Wus dhinahar aturira Ki Urawan, nulya lukar sang aji, ngagem cara Jawa, datan pantara prapta, Jeng Sinuhun Ngalageki, ngarsa Nalendra, pan wus awas ningali.
  281. Datan pandung lamun kang raka yektinya, nulya sujud sang aji, saking luhur kuda, sampun ngingreken nulya, kudanira den cumethi, nander undurnya, dhadhal wadya Mentawis.
  282. Sekarine wau kang samya palastra, pan lajeng anututi, nging Pagelen ika, kang wetah pengagengnya, meksih rempek undur neki, ingkang satengah kudhangdhangan ngulati. 

PUPUH XIII
DHANDHANGGULA 

  1. Mring Pagelen undurnya sang aji, rangurangu lampahireng marga, kang kacipta jro driyane, kang raka sang aprabu, langkung kewran tyasnya nerpati, mengkana ciptanira, paran polahipun, kalamun ingsun sebaha, mring kakang mas, wus banget wirang sun iki, paran temahen baya.
  2. Yen manggunga memungsuhan mami, pasthi ingsun kelamun kaseban, kakang mas akeh balane, ewuhe atiningsun, karya paran ing polah mami, mengkana Sri Nalendra, Pagelen wus rawuh, pesanggrahan purwaganda, ingkang wadya nututi pan sampun prapti, wus pepak munggeng ngarsa.
  3. Mapan lajeng karya patih aji, pan Ki Arya Cakrajaya ika, kang dadya wrangkaning katong, wus mupakat sedarum, nulya luwar Sri Narapati, wus bubar sowang sowang, karya pondhok sampun, sagunge wadya sedaya, neng pagelen sang nata langkung prihatin, nging kang raka ning nala.
  4. Henengena kang lagya prihatin, kawarnaha Jeng Sunan Mangkurat, wus kondur lawan wadyane, ing kertasura rawuh, mapan lajeng nata nimbali, marang Kyai Urawan, sang nata nebda rum, Urawan lah lumakuwa, mring Pagelen katemua lan si adhi, paran wekasaneya.
  5. Yen manggunga mamengsahan mami, lan si adhi rusak tanah Jawa, sapa kang kelangan mangke, lamun si adhi ayun, dadi ratuning tanah Jawi, sun jumurung kewala, nanging mongmong ingsun, iya sapa kang kelangan, Tanah Jawa mung ingsun lawan si adhi, wus ta sira mangkata.
  6. Tur sandika lengser ki Dipati, sangking ngarsa sampun prapta wisma, nulya salin busanane, angagem sarya kadut, mapan mindha ki Adipati, lir pekathik punika, dalu angaktipun, sarya ambekta kuranjang, pan kekalih pinikut mring ki Adipati, wus lepas lampahira.
  7. Tan winarna lampahira margi, ing Pagelen mapan sampun prapta, wus tunggal pekathik akeh, aneng tegal panuju, gamel dalem ingkang angarit, Urawan tinakenan, ing gamel jro iku, sireku gamele sapa, Ki Urawan aris denira nahuri, gameling Cakrajayan.
  8. Ki Urawan males atanya ris, sira iku iya gamele sapa, gamel dalem lon sahure, dalem ingsun ta ingsun Ki Urawan pan angling malih, yen mengkono ta apa, sira gelem iku, ingsun tut wuri mring sira, mapan ingsun iki susah ati mami, aneng ing Cakrajayan.
  9. Lurah ingsun kerenge kepati, ingsun iki kinarya gebugan, lan mendhit marang pangane, marma yun minggat ingsun, gamel dalem gumuyu angling, marma kuru ta sira, pan lelurah ingsun, belaba maring pangan, lamun kurang iya goningsun angarit, lampu tuku kewala.
  10. Nora gelem iya srengen iki, lan maringe konca meksih kurang, dadya kepasang yogyane, payo melu maring sun, nanging apa sira puniki, kena sun tanggung sira, menawa calimut, ki Urawan sahurira, yen calimut patenana ingsun iki, gamel dalem ngucap.
  11. Yen mengkono wus ta payo mulih, suketira apa wus kebak, ki Urawan lon sahure, iya wus kebakiku, nulya samya rinembat aglis, sampun prapta gedhongan, katur lurahipun, wus inganggep ki Urawan, dadya sikep kawarnaha Sri Bupati, miyos dhateng gendhongan.
  12. Mapan mirsa mring titiyan aji, Ki Urawan kumepyur tyasira, sareng mirsa mring sang katong, nulya lumajeng gupuh, anungkemi pada nerpati, langkung penangisira, kagyat jeng sinuhun, tumingal mring ki Urawan, lon ngandika lah menenga Sendhi, prapta apa karyanya.
  13. Balik sira tutura ta Sendhi, Ki Urawan meksa tangisira, saking trenyuhe druyane, anglir supena tuhu, sareng panggih Sri Narpati, langkung asrep ing nala, mengkana wus dangu, nulya kendel Ki Urawan, pegat pegat umatur dheteng sang aji, dhuh gusti abdi nata.
  14. Suka lamun dhumateng ing pati, yen upami tan dhahar tur amba, kados punapa wekase, Tanah Jawi pukulun, sinten ingkang kecelan gusti, ing risake punika, tan liya pukulun, kelawan jeng raka nata, yen manggunga tuwan mamengsahan gusti, lan jeng raka paduka.
  15. Nadyan silih arsa madeg aji, lamun sampun panggih jeng rakanta, mapan tan enget rahose, kawula gusti purun, talang pejah lamun upami, Kangjeng raka Nalendra, kalamun tan sreju, punapa kang dados karsa, jeng sinuhun prayogi matur pribadi, dhateng raka paduka.
  16. Lawan malih raka tuwan gusti, langkung honeng dhumateng paduka, mapan yun yunen ing lamine, dhuh gusti sang prabu, mugi malih aturing abdi, risake nagri Jawa, welasa pukulun, ing sinuhun Ngalaga, sareng mirsa ature Urawan iki, lir sinendhal kang driya.
  17. Pan kumembeng wespanya sang aji, emut dhateng swargine kang rama, lamun kang raka lirune, wekasan ngandika rum, ya wus Sendhi ingsun nuruti, marang ing aturira, nulya sang aprabu, nimbali ingkang Pratiwa, lawan Urawan mapan wus sinung pesalin, nulya kondur sang nata.
  18. Ki Urawan pan tan kena tebih, tan pantara sagung kang pratiwa, sampun prapta ing arsa andher, ngandika sang aprabu, Cakrajaya karya tulis, marang ing Kertasura, katur sang aprabu, tan pantara nulya dadya, pinaringken marang ki Urawan aglis, Urawan aturira.
  19. Amba nuhun datan gusti lamun boten sareng lawan paduka, lan atur pejah gesange, anulya sang aprabu, Tambakbaya ingkang tinuding, lawan Ki Jayawirya, mring Kartasuraku, sampun lengser saking ngarsa, gegancangan datan winarna ing margi, prapta ing Kartasura.
  20. Kawarnaha Kangjeng Sunan iki, mapan lagya miyos siniwaka, kang pratiwa pepak andher, Amral kang munggeng ayun, lawan Raden Nrang Kusuma ki, kesaru praptanira, Tambakbaya iku, kelawan Ki Jayawirya, sampun katur nuwala mring Sri Bupati, lajeng sinukmeng driya.
  21. Sareng sampun nata mahos tulis, sakelangkung sukaning wardaya, nulya winangsulan age, lawan ngandika arum, eh ya duta warahen adhi, ing benjing lamun prapta, mapak dhewe ingsun, Nrang Kusuma parentaha, lamun ingsun karsa mapak mring si adhi, duta sira muliha.
  22. Lawan enggala praptaha si adhi, nulya nembah lengser Tambakbaya, saking ngarsane sang katong, gancangan lampahipun, tan winarna lampahe prapti, Pagelen Tambakbaya, cundhuk lan sang prabu, sampun katur kang nuwala, gya tinampan winahos kang ponang tulis, langkung tyasnya Nalendra.
  23. Angandika mring Cakrajayeki, Cakrajaya sira undhangena, ingsun arsa budhal mangko, mring Kartasura iku, tur sandika Cakrajayeki, nulya nembang tengara, wus pepak sedarum, wadya Pagelen Mantaram, nulya budhal saking Pagelen sang aji, tan tebih Ki Urawan.
  24. Henengena kang lagya lumaris, kawaranaha Jeng Sunan Mangkurat, sampun miharsa wartane, yen ingkang rayi sampun, budhal saking Pagelen iki, Rahaden Anrang Kusuma, dhinawuhan iku, lamun Kangjeng Sri Nalendra, badhe methuk dhumateng wau kang rayi, mHyang amral dhinawuhan.
  25. Nulya nembang tengara den patih, sampun pepak wadya Kartasura, agelar, neng ngalun alun, nulya miyos sang prabu, sampun budhal sing Kartawani, kebut wadya sedaya, tan pantara ngenu, pan sampun kapethuk marga, Kangjeng Sunan wau kalawan kang rayi, mapan sampun kapanggya.
  26. Jeng sinuhun Ngalaga nulya glis, ngaras padanira ingkangraka, nulya rinangkul janggane, lajeng ngaras kang embun, langkung samya honengnya kalih, riwus anulya budhal, mengkana Sri prabu, kang rayi tan kena tebah, tan winarna marga Kartasura prapti, sang nata manjing pura.
  27. Langkung rayi prabu Ngalageki, sagung wadya wus bubar sedaya, mengkana Kangjeng sang katong, tan pisah siHyang dalu, dadya lami tunggil neng puri, winarna sampun lama, wus pinaring iku, kang rayi dalem priyongga, lan kang nama sampun sinahosken iki, wau dhateng kang raka.
  28. Nanging nuwun wangsul nama lami, Pangran Puger kang sinuhun ika, kang raka enting karsane, tata tita pan sampun, datan ana winalang ati, Tanah Jawa semana, langkung arjanipun, mengkana ing Kartasura, mapan sampun binanon ingkang negeri, jeng Sunan wus peputra.
  29. Pan satunggal jalu werna pekik, sampuna majeng Pangran Dipatya, Kangjeng Pangran Puger mangke, pan dreman sugih sunu, jalu estri nanging kekalih, Denayu lembah ika, nenggih kang waruju, Denayu Impun namanya, henengena kawarna ingkang negari, pan langkung larang pangan.
  30. Kangjeng Sunan kelangkung prihatin, ingkang rayi nulya ingandikan, sampun prapta negara katong, Jeng Pangran Puger iku, Kangjeng Sunan ngandika aris, paran yayi karsanya, sira ingsun tantun, yen negari tan waluya, pesthi nistha geningsun jumeneng aji, ana ing Tanah Jawa.
  31. Yen aweta larang beras pari, nagri Jawa ingsun lawan sira, rayi kang den inakake, mapan nisthaning ratu, yen nagara larang kang bukti, wong cilik akeh rusak, padha mangan gadhung, Kangjeng Pangran Puger turnya, yen maringi nuwun pangestu dewaji, kawula pamit kesah.
  32. Pan nenuhun dhumateng Hyang Widi, yeng kapareng lan bekja Nalendra, sang nata pangandikane, yayi ingsun jumurung, muga sira oleha kardi, nulya angaras pada, kang rayi rinangkul, sampun lengser saking ngarsa, Kangjeng Pangran prapta kapugeran nuli, sampun salin busana.
  33. Kang busana pan pindha daruwis, sarwa pethak pan langkung lungsednya, sampun kinandhut tesbehe, cinangking brerukipun, ngagem golok lawan teken cis, Kangjeng Pangran lumampah, dalu angkatipun, saking nagri Kartasura, datan ana jalma wikan sawiji, wus lepas lampahira.
  34. Byar rahina Pangran lumaris, saking nagri Madeganda ika, pan sedya mring Kutha Gedhe, kene sedya manekung, amaladi samadi hening, aneges karsaning Hyang, amurweng pandulu, mengkana pan sampun prapta, Kutha Gedhe mapan nuju wektu mahrib, lajeng makmum jeng Pangran.
  35. Apan lajeng wektu Ngisa neki, Kangjeng Pangran gennya makmum ika, aneng wuri panggenane, pojok kidul iku, ingkang wetan prenahe neki, sakehe wong kang salad, Tanana wruh iku, yen gustinya tumut salad, Kangjeng Pangran Puger neng sajroning Masjid, ingkang Mangkurat Jawa.
  36. Sampun bakda nulya bubar sami, sowang sowang mantuk mring wisma, Kangjeng Pangran kantun dhewe, wancinya lingsir dalu, nulya miyos
    Jeng Pangran iki, pan arsa salat khajad, mundhut toya wulu, sampun ika wungsul nulya, dhateng Masjid Jeng Pangran ngangkat usoli, kalih rekangat salam.
  37. Mapan lajeng ngeningken kang yekti, Kangjeng Pangran lenggah sila tumpang, wus sirna panca driyane, sagung elok punika, mapan sampun datan kaeksi, miwah ingkang kapirsa, wus ngumpul neng wujud, sedaya mahluk pan sirna, Kangjeng Pangran wus kandheg ing johar jisim, nanging sedaya purba.
  38. Purbaningrat sifat ingkang kadim, pan wus prapta ing marifatolah, sekawan pakarinahe, jalal jamal kawengku, kahar kamal mapan wus kamil, mengkana sampun prapta, marmaning Hyang agung ingkang winarti tanpa pitrah, Kangjeng Pangran wus ucul paningal neki, mantuk mring bongsariyah.
  39. Ingkang tompo sampun munggeng ngarsi, gya pinundhut nuju wektu pajar, kang wong padha prapta kabeh, mapan asalad subuh, Kangjeng Pangeran makmum nenggih, ri sawusira bakda, mapan samya mantuk, nulya miyos Kangjeng Pangran, arsa kondur ingkang tompo wus kinempit, cinangking brerukira.
  40. Urut marga mampir pasar iki, arsa nempur pan sinentan sentan, datan limrah lan wong akeh, nenggih pengawisipun, Kangjeng Pangran mesem nebda ris, gih nyai lamun angsal, pan ngalih ngalih mengkana, nulya ana pasar malih den ampiri, anjujuk pabrerasan.
  41. Kangjeng Pangran atentanya aris, pinten bibi regane kang beras, ingkang tinanya sahure, sapithi rong wang iku, awis temen punika bibi, punapa ta kenginga, ingawis puniku, ingkang tinanya sahurnya, sampun limrah yen tiyang wade ingawis, punika telu suwang.
  42. Ingkang wade nyentan amecicil, basakena ki santri ta sira, nora lumrah penganyane, mendah dene malembung, olehira mangan ki santri, iyeku watengira, beras ajengipun, mapan sapithi rong uwang, nuju oleh telung pitrah suwang iki, paran marga muraha.
  43. Wismanira ki santri ing pundi, Kangjeng Pangran alon sahurira, kawula ing Kedhunggudel, kinengken kadang sepuh, angulati kang murah pari, marma kalunta lunta, bibi marginingsun, dene tan wonten kang murah, sapreriki bibi larang beras pari, ni Cumbrang lon sahurnya.
  44. Pan wong desa arang kang sesabin, apa sira nora ngrungu warta, ing Jawa geger lawase, ijab ta lawasipun, duk bedhahe Mentaram dhingin, iya aran pesampang, pijer haHyang huyung, wong desa nora na sawah, pan katutuh kang duwe Negara prapti, pRadene durung kreta.
  45. Rebut singgih kalawan kang rayi, Suhunan Ngalaga aneng Mentaram, wong desa ewuh atine, buh lor embuh kidul, elor gusti kidul ya gusti, dadya sakeh wong desa, pijer huHyang huyung, kewuhan ing atinira, lagi mangko ki santri nora angili, lawase pra bendara.
  46. Ingkang raka atut lan kang rayi, Kangjeng Pangran Kerasatyasira, mesem kabelet guyune, kang wade wos andulu, pengrasane dipun guyoni, dhasar ing tyase ana, dadya lon amuwus, sira iku basakena, tinuturan teka dadak angguyoni, apa rika jeJawat.
  47. Dene warnanira iku sagid, nora weruh duga lan prayoga, geguyu dudu mukrime, dhasar wus lumprahiku, yen wong santri tan wruh ing dugi, yen rika keris ana, pasthi kena siku, yen ajaha santri rika, sun dhedheli mulane wong anom iki, sinahuwa ngawula.
  48. Dadi weruh tata krama iki, lan ngemana marang warnanira, kalamun wus tuwa bae, nyantria maning iku, dadi weruh ing tata krami, dadi santri musthika, kang mangkono iku, bisa ninggal saenira, lamun santri welaka tan ngidhep isin, nanging saene dadra.
  49. Dhasar santri watane priyayi, iya iku musthikaning janma, patut de ombe uyuhe, rika iku abagus, mung cacade teka anyantri, yen dhangan karsanira, lah poma wong bagus, meluwa mring wismaning wang, bagus santri aku gelem ngitik itik, amuruk tata krama.
  50. Kangjeng Pangran mesem ngandika ris, pundi bibi wisma jengandika, lan bibi sinten namane, kang tinanya samahur, desa Padhas wis mengong iki, karan anak kewala, biHyang Cumbring ingsun, paman rika mapan lunga, marang Kudus lawase wus pitung sasi, sun wetara palastra.
  51. Pan Musapir pamanira iki, lunganira tan lawan palastra, adhimu si Cumbring kuwe, marma gering ten ingsun, akeh kang wong padha ngarani, pangling pan katon tuwa, marang awakingsun, sayektine ingsun uga, meksih rare lagi drebe anak siji, sugih pari bras ingwang.
  52. Nora nana rewang ingsun bukti, mapanira dhingin tinggal langgar, balumbang lan padasane, yen sembada puniku, enggenana amalanggring, nging salata kewala, lan drung wis puniku, ingsun kang dadi makmumnya, sandhang pangan aja susah sun saguhi, ning salata kewala.
  53. Lan kalebu pethek ingsun iki, duk meksihe jenate sibiHyang, kaya mengkono ujare, kanggo laki nak ingsun, lembat temen daginge iki, lan kenceng kang wadidang, ujare si buyung, duk jenate paman rika, den ku wayuh ping lima menang pribadi, maruku ting palesat.
  54. Jeng Pangran pan arsa lumaris, ginondhelan kang sijeg gujegan, tinonton dening wong akeh, ni Cumbring nyentan asru, eh wong apa sira tingali, angandheng lakuningwang, dhewe pamit iku, arsa lunga aji kita, mapan nglangut ingsun ora aweh iki, kang nonton samya bubar.
  55. Langkung kewran jeng Pangran kang galih, nulya aris denira ngandika, dawek sampun bibi mulih, ing pundi marganipun, langkung bungah tyasnya ni Cumbring, anulya atetumbas, ulam lawan bumbu, sekar konyoh lan panganan, nulya mangkat ni Cumbring kang munggeng arsi, lampahe lancing lancang.
  56. Sampun prapta wisma nulya aglis, nyelehake kang gedhonganira, nulya anggelar klasane, lan tiga bantalipun, aneng langgar sarwi madhahi, kuweni pelem nongko, lawan ladingipun, Jeng Pangran ngecaning manah, nulya lukar rasukan sineleh aglis, ni Cumbring asrep tyasnya.
  57. Jenger mulat ni Cumbring ningali, pan wespada marang wernanira, katumon mulat baguse, nulya aris umatur, dipun eca lenggah wong sigid, kawula mapan arsa, mususi puniku, mring lepen lawan ambekta, temu pan kinarya lulur nenggih, kawarna jeng Pangeran.
  58. Sapengkere ni Cumbring puniki, nulya kesah sigra Jeng Pangeran, kondur mring Kartasurane, datan winarneng inu, sampun prapta ing Kertawani, lajeng sohan kang raka, jeng Pangran rinangkul, wus katrima lampahira, pan wus murah tedha beras lawan pari, kang rayi aturira.
  59. Pan dewaji kawula pan dremi, anglampahi ayahan paduka, sang nata pangandikane, ya wus tarima ingsun, wus muliha asoha adhi, wus lengser Kangjeng Pangran, sing ngarsa sang prabu, sampun rawuh ka Pugerran, henengena ing Kartasura winarni, negari Batawiyah.
  60. Kapiten tur langkung sugih neki, tumbas lare punika, mapan tan pilih margane, angsalnya dagang hontung, lajeng minggah hedler puniki, dadya lare punika, ingaran pan Hontung, mapan ta ing lama lama, raremanan kelawan nyonyahe riki, donyane ing Nguleran.
  61. Kawenangan wanci pukul kalih, gya cinepeng ki Hontung punika, lajeng kinunjara mangke, nunah nulya sinapu, nging cinendhak caritaneki, ki Hontung nulya minggat, lan sarewangipun, sedaya kang neng kunjaran, wolung dasa lajeng ngamuk kantuneki, nging tiyang kawan dasa.
  62. Kang wong kapir kathah ingkang mati, lajeng mundur ki Hontung punika, tan pisah lan rewange, Welanda wus datan wruh, mring parane ki Hontung iki, lawan sarewangira, mengkana ki Hontung, aneng beteng ngalang alang, gennya dhelik nanging tan eca tyas neki, pan lajeng pirembagan.
  63. Aneng beteng ngalang alang iki, Huntung lawan ing sarewangira, kang sepuh nenggih namane, Bunjaladriya iku,rembug ngungsi Carebon sami, dalu anulya mangkat, lan sarewangipun, datan winarna ing marga, ing Carebon ki Huntung mapan wus prapti, katur dhumateng Sultan.
  64. Pan ki Huntung lajeng kinen ngungsi, marang nagri Kartasura iki, nanging pinaring namane, Den Surapati iku, lawan Sultan ngandika aris, wus pinesthi ta sira, dadi satrunipun, iya marang Welanda, wus mangkata iya ingsun angamini, langkung bungah tyasira.
  65. Surapati dene angsal idi, lawan malih pinaringan nama, nulya atur sembah lengser, mangkat sarewangipun, datan pisah wong kawandesi, datan winarneng marga, Kartasura rawuh, lajeng jujuk kepatiyan, wus ngandikan langkung resep den patih, mring Raden Surapatya.
  66. Sampun katur dhumateng sang aji, wus inganggep lajeng kinasihan, jeng Sunan melas driyane, tinantun mapan purun, yen ingaben lan laknat kapir, mengkana sampun lama, pan kapirsa iku, yen ki Huntung wus karuhan, mapan ngabdi mring Jeng Suhunan Kartawani, Jendral lajeng utusan.
  67. Dipun suwun Jeng Sunan nglilani, nanging kinen nyepenga priHyangga, mengkana tinantun kabeh, sagung Kumpeni iku, mapan datan ana kadugi, anging Kapitan Hetan, punika kang purun, hupsirnya saking nagri ing Betawi, prapta ing Kartasura.
  68. Gangsal atus prajurit Kumpeni, Kangjeng Sunan sampun karya waHyang, Raden Anrang Kusumawe, kinon ngembani iku, mapan dhateng Den Surapati, sinuruwaken nulya, lamun balik iku, purun dhumateng Jeng Sunan, kinen tangled aneng alun alun sami, ningali Kangjeng Suhunan.
  69. Neng sitinggil pepak pra Dipati, ingkang rayi Jeng Pangran ika, Puger kang aneng ngarsane, ingkang ngembani iku, mring Kumpeni Raden Sindurjeki, pan sampun samya prapta, ngalun alun iku, lajeng campuh ing ngayuda, langkung rame Tanana kasoran kalih, mapan samya sudira.
  70. Langkung watos Jeng Sunan kang galih, nulya aris denira ngandika, mring kang rayi Jeng Pangerane, Puger lah areningsun, tuwan ana si Surapati, menang wa katiwasan, nulya awot sampun, lengser saking ngarsa nata, Kangjeng Pangran wus mendha wong ireki, Rahaden Surapatya.
  71. Sawadyanya ka Pugerran sami, mapan mendha wongnya Surapatya, den Surapati duk anon, marang Jeng pangran iku, lawan Raden Nrang Kusumeki, kumpul lan wong KaPugerran, nulya campuh apanggih wadya Kumpeni, langkung pangedrelira.
  72. Lajeng peteng kukuse lang bedhil, mapan samya anusup sedaya, wus pejah bedhil unine, lajeng kuwel acampuh, Kapitan Tan sampun apanggih, lawan Kangjeng Pangeran, linarihan sampun, Kyai Plered kinarya, lajeng niba Kapitan Tan sampun mati, nenggih Kapitan Brisman.
  73. Surapati ingkang amejahi, patrem tepak wau kang kinarya, Welonda wus telas kabeh, sakarine lumayu, telas dening wong dasa sami, Raden Harya Sindurja, kang tatu kinukub, binekta mring loji samya, kawarnaha Jeng Suhunan animbali, mring kang menang ayuda.
  74. Ingkang rayi lan Rahaden patih, katiganya Raden Surapatya, wus prapta neng setinggile, ing ngarsanya sang prabu, ngusweng pada katiga sami, nata mesem ngandika, selamet sireku, kang padha menang ngayuda, adhi emas akurda ingsun tingali, Jeng Pangran aturira.
  75. Mapan amba dremi anglampahi, ajrih lamun boten yektosena, timbalan Kangjeng sang katong, sang nata ngandika rum, iya adhi si Surapati, ing mangko karsa ningwang, sun paringi juluk, Tumenggung Wiranagara, lan si Anrang Kusuma tulusa iki, momong marang Surapatya.
  76. Tur sandika Rahaden apatih, angandika malih Sri Nalendra, mring den Wiranagarane, sun paringi sireku, iya patang nagara iki, iku karyanen kutha, musuh Welandeku, Pasuruhan gembong ika, lawan Bangil Pemalang karyanen iki, bendha mungsuh Welanda.
  77. Wus ta padha mangkata tumuli, Cakraningrat kelawan Jangrana, sira kang dadi semangeng, kalih sandika sampun, wus uninga karsaning aji, samya lengser sing ngarsa, pan sampun misuwur, lamun Raden Nrang Kusuma, balik purun dhumateng Sri Narapati, momong Wiranegara.
  78. Tan winarna marga sampun prapti, Pasuruhan Dyah Wiranegara, lan Raden Nrang Kusumane, Cakraningrat wus wangsul, lan Jangrana pan sampun prapti, negara Kartasura, wus katur sang prabu, solahira aneng marga, Sri Nalendra lajeng akarya pepatih, Raden Harya Sindurja.
  79. Tata tita nenggih kang winarni, Kangjeng Sunan sampun besanan, lawan ingkang rayi mangko, Jeng Pangeran Puger iku, lawan putra Pangran Dipati, angsal Den Ayu Lembah, wus karsa Hyang Agung, datan tulus palakrama, dadya pisah mengkana pan sampun lami, Jeng Sunan nandhang grerah.
  80. Ingkang putra nulya den timbali, Kangjeng Pangran Dipatya wus prapta, byantara nira sang katong, ngandika sang aprabu, marma sira ingsun timbali, poma den eling nyawa, mring wewekas ingsun, iya ing sapungkuringwang, lamun sira arsa tulus dadi aji, amengku Tanah Jawa.
  81. Aja sira nglarakaken ati, pamanira si adhi ta poma, Puger iku wekas ingong, lan Cakraningrat iku, lan Jangrana poma den eling, yen sira tan ngestokena, kaya nora tulus, sira mengku Tanah Jawa, Kangjeng Pangran Dipati nuhun turneki, mugi kula sageda.
  82. Angestokken mring timbalan aji, ri sampunnya memulang Jeng Sunan, sangsaya sanget gerahe, wus karsanya Hyang Agung, Kangjeng Sunan prapta ing jangji, kondur mring Rahmatolah, pan sinare sampun, neng dagangira kang eHyang, ing Magiri kawarna Pangran Dipati, sampun jumeneng nata
  83. Kang peparab Kangjeng Sunan iki, Mangurat mas karsanya sukma, ngelirken ing sawelinge, ingkang rama swarginipun, ingkang paman Jeng Pangran iki, Puger gerah kang manah, lawan mahilipun, nenggih Pangran Cakraningrat, ing Madura cinidra garwanireki, ing resresmi Pakuwatya.
  84. Surabaya Jangrana puniki, mapan arsa pinalih lenggahnya, ing Semarang apadene, Suradimenggaleku, mapan arsa dipun mantuni, Patih Harya Sindurja, dadya sagung pratiwa nung anung sami, sowan mring ka Pugeran.
  85. Mapan sampun samya rembak neki, jeng Pangeran ngaturan lolosa, dhateng ing Semawis mangko, wus dadya rembagipun, Cakraningrat kang pamit dhingin, kalawan ki Jangrana, mapan nuhun mantuk, Mandura lan Surabaya, wonten karya Kangjeng Sunan teka gampil, wus karsanya Hyang Sukma.
  86. Anglilani nanging sampun lami, winaleran sirnaning kang mengsah, sagah punggawa kalihe, budhal sawadyanipun, lan rerepot tanana kari, sampun prapta Mandura, lan Surabayeku, anulya atur nuwala, mring jeng Pangran ngaturan lolosa nuli, wau dhateng Semarang.
  87. Dalu lolos Jeng Pangran nulya glis, garwa putra tan kantun sadaya, geger wong Kertasurane, Jeng Sunan langkung bendhu, mapan nulya kinen nututi, budhal wong Kartasura, kang dados pengayun, Pangran Ngabei kelawan Kangjeng Pangran Surya Mentaram tenapi, Pangran Harya Panular.
  88. Dadya datan wonten purun sami, anglancangi mring Pangeran ika, Ngabei jrih sedayane, wong Kartasura iku, lamun celak kendel puniki, tebih nulya lumampah, dadya eca iku, nulya kapethuk ika, lawan Pangran Cakraningrat Jangraneki, lan Suradimenggala.
  89. Lajeng tata baris anyegati, mring sagunge wong ing Kartasura, Jeng Pangran lajeng lampahe, kendel wong Kartapurun, lajeng samya atata baris, Pangran Ngabei ika, pan sampun angumpul, sawadya wong Pengabehan, lan Madura Surabaya ing Semawis, dadya gung barisira.
  90. Apan menggah wong ing Kertawani, samya mundur rembak tur uninga, lamun tiwas ing lampahe, Pangran Surya Mentaram, lawan Pangran Panular iki, ingkang ngirid undurnya, mapan sampun rawuh, nenggih negri Kartasura, katur nata Kangjeng Sunan kang winarni, lir sinipi bendunya.
  91. Sampun brongta wau kang tinuding, nindhihana mring wong Kartasura, lan Moncanegara kabeh, kerig wong Kartapurun, nulya nembang tengara aglis, budhal sing Kartasura, gantya kang winuwus, Kangjeng Pangran Puger ika, ingkang lagya aneng nagri ing Semawis, papak kang pra Dipatya.
  92. Kangjeng Pangran angandika aris, paran sira adhi Cakraningrat, prayogane laku kiye, Cakraningrat wot santun, abdi dalem sampun kadugi, methuk ing yudanira, wadya Kartapurun, atenapi Ki Jangrana, mapan samya aturnya mangko ugi, nging Suradimenggala.
  93. Gadhah atur inggih leres ugi, aturipun Pangran Cakraningrat, lawan kakang Jangranane, nanging upaminipun, tiyang babat punika singgih, mapan padhang ing ngarsa, ing wingking gurambul, Kangjeng Pangran emuting tyas, angandika mring Pangran Sampang iki, lawan ing Surabaya.
  94. Iya adhi bener aturneki, ingsun rasa Suradimenggala, becik aweh weruh mangko, marang betawi iku, si Welonda tetulung becik, ora mongsa wediya, sadaya jumurung, anulya ki Cakraningrat, kang ingutus lawan Dipati Semawis, sampun mancal bahita.
  95. Tan winarna marga sampun prapti, ing Betawi punggawa kalihnya, panggih Gurnadur Jendral mangko, nulya atanya arum, ingsun arsa tanen sayekti, Pangran Puger ku iya, kang aneng Mentaram, dhingin ran Sunan Ngalaga, pan wus akeh cacade dhingin mring Kumpeni, akeh mateni Welonda.
  96. Kapitan Tan dhingin kang mateni, iya iku numpes wong Welonda, Pangran Puger sabalane, kang ngentekaken iku, pan si Huntung wus kurang thithik, kecandhak marang Hentan, iku kang tetulung, duk meksih aneng Mentaram, pirang pirang Walonda kang padha mati, mapan iku wus tita.
  97. Lamun sengit marang wong Kumpeni, Pangran Puger marma sun tan arsa, Ki Cakrajaya saure, lan Suradimenggaleku, ing tyas ira kelangkung runtik, pan sugal saurira, mapan gustingsun, nadyana entekna Walonda, ing lakune prentahe kang raka dhingin, duk meksih neng Mentaram.
  98. Madeg aji mapan den lurugi, mring kang raka sagung wong Walonda, milu sudi karya mangko, nadyan ing lakon ingsun, iya prapta nagri Betawi, ingutus gustiningwang, anging maringi wruh, iya ingsun marang sira, araja kaget lamun gustingingsun mangkin, arsa madeg Nalendra.
  99. Mapan dhingin ingkang raka iki, mangku Jawa manggya gustiningwang, iya kang gumanti katong, Mangkurat Jawa iku, kendel dangu Gurnadur iki, lajeng samya bicara, lawan deleripun, anenggih rat panidiya, kalih welas wekasan Jendral ing aris, iya wus Cakrajaya.
  100. Tabeningsun aturena iki, mring Kangjeng Pangran lan kekirim ingwang, poma matura mangko, haya kaget ta iku, lamun ingsun kengkenan iki, iya edrel rolas, kang bakal lumaku, lan gawe prajurit kathah, bakal ngangkat olehnya jumeneng aji, Jeng Pangran Puger ika.
  101. Wus mangkata dhingin mring Semawis, edrel nuli nungkak lakonira, lawan kang prajurit kabeh, Cakrajaya pan sampun, nulya pamit kelawan iki, Ki Suradimenggala, wus mancal perahu, tan winarna sampun prapta, ing Semarang wus katur sasolah neki, tan lama praptanira.
  102. Edrel lawan kang pra Hupesir, lan prajurit sewu kathahira, anulya ingangkat mangko, Jeng Pangran Puger iku, pan jumeneng aneng Semawis, Jeng Sinuhun punika, Mengku Buwaneku, Senapati ing Ngalaga, Ngabdurahman Sayidin Panata Gami, kang mangku ing rat Jawa.
  103. Wus muphakat sagung ing wong Jawi, nulya rembag bedhah Kartasura, ingkang dados pengajenge, Jangrana Surengkewuh, nulya Cakraningrat nambungi, sagung wadya Mandura, kang dados pengayun, nulya Kyai Cakrajaya, lawan Kyai Suradimenggala ngirid, sagung Hupsir samya.
  104. Wus kapanggih lawan baris neki, Sumabrongta aneng Bayudanya, wadya Kartasura kabeh, dhadhal pan sampun larut, nulya katur marang sang aji, lamun kasoran yuda, nata langkung bendu, arsa nylirani yuda, Kangjeng Mangkurat Mas busana glis, kesaru praptanira.
  105. Mungsuh ageng dadya geger sami, wadya Kartasura nora kena, lamun tinata barise, ngrerab rebenireku, mapan samya lumajeng sami, ing sapurug priyongga, Kangjeng Sunan iku, mapan sampun tilar bala, nanging kantun kawan dasa wadya ngampil, lan Raden Sumabrongta.
  106. Ingkang mapan kalih sampun balik, Raden Sumabrongta sanget turnya, ngaturan lolos kimawon, pinten banggi ing besuk, lamun wonten pitilung Widi, Kangjeng Sunan semana, wusnurut turipun marang Raden Sumabrongta, lajeng lolos mangetan ing lampah neki, mring nagri Panaraga.
  107. Henengena kang lolos puniki, kawarnaha wadya Surabaya, Mandura lan Kumpenine, wus prapta Kartapurun, mapan kapanggih sepi, anulya Cakrajaya, utusan puniku, tur uning maring Semarang, lamun Kartasura wus kepanggih sepi, Jeng Sinuhun anulya.
  108. Budhal saking ing nagri Semawis, datan kantun lan sagarwa putra, Hedler tan tebih lan rajeng, datan winarna iku, sampun rawuh ing Kartawani, lajeng lumebet pura, jeng sinuhun sampun, jumeneng ing Kartasura, Hedler ingkang asagah amburu iki, mring Susuhunan Mangkurat.
  109. Lajeng budhal saking Kartawani, Hedler lawan sagung Hupsirnya, medal pasisir margane, datan winarna iku, wus utusan mring Panaragi, ngaturi Kangjeng Sunan, wus karsaning Hyang Agung, Kengjeng Sunan Mangkurat mas, teka gampil ngaturan pan sampun kenging, binekta marang Sabrang.
  110. Tata tita nagri Kartawani, mapan lulus jeng sinuhun ika, Mangku Buwana kang drebe, Mangkurat Jawa iku, Cakrajaya tulus kang patih, datan angalih nama, pan meksih puniku, Ki Dipati Cakrajaya, duk semana Tanah Jawi karta neki, Tanana dora cara.
  111. Pan wus lama jumeneng sang aji, lan wus sepuh wau wayahira, kondur mring Rahmatolahe, sinare Magari ku, ingkang putra Pangran Dipati, mapan sampun gumantya, nenggih namanipun, Kangjeng Suhunan Prabu ika, Cakrajaya datan lami nututi, mantuk mring Rahmatolah.
  112. Ing kang putra wau kang gumanti, nama Raden Dipati Danurja, Jeng Sunan kelangkung sihe, tanna selayanipun, barang karsanira sang aji, Rahaden Adipatya, Danurja puniku, mumpuni karsa nata, dadya tulus Tanah Jawa kretaneki, dhasar samya taruna. 

PUPUH XIV
S I N O M 

  1. Mengkana kang cinarita, Jeng Sunan prabu iki, mapan derman sugih putra, jalu kelawan pawestri, nanging ingkang winarni, para putra ingkang jalu, kang sepuh namanira, Pangran Riya ingkang rayi, Pangran Behi anulya Pangran Dipatya.
  2. Ari Pangran Mangkubumya, nulya Pangran Bintareki, nuli Pangran Sumayuda, wuragilira winarni, Pangran Kusumeki, nging sedaya timur, ingkang sampun diwasa, nging Pangeran Riya iki, lan kang rayi Pangeran Ngabehi ika.
  3. Sampun kersaning Hyang Sukma, Kengjeng Suhunan prabu iki, datan panjang yuswanira, kondur mring Rahmatolahi, dadya ingkang ngresahi, kreraton puniku, nenggih Pangeran Riya, nulya Raden Adipati, sampun sarembang lawan kang rat pinidya.
  4. Pangeran Riya ingapusan, binucal mring Sabrang iki, dadya lulus madeg nata, nenggih Pangran Dipati, mapan peparab neki, Kangjeng Suhunan puniku, nenggih Mangku Buwana, mapan wus diwasa iki, lan kang rayi sedaya sampun diwasa.
  5. Nanging wus karsaning Sukma, akathah karsanireki, nora kena ingaturan, dhumateng Raden Dipati, dadya selaya iki, kajuwetan aturipun, Den Dipati Danurja, Jeng Sunan bendu tan sipi, gya cinepeng Raden Dipati binucal.
  6. Anenggih dhumateng Sabrang, ingkang kinarya patih, Pangeran Nata Kusuma, mapan inggih datan lami, binucal Sabrang iki, nging atilar weling iku, Pangeran Nata Kusuma, maring Mangun Honeng puniki, lawan Mertapura kinen ngembanana.
  7. Den Mas Gerendi punika, mituhu punggawa kalih, Kangjeng Sunan kang winarni, mapan sampun karya patih, nenggih Raden Dipati, Pringgalaya namanipun, ing jero Sastrawiguna, dadya sagung pra Dipati, mHyang sentana ingkang tyas alit sadaya.
  8. Mengkana ingkang winarna, Ki Mangunhoneng puniki, lawan Kyai Martapura, nulya tepang Cina sami, ngangkat Den Mas Garendi, pan wus jinenengken ratu, Sunan Kuning kang nama, wus kathah kang bala nuli, nulya rembag anglurug mring Kartasura.
  9. Cina kang dados pengarsa, mangkana pinethuk jurit, Den Dipati Pringgalaya, wau ingkang anindhihi, sagung wong Kartawani, krerigan tanana kantun, mapan wus jeng ajenegan pan anging helet benawi, aparentah Den Dipati Pringgalaya.
  10. Bengawan kinen nasakha, anulya karya wus dadi, gung wadya kinen nyabranga, sadaya aja na kari, nging Mangunhoneng iki, lan Cina sarewangipun, eca kendel kewala, antawis angsal sapalih, wadya Kartasura ingkang sampun nyabrang.
  11. Ki Mangunhoneng anulya, sagung Cina den abani, lajeng anembang tengara, beri geng ingkang tinitir, suwara pating barekik, samya rempeg ajengipun, sampun karsaning sukma, wadya Kartasura sami, langkung gila aningali dhateng Cina.
  12. Pan sinareng tinempuh nulya, lajeng geger kuwur sami, Tanana purun lawana, mundur mapan den cegati, mring Den Pringgalayeki, dadya kathah ingkang nempuh, saking jrih marang Cina, nulya kinen natas aglis, ingkang sasak dadya wong ing Kartasura.
  13. Kathah pejah kentir toya, Cina lajeng lampah neki, Den Dipati Pringgalaya, nitih kuda den cemethi, nander pelajeng neki, wong ing Kartasura mawur, miwah putra sentana, samya ngrebut anak rabi, Sri Nalendra langkung kaget manahira.
  14. Ingkang Cina pan meh prapta, ing alun alun puniki, Mayor Hundur kang winarna, langkung kaget ing tyas neki, lajeng mepak Kumpeni, ing sawonten-wontenipun, naming satus punika kinarya ngawali jurit, anging meksa Cina golong pengamuknya.
  15. Kumpeni datan kuwawa, pan saking karoban tandhing, sedaya wong Kartasura, wus mawut tanan kari, Mayor Hundur anuli, lan Raden Pringgalayeku, angrebut mring sang nata, kalih welas jalan kaki, Sri Nalendra lajeng ingaturan lolos.
  16. Kelangkung dennya kasesa, kathah kang katilar iki, sagunge ingkang pusaka, nanging putra lan garweki, Cina wus ngepung sami, dadya miyos banon gugrug, kang jalan kaki rolas, saangsal-angsal ngawali, kang lumampah aneng wurine Nalendra.
  17. Sampun lepas lampahira, Sunan Kuning kang winarni, pan sampun lemebet pura, wus bedhah ing Kartawani, lajeng ngedhaton iki, jeng Sunan neng Kartapurun, ingkang Cina sedaya, pan lajeng ngenggeni loji, Mertapura ngenggeni ing Pringgalayan.
  18. Mangunhoneng neng jro pura, tunggil lawan sang aji, pirang pirang ingkang brona, tenapi para selir, miwah parekan sami, ingkang kantun lan sang prabu, dadya katungkul samya, kasukan Jeng Sunan Kuning, lawan Cina Mangunhoneng Mertapura.
  19. Kawarnaha wong Kartasura, kang samya lumayu ngungsi, sagung kang putra sentana, mapan rebut paran sami, ana kang ngungsi ardi, nging
    Jeng Pangran Behi iku, angungsi mring Semarang, kalawan kang rayi kalih, Kangjeng Pangran Mangkubimi Sumayuda.
  20. Kangjeng Sunan kang winarna, neng Surabaya gen ngungsi, Mayor Hundur kang winarna, utusan marang Betawi, nedha bantu Kumpeni, Jendral ambantoni sampun, gangsal atus Welanda, wus prapta ing Surwesthi, kang sentana punggawa kang samya prapta.
  21. Nusul dhumateng Jeng Sunan, wus pepak wong Kartawani, Mayor lawan Pringgalaya, Kangjeng Sunan den aturi, kondur mring Kartawani, lajeng nembang tengareku, budhal sing Surabaya, mayor kang dadya pangarsi lawan para Hupesir sa prajuritnya.
  22. Datan winarna ing marga, Kartasura sampun prapti, lajeng kaget bala Cina, katungkul amupu sami, miwah Martapureki, Mangunhoneng langkung kuwur, atenapi Jjeng Sunan, Kuning lajeng lolos nuli, Martapura Manguhoneng rebut paran.
  23. Kang Cina pan sampun telas, pinatenan mring Welonda, Sunan Kuning kang winarna, sampun karsaning Hyang Widi, binujuk teka gampil, mring Welonda kenging sampun, binekta dhateng sabrang, semana ing Tanah Jawi, lajeng risak kawarna ing Kartasura.
  24. Jeng Sunan Mangkubuwana, mapan samya den parabi, Sunan Kombul mring wong kathah, mengkana nuju nimbali, kang raka Pangran Behi, lawan kang rayi sedarum, wus pepak munggeng ngarsa, pan sampun samya tinari kardi, Sokawati kanggenan mring Martapura.
  25. Kelangkung ageng barisnya, sapa kang kaduga iki, ngrebut banjur den prentaha, umatur Pangran Ngabehi, kados tan wonten malih, tyanipun adhi puniku, Mangkubumi punika, Kangjeng Sunan ngandika ris, paran sira dhimas Mangkubumi ika.
  26. Apa ta sira kaduga, angrebut ing Sokawati, Kangjeng Pangran aturira, yen wonten karsa sang aji, sandika anglampahi, nanging pangestu pukulun, Sri Nalendra angandika, iya adhi ingsun idini, muga sira adhimas oleha karya.
  27. Nulya ngabekti Jeng Pangran, wus lengser saking ngarsi, sedaya putra sentana, mapan kondur sampun sami, Jeng Pangran Mangkubumi, mapan lajeng mangkat sampun, dhumateng Sokawati, kelawan wadyaneki, tan winarna marga Sokawati prapta.
  28. Lajeng pinethuk ing yuda, langkung ramening ngajurid, sampun karsaning Hyang Sukma, Ki Martapura puniki, wentisira kababit, marang Kalatana iku, gennya nyumed priyongga, mapan lajeng lampah neki, wus karebut Sokawati sedaya.
  29. Dhumateng Kangjeng Pangeran, Mangkubumi kandor nuli, wau dhateng Kartasura, lajeng sohan mring sang aji, katur sasolah neki, jeng Sunan ngandika arum, ya adhi sun tarima tulusa sira duweni, Sokawati adhi sira kang parentah.
  30. Mengkana pan sampun lama, Hedler maring Kartawani, ginubel mring Pringgalaya, kinen mundhut Sokawati, Hedler mapan nuruti, Sokawati wus pinundhut, dhumateng Kangjeng Pangran, nanging sewu ingkang meksih, Kangjeng Pangran kalangkung dennya lenggana.
  31. Nanging Hedler kedah meksa, Kangjeng Sunan anjurungi, mring kajenge Hedler ika, dadya Pangran Mangkubumi, langkung gerah ing galih, dalu nulya lolos sampun, lawan sagarwa putra, dhumateng ing Sokawati, Kangjeng Sunan anreka dhateng kang raka.
  32. Kangjeng Pangran punika, Ngabehi ingkang ngajani, nulya cinepeng kang raka, binucal ing Sabrang iki, dadya sentana sami, langkung giris manahipun, dadya lolos sedaya, tan ana kantun sawiji, lawan Raden Suryakusuma pan kesah.
  33. Langkung bendru Tanah Jawa, sagunging santana sami, wonten nunggil mring kang raka, Kangjeng Pangran Mangkubumi, wonten mawat pribadi, dhumateng ing gunung Kidul, nanging cinedhak kewala, langkung risak Tanah Jawi, duk jenenge Jeng Sunan Kombul punika.
  34. Pan lama denira yuda, Hyang uyung ing Tanah Jawi, Kumpeni pan kathah pejah, mengsah Pangran Mangkubumi, dadya tinulung iki, Gurnadur utusan sampun, pinilih Tanah Jawa, Jeng Sunan narima iki, Kangjeng Pangran Mangkubumi wus narima.
  35. Dadya kekalih punika, Tanah Jawa kraton neki, Tanah Pajang lan Mentaram, Kangjeng Pangran Mangkubumi, ingkang aneng Mentawis, ing Ngayogya nagrinipun, anenggih jejuluknya, Kangjeng Pangran Mangkubumi, Kangjeng Sultan Mangku-buwana katiga.
  36. Ing Kartasura winarna, mapan iya sampun ngalih, kedhaton winestan Sala, Jeng Sunan Kombul winarni, seda mapan wus lami, sinare nglangkunan iku, ingkang putra gumantya, Kangjeng Pangran Dipati, ajejuluk Jeng Sunan Mangkubuwana.
  37. Anenggih kaping sekawan, Pangran Bintara kang winarni, ngapusan lajeng binucal, dhumateng ing Sabrang nuli, nging Surya Kusumeki, langkung prakosa prangipun, mapan wus salin nama, Kangjeng Pangran Mengkunagri, pan tinulung mring Jeng Sunan Surakarta.
  38. Mengakana sampun waluya, ing Tanah Jawa puniki, kawarnaha ing Ngayogya, Kangjeng Sultan kang ngrenggani, pan dreman sugih siwi, putra putri mapan iku, nging kang putra kewala, punika ingkang winarni, namanira Kangjeng Pangran Ngabiha.
  39. Nulya jeng Pangran ika, Dipati arineki, Pangran Demang aranira, nulya Pangran Dipasanteki, mapan arine malih, Pangran Natanusumaku, lan Pangran Sumayuda, PangranHadiwijayeki, nulya Pangran Harya Panular arisnya.
  40. Pangran Mangku Kusuma, Pangran Adi Kusumeki, nuli Pangran Dipasana, Pangran Danu Paya nuli, Pangran Balitar iki, Pangran Sontanusumeku, Pangran Dipati Jaya, pepatihira sang aji, Raden Yudanegara nagri Toya Mas.
  41. Pinundhut kanarya patya, ingalih namanireki, Raden Dipati Danurja, pengulu Pekih Ibrahim, katiga nunggal kapti, ratu patih lan pengulu, marma nagri Ngayogya, kelangkung arjanireki, Patih Jero nenggih Kyai Sindurja.
  42. Wedana Moncanegara, Rahaden Rongga puniki, anenggih Prawiradirja, kelangkung keringan neki, mring praja kanan kering, anenggih ingkang winuwus, Kangjeng Pangran Dipatya, kang putra dewasa sami, ingkang sepuh anenggih pinaring nama.
  43. Wau dhumateng kang EHyang, Kangjeng Pangran Mangkubumi, nulya Pangran Panengah, Pangran Martasona nuli, Pangran Pamot kang rayi, Pangran Pringgalaya, iku nulya Pangran Riyomenggala, nulya Pangran Singasari, kang waruju nama Pangran Anem ika.
  44. Dene ingkang kinasihan, dhumateng kang EHyang iki, nanging Pangran Pangkubumya, langkung kreta Ngayogyeki,Kangjeng Sultan winarni, pan dumugi yuswanipun, menangi buyut ika, Kangjeng Pangran Mangkubumi, drebe putra jalu sareng babarira.
  45. Ing tahun Ehe punika, wulan Mukharam nujoni, tanggal ping wolu kang dina, Jemungah Wage puniki, Alip ingkang lumaris,Kulawu mapan anuju, wektu sahur babarnya, Jeng Sultan ngaturan uning, langkung suka kang buyut pinundhut nulya.
  46. Kangjeng ibu ingkang bekta, prapta ngarsanya sang aji, pinarak neng Prabayeksa, pan lajeng ngiling ngilingi,  Jang Sultan ngandika ris, bok ratu buyutireku, besuk wruhanira, wus karsaning Hyang Widi, mapan pinasthi iya kinarya lampahan.
  47. Pan iku luwih lan ingwang, rusake Welonda benjing, wekasan walahu alam, marma bok ratu den becik, momong buyutireki, pan mituhu Kangjeng ratu, marma tan kenging pisah lan kang wayah buyut iki, pan meningi tigang tahun ingkang yusnya.
  48. Kondurnya mring Rahmatolah, Jeng Sultan Mangkubuwaneki, anenggih kang kaping tiga, nulya kang putra gumanti, Kangjeng Pangran Dipati, jemuneng Sultan puniku, nenggih Mangku-buwana, kaping sekawan puniki, ingkang putra Pangran Mangkubumi nulya.
  49. Jumeneng Pangran Diaptya, Pangran Pringgalaya nuli, pan ingelihan namanira, Pangran Mangkudiningrati, Pangran Anem pinaring, nama Mangkubumi iki, dadya lurahing putra, mapan ya iku kekasih, kang sentana kalih lelurahnya.
  50. Kangjeng Pangran Ngabehi ika, lan Pangran Natanusumeki, Kangjeng Ratu Geng winarni, pan asring selaya neki, lan kang putra pribadi, dadya mutung adhudhukuh, babat kang ara ara, mapan lajeng den dalemi, tebihira saking nagri Ngayogya.
  51. Mapan lampahan sa ejam, mengakana pan sampun dadi, winestan Tagelreja, kang wayah buyut tan kari, Kangjeng ratu winarni, pan tetanen remenipun, sinambi lan ngibadah, kinarya namur puniki, lampahira gen brongta marang Hyang Sukma.
  52. Kang buyut tan kenging pisah, sinambi winulang iki, langkung kerta Tegalreja, mapan kabeh tiyang prapti, samya angungsi tedhi, ingkang santri ngungsi ngelmu, langkung rame ngibadah, punapa dene wong tani, henengena kawarnaha ing Ngayogya.
  53. Raden Dipati Danuja, lawan ki Pangulu iki, Pekih Ibrahi, punika, lan Kyai Sindurjeki, Raden pan sami, Prawiradirja puniku, mantuk mring Rahmatolah, taruntunan datan lami, lan Jeng Sultan dadya sepi ing Ngayogya.
  54. Kangjeng Sultan nulya karya, pepatih wayah ireki, Raden Dipati Danurja, Tumenggung Mertanegari, jinunjung nama neki, Raden Dipati punika nunggak semi Danurja, Raden Rongga kang gentosi, ingkang wayah pan inggih kados kang EHyang.
  55. Anama Prawiradirja, Ki Sindurja kang gentosi, Raden Tumenggung ika, Sumadiningrat kang siwi, Sindurja nora dadi, nanging meksih namanipun, Ki Pangulu punika, anenggih ingakng gentosi, lurah Surata nenggih namanira.
  56. Muhamat Sapingi ika, punggawa tiga pan sami, kemantu mring Sri Nalendra, Raden Sumadiningrat iki, ratu bendara nenggih, Raden Dipati puniku, ratu angger kang nama, Raden Rongga pan pinaring, kang weruju Kangjeng Ratu Naduretna.
  57. Katiga samya nemira, dene karsanya sang aji, pan langkung saking kang rama, tenapi punggawa katri, maksiyat carup sami, kalawan agaminipun, Ki Pangulu mangkana, kabeh wong Ngayogya sami, ageng alit awis ingkang lampah nyata.
  58. Jeng Ratu Ageng winarna, langkung susah ingkang galih, asung peling tan ginega, mring kang putra wayah sami, dadya angles sireki, dhasar wancine wus sepuh, jeng ratu ingkang driya, kondur mring Rahmatulohi, Tegalarja kang wayah buyut gumantya.
  59. Kangjeng Pangran Dipatya, pan katiga putraneki, kang sampun samya diwasa, Pangran Diponegareki, Pangran Hadinegari, Pangran Suryabrongta iku, kang mengku Tegalarja, gentosi kang eHyang suwargi, Kangjeng Pangeran Dipanegara.
  60. Nanging wus karsaning Sukma, Pangran Dipanegara ki, kedah momor ingkang EHyang, buyut mapan karsaneki, remen agami, dadya selaya iku, lan Kang EHyang Jeng Sultan, dadya awis sohanneki, nging Garebeg punika kang pesthi ana.
  61. Seprandene kedah meksa, Walonda saha geng alit, saking jrih dhateng kang EHyang, tenapi dhateng sudarmi, nanging kang tyas pribadi, ing agama remenipun, mengkana Tegalarja, langkung duka kang Hyang swargi, kang ngibadah tenapi kathah ing tiyang.
  62. Miwah ingkang wewangunan, sedaya mapan wus salin, Kangjeng Pangran namanira, lamun alelana iki, nenggih Syeh Ngabdul Rakim, kelamun aneng praja gung, Pangran Dipanegara, dadya anama kalih, ingkang yuswa sampun kalih dasa warsa.
  63. Nanging pekaremannya, ingkang den lampahi, mengkana esthining driya, ing siHyang kelawan latri, sepirane dunyeki, dadya karem ingkang, marang purbaning Sukma, nanging sipat ngaral meksih, asring kenging kagodha dhateng wanodya.
  64. Yen kala enget tyasira, marang wekasan dumadi, dadya eca alelana, anjajah sakeh ing Mesjid, mapan tunggil lan santri, kang kathah kathah puniku, langkung amati raga, angagem kang sarwa langip, milanira awis jalma kang uninga.
  65. Lamun iku kawuningan, dhumateng guruning santri, Syeh Dulrakim nulya kesah, nanging ingkang den karemi, tunggil lan santri alit, lan kang samya nisthanipun, anging pondhok punika, marmanipun ngalih ngalih, lamun bosen pesantren ngalih mring wona.
  66. Gunung jurang parang guwa, trekadhang urut pasisir, kelamun wulan Ramelan, ngujalat guwa ingkang sepi, mengkana kang winarni, aneng suka mal panuju, Syeh Ngabdul Rakim ika, linggih neng jro guwa iki, lingsir dalu cobaning Hyang nulya prapta.
  67. Kelangkung awarna warna, coba ingkang andhatengi, Syeh Ngabdul Rakim semana, wus tan drebe tingal kalih, nanging marang Hyang Widi, wus musna coba sedarum, nulya ana kang prapta, jumeneng ngarsanireki, kang wong priya cahyanya sawang purnama.
  68. Aweta Sang Jati Sukma, sayektine Sunan Kali, Seh Ngabdul Rakim semana, cengeng denira ningali, nulya ngandika aris, eh Ngabdul Rakim sireku, wus pinasthi Hyang Sukma, lamun sira iku benjing, dadya ratu iring iring nulya musna.
  69. Nulya musna sang pandhita, pupungun Seh Ngabdul Rakim, kelangkung gegetunira, dene tan ngantos ngabekti, enjing nulya lumaris, lampahnya pan jujur gunung, tan ngetang pringgabaya, salira wun tan katolih, kang kahesthi amung sih ira Hyang Sukma.
  70. Nusup nusup lampahira, mudhun jurang minggah ardi, Tanana ingkang sinedya, langkung liwung ing tyas neki, lamun sayah lumaris, sare sa gen enggenipun, mangkana sampun prapta, ing bengkung Seh Ngabdul Rakim, lajeng kendel ngantos angsal pitung dina.
  71. Seh Ngabdulrakhin wus tedhak, dhumateng Mesjid Magiri,  pan arsa salat Jumungah, mapan nuju samya prapti, sagung kang jurukunci, pan arsa salat sedarum, kagyat samya tumingal, tan pandung mring gustineki, pan kumrubut samya salam sedaya.
  72. Sabakdanira Jumungah, sagung ingkang juru kunci, mapan lajeng samya kurmat, ing sa gadhah gadhah neki, dadya nyare sawengi, ing Mesjid jimatan iku, enjing anulya mangkat, Seh Ngabdurakhim lumaris, turut lepen ika lajeng minggah arga.
  73. Prapta ing guwa seluman, lajeng anyare sawengi, enjing anulya lumampah, nut tirah tirah inga ngardi, mengkana sampun prapti, Seh Ngabdurakhim puniku, guwa Sigala gala, anulya dipun lebeti, kalih dalu nyare neng Sigala gala.
  74. Enjang anulya lumampah, lajeng anede kang wukir, Guwa Langse kang sinedya, Dirgama wus tan kaesthi, mengkana Sampun prapti, Guwa Langse lampahipun, Seh Ngabdulrakhim nulya, neng ngriku amati ragi, awetara neng guwa satengah condra.
  75. Angeningaken kang tingal, wus sirna sagung kaeksi, Seh Ngabdulrakhim semana, nging kantun rumekseng urip, urip rumekseng dhiri, dhiri wangsul urip sampun, kang urip kaya kaya, sampun tan kena winuning, kawarnaha ingkang ngadhaton Samodra.
  76. Ratu Kidul sampun prapta, neng ngarsa Seh Ngabdulrakhim, mapan pandhang jroning guwa, nging jeng ratu wus udani, lamun Seh Ngabdulrakhim, lagya suwung ciptanipun, datan kenging ginodha, dadya umatur ubanggi, lamun benjang prapteng mongsa badhe prapta.
  77. Nanging Seh Ngabdulrakhim, miharsa datan ningali, Ratu Kidul sampun musna, mengkana Seh Ngabdulrakhim, wus ucul tingal neki, mantuk bongsariyahipun, enjing nulya tumedhak, dhumateng Parang Taritis, lajeng sira mahanare Parang Kusuma.
  78. Pitekur sendhehan sela, layap layap miharseki, suwara mapan mengkana, eh ya ta Seh Ngabdulrakhim, ngaliya aran neki, Ngabdul Khamit ta sireku, lan maneh ingsun warah, kurang telung tahun iki, ing bubrahe iya neraga Ngayogya.
  79. Mapan wus karsaning Sukma, wiwit bubrah Tanah Jawi, iya kurang telung warsa, lawan sara iku benjing, mapan iya wus pinasthi, dadi lelakon ing besuk, ingsun aweh prethanda, marang sira Ngabdul Khamit, Panah Sarutama iki sira goha.
  80. Lan maneh wewekas ing wang, marang sira Ngabdul Khamit, lan poma sira den yitna, lamun luput iku benjing, ramanira tan dadi, nanging ta wewekas ingsun, Ngbadul Khamit maring sira, ya gelem sira kinardi, ya Pangeran Dipati marang Welonda.
  81. Mapan wus pesthi duraka, nanging ta ramanireki, Ngabdul Khamit jaganana, olehnya jumeneng aji, tan ana malih malih, nanging sira srananipun, mapan iku tan dawa, nanging kinarya leluri, Ngabdulrakhim wus poma sira muliya.
  82. Byar wungu padhang tingalnya, tan ana jalma kang angling, lajeng ningali gegana, wonten cumlorot lir thathit, dhawah ngarsa nireki, tumanceb ing sela iku, dhawah ngarsa nireki, nenggih ki Sarutama, mapan wus pinundhut nuli, byar rahina Seh Ngabdul Khamit lumampah.
  83. Kinandhut ki Sarutama, pan lajeng urut kikisik, kendel aneng ing sawangan, sakedhap nulya lumaris, prapta Nglipura iki, ing sela gilang puniku, nyare sedalu nulya, enjing pan lajeng lumaris, prapta guwa Secang kendel Jeng Pangeran.
  84. Anyare sedalu ika, enjing pan lajeng lumaris, kondur marang Tegalarja, mengkana pan sampun prapti, lajeng den busanani, Ki Sarutama puniku, rineka cundrik ika, henengena ingkang winarni, ing Ngayogya langkung khathah kang bicara.
  85. Hoprup mapan salin nama, Minister ing namaneki, Hegler namaning Welonda, lawan lenggah jajar sami, lan Kangjeng Sultan iki, lawan mawi songsong iku, pan iku datan lama, nulya Gurnadur Ngejawi, nulya Jendral Dhandhles namanira.
  86. Sampun prapta Surakarta, yun lajeng mring Ngayojeki, Kangjeng Sultan datan arsa, sabab dereng wonten iki, adat kang dhingin dhingin, Jendral Ngejawi puniku, senadyan ngejawiha, pananging kendel Semawis, setun tebih mapan kendel Salatiga.
  87. Nanging Jendral kedah meksa, genira ayun udani, wekasan dadya selaya, sagung wong Ngayogya sami, kinen busana jurit, sampun sumekta sedarum, Den Dipati Danurja, lan Raden tenapi, pra punggawa kang agung agung sedaya.
  88. Kang Jawi dherek sedaya, dhumaten Raden Dipati, mapan kinen mangsulena, lampahe Jendral puniki, Kelathen sampun prapti, tan adangu Jendral rawuh, umiyat wong Ngayogya, amepeti lurung sami, dadya kewran Jendral pan kirang sumekta.
  89. Lajeng lumebet kewala, mring loji Jendral puniki, Raden Dipati Danurja, lan Raden Rongga tenapi, sagung kang pra Dipati, tumut malebet sedarum, lajeng samya tabeyan, kalawan Jendral nuli, abicara Jendral dados manahira.
  90. Pan lajeng wangsul kewala, mantuk dhumateng Semawis, mengkana lama lama, saya kathah bicareki, nanging Raden Rongga iki, ingsah tansah dados catur, mengkana tumpa tumpa, Den Rongga ingkang prekawis, mapan aSring den undang dhateng Semarang.
  91. Den Rongga Prawiradirja, nanging wus prayitna galih, ingkang tyas pan wus uninga, lamun dipun pengarahi, dhumateng ing Kumpeni, dadya tan pegat puniku, langkung prayitneng baya, mengkana mapan wus lami, Jendral meksa ayun uninga Ngayogya.
  92. Wus dadya ingkang bicara, mengkana ingkang winarni, Kangjeng Pangeran Dipatya, ingkang putra den timbali, Pangeran Dipanegari, sampun prapta ngarsanipun, Kangjeng Pangeran Dipatya, mapan angandika aris, lah ta kulup payo padha andum karya.
  93. Wong ing Kadipaten ika, kang padha dadi prajurit, kabeh iku sira rehna, pan sewu cacahe iki, dene ingkang ngiring mami, tumbak kencengireki, mongsa bodhowa siseku, pan ingsun kang bicara, dene ingkang ngiring mami, nging kariya ngampil lan Suranata.
  94. Kelawan Trunaasmara, ponakawan gamel iki, ingkang cekel priyongga, lawan adhinira kalih, dadya kanthinireki, sandika Pangran turipun, anulya tinimbalan, ingkang Wedana prajurit, namanira Rahaden Wiryapuspita.
  95. Lawan Den Jayaminarsa, wus pinaringaken iki, mring Pangran Dipanegara, mengkana pan datan lami, lan Jendral praptaneki, Kangjeng Pangran Dipatyeku, amethuk mring Kalasan, dene ingkang jaga Westhi, ingkang putra Pangeran Dipanegara.
  96. Lawan kang rayi kalihnya, Pangran Hadinegareki, lan Pangeran Suryabrongta, kelawan Wedana kalih, ingkang dados pengarsi, mengkana sampun kepethuk, lan Jendral neng Kalasan, Kangjeng Pangeran Dipati, mapan lenggah sakedhap anulya mangkat.
  97. Kawarnaha Kangjeng Sultan, kang methukne Gawok iki, mengkana pan sampun panggya, lan Jendral Dandeles nunuli, lenggah sakedhap iki, anulya bundhalan kondur, dhateng nagri Ngayogya, lan Jendral pan sampun prapti, mapan kathah bicara kang nora dadya.
  98. Duk semana ing Ngayogya, mapan lagya mempeng neki, sagung kang putra sentana, lawan kang para Dipati, mengkana Jendral iki, mapan menggah kajengipun, kang prajurit sedaya, kalebet moncanegari, ing Ngayogya sedasa ewu pansamya.
  99. Sawangnya lagya gumbira, kejawi pangrembeneki, anging Jendral ing tyasira, kang dinugi bengkalahi, Rahaden Rongga iki, Prawiradirja Madiyun, dadya mantuk kewala, akarya karenah malih, Raden Rongga kang ingangkah kengingira.
  100. Kangjeng Sultan kang winarna, Rahaden Rongga puniki, pan kalilan mantuk ika, lan sagung mocanegari, kawarna sampun prapti, Rahaden Rongga Madiyun, sampun karsaning sukma, Jeng Ratu Maduretneki, babar lajeng seda konduran punika.
  101. Sinare ing Giripurna, Rahaden Rongga puniki, tumut aneng pakuburan, rahina wengi anangis, mapan ngantos alami, saya wuwuh driyanipun, mengkana ing tyasira, angur melu ngemasi, datan saged yen teksih kantun neng denya.
  102. Dadya dilalah karsanya, akeh luput den andhemi, mengkana ingkang winarna, Jendral mapan sampun dadi, rembag lan den Dipati, nulya katir suratipun, dhumateng Sri Nalendra, anuhun Den Rongga iki, pan ingundang ing Jendral dhateng Semarang.
  103. Dilalah karsaning sukma, Kangjeng Sultan teka gampil, pan iku kang dadya marga, rusake Ngayogya iki, Den Rongga den timabali, wus sohan sabalanipun, pan sewu winetara, nanging Den Rongga tyas neki, nanging meksih asmara dhateng kang swarga. 

PUPUH XV
ASMARADANA 

  1. Mapan lajeng dhawuhi, den Rongga Prawiradirja, kalamun ing ngundang mangko mring Jendral dhateng Semarang, mengkana ing tyasira, ingkang gumantung ing kalbu, ngajeng ratu Maduretna.
  2. Mengkana esthining galih, den Rongga Pawiradirja, yen ingsun nuruta bae, lumaku marang Semarang, iya lamun palestra, kalamun tan mati ing sun, dadya andedawa brota.
  3. Baya ngur mulih amami, aluru dedalan apa, saprandene awakingong, neng dunya wus neba bisa, iki dalan utama, sun anusul Kanjeng ratu mengkana ing dalu nulya.
  4. Kang wadya wus den dhawuhi, manuk mring Madiyun nulya, budhal dalu denya bolos, kalawan sawa dayanira, den Dipati Danurja, wus ngaturi priksa iku, dhumateng Srinaranata.
  5. Miwah dhumateng ing loji, mring minister wus sung wikan, nulya karya surat age, kinintukken marang jenderal ingkang aneng Semarang, Kanjeng Sultan kang winuwus, sakelangkung dukanira.
  6. Ingkang tinuding nututi, wedana jero punika, Raden Purwadipurane, lan Pangran Dipakusuma, punika ingkang jaba, lan Raden Pringgalayeku, nging cinendhak kang carita.
  7. Rahaden Rongga puniki, pan sampun kesambut yuda, ingkang ngolani kancane, Adipati Kephadangan, Raden Sumanegara, ingkang layon sampun katur, dhumateng Srinaranata.
  8. Kawarna Jendral Semawis, mapan sampun aputusan, bantu mring Mentaram mangko, mengkana pan samupun prapta, nanging tan angsal karya, Raden Rongga wus kapupu, nulya Pangran Natanusuma.
  9. Ingkang tinerka ngajani, tinedha sampun binekta, dhumateng Betawi mangko, saical lare den Rongga, nenggih nagri Ngayogya, wus tan ana banthengipun, Jendral dugeken tyasira.
  10. Anulya dhateng Mentawis, ambekta sawadya kuswa, Jeng Sultan tan methuk mangko, langkung ayuda ing nala, mengkana sampun prapta, Jendral ing Ngayogya iku lajeng mring loji kewala.
  11. Sampun karsaning Hyang Widi, Jeng Sultan ayuda karsanya, kang putra sentana kabeh, atenapi ingkang wadya, mapan sampun sumenta lamun kinarsa apupuh, ing tyas sampun kaduga.
  12. Nanging wus karsa Jendral Daendels abicara, lan Raden Adipatya Danurja ngaturan iku, Kanjeng Sultan alebet.
  13. Inggih dhumateng ing Ngloji, kepanggih alawan Jendral jeng Sultan tan arsa mangko, dadya langkung ayudanya, mester enggal lan wa bram, mengkana wekasanipun, Jeng Sultan wakil kewala
  14. Miter kalih atureneki, katiga Raden Dipatya, kalamun wonten kajenge, Jendral punapa wus lila, Kanjeng Sultan ngandika, iya mapan lila ingsun, marang sit hole Dipatya.
  15. Mengkana Pangran Dipati, wus ing ngiden mring kang rama, kinen mangggihi jendra le lan wus tilas welingira, nulya lengser sing dhasar, lawan mister kalihipun, mHyang sagung putra sentana.
  16. Tenapi kang pradipati, lawan prajurit sedaya, sampun prapta ngloji mangko, nulya panggih lawan Jendral, Kanjeng Pangran Dipatya, anulya ing ngakat sampun jumeneng sang raja putra.
  17. Nalendra parentah iki, mring sagunge wong Ngayogya, dadya Kangjeng Sultan mangko, mapan kendel amegawan, nanging momong kewala, dhumateng kang putra iku, wus rampung ingkang bicara.
  18. Kanjeng raja kondura glis lajeng sowan mring kang rama, wus katur sanes karane enjangira Jendral nulya, dhumateng ing kerajan, mapan lajeng pamit mantuk, enjingira nulya budhal.
  19. Jenderal Daendels mring Betawi, datan lami kintun bintang, dhumateng jeng raja mangko, pan sinami agengira, lan bintange priyongga, Jendral Dhandels puniku, nanging kantun mawi sela.
  20. Pan mudhel pratondhaneki, saking ing raja Welanda, datan lami gantos mangke, Jendral Dhandeles punika, Jendral Janseng punika, kawarnaha ing Mentarum, laminya jumeneng ika.
  21. Kanjeng Raja Ngayogya di, Kanjeng Sultan kang winarna, mapan kenging pabanguse, marang ingkang gadhah karsa, ingkang putra Priyongga, Pangran Mangkudiningratku, lan Pangran Jayakusuma.
  22. Pangran Sontawijaneki, Jeng Sultan Mindhak sekawan, putra kang diwasa mangko, kang sepuh Pangran Natabaya, anuli arinira, Pangran Slarong puniku, kuli Pangran Sontawijaya.
  23. Pangran Jayakusumeki, punika ingkang taruna, dadya ewa ing manahe, Kanjeng Sultan mring kang putra, Kanjeng raja Nalendra, pan kenging pambangusipun, dhumateng kang putra tiga.
  24. Pangran Mangkudiningrati, punika kang gadhah karsa, nuhun mring kang rata mangko, jumeneng Pangran Dipatya, ingkang rayi kalihnya, Pangran Jayakusumeku, lan Pangran Sontawijaya.
  25. Punika ingkang jagani, ing lebet garwa kalihnya, mapan ingkang mothahake, Kanjeng ratu mas punika, lawan ratu kencana, marma Kanjeng Sultan iku, langkung emeng ingkang driya.
  26. Enengena Ngayogya ki, kang lagya samya kengengan ing Betawi winiraos Jendral Janseng pan tamuhan anenggih kang prang muka, Jendral Ingris wastanipun, Rafflesepe kang bala.
  27. Jendral Janseng atur tulis, marang Kanjeng raja putra, Nalendra nuhun bantune, mapan lajeng binantonan anenggih kang lumampah, mapan Rahaden Tumenggung, Danukusuma kalawan.
  28. Den Menggung Danunegari, Den Menggung Wiryakusuma, dene ingkang lebet mangke, Rahaden Riya Sindurja, lan Raden Ranawijaya, mapan kang sal kang Tumenggung, sewu cacahe kang bala.
  29. Mapan dereng ngantos prapti, Betawi pan sampun bedhah, lajeng baris srandhole, sagung kang wadya Ngayogya, neng gembola Surakarta, pan lestari kawonipun, Welandi Jendral Binucal.
  30. Janseng ingkang angrenggani, Betawi Jendral Botemas, Raffles ingkang jujuluke, mengkana ingkang winarna, nenggih nagri Ngayogya, Kanjeng Sultan Geng tyasipun, dene Welonda wus sirna.
  31. Mapan sampun salin Inggris, pan semana rajeng Sultan, lajeng arsa dhatengake, ingkang dadya deleng ing tyas, mengkana sampun rembag,  kelawan putra katelu, sekawan kang mantu nata.
  32. Lawan ingkang ipe kalih, mapan punika sadaya, kang samya panas manahe, dhumateng Raden Dipatya, kang mantu namanira, den Sumadiningrat, iku ipe Rana Prawiranata.
  33. Prawiradiwirya iki, semana Raoden Dipatya, mapan tinimbalan mengko, sengadinira pinirsa, Inggris ing kabarira pan sampun prapta kedhatun, cinepeng Raden Dipatya.
  34. Mapan lajeng den sedani, atenapi lan kang rama, Raden Danukusumane, mengkana ingkang winarna, Kanjeng raja Nalendra, mapan sampun tanpa bayu, dadya angles ingkang driya.
  35. Sagunging nglawang kinunci, wadya krajan sedayanya, baris banjur andhap manko, lajeng kinen nimbalana, dhumateng ingkang putra, Pangran Dipanegareku, dhumateng ing Tegalarja.
  36. Kawarna Tegalarjeki, Pangeran Dipanagara, mapan tan amirsa watos, kalamun nagri Ngayogya, nenggih wetan punika, jinawil kang mapan iku, nenggih Pangran Natabaya.
  37. Kelangkung kaget kang galih, lan tos dhateng kang rama, KLanjeng Pangran nulya kinon, angambili kang turongga, sampun mapan anulya, tinitih anander iku, datan mawi bekta bala.
  38. Nanging lan gamel satunggil, neng marga kapethuk nulya, lawan kang utusan mangko, ingkang rama Kanjeng raja, tan pantara wus prapta, ing banjar andhap puniku, Pangeran Dipanagara.
  39. Kepanggih sadaya sami, ingkang wadya Kanjeng raja, Pangran Dipanagarane, nimbali den Jasantika, punika ingkang patya, Kanjeng raja kang pinuju, mapan wus salin ping tiga.
  40. Dene patih kang rumiyin, Ki Tumenggung Wiraguna, nulya tilar sepuh mangke nulya Mas Tumenggung ika, nenggih ing Sokawatya, Kertadirja tilar sepuh nulya mas Tumenggung kapan.
  41. Sumadirja ingkang wangi, mapan tilar sepuhika, nulya kekalih patihe, westa Mas Tumenggung ika, nenggih Cakradipura, kalawan Raden Tumenggung, Jayasantika punika.
  42. Nging mas Cakradipureki, tilar sait marganira, kantun satunggal mangko, nenggih Raden Jasentika, kaduk purun kewala, sing mandura wijenipun, ingkang sentana priyongga.
  43. Marma lajeng madek baris, saking prayiteng ing baya, pan lajeng dinukan mangke, mring Pangran Dipanagara, pan kinen bubarena, nging kantuna ingkang sepuh, lurah mantri lan wedana.
  44. Jeng Pangeran nulya manjing, mring panepen ika, kang kori kinunci mangke, anenggih ingkang tengga, kirah manodin lawan, ki Muhamad Usmaniku, sami lan sakancanira.
  45. Kaum lan Suranateki, inggih lajeng dinukan, kori kinen ngengakake, mengkana ingkang winarna, Kanjeng raja Nalendra, yunyunen ing praptanipun, wau dhumateng kang putra.
  46. Pan kinen mariksa nuli, wau dhateng banjar andhap, keparak ing ngutus mangke, Rahaden Wiryapuspitra, mangsuli aturira, mapan sampun rawuh dangu, lajeng duka mring ki lurah.
  47. Sareng sampun andukani, lajeng lumebet kewala, among samita pan age, wangsul matur mring jeng raja, lajeng kinen madosa, mring ing panepen iku, jeng Pangran nulya kepanggya.
  48. Mapan lajeng den timbale, wau dhumateng kang rama, tan pantara prapta mangko, Pangeran Dipanagara, ngasanya Kangjeng raja, ing ngawe lajeng rinangkul, sarwi kumambeng kang wespa.
  49. Mapan ta mangkono maning, Pangeran Dipanagara, pan inggih medal wespane, ri sampun tata kang driya Kangjeng raja ngandika, ingsun kulup aweh weruh, pamanira Danureja.
  50. Ing mangko wus den paeni, iya marang eHyangira, paran polah ingsun mangko, lamun ingsun ing ngandikan iya marang Kanjeng rama, apata ingsun lumaku, paran mangke rembagira.
  51. Pangran Dipanegareki, mapan aris aturira kelamun sedalu mangke, prayogi mopo kewala, Kanjeng raja ngandika, lamun mengkono karepmu, prajurit sira pepakna.
  52. Menawa eHyang ngireki, kebacut supe dukanya, iya marang ingsun mangko, nora wurung bondayuda, Pangeran Dipanagara, wotsekar alon umatur, marma andangu kawula.
  53. Dadak mampir anyrengeni, dhateng paman Jasentika, pan sampun sedhiya mangko, gung abdi dalem sedaya, lajeng ambakon bubarna, nging kantun kang samya sepuh, lajeng mring panepen amba.
  54. Pan inggih mekaten sami, kakirah manodin lawan, ki Muhammad Usman mangke, kaum lawan Suranata, kancanipun sedaya, pan samya sumekteng pupuh, kori sampun tinetegan.
  55. Lajeng kawula srengeni, lan ingkang keti punika, ambaen bucal tetege, mindhak karya salah nyana, Kanjeng raja duk mirsa, ature kang putra iku, dangu datan angandika.
  56. Wekasan ngandika aris, paran kulup karepira, ingsun nora duga mangko, sireki pananging juga, senadyan akulita, tembaga balung wesi ku, otot kawat sungsum gegala.
  57. Mongsa ta gelar iki, mungsuh paman-pamanira, mapan ta kaliwat akeh, Pangeran Dipanagara, pan aris aturira, nedyan mewah malih puniku, anging pangestu paduka.
  58. Yen Kanjeng eHyang upami, meksa dhateng ken wesesa, dhumateng paduka supe, kapanggiha ing kawula, samya den tingalana, sampun wonten tumut-tumut, nulya Raden Jasantika.
  59. Mapan sowan tur upeksi, lamun den Sumadinngrat, lawan Brotanusumane, ing ngutus dhateng sang nata, Kanjeng raja narendra, mapan angandika arum, Dipanagara ywa lunga.
  60. Alingana wuri mami, sun undange uwakira, nulya tinambalan age, ing wiriden Jasentika, sampun prapta ing ngarsa, Kanjeng raja ngandika rum, dika kang ngutus punapa.
  61. Raden Menggung matur aris, dutus maringi uninga, mring jeng rama tuwan katong,lan paduka ing ngandikan, Kanjeng raja ngandika, nggih kakang andika matur, kawula ing sapunika.
  62. Ruhun punten jeng rama ji, mapan dereng saged soan, tan sekeca awakingong, pun kaka dika matura, dhumateng Kanjeng rama, nulya den Tumenggung mundur, kalawan Brongtanusuma.
  63. Kanjeng raja ngandika ris, mring Pangran Dipanagara, paran yen ngandikan ingong, maneh marang eHyangira, Pangeran Dipanagara, tur sembah anulya matur, kawula mapan sumongga.
  64. Kanjeng raja ngandika ris, becik ingsun yen ngandikan ewuh tan seta amangko, kalawan ta adhenira, apa during ana prapta, Pangeran matur wotsantun, mapan sampun samya prapta.
  65. Pan amba ken wangsul sami, pun adhi Adinegara, mapan amba-amba tempahake, ngulatna dhateng pun uwa, pun adhi Suryabrongta, ngulaten paman puniku, Jayakusuma kang dadya.
  66. Kekalih raosing galih,mengkana mapan antara, wonten kawandina mangke, Kanjeng raja ing ngandikan, dhumateng Kanjeng Sultan, Nyai Riyakang ingutus, nulya Kanjeng raja soan.
  67. Tan kantun kang putra iki, kinen kendel ketanggelan, jeng raja manjing kedhaton, wus cundhuk lawan sang nata, jeng raja ngaraspada, pan samya kumembengipun, mengkana pan sampun lenggah.
  68. Kanjeng Sultan ngandika ris wau dhumateng jeng raja, ywa sira liru mangretos, marmane iku sun buwang, benjang sapungkur ingwang, wus sun duga iku kulup, makewuhi marang sira.
  69. Marmane ingsun pateni, pan ingsun iki wus tuwa, ing besuk sapa kang duwe, tinggalane eHyangira, dadya samya pulihnya, ingkang tyas kalihanipun, nanging dereng karya patya.
  70. wus tan ana walangati, saben dina ing ngandikan, jeng raja manjing kedhaton, Pangeran Dipanagara, mapan sampun kalilan, kundur mring Tegalarjeku, mengkana pan ora lama.
  71. Kanjeng Sultan kenging malih, saking agenging panggoda, ewa mring kang putra mangko, mengkana ingkang winarna, Pangeran Suryabrongta, sowan mring kang raka iku, dhumateng ing Tegalarja.
  72. Mapan atur kabar yekti, ingkang warta sampun terang, dadya kumepyur galihe, Pangeran Dipanagara, mengkana kang winarna, ing dina Jumungah iku, Kanjeng Sultan miyos salat.
  73. Kanjeng raja dherek iki, pepak kang putra sentana, pan saben Jumungah mangko, Kanjeng Sultan miyos salat, mengkana sampun lama, Kanjeng Sultan ewahipun, dhateng jeng raja Nalendra.
  74. Sabenda Jumungah iki, Kanjeng raja mapan nulya nimbali kang putra mangke, Pangeran Dipanagara, lan kang rayi ika, Pangran panengahiku, kang samya tinantun karya.
  75. Kanjeng raja ngandika ris, paran adhi pikirira, Kanjeng rama owah tyase tan arsa ningali mring wang, dene pengrasaningwang, barang kinarsakaken iku, sun adhi datan suwala.
  76. Kongsi cinacat wak mami, ingsun adhi mring Welonda, saking dene wediningngong, iya marang Kanjeng rama, Pangran panengah turira, kados boten marem tuhu, yen paduka teksih nama.
  77. Nenggih jeng raja puniki, lan malih kang prentahan, jeng raja ngandika alon, apa adhi sun aturna, Pangran panengah turira, mapan langkung ewedipun, yen paduka angaturna.
  78. Inggih ing kalih prakawis, boten wande yen kapiran, paduka ing nginakake, inggih dhateng pun Welonda, sawung medhot pondhongan, punika upamenipun, inggih dinamel punapa.
  79. Jeng raja ngandika aris, paran adhi kang prayoga, Pangran panengah ature, ingkang kepanggih kawula, sanajan den pundhuta, mapan lun kekahi tuhu, nadyan praptaha ing yuda.
  80. Mapan inggih lun lampahi, rumiyin pan sampun lila, lawan ingkang ngangkat mangko, inggih gupremen Welonda, yen paduka ajriha, pan Welonda sampun tamtu, ewa dhumateng paduka.
  81. Kang lamun lajeng tinampik, kados pundi temahanya, kapinten kalih-kalihe, senadyan bonda ayuda lawan rama paduka, kang punika sababipun, kados nunten tinulungan.
  82. Dhateng gupremen puniki, sabab punika kang karya, jeng raja emeng ing tyase, nulya antun mring kang putra, Pangeran Dipanagara, paran karepira kulup apa nunggal pamanira.
  83. Yen upama durung nunggil lah mara sira matura, Pangran Dipanagarane, mapan aris aturira, pisah nunggil tyas amba, lan paman panedhah tuhu, sumongga tuwan galiha.
  84. Upami sami satunggil, mapan awrat mring sudarma, lamun Kanjeng eHyang yektos, peputra dhateng paduka, tan galih mring kang liya, mapan punika satuhu, ingkang dados kancanira.
  85. Kencenging tyas amba yekti, aluhung ing ngaturena, senadyan silih pamine, dhumatenga ing ngayuda, lamun nunggil sudarma, mengsah lan Welonda tuhu, mapan sae kang carita.
  86. Yen paduka ngantos jurit, inggih kalayan jeng eHyang, mapan ambatur sayektos, kencenge manah kawula, mapan dherek Kanjeng eHyang, milane wonten pukululun, pan inggih saking paduka.
  87. Pan inggih mekaten malih, paduka wonten punika, saking Kanjeng Hyang wijine, nanging kalamun jeng Hyang, tan galih puta liyan, nging punika mawenipun, aluhung ing ngaturena.
  88. Mapan benjing dhateng pundi, inggih bapa dhateng anak, anak mring putu tan wande, kalamun lujeng punika, pan amba mirsa warta, mapan inggih terang sampun, saking adhi Suryabrongta.
  89. Kanjeng eyang sampun galih, suwenge Pangran dipaya, kang badhe kinarsakake, gentosi, paduka, lawan ingkang pasoan, pan Mangkudinigrat tuhu, sampun dados pambag samya.
  90. Nging kantun ngentosi Inggris, yen paduka ngekahana, kados kalangkung ewede, pan Kanjeng Hyang tan sikara, dhateng nama paduka, nanging karya jangkepipun, inggih wicalan Negara.
  91. Ratu mapan putraneki, nenggih Pangeran Dipatya, mekaten samya rembage, paduka wus nama raja, mapan raja kewala, aja pecah badhenipun inggih nagari Ngayogya.
  92. Lamun paduka ngekahi, datan wande bondayuda, langkung awon pocapane, lamun tan kinekahana, mapan kelajeng benjang, marma amba kamipurun aluhung ing ngaturena.
  93. Mumpung dereng ngantos ugi, kawentar mring tiyang kathah, lingsem lan punapa mangko, pan saking karsa paduka, priyongga kang ngaturna, mapan wonten tandhanipun pejahe paman Danurja.
  94. Welandi boten nulungi, tur mindhak wewah duraka, lawana tan pocapane, mekaten kadya paduka, upami ngekahana, kalawan ngaturna tuhu, mapan samya ewedira.
  95. Upami benjang nemahi, pinundhut salah sajuga, tan wande aprang temahe, senadyan silih reranga, lamun kalih Welonda, Kanjeng Hyang peputra tuhu, inggih dhumateng paduka.
  96. Kantenan rinebet yekti, tur mindhak angsal utama, lawan saepocapane, mengkana Kangjeng raja Nalendra, karsa nurut putranipun, anulya aris ngandika.
  97. Paran adi massireki, umatur Pangran panengah, inggih lamun meksakane, nanging kula punika, tan sageda nglampahana, kados anak mas puniku, pan adhi watos kawula.
  98. Wus padha mundura dhingin, nging Dipanagara sira, kariya ana panepen, nulya mundur kalihira, nenggih Pangran panenegah, mapan sampun lajeng kondur, nging Pangran Dipanagara.
  99. Meksih neng panepen iki, mengkana ta kangjeng raja, Nalendra mapan wus kinen, nenggih akarya nuwala, tan pantara wus dadya, nulya utusan puniku, animbali Nyai Riya.
  100. Suwonda segonda kalih, tan pantara sampun prapta, ngarsa ingkang jeng raja ge, nulya jeng raja Nalendra, maringaken nuwala, Nyai Riyakang ing ngutus, ngaturken marang sang nata.
  101. Tan pantara nulya prapti, Nyai Riyangarsa sang nata, kang surat wus katur mangke, dhumateng Srinaranata, mapan lajeng binuka, sampun sinukma ing kalbu, langkung suka Srinarendra.
  102. Enjang nulya den timbale, jeng raja putra Nalendra, dhumateng kang rama mangke, tan pantara nulya prapta, jeng raja ngarsa nata, Kanjeng Sultan nulya dangu, mring Kanjeng raja Nalendra.
  103. Kerna sari atur tulis, nyaosaken saneskara, jaluk mulih lir maune, jeng raja putra Nalendra, pan aris aturira, inggih saking lepat ulun, rumiyin kenging rencana.
  104. Sareng sampun lami-lami, kados saru ingkang praja, mengkana sakedhap supe, jeng Sultan mringkang ngubaya, garwa kalih mHyang putra, saking suka ing tyasipun, rinangkul raja Nalendra.
  105. Ya wus eling anak mami, kalamun duwe wong tuwa, Kangjeng Sultan anulya ge, mapan kinen nimbalana, Raden Tumenggung ika, Sumadiningrat prapta wus, lan Raden prawira nata.
  106. Brongtanusuma lan carik, mapan lajeng karya surat, mring loji paring wruh mangko yen Kanjeng raja Nalendra, ngaturken kang panguwasa, tenapi lan naminipun, saking karsanya priyongga.
  107. Ingkang ing ngutus mring loji, Kyai Sindunagara, lan Raden Tumenggung mangko Danunegara punika, pan dereng karya patya, marma kaliwon kang ngutus, mengkana pan sampun prapta.
  108. Lan minister Engglar panggih mapan lajeng winertanan, ingkang serat ijoane, lamun jeng raja Nalendra, nyaosaken kang nama, lawan parentahanipun, wit saking karsa priyongga.
  109. Mapan wangsul nama lami, Kanjeng Pangran Adipatya, kalawan ing pasoane mister langkung gegetunya, tan saged mangsulana, ingkang surat mapan sampun, linajengken marang Jendral.
  110. Nanging sampun salin Inggris, surat sinamur kewala, datan minangsulan mangko, awetara pitung dina, Jeng Sultan nulya karya, pepatih Kyai Tumenggung, sindunagara punika.
  111. Mester mapan den timbale, mapan sakit sengidanya, nging wakil letnan Ki Mangon, wus pepak sagung kaseba, nuju Isnen kang dina, nulya miyos sang ngaprabu, nging letnan lan juru basa.
  112. Ingkang dherek mring sang ngaji, lenggah neng sitinggil ika, Kanjeng Pangran Dipatine, wangsul palenggahan lama, mengkana mapan nulya, kang Kanjeng Sultan ngangkat sampun, mring Kyai Sindunagara.
  113. Mapan kinarya pepatih, anama Kyai Danurja, ngestreni kabeh ika, sagung kang putra sentana, lawan kang para punggawa, nanging letnan datan purun, kalawan kang juru basa.
  114. Ajrih pan datan wineling, dhumateng ing ministernya, pan mengkana sengadine, nanging Kanjeng Sultan ika, pan lajeng karsanira, mengkana pan sampun rampung, pepatih Kyai Danurja.
  115. Anulya luwar sang aji, bubar sagung kang sewaka, ki Adipati nulya ge, lumebet mring loji ika, lan sagung pradipatya, dene kang gentosi iku, anama Sindunagara.
  116. Putranira Ki Dipati, kawarna Pangran Dipatya, kang putra kalilan mangko, kondur marang Tegalarja, Pangran Dipanagara, datan lama praptanipun, minister Jankrepet punika.
  117. Eglar sampun kesah nuli, lawan kang bala Welonda, kantun kang merdika mangko, dadya salin ingkang jaga, nenggih nagri Ngayogya, Inggris lan Sepei iku, mengkana ingkang winarna.
  118. Kanjeng Sultan mundhut iki, mring kang rayi praptanira, Pangran Natanusumane, wau lawan ingkang putra, Raden Tumenggung Natadinngrat wewangenipun, mester nenggih aturira.
  119. Jankerapet anyagahi, mapan nulya kintun surat, Minester Krepet mangko, mring Jendral Betawi ika, anenggih namanira, Raples Botermas puniku, ingkang surat nulya prapta.
  120. Datan lama nulya prapti, Pangeran Natanusuma, mapan kalawan putrane, den menggung Natadiningrat, lajeng katur sang nata, nulya tinimbalan sampun, Pangeran Natanusuma.
  121. Mapan lajeng angabekti, dhumateng Srinaranata, lawan ingkang putra mangko, Tumengung Natadiningrat, mapan sasampunira, dumugi karsa sang prabu, kang rayi kinen kondura.
  122. Marang dalemira lami, lan Raden Natadiningrat, mengkana winarna mangko, mapan saya kathah ika, nenggih nagri Ngayogya, ingkang dados ruwedipun, sangsaya kathah kang warta.
  123. Atenapi songgarunggi, lan jegal jinegal samya, dadya tan karuwan mangko, ingkang amrih kalujengan, mapan nagri Ngayogya, semana susah kelangkung sagung kang putra Santana.
  124. Miwah kang para Dipati, mapan samya tetepangan, sasukane dhewe-dhewe, mengkana moncanegara, ingkang gentosi ika, Raden Rongga sedanipun Pangeran Dipakusuma.
  125. Mapan dados kalih iki, wedana moncanegara, Dipati baurenane, Raden Prawirasentika, mengkana kang winarna, Kanjeng Pangran dipatyeku, mapan langkung kawelas arsa.
  126. Sapraptanira puniki, Pangeran Natanusuma, sagung kang sentana kabeh, ajrih mring Pangeran ika, nenggih Natanusuma, lawan kang tinantun-tantun, mring kang jeng Sultan punika.
  127. Marma sentana samya jrih, lawan malih sampun tepang, lan Pangran Mangkudiningrate, lan Pangran Jayakusuma, sagah kinarya marga, lawan Inggris tepangipun, Pangeran Natanusuma.
  128. Lawan Kanjeng Sultan iki, semana pan wus pracaya, mring kang rayi jumenenge, Pangeran Mangkudinigrat, dadya tulus sang nata, kenging ing rencana tuhu, wus supe marang kang putra.
  129. Kanjeng Pangran Adipati, mengkana ingkang pirembag, mapan lagya ngecakake, linorod lawan binuwang, wong kadipaten samya mapan alit manahipun, wonten kang rayi kalihnya.
  130. Nama Pangran Mangkubumi, lawan Pangran panengah, kang raka kelangkung sihe, kang asring tinantun karya, sampun balik kalihnya, saking jrih kabar kesuwur, mengkana ingkang winarna.
  131. Pangran Dipanegareki, datan arsa mirsakakena, mring sagung ing werta kabeh, tan pantara nulya kesah, saking ing Tegalarja, ngiwa marang guwa iku ing Secang namaning guwa.
  132. Kelangkung prihatineki, watos dhumateng kang rama, pan mengkana pangesthine, Pangeran Dipanagara, muga ta Kanjeng rama, pinaringan tyase amut, tuwekal marang rencana.
  133. Lawan paran polah mami, lamun tan tinulungana, paran baya temahane, lamun prapta ing ngayuda, mapan banget sun miring, sepele ingkang rinebut, anak mungsuh lawan bapa.
  134. Dadya langkung tyas ireki, Pangeran Dipanagara, nging kang rama oneng tyase, dadya datan medal medal, aneng guwa kewala, nenuwun marang Hyang A gung, waluyane ing Ngayogya.
  135. Enengna nenggih kang winarni, mapan nagari Ngayogya, kelangkung surem cahyane, Kangjeng Sultan kawarnaha, arsa dugekaken karsa, ingkang rayi sampun saguh, Pangeran Natanusuma.
  136. Mapan sampun angsal margi, Jankrerapet ing pudhakira, encik amat kekasihe, punika ingkang ing Ngebang, ingkang kinarya marga, sarta ing ngebang Pangran puniku, Natanusuma yen dadya.
  137. Nenggih Pangran Adipati, Pangeran Mangkudiningrat, mapan kathah pangebange, dhumateng encik Amad ika, mengkana kang winarna, Kangjeng Sultan lamun rembug, lawan kang garwa kalihnya.
  138. Ingkang asring angegol-agoli kang ngibu Pangran Dipatya, ratu kedhaton namane, mengkana pan binethekan, aneng ing dalemira, datan kenging miyos iku, kawarna Pangran Dipatya.
  139. Mapan sampun mirsa warti yen kang ibu kawelas arsa, esmu bramatya manahe, lajeng kinen nimbalana, dhumateng ingkang putra, Pangran Dipanegareku, ing Tegalarja tan ana.
  140. Lajeng kinen ngupadosi, kepanggih neng guwa Secang, lajeng lancaran lampahe, tan kondur mring Tegalarja, mapan lajeng kewala, saking kuwatosing kalbu, Jeng Pangran dhateng kang rama.
  141. Tan antara sampun prapti, ing kadipaten semana, mapan nuju bakda ngisane, Pangeran Dipanagara, mapan lajeng kewala, malebet panepen iku, salat sampunira bakda.
  142. Mapan lajeng den timbali, Kanjeng Pangran Adipatya, pinarak neng gedhong pangkeng, Pangeran Dipanagara, pan sampun prapta ngarsa, Kanjeng Pangran sareng dulu, wau dhumateng kang putra.
  143. Kumembeng waspanya mijil, Pangeran Dipanagara, mapan ya mengkono maneh, ring sampunira atata, sakalihan kang driya, Kangjeng Pangran dipatyeku, mapan aris angandika.
  144. Paran ta kulup sireki,, eHyangira kawelas arsa, kang lawang pinepet mangko, nora kena yen manjinga, marang kedhaton ika, margane mengkono iku, kulup iya eHyangira.
  145. Pan kagawa ingsun yekti, wus sun duga Kanjeng rama, marang ingsun sida supe, pratondha iku kewala, iya marang eyangira, paran ta kulup sireku, ingkang dadi karepira.
  146. Sapira ingsun pribadi, apadene eHyangira, mapan wis wareg rasane, kulup kamuktene donya, nadyan silih matiya, apan wus sedheng nakingsun, nanging sira kaya ngapa.
  147. Lan adhi adhinireki, paran baya olahira, mengkana Pangran duk anon, pangandikane kang rama, apan ing tyas mengkana, marmaning ana wakingsun, iya teka Kangjeng Rama.
  148. Kanjeng rama ana iki, iya teka Kanjeng eHyang nanging Kanjeng eHyang mangko, mapan darbe putra liya, lan wayah, pasthi iya, dadya ngadegsuranipun, Pangeran Dipanagara.
  149. Anulya matur wotsari, wau dhumateng kang rama, yen mekatenna karsane, Kanjeng Hyang yektos punika, supe dhatengpaduka, nging amba nuwun pangestu, sasaged-saged kawula.
  150. Bilih menawi marengi, wonten pitulunging suksma, Kanjeng Pangran ngandika lon, ya kulup sakarepira, sun amini kewala, dene ingsun iki kulup, mapan Hyang wus nora kena.
  151. Yen meluwa bicareki, wus mongsa bodhowa sira, nadyan silih upamane, tumeka lara palastra, ingsun melu kewala, lan tan darbe anakingsun, saliyane nanging sira.
  152. Nanging adhinira siji, si bagus mongsa bodhoha, sun titip marang sira bae, apa ing sakarepira, ingsun pasrah kewala, Pangran Dipanegareku, mapan aris aturira.
  153. Bilih marengi dewaji, anuhun pamit kawula, mantuk mring Tegalarjane, derapon sampun kawentar, dhumateng tiyang liyan, lawan malih amba suwun, pun paman Jayasantika.
  154. Kenging kawula kanthi, nulya Raden Jasantika, tinimbalan prapta age, mapan lajeng kinawuhan, wus tepang kalihira, Kangjeng Pangran dipatyeku, wus pracaya mring kalihnya.
  155. Pangran Dipanegareki, lan Raden Jayasantika, kalilan kalih wus lengser, saking ngarsane kang rama, kondur mring Tegalarja, dadya langkung repetipun, gung rembag tan wonten nyana.
  156. Kanjeng Pangran Adipati, tan owah pasoanira, mengkana winarna mangko, den menggung Jayasantika, pan kinen lumebeta, mring Pangran Dipanegareku, mring loji pan sampun panggya.
  157. Lawan Jankerrapet iki, dene kang kinarya marga, mring den Jayasentikane, anenggih Kapitan Cina, pun Jingsing ingkang nama, nulya mretelakaken iku, Rahaden Jayasantika.
  158. Ing sanes karanya sami, punapa dene kang nama, Kanjeng raja narendrane, marma cinaosken ika, sabab kathah rubeda, Jankerapet terang sampun, sagung kasturi Ngayoja.
  159. Pan samya sukareneki, Jankreapet denya sobat, lan den Jayasantikane, nanging langkung repitira, yen wis prapta ing wisma, lajeng atur surat iku, dhumateng ing Tegalarja.
  160. Mabarang bicara sami, mapan ajrih ngrampungana, Raden Jayasantikane, sengadi atur uninga, mengkana ingkang winarna, Jankrerapet mapan sampun, tur surat dhateng Jeng Sultan.
  161. Anyereg mabarang iki, sagung ingkang karya susah, Kanjeng Pangran Dipatine, mengkana wangsulanira, Kanjeng Sultan punika, eh Yankrerapetsireku aja ta salah karya.
  162. Nadyan ingsun srengen iki, marang sithole Dipatya, mapan putraningsun dhewe, lan ratu kedhaton ika, garwaningsun priyongga, mengkana wangsulanipun, mester Lir Yudakenaka. 

PUPUH XVI
YUDAKENAKA 

  1. Jankrerapet sareng mirsa,k ang wangsulan Kanjeng Sultan puniki, kalangkung bramatyanipun, kang jaja lir medaldahananya, nulya malih karya iku, kang surat uni mengkana, dhumateng Kangjeng sang aji.
  2. Yen tan kenging ing ngewahan, tanpa karya kawula jaga nagri, aneng Ngayogya puniku, punapa kinen jaga, asu gancet kimawon jaga puniku, mapan amrih wilujengnya, samya ecane kang galih.
  3. Ing titiyang sanegara, dadya nurut Jeng Sultan saha turneki, mester Jankresrapet iku, nanging meksih kang driya, denya ngangkah kang putra panglungsuripun, mengkana pan datan lama, Jendral Raples prapteneki.
  4. Nenggih negari Ngayogya, Kanjeng Pangran Dipatya methuk iki, aneng ing Kalasan iku, aneng gowok Kanjeng Sultan, nulya Jendral prapta ing kalasan iku, wus pangggih Pangran Dipatya, lajeng nitih kreta nunggil.
  5. Jendral lan Pangran Dipatya, neng jro kreta Jendral ngajak ubanggi, sami nunggil kareh tuhu, nanging Pangran Dipatya, kendel datanya uloni Jendral iku, mengkana pan sampun prapta, ing Gowok Jendral wus panggih.
  6. Nenggih kelawan Jeng Sultan, lajeng mangkat tan arsa nunggil nenggih, Jendral nging piyambak iku, aneng ngajeng kang kareta, Kanjeng Sultan lawan mister puniku, Kanjeng Pangran Dipatya, lawan suketaris Adim.
  7. Tan pantara sampun prapta, loji kebon kang palenggahan iki, pan sampun tinata iku, kursi ageng kalihnya, nging Jeng Sultan tan arsa lenggah puniku kedah dhampar ken ngajengna, nging Jendral tan suka iki.
  8. Pan lajeng selayanira, Jendral Raples nyandhak Krerangireki, ing pedhang arsa den unus, Kanjeng Sultan mengkana, kang curiga ing ngasta lan dheyanipun, sagung kang putra santana, tenapi kang pradipati.
  9. Pan sampun ngadeg sedaya, kang pra upsir kang baris malebet sami, dadya jejel kantor iku, mapan pipit-pipitan, yen lajeng ngaprang kados tan saged iku angempakena gegaman, pedhang atenapi kreris.
  10. Sagung kang putra santana , mHyang upsir Bupati carup sami, mengkana ing kang winuwus, Kanjeng Pangran Dipatya, aneng tengah anapih kaliyanipun, ingkang rama lawan Jendral, lawan Jankrerapet iki.
  11. Mapan marmaning Hyang Suksma, pan rahayu sadaya datan nganti, nibakaken gamanipun, lajeng sareh kalihnya, Jendral ngawon Kangjeng Sultan sampun tamtu, alenggah aneng dhedhampar, Jendral lenggah aneng kursi.
  12. Mengkana Jendral atanya, sapa ingkang tinuding anggenteni, jumeneng Ngayogya iku, lamun Sultan tan ana, Kanjeng Sultan nulya angandika iku, iya ki Dipati ika, nanging lamun tulus becik.
  13. Jendral Botermas saurnya, becik ora dhingin katon punapi, yen mengkono ingsun jaluk, iya kang tondha asta, lawan tamtu ingya kang urupan iku, sagung bumi tanah Jipang, lawan preraHyangan iki.
  14. Kanjeng Sultan angandika, mengko sore iya ingsun ngirimi, Jendral anyauri asru, mengko iki kewala, ewuh apa iya iku tandhanipun, yen tan siji karsanira, esmu lingsem Sri Bupati.
  15. Nulya paring tondha asta, lawan Jendral iya nandhatangani, mengkana pan sampun rampung, lamun Pangran Dipatya, yen tan ana Kangjeng Sultan gumantya ku, lan wonten malih bicara, ning Jeng Sultan arseki.
  16. Pan besuk esuk kewala, ing saiki wis banget sayah mami, Kanjeng Sultan lajeng kondur, sareng enjing winarna, Kanjeng Sultan utusan mring loji iku, ki Adipati Danurja, kang ing ngutus sampun panggih.
  17. Lan Jendral mapan mengkana, sampun ewah kados adat puniki, Jendral manjinga kedhaton, lampah samanya, pan gentosan dene kang bicara agung, kepanggih wingking kewala, sabab sampun kaping kalih.
  18. Jeng Sultan genira lenggah, dhateng loji methuk sapisaneki, manggihi ping kalihipun, marma wayah paduka, mapan sanget ing pangajeng-ajengipun,  Jendral Raples Abottremas, mesem sendhu denira ngling.
  19. Mengkone pratelanira, lamun nora kena ginawe becik, Sultan ing saujaripun, ing wingi saguhira, mapan iki ing dina pan ayun wangsul, wekasan ingsun den undang, lah Danurja luwih becik.
  20. Ing besuk-esuk kewala, ingsun manjing kedhaton iku becik, wus tutura mengkono ku, nulya Kyai Danurja, sampun mundur saking loji, prapta iku, lajeng matur mring sang nata, sagah Jendral benjing enjing.
  21. Manjing mring kedhaton nulya, pukul tiga dalu Jendral puniki, budhalan sawadyanipun, mantuk kebut sedaya, nanging kantun kang jaga lir adatipun, mester Jankresrapet ika, kalawan sawadyaneki.
  22. Mengkana ingkang winarna, Kanjeng Sultan saantukira iki,  Jendral mapan sakelangkung, prihatin ingkang driya, nanging ingkang sinanguran jroning kalbu, kang putra Pangran Dipatya, wus dinuga tepang batin.
  23. Lawan Jendral Abotremas, nanging meksih ayuda penggalihneki, dene tan ana kang patut, wong Kadipaten ika, lamun kongsi ing ngandel Welonda iku, ana siji sun kon buwang, kang liya tanana maning.
  24. Mapan kinen ngupadosa, nanging repit langkung datan nyanani, dadya tan kepanggih iku, mengkana Kangjeng Sultan, mapan nemah mengsah lawan Ingris iku, den menggung Samadininggrat, ingkang binobat ing kardi.
  25. Atepang lan Surakarta, nging Jeng Sunan pitajeng mring kang rayi, Pangran Mangkubumi ku, lawan ingkang papatya, den Dipati Cakranagara puniku, mapan lajeng prajangjeyan, ing benjang kalamun jurit.
  26. Lawan Inggris Surakarta, mapan sagaha nyabet saking wuri, mapan samya sumpah sampun, kang sata liru patra, tondha nama wus dadya ubayanipun, mapan ing samongsa mongsa, mengkana ingkang ubanggi.
  27. Enengna kang wus ubaya, Kangjeng Sultan pan kalih karsaneki, ingkang binobot puniku, dhatengaken kang karsa, rapetipun lawan Inggris malih iku, lawan tulus dadenira, nenggih Pangran Adipati.
  28. Pangran Mangkudiningrat, ingkang rayi wau sampun nyagahi, Pangran Natanusumeku, mengkana karsanira, Kanjeng Sultan mring mester pamundhutipun, kang putra Pangran Dipatya, tiga sinrahakeneki.
  29. Linorot lawan binucal, lan sinedan mongsa borong Inggris, punika mapan pinuju, lan Raden Jasentika, Pangran Natanusuma ing praptanipun, ing loji pan tap-untapan, nging den menggung kang rumiyin.
  30. Jankrerapet mapan nulya, den Tumenggung nginggahken loteng nuli, langkung dene repitipun, mring Raden Jasentika, Pangran Natanusuma bicara iku, sebarang kang den bicara, den Jayasantika uning.
  31. Mapan datan mawi taha, Pangran Natanusuma bicareki, lawan Jankresrapet iku, dinuga mongsa jalma, kang wruh nulya pinaringke iku, ingkang nuwala Jeng Sultan, barang karsa kawrat sami.
  32. Kang nuwala gya binuka, sampun terang genira maos tulis, mesem Jankrerapet muwus, dene dadak bebakal, gih Pangeran mapan luwih begjanipun, kawula puniki drema, langkung begjane pribadi.
  33. Pangeran Mangkudiningrat, napa sami lawan Pangran Dipati, atawa liya ing galihipun, Pangran Natanusuma lon saurnya, kados boten semonipun, nanging saking jrih kawula, marmane kula lampahi.
  34. Ing mangke mapan sumongga, dados boten mongsa borong puniki, mesem Jankreapet muwus, najan kula gih derma, mongsa borong Jendral Raples karsanipun, pun Pangran dika matura, marang Kanjeng Sultan puniki.
  35. Kondur Pangran Natanusuma, Jankrerapet nulya angundang iki, den Jayasantika iku, sing loteng ken mudhuna, sampun mudhun nulya tinedahan iku, kang surat karsa Jeng Sultan, pan lajeng tinedhak nuli.
  36. Jankrerapet ris atanya, Raden Jayasantika kula niki, pan dereng precaya tuhu, dhumateng jengandika, ing satutur andika wara puniku pan dereng wonten kang tondha, saking Jeng Pangran Dipati.
  37. Rahaden Jayasantika, ris aturnya kawula pajar sayekti, Kanjeng Pangran dipatyeku, pan wus kenging supata, datan kena yen derbe akarsa tuhu, marma lamun datan ana, kang manira kawelas asih.
  38. Nadyan puniku wus nyata, lamun ingkang rama niaya yekti, datan ewah karsanipun, nging pinrerah mring kang murba, Jankrerapet mapan aris sabdanipun, yen mengkono Jasantika, karsaningsun tanpa kardi.
  39. Sapa ingkang nampanana, barang jaji lan kang pratondha yekti, kalamun tan ana iku, sun mongsa den andela, marang Jenderal Raples iku temahipun, nebda Raden Jasantika, kawula pajar sayekti.
  40. Ingkang angutus kawula, yektosipun ingkang putra puniki, Kanjeng Pangran dipatyeku, kang dalem Tegalarja, Pangran Dipanagara jejulukipun, punika ingkang pinasrahan, dhumateng kang rama yekti.
  41. Sagunging konca kawula, kang misesa waos kenceng nya yekti, kang rama tan tumut-tumut, senadyan kang bicara, sampun pasra dhumateng ka putra tuhu, nging tan arsa kawentar, dhumateng ing kathah yekti.
  42. Leres lepat ingkang rama, wus precaya inggih sedya nglabuhi, dhumateng kang putra tuhu, Jankrerapet semana, langkung kagyet pira kehe umuripun, sumaur den Jasantika, kalih kula kaot kedhik.
  43. Pira kehe umurira, tigangdasa Kanjeng Pangran puniki, kalih dasa gangsal iku, ingkang rama yuswanya, kawandasa langkung tiga krapet muwus, yen mengkono iku tiga, lagya sedheng mongsaneki.
  44. Mempenging ing karyanira, Jankrerapet mesem amuwus aris, mapan ta kapengin weruh, mring Pangran Dipanagara, Raden Jayasantika aris amuwus, mokal tuwan dereng wikan, lamun wonten karyaneki.
  45. Tan pisah lawan kang rama, nanging iya Jayasantika mami, iya wus kelinganingsun, nging durung pajagongan, lan caturan Jayasantika amuwus, langkung ewed yen panggiha, kados nunten tan dumugi.
  46. Wantonipun tiyang kathah, Jankrerapet mesem amuwus aris, ggih sampun Raden Tumenggung, kula liwat precaya, nanging kedah kawula mapan nenuhun, mring Pangran Dipanagara, pratondha kang rama yekti.
  47. Lamun ora mangkonoha, tan ingandel marang Jendral tur mami, bakal sun tohpati tuhu, sira iku uninga, Pangran Natanusuma kinongkon iku, mring Sultan nganggo pratondha, den Jayasantika angling.
  48. Inggih badhe matur kula, dhateng Pangran Dipanagara yekti, nuhun kang pratondha iku, Kanjeng Pangran Dipatya, nulya mundur den Jayasantika iku, mapan lajeng mring Tegalarja, lingsir dalu wayah neki.
  49. Sampun panggih lan Jeng Pangran Raden Jayasantika ris turneki, ing saneskara wus katur, Pangran Dipanagara, ris ngandika ya paman ing besuk-esuk, ingsun seba Kangjeng rama, wus paman mulih adhingin.
  50. Enjing Pangran lumampah, datan mawi nenggih abekta abdi nanging lawan gamel iku, lan ponakawan sajuga, sampun prapta kadipaten mapan jujuk, awis ingkang wong uninga, panepen pan sampun prapti.
  51. Nulya katur mring kang rama mapan lajeng tinimbalan puniki, mring gedhong pangkeng wus cundhuk, nulya matur niskara, lampahira den Jayasantika iku, Jankrerapet panuhunya, pratondha Pangran Dipati.
  52. Nanging Jeng Pangran Dipatya, ajrih lamun kagepok cidraneki, nging pinaringken tinurun, dhumateng ingkang putra, Raden Jayasantika ingkang anurun, tan pantara sampun dadya, Kanjeng Pangeran Dipati.
  53. Wus tan tumut ika, kang bicara mHyang tumbak kencengneki, nanging langkung repitipun, awis kajalma wikan, lamun kadipaten kang misesa iku, Pangeran Dipanagara, mengkana, ingkang winarni.
  54. Rahaden Jayasantika, mapan dalu wus kinen malebet loji, lawan Jankrerapet pangguh, anulya tinakenan, gowa laying apa Jasantika iku, lan apa oleh pratondha, Jayasantika nauri.
  55. Nggih sampun pinaring kula, kang pratondha punika ingkang kang warni, nging suratan bekta tuhu, mekaten welingira, saudara Pangran Dipanegareku, punapa tuwan kang karsa, kawula kinen nyagahi.
  56. Prajangji ingkang prayoga, mongsa borong sok sampun ewuh ugi, kalawan ingkang rumuhun, Prangran Dipanagara, mapan sampun kelangkung pracayanipun, inggih dhumateng paduka, Jankrerapet duk miarsi.
  57. Tuture den Jasantika, dadya langkung suka parenaneki, nulya rembag kalih sampun, tiga Kapitan Cina, karya surat dhumateng Jendral puniku, mungel Pangeran Dipatya, pan sampun den pretandhani.
  58. Kankrerapet aris nebda, Jasantika aku lunga pribadi, marang Betawi tetemu, lan Jendral abicara, nanging ingsun ajangji lawan sireku, semangsane ingsun prapta, ora kena ora iki.
  59. Pangeran Dipanagara, katemuwa pribadi lawan mami, mapan sinagahan iku, mring Raden Jasantika, sampun dadya sebarang prejanjenipun, Jasantika sampun medal, Jankrerapet anulya glis.
  60. Mangkat mring Betawi nulya, datan lama Krerapet sampun prapti, ngundang Jasantika sampun, lawan Kapitan Cina, winetanan sagung kang bicara iku, pan sampun dados sadaya, nanging Jendral karsaneki.
  61. Linorod pisan Jeng Sultan, Kangjeng Pangran Dipatya kang genteni, jumeneng Sultan amengku, negara ing Ngayogya, ingkang putra Pangran Dipanagaraku, genteni, Pangeran Dipatya, kang dadya karsanireki.
  62. Jendral Raples Abutemas, yen tanggunga menawa kaya dhingin, karya kasusahan iku, tuwan Jendral tan arsa, kaya Jendral Danles karepanipun, yen Inggris meksih neng Jawa, kaya uga nora wani.
  63. Kalamun kaganti Wlonda, mapan iku ingkang den kuwatiri, sabab padha karepipun, lan Sultan satunggal, nora wurung karya susah maning iku, Rahaden Jayasantika, mapan aris anauri.
  64. Kados lamun mekatena, karsanipun tuwan Jendral puniki, boten wande aprang iku, Jankrerapet saurnya, nadyan aprang wong amrih utoma iku, Jendral pan mongsa wediya, nging Jayasantika iki.
  65. Pangeran Dipanagara, aturana katemu lawan mami, sun duga tan lawas iku, Jendral anuli prapta, Raden Jayasantika pan sampun metu, kelawan Kapitan Cina, mengkana ingkang winarni.
  66. Pangeran Dipanagara, mapan nuju neng kadipaten iki, den Jayasantika matur, sagunging saneskara, mapan sampun pinuju sedayanipun, nanging bab Pangran Dipatya,  Jeng Pangran lumuh kepati.
  67. Lah paman sira tutura, mring si bapak Jankresrapet den yekti, mapan ingsun banget lumuh, iya lamun kinarya, kang Pangeran Dipatya pan ana iku, iya adhening sun juga, nging samengko maksih cilik.
  68. Den Mas Ambyah namanira, mapaniku dadya penjaluk mami, gumantya jeng rama iku, dadya Pangran Dipatya, dene sagung ingkang pakaryereku, kala meksih cilik ika, mapan meksih sun  saguhi.
  69. Lawan maneh Jasantika, bab patemon banget pakewuh mami, menawa konangan iku, dadi murung lampahan, mapan ingsun wus pracaya mring sireku, yen besuk prapta ing mongsa, kaya tan wurung kepanggih.
  70. Lan maneh mongsa bodhoha, mring si bapak Jankrepet sun yekti, angger ora owah tuhu, ana dene jeng rama, mapan ingsun sebarang ingkang ananggung, iya ing piturutira, marang guprenemen Inggris.
  71. Mengkana den Jasantika, sampun lingsir dalu lumebet ngloji, lan Kapitan Cina sampun panggih lan mester nulya, winertanen sebarang wawelingipun, Pangeran Dipanagara, kelangkung ngungunireki.
  72. Minister Krapet ika, dangu kendel wekasan ngandika ris, iku paran marmanipun, ingsun nora anduga, gung bicara mapan sinaguhan iku, kinarya Pangran Dipatya, dene banget lumuhneki.
  73. Ingkang aran den Mas Ambyah ing saiki sapira umurneki, den Jayasantika muwus, pan lagya tigang warsa, Jankrerapet gedheg-gedheg malih muwus, kaya paran ingkang mawa, Jasantika anauri.
  74. Kawula boten uninga, ingkang rama tan wonten malih malih, ingkang pinrecayan tuhu, lawan sepuh priyongga, lawan ering ingkang rama yektosipun dhateng kang putra punika, kelangkung denira asih.
  75. Nging yektos tan karem donya, yen tan wonten pakarya kang matosi, nging nenepi karemipun, tan remen lalenggahan, yen ngandika sapisan tan kenging wangsul, punika dugi kawula, ingkang dadosa babneki.
  76. Nulya wonten surat prapta, sing Betawi yen Jendral badhe prapti kang sarta bekta wadya gung, mester kinen sumeka, tandho uwos badhe ingon saradhadhu, sampun ngantos kakirangan, Jankrerapet anulya glis.
  77. Amawrat Kapitan Cina, Jingsing sagah Jankrerapet ring malih, mring den Jayasantika iku, lah iya Jasantika, sira weruh iki Jendral laHyangipun, ing besuk samongsa prapta, ora kena ora iki.
  78. Pangran Dipanagara, katemuwa iya kalawan mami, Raden Jasantika mantuk, lajeng sowan kewala, mring panepen mengkana pan sampun cundhuk, lan Pangran Dipanagara, nuju alenggahaneki.
  79. Lan kirahmanodin ika, Amat Ngusman den Jayasantika glis, matur saneskara sampun, Pangran Dipanagara, lon ngandika kaki Rahmanodin ingsun, lawan sira Amad Ngusman, padha seksinana mami.
  80. Menawa lali tan ingwang, pan sun karya eling ugering ngati, aja ta kinarya ingsun, iya Pangran Dipatya, nadyan silih sun banjur kinarya ratu, lamun kaya Kangjeng rama, utawa Kangjeng Hyang mami.
  81. Sun dhewe mapan tan nedya, tobat marang Pangeran kang luwih, pira lawas neng don nyeku, tan wurung mapan dosa, mapan tumungkul katiga tan saged matur, mengkana wus tan winarna, Jendral datan lami prapti.
  82. Langkung kathah ingkang wadya, wong Ngayogya, pan wus sadhiya sami, ing gegamaning  prang pupuh, pan samya gregutira, den Tumenggung Sumadiningrat punika, ingkang kekah aturira, kang remen dandosi jurit.
  83. Nanging Jeng Sultan kang karsa, langkung ewet mapan tan sah predongdi, ingkang putra tiganipun, Pangran Mangkudiningrat, Pangran Jayakusuma Sontajayeku, remen nora dados yuda, wus ngandel kang paman yekti.
  84. Pangeran Natanusuma, lawan sagung pawertane wong kaji, lamun Inggis praptanipun, badhe anyepeng ika, Kanjeng Pangran Dipati anom puniku, binekta dhumateng sabrang, marma Kanjeng Sultan iki.
  85. Langkung kewran ingkang nala, Kanjeng Pangran Dipati kang winarni, wus tan derbe karsa iku, nanging nrah kang putra, Pangran Dipanagara sakayunipun, ingkang rama wus tanedya, yen nelayan ana kapti.
  86. Mengkana ingkang winarna, Raden Jayasantika kinen iki, ngaturi manjing puniku, Pangran Dipanagara, marang loji Jankrerapet ngayun ayun, lan Jendral Raples Botermas, Jeng Pangran dika aris.
  87. Paran paman Jasentika, olih ingsun bisa manjing mring loji, wet ning ya kapingin ingsun, katemu lawan Jendral, padha dhewe sun duga lamun iku, Kanjeng rama karusakan, lamun kongsi tiwas iki.
  88. Iya sapa kang rinebat, banget temen pakewuhe tyas mami, upama Jeng rama iku, banjur sun gawa ika, manjing loji arerempon temahipun, lamun nora rerempona, wus pesthi panduga mami.
  89. Mawut sakeh wong Ngayogya, nora wurung abot sangganing jurit, mangkene bae katengsun, pan iya wus jinaga, Jasantika lamun amrih dhanganipun, kang dadi panjalukingwang, eHyang Natanusumeki.
  90. Malebuwa dhingin ika, marang loji yen wus sun duga mami, menawa bisa katengsun, nanging ya pirangbara, Jasantika ing dalu nulya katemu, lawan Jankrerapet ika, wus winertanaken sami.
  91. Sagunging kang niskara, Jankrerapet asru denira angling, yen mengkono karepipun, Pangran Dipanegara,  Jasantika antekena besuk-esuk, Pangeran Natanusuma, jam lima malebu ngloji.
  92. Lamun ora malebuwa, pan wus pesthi sun bakar omahneki, tutura mangkono iku, lah wis sira muliha, tan winarna Raden Jayasentika iku, Pangeran Natanusuma, sareng pukul lima manjing.
  93. Ngloji saputra garwanya, sampun katur dhateng Jeng Sultan nuli, kelangkung denira bendu, sagung wong Natanusuman, ingkang kantun wus kinon nyepeng sedarum, mapan samya sinakitan, mengkana ingkang winarni.
  94. Rahaden Jayasantika, pan tinagih mring Krapet ingkang jangji, Pangran Dipanegareku, mapan pinrah manjinga, dhateng ngloji den Jayasantika muwus, tuwan kedhik karyanira, mapan kathah susahneki.
  95. Pangeran Dipanagara, datan gadhah pangandika kekalih, yen sampun pitajeng sampun, yen sampun pitajeng sampun, pan inggih tan prebeda, panggih lawan boten mapan samya tuhu, tuwan punapa kang karsa, sagunge ingkang prejangji.
  96. Kawula kang banggem para, nggih mungela Kanjeng Pangran Dipati, den Jayasantika sampun, binekta ngarsanira, Jendral Raples Botermas nenurat sampun, sebarang ing karsanira, prajangji wus kawrat sami.
  97. Mapan lajeng pinretandhan, Raden Jayasantika wus nHyanggemi, sabarang prajangjinipun, mengakana sampun dadya, mapan lajeng ing ngaturan surat iku, mring Pangran Dipanagara, kawarna ing dalu malih.
  98. Raden Menggung Jayaningrat, mapan langlang ketangggor lawan Inggris, samya nglang-nglang karsanipun, lajeng campuh kewala, sami purun den mengggung Janingrat tatu, Inggris satunggal kang pejah, lajeng dados bicareki.
  99. Enjing Jendral kengkenan, juru basa panggih neng Srimenganti, lawan Kanjeng Sultan iku, pepak putra santana, Kanjeng Pangran Dipati kang munggeng ngayun, nging sagung ingkang punggawa, tanapi moncanagari.
  100. Sedaya wus datan ana, nanging kantun Raden menggung puniki, Sumadiningngrat puniku, kangmunggeng ngarsa nata, kang sedaya wus mapan panggenanipun, kang badhe nindhihi yuda, mengkana jurubasa ngling.
  101. Wau dhumateng Jeng Sultan, karsa boten Jeng Sultan den aturi, linorod rumiyin iku, kalamun gadhah karsa, pan jumeneng malih mundhuta puniku, inggih dhumateng ing Jendral, lawan malebeta ngloji.
  102. Dados boten kang bicara, winangenan lampah kawula puniki, nanging saejam pan sampun, Jeng Sultan langkung duka, jurubasa datan kangge aturipun, pan dereng ngantos saejam, jurubasa den susuli.
  103. Ing ngundang mring loji nulya, Jendral glis pipan sampun den dhawuhi, lamun datan dadi iku, iya ingkang bicara, pan saejam nulya, kinen nyumed iku, mariyem pan sampun jungal, nulya Jeng Sultan dhawahi.
  104. Ing kadipaten punika, ingkang kinen amalesa rumiyin, Kartawijaya kang Tunggung Tumenggung Menaksela, mapan lajeng amales nyuled puniku, ing lopji anulya surak, ing ngayogya wus nimbangi.
  105. Dadya rame mariyeman, den Tumengggung Sumadiningrat aglis, mapan wus kalilan metu, nadhahi ing ngayuda, Raden Riya Sindurja pinatah sampun, anyegat bantu kang prapta, lawan den Mertalayeki.
  106. Aneng jenu genya nyegat, sakancannya prajurit mapan sami, aprang sagen enggenipun, mengkana kang winarna, Kadipaten kang den rosani puniku, mariyem sing loji ika, pan amrih medalireki.
  107. Kanjeng Pangran Dipatya, lan kang putra Pangran Dipanegari, mengkana ingkang winuwus, kang dados senapatya, Kadipaten Pangran Dipanegareku, Sultan nan senapatiya, Pangran Mangkudiningrati.
  108. Pangeran Dipanagara, nuwun bantu mapan panggih pribadi, lawan ingkang paman iku Pangran Mangkudiningrat, mapan aneng Srimenganti barisipun den Menggung Sumaduwirya, aneng pagelaran baris.
  109. Sagung kang putra santana, neng setinggil Brajanala gen baris, lawan kamandhungan iku, Pangran Mangkuningrat, mapan nujune kemandhungan apangguh, lan Pangran Dipanagara, dangu apredudon iki.
  110. Pangeran Mangkudiningrat, angandika mring Pangran Dipanegari, ing nguni prajangji ingsun, anak mas lawan sira, wus bubuhan ing kene katempuh ingsun, ing kadipaten ya sira, nguni mapan wus nyaguhi.
  111. Pangran Dipanagara, ris turira najan samangke inggih, mapan dereng oncat tuhu, Kadipaten kawula, nanging kedah asung uning awratipun, nadyan tan binanton ana, ning sampun  tinetah ugi.
  112. Saking keron kawula, tiyang kedhik kathah ajenganeki, mengkana binanton sampun, nenggih putra santana, pan sekawan Pangran Mangkubumi iku, lan Pangran Aryapanengah, Pangran Abubakar iki.
  113. Sekawan Pangran panular, lajeng samya minggah ing Baloreti, dadya rame mriyemipun, ngloji mapan kalawan Kadipaten petar pinetar kelangkung, tan ana ingkang kuciwa, ing ngalunalun winarni.
  114. Den menggung Sumadiwirya, mapan arsa ngangseg dhumateng ngloji, sabab dinuga katungkul, sampun karsaning sukma, kenging elor mriyem kontal den Tumenggung, tan pasah luntan ludira, ing Kadipaten winarni.
  115. Tumenggung Kartawijaya, selamanik kenging pelor puniki, mriyem suku kalihipun, tan pasah lumpuh ika, kadya sampun pinasthi karsa Hyang Agung, dadya sagung wong Ngayogya, sedaya alit tyasneki.
  116. Kang baris setinggil ika, mapan kathah katiban pelor sami, dadya kathah ingkang lampus, giris putra santana, nulya lajeng nglempak mring kedhaton iku, munggeng ngarsanya Nalendra, ing Kadipaten winarni.
  117. Meksih rame mariyeman, paning dalu kang baris ngandhap iki, Raden Jayasantikeku, lan mas Tumenggung Kartadirja Sokawati dhadhal lawan sagung, mantri sepuh moncasura, lawan saprajuritneki.
  118. Inggris lan Sepei nulya, samya minggah ngandhani Baloreti, lingsir dalu wayahipun, pan sareng ajengira, ingkang baris pelatar titindhihipun, prajurit setabelira, Kanjeng Pangran Mangkubumi.
  119. Lawan Pangran panengah, ingkang bantu wetan tetindhihneki, Pangran Muhamad puniku, Bubakar pan kalawan, Pangran Aryapanular titindhihipun, kelangkung pengkuh pan samya, nging meksa rinangsang iki.
  120. Kathah Sepei kang pejah jinojohan waos saking ing nginggil, nanging meksih meksa iku, kagyat Pangran Bubakar, mulat lamun pojoki kidul wetaniku, Inggris Sepei wus minggah, anulya mundur tur uning.
  121. Lawan Pangran Panular dhateng Kanjeng Pangran Dipati, mengkana pan aturipun, Inggris sumonggga karsa, abdi dalem sedaya pan sampun mundur, baloreti sadayanya, pan sampun kancikan Inggris.
  122. Inggris Sepei punika, rayi dalem anak mas Mangkubumi, lan panengah sampun mundur, mapan sareng kawula, kendel baris neng Tanjunganom sadarum, lan sagung prajurit samya, kawula kinen tur uning.
  123. Kanjeng Pangeran Dipatya, ris ngandika anantun mring kang siwi, paran karsanira kulup, Dipanagara turnya, yen marengi kalawan karsa pukulun kawula kang methuk yuda, paduka kantuna ngriki.
  124. Pun adhi Adinegara, pan kantuna atengga padukeki, nging Suryabrongta puniku, ingkang kawula bekta, Kanjeng Pangran Dipatya ngandika arum, tan gelem ingsun kariya, lara pati lumuh keri.
  125. Pangeran Dipanagara, langkung kewran ing tyas nemah turnya ris, yen mengkatena pukulun, inggih karsa paduka, pejah gesang aluhung nunggila tuhu, inggih kalawan Jeng eyang, Kanjeng Pangeran Dipati.
  126. Aris denira ngandika, ingsun kulup mapan sedya tutwuri, iya pakarsanireku, mengkana nulya budhal, saking kadipaten mring kedhaton iku, nadyan silih rerempona, neng kedhaton karsa mami.
  127. Nging sampun karsaning sukma, kori ketanggelan wus den butoni, sela kang kinarya iku, mapan umpak sekawan, gotong kalih dasa pan satunggilipun, Pangeran Dipanagara, langkung kewran ing tyasneki.
  128. Mundur malih wus tan bisa, lurung kebak wong Kadipaten sami dadya medal dukanipun, Pangeran Dipanagara, nyandhak agem waos pusaka puniku, Kyai Rondha namanira, kang kori cinocok nuli.
  129. Nulya kapitulung sukma, kori menga kang sela piyak sami, prapta Srimenganti sampun, kang kori ing ngineban, nanging menga kedhik nenggih ingkang tunggu, Pangeran Jayakusuma, Kanjeng Pangeran Dipati.
  130. Arsa manjing cinegatan, pan mengkana Pangeran aturneki, yen paduka karsa malebu, kenging nanging priyongga, pan anak mas sedaya kantuna iku, Pangeran Dipanagara, langkung bramantya tyasneki.
  131. Nging kaselak enget ika, wus pinuwus lamun karsaning Widi, kang rama ngaturan laju, mapan dhumateng taman, angampiri sagung rerepot sedarum, mapan lalos sedyanira, nging anut lembaking ngati.
  132. Prapta taman gya tinata, kang prajurit wus kinen munggeng ngarsi, sentana satunggal iku, Pangran Arya Panular, ingkang lajeng dherena Pangran dipatyeku, lampahira sampun prapta, ing palengkung Tamansari.
  133. Kori meksih tinetegan, Pangran Dipanagara anulya glis, prentah ngengakaken pintu, sepalih kawetara, ingkang sampun medal saking beteng iku, pan kasaru pratanira, Inggris kelawan Sepei.
  134. Ing nglurung jawi kebekan, balowreti nginggil sampun den goni, saking gadhing inggahipun, punika pan sedaya, mentas saking Sumadiningratan iku, den mengggung Sumadiningrat, mapan sampun prapteng sabil.
  135. Pan kathah angsalnya tela, Inggris lawan Sepei ingkang mati, mangkana gentya winuwus, Kanjeng Pangran Adipatya, apan kantun dhumateng kang putra iku, Pangeran Dipanagara, dene wus tan bisa mijil. 

PUPUH XVII
M  I  J  I  L 

  1. Kanjeng Pangran Dipatya nebda ris, paran kulup mangko, kang prajurit wus tan kantun kabeh, Pangran Dipanagara turneki, kelamun marengi, pan prayogi wangsul.
  2. Dhateng ngalun-alun kidul malih, senadyan rerempon, aneng ngrika pan wiyar papane, ingkang rama pan lajeng nuruti, lumampah neng ngarsi, lan lare wot sedarum.
  3. Pangran Dipanagara neng wingking, lawan ngampil mangko, Suranata kelawan gamele, nging punika ingkang meksih kari, lan kang rayi kalihya, prajurit wus mawut.
  4. Lagya prapta aneng Tamansari, katututan mangko, mring wong Inggris lawan Sepeine, pan ing ngedrel lawan den suraki, kang neng balowreti, ngandhap sing palengkung.
  5. Dadya lingsem Pangran ing tyasneki, nuwun pamit mangko, mring kang rama mengkana ature, pan kawula nuhun pamit mati, isin den suraki, tan saget angrungu.
  6. Dadya kendel Jeng Pangran Dipati, angandika alon, yen mengkono karepira kuwe, wus ta payo padha bareng mati, ing saolehneki, padha bareng ngamuk.
  7. Pangran Dipanagara turneki, lun coba rumuhun, tuwan kendel ningali kemawon, lamun sampun kawula ngemasi, sumongga dewaji, ing sakarsa tuhu.
  8. Dadya kendel Jeng Pangran Dipati, nging tyas nedya rempon, yen tumeka kang putra sabile, nging anedya belani kang siwi, Pangran Suryabrangti, mengkana umatur.
  9. Mring kang raka boten saged keri, tan tinolih mangko, sarwi muwus aneng ing wurine, Pangran Dipanagara wus prapti, marang lurung malih, gya ing ngedrel iku.
  10. Ingkang mimis lir pendah grerimis, nging karsa Hyang Manon, tan tumama mring Kangjeng Pangrane, pengraosnya lir sinawuran wedhi, peteng kukusneki, sendawa kelangkung.
  11. Langkung kewran Jeng Pangran tyasneki, mengkana winuwos, ingkang baris nginggil pangiride, Jendral glis pi ing nglurung winarni, kang dados pangirid, nenggih Mayor Daltun.
  12. Pan kalawan suketaris Adim, pan wus tita mangko pangedrelnya datan pawekase, Jeng Pangeran pan eca mendhiri, aneng satengahing, lelurung puniku.
  13. Mayor Daltun suketaris Adim, amrepeki mangko, mapan lawan saradhadhune, wus kinepung Pangran Dipanegari, mayor Suketaris paman sampun cundhuk.
  14. Pangran Dipanagara nulya glis, nyandhak tangan mangko, suketaris lawan sru sebdane, suketaris payo bareng mati, sira lawan mami, pan wus sedhengipun.
  15. Lamun sira mati lawan mami, yen Jeng rama mangko, nora estu iya ing dadine, anggenteni Kangjeng eHyang pasthi sun pelaur mati, Adim mentan ampun.
  16. Pan kawula langkung kilap yekti, winestanan mangko, Kanjeng Sultan punika yektose, ing semangke kawula aturi, lajeng manjing ngloji, pan sinumpah sampun.
  17. Jumenengnya Pangran Dipati nulya mamayor Daltun, aparentah senjata kendele kawarna Kanjeng Pangran Dipati, wus awas ningali, kang putra kinepung.
  18. Winestanan kalamun wus sabil, sedya bela mangko lan kesawur ing kukus petenge, saking jawi wus datan kaeksi, yen kang putra mengsih, mengkana winuwus.
  19. Pangran Dipanagara ningali, mring kang rama mangko, nulya ingkang rayi lajeng kinen, Pangran Suryabrongta angaturi, lawan atur uning, lamun sae sampun.
  20. Saradhadhu ingkang ngepung sami, gya piniyak mangko, Kanjeng Pangran Dipatya nulya ge, rawuh lawan karepit ngiring, suketaris Adim, lawan mayor Daltun.
  21. Kalih pisan tanganya pan sami, cinepengan mangko, mring Pangeran Dipanagarane, sampun katur mring kang rama nuli, pan lajeng prejangji, suketaris matur.
  22. Tuwan Jendral Glaspi wonten nginggil, balereti mangko, nulya Pangran Dipanagara ge, Jendral Glispi lajeng den purugi, pan sampun kepanggih, ngadeg ngandhapipun.
  23. Ing kamuning cinandhak asteki, wus karsa Hyang Manon, Jendral Glispi eka nurut bae, mapan lajeng tanganya kinempit, nulya binekteki, tumedhak anurut.
  24. Sampun prapta ing ngarsanireki, Pangran Dipatya nom, Pangran Dipanagara ature, mringkang rama tuwan tedhak ugi, saking ing turanggi, puniku pukulun.
  25. Mapan Jendral paduka prejangji, Jeng Pangran duk anon, ing ngature ingkang putra mangke, nulya tedhak saking ing turanggi, wus cundhuk prajangji, lan Jendral glispiku.
  26. .Jendral glispi pan lajeng nyagahi, barang karsa mangko, lajeng meling suketaris bae, mapan kinen dherekna mring loji, Jendral glispi nuli, lawan mayor Daltun.
  27. Pamit lajeng sareng lampahneki, tan winarna mangko, Kanjeng Pangran Dipatya lampahe, mapan sampun prapta aneng ngloji, Jendral Raples iki, methuk jawi plengkung.
  28. Sampun cundhuk wejangan dipati, lawan Jendral mangko, mapan lajeng kekanthen lampahe, Jendral lawan Pangran Dipati, nulya lenggah kalih, ngloji ageng iku.
  29. Nulya medal Jeng Pangran sing loji, nitih kuda mangko, ki Gunawan titihan namane, sagung ngampil samya dherek sami, ngalun-alun prapti prapti, mengkana kapethuk.
  30. Aneng kidul wringin kurung iki, lan kang eHyang mangko, Kanjeng Sultan tumungkul lampahe, ginarebeg sagung usar sami, dene ingkang nganthi, Jankrerapet iku.
  31. Dene putra kang dherek tigeki, kalih senaneku, kang Bupati sekawan kathahe, putra Pangran Mangkudiningrati, Pangran Mertasani, Pangran Dipajayeku.
  32. Kang sentana Pangran Demang iki, lan Pangran Mangku, Sumayuda iku Bupatine, Raden Menggung Sumaduwiryeki, den Mertanegari, den Wiryatruneku.
  33. Lan den menggung Yudawijayeki, mengkana duk anon, Pangran Mangkudiningrat ta mangke, mring kang putra Pangran Dipanegari, nulya matur aris, mring jeng Sultan iku.
  34. Pan punika wayah tuwan ugi, Jeng Sultan nulya non, mring kang wayah kumembeng wepane, ris atanya kulup ana ngendi, ramanireki, Pangran duk andulu.
  35. Mring kang eHyang langkung kawlas-asih, pan meh supe mangko, mring pratingkah kang kelakon kabeh, nanging enget punika kang wiji, ngadeg ing tyasneki, pan arsa rinebut.
  36. Nulya wonten pitulung Hyang Widi, Pangran nulya emot, mring kang rama yen wus neng nglojine, lan wus dadya sagung kang prejangji, datan wande ugi, samya risak ipun.
  37. Nanging teksih ketawis netyeki, nulya matur alon, mring kang eHyang kawula yektose, pan binandhang dhateng tiyang Inggris jeng rama tan uning arsa tedhak iku.
  38. Saking kuda Mayor Daltun nuli, apitutur alon, sampun tedhak saking turanggane, mapan tuhu wong tuwa puniki, nging cilaka ugi, nging sampun tan patut.
  39. Dadya Pangran tan saged ningali, mring kang eHyang mangko, mapan nulya nyumethi kudane, nander wangsul dhateng ngloji malih, kebon kang winarni, Kanjeng Sultan sampun.
  40. Manjing ngloji ageng kang winarni, mengkana pan sampun, Pangran Dipanagara karsane, dumugeken denira ngulati, mring kang eHyang malih, nanging dharat iku.
  41. Ingkang ngering nanging pan satunggil, ki Surajayaku, sampun prapta kedhaton lampahe, Pangran Dipanagara wus panggih, lan kang eHyang iki, lenggah ngandhap anggur.
  42. Pan rinubung mring Inggris Sepei, gya piniyak mangko, mring Pangeran Dipanagarane, langkung elok kodrating Hyang Widi, pan mengkana maning, Pangran lebetipun.
  43. Mapan anglir pendah wong angimpi, satingkahnya mangko, mapan miyak kimawon lebete, wit setinggil mapan ngantos prapti, prabayeksa iki, kebak Inggris iku.
  44. Apa dene ingkang kori-kori, wus karsa Hyang Manon, Jeng Pangeran mapan lujeng bae, datan ana ingkang rupa kardi, wong Jawa sawiji, wus tan ana iku.
  45. Ingkang lanang ki Emban winarni, wus tan saged anon, saking jrihe dadya mirembae, Kanjeng ratu sareng aningali, ingkang wayah prapti, anulya rinangkul.
  46. Sarwi muhun riwus atanya ris, ramanira mangko, ing saiki neng ngendi enggone, Pangran Dipanagara turneki, sampun wonten ngloji kawula ing ngutus.
  47. Ngupadosi mring paduka yekti, lan tur uning mangko, Kanjeng rama sapun wilujenge, sampun ngantos paduka rudatin, Jeng ratu nulya glis, ing ngatur ran kondur.
  48. Mring kang wayah Jeng ratu nuruti, sampun lenggah mangko, Pangran Dipanagara nulya ge, wonten Inggris pan litnan sawiji, kinen tengga iki, dhumateng Jeng ratu.
  49. Ris wusnya Jeng Pangran nulya mit, mring kang eHyang mangko, nuwun wangsul dhateng ngloji maleh, ingkang eHyang pan sampun nglilani, nging adhinireki, Suryabrongta iku.
  50. Kinon tunggu iya marang mami, sandika lengser wus, tan winarna loji prapta mangke, ingkang rama mapan sampun ngalih, ngloji kebon iki, lan jumeneng sampun.
  51. Ingkang rayi den Mas Ambyah iki, pan sampun gumantos, nama Pangran Dipati ing mangke, Pangran Dipanagara apangggih neng ngajengan, ngloji, lan Raden Tumenggung.
  52. Jasantika lan kapitan Jing Sing, lajeng dherek mangko, mring Pangeran Dipanagarane, nulya cundhuk kalawan sang aji, pan wus katur sami, saneskaranipun.
  53. Lawan welingira kang eHyang iki, kelamun amundhot, wayah juga kinen tengga mangke, Pangran Suryabrangta den dhawahi, tengga kang eHyang iki, aneng kedhatun.
  54. Wus lumampah pan datan winarni, pra Dipati mengko kalih dalu antawis praptane, samya soan dhumateng ing ngloji, ngirid ki Dipati, Danurja puniku.
  55. Lawan Pangran Mangkudiningrati, ing ngatur ken mangko, mring Jeng Sultan Jankrerapet rembage, Kanjeng Sultan mapan anuruti, winedalken nuli, saking gedhong iku.
  56. Jankrerapet kang ngirid pribadi, sampun prapta mangko, Kanjeng Sultan pan aris sebdane, wus ta adhi aja keh pinikir, wus karseng Hyang Widi barang lakon iku.
  57. Mapan ingsun derma anglakoni, wus karsa Hyang Manon, Pangran Mangkudiningrat ature, inggih lamun paduka sayekti, boten angowahi, lir nguni sedarum.
  58. Dadya kanggek Jeng Sultan sayekti, lajeng kendel mangko, Pangran Dipanagara ing tyase, langkung denya bramatya miarsi, mring ngatur tan yekti, dadya ngandika sru.
  59. Mring kang paman pangucap punapi, dene lir puniku, lamun paman meksih cuwa tyase pan sumongga samangke puniki, kawula ngladosi, nulya kesah iku.
  60. Dhateng kantor ing dalu puniki, Jendral pista mangko, nging Pangeran Dipanagarane, datan tumut pista anjageni, gung rerepot sami, nging kang rayi iku.
  61. Pangran Adinagara lan sagunging, putra santana mangko, ingkang sampun along prapta mangke, sami kinen tumut pista sami, Jendral karsaneki, lan Raden Tumenggung.
  62. Jasantika lan kapitan Jing Sing, Krerapet nebda lon, eh sagunge ingkang pista kabeh, ngetokena Jendral karsaneki, Jasantika iki, ing mangke jinunjung.
  63. Iya mapan kinarya pepatih, kaya kang kelakon, Adipati Danurja arane, Pangran Mangkuningrat anuli, kesah animbali,Gondadurwiryeku.
  64. Sareng bubar pista manggon sami, Jasantika mangko, mapan nunggil lan Jing Sing pondhoke, mapan Gondaduwirya tutwuri, nora den nyanani, lajeng dalu ngamuk.
  65. Raden Jayasantika aguling, pan cinolong mangko, dhuwung ingkang wasiyat nulyage, linarihan pan lajeng ngemasi, sambat datan mawi, Gondaduwiryeku.
  66. Lajeng ngiwud denira nyuduki, dadya kathah mangko, ingkang mati kelangkung gegere, Jing Sing iya mapan sampun kanin, Gondaduwiryeki, mapan sampun lampus.
  67. Kinarubut mring sakeh Sepei, wus karsa Hyang Manon, Raden Jayasantika praptane, jangji marga cinidreki, dadya cuwa sami, Jendral langkung bendu.
  68. Mring Pangeran Mangkudiningrati, winangsulken mangko, marang gedhong tan winarna maneh, kawarnaha Kangjeng Sultan iki, genya wonten loji, ngantos pitung dalu.
  69. Nulya kondur Kadipaten malih, tigang dina mangko, pan ngentosi kedhaton resike, sareng sampun resik mapan nuli, ngedhaton winarni, Kanjeng Sultan sepuh.
  70. Linajengken mring sabrang kang ngiring, putra kalih mangko, Pangran Mangkudiningrat lan maleh, Pangran Martasana kang ngupati, kang lajeng sawiji, Rahaden Tumenggung.
  71. Sumadiwirya sedaya pan sami, linuwaran mangko, ing ngaturken mring Jeng Sultan maleh, Pangran Natanusuma winarni, lan saputraneki, pan kedah lumebu.
  72. Dadya wong nya gupremen Inggris, tinurutan mangko, lajeng salin ika jejuluke, Pangran Mangkualam namaneki, ingkang putra kalih, sami nama iku.
  73. Raden Menggung Natadiningrati, anama mangko, Pangran Suryaningrat pan arane, Raden Mas Salya nenggih nameki, Pangran puniki, Suryaningprang iku.
  74. Sampun tata Jendral nulya mit, mring Jeng Sultan mangko, Jendral glis pikantun ngentosake, labet pelor lengen kenging mimis, dadya antukneki, elet tigang dalu.
  75. Sampun pepak wong Ngayogya sami, kang kelajeng mangko, ingkang tebih iya pangiline, Kanjeng Pangeran Arya Mangkubumi, mapan sampun prapti, lajeng ngalih iku.
  76. Dalemira lan satanahneki, ing ngurup pan mangko, mring Pangeran Mangkualame, dadya sampun sami ngalihneki, Pangran Dipanagari nuhun pamit iku.
  77. Mring Jeng Sultan arsa kondur iki, mring Tegalarjoku, ingkang rama tan nglilani mangke, dadya lami nunggil neng jro puri, ane gedhong kuning, pesanggrahanipun.
  78. Pangran Adinegara anggentosi, ing daleme mangko, ingkang dadya wedana jro mangke, monca nagri Dipatya ing rawi, nama den paringi, Pringgadiningrat iku.
  79. Kang nggentosi mring parentahneki, ing Raden Tumenggung, Sumadiningrat kawarna ing mangko, Pangran Dipanagara wus lami, nunggil neng jro puri, mapan sanget rikuh.
  80. Nuwun kondur mring Tegal Arjeki, tan kalilan mangko, sawab dene asanget tebihe, dadya nuhun pesanggrahan Jawi, sampun den lilani, aneng mijen iku.
  81. Saung ingkang micanten ing ngloji, Kangjeng Sultan mangko, mapan sampun pitajeng putrane, Kanjeng Pangran Dipanegareki, Kya Adipati, Danurja puniku.
  82. Lamun mentas sowan dhateng ngloji, lajeng sowan mangko mring Pangeran Dipanagarane, pinanggih aneng mandhungan iki, lan sagung Bupati, kang ageng sedarum.
  83. Bab lelintoning moncanagari, lan prahyangan mangko, Pangran Dipanagara karsane, sab sampun dados kang prejangji, lan kang eyang rumiyin, nanging geseh tuhu.
  84. Datan timbanging karsanireki, guprenemen mangko, lintonana ing sapa medale, mring sagunge kang moncanegari, lawan bandar iki pan sareng sinuhun.
  85. Pinaosan mapan saben warsi, tigang ngatus ewu mangko, pasmatika pan sampun jangjine, lan kang eHyang sareng moncanagri, tanah jipang sami, lan prahyangan urup.
  86. Ingkang bandar pan lajeng lestari, nging monca nagriku, Pangran Dipanagara karsane, kang ulup pan iku pan tinampik, maosi puniku.
  87. Pinaringken kang samya derbeni, ki Danurja mangko, nulya wangsul maring loji maneh, lawan sagung kang para Dipati, ingkang nyepeng sami, parentah puniku.
  88. Jankretapet mapan sampun panggih, ki Danurja mangko, sakancanya amertelakake, ingkang karsa saneskara sami, dadyarenaneki, Jankrerapet iku.
  89. Dadya surup mangkya amaosi, tanah Jipang mangko, sampun rampung bandar lan Jipange, Jankrerapet nulya nembung maning, tanah Kedhu iki, tinedha puniku.
  90. Serep linton bondha beyaneki, ing prang nguni mangko, yen wis cukup iya mulih maneh, pan wus muni ing nglayang prejangji, ingkang anyaguhi, lan kang layang iku.
  91. Ana Pangeran Dipanagareki, ki Danurja mangko, nulya medal sakancane kabeh, saking ngloji lajeng sowan panggih lan Jeng Pangran nuli, sedaya wus katur.
  92. Lajeng samya sowan Sri Bupati, mring kedhaton mangko, sampun katur ing sanes karane, Sri Nalendra nyarah mring kang siwi, Pangran Dipanegari, ing Kedhu wus rampung.
  93. Ki Dipati Danurja wus bali, mring loji wawertos, lamun Kedhu wus kalilan mangke, Jankrerapet langkung sukaneki, pirena tyasneki, pan wus tan cinatur.
  94. Tata tiga ing Ngayogya iki, pan wus katur mangko, Jing Sing pan wus ginanjar namane, Raden Menggung Secadiningrati, mengkana winarni Jeng Pangeran iku.
  95. Neng Ngayogya mapan sampun lami, kalih tengah taun, nyuwun pamit mring Tegalarjane, ingkang rama lami tan nglilani, kedah kinen iki, lajeng dalem ngriku.
  96. Tegalarja karsanya sang ngaji, kinen karya kebon, Pangran Dipangara karsane, kedah kondur mring Tegalarjeki, sabab ingkang nagri wus waluya iku.
  97. Sagung bicara ingkang matosi, wus tan ana mangko, marga Kangjeng Pangeran karsane, dumugekaken genira nenepi, bolos kondurneki, mring Tegalarjeku.
  98. Kanjeng Sultan sareng miyarsi, yen kang putra bolos, meksa kondur mring Tegalarjane, langkung cuwa ing tyasnya sang aji, gya pinupus iki, yen karsa Hyang Agung.
  99. Yen kang putra tanremene nagri, wus karsa Hyang Manon, nanging pendhak garebeg sowane, lawan lamun wonten kang prakawis, ingkang amatosi, tinimbalan iku.
  100. Lamun kathah ruweding nagari, lajeng datan kondur, nunggil aneng jroning pura bae, lamun kedhik ingkang rama asring, mapan mikawoni, Kangjeng Sultan iku.
  101. Tedhak marang Tegalarjeki, mengkana winuwus, Jankrerapet anuwun gantine, ingkang patih Kangjeng Sultan yekti, kyai Adipati, Danurja wus sepuh.
  102. Sringkalan tubarang bicareki, Jankrerapet watos, bokmenawa amemecahake, Kanjeng Sultan pan maksih predongdi, lan kang putra iki, karsa dereng ngumpul.
  103. Kanjeng Pangran Dipanegareki, kang pinilih mangko, nenggih Pangran Dipakusumane, ingkang rama Kangjeng Sultan iki, datan arsa iki, angandika arum.
  104. Mring kang putra Pangran Dipanagri, kulup ingsun sungwroh, uwakira Dipakusumane, pan wus akeh iya cacatneki, lan kambine maning, maksih anggoniku.
  105. Nanging iya ming kari sathithik, lan pepatih mangko, dene ingkang wus dadi karepe, Jankrerapet uwakira iki, Prigadiningrati, Jeng Pangran umatur.
  106. Mapan sanget amba mopo yekti, mring punika mangko, pan kelangkung inggih pakewede, dadya lami kendel datan kardi, mengkana winarni, Jankrerapet iku.
  107. Kedah nedha gentose pepatih, Cadiningrat mangko, kang kinenken mring Tegalarjane, Kanjeng Pangran Dipanegareki, lagya grerah iki, Cadiningrat cundhuk.
  108. Mapan ngiras juru basa iki, juru basa mangko, penggarapan sampun boten kangge, mring jeng Pangran aris aturneki, kula ngutus gusti, dhumateng sang prabu.
  109. Lawan saudara tuwan gusti, Jankrerapet mangko, estu nyuwun pepatih gentosa, Kanjeng rama tuwan Sri Bupati, nanging nrerah pribadi mring paduka tuhu.
  110. Pan kekalih rancangan pepatih, ingkang sampun dados, Pangran Dipakusuma tan kangge, kang punika pundi tuwan pilih, Pringgadiningrati, Sumadipureku.
  111. Kanjeng Pangran angandika aris, lamun wis mangkono, Sadiningrat Jeng rama karsane, lan sibapak Jankrerapet iki, iya kang sun pilih, Somadipureku.
  112. Nanging ingsun durung bisa iki, aseba ing mangko Cadiningrat matur mengkono, wus muliha Cadiningrat nuli, lengser saking ngarsi, mapan lajeng pangguh.
  113. Jankrerapet sampun den werteni, ing karsa sang anom, lamun mas Tumenggung ing Japane, kang pinilih mring Jeng Pangran yekti, Jankrerapet aglis soan mring sang prabu.
  114. Cadiningrat mapan datan kari, wus manjing kedhaton, sampun cundhuk lan jeng Sultan mangke, Jankrerapet nulya matur aris, yen pareng sang aji, inggih sampun tamtu.
  115. Ingkang dados sumedi pureki, Jeng Sultan nebda lon iya uwis besuk senen bae, ingsun mapan yun temu pribadi, mring Tegalarjeki, Jankrerapet wus mantuk.
  116. Kanjeng Sultan sampun tedhak nuli, mring Tegalarja mangko, sampun panggih lan kang putra mangke, Kanjeng Pangran Dipanegareki, Jeng Sultan nebda ris, paran sira kulup.
  117. Teka dhemen sumadi pureki, ku uga wong anom, lan wong desa iya kapindhone, kaping telu misih sanak mami, menawa ku dadi, pocapan ing besuk.
  118. Lawan ora tau prentah yekti, mring wong gedhe mangko menek angling semi ku dadine, beneh lawan Pringgadiningrati, wus tuwa kang dhingin, lan maning wus tau.
  119. Aparentah mring sapadhaneki, lan wus tau momong, marang putra santana kung kabeh, Pangran Dipanagara tur bekti, sampun leres ugi karsa Jeng Sinuhun.
  120. Nging tyas amba tan pitajeng yekti, kang sampun kelakon, datan wonten mantep ing ngujare, sae kawit awon temahneki, somadipureki, pan bebadhe tuhu.
  121. Bilih kenging winulang prayogi, nging tyas ambayektos, kang pitajeng ing punika mangke, Kangjeng Sultan angandika aris, yen meksa sireki, kulup ingsun turut.
  122. Besuk senen pa bisa sireki, seba mring kedhaton, kados boten Kanjeng Sultan mangke, sampun kondur senen miyos iki, miyos neng sitinggil, Jankrerapet ing ngayun.
  123. Pepak sagung putra santanaji, myang punggawa sagung, Kanjeng Sultan nulya dhawahake Ki Danurja pan linorot iki, pinaring wewangi, Kyai Purwa iku.
  124. Mas Tumenggung ing Japan pinaring, pan anama mangko, Raden Adipati Darnurjane, Krapet sampun angestreni, wus lumrah sagunging, wong Ngayogya iku.
  125. Sampun luwar sang nata tinangkil, myang sagunging kang wong, tata tita nagri Ngayogyane, sampun kerta mapan winetawis, angsal tigang warsi, Kanjeng Sultan winuwus.
  126. Ingkang putra Pangran Dipanagri, pan tinari mangko, karma nanging tan arsa lamine, langkung susah tyasira sang ngaji, mengkana marengi, Jeng Pangran anuju.
  127. Tinimbalan mring kedhaton prapti, ing ngarsa sangkatong, Jeng Pangeran Dipanagarane, paning ngutus karsanya sang aji, kinen nari ugi dhumateng kang ibu.
  128. Kanjeng ratu bandara puniki, meksih ayu anom, mapan dereng gadhah putra mangke, Kanjeng Sultan welas mring kang rayi, marma kinen nari, krama lamun ayun.
  129. Nulya lengser Pangran Dipanagri, sing ngarsa sangkatong, kinen miyos ing keputren bae, soan dhateng ingkang eyang  iki, wus karsa Hyang Widi, Jeng Pangran andulu.
  130. Neng keputren myat putri siji, pan jumeneng mangko, ingkang kori butulan panepen, nanging sang dyah mapan tan udani, pan lagya marengi, dyah jumeneng pungkur.
  131. Kanjeng Pangran sareng aningli, marang sang dyah sinom, dagu kendel amespaosake, saking wingking tuhu jung karangin, pan kapareng ugi, noleh sang retna yu.
  132. Mapan anglir panjang putra iki, dhawah sela rempu, sakaliyan tanpa jamugane, sang kusuma tan saged lumaris, langkung wiraneki, dadya dhodhok iku.
  133. Kanjeng Pangran pan mengkana maning, meh supe ing ngutos, sareng myat mring sang dyah warnane, trenyuh ing tyas angler ngemasi, mengkana tyasneki, sun durung andulu.
  134. Aneng donya wong wadon lir iki, dene sarwi patut, nora nana kang winaon kiye, sapa baya ingkang darbe siwi, mengkana winarni, ingkang dherek iku.
  135. Nyai lurah keparak kekalih, among semiteku, lawan nyai among mirutane, mulat lamun Jeng Pangran ningali, jumeneng tan osik, dadya lon umatur.
  136. Pan punika gusti den tingali, dene kendel dangu, pan kang wonten ing kori wiyose, rayi dalem punika pribadi, katilaran ugi, nenggih Kanjeng ratu.
  137. Maduretna sampun ta ginalih, dhuh gusti kedangon, lamun karsa kados boten wande, dhasar samya sembrona kekalih, abdi dalem lami, marma purun matur.
  138. Kangjeng Pangran angandika aris, sarwi mesem mangko, lah iya ingsun iki meh kelalen, tanbuh-tanbuh ingkang dipun pikir, wisma tura dhingin mung Kangjeng eyang iku.
  139. Lamun ingsun ingsun ingutus ramaji, ayun seba ing ngong, mung semi talengser sing ngarsane, Kanjeng ratu ageng kang winarni, lagya grerah iki, nging tan sanget iku.
  140. Sampun matur angandika nuli, Jeng Pangran wus rawoh, Kanjeng ratu ageng ngandikane, kulup sira kinongkon pa iki, mring ramanireki, Jeng Pangran wotsantun.
  141. Pan ingutus ingih nantun krami, dhateng ibu mangko, kinenantun ngarsa dalem ugi, bokmenawi Allah amarengi, teksih paring wiji gya ngandikan rawuh.
  142. Kanjeng ratu bandara neng ngarsi, nira ingkang ibu, Kanjeng ratu ageng ris sabdane, anakira ku ing ngutus nini, mring kakangireki Jeng Pangran umatur.
  143. Ibu kula pan ing ngutus ugi, mring jeng rama katong, kinen nantun den krana Allahe, Kanjeng rama awelas ningali, mring paduka yekti, dereng gadhah tuwuh.
  144. Bilih Allah meksih paring wiji, mring paduka mangko, Kanjeng ratu bendara nebda lon, iya kulup matura sireki, marang Sri Bupati, ing sih wus kasuwun.
  145. Mapan ingsun wis asrah ing tekdir, bekjane wakingong, nanging ingsun nuhun pangestune, mring Jeng Sultan juga awak mami, kinuwatna ugi, ring ngibadah ingsun.
  146. Lawan ingkang supangat jeng nabi, pirangbara ingong, lamun temu lan wakira tembe, dene iku iya mati sabil, nanging ana siji, adhinira kulup.
  147. Wus diwasa iku dadi ati, durung ana patot, ingkang mengku iya prayogane, lawan kappa …….mring ngibadah yekti, yen sembada ugi, aturna sinuhun.
  148. Mring Jeng Sultan jodhone nak mami, Jeng Pangran tur nya lon, sarwi mesem jrih kawula mangke, lamun atur mapan sanes kardi, bilih den westani, salah kardi tuhu.
  149. Kanjeng ratu ageng ngandika ris, bener gakireku, lamun sira duwe karep kuwe, anakira ngur tutura maring, bak ayunireki, ratu kencaneku.
  150. Pangeran Dipanagara nulya glis, mundur sing ngarsa wus, ingkang eyang lan kang ibu mangke, ing samarga mapan mandhek nolih, kang kaesthi galih, kang neng kori iku.
  151. Nyai lurah kalih matur malih, dhuh gusti kedangon, tedhak kondur salah weweng bae, pijer kori ingkang den tingali, pan wonten punapi, kalih nya gumuyu.
  152. Kanjeng Pangeran mesem gya lumaris, sampun prapta mangko, ing kedhaton ngarsane sang rajeng, Kanjeng Sultan dangu ngarsi arsi, dereng ewah iki, genya lenggah wau.
  153. Kanjeng Sultan atanya mring siwi, sira suwe mangko, apa baya kang rinembag kabeh, Kanjeng Pangran matur awotsari, mapan kathah ugi, Jeng eyang karsanipun.
  154. Lawan Kanjeng ibu sami ugi, niskara wus katur, Kanjeng Sultan aris angandikane, iya sokur alkamdulilahi, yen ibunireki, kuwat luwih patut.
  155. Nyai lurah kalihaneng wingking, pan samya geguyon, kalih pisan samya sembranane, Kanjeng Sultan sareng aningali, nulya atanya ris, pasira guguyu.
  156. Nyai lurah kalih atur bekti, putranta sang katong, boten dangu soan mring kang eyang yektos, pijer salah wengweng wonten margi, wus kadugeng galih, mesem jeng sinuhun.
  157. Pan tumungkul Pangran Dipanagri, nanging tyas wus yektos, kang katingal nanging kori bae, kang sinuhun mesem ngandika ris, wis ta kulup dhingin, mulih anakingsun.
  158. Kanjeng Pangran wus lengser sing ngarsi, nira jeng sang katong, lajeng kondur mring Tegalarjane, sarawuhnya mapan mujung guling, nanging kang kaeksi, sang retnaning ngayu.
  159. Kang tumanceb aneng pulung ngati, pan tansah katongton, pantes temen warna tenagane, pasemone tuhu mandhitani, sotyaning pawestri, baya kang tumurun.
  160. Midering ngrat sun durung ningali, sesotyaning wadon, ingkang memper pan sathithik bae, leleng ing tyas datan mijil mijil, kawarna sang ngaji, aputusan iku.
  161. Kanjeng ratu kancana pribadi, kang lumampah mangko, tedhak marang ing Tegalarjane, sampun prapta mapan nulya panggih, kang Pangran tinari, krama lajeng ayun.
  162. Inggih lamun tinari akrami, pan selaminipun, Kanjeng Pangran mesem lon ature, salamanya dereng angsal ugi, kadang tingal yekti, dyah anglir puniku.
  163. Mesem ratu kencana nulya mit kondur mring kedhaton, sampun rawuh matur ing sang rajeng, langkung suka Kanjeng Sri Bupati, lon ngandika ris, ya bener anakmu.
  164. Nadyan ingsun ya durung ningali, kang memper wong wadon, lan ibune dhasar becik si beng, ing Ngayogya ana ana kekalih, lan tetekoneki, jatmika tur patut.
  165. Dhasar pantes iya anderbeni, Tegalarja mangko, lan kang lanang padha tetekone, kapandhitan padha den karemi, sun duga ing ngati, wus kanthine iku. 

PUPUH XVIII
K I N A N T H I 

  1. Duk ing dingin duryatipun, kala aneng ing swargadi, mengkana Srinaranata, mapan lajeng ken dhawuhi, Raden Dipati Danurjan sagung sentana sami.
  2. Wulan kang Ji mapan nuju, sagunging sentana sami, tugur aneng Tegalarja, Kanjeng Pangeran Dipati, atengga dhateng kang raka, lawan Pangran Mangkubumi.
  3. Pangeran ngabei iku, tan wenggan ming atuwi, Pangeran Dipanagara, apan iya nora mijil, neng Selareja kewala, kang neng dalem ingkang rayi.
  4. Pangeran Dipati iku, lawan Pangran Mangkubumi, angentiaken kasukan, sedaya ingkang nyegahi, Pangeran Adinagara, lan Pangeran Suryabrangteki.
  5. Pangeran Adisuryeku, sadaya pan wus wineling, wau dhumateng kang raka, sakarsa-karsanireki, anelasna kang kasukan, marma datan ta asami.
  6. Ing kadhaton kang winuwus, sagung ingkang para putri, mapan pepekan sadaya, tan sanes Tegalarjeki, samya sinegah kasukan, mring Kangjeng Srinaranati.
  7. Mengkana ingkang winuwus, wus prapta semayaneki, ing dinten Isnen punika, mapan nulya den timbali, Jeng Pangran Dipanagara, dhumateng Kanjeng sang ngaji.
  8. Pan ing ngiringaken sagung pra putra santana sami, sampun prapta ing Ngayogya, lajeng ngandikaning puri, sampun pepak prangulama, tanapi kang pra Dipati.
  9. Sadaya ngandikan sampun, ingkang ageng ageng sami, ngulama alit sadaya, tenapi Bupati alit, pan kinen kantun punika, sedaya neng Srimenganti.
  10. Kangjeng Sultan lenggah sampun, aneneg ing panepen iki, lan kyai pangulu ika, tenapi kawrangu lamu, Kanjeng Pangran lenggah bangsal, ing ngandikan sampun prapti.
  11. Ing panepen ngiring sagung, praputra santana sami, myang sagunging pra Dipatya, ingkang ageng ageng ngiki, Kanjeng Pangran nulya ningkah lan sang dyah retnaning puri.
  12. Mapan sinaid sampun, mring sagung para ngulami, pragat denira aningkah, nulya kinen medal sami, kyai pangulu kalawan, myang sagung kang prangulami.
  13. Kanjeng Sultan miyos sampun, saking ing panepen iki, angiringaken kang putra, langkung tyas marwata siwi, lenggah neng bangsal sekedhap, nimbali Raden Dipati.
  14. Kalawan Raden Tumenggung, Pringgadiningrat puniki, tan tebih lawan kang putra, Pangeran Dipanagari, sinandhing ngandhap dhedhampar, lawan jeng Pangran Dipati.
  15. Ingkang praputra sedarum, soan neng tratag sami, tunggil lan Raden Dipatya sang nata ngandika aris, ing mengko sore Danurja, pukul telu pepakneki.
  16. Jola lan jempana iku, pepakna magangan iki, lan Pringgadiningrat sira, den pamekta kang jajari, sagung ing prajurit ika, sandika atur nyakalih.
  17. Ngandika malih sang prabu, aruming Raden Dipati, lan Raden Pringgadiningrat, ing mengko tyas ingsun iki, bareng wis gelem rabiya, nakingsun Dipanegari.
  18. Pan wus padhang atiningsun, tan ana ingkang sun pikir, dadya wus bersih tyasingwang, nanging keri mring Hyang Widi, ing wuri Walauaklam, wus padha mundura iki.
  19. Tur sembah kalihwus mundur, kawarna jeng Sri Bupati, teksih lenggah aneng bangsal, lan sagung pra putra sami, Kanjeng Sultan angandika, mring Pangran Dipanagari.
  20. Wus sira banjura kulup, marang ing karaton becik, metuwa kene kewala, keputren dandana iki, ing daleme eyangira, tur bekti mundur sing ngarsi.
  21. Ing ngiring kang rayi sagung ing kreraton sampun prapti, jeng ratu ageng winarna, mapan lagya grerah iki, marma tan saged tumuta, nenggani kang wayah krami.
  22. Kanjeng Pangran ngandika rum, dhumateng kang rayi katri, Pangeran Adinagara, lan Pangeran Suryabrangti, tiga Pangran Adisurya, wis padha mulih adhingin.
  23. Mring Tegalarja katelu poma aja angling semi, katiga matur sandika, nulya lengser saking ngarsi, kang kantun ngladosi ika, kang rayi Pangran Dipati.
  24. Lawan ingkang rayi sagung, ingkang meksih timur sami, ri sampunira busana, mengkana ingkang winarni, sang retna sekaring pura, neng kedhaton mapan sami.
  25. Binusanan kang pra ibu, sagung ratu pepak sami, tanapi putri sadaya, sang dyah tan lengganeng kapti, pan bangun turut kewala, Kanjeng Sultan anenggani.
  26. Ri sampun busana iku, tan kena winarneng tulis, kadya murca kedhepena, tuhu piturun sing swargi, musthikaning tanah Jawa, keh pawestri lengleng brangti.
  27. Senadyan kang para ratu, sedaya pandung ningali, tan ana tetundhanira, sagung putri tanah jawi, Kanjeng Sultan pan mengkana, wus bekjane anak mami.
  28. Pinaringan ing Hyang Ngagung, jodho punjul tanah Jawi, derma ratu Maduretna, anglairaken puniki, mendah dene menangana, ibu lan ramane iki.
  29. Mengkana Jeng Sultan sampun, lenggah bangsal kencana di, ing ngayap sagung biyada, sang retna gya den timbali, tedhak saking prabayeksa, jeng ratu bandara ngiring.
  30. Lawan sagung ratu ratu, tenapi kang para putri, angayap mring sang kusuma, lir esri tedhak sing swargi, ngiring sagung widadara, Dewi Uma ingkang ngirid.
  31. Ratih lan Supraba iku, Wilutama pamineki, kang para putri sadaya, pra putri lir widadari, Kanjeng Sultan lir utama, Hyang Jagadnata mantesi.
  32. Lenggah Jonggring Selakeku, sang pinenganten wus prapti, lenggah andher neng teratag, mengkana Srinarapati, aputusan Nyai riya, animbali mring kang siwi.
  33. Lan sagung parekan iku, Nyai Riyasampun prapti, ngarsanya Kanjeng Pangeran, Dipanagara lumaris, ing ngayap sagung parekkan, lan Kanjeng Pangran Dipati.
  34. Lan kang rayi rayi sagung, ingkang meksih timur sami, miyos ing kaputren ika, lir Bethara Wisnumurti, tedhak saking Suralaya, wus prapta ngarsa sang ngaji.
  35. Kinen lenggah jajar sampun, anglir Wisnu lawan Sri, kathah wanodya kagiwang, ningali mring sang serimbit, sang nata langkung marwata, ningali kang putra kalih.
  36. Pan arsa pinaring iku, wedang nanging datan nganti, sampun karsaning Hyang Sukma, kathah pawestri Kanjeng lali, saweneh nangis punika, kang kelajeng nora eling.
  37. Dadya cuwa sang aprabu, aningali mring kang siwi, dereng dugi karsanira, selak keh pawestri brangti, nulya aris angandika, wus kulup mangkata nuli.
  38. Kangjeng Pangran nembah mundur, kinen kanthen lan sang dewi, sang retna datan suwala jeng ratu bendara ngarsi, lan ratu ratu sadaya, pra putri grebeg wuri.
  39. Kangjeng Sultan mapan tumut, yun uning mring angkatneki, ing ngaturan datan kena, mring ratu kancana iki, kelawan Kangjeng ratu mas, mengkana pan sampun prapti.
  40. Ing magang pan sampun rawuh, risang pinenganen kalih, katiga ratu bandara, ingkang anunggil sajoli, pra ratu kang anem samya, lan sagung kang para putri.
  41. Samya nitih jempaneku, mapan iya warni-warni, mengkana pan lajeng budhal, prajurit kang aneng ngarsi, mrerapit ing keringkanan, ing tengah sagung pawestri.
  42. Lawan upacaranipun, risang pinenganten kalih, lan para ratu sedaya, tanapi kang para putri, ampilan titihanira, ki Kramadaya nameki.
  43. Kinarung ngarsa joliku, gambira samargi-margi, miyos plengkung gadhing ika, supenuh ingkang ningali, gamelan samarga-marga, Kangjeng Sultan kang winarni.
  44. Dadya kelajeng puniku, mundhut titiyan tutwuri, saking tyas dhateng kang putra, kang dherek Pangran Dipati, miyos balowarti ika, wau denira ningali.
  45. Kang aneng joli winuwus , Kangjeng Pangran tiyasneki, kaya ge–ageya prapta, saking rempuning kang galih, anglir katiban musthika, saha lan donya upami.
  46. Kangjeng ratu bendareku, ingkang alenggah neng ngarsi, ing sawingking patahira, nulya sang lesmaning puri, Kangjeng Pangran wingking pisan, ing samarga uthak-uthik.
  47. Nging sang dyah lemining santun, kendel datan aningali, eca alenggah kewala, jeng ratu bendara nglirik, mring solahe ingkang putra, langkung suka jroning galih.
  48. Mengkana pan sampun rawuh, ing Tegalarja anuli, sagung kang putra santana, amethuk pasoan jawi, ingkang dados pangiridnya, Kanjeng Pangran Mangkubumi.
  49. Raden Dipatya puniku, angirid sagung Bupati, kang kodhok ngorek tinembang, bareng lan gamelan muni, tambur salompret wurohan, tan parungyan piniarsi.
  50. Ing Tegalarja supenuh, tan petung kathah ing jalmi, rising pinenganten nulya, tumedhak saking ing joli, pinondhong sang dyah kusuma, tan suwala sang retnadi.
  51. Mapan linenggahken sampun, aneng babut prang wedani, lir wisnu lan Sri ika,  jajar remen gung ningali, anglir tan manungsa donya, kalih lir musna kaeksi.
  52. Kangjeng ratu bendareku, lawan para ratu sami, angapit ing kering kanan, lan sagung ingkang praputri, ing jawi ingkang winarna, Kanjeng Pangran Mangkubumi.
  53. Kang manggihi sagung tamu, kang rayi katiga sami, nanging ngladosi kewala, kelangkung kasukaneki, denya abujaderwina, tanana tinaha sami.
  54. Mengkana ingkang winuwus, risang pinenganten kalih, pan samya salin busana, sinjang cindhe dhasar wilis, samekan jing garinenda, mawi rinumpoka adi.
  55. Asingsim inten jumerut, mirah barleyan sineling asengkang panata brongta, cundhik manik amantesi, pasaja satingkahira, datan patya lamun angling.
  56. Tuhu musthikaningayu, piturun saking swargadi, datan kena yen cinondra, panjal mane Dewi Sri, tan sarwa patut sedaya, samya estri lengleng brangti.
  57. Kanjeng Pangran kang winuwus, mapan lenggah aneng wingking, tansah ngresahi kewala, nging sadah datan ningali, mengkana nulya binekta, miyos lalenggahan malih.
  58. Sang retnayu bangun turut, lajeng samya dhahar iki, risampun anulya bubar, sagung ingkang para putri, nging kantun ratu bendara, ing kantun anenggani.
  59. Nulya pasang kelir sampun, ing jawi durwina sami, sagung nging putra santana tenapi kang pra Dipati, mapan samya nenayuban, angenting kasukaneki.
  60. Ing dalem ingkang winuwus, jeng ratu bendara uning, mring semune kang atmaja, mesem angandika aris, wus kulup padha asoa, mapan ingsun arsa guling.
  61. Jeng Pangran lega tyasipun, mesem angandika aris, nanging sang lesmining pura, esmu awrat ing tyasneki, mengkana ratu bendara, kondur mring panepen dhingin.
  62. Sareng kang ibu wus kondur, Jeng Pangran angarih-arih, dhumateng sang lir supadma, nulya ing ngemban sang dewi, dyah retna datan suwala, binekta mring tilamsari.
  63. Sampun prapta tilamsantun, sinareken sang retnadi, nanging tan arsa anendra, lenggah aneng tepaswangi, kasorotan dening pandam, salira lir mas sinangling.
  64. Jeng Pangeran ing tyasnya trenyuh, non mring kang sawang sasi, dadya alon angandika, dhuh mas mirah ingsun gusti, punapa tan arsa nendra, dadya prihatining ngabdi.
  65. Bendara kawulanipun, datan nedya anyidrani, nanging anrerah kang karsa, kalamun cidra kang ngabdi, sumongga den tengerana, suka lamun den dukani.
  66. Dadya nurut sang retna yu sare aneng tilamsari, nanging ing tyas tan precaya, dadya ing ngeletan guling, pan saben dalu mengkana, jeng ratu bandara iki,.
  67. Nenggani pan kalih dalu, kondur Jeng Sultan winarni, miyos dhateng Tengalarja, bekta kasukan puniki, bedhayan kalawan beksa, enting tyas Srinarapati.
  68. Riwusnya kondur sang prabu, Kanjeng Pangeran winarni, langkung tyas dhateng kang garwa, nanging sang retnaning puri, pan dereng karsa ngandika, nanging lamun kathah jalmi.
  69. Mapan langkung bangun turut, mengkana nuju marengi, sang retna jumeneng ika, aneng sangandhap kamuning, lan ngasta sekar cepaka, sinjang prang rusak mantesi.
  70. Semekanira gadhung, tinepi kadya tan jalmi, ariri mong cindhe sekar, aneng satepining warih, balumbang ing patamanan, Jeng Pangran ngindhik-indhiki.
  71. Sangking wingking sang retna, mapan dahat tan udani, jumeneng Kanjeng Pangeran wus dangu aneng ing wingking, ingkang tyas mapan sangsaya, trenyuh denira ningali.
  72. Mring sangdyah lesmining santun, dadya kadumuk sang dewi, nolih pan lajeng ing ngaras, langkung wira ingkang mindha Sri ing tyas mapan trerataban, deprok neng ngandhap kemuning.
  73. Kanjeng Pangeran anambut, ing ngemban kang mindha sasi, mider aneng petamanan, nging sang dyah tyas ira meksih, katongtoni wirangira, dene dangu tan udani.
  74. Mring kang raka rawuhipun, dadya wepanira mijil, nulya mulat Jeng Pangeran, laun kang rayi prihatin, binekta mring pesareyan, rinepa ing ngarih-arih.
  75. Dhuh bendara pepujanku, punapa kang dados rujit, kang abdi tan ngraos dosa, nging kedhik ngaget–ageti, ing mangke mapan sumongga, dhinendha inggih ngladosi.
  76. Nging mas mirah abdenipun, nenuhun den andikani, neng Tegalarja wus lama, pan tansah den pitambeti, pinten banggi pinaringan, esmu usadaning agering.
  77. Kang abdi matur saestu, sarawuh paduka gusti, wonten nagri Tegalarja, mapan lir upamaneki, ginanjar inten kawula, saha lamdonya puniki.
  78. Marma ing mangkya budinipun, bendara tan ngraos krami, kawula mindha ngawula, rumiyin duk aningali, gusti mring  warna paduka, prapta wisma lir ngemasi.
  79. Ing mangkya pan gesang sampun, satemah den pitambeti, mengkana sang dyah kusuma, sareng amiharsa iki, mring sebdanira kang raka, dadya keh wirang kaeksi.
  80. Mengkana tyasnya sang ayu, dadya ingsun iki dhingin, kaya ana gadhang wong lanang, adol marang rupa mami, dadya adres ingkang wespa, kang jeng Pangran aningali.
  81. Lamun sang murtining ing rum, sangsaya ingkang priatin, mengkana Kangjeng Pangeran, sangsaya mangarih-arih, dhuh gusti punapa marma, kang wespa saya dres mijil.
  82. Punapa gusti kaduwung, angabdekaken mringkang dasih, kawula matur estunya, lamun tan ngapunten abdi, nah angger dhateng sumongga, ing Tegalarja puniki.
  83. Pun kakang pan amit lampus, supados marganing pati, mengkana sang mindharetna, sareng miarsa tyasneki, kumepyur pan lajeng sirna, sadaya kang dados runtik.
  84. Dadya mesem ngandika rum, betah temen lamun angling, sarwi malerok sang retna, ngendi ana wong pawestri, iya winehan nagara, bisa temen amek ati.
  85. Tur mongsa mantepa iku, mengko thithik nuli salin, kaya tan weruh le danya, Kangjeng Pangeran miyarsi, mring pangandikaning sang retna, kumepyur tyas matur aris.
  86. Sarwi mesem ngrepeku, yektos gusti duk rumiyin, ing mangke punapa karsa, nah angger dhateng nglampahi, tanedya malih akrama, nging nuhun kang ngabdi gusti.
  87. Ing sih paduka satuhu, sarwi ing ngaras sang dewi, tangkis gelung sang kusuma, kenging pamidhanganeki, malengos sang dyah ngandika, marmane gelema mami.
  88. Iya gelema celathu, larangan den pengarahi, palali ujare ika, nreracak ira andadi, Kanjeng Pangeran ngandika, sarwi mesem ngastaweni.
  89. Gusti sampun limrahipun, ingkang ngabdi mapan dremi, parentah Allah tangala, mergi nurunaken wiji, premila estu awisan, nging dasih wus den lilani.
  90. Pan sinung wawenang sampun, kantun paduka pribadi, nah angger kang tan kalilan, marma nenuhun kang ngabdi, mugi ta linilanana, manjing jroning tamansari.
  91. Lamun tan kalilan tuhu, tan wande pun kakang mati, dinukan dhateng Hyang Sukma, ing ngutusan angsal kardi, mesem sang retna ngandika, dhasar botoh bisa angling.
  92. Iya sapa bisa iku, madoni wong kudu amrih, pan sampun karsaning Sukma, panggih jodho donya akhir, sampun lejar ing tyasira, sang retna wus asrah dhiri.
  93. Kanjeng Pangeran andulu, mring sang dyah wus lejar tyasning, nulya sinabut sang retna, tanpa jiwa kalihneki, wus lintu asmaragama, ing ngemban sang mindhasari.
  94. Pan wus karsaning Hyang Agung, panggih jodho jalu estri, dadya sami trisnanira, tan kenging benggang sanyari, mapan lir pendah mintuna, langkung remen kang ningali.
  95. Aneng na kang among kayun, Kangjeng Sultan kang winarni, pan sampun karsaning sukma, grerah celeb tan punapi, pan sampun angsal sacondra, nanging miyos setu meksih.
  96. Mengkana ingkang winuwus, Kanjeng Pangran amarengi, arsa soan mring kang eyang, sampun lami grerahneki, kapethuk lawan kang rama, Kanjeng Sultan pan marengi.
  97. Arsa ameng-ameng iku, ningali kang baluwerti, kang dherek nging ponakawan, Kanjeng Pangran datan uning, tinerka dede kang rama, dadya tan wedhak sing wajik.
  98. Tinerka kang rayi tuhu, sing tebih katingal alit, kapethuk pal kung kaputran, Jeng Pangran kagyat ningali, wau dhumateng kang rama, mesem Kangjeng Sri Bupati.
  99. Lawan angandika arum, sira sengguh sapa mami, Kangjeng Pangeran aturnya, lun seguh dhimas Dipati, dadya samya ngluhur kuda, mesem sang nata nabda ris.
  100. Arep mring di sira kulup, Jeng Pangran umatur aris, ayun soan Kangjeng eyang, Jeng Sultan ngandika malih, wus kulup sira banjura, nging nginepa aja mulih.
  101. Sesuk seba waden esuk, aja nganti sun timbali, kaputren sesuk metuwa, sibeng apa melu iki, Kanjeng Pangeran aturnya, inggih tumut wonten wingking.
  102. Kangjeng Sultan sampun laju, kur ungkuran lampahneki, ing dalu enjing winarna, ing dinten Senen marengi, Jeng Pangran ngantos ngandikan, utusan keparak kalih.
  103. Nyai Amongsemiteku, lawanya isoka prapti, ngarsanya Kangjeng Pangeran, tur sembah samya turneki, gusti paduka ngabdikan, jeng rama dalem ngentosi.
  104. Ngajeng-ajeng sampun dangu lenggah wonten jamban gusti, paduka kinen lajenga, Jeng Pangran nulya lumaris, mapan datan kekampuhan, kering nyai lurah kalih.
  105. Miyos kaputren wus rawuh, gedhong mrerapat kang kori, ing ngajenge gedhong jamban, Kanjeng Sultan lenggah kori, sendhean korining jamban, sareng kang putra kaeksi.
  106. Sampun karsaning Hyang Agung, Jeng Sultan wespanya mijil, Kanjeng Pangeran miarsa, yen kang rama wespa mijil, ingkang tyas lir binethota, nging tanbuh kang dados galih.
  107. Dadya tumut mijil iku, ingkang wepa kalihneki, Jeng Sultan lan Jeng Pangeran, mengkana lurah kekalih, kelajeng tumut karuna, sareng mirsa gustineki.
  108. Kekalih samya tyasipun, mengkana pitulung Widi, kalih ical kang sungkawa, emut mring purbaning Widi, manungsa yen nora bakal, Jeng Sultan ngandika aris.
  109. Kulup sun undang sireku, sun iki lara sayekti, nanging tanora ngopaha, iya ing rasaning sakit, nanging tyas sun wus karasa, kaya na karsaning Widi.
  110. Ing wuri wus pasrah ingsun, mongsa bodhoa sireki, kabeh adhi adhinira, ing mengko dhingin sayekti, ingsun ta ningali liyan, nanging sira anak mami.
  111. Sampun karsaning Hyang Ngagung, Jeng Pangran lomba tyasneki, datan nyana lamun arsa, nenggih tinilar tumuli, wau dhumateng kang rama, mengkana atur ireki.
  112. Nanging pangestu pukulun, rumiyin dalah samangkin, tan wonten ingkang suwala, dhumateng prentah bayekti, Kanjeng Sultan angandika, ya kulup pracaya mami.
  113. Lah ta wis muliha kulup, metuwa ing kene becik, iya jroning prabayeksa, pelataran akeh kaki, sagung wongkang padha seba, sun pirsa wus akeh prapti.
  114. Sira tan basahan iku, pan saru yen akeh uning, ingsun arsa nemonana, mring sagunging bocah Bupati, wis kulup sira muliha, Jeng Pangran lengser sing ngarsi.
  115. Prapta ing keraton sampun, ngarsanya kang eyang malih jeng ratu ageng atanya, den undang apa sireki, kulup marang ramanira, Jeng Pangraan umatur aris.
  116. Nanging datan weca tuhu, menawa kang eyang prihatin, sawab sawek nandhang grerah, sanget tan saged lumaris, lan malih wus sepuh marma, Jeng Pangran watosing galih.
  117. Sampun lami grerahipun, mengkana aturireki, mapan tan wonten punapa, nging kangen timbalaneki, nulya pamit mring kang eyang, kondur mrig tegalarjeki.
  118. Lawan sang retnaning ayu, tan kenging bengggang sanyari, langkung dening sih-sinihan, mengkana ingkang winarni, mapan wus karsaning sukma, Kanjeng Sultan prapteng jangji.
  119. Nanging elet kalih dalu, lawan genira mameling, wau dhumateng kang putra, ing dinten Kemis marengi, paing nenggih pasaranya, kondur mring rahmatollahi.
  120. Langkung oreg ngayojeku, surudnya Srinarapati, sab sagung kagyat samya, tan wonten nyana sayekti, Kanjeng Sultan tilar donya, kondur marang ngalam gaib.
  121. Residhen garnam kelangkung, wau genira anangis, meksih enggal langkung cuwa, dhumateng Srinarapati, genira ngladosi ika, sinare jimat tan nunggil.
  122. Kalawan kang eyang iku, Kanjeng Sultan Ngayogya di, ingkang Jumeneng sapisan, mengkana Pangran Dipati, datan pisah lan kang raka, jeng Pangran Dipanegari.
  123. Anulya bicanten sampun, jumeneng Pangran Dipati, nanging mawi winakilan, Pangran mangkualam iki, wus tentrem nagri Ngayogya, jeng Pangran wus kondur nuli.
  124. Mring Tegalarja pan sampun mengkana ing lamilami, Jeng Sultan sampun diwasa, supit mapan nulya krami, duk supit kang mangku iya, minester Garnam pribadi.
  125. Kang raka Jeng Pangeran iku, kang nutupi netraneki, duk krama marengi ika, Jankrerapet dados malih, neng masjid ageng ningkahnya, pan angsal tilaraneki.
  126. Raden Dipati puniku, kang seda kedhaton dhingin, ratu angger kang atmaja, mapan sampun nama iki, tanenggih ratu kancana, jeng ratu kancana ngalih.
  127. Mapan nama ratu ibu, sabab ratu ageng meksih, jeng ratu ageng tinarna, sampun karsaning Hyang Widi, sareng surud ingkang putra, grerah nya waluya sami.
  128. Dadya panjang yuswanipun, amomong kang wayah iki, mengkana kang parentahan, sampun ing ngaturken malih, wa dhumateng Jeng Sultan, Pangran Mangkualam iki.
  129. Mapan sampun kendel iku, genira dados wewakil, kathah kesturi Ngayogya, nanging tan dados punapi, Jeng Pangran Dipanagara, dadya langkung sekelneki.
  130. Kanjeng Sultan kang winuwus, ingkang cinela keniki, Raden Dipati Danurja, lan Raden Wiranegari, Rahaden Pringgadiningrat, mapan sampun angemasi.
  131. Sampun karsaning Hyang Agung, asanget maksiyatneki, nanging yen wonten kang raka, Kanjeng Sultan meksih ajrih, Inggris wus salin Welonda, residhen nausna meki.
  132. Karemanya mangan nginum, lan Arja cara Welandi, nadyan kang putra santana, ingkang nganem-anem sami, pan sampun katut sedaya, batal karam wus tan olih.
  133. Mengkana karya kolektur, nanging tan atur upeksi, mring Pangran Dipanagara, dene kang kinarya gajih, amundhuti artanira, marang sagung wong sanagri.
  134. Dene karyanya kolektur, ajaga Raden Dipati, pan sampun rembag sadaya, minister Kaus ngidini, lawan anuwun pratondha, ecap Jeng Sultan pribadi.
  135. Pan sampun pinaring iku, mengkana ingkang winarni, sagung kang putra santana, ingkang sepuh sepuh sami, tanapi sagung Dipatya, Ngayogya pan susah sami.
  136. Mapan rembag samya matur, mring Pangran Dipanagari, mengkana Kanjeng Pangeran, langkung kagyat ing tyasneki, nulya tedhak mring Ngayogya, ing kedhaton sampun prapti.
  137. Lajeng panggih lan kang ibu, Jeng Pangran atanya aris, punika wonten pakarya, dene tan aparing uning, ibu dhumateng kawula, karya susah wong sanagri.
  138. Jeng ratu ibu lingnya rum, kawula pan datan uning, dadosing rembag punika, kula tanya sampun werti, inggih dhateng jengandika, jeng Pangran atanya aris.
  139. Sultan neng pundi genipun, jeng ratu ibu nabda ris, wonten bangsal panggung ika, Kangjeng Pangran nusul nuli, panggih kalawan Jeng Sultan, Jeng Pangran ngandika aris.
  140. Sultan marma prapta ingsun, ayun tanya mring sireki, pan ingsun angrungu warta, sira karya kolektur iki, iku apa karyanira, Kangjeng Sultan matur aris.
  141. Danurja kang gadhah rembug, lawan pun Wiranegari, sabab kirang kang kengkenan, dene karyanipun malih, anglempaken sagung arta, pacumpleng punika sami.
  142. Kalih kula tanya sampun ngaturi uninga ugi, inggih dhumateng paduka, werti yen sampun marengi, Jeng Pangeran angandika, iku pasthi goroh yekti.
  143. Sultan yen sira nora wruh, iku tapa ngrasa mami, liwat lakuning durjana, tan wurung karya ku pesthi, iya marang kasusahan, ing besuk wekasaneki.
  144. Marang wong cilik ku besuk, lan apa pangane iki, kolektur pira cacahnya, lawan padinane iki, ing ngendi pasebanira, Srinata umatur aris. 

PUPUH XIX
SRINATA (DHANDHANGGULA) 

  1. Tedhenipun mapan ngiras, sawidak tiyang satunggil lurahipun kalih belah, cacah tiyang kawandesi, mapan langkung kekalih, lurah kang kalih puniku, pasowanya sadaya, wonten kang danurjan sami, lamun telas gandhek punika tambelnya.
  2. Karyanipun saben mongsa, medal mring dhusun pan sami, mundhut pacumpleng punika, Kanjeng Pangran dikanya ris, sarwi mesem puniki, wus talidok ujar ingsun, mengkono maneh Sultan, yen ora nguruka bumi, gunung iku bae suku rangkep ingwang.
  3. Duk dhingin su(wa)rgi jeng rama, gunung wus sun suwun iki, ilange kabeh ku iya, dene dadi susahneki, sagung wong cilik-cilik, kang sun karya ganti iku, suku bae lan uwang, dhuwit bandar kabeh iki, wis sun duga turah pan mongsa kuranga.
  4. Dene kang parentah desa, muliha kaya kang dhingin, duk swargi eyang buyut ika, Kanjeng rama wus nglilani, nanging semadosneki, angigentoni sataun, kinarya isi ika, sabauwang pura enting, durung nganti Kangjeng rama selak seda.
  5. Ing mengko iki ta sira, malah rep sira wuwuhi, sagung susahing wong desa, lah kaya apa sireki, Jeng Sultan matur aris, sampun kelajeng puniku, cap kawula punika, sampun kinarya ngecapi, kang nuwala badhe parentah mring desa.
  6. Lah Sultan sira jabela, yen durung kebanjur iki, undangen Wiranagara, Kanjeng Sultan anulya glis, putusan animbali, Raden mayor prapta sampun, Kanjeng Sultan ngandika, mayor kaya apa iki, tuturira dhingin wus atur uninga.
  7. Mring kang mas pan wus kalilan, mangko ingsun den dukani, tumungkul Wiranegara, tan saged matura iki, nulya ngandika malih, ing mengko layang sun pundhut, kolektur wus wurunga, Wiranagara turneki, kula ajrih sampun kelajeng nuwala.
  8. Wonten residhen punika, kewedan Jeng Sultan iki, dadya kendel tan ngandika, Jeng Pangran bendu tyasneki, ngandikaning kang rayi, wus Sultan pilihen ingsun, iki nanging wong juga, lan loro kapilih endi, lamun sira amilih kang loro iya.
  9. Wus layang sira banjurna, lamun sira milih mami, jaluken nuwalanira, dene residhen ku ugi, lamun asrengen iki, aja sira melu melu, yen milih loro sira, iya Sultan luwih becik, nanging ingsun wus tan melu melu ika.
  10. Umatur Wiranegara, kados pundi nggen mangsuli, mungel wonten kitap ugi, nasi kang talmulukki, yen ratu ngandika sampun, tan kenging mangsulana, Kangjeng Pangeran miyarsi, mring ature tumengggung Wiranagara.
  11. Dadya medal dukanira, jinewer kupingnya kalih, dhinupak asru ngandika, eh ya mukidinsireki, Jawane memurukki, pan kitap kang sira ampung, sireku luwih bisa, wong kabeh tan ana uning, ala becik ingkang weruh nanging sira.
  12. Kanjeng Pangeran ngandika, Sultan sun tanya sayekti, sira paja Raden nyata, sapa ingkang duwe pikir, lamun sira pribadi, iku atas lo ilahpul, lamun rembug wong liya, mesthi kena den owahi, iku setan Sultan ingsun nora lila.
  13. Kanjeng Sultan ris aturnya, pan saking tiyang kekalih, Danurja Wiranagara, lawan kula pitaneni, pan sampun matur ugi, dhateng paduka satuhu, mila kula precaya, lajeng kawula ngidini, pan tumungkul Tumenggung Wiranagara.
  14. Kanjeng Pangran angandika, iku wus tetela yekti, lamun setan angrencana, pan kitab karya ling aling, jeng Sultan ngandika ris, lah matur ramaning iku, mayor marang kakang mas, lamun sira maksih wani, babing kitab ingsun arsa mirsakena.
  15. Den Mayor Wiranegara, tan saged matura malih, Kanjeng Sultan angandika, wus sida sun pundhut iki, wurung kolektur dadi, wus sira metuwa iku, Mayor Wiranegara, tur sembah lengser sing ngarsi, Kanjeng Sultan umatur dhateng kang raka.
  16. Suwawi kondur kakangmas, dhahar kedhaton rumiyin, alih tan sareng lumampah, lenggah, wonten gedhong kuning, jeng ratu ibu prapti, lan jeng ratukencaneku, lajeng amundhut dhahar, Nyai Riya kang ngladosi, Kanjeng ratu ibu aris atetanya.
  17. Paran Sultan dadinira, prekara kolektur iki, Kanjeng Sultan aturira, inggih tamtu boten dadi, jeng ratu mesem angling, Sultan sun pajar satuhu, ingkang duwe negara, ing Ngayogya iki yekti, raka dika Pangeran Dipanagara.
  18. Mapan sun wus dhinawuhan mring rama dika ing nguni, duk meksih kadipatenya, mengkene timbalaneki, dena yu sun pajari, ja ngarep-arep anakmu, ingkang dadi tyas ingwang, nakingsun kang tuwa yekti, atur kula mring rama dika sumongga.
  19. Esmu lingsem Kangjeng Sultan, sabab kathah tiyang uning, mengkana ing ngaturira, sampun napa duka wreti, kulasampun udani, Kangjeng rama welingipun inggih dhateng kawula, Jeng Pangran mesem nabda ris, ibu ratu pan kados lare paduka.
  20. Ngandika wados punika, pan katah tiyang udani, mesem jeng ratu kancana, ris sampunira dumugi, dhahar anulya pamit, Kangjeng Pangeran wus kondur, dhumateng Tegalarja, mengkana mapan wus lami, Kanjeng ratu ageng grerah sanget ika.
  21. Anuju ing wulan Ramlan, sagung putra wayah sami, tugur kreraton sadaya, anapi kang pra ngulami, kipangulu ngaturi, jukah siyam Kangjeng ratu, nanging mesa tanarsa, kadya wus sinedya galih, sareng ngajengaken bakda supe nulya.
  22. Jeng Sultan matur kang raka, kados pundi benjing enjing, prekawis grebeg punika, Kangjeng Pangran ngandika ris, aja sira ngowahi, ya dene ingkang atunggu, Kanjeng Eyang ingsun uga, lan bu ratu bendareki, ratu angger kabeh padha garebega.
  23. Ki Mangkubumi sampeyan, gih sowana benjing enjing, Kangjeng Sultan ris aturnya, bilih kula tan menangi, Jeng Pangran ngandika ris walahualam ing sesuk, nanging panduganingwang, Kangjeng ya kaya ngenteni, mrig pepake kang putra wayah iki iya.
  24. Mengkana pan kalampahan, sampun karsaning Hyang Widi, Kangjeng ratu surudira, sampun bakda grebek iki, putra wayah wus prapti, tenapi kyai pangulu, myang sagung pra ngulama, mapan sampun pepak sami, sinareken jimatan tunggil kang putra.
  25. Riwus kawandasa dina, jeng ratu ibu gumanti, ratu ageng namanira, dalemira kang ngenggoni, jeng ratu bendareki, mengkana ingkang winuwus, ri sampun nira lama, wonten cobaning negari, pan kreraman anama Sinduratmeja.
  26. Mapan ngembani punika, Pangeran dipasaneki, Kanjeng Pangran wus uninga, wawreta saking wong desi, nanging maiben yekti, dene langkung boten rukun, Pangeran Dipasana, rehpot jompo lawan alit, lan kelangkung kang manah remen maksiyat.
  27. Nanging ragi grerah manah, duk kala timur ireki, marma datan linegewa, mengkana nuju marengi, Kanjeng Pangran nimbali, abdi kinen maos iku, nama suk batu liman, lawan Muhammad Bunari, kitab Nasikatul muluk kang winaca.
  28. Lenggah bale sawuh ika, paseban sela rejeki, tan pantara nulya ana, utusan saking kang rayi, Jeng Sultan atur uning, anenggih ingkang ing ngutus, Raden Sasrawiraga, lan Sasrabau tur bekti, pan kawula gusti ngutus Srinarendra.
  29. Kinen ngaturi uninga, dhumateng paduka gusti, ing Kedhu wonten pakarya, kretaman ageng kang baris, dhusun bendha geneki, Sinduratmeja nameku, estri ingkang satunggal, sampun mejahi Welandi, Jeng Pangeran mesem aris angandika.
  30. Lah iya Sasrawirana, Sultan apa wus bantoni, aturnya Sasrawirana, inggih sasampun kang lumaris, Raden mayor pribadi, lan Raden Ritmester iku, bekta sakancanira, sareng akatipun sami, lan residhen nausa dinten punika.
  31. Iya wis sasrawirana, sira amulih adhingin, ing mengko ingsun pan arsa, marang kedhaton pribadi, lawan ayun udani, Adinagara memantu, nulya Sasrawirana, tur sembah lengser sing ngarsi, Kanjeng Pangran tan pantara nulya tedhak.
  32. Prapta kedhaton wus panggya Jeng Pangran lawan kang rayi, Jeng Sultan matur niskara, Jeng Pangran mesem nabda ris, ya wus ingsun udani, ingkang karya reka iku, lamun residhen prapta, Eyang Dipasana den aglis, wenehena yaiku kang gawe gendra.
  33. Wus laju Kangjeng Pangeran, mring Adinagaran prapti, Pangeran Adinegara, meh wande mementu iki, Kangjeng Pangran nabda ris, wis tutugna amemantu, antawis tigang dina, residhen Naus wus prapti, tur uninga lamun kraman Kedhu bubar.
  34. Nulya Pangran Dipasana, cinepeng binuwang nuli, wau dhumateng ing sabrang, mengkana ing lami-lami, saya kathah seturi, nagari Ngayogya iku, nanging datan punapa, Jeng Pangran langkung prihatin, datan kondur neng Selaraja kewala.
  35. Jeng Sultan ingkang winarna, yen marengi kangen iki, wau dhumateng kang raka, nusul mring Selarejeki, mengkana amarengi, Kanjeng Sultan prapta iku, kangen dhateng kang raka, Kangjeng Pangeran marengi, lenggah aneng kulah mileh ingkang tigan.
  36. Klangenan ulam wader bang, munggeng sela gilang iki, Kangjeng Sultan nulya prapta, pan lajeng tumut milihi, kang dherek Pangran kalih, samya kang raka puniku, Pangeran Suryabrongta, lawan Suryawijayeki, Kanjeng Pangran sampun karsaning Hyang Suksma.
  37. Ingkang tyas langkung pracaya, wau dhumateng kang rayi, Kangjeng Pangeran ngandika, payo Sultan padha ngalih, lungguh ing gedhong iki, Kangjeng Sultan dherek sampun, lawan kalih kang raka, Pangran Suryabrongta iki, pan kalawan Pangeran Suryawijaya.
  38. Kangjeng Pangeran ngandika, sarya mesem mring kang rayi, Sultan sun pajari sira, sakehe ingkang prejangji, duk dhingin alam Inggris, mapan meksih ana ingsun, kedhaton nora nana, nging kontrak kang ana iki, lan prejangji pametune kang nagara.
  39. Dene sakeh pepanggreran, meksih ana kene yekti, kang dadi watir tyas ingwang, manawa ingsun ngemasi, apa dene sireki, nora wurung iku besuk, mapan dadi brewala, nakira lan anak mami, lamun nora nana pitulung Hyang Suksma.
  40. Dene mengko karsaningwang, layang sun weneh ken iki, Sultan iya marang sira, nanging ingsun Sultan titip, mring sakeh anakireki, kelamun ngemasi ingsun, Sultan mongsa bodhoha, Jeng Sultan aturireki, pan sandika Kangjeng Pangeran ngandika.
  41. Mring Pangeran Suryabrongta, lawan Suryawijayeki, sira karo lumakuwa, suwunen layang prejangji, marang bakyunireki, tur sembah kalih wus mundur, saking ngarsa kang raka, tan pantara nulya prapti, ingkang surat wus katur marang kang raka.
  42. Tinampan nulya ngandika, ya Sultan wruhanireki, layang iki ingkang nyerat, pan Jendral Raples pribadi, kang sisih Jawa iki, Cadiningrat nulis iku, wis nya sira gawaha, nanging poma wekas mami, pan mung iku kang dadi watir tyas ingwang.
  43. Jeng Sultan matur sandika, kelangkung panuwun iki, nulya pinaring kang surat, Kanjeng Sultan gya nampani, langkung suka tyasneki, Jeng Sultan nulya minto kondur, mapan sampun kalilan, mundur sing Selarejeki, ingkang serat mapan binekta priyongga.
  44. Datan winarna ing marga, kedhaton pan sampun prapti, pan sampun karsaning suksma, Kanjeng Sultan datan lami, saking geng rencaneki, setan kang sami bebidhung, kang serat ing ngaturan, basmi pan datan prayogi, yen teksiha menawi bilih menawa.
  45. Kadya wus tekdiring suksma, Jeng Sultan gampil nuruti, mring atur ingkang tan yoga, mengkana surat binesmi, sampun karsa Hyang Widi, tan lami Jeng Sultan iku, lawan antaranira, genira ambesmi tulis, prapteng jangji Kangjeng Sultan lajeng seda.
  46. Mapan datan mawi marga, ing grerah saking sakedhik, tan kendel genya pesiyar, nanging ingkang dadya margi, dhahar tur aturneki, Raden Dipati puniku, pan lagya ngunjuk jangan,  sareng konjuk pan cumekik, sareng dhawah Jeng Sultan pan lajeng seda.
  47. Salira abuh sekala, langkung geger Ngayojeki, pan samya kaget sedaya, ingkang raka sampun prapti, nanging datan menangi, lan putra santana sagung, jalu estri pepekan, lir grerah swaraning tangis, saking gunge pawestri sajroning pura.
  48. Tanapi sagung punggawa, mapan sampun pepak sami, ki pangulu sakancanya, mapan nuhun den sirami, tan suka suket aris, abu ken ngentosi iku mapan lagya utusan, nusuli sidhenireki, kang marengi Baron selus namanira.
  49. Pan lagya kesah mring Sala, ingkang kinen angenteni, lagya jinujul punika, Jeng Pangran welas ningali, mring layon ingkang rayi, nulya pineksa puniku, pan kinen nyiram ana, anulya dipun sirami, ring sampunnya sinareken Prabayeksa.
  50. Sadinten sadalu ika, taron Baronselus dereng prapti, sareng enjing tinabela, suketaris tan suka malih, nanging pineksa malih, mring Kangjeng Pangeran iku, sampunnya tinabela, tinengga neng bangsal sami, Baron selus jam sawelas praptinira.
  51. Pan lajeng kinen ngangkatna, jeng ratu ageng puniki, langkung sanget panuwunnya, ing ngaturan datan kenging, ngantos kaku tyasneki, Baron Seilus puniku, mapan kekanthen asta, lan Pangran Dipanagari, prapta ngalun alun kidul wangsul samya.
  52. Sedaya wus prapteng pura, ingkang datan dherek sami, sagung kang putra santana, residhen Selus nebda ris, Pangran Dipanagari, sampeyan bok sampun kondur, lajeng ngatengga pura, Kanjeng Pangran ngandika ris, nora gelem sun mulih bareng lan sira.
  53. Pan suketaris kewala, lan sidene iku becik, kariya atunggu pura, lawan Kyai Mangkubumi, Baron Selus nuruti, mapan samya bubar sampun, sagung putra santana, kang tugur nanging Bupati, Kangjeng Pangran wus kondur mring Tegalarja.
  54. Ingkang dherek mring jimatan, sedaya pan sampun prapti, sinarekaken Jeng Sultan, pesereyan enggal dadi, tan tunggilkang rameki, mengkana ingkang winuwus, Jeng Sultan tilar putra, pan songa kathahireki, kang winarna nanging kang jaluk kewala.
  55. Den Mas Manol namanira, sawek yuswa tigang warsi, nangis sampun pinaringan, nama Pangeran Dipati, mengkana ngantos lami, mapan dereng dadi iku, den mas Gathot arinya, den Mas Mursada puniki, den Mas Mangun kang jalu sekawanira.
  56. Ingkang putri mapan gangsal, mengkana ingkang winarni, Jeng Pangran Dipanagara, mapan asring den aturi, ing residhen mring loji, nanging awis karsanipun, lawan malih menawa, risidhen mring kenya puri, ing ngaturan Kangjeng Pangran awis kersa.
  57. Lawan Sritiniti ika, mring risidhen yuswaneki, kalamun marengi karsa, ing ngaturan dhateng ngloji, langkung risidhen iki, genira met galihipun, lan asring ing ngaturan, lenggahan sami pribadi, pan residhen ingkang ngladosi priyongga.
  58. Mabarang kang dinangua, Baroselus aturneki, Tegalarja Selaraja, Kangjeng Pangran Mangkubumi, grahita jroning galih, mangkana pan tedhak iku, dhumateng Tegalarja, apan sampun ape panggih, lan kang putra neng jro gedhong Selaraja.
  59. Kangjeng Pangran angandika, kulup tan kaduga mami, Baronselus karepira, banget kayuyunireki, kulup marang sireki, kaya na atine iku, ngenteni karepira, menawa dhangan sireki, sun celathu Kangjeng Pangeran ngandika.
  60. Sampun gemampil paduka, pan kawula lumuh yekti, kalamun mergi punika, puruna sampun rumiyin, mongsa kaselana ugi, inggih dhumateng pun bagus, Kangjeng Pangran ngandika, wau dhumateng kang siwi, paran kulup banget temen water ingwang.
  61. Iya manawa kaliya, kaya paran polah mami, Kangjeng Pangeran aturnya, sarwi mesem sokur iki, lamun purun ngowahi, kyai maring jangjenipun, aluwung mekatena, boten angewed-ewedi, pan kawula anglindhung purbaning suksma.
  62. Sampun kondur Jeng Pangeran wetara let pitung ngari, den Mas Menol pan ing ngangkat, jumeneng mapan gentosi, mring ingkang rama swargi, nanging mawi wakil iku, anenggih kang kinarya Kanjeng Pangeran Mangkubumi, pan kelawan Kanjeng Pangeran punika.
  63. Ariya Dipanagara, lawan ratu kencaneki, ratu ageng sekawanya, Jeng Pangran luluh kepati, nanging pineksa iki, dadya sanget lingsemipun, tan saged mulat jalma, ngantos tugel pocotneki, ingkang kepuh genira nitih kareta.
  64. Datan katolih kapidak, suketaris ingkang nganthi, anglir seda asekala, pan sampun prapta ing ngloji, kontrak winaos nuli, den Mas Menol sambatipun, kajeng pamuhunya, nanging emoh gemang wedi, nanging meksa risidhen pengangkatira.
  65. Lan ratu ageng kang meksa, risampun kondur tumuli, lenggah setinggil sakedhap, lajeng mring kedhaton sami, lenggah bangsal puniki, Baronselus mapan asung, kang surat prejangjeyan, Kanjeng Pangeran tanapti, kinen maos kewala sagah tan bisa.
  66. Tinedhenan tondha asta, ngandika tan bisa nulis, tinedha ing kapratondha nora gawa ecap mami, Pangran Mangkualam iki, mesem karasa tyasipun, Pangran Dipanagara, dadya saya lingsem neki, pan rumaos lamun ing ngesem-eseman.
  67. Dadya mabara pakarya, Kanjeng Pangran Mangkubumi, ingkang nadhahi sadaya, risidhen narima iki, riwus abubar sami, mengkana ingkang winuwus, Pangran Dipanagara, kondur mring Tegalarjeki, sapraptanya langkung denira sungkawa.
  68. Nanging kagagas lingsemnya dene nora katon jalmi, kinarya wakiling bocah, bok iya nganggo tinari, pinadhaken sun iki, lir wong ngempek-empek iku, dol gawe luru pangan nora kaya awak mami, kudu temen delap urip ana donya.
  69. Kelangkung rempu tyasira, Jeng Pangran Dipanagari, lajeng manjing pesarehan, panedya anganyut urip, wus nir sagung kaeksi, saking sanget wirangipun, mengkana sang dyah retna, kumepyur tyas aningali, mring kang raka ingkang tyas pan tan kaduga.
  70. Dene langkung sekelira, apa kang dadi wiyadi, mengkana sangdyah kusuma, tan eca raosing galih dadya anusul nuli, sang retna tri tilam arum, tumingal mring kang raka, yen arsa angenyut urip, sang lir retna nyungkemi medal kang wespa.
  71. Pegat-pegat angendika, kang mas nora bisa kari, sarwi nungkemi prenaja, ngur ingsun matiya dhingin, paran sun lamun kari, sampun karsaning Hyang Agung, Jeng Pangran tingalira, mantuk mring bongsa riyahi, duk miarsa sesambate sang kusuma.
  72. Dadya ucul tingalira, sang retna sinambut ririh, pinangku sang lir supadma, kelawan ngandika aris, wus ta kendela gusti, wurung mati abdenipun, sang dyah aris turira, punapa kang dados rujit, dene kantos padu karsa tilar donya.
  73. Kanjeng Pangeran ngandika, mas mirah gusti wong kuning, sesotyaning tanah Jawa, pun kakang pajar sayekti, langkung wiranga urip, aneng ing donya wakingsun, dene tan pedah jalma, kinarya wakil bebayi, nora montra kelamun katon manungsa.
  74. Den bebungah lir wong corah, dene liwat mejanani, kelamun ingsun gelema, dadya ratu pan wus dhingin, mengko kinarya wakil, dene liwat nistha iku, abanget ingsun wirang, den runggah ken emban mami, dadya mesem sang retna aris turira.
  75. Nuwuna punten kawula, den ageng dhumateng abdi, mokal paduka kilapa, menggah utamaning margi, kang dhateng ngalam gaib, datan mekaten pukulun, pan rumiyin paduka, ngandika margi utami, pan kawula teksih emut sapunika.
  76. Mapan kawula tanedya kelamun kantuna yekti, dhateng ngalam kelanggengan, kawula nuhun rumiyin, tan sageda ningali, kelamun kantun saestu, inggih dhateng paduka, kawula sampun sayekti, anenuwun dhateng rabilngalamin.
  77. Lawan pangestu paduka, supangat andika nabi, Muhamatdinil Mustapa, benjing prapta ngalam suci, kawula kang rumiyin, lawaning margi puniku, utami ingkang wiyar, lawan gumantung ing tekdir, kang kasesalan sabar mongsa sanesa.
  78. Nanging kantun sautama, kang sabar punika ugi, mapan kathah cariyosnya, lan mindhak ngamalnya yekti, yen kaleresan ugi, lawan pitulung Hyang Agung, mapan kawula nedya, ing ngawal dhumateng ngakhir, anyenyethi inggih dhumateng paduka.
  79. Paduka yun nyupet karsa, tan rila kukuming Widi, pananggih mongsa wandeya, nanging kantun sautami, sakit wiring donyaki, yen tan ewah niyatipun, dados ngamal sedaya, mertantu cobaning Widi, pan sedaya sih nugrahaning suksma.
  80. Mapan kawula punika, marma purun matur yekti, rumiyin saking paduka, inggih ingkang amejangi, nuhun lumangkung ugi, bilih kasupen pukulun, Kangjeng Pangran duk mirsa, marang ature kang rayi, dadya mesem lir sinapu sungkawanya.
  81. Sang retna sinambut nulya, Kanjeng Pangeran nebda ris, dhuh mas mirah ku bendara, kang mindha inten ing ngukir, piturun saking swargi, nugrahanira Hyang Agung, musthikaning wanodya, satanah Jawa puniki, tanbuh tanbuh nah angger sun rasakena.
  82. Sayekti yen bener sira, banget kasupen kang ngabdi, kang iman upama surya, ati upama lir langit, coba rencana iki, mapan anglir mega mendhung, kang jasmaniku dewa, anglir upamane bumi, iya lamun nora katibanan udan.
  83. Paran margane thukula, sagung wiji kang neng bumi, pan ngamal becik bendara, yeku upamane wiji, marma ingkang jasmani, bisa ngumpul imanipun, lan ati katelunya, iku wutuh dadi siji, iya dene sababe ingkang panrima.
  84. Tegese ingkang panrima, cukule sakeh ing wiji, lamun nora mengkonoa, tanpa pedah wong ngaurip, wong aneng ing donyaki, mas mirah kang utameku, kang gedhe cobanira, nging lawan nugrahan jati, yen kuwawa yeku kekasih Hyang Suksma.
  85. Kelamun nora kuwawa, kang wiji bosok upami, pan datan tuwuh sadaya, dadi tuna wong ngaurip, angur duk kala bayi, matiya wus datan ketung, nah angger kang utama, papat dadiya sawiji, ngamal ngelmu ngalmimaklum mapan nunggal.
  86. Panuju ingsun bendara, ana nugrahan Hyang Widi, ilang coba teka sira, meh kelalen ingsun gusti, enengna wus tan winarni, Ngayogya ingkang winuwus, Kanjeng Pangeran ika, Mangkubumi mapan meksih, pan pinerdi menggah capira kang putra.
  87. Baronselus tanarima, mring cap kang tiga sami, kedah nedha jangkepira, sekawan meksih angudi, mengkana ujarneki, najan tan anaha iku, ingkang telu ku iya, yen ana ingkang sawiji, iku bae Pangeran Dipanagara.
  88. Dene kang tetelu ika, mapan ya minongka saksi, lamun nora nana ika, iya cap ingkang sawiji, mapan tan kena manjing, kang dhuwit bandar sedarum, pasthi tan aweh ingwang, dadya Pangran Mangkubumi, pan ginubel dhateng wong gedhe titiga.
  89. Sabab tan saged balonja, dadya Pangran Mangkubumi, tedhak marang Tegalarja, mengkana ingkang winarni, Jeng Pangeran amarengi, lenggah aneng bale kencur, pan lagya kinen maca, Arjunawijaya iki, pan kinarya anglipur rujiting driya.
  90. Ingkang abdi kalihira, Raden Wiryadikrameki, kang sawiji namanira, Mas Astrawinangun iki, Jeng Pangran Mangkubumi sareng rawuh lajeng nusul, dhumateng Selaraja, panggih lalenggahan sami, balekencu Kangjeng Pangran angandika.
  91. Kulup marma ingsun prapta, atutur susah ing nagri, dhuwit bandar nora kena, sun jaluk lan bakyu iki, lawan adhinireki, ratu kancana captelu, kudu jaluk capira, malah ingsun den srengeni, mring residhen paran mengko karepira.
  92. Jeng Pangran Dipanagara, esmu duka jroning galih, marma rumiyin kawula, tan purun dados wewakil, kadya buruh upami, awade ing nama tuhu, selamenipun dadya, pan dereng kawula kardi, angecapi nanging sawek kaping tiga.
  93. Punika pan raja pejah, Kangjeng Pangran Mangkubumi, mapan aris angandika, kaya paran polahneki, sanak sanakireki, pa dene prajurit iku, ingkang padha belanjan, pasthi padha susah iki, lamun nora dhuwit bandar malebuwa.
  94. Jeng Pangeran Dipanagara, langkung kewran ing tyasneki, mengkana lajeng anemah, marang kawirangan yekti, nanging geseng tyasneki, mesem angandika arum, kyai mapan sumongga, nanging kawula aseksi, cap punika mapan lajeng kula bucal.
  95. Dados sampun mantun nama, kawula Dipanagari, Ngabdulkamit nama kula, Kanjeng Pangran Mangkubumi, ngandika esmu ajrih, ya kulup karsanireku, sapa wani malanga, pinundhut ecap wus prapti, lajeng ngaturaken dhumateng kang rama.
  96. Kangdjeng Pangeran ngandika, meling punika kiyai, kalamun prakawis arta, sampun mawi kula malih, Jeng Pangran Mangkubumi, mapan angandika arum, ya kulup sun kaduga, yen ana pretondha iki, nulya pamit kondur pan wus tan winarna.
  97. Kangjeng Pangeran tyasira, sang saya gesengireki, kinarya anglipur tedhak, marang daleme kang rayi, Pangran Suryabrongteki, anyuwitaken putranipun, jenengi Kangjeng Pangran, lajeng anyare sawengi, mapan lenggah petamanan ASuryabrangtan.
  98. Lan sagung pra putri samya, sedalu tan arsa guling, meng-amengan catur ika, lawan kang eyang ngladosi, Raden ayu puniki, danuku, suma kang sepuh, enjing kundur Jeng Pangran, dhumateng Tegalarjeki, sang dyah retna amethuk wonten teratag.
  99. Sinambut sang lir purnama, binekta mring tilamsari, Kangjeng Pangran lajeng nendra, supe salat dhahar iki, sadinten ngantos latri, ajrih mungu sang retna yu, nging tinengga kewala, wancinira tengah wengi, nulya dhawah tedhak bindunira Hyang Suksma.
  100. Ardi Mrapi murub ika, anglir sundhul ing wiyati, kadya kebyukan Ngayogya, kang ngakasa kadi geni, kang suwara gegirisi, gemleger lawan gumludhug, brama pating pancurat, kelangkung geger pan sami, ting kudhandhang ngupados pangungsen samya. 

PUPUH XX
DHANDHANGGULA 

  1. Tanbuh tanbuh kang samya den ungsi, ing ngawiyat langkung petengira, mengkana kang winiraos, Jeng Pangran dereng wungu, langkung eca denira guling, sang retna pan kewedan, esmu maras iku, menawi tinilar seda, mring kang raka arsa mungu langkung ajrih, pan tinengga kewala.
  2. Sang kusuma mengkana tyasneki, mespaosken dhumateng kang raka, lamun lajeng seda mangko, nging nyipta bela iku, tuhu lamun tan nedya kari, mengkana kang winarna, sang retnaning ayu, mapan kagungan parekan, langkung denya sembrana tan pirsa ngajrih, bok buwang namanira.
  3. Langkung ajrih ningali wiyati, lawan swara tanbuh polahira, dadya jerit jerit mangko, lawan parekanan agung, gustenira kalihan sami, meksih aneng jro tilam, mengkana winuwus, Kangjeng Pangran duk miarsa, mring suwara parekan pating jalerit, kagyat wungu tumulya.
  4. Aningali sang lesmining puri, lenggah dagan Jeng Pangran atanya, ana apa nah ing ngangge, sang dyah aris umatur, tan uninga kawula yekti, pan dereng medal medal, Jeng Pangran nulyaku, miyos akekanthen asta, lan sang retna pelataran sampun prapti, ningali ing gegana.
  5. Lamun ardi ingkang murub iki, lawan obahira kang buntala, mesem Jeng Pangran duk anon, kalawan aturipun, sagung para parekan sami, mapan awerna-werna, mengkana nulyeku, Jeng Pangran nambut sang retna, pan binekta wangsul marang tilam sami, dumugeken kang karsa.
  6. Riwus sira Jeng Pangran nulya mit, mring sang retna kondur Selaraja, mengkana kang winiraos, ing Ngayogya puniku, pan kelangkung gegerireki, jeng ratu ageng ika, kang tyas langkung kuwur, tan ana sinambat-sambat, nging kang putra Jeng Pangran Dipanegari, saben ana wong prapta.
  7. Pan lajengan pan tineka iki, yen kang putra Jeng Pangeran prapta, dede langkung cuwa tyase, nging suketaris abu, lawan Pangran Mangkubumi, dene Raden Dipatya, den mayor puniku, Baronselus nora nana, lagya kesah mengkana wus tan winarni, sanget nya tigang dina.
  8. Kawarnaha ingkang anrubangti, Kangjeng Pangran aneng Selaraja, wus tan kerasaning tyase, aneng donya puniku, langkung denya kabetahneki, mengkana kang winarna, mapan ta panuju, ing taun edal punika, sirah tunggil wulan ramelan nujoni, ping salikur tanggalnya.
  9. Jeng Pangeran aneng guwa iki, pan ing Secang anane punika, saben wulan ramellane, mengkana karsanipun, Kangjeng Pangran ngunjalat iki, aneneng sajronig guwa, pan tan kondur-kondur, mangkana panuju ika, lenggah aneng sela gilang wetaneki, anenggih ngambar maya.
  10. Pan punika kelangenan sami, jroning guwa minongka dalemnya, beji jroning kulahe, jerijis telaganipun, kumerancang sumur upami, widara kandhang ika, pan pasoanipun, kori geng gebang tinatar, Kangjeng Pangran liyep-liyep kadya guling, mengkana nulya ana.
  11. Wong sawiji prapta ngarsaneki, mapan sareng kalawan maruta, sampun prapta ing ngarsane, ingkang pengangge iku, kang pinendhang lir pendah kaji, kagyat Kangjeng Pangeran, angandika arum, ingsun tambuh marang sira, wong ing ngendi kang tinanya atur bekti, kawula tanpa wisma.
  12. Prapta amba ingutus nimbali, mring paduka Jeng Pangran ngandika, sapa kang kongkon arane, lan ngendi omah iku, wong punika aris turneki, pan inggih tanpa wisma, rat Jawi sedarum, punika minongka wisma, ingkang samya jinulukan ratu adil, ikang ngutus kawula.
  13. Animbali mring paduka yekti, pan ing mangke jumeneng punika, sapucake ngardi mangko, saking ing ngriki iku, kidul wetan prenahing ngardi rasa muni punika, nging paduka iku, tan kalilan bekta rencang, gya lumampah Kangjeng Pangeran ing ngiring, dhateng tiyang punika.
  14. Kadya sampun karsaning Hyang Widi, Kangjeng Pangran anurut kewala, tan pantara prapta mangko, sangandhap ardi iku, kang nimbali musna tan kaeksi, mengkana kang winarna, ratu adil iku, jumeneng pucaking ngarga, rebut sorot lan Sang Hyang Pretonggapati, dangu surem Hyang Ngarga.
  15. Kangjeng Pangran tan kuwasa uning, aningali marang kang wedana, sang ratu adil cahyane, kasor ing ngarga tuhu, nging busana awas ningali, Kangjeng Pangran sedaya, ijem srebanipun, arasukan jubah seta, lan celana seta ngagem sebe abrit, ngaler ngilen ajengnya.
  16. Pan jumeneng neng pucaking ngardi, munggeng sela malinas kewala, tan wonten atub-atube, myang suketan kadulu, resik kadya dipun saponi, Kangjeng Pangran ing ngandhap, pan tumenga iku, ngidul ngetan ajengira, ratu adil nulya angandika aris, eh Ngabdulkamid sira.
  17. Marmanira sira sun timbali, wadyaning sun kabeh sira duwa, ing Jawa retuten mangko, lamun ana wong iku, atetanon marang sireki, nuwalanira Ku’ran, kon goleki iku, Jeng Ngabdulkamid aturnya, amba nuhun sampun tan kuwawa jurit, lawan tan saged ika.
  18. Aningali dhumateng pepati, lawan malih rumiyin kawula, sampun nglampahi yektose, pan damel awon kelangkung, inggih sami samining jalmi, sang ratu adil nebda, nora kena iku, wus dadi karsaning sukma, tanah Jawa pinasthi marang Hyang Widi, kang duwe lakon sira.
  19. Datan ana iya maning maning, ri sawusnya kumepruk swaranya, mapan anglir upamane, panjang binanting batu, nulya musna kalih aneki, dadya pan datan kena, winarna puniku, mengkana mapan anulya, pangraosnya kangdjeng Pangeran pribadi, ingkang jumeneng ngarga.
  20. Datan ewah jumenengireki, ngaler ngilen wau ajengira, Jeng Pangran langkung getune, myang ngraos jajanipun, kadya konang pating parelik, mengkana kagyat nulya, bocak bacik iku, mapan lawan puthut lawa, alok-alok semudra murub puniki, lan gumledhug kang swara.
  21. Lan gumuruh lir ardi merapi, Kangjeng Pangran tedhak miyos ika, tumut aningali mangko, mapan wus tan cinatur, bakda kondur Jeng Pangran iki, dhumateng Tegalarja, mengkana winuwus, nenggih nagari Ngayogya, saya kathah ruwed ing nagaraneki, ki pangulu winarna.
  22. Pan selaya lan Raden Dipati, Baron Selus wus ganti punika, semitsar iku arane, lan suketaris abu, sampun salin ingkang genteni, suwaliye punika, suketaris ipun, mengkana Raden Dipatya, lawan kyai pangulu kelajeng sami, wau genya sulaya.
  23. Wulan Ramelan ki pangulu iki, genya boyong marang Tegalarja, ambruk neng Selarejane, lawan ra repotipun, neng pasoan selarejeki, angendhih ingkang griya, mas Kertajayeku, Kanjeng Pangran datan mirsa, pan marengi wonten guwa Secang malih, mengkana sampun lama.
  24. Ki Pangulu pan sinuprih mulih, nanging sampun tan purun punika, nulya ginentenan mangko, ketib ngigahken iku, ketiban nom-nomane iki, Jeng Pangran sinuwun idi data payun, mengkana malih winarna, Kangjeng ratu ageng asupena iki, mireng swara mengkana.
  25. Ratu ageng ratu kancaneki, temokena lawan wali ika, wedhar lor kulon wismane, yen tan kelakon iku, pati rusak ing tanah Jawi, sun pundhut nyawanira, mengkana pan iku, ngantos jangkep kaping tiga, mapan samya ujare ingkang swareki, jeng ratu langkung jrihnya.
  26. Sampun tita tan salin swareki, Kangjeng ratu angaturi nulya, Jeng Pangran Mangkubumine, prapta kedhaton sampun, panggih Kangjeng ratu nebdaris, Pangeran paran karsa, kawula mirseku, kang swara sajroning nendra, ngantos jangkeping tiga punika sami, tan mawi ewah-ewah.
  27. Pra sampeyan ratu kancaneki, mapan inggih kinen manggihena, lan putra sampeyan mangko, Pangran Dipanegareku, lamun boten kelakon pesthi, risak ing tanah Jawa, lan kula pinundhut, umur kawula neng donya, kados pundi kang dados prayogineki, kawula pan sumongga.
  28. Mesem Kanjeng Pangran Mangkubumi, ris turira pan langkung prayoga, kalamun ajeng pun thole, yen tan ajeng puniku, mapan mindhak ngisin-isini, sinten purun meksaha, jeng ratu nebda rum, pan kados pundi Pangeran, boten wande lamun kawula ngemasi, lan risak ing Ngayogya.
  29. Kangjeng Pangran alon aturneki, yen marengi pan rayi sampeyan, den ayu kula kengkene, yen dhangan gampil tuhu, yen tan dhangan tan anglingsemi, pan anglir pagujengan, kimawon puniku, kawula ajrih kalintang, mring pun thole jeng ratu ngandika aris, inggih sinten puruna.
  30. Nulya Kangjeng Pangran Mangkubumi, aputusan dhumateng kang garwa, Raden ayu sepuh mangke, mapan den ayu sepuh, ingkang purun gujengan iki, lawan Kangjeng Pangeran, wus wineling iku, wau dhumateng kang raka, nulya mangkat ing Tegalarja wus prapti, panuju Jeng Pangeran.
  31. Lenggah lawan sang lesmining puri, Raden ayu sepuh mesem turna, punika bok supamine, rayi paduka tuhu, pinaringan rakit prayogi, kang samya sepuhira, lawan ayunipun, lir ratih lawan supraba, mendah dene remen kawula ningali, mesem Kangjeng Pangeran.
  32. Gya sinambut ingkang mindha rantih, pan sinandhing ing lus kang Srinata, mesem Jeng Pangran nebda lon, mirah nyai nglindur, sare lawan alenggah iki, den ayu sepu mirsa, malerok basengut, lajeng bengis angandika, marganane oleh bok memanas ati, wong lenggah jare nendra.
  33. Jeng Pangeran angandika aris, pundi wonten kang memper kewala, anglir gustinahing ngangger, nugrahaning Hyang Agung, pan piturun saking swargadi, musthikaning wanodya, tanah Jawa tuhu, tumedhak ing Tegalarja, pan ginanjaraken ing kawula yekti, dora lamun wontena.
  34. Nggih wanodya ingkang animbangi, Raden ayu sepuh bengis nabda, mundhak dipepanas bae, nggih sampun kula mantuk, nulya kondur wus tan winarni, mengkana kang winarna, Jeng Pangran anuju, tedhak mring kedhaton ika, lan kang rama Jeng Pangeran Mangkubumi, lenggah angsal kancana.
  35. Lan kang ibu ratu ageng iki, Kangjeng Pangran amit tuwi ika, mring kraton wetan mangko, dhumateng ingkang ibu, ratu emas gerah sakedhik, sapungkurnya Jeng Pangran, pirembagan iku, jeng ratu ageng kelawan, ingkang rayi Kangjeng Pangran Mangkubumi, prakawis kang supena.
  36. Lamun prapta sampeyan mangkin, kula remen paduka pajara, supena sanes karane, menawi wonten iku, kagelipun dhateng nagari, kula sampun kengkenan, rayi padukeku, den ayu sepu lumampah, mapan mindhak den gegujeng mawon iki, dhateng putra sampeyan.
  37. Tan pantara Jeng Pangeran prapti, nulya samya lenggahan katiga, jeng aru ageng nebda lon, pajar supenanipun, ingkang dadya watiring galih, sampun telas niskara, Jeng Pangran nebda rum, inggih pandugi kawula, kados jajal kimawon ibu sayekti, yen wangsit satuhunya.
  38. Inggih lamun benjing prapta malih, sampeyan ken kepanggih pribadya, kalawan kawula mangko, jeng ratu ngandika rum, nyok sampuna kawula warti, kangge boten punika, kawula pan sampun, boten katitipan basa, Kanjeng Pangran ismu sungkawa tyasneki, tegese wali wedhar.
  39. Pan sinamur mesem atanya ris, mring kang rama punapa artinya, kyai wali wedhar mangke, Pangran Mangkubumiku, mesem lon ngandika aris, tegese wali wedhar, iya iku wurung, Jeng Pangran Dipanagara, sareng mirsa saya sungkawa tyasneki, wirang marang Hyang Suksma.
  40. Nulya samya pamit medal kalih, lajeng kondur marang Tegalarja, Kangjeng Pangran sapraptane, tan mampir dalem iku, lajeng dhateng selarejeki, langkung wirang mring suksma, manjing gedhong sampun, mapan ngantos tigang dina, datan ngaos miyos dhumateng surambi, ki pangulu graita.
  41. Wus dinuga yen sungkawa yekti, Jeng Pangeran ki pangulu nulya, soan pan pinuju mangke, lenggah Jeng Pangran iku, wonten ngajeng ing gedhong iki, munggeng sela gegilang, ing ngauban iku, kemuning ngideran kulah, mawi pulo tinaneman kang waringin, pethetan warna-warna.
  42. Ngajeng gedhong balumbang ngideri, toya wening Srikathah minanya, mapan warna-warna mangko, kering padasan agung, ki pangulu umatur aris, gusti punapa marma, sungkawa lun dulu, inggih sarawuh paduka, sing kedhaton Kajeng Pangran ngandika ris, kipangulu manira.
  43. Banget wirang marang ing Hyang Widi, wus jinarwa ingkang saneskara, ratu ageng supenane, kalawan jarwanipun, Pangran Arya Mangkubumi, ingkang dadya sungkawa, mesem ki pangulu, umatur sanes punika, pan teggese wali wedhar punika yekti, inggih wali angiras.
  44. Cinepengan adil mring Hyang Widi, pan punika inggih tegesira, pan punika upamine, pra nabi satus ewu, lan patlikur ewu pranabi, anenggih ingkang wedhar, nging nenem puniku, nglairken karsaning suksma, nabi Adam nabi Nuh Nabi Ibrahim, sekawan nabi Musa.
  45. Nabi Isa nenem kang mekasi, Kangjeng nabi Muhamad punika, ing Jawi pan upamine, wali kang wedhar iku, mapan inggih sinuhun Giri lawan Jeng Hyang paduka, Kanjeng Sultan agung, punika kang samya ngiras kasih ing Hyang dene paduka pribadi, inggih Walaualam.
  46. Karsa Allah ing wekasaneki, Kangjeng Pangran keraos tyasira, kala pinanggihan mangko, mring ratu adil iku, pan mengkana raosing galih, dadi wus nora kena, gumingsira ingsun, nanging datan angandika, pan sinamur mesem angandika aris, kaki Alkamdulillah.
  47. Pan wong urip punapa den anti, lamun kaki datan angantiya, pakarya kang luwih abot, kyai pangulu matur, inggih gusti lamun kuwawi, pan langkung utaminya, nugrahan satuhu, Kangjeng Pangeran ngandika, dawek kaki padha sokur mring Hyang Widhi, muga den lestarekna.
  48. Mapan sampun tan winarna iki, Kangjeng Pangran wus pulih tyasira, nanging meleng mring Hyang Manon, ben enjing miyos iku, Jeng Pangeran dhateng surambi, pan samya darus Kur’an lan kyai pangulu, mengkana panuju ika, wulan Ramellan Jeng Pangeran ngunjalat iki, dhumateng guwa Secang.
  49. Lan kinarya nglelipur tyasneki, mider-mider aneng pakebonan, ing guwa saneskarane, mengkana mapan nuju, Jeng Pangeran alenggah iki, neng ngandhap kajeng gurda, bakda ngasar iku, kang kebon winestan modang, mirsa swara lamat-lamat pan dumeling, eh Ngabdulkimet sira.
  50. Aranira mengko den paringi, iya marang rabilngalamina, Jeng Sultan Ngabdulimede, Herucakra Sayidu, Panatagamaning ing Jawi, kalipahrasulollah, samta sira iku, ri sampun ical kang swara, Kangjeng Pangran wektu mahrib kondur nuli, dhumateng guwa Secang.
  51. Bakda Traweh Jeng Pangeran mijil, mapan lenggah neng sela gegilang, ing kanan kori prenahe, ingkang soane ngayun, mapan punakawan kekalih, puthut lawa kelawan, puthut guritneku, bocak-bacik Suracona, lan Muhyidin Wirya Sumita pan sami, aneng pawon kiwala.
  52. Pitilikur malem anujoni, taun Ebe sampunira dhahar, Jeng Pangeran kelajeng sare, neng sela gilang iku, puthut kalih samya nenggani, lajeng kalihan nendra, neng dagan puniku, mengkana Kangjeng Pangeran, jroning nendra supena aneng guweki, kadya neng Selaraja.
  53. Lenggah aneng sela gilang iki, pulo wringin mengkana nulyana, jalma wolu prapta mangke, dhestar koncer sedarum, kang neng ngarsa bekta nuwali, sinongga kalih astha, Jeng Pangran andulu, tedhak mapan nedya kurmat, esmu ajrih kawolu kacahya sami, lir wulan kang purnama.
  54. Kangjeng Pangran jumeneng ngurmati, ingkang prapta tan preduli ika, lajeng jujuk blumbang bae, Jeng Pangran nulya tumut, pan sedaya ngadeg neng tepi, ingkang gangsal neng wetan, tiga kang neng kidul, jeng Pangeran tumut ika, kang neng kidul dadya sekawan puniki, majeng ngaler sadaya.
  55. Kang neng wetan ngilen ajengneki, ingkang bekta nuwala neng ngarsa, kalih sisih pengapite, nulya winaos iku, kang nuwala ungelnya sami, lawan swaraning modang, mungel kang sinuhun, pan Kajeng Sultan punika, Ngabdulkamid Herucakra kang Sayidin Panata ing Ngagama.
  56. Kang lipat rasullollah sami, ingkang aneng iya tanah Jawa, samya mengkana Jawabe, ngalaihisalamu, ingkang maos nyendhu nebda ris, iku luput Jawabnya, kang sinendhu matur, kados pundi panembahan, Jawabipun kang nyandhu ngandika aris, iki prakara dadya.
  57. Jebeng Jawa balaisalami, mapan bakal dene kang wus dadya, pan nanging tekbir Jawabe, lajeng samya puniku, maos tekbir kawolu iki, songa Kangjeng Pangeran, tumut tekbir iku, kang surat mapan anulya, cinemplungken balumbang amblesing warih, pan wus datan katingal.
  58. Jalma wolu musna tan kaeksi, saking genya jumeneng punika, angling kukus upamine, Kangjeng Pangeran iku, katon gona jejer pribadi, mengkana pan wus enjang, Jeng Pangran winungu, wau dhateng puthut lawa, dhahar saur lajeng salat subuh sami, mapan wus tan winarna.
  59. Bakda kondur mring Tegalarjeki, riwusira dhateng Selaraja, mengkana kang winiraos, nenggih kyai pangulu, mapan sampun miarsa warti, lamun Kangjeng Pangeran, pan ing ngangkah iku, inggih dhumateng Welonda, kabar terang pawarta saking semawis, kyai pangulu nulya.
  60. Sowan manjing mring Selarejeki, Jeng Pangeran mapan nuju lenggah, munggeng ing sela gilange, kyai pangulu matur, kula gusti miarsa warti, kabar saking Semarang, sampun terang tuhu lamun paduka ing ngangkah, saradhadhu mapan sampun kathah gusti, kang prapta ing Semarang.
  61. Kados pundi karsa kang sayekti, lamun estu kang warti punika, Jeng Pangran mesem nebda lon, paran prayoganipun, pan manira tan dosa iki, lamun puniku nyata, swarga ginawe yu, goleleki dalam punapa, lan maninge kaki napa dika lali, ratu ageng impenya.
  62. Mbok menawa wahananyaneki, dhingin dika ingkang aweh jarwa, kula tan dosa yektine, nging lamun karya dudu, pan manira kaki tan wedi, kyai pangulu tur nya, pan sarwi tumungkul, lawan kumembeng kang waspa, sampun leres yen wangsit punika sidik, nging pengraos kawula.
  63. Boten wande karsaning Hyang Widhi, nanging sampun margi saking yuda, Kangjeng Pangeran nebda lon, paran prayoganipun, ki pangulu aris turneki, lamun estu punika, gusti wartenipun, prayogi nurut kewala, sakajenge panganiaya Welandi, kadosa eyang paduka.
  64. Kang sinuhun sepuh duk rumiyin, dados boten karya karisakan, dene Hyang Suksma karsane, tan pilih marga tuhu, dene kula tanedya kari, sakit dhumateng pejah mapan dherek saestu, nanging lamun margi yuda, pan kawula wus sepuh datan kuwawi, kantun mongsa sageda.
  65. Jeng Pangeran mesem ngandika ris, kula kaki mapan remen yuda, matiya becik ucape, kyai pangulu matur, yen mekaten sakarsa gusti, kawula amit kesah, pan tan saged dulu, inggih kaji dhateng Mekah, Jeng Pangeran mesem angandika aris, kaki luwih prayoga.
  66. Sokur kaki dika kula jangji, lamun besuk dika prapta Mekah, poma aja mulih mangko, matiya aneng ngriku, yen manira tan oleh kardi, dika kabar-kabarna, lan dika nenuwun, pan dongane para Amin, muga kula oleha supangat nabi, lan karilaning Allah.
  67. Den kuwatna anglawani kapir, lan den banget andika nenedha, sujud neng kabatolahe, nenuwun mring Hyang Agung, lestarine ing tanah Jawi, dadya balad agama, kaki lamun estu,  wonten pitulung Hyang Suksma, ki pangulu den kebat andika mulih, kyai pangulu turnya.
  68. Pan sandika nging pangestu gusti mugi kulapan sageda prapta, dhumateng kabahtolahe, Kanjeng Pangeran nebda rum, gih pun kaki kula jurungi, muga ta kari lana mring Allah kang agung, mengkana wus tan winarna, Kyai Rahmanodin mapan sampun pamit mring wong gedhe sadaya.
  69. Nulya mangkat prapta ing Semawis, tan winarna ki pangulu ika, Tegalarja winiraos, Kangjeng Pangeran iku, langkung denya prihatin galih, dene miarsa warta, pan lir pamenipun, karubuan kang ngakasa, nanging kang tyas sampun tan nedya gumingsir, nging anglindhung Hyang suksma.
  70. Dadya tegalas agunging prihatin, nanging pati kang den arsa-arsa, sang retna mengkono maneh, mapan tan sedya kantun, mring kang raka awal myang akhir, mengkana ingkang dadya, bebuka puniku, mapan negri Tegalarja, pinathokan pan datan atur upeksi, arsa kinarya ratan.
  71. Dadya sampun karsaning Hyang Widhi, tanah Jawa risake punika, pan iku dadya margane, mengkana kang winuwus, Kangjeng Pangran tan mijil-mijil, neng gedhong Selaraja, mengkana panuju, bakda ngasar wayahira, Kangjeng Pangeran bakda salat miyos iki, dhumateng pesabinan.
  72. Sajawine ing Selarajeki, nama sabin pun montro punika, mawi palenggahan pinggire, kinubeng blumbang iku, gendhayakan uba-ubaneki, kalawan Kangjeng Soka, lenggah sela iku, Ki Soban kang nganeng ngarsa, wektu iku Kangjeng Pangran yuswaneki, pan sampun kawandasa.
  73. Langkung kalih kagyat aningali, lamun anarubung-rubungika, Jeng Pangran atanya mangko, suban apa rinubung mring wong akeh ingsun tingali, kisuban atur sembah, pan tiyang sedarum, badhe karya reradinan, utusane di dalem Raden Dipati, pan sampun tigang dina.
  74. Kados telas Tegalarja gusti, mapan dados radinan sadaya, badhe maranem wertine, pan pinathokan sampun,  Jeng Pangeran bendu tyasneki, sareng mirsa aturnya, Ki Suban puniku, branjang kawat kang dinuta, animbali dhumateng ingkang pepatih, Mas Bei Mangunarja.
  75. Mangunarja sampun prapta ngarsi, Jeng Pangeran anulya tetanya, Mangunarja pakarane, sira tan matur mring sun, dene ana mengkono iki, Mangunarja tur sembah, abdi jrih pukulun, inggih kelamun matur, pan punika tan mawi pratela gusti, inggih dhateng kawula.
  76. Pan miyarsa kawula kang warti, saking abdi dalem lit sedaya, tan pinartelan yektosa, marma ajrih umatur, Jeng Pangeran ngandika malih, lamun mengkono ika, wus pengingen iku,  yen tan kena bedholana, Mangunarja sandika lengser sing ngarsi, mapan lajeng pepanggya.
  77. Lan utusanira den Dipati, pan pinenging meksa datan kena, ajrih residhen saure, Mangunarja nulyeku, aparentah kinen bedholi sagung pathok sadaya, ingkang neng lor kidul, wetan kulon binedholan, lajeng malih kengkenan Raden Dipati, Raden Brongtanusuma.
  78. Lurah gandhek duta wijayeki, bekta pathok lan kerek punika, lajeng pinendhet dhuwunge, dhumateng tiyang dhusun, ing tompeyan namane iki, Raden Brongtanusuma, tan kenging lumayu, pan lajeng binujung samya, lajeng wreti dhumateng Raden Dipati, bramatya ing tyasira.
  79. Nulya margi kang kinen buntoni, ing jagalan westane punika, mregi mring Ngayogya mangko, sareng kapirsa iku, mapan lajeng kinen bubrahi, yen kang bubrah wus kesah, malih kinen buntu, ngantos jangkep kaping tiga, pan binubrah lajeng kinen buntu malih, wus katur mring Jeng Pangran.
  80. Lamun margi meksa den buntoni, kados pundi gusti karsa tuwan, mapan dalu pambuntune, yen siyang datan purun, mapan meksih ulun tenggani, lamun mantuk kawula, wingking pan bununtu, Jeng Pangran bindu, jeng Pangran bendu tyasira, yen mengkono, Mangunarja kaya uwis, nging tan kena mundura. 

PUPUH XXI
D  U  R  M  A 

  1. Kanjeng Pangeran sarwi mesem angandika, Mangunarja sireki, lah den ngatya-atya, lawan sakancanira, yen kaya mengkono ugi, ingkang reratan, karya bebuka iki.
  2. Sayektine apan arep nganiaya, ingsun tan sedya gingsir, sajanganing ngajang, lah mara Mangunarja, padha timbalana iki, kang tuwa tuwa, marang ing ngarsa mami.
  3. Pepakena Mangunarja tur sandika, wus lengser saking ngarsi, prapta ing pasoan, mapan sampun pepekan, sagunging kang tuwa sami, kendel ing lurah, sedaya wus miarsi.
  4. Werti saking pawong sanaknya sadaya, lamun Tegalarjeki, pan arsa rinusak, datan pantara prapta, sagunging kang para mantri, tuwa buru samya, tan nganti den timbali.
  5. Lawan demang kang celak celak wus prapta, samya pawartaneki, mengkana anulya, Mas Bei Mangunarja, sadaya lajeng den irit, mring Selareja kendel pasowan sami.
  6. Sagung mantri tanapi kang para demang, neng bale sawu sami, Jeng Pangran winarna, mapan lenggah neng sela, gegilang pulo waringin, Ki Soban ngarsa, lan Karti seser iki.
  7. Mangunarja wus prapta sakancanira, sowan andher ing ngarsi, alon aturira, gusti kula tur priksa, abdi dalem konca mantri, lan konca demang, kang celak samya prapti.
  8. Lawan bekta sadedameling ngayuda, gusti kula taneni, mapan samya turnya, lawan konca sedaya, sampun weradin kang werti, lamun paduka, badhe dipun ayoni.
  9. Kangjeng Pangran mesem aris angandika, ing mengko ana ngendi, kabeh kancanira, mantri kalawan demang, Mangunarja atureneki, wonten pasowan, bale sawoh ing jawi.
  10. Kangjeng Pangran mapan aris angandika, ya wus tarima mami, nging padha den nyata, mengko padha dhawuhna, ingsun tan bisa nemoni, pan wus precaya, ingsun marang sireki.
  11. Mangunarja atur nya inggih sandika, Jeng Pangran nulya nari, mring abdi kang tuwa, Raden Kretadiwirya, lawan Mas Singaarjeki, lan Martayuda, den Wiryadikrameki.
  12. Pangulunya Muhammad Bahwi kang nama, ilarane kang swargi, kang eyang buyut ika, wus sepuh wayahira, nanging ingkang tyas puniki, langkung gumbira, lamun tinari jurit.
  13. Mengsah lawan titiyang kapir punika, suka matiya sabil, sedaya mangkana, mapan samya aturnya, Jeng Pangran dika ris, padha sun trima, aturira mring mami.
  14. Nanging poma wekas sun mring sira padha, aja na kang miwiti, lamun kapir sida, iya niayanira, sandi kaaturnya sami, padha metuwa, lan den yitna sireki.
  15. Atur sembah wus lengser sing Selaraja, lan sagung kang pra mantri, lan kang para demang, pan samya ngatya-atya, lan ngupados daya sami, eneng winarna, Kangjeng Pangeran malih.
  16. Saundure kang samya soan sedaya, mapan lenggah pribadi,nging lawan Ki Soban, Murdiyah lagya prapta, lawan Ki Muhammad Ngarip, Muhamad Musam dadya tan kondur iki.
  17. Dhahar salat neng Selagilang kewala, tan arsa nendra iki, sendhen neng sela, mirsa swara mengkana, wanci nira bangun enjing, dumeling kang swara, eh kabirulmukminin.
  18. Aja sira prihatin mungsuh Walonda, Hyang Suksma kang nulungi, lamun ana ika, wong kang tan melu sira, wus pinasthi mring Hyang Widhi, pocot imanya, sagung wong tanah Jawi.
  19. Sampun sirna kang swara enjing winarna, Pangran Mangkusumeki, mapan tuwi ika, anulya pinanggihan, aneng Balesawo iki, aris atanya, mas putu kados pundi.
  20. Benjing grebeg punapa boten tedhaka, mring pagelaran iki, Jeng Pangran ngandika, ing pundi margenira, mapan sampun den buntoni, kula ken bubrah, inggih binuntu malih.
  21. Pangran Mangkukusuma malih atanya, punika ayun kardi, inggih kang radinan, punapa tan mawiha, punika atur udani, Jeng Pangran nebda, pindho damel puniki.
  22. Yen wartiya eyang pandugi kawula, datan dados prekawis, Pangran Mangkukusuma, pan aris aturira, mas putu kawula panggih, lan nak Danurja, kawula pitaneni.
  23. Saguhipun sedaya atur uninga, dados dora sayekti, nulya pamit ika, Pangran Mangkukusuma, mengkana wus tan winarni, kang kawarnaha, tiyang kang samya prapti.
  24. Mapan ngantos lelampahan tigang dina, mas demang sampun prapti, Pajang wismanira, bekta sakula wongsa, mapan kekapalan sami, seket wetara, lan sagegamaneki.
  25. Atenapi sagunging wadya Ngayoja, Wates Tumenggung iki, mapan sapengandhap, kang sampun samya prapta, Kangjeng Pangran Mangkubumi, ingkang winarna, langkung water tyasneki.
  26. Nulya tedhak dhumateng ing Tegalarja, lajeng nusul puniki, dhateng Selaraja, mapan sampun apanggya, samya alenggahaneki, neng Selagilang, Jeng Pangran Mangkubumi.
  27. Angandika aris kulup ingsun tanya, paran karsanereki, ingsun tan kaduga, dene keh temen jalma, apa karane ta iki, banget tyas ingwang, kuwatir mring sireki.
  28. Jeng Pangeran Dipanagara aturnya, pan punika kiyai, jalma ingkang prapta, mapan samya kajengnya, pribadya tan ngundang yekti, inggih kawula, sampeyan pitaneni.
  29. Pan punika kepalanipun sadaya, sampun samya neng ngriki, lan sadedamelnya, mapan sampun samekta, Kangjeng Pangran Mangkubumi, nulya atanya, mring sagung ingkang jalmi.
  30. Sira pada prapta kene iku apa, iya karyanireki, sedaya aturnya, kawula mirsa warta, lamun putra dalem yekti, arsa ing ngangkah, inggih dhateng Welandi.
  31. Tiyang Jawi sedaya pan boten lila, lamun ngantos sayekti, binekta Walonda, suka tumepes sedaya, Kangjeng Pangran Mangkubumi, aris ngandika, dene sun tan udani.
  32. Iya warta ingkang kaya tuturira, Jeng Pangran Mangkubumi, pan aris ngandika, dhumateng ingkang putra, paran kulup karsaneki, apa ta sira, bisa nanggung ku yekti.
  33. Lamun karya rusuh marang ing nagara, Jeng Pangran matur aris, gih kyai sampeyan, punapa ta sageda, ananggel kados kang warti, wau punika, lamun saged kyai.
  34. Pan samangke kajengipun tiyang bubar, sedaya kula ken sami, Jeng Pangran ngandika, kulup ingsun tan bisa, ananggung lir warta iki, Jeng Pangran nebda kula saget kyai.
  35. Inggih nanggel dhumateng tiyang sadaya, kelamun angriyini, nging kyai punika, lamun kinriyinana, sayaktos kula tan ajrih, ngajang ing ngajang, siyang dalu ngladosi.
  36. Jeng Pangeran Mangkubumi ris ngandika, wus kulup ingsun mulih, yen mengkono iya, wus ruwed kang prakara, pirang bara ingsun kaki, menawa ana, pitulung ing Hyang Widhi.
  37. Bisa karya padhange ingkang negara, wus kondur tan winarni, yata kang winarna, Raden Wiryadikrama, ginubel marang sagunging, para kepala, nuhun pratondha sami.
  38. Ingkang tebih tebih punika sedaya, pasisir moncanagri, Pagelen Sokawatya, samya nuhun sedaya, prabondha dadining jurit, wus katur nulya, Jeng Pangran dika ris.
  39. Jarot ingsun mapan tan duwe pratondha, ana Ki Mangkubumi, lamun sira peksa, lah suwunen priyongga, iku kalamun marengi, Wiryadikrama, nulya lumampah nuli.
  40. Tan winarna Mangkubumen sampun prapta, nuli sinuhun niki, wau kang pratondha, sampun karsaning sukma, Kangjeng Pangran teka gampil, ingkang pratondha, mapan sampun pinaring.
  41. Nanging meling lamun uwis ulih ena, kene cotho kepati, lamun ora nana, iku ingkang pratondha, dhuwit ora kena manjing, pratondhaningwang, lan bakyu nora dadi.
  42. Raden Wiryadikrama matur sandika, tan winarna wus prapti, nenggih Tegalarja, lajeng karya nuwala, sagunging kepala sami, wus pinaringan, bondha dadining jurit.
  43. Nanging mawi tinengeran ungelira, mariyem lamun muni, pan samongsa mongsa, nadyan dalu siyanga, mengkana sampun weradin, ingkang parentah, jalma saya keh prapti.
  44. Kadya sampun karsaning Allah taalla, risake tanah Jawi, pan margi punika, brandhal tanpa wilangan, mapan samya prapta iki, dedamelira, penthung lawan saligi.
  45. Sambatira sedaya tan wonten trima, pan sedya bela gusti, bandhil sabukira, lan samya ngandhut sela, mengkana ingkang winarni, Kangjeng Pangeran, sampun pasrah Hyang Widhi.
  46. Lara pati mapan iya nora bakal, lohkilmahpul pinasthi, nulya Jeng Pangeran, kondur ing Selaraja, saking kathah kang sumiwi, dadya tan kawrat, kalih dinten antawis.
  47. Kondurira Jeng Pangran sing Selaraja, nulya Raden Dipati, putusan tur surat, ungelnya tanbung lampah, Jeng Pangran tan arsa iki, kinen mangsulna, tigang dinten antawis.
  48. Nulya ana serate residhen ika, ingkang ambekta iki, Mas Astradimeja, pepatihnya kang rama, Kangjeng Pangran Mangkubumi, mapan ungelnya, pitanen karsaneki.
  49. Kangjeng Pangran estu yen tan darbe karsa, nulya kinen mangsuli, kang rama priyongga, nanging wangsulanira, amundhut Raden Dipati, residhen ika, datan mangsuli malih.
  50. Mapan lajeng adandan mariyem kewala, tukang besi kinerig, riwusira dadya, tukang besi sadaya, mapan lajeng atur uning, mring Tegalarja, yen loji sampun rakitya.
  51. Dadya enggart yasira wadya sedaya, lamun sida kang kardi, mengkana Jeng Pangran, mapan nuju alenggah, aneng paregolan iki, kang ngadhep ika, Kyai Muhammad Bahwi.
  52. Ki Subatuliman lan Ki Nur Ngaliman Murdiyah Amad Ngarip lan Muhammad Mursam, Muhammad Santri ika, lawan Muhammad Jelani, pan bakda Ngasar, ana utusan prapti.
  53. Sing kedhaton lurah keparak puniki, Nyai Soka nameki, prapta atur sembah, gusti abdi dinuta, dhumateng bu dalem gusti, mapan paduka, sakedhap den timbali.
  54. Kangjeng Pangran mesem aris angandika, rejeb matura iki, wus sun nora bisa, kalamun lunga-lunga, pan sira weruh pribadi, akeh ing jalma, menawa neba ngreti.
  55. Dadi ewuh, tan wurung dadi prekara, yen ibu nedya becik, angur mareneya, wayahe den gawaha, kabeh aja ana kari, wus ta muliha, Nyai Soka turneki.
  56. Kawula jrih pan sampun dalu punika, gusti kawula mriki, bekta konca tiga, samya wangsul sedaya, langkung ajrih aningali, dhateng berandhal, kebak mepeti mregi.
  57. Pan kawula lumampah nusup kewala, Suryabrangtan sapriki, pan sampun kebekan, kula merem kewala, lamun mantuk kang gusti.
  58. Kangjeng Pangeran mesem kinen nimbalana, kepala brandhal sami, marga ewuh ika, Singabarong namanya, sela bagasela miring, pan sampun prapta, kinen ngaterna sami.
  59. Nyai Soka mengkana wus tan winarna, enjang Jeng Pangran iki, lenggah neng pandhapa, pukul wolu wetara, Kangjeng Pangran Mangkubumi, ing rawuhira, Jeng Pangran aningali.
  60. Yen kang rama rawuh pinethuk tumulya, tedhak saking pendhapi, ngandhap sawo prapta, panggih Jeng Pangran nulya ingkang putra den arasi, rinangkul agya, pan sarwi den muhuni.
  61. Mapan meksih samya jumeneng kewala, kang rama den aturi, nulya tatalenggah, riwus nulya ngandika, Kangjeng Pangran Mangkubumi, marma sun prapta, kulup kinongkon mami.
  62. Mring residhen arep katemu sadhela, kulup lawan sireki, pan sira den undang, marang loji sadhela, Jeng Pangran mesem tur nya ris, kyai sumongga, nging kula sapuniki.
  63. Sampun dados melikipun tiyang kathah, sampeyan tantun pribadi, punika sadaya, inggih kalamun suka, suwawi mangkat Kyai Jeng Pangran nulya, nantun mring kang sumiwi.
  64. Paran sira kabeh ingsun tari padha, gustinya den aturi, mring resi dhen sadhela, sedaya aturira, mapan samya mopo iki, suka ngabena, pejaha ing ngajurit.
  65. Kangjeng Pangran nulya, matur mring kang rama, kyai kados pundi, gen kula lumampah, ing ngriki lir punapa, Kangjeng Pangran Mangkubumi, aris ngandika, kulup sun pajar yekti.
  66. Mapan ingsun wus tan bisa mulih nyawa, ing ngloji pan wus rakit, mapan Mangkualam, sahanak prajuritnya, wus padha ana ing ngloji, ingsun tan duga, kang dadi karepneki.
  67. Marmaning sun gelem kinongkon yektinya, sedaya metuwa mami, mati lan uripa, sun sedya labuh sira, nging iman sun rebut yekti, ingsun wus tuwa, mongsa anoma maning.
  68. Jeng Pangeran mapan aris aturira, gih alkimdulilahi, kiyai kawula, mapan dermi kewala, kinarya lampahan yekti, karsaning sukma, sampeyan kados pundi.
  69. Duk rumiyin sagah nepangaken kula, lawan risidhen malih, Jeng Pangran ngandika, kulup wus bener sira, tan kena karsaning Widi sapraptaning wang, tek ing kene dhingin.
  70. Mapan bacut den undang residhen ingwang, ingsun den tetanoni, kulup sun belaka, suketaris kang ana, dene Cadiningrat iki, residhen tanya, apa karepireki.
  71. Sauring sun datan karep apa-apa, nuli residhen angling prahipun beciknya, amrih ilange ika, ingkang dadi nepsuneki, pan sauringwang, kejaba den turuti.
  72. Ingkang dadi nepsuneki ki Danurja, residhen saurneki, pan ewuh Pangeran, niku uga baturnya, gupremen kawula wedi, pan sauring wang, gih dika jaluk ugi.
  73. Mring gupremen residhen pan saurira, bok saliyane ugi, kula boten inga, suketaris angucap, menawa jaluk dadya ji, wonten tandhanya, tan remen neng wismeki.
  74. Saba alas gunung parang lawan guwa, saenggon-enggon ngabekti, nuli ingsun mujar, eh suketaris ira, aywa mengkono sireki, ing wong sembahyang, saenggon-enggone dadi.
  75. Saba alas dhemene sing cilik mula, yen gelema dadya ji, pan wus dhingin mulya, iya iku kang dadya, yen nora ngandel sireki, mara tanona, mring si Kapitan Jiping.
  76. Iku ana kang weruh prekaranira, duk kala alam Enggris, Cadiningrat mujar, suketaris andika, sampun anyana kadyeki, lamun karsaha, dadi ratu pun dadi.
  77. Mongsa silih ingkang rayi jumenenga, kang dados teleng galih, inggih ingkang rama, Kangjeng Pangran punika, Jankrerapet mekaten malih, mapan kawula, kang ing ngutus rumiyin.
  78. Mapan ngantos minuhunan mring kang rama, ngimeksa datan apti, dene gung bicara, sedaya sinagahan, sabab Pangeran Dipati, enggen bicara, kang rayi meksih alit.
  79. Pan residhen banjur anambungi mujar, kaya paran ta iki, pan ing Tegalarja, wong wus tanpa wilangan, kang bare loro ku yekti, ana kang lunga, ana kang gitik loji.
  80. Cadiningrat pan mengkana saurira, inggih kabar kekalih, peng pengraos kawula, mapan dora sedaya, lamun punika yektosi, salah satunggal, purun dipun jejuwing.
  81. Mapan kawula kang purun nanggel punika, sampun ingkang karya pati, lamon karsaha, rusuh mawon tan apti.
  82. Pan residhen mangkene ujare ika, marma ewuh ta mami, banjurna mring ingwang, kados pundi Pangeran, saur ku sumongga iki, residhen mujar, sampun ta benjing-enjing.
  83. Dika wonten kedhaton ing pukul songa, kawula badhe benjing, bareng pukul songa, residhen nuli teka, kalawan Danurja iki, Wiranegara, dene residhen angling.
  84. Kados pundi ratu ageng ingkang karsa, ratu ageng nauri, pan mongsa bodhoa, kula pun boten bisa, lawan Pangran Mangkubumi, residhen mujar, ingkang katemu mami.
  85. Dika kula Pangran Mangkubumi tiga, samya lumampah iki, dhateng Tegalarja, priye kowe Danurja, apa ta prayoga iki, Danurja mujar, kelangkung ewedneki.
  86. Boten wande dados salang serep ika, wantu wus kathah jalmi, banjur ingsun mujar, pun ta dika kewala, lawan kawula pribadi, mongsa wontena, ing kawekasaneki.
  87. Lamun manggung den rembag-rembag kewala, kejaba den tekadi, dika karo kula, nggih wong loro kewala, saure residhen iki, dika Pangeran, nanggung punapa wani.
  88. Lamun wonten dudune inggih punika, saur sun mangkeneki, inggih mati dika, kula mongsa karia, yen den undang duga mami, mongsa satekoa, wong pun mekoten ugi.
  89. Saurira residhen gihpun Pangeran, andika benjing enjing, jampi tumanjinga, daweg padha marika, ngoji bareng esuk mami, mring ngloji ika, wus beneh patrapneki.
  90. Paman Mangkualam saha nak prajuritnya, bareng katemu mami, lan residhen ika, mangkene ujarira, Pangeran dika pribadi, kang lumampata, kawula ewed iki.
  91. Mapan kula wakile Jendral punika, sayekti datan keni Lamun marikaha, dene putra andika, prapta tan prapta ha iki, katempuh dika, lamun tan bisa yekti.
  92. Prapta kula tuturaken Jendral ika, marma ingsun prapteki, mesem Jeng Pangeran, miarsa kang pawarta, nulya Pangran Mangkubumi, nimbali ika, dhumateng kang pepatih.
  93. Mas Ngabei Astradimeja namanya, lajeng kinen nimbali, mring sagarwa putra, datan pantara prapta, sedaya Tegalarjeki, anulnya ana, Herdenas saking ngloji.
  94. Ngenggalaken dhumateng Kangjeng Pangeran, nging winangsulan iki, balika kewala, datan pantara prapta, kengkenan sing kenya puri, ki suranata, mapan inggih nimbali.
  95. Kangjeng Pangran Mangkubumi wus tan karsa, lawan ngandika aris, eh ta suranata, apa ta lali sira, bener iki anak mamu, ing lairira, nanging kang derbe siwi.
  96. Mapan nyata iku sedulur ku tuwa, marma ingsun labuhi, lawan ngrebut iman, wus ta sira matura, pirang bara nemu urip, ki Suranata, wus lengser saking ngarsi.
  97. Kangjeng Pangran Mangkubumi miris atanya, dhumateng ingkang siwi, paran karsanira, sakeh repot ku iya, apa nora kon sumingkir, banget tyas ingwang, kuwatir aningali.
  98. Mara kulup rongga pabener tyas ingwang, Pangran rongga turneki, pan leres paduka, repotira kagawa, Pangran rongga atureneki, pan sampun prapta, sedaya wonten ngriki.
  99. Ingkang rayi wus prapta sedaya, nanging kinen kondur sami, nging Pangeran rongga, kinen kondur tan arsa Kangjeng Pangeran tur nya ris, dhateng kang rama, sumingkir dhateng pundi.
  100. Yen kawula gadhaha kajeng punika, pesthi karya rumiyin, gen rerepotan samya mila ing tyas kawula, mapan tanedya gumingsir, nadyan pejaha, mapan sampun prayogi.
  101. Wonten ngriki patilasane Kangjeng Hyang, ewed punapa estri, tan umut punapa, ngriki sampun prayoga, kinarya enggen ngemasi, Kanjeng Pangeran Mangkubumi nimbali.
  102. Mapan dhateng abdinira ingkang putra kang sepuh sepuh sami, pan samya aturnya, langkung kuwatosira, tan wande ngewed-ewedi, yen wonten karya, kang rembag sampun gilig.
  103. Kanjeng Pangran lajeng nuruti kang rama, nging salesming puri, asanget lenggona, nadyan dhateng palastra, kawula menawa keri, datan uninga, Jeng Pangran Mangkubumi.
  104. Nulya wangsul ngandika dhateng kang putra, paran kulup nakmami, si beng nora kena, sun tuturi priyongga, prapta pati lumuh kari, Kangjeng Pangeran , nulya tedhak murugi.
  105. Dhateng dalem nulya pangih lan kang garwa, sang retna anungkemi, padane kang raka, adres medal kang wespa, nanging tan saged angling, Jeng Pangran nebda, dhuh mirah ingsun gusti.
  106. Ingkang abdi nenuhun den turutana, menawi manggih urip, sadinten punika, yen nak angger tan arsa, sampun tamtu yen ngemasi, dinten punika, bendara ingkang abdi.
  107. Dadya nurut sang retna jumeneng nulya, lumampah pan aririh, sarwi ngemu waspa, sampun budhal sadaya, sagung kang rerepot sami, Kangjeng Pangeran, ngateraken ing kori.
  108. Mring Selarong budhalnya repot sedaya, ingkang kinen angiring, wong lanang kang tuwa, Tegalarja sedaya, pan sampun tan wonten kari, pitulung sukma, lampahira lesari.
  109. Tan kapethuk lan mengsah pan tunggil marga, rong panginang petawis, lawan praptanira, Bupati kalih ika, Mas Sindunegara iki, lan Mas Mandura, mapan ambekta tulis.
  110. Ingkang serat saking residhen punika, Jeng Pangran ngandika ris, sun tan bisa maca, rong galah tampanana, Pangran rongga anampani, lajeng winaca, sampunira dumugi.
  111. Saneskara Kangjeng Pangeran ngandika, mring Mas Sindunegari, eh Sindunagara, ingsun tan derbe karsa, den undang tan gelem mami, sun dudu bocah, dadak rep den apusi.
  112. Mas Tumenggung Sindunagara tur sembah, gusti lamun marengi, residhen punika, pinundhut supaosnya, Kangjeng Pangran ngandika ris, supata apa, ingsun tan derbe kapti.
  113. Yen paduka gusti estu datan karsa, nging nuhun wangsul tulis, Jeng Pangran ngandika, lah iya tulis apa, mapan sun wus nora apti, Kangjeng Pangeran, Mangkubumi nebda ris.
  114. Nora kulup becike ya wangsulana, sauni-unineki, kubae Danurja, sida jaluken ika, tur mongsa aweha ugi, Jeng Pangran turnya, pan sumongga kyai.
  115. Ingkang serat inggih sakarsa paduka, kyai amangsuli, Kanjeng Pangran nulya, nimbali carik ika, lagya angsal gangsal larik, nulya miarsa, swarane bedhil muni.
  116. Kaping tiga pan samya kaget sedaya, nulya Sindunegari, kalawan Mandura, pamitan samya gah, amirsa unining bedhil, sampun kalilan, gya lengser saking ngarsi.
  117. Tan pantara nulya rame kang sanjata, lawan mariyem neki, nulya Jeng Pangeran, wadya kang samya sowan, sedaya wus kinen mijil, tetulung yuda, duk ngunipan pinenging.
  118. Tata tata tinanggel Sindunagara, lamun tan saeneki, sareng samya medal, sampun tan angsal papan, panuju kepala sami mantuk sedaya, tinerka datan dadi.
  119. Ingkang kantun ing Samenjaya Menggala, lawan kang para manri, tuwa buru samya, lan demang sahananya, punika ingkang nindhihi, sangsal-angsal mapan pinara kalih.
  120. Ingkang medal sawetaning Tegalarja, anenggih kang nadhahi, den demang ing Pajang, lawan sakulawarga, nanging karomban kang tandhing, anulya prapta Raden nata Dirjeki.
  121. Lan kang rayi Rahaden nata Prawira, lan den Jasentaneki, tetulung ngayuda, ing nguni mapan sowan, neng ngarsa Jeng Pangran sami, Mas Mangunarja, lan mas Brojadirjeki.
  122. Ki Si Batuliman lan Muhamad Mursam, ki Murdiyah puniki, lan ki Martayuda, tulung Jayamenggala, nging meksa karoban tandhing, lan wus kapapan, nging meksa panggah sami.
  123. Kanjeng Pangran dereng ewah denya lenggah, aneng pandhapa meksih, lawan ingkang rama, kang rayi Pangran rongga, punika kang munggeng ngarsi, lan ponokawan, ngampil gamel kang meksih.
  124. Sowan ngadhep dhumateng Kangjeng Pangeran anulya natur uning, kyai Dermajaya, lurah ngawin punika, di dalem kaseser sami, kathahen lawan, ing pandhan sampun prapti.
  125. Nanging inggih meksih samya tinangledan, Jeng Pangran datan angling, pan kendel kewala, wangsul ki Dermajaya, Kanjeng Pangran Mangkubumi, aris ngandika, paran kulup karseki.
  126. Apa nora metu iya tata-tata, Jeng Pangran matur aris, neng ngriki kewala, medal mendhet punapa, lamun dhateng tekdirneki, neng ngriki ngrika, mongsa wande ngemasi.
  127. Wonten ngriki yen tinulungan Hyang Suksma, inggih sampun prayogi, nulya Dermajaya, wangsul sarwi karuna, umatur dhuh gusti mami, abdi paduka, sampun boten kuwawi.
  128. Saking gene mengsah palengkung pan prapta, Jeng Pangran Mangkubumi, pan datan ngandika, anulya ingkang putra, cinandhak astanereki, binekta medal, kori butulan iki.
  129. Nulya prapta jawi kilen Tegalarja, aneng lurunging sabin, mengsah tan uninga, yen jeng Pangran kalihnya, kalamun sampun neng jawi, gya nitih kuda, ki gethayu nameki.
  130. Cemeng pancal panggung sukunya sekawan, belalak netraneki, langkung geng inggilnya, ingkang rama kudanya, pan lagya kasingsal iki, anitih tundhan, saking kasesaneki.
  131. Bulu cemeng bathi lan kelangkung kera, pan samak larabneki, wus karsaning suksma, sagung ingkang dandanan, sadaya pan padha keri, nanging pusaka, lan kang titihan sami.
  132. Datan kari nulya Kangjeng Pangran ngasta, ingkang pusaka iki, waos kyai rundhan, ingkang rama mengkana, kyai jimat wus pinandhi, Pangeran rongga, datan nitih turanggi.
  133. Pan gendholan sampeyanira kang raka,  Jeng Pangran Yunudani, dhumateng kang mengsah, tan kantun ingkang rama, Kangjeng Pangran Mangkubumi, sareng katingal, usar anandersami.
  134. Tina dhahan mring Kyai Subatuliman, lan ki Martayudeki, Mas Brojadireja, Murdiyah lan Saliman, Muhammad Mursam puniki, Jayamenggala, ing samen kang nindhihi.
  135. Tinumbakan usar mapan kathah pejah, nging sanget korbaneki, lan inging les kuda, saliyanya punika, mapan sampun nyabrang sami, kang wong sedaya, dhumateng kilen kali.
  136. Ingkang sampun dhumateng ing tekdirira, mas bei brojadirjeki, lurah Wirabroja, pandhita ki Murdiyah, ngulama Muhamad Mursim, kang ponakawan, bekel saiman sabil.
  137. Pan sedaya sekawan kang sampun prapta, Subaboliman kanin, kyai Martayuda, lan Jayamenggala, angsal pitulung Hyang Widi, datan tumama, nging kasayahan sami.
  138. Dadya dhawah katiga neng pasabinan, tinerka wus ngemasi, pan lajeng tinilar, suwaliye lur kalawan, dene awas aningali, mring Jeng Pangeran, kalih nulya ngabani.
  139. Sagung usar pan lajeng nander sadaya, suwaleya kang ngirid, nulya jeng Pangeran, mapan kinandhang-kandhang, lawan kinarutug bedhil, ingkang titiyan, gethayu eca nyirig.
  140. Langkung enggar mapan anglir ginamelan, Kangjeng Pangran tyasneki, mapan ta mangkana, yen ingsun matenana, mring sakehe usar iki, datan pakarya, lir mateni cecindhil.
  141. Meneng bae ingsun meksa binedhilan, dadya Jeng Pangran iki, tedhak saking ratan, lumampah pesabinan, nanging meksa den tututi, mering sagung usar, tan kendel ambes tuli.
  142. Pun Gethayu kelangkung denya tenaga, lir penganten upami,den arak punika, kang rayi Pangran rongga, tan usul genya nyepengi, sampeyanira, ingkang raka puniki.
  143. Tan keraos gerahnya pitulung suksma, Jeng Pangran Mangkubumi, nenggih kang winarna, langkung akas kudanya, tan sembada lan warneki, kuda nya usar, tan saged anututi.
  144. Lamun wonten satunggil kalih kang celak, ngancaran lawungneki, usar lajeng giwar, dadya tan angsalika, Kanjeng Pangeran ningali, dhateng kang rama, langkung suka tyasneki.
  145. Dene gagah cengkiling kyai astanya mengkana mapan sami, ingkang usar kathah, wangsul dhateng radinan, pananging lit nang sawiji, langkung kendelnya, lawan sanget angudi.
  146. Mring Jeng Pangrantan kendel pambestulira, gethayu eca nyirig, mengkana jeng Pangran, mapan estu kewran, pan arsati kunjung iki, rumaos nestha, anulya aningalli.
  147. 147.Wonten brandhal tetiga ing ngawe prapta, jeng Pangran ngandika ris, iki patenana, Walonda tan pangrasa, brerandhal katiga sami, matur sandika, sareng tumandang katri.
  148. Wonten saler ing dhusun sumberan ika, Kangjeng Pangranjenegi, kinarubut ika, bestul medhang tan angsal, kineracok lajeng modir, lawan kudanya, Kangjeng Pangeran nuli.
  149. Tedhak dhateng radinan tunggil kang rama, suwaliye udani, yen lanangnya pejah, lajeng wangsul sedaya, sesanderan usar sami, mring Tegalarja, ngrisak lawan besmeni.
  150. Sampun telas sagung brona Tegalarja, nengna gentya winarni, nenggih Jeng Pangeran, mapan esmu sayahan, lawan maliha ngentosi, kang dereng prapta, langkung asmara kingkin. 

PUPUH XXII
ASMARADANA 

  1. Sampun risak mapan sami, negari ing Tegalarja, Kangjeng Pangran winiraos, akaliyan ingkang rama, aneng tengah radinan, meksih manggung neng kudeku, sarwi leyangan landheyan.
  2. Angentosi mring kang abdi, mapan ingkang dereng prapta, mengkana sareng praptane, Rahaden Natadireja, lan Raden demang Pajang, Raden Nataprawireku, lan Raden Jayasentana.
  3. Dinangu pan lajeng sami, nging Welonda kathah pejah, wolungdasa watarane, Jeng Pangran kadya supena, mengkana ingkang rama, titiyanira wus pangguh, lajeng aris angandika.
  4. Paran kulup karsaneki, Jeng Pangran aris ngandika, kawula sumongga mangko, tiyang sampun tanpa wisma, Jeng Pangeran ngandika, kulup saparan paranmu, pan ingsun mongsa kariya.
  5. Mapan iki ya wus wengi, Kangjeng Pangeran aturnya, kyai kajeng kula mangko, ngupados putra sampeyan, ing pundi panggenanya, Kangjeng Pangeran nebda rum, wau dhumateng kang putra.
  6. Mring Selarong duga mami, mau rembungya mengkana, sakehe rerepot kabeh, Kangjeng Pangeran turira, dhumateng ingkang rama, kyai salat rumuhun, pan wektu mahrib punika.
  7. Lan ngaso sakedhap kyai, pan kawula sanget sayah, yen sampun bakda Mahribe, suwawi kyai lumampah, anulya samya salat, neng lepen Bayem Sedarum, bakda Mahrib gya lumampah.
  8. Sampun karsaning Hyang Widi, pan samya bingung sedaya, pan saking sanget petenge, dadya kelajeng lampahnya, medal sumampir ika, dadya sanget sayahipun, lan luwe arip sedaya.
  9. Dadya kendel tan dumugi, neng ngiring gunung kewala, mapan samya nendra mangko, sareng enjing pan lumampah, prapta ing lepen Soka, Kangjeng Pangeran andangu, marang demang lepen soka.
  10. Panggenan repot sagunging, kyai demang aturira, nglempak neng Selarong mangke, nulya kinen nimbalana, datan pantara prapta, mapan lir supamenipun, sedaya anglir supena.
  11. Ri sampunya samya panggih, lawan kang repot sedaya, gya pinernah dhewe-dhewe, mapan cekap lepen Soka, Kangjeng Pangeran nulya, tedhak maring Slarong iku, tan kantun lawan kang rama.
  12. Kanjeng Pangran Mangkubumi, kang rayi Pangeran Rongga, kinen tengga repot bae, lawan wong kang tuwa tuwa, ingkang kinen rumeksa, repot lawan dhaharipun, mas ngabei Mangunarja.
  13. Mengkana wus tan winarni, sagung kang repot sedaya, mapan wus sae enggone, Kangjeng Pangeran winarna, kang lawan ingkang rama, nengggih pasanggrahanipun, neng Slarong ing wismanira.
  14. Ki Demang Arjatayeki, wonten malih kang winarna, ingkang rayi nusul mangko, Pangeran Adinagara, bekta prajurit ika, mandhung lawan patangpuluh, kalih atus winetara.
  15. Lajeng pinasrahan iki, wau dhumateng kang raka, dadya ngiras patih mangko, lawan nyuwun salin nama, Pangeran Suryengngalaga, kang raka nglilani sampun, laning ngiden mring kang rama.
  16. Kanjeng Pangran Mangkubumi, datan lama linurugan, saking ing Ngayogja mangko, kinerig sagung wong Yogja, mantra lawan Dipatya, suwaliye tindhihipun, lawan sagunging Walonda.
  17. Ngayogya tan ana kari, nging kari residhen ika, lan putra santana mangko, lan Raden Dipati ika, Pangeran Mangkualam, mapan ingkang tumut iku, nenggih Pangran Suryaningprang.
  18. Lajeng pinethuken iki, mring sagung wong desa ika, Jayamenggala tindhihe, kalawan Onggawikrama, lawan ki Bauyuda, langkung rame juritipun, gentho titir awurohan.
  19. Barung lan Mariyem muni, sanjata lit berondongan, dadya saya kathah mangko wong desa kang samya prapta, lajeng tulung sedaya, kang tander begaman iku, bandhil alu pan binekta.
  20. Pan sampun karsaning Widi, bandhil purun lan senjata, dadya kelangkung ramene, mengkana Kangjeng Pangeran, langkung marma tyasira, kang rayi kinen tutulung, wau kalawan kang putra.
  21. Pangeran Suryenglageki, lawan Raden Antawirya, Raden Natadirja mangko, lan Raden Nataprawira, Raden Jayasantana, lawan mandhung patangpuluh, dadya kawal ing ngayuda.
  22. Mariyem wus datan muni, ing samenjaya mengala, mapan langkung pangyuke, grogol Ki Bauyuda, wong Yogja kathah pejah, sampun karsaning Hyang Agung, Bupati kathah gebandhang.
  23. Mapan lajeng teluk sami, kang tan teluk dhinedhelan, kinantunken kathok bae, dadya samya kawirangan, kang tan kecandhak ngajang, datan pinejahan iku, Welonda pan kathah pejah.
  24. Suwaliye mamapan kanin, kenging bandhil dhengkulira, tiba saking kuda lempoh, lajeng binekta lumajar, wus mundur wong Ngayogja, langkung kathah angsalipun, bandhangan pan warna-warna.
  25. Kanjeng Pangeran ningali, wau kalawan kang rama, neng ngardi wijil namane, mapan katingal sedaya, solahe kang ngayuda, lamun estu sampun unggul, Jeng Pangeran nulya tedhak.
  26. Mring kembung putih aneki, lenggahaneng pekarangan, datan dangu prapta mangke, kang rayi lawan kang putra, ngirid sagung bupatya, ingkang samya teluk iku, mring kang sinembah ngayuda.
  27. Den menggung Martalayeki, den Menggung Danukusuma, den Menggung Wiryakusumane, Raden Menggung Natayuda, Raden Wiryataruna, Raden Yudawijayeku, den Menggung Purbakusuma.
  28. Den Menggung Dipadirjeki, lawan den Riya Sindurja, den Menggung Sumadirjane, sedaya wus tinarima, gya ngujung gentya gentya, riwusnya anulya kondur, risang sinembah ngayuda.
  29. Marang pesanggrahaneki, wau kalawan kang rama, Jeng Pangran Mangkubumine, nulya Pangran Suryenglaga, ngaturaken bandhangan, mapan warna-warna iku, nulya kinen maringena.
  30. Dhumateng kang angsal sami, poma ja kaliru ika, saolehe dhewe-dhewe, lawan iya Suryenglaga, padha mupakat ena, si Jayamenggala iku, ingsun ganjar aran ika.
  31. Raden Jayanegareki, lawan si Sumadikdaya, anunggaka semi bae, marang wa Sumadiningrat, Raden Sumadiningrat, lan si jawi nata iku, paman anemakilan.
  32. Pangran Suryenglageki, tur sembah nuhun sandika, nulya aluwaran mangko, ing dalu pan samya prapta, kang pra putri sadya, repotnya kang samya nungkul, dadya geger ing Ngayogja.
  33. Dhasar mentas kawon jurit, putri kathah samya medal, residhen tanbuh polahe, nulya dalu malih ika, Pangran Jayakusuma, Pangran Balitar puniku, Pangran Muhkamad Bubakar.
  34. Pangran riya menggaleki, lan Pangeran Adisurya, Pangran Adiwinatane, lan Raden Mangkuwijaya, Raden Mangkudireja, Raden Dipayana iku, lan Raden Dipataruna.
  35. Lawan Raden Singasari, tenapi sarip sedaya, kang ji lawan ngulamane, pan sampun sowan punika, myang sagunging pandhita, putra santana kang kantun, meksih aneng ing Ngayogja.
  36. Mapan samya den cepengi, ginedhong ngoji sedaya, nging Pangeran Mangkualame, ingkang tan ginedhong ika, lawan saputranira, mengkana ingkang winuwus, Selarong langkung arjanya.
  37. Mapan wus dadya negari, ngayogja ngalah punika, kang peken kelangkung genge, murah kang sarwi tinumbas, pajeng tiyang wadeyan, dadya samya rena sagung, tanana kang dora cara.
  38. Risang pramudeng ngajurit, mapan lagya siniwaka, munggeng atarub agunge, pepak kang putra santana, lan sang pra pratiwa, nung anung pan munggeng ngayun, tuwin kyai lan ngulama.
  39. Lan para pandhita sami, ingkang rama datan tebah, Jeng Pangran Mangkubumine, ingkang munggeng ngarsanira, Pangeran Suryenglaga, risang pramudyeng ngapupuh, mapan aris angandika.
  40. Suryenglaga karsa mami, si adhi Mangkuwijaya, sun paringing aran mangko, Pangeran Mangkudiningrat, si adhi Mangkudirja, Pangeran Nataprajeku, payung kuning anganggoha.
  41. Lawan si Martayudeki, aranana Wiryanagara, si Jarot iku arane, Tumenggung Wiryadireja, demang Pajang arana, Kreta Pengalasan iku, kang rayi matur sandika.
  42. Pangeran Suryenglageki, tur sembah nuwun kang karsa, pan punika sadayane, anerang dhateng kawula, nuhun ingkang pakarya, ri sang pramudyeng ngapupuh, mapan aris angandika.
  43. Eh iya Suryenglageki, si Tumenggung Danukusuma, maringa Pagelen mangko, ngembanan putraningwang, ya si Dipanagara, lan putrane kyai iku, iya si Mangkuatmaja.
  44. Arane ingsun paringi, Pangeran Suryakusuma, ingkang ngembanana mangko, iya si Astradimeja, ingsun paringi aran, Tumenggung Resaprajeku, ing gelen den rataha.
  45. Paman Adiwinateki, maranga ing Kedhu ika, Mangundipura kanthine, kalawan si Natayuda, eyang Muhkamad ika, Bubakar lawan Lowanu, dene ingkang ngembanana.
  46. Si Subatuliman iki, arana Tumenggung ika, Jayamustapa mangko, lan si adhi Adisurya, baris sakulon Yogja, kelawan anakireku, si Dangdang iya arana.
  47. Pangran Sumanegareki, dene ingkang ngembanana, ya si Wiryanegarane, kalawan si Trunajaya, ing Gamplong ya arana, Cakranegara Tumenggung, lan paman Jayakusuma.
  48. Ana alor Ngayogjaki, dene ingkang ngembanana, si Suradilaga mangko, eyang Balitar barisa, iya ing Wonayasa, dene kang ngembani iku, Tumenggung Sumadiwirya.
  49. Mangkudiningrat sireki, kalawan si Natapraja, lan sedulurira kabeh, sambirata barisa, ingkang ngembani, ika, si Ranupati Tumenggung, kalawan si Suraarja.
  50. Suryenglaga nakireki, si Bancak sun pundhut ika, arana Pangeran Mangko, Suryanagara barisa, sawetaning Ngayogja, dene kang ngembani iku, iya si Suranegara.
  51. Lan Suradinegareki, dene kene iki iya, cukup Janegara bae, kang lawan Sumadiningrat, katelu jiwanata, sing Singasari yaiku, Gunung Kidul den rataha.
  52. Sun paringi araneki, Pangeran kang ngembanana ya si Warsakusumane, ing Pajang ingkang ngrataha, iya si Martalaya, lan Wiryakusuma iku, Sindurja lan Dipadirja.
  53. Kertadirja Sokawati, pasisir si paman serang, ingkang angrataha mangko, dene ing moncanegara sun tempuhake iya, kabeh kang ngrataha iku, iya si Mangunegara.
  54. Sandika sedaya sami, langkung enggar ing tyasira, nuli atur salam mangko, kang eyang lawan kang paman, kang rayi lan kang putra, samya ngaraspada iku, lan sagung kang pra Dipatya.
  55. Kang samya pinaring kardi, mring risang maseseng prang, nulya aluwaran mangko, kondur dhateng pesanggrahan, tan kantun ingkang rama, mengkana ingkang winuwus, kang samya pinaring karya.
  56. Mapan arudhalan sami, sareng sadinten sadaya, mring prenahe dhewe-dhewe, samya sal pitulung sukma, lajeng tata barisnya, sadina-dina prang pupuh, mengkana wus tan winarna.
  57. Ramening prang tanah Jawi, anulya na bantu prapta, saking ing Kedhu margine, kalihatus winetara, lan ngiringaken arta, gangsal leksa kathahipun, prapta ing lor gorok ika.
  58. Ingkang baris aneng margi, Kyai Muhammad Ngarepah, lawan Mulyasantikane, kagyat  non Welonda liwat, nulya nembang tengara, wong desa kelangkung gregut, lajeng genthong titir samya,
  59. Nulya campuh ing ngajurit, saradhadhu ngedrel nulya, nanging mulya santikane, tan praduli mring sanjata, lajeng kuwel kewala, dadya kang kathah samya mbuk, bantu kalihatus telas.
  60. Nging gangsal welas wetawis, kang samya lumajeng gesang, nanging sampun tatu mangko, anulya Mulyasantika, arta lawan busana, sanjata pan lajeng dinum, mring sagung kang melu yuda.
  61. Pan lajeng ing ngangge sami, sruwal kalawan rasukan, myang sanjata sadayane, langkung enggartyasna samya, lajeng soan sedaya, dhumateng Selarong iku, kalih belah winetara.
  62. Samya ngangge lir Welandi, sanjata sangkuan samya, nulya ing Selarong kaget, tinarka Welonda prapta, arsa pinethuk yuda, Amad Ngarepah nulyeku, ananderaken turongga.
  63. Kancanira kendel sami, pan kinen baris sadaya, ring sampun pratela mangke, mring Pangeran Suryenglaga, lajeng dadya tontonan, pan samya suka sedarum, wadya Selarong punika.
  64. Muhammad Ngarepah nuli, kalawan mulya santika, lajeng ngrid sowan mangko,mring Pangeran Suryenglaga, marang sang pramudyeng ing prang, lajeng ginanjar nameku, Tumenggung Secanagara.
  65. Muhammad Ngarepahneki, arinya mulya antika, pan ginanjar nama mangko, Tumenggung Kretanegara, lan kinen angradina, ing Kedhu wetan ngelo ku, kalihnya matur sandika.
  66. Langkung enggar tyasnya kalih, wus kalilan mantuk samya, pan wus tan winarna mangko, kawarna bantu prapta, saking ing Surakarta, medal wetan margenipun, prajurit Mangkunagaran.
  67. Pinethukaken tumuli, mring Tumenggung Surareja, aneng Ngrandhugunting mangko, langkung ramening ngayuda, telas Mangkunegaran, tetindhihira kecakup, anama Raden Suwongsa.
  68. Nulya sinaos ken iki, dhumateng Selarong ika, risang kelangkung welase, wektu meksih lare ika, mapan nangis kewala, pinaringan busaneku, lajeng kinen ngaterena.
  69. Mantuk dhumateng seleki, mengkana ingkang winarna, rising murtining parugon, kelangkung prihatinira, kagagas ing wardaya,, nanging wangsite Hyang Agung, nuwala Kur’an punika.
  70. Tan kalilan angewahi, punapa saparentahnya, kinen anglampahi mangko, marma prihatin tyasira, rising murtiningyuda, ingkang rama kang winuwus, tyasira mapan tan duga.
  71. Nulya angandika aris, paran kulup marmanira, ingsun tan kaduga angger, ingkang dadya prihatinya, wadyanira kunyawa, pan wus tan kuciwa iku, anadhahi ing ngayuda.
  72. Ri sang murtining ngajurit, mapan aris angandika, gih kyai satuhune, ingkang dadya tyas kawula, inggih lampah punika, tan prehatin dening mungsuh, inggih senadyan wewaha.
  73. Tinelasna tiyang kapir, mapan kawula temaha, yen tansih kakersakake, kiyai dados lampahan, nanging karya punika, rumiyin kawula estu, mapan kinen ngangkat Kur’an.
  74. Tan kenging lamun ngewahi, dhateng parentah ing Kur’an, nging kawula saestune, dereng sumerep sedaya, Kuran parentahira, marma tyas kula kelangkung, ajrih bilih kalepatan.
  75. Kanjeng Pangran Mangkubumi, mapan aris angandika, kulup tan ngapa akuwe, mapan akeh pra ngulama, kang sumurup Jawanya, ing Kur’an parentah iku, wong nanging drema kewala.
  76. Kulup marang ing sireki, endi kang sira kersakna, wong ngalim Ngayogja akeh, mesem risang kang misesa, aris denya ngandika, kiyai leres puniku, nging kula kirang precaya.
  77. Kyai sampeyan rencangi, nenuwun dhateng Hyang Suksma, rumiyin kawula anon, tiyang kekalih punika, amulang wonten Maja, ing Kwaron satunggilipun, punika kula precaya.
  78. Dene sawangipun kalih, pan samya pekir lakunya, kados ajrih mring Hyang Manon, kalamun angewahana, mring Kur’an parentahnya, Kwaron tiyangipun sepuh, ing Maja anem punika.
  79. Kanjeng Pangran Mangkubumi, mapan aris atetanya, pa sira wus temu angger, risang sarwi angandika, inggih sapunya pisan, nulya pitulung Hyang Agung, tan pantara Kyai Maja.
  80. Prapta lan sanak rabi, tenapi lan kula wongsa, risang sokur mring Hyang Manon, lawan aris angandika, kyai kirang satunggal, nulya marmaning Hyang Agung, ki Kwaron ing praptanira.
  81. Mapan nanging let salatri, bekta sanak putunya, rabi myang kulawergane, ri sampun prapta sadaya, sagung kang pra ngulama, risang siniwakeng pupuh, siniwa ing mesjid nulya.
  82. Pepak sagung ingkang nangkil, ingkang rama  datan tebah, Jeng Pangeran Mangkubumine, ingkang rayi munggeng ngarsa, Pangeran Suryenglaga, mapan aris angandika.
  83. Eh sagunge sanak mami, sakehe para ngulama, sarip kalawan kajine, yen ing Mengko karsaningwang, iya si paman Maja, pan ingsun lilani iku, yen matura marang ingwang.
  84. Sabarang parentah iki, ingkang muni jroning Kur’an, poma aja wedi mangko, Ki Maja matur sandika, risang malih ngandika, eh sagunge sanak ingsun, pandhita para ngulama.
  85. Sarip atenapi kaji, lah payo padha tuntunan, ngangkat adiling Hyang Manon, sedaya matur sandika, risang nulya luwaran, mengkana Ki Maja iku, mondhok neng masjid kewala.
  86. Lan Kyai Kuwaron iki, nging repotira sedaya, nunggil neng lepen Sokane, winarna nagri Ngayogja, mapan wus dadya wona, bong-obongan siyang dalu, wus telas sagunging griya.
  87. Ageng alit tan na kari, nging kantun kedhaton ika, loji kalawan masjide, Danurjan Mangkualaman, lawan Wiranegaran, sedaya wus sirna iku, kinepung nagri Ngayogja.
  88. Mapan wus tan kena mijil, senapati samya ngatas, ayun binedhaha mangko, risang mapan tan kalilan, kinen ngepang kewala, pan sinuprih engetipun, sagunging ingkang sentana.
  89. Mengkana, wus medal sami, kang rayi rayi sadaya, tan karilan pangulune, ketib modin lan merbotnya, nging kantun kalihika, Pangeran Suryabrangteku, lan Pangran Suryawijaya.
  90. Lan ingkang putra satunggil, Pangeran Dipakusuma, ginedhong neng loji, mangko, myang satung kang eyang-eyang, lawan kang paman paman, ingkang meksih samya kantun, langkung denya kangelas arsa.
  91. Nanging ingkang paman kalih, kang saget nusul punika, nulya pinaring namane, ingkang sepuh pinaringan, Pangeran Mangkudipura, ingkang anem namanipun Pangeran panengah ika.
  92. Lawan ingkang rayi sami, den mas Songeb pinaringan, Pangran Adinegarane, den mas Grontol namanya, Pangran Suryadipura den mas Madang namanipun, Pangran Suryadi punika.
  93. Den mas Jengkik namaneki, pan Pangeran Tepasota, Selarong langkung arjane, mengkana secanagara, mapan atur uninga, ing dimaya baris agung, mapan saking Kedhu ika.
  94. Ingkang ngirid Welandeki, Raden Menggung Danuningrat, langkung kalihewu mangko, marmanya atur uninga, rumaos tan kuwawa, Secanagara puniku, kelawan Kartanagara.
  95. Mapan lajeng den bantoni, nama prajurit Bulkiya, pan tigangatus kathahe, langkung tigawelas ika, kang dados pangiridnya, ki Muhammad Bahwi iku, pangulu duk Tegalarja.
  96. Sampun sepuh wayahneki, nanging kang tyas langkung sura, tan kalilan meksa bae, kepingin pejah punika, ing ngaprang sabillolah nulya pinaring nameku, Mukamad Usman Li basah.
  97. Tumenggungira kekalih, prajurit Bulkiya ika, kaji Ngabdulkadirane, asisih kaji Mustapa, kalihnya langkung sura, lawan binektanan iku, ngulama menggung kalih ika.
  98. Kyai guru memalangi, Muhammad Salim namanya, lan ki guru Kasongane, Ngabdulrakup ingkang nama, pandhita kang satunggal, Ngabdulatib namanipun, mengkana pan lajeng budhal.
  99. Saking ing Selarong iki, gangsalatus wataranya, sedaya kalempakane, sampun prapta ing dimaya, lajeng ayun-ayunan, pan sampun tinata iku, Bulkiya kang dadya dhadha.
  100. Tumenggung Secanagari, kang dadya pengawat kanan, kering kartanagarane, nulya Usman Alibasah, ngabani kancanira, Bulkiya pan sareng maju, arempek pengamukira.
  101. Tengara bedhug tinitir, gong siyem munya gegana, sing kutha windu asalle, kyai Usman Alibasah, wus mandhe kang paringan, waos pusaka puniku, awesta ki Barububa.
  102. Mapan lajeng murub iki, marma gung wadya Bulkiya, tan wonten uwas manahe, mariyem wus kalancangan, nging mungel kaping tiga, saking rikat ajengipun, ngedrel wus tan linegewa.
  103. Pan lajeng kuweling jurit, sanjata wus datan munya, caruk waos lan sangkuhe, pedhang lawan dhuwung ika, Rahaden Danuningrat, ing yuda apan kepangguh,lan ki NgUsman Alibasah.
  104. Langkung ramening ngajurit, kepanggih samya sudara, nanging karsaning Hyang Manon, den Danuningrat kuciwa, mapan sampun palastra, bathang saadhadhu tumpuk, kedhik kang gesang lumayuwa.
  105. Mapan samya den tututi, kekecer enggen genya, Islam lumajeng sedayane, nanging wus karsaning suksma, kyai Melbangi prapta, sabilolah margenipun, kenging lantan ing sanjata.
  106. Saradhadhu ingkang bedhil, pan saking kasesanira, tan ngantos mendhet lantane, nulya tinumbak santrinya, saradhadhu wus pejah pan kathah bandhanganipun, mariyem lawan sanjata.
  107. Obat lawan mimisneki, atanapi kang sandhangan, ki Ngusman tan mantuk mangke, kalawan sakancanira, nging tur surat kewala, yen lujeng sakancanipun, lajeng baris Kedhu ika.
  108. Neng dhusun pesantren iki, Bulkiya nenggih barisnya, mengkana tanah Jawane, langkung ramening ngayuda, mapan saenggenira, pasisir moncanagriku, pajang lawan Sokawatya.
  109. Gunung Kidul jawi kori, ledhok gowong lan toya mas, mengkana kang winiraos, ing Kedhu wonten satunggal, Raden Sumadilaga, ing Parakan nagrenipun, ingkang tan sedya gurisa. 

@@@

BERSAMBUNG …. BABAD DIPANEGARA III

SERAT WULANG WANITA


PUPUH I
DHANDHANGGULA

  1. // Murweng sarkara nata sung wangsit / mring sagunging wanita kang samya / winengku marang priyane / kudu manut sakayun / ngayam-ayam karsaning laki / lelejema mrih rena / karanane iku / dadi jalaraning tresna- / ning wong priya yayah guna lawan dhesthi / pasthine mung elingan //
  2. // Aywa linglung lengleng nora eling / lalu lina lelabaning lara / badan tumekeng atine / titi tan mikir wuruk / angrerusak budi tan wening / sangsaya mring sarira / ras-arasen nurat / wulanging bapa lan biyang / yekti pantes tinurut jer iku dadi / jalaraning tumitah //
  3. // Tetepana tartamtuning estri / pan pinetri wewadining badan / dadi tartip iku rane / tartip tegese urut / runtut titis wajibing estri / titis bener tegesnya / nering driya iku / ywa liya mring lakinira / rah-arahen  ywa arda driya den manis / ulat wijiling sabda //
  4. // Dadi kanggo tinuruting laki / jer ta sira miturut tur awas / marang karsaning lakine / nuraga dadi iku / marmaning Hyang asih mring dasih / sumingkir duka cipta / iku adatipun / labet labuhaning kuna / kang kasusra wanita kanggo ing laki / yogya linaluria //
  5. // Myating solah myang karsaning laki / kira-kira mrih reseping karsa / dadi timbang mrih perlune / laki kongasing kalbu / bungah lengah-lengeh kang estri / tinurut kasembadan / tan cuwa tyasipun / lir taru katiban warsa / ngrembaka ron kembang pentile andadi / tentrem tan walang-driya //
  6. // Driyanira den tentrem ywa gingsir / sarwa bisa wajibing wanita / miranteni busanane / priya myang dhaharipun / ingkang dadi kareming laki / pinatut wayahira / sarapane esuk / tengange lan lingsir surya / tengah wengi byar esuk sayoga salin / tan bosen mamrih lejar //
  7. // Jer ta iku dudutaning pikir / dadi sumeh semune tan giras / tentrem krasan neng wismane / yekti sira kang untung / tinunggonan nora ngembani / lamun sira sembada / sariranta iku / bebresih wida myang sekar / sawatara dadi panggugahing ati / lakinta nora kemba //
  8. // Bisikane sang raja ing Demis / pan wus umum sakehing wanita / gung nepsu cupet budine / lalen dhemen ginunggung / nora ketung bayar rong ringgit / janjine ana ujar / ngrika wonten dhukun / bisa nyarati wanita / jambe suruh saranane kanggweng laki / ginugu tan tinimbang //
  9. // Mula akeh wanita yen laki / pitung dina branane wus bebas / pinunjungken mring dhukune / tombok darbeking kakung / busanadi prabot anangkil / konangan jinemalan / tur sudasihipun / awak lesah ati susah / tan tinulung mring lakine muring-muring / gering cekek dadakan //
  10. // Ngagak-agak sebute dharindhil / iya talah nora kaya ingwang / teka dadine mangkene / parikan pantek kayu (paju) / uler siti kang mongsa sikil / majwewuh mundur wirang- / nging wus watakipun / wanodya yen lagi susah / tansah katon bapa biyung den aturi / pae yen kanggweng krama //
  11. // Lali lamun jalaraning urip / pijer mikir sukane don karsa / ingundang keh semayane / nanging kalamun padu / jaranthalan prapta pribadi / dhuh adhuh wong wanita / sun puji tyasipun / mituruta sakeh wulang / lerepena driyanta supaya dadi / tuladan marang putra //
  12. // Jer ta lumrah wong iku sesiwi / yen alaa nenulari putra / dadi tan ana ajine / tininggal bapa biyung / ngayang-ayang tanna ngajeni / sama-sameng tumitah / uripe ngalincut / cinacat turuning sudra / mider-mider mring lyan praja samya uning / yen iku trahing kompra //
  13. // Angalompra tangeh wruhing becik / goroh umuk tur sugih carita / yaiku dadi gelare / mrih kandel mring lyanipun / pakantuka gone ngapusi / sire lir pokrul jendral / bisane calathu / iku wong durjana sabda / dipun eling sakehing manungsa sami / ywa kongsi nandhang bronta // 

PUPUH II
ASMARADANA

  1. // Ywa lalu mandayeng laki / lali pijer don asmara / kalimput mung suka bae / yogya sira memujia / sakadaring wanita / titise dadi tan cubluk / sudibya ngungkuli bapa //
  2. // Pan mangkono wong aurip / jangkane kudu jinangkah / kang ririh amrih ywa cewet / katekan sakarsanira / lumintu tan rekasa / pae karsa kang kasusu / suh sirna tanpa karana //
  3. // Sumaraha mring Hyang Widhi / kang asung urip mring sira / den rapet ngadu pasemon / semuning Gusti kawula / den jumbuh ywa bencorah / ngarah lestarining kusuk / pasemone pinrih jomblah //
  4. // Jomblah wanuh ingkang wredhi / mangkene upamanira / pawestri iku wajibe / den weruh budining priya / dimen tuk sih tan kendhat / bokmanawa wuwuh-wuwuh / wahaneng tyas marang sira //
  5. // Ruwiyaning para putri / ing kuna wus cinarita / ing Ngarab myang Jawa kene / kang utama piniliha / sakadaring sarira / linaras lan jamanipun / mrih tumrah tinoning kathah //
  6. // Pathining we jalanidhi  / ron lempuyang misih mudha / wus sayah kang ngripta mangke / aririh dera mangarah / runtute kang wiyata / tarlen mung dadya pangemut / tyasing wanita mrih arja //
  7. // Kasmaran ngungune guling / angripta kadi supena / sedya andugekken maneh / pitutur mring pra wanita / yogyane baresiha / jro wisma myang badanipun / mrih rahabing kadang mitra //
  8. // Ingkang sedya amartuwi / pirangbara lamun bisa / nyugata amrih sukane / kadang mitra ingkang samya / tuwi krasan rerasan / saking bisa tindak-tanduk / ingaranan bojakrama //
  9. // Boja  suguh ranireki / krama tembung kang mrih lejar / tyasing tamu mrih jenake / tan age mulih dumadya / pratandhane yen sira / sinihan sesaminipun / janma yogya linuria //
  10. // Karanane wong antuk sih / ing manungsa iku tondha / Hyang Manon kang ngosikake / den agung sukuring Suksma / muga ta lestaria / sihing Hyang turun-tumurun / tumekeng dina kiyamat //
  11. // Mupangati lair batin / wong sinihan sameng titah / tumruntun prapta drajate / sasedyane pan tinekan / mangkana adatira / manungsa kang arsa luhung / sumingkir marang kanisthan // 

PUPUH III
KINANTHI

  1. // Nganthia wulanging ratu / kang wus mashur nguni-uni / budweslam samya tetilar / nalar kang amrih nulari / mring budi dadine jembar / brekahi mring anak rabi //
  2. // Pirabara lamun sarju / liyaning ahli kapengin / miturut wiyata arja / ujer iku mufangati / mring badan lan ahlinira / resep antuk kojah becik //
  3. // Cobanen kalamun ngrungu / ujaring kang dadi wiji / wijining utameng karsa / yekti tentrem tyas kang gingsir / lan sire dhewe sulaya / janma len yekti tan sudi //
  4. // Darbe mitra kang kadyeku / tan wande andarawasi / nulari sakehing nalar / milar milalu medeni / wis aja sinruwe padha / wong ingkang pangawak dhemit //
  5. // Dhemen wadul lir wong nglindur / dora ragane mrih becik / cilakaning lyan sinedya / kadya setan nunggang ilir / saben nglilir angupaya / luputing tongga pinikir //
  6. // Keri gatel lambenipun / kalamun nora ngrasani / mring konca mitra kekadang / iku tetela yen dadi / awak uwong ati setan / tan kena dipun tambani //
  7. // Pantes ngalap opah iku / saben sasi sing pulisi / cukup digo tuku madat / lan pacitan sawatawis / yen wus seger nuli lunga / golek warta mrih bilai- //
  8. // Ning wong kang nora tartamtu / mung tamtu antuk pawarti / tinata denira dora / supadya kandeling wingking / wuwuh blonja wuwuh madat / awak kuru gelis mati //
  9. // Patine akeh kang sukur / saksat kelangan kalilip / nora gedhe nanging lara / marang mata brebes mili / mulane para sujanma / aja kadi dhuwur iki //
  10. // Pikiren utamanipun / solah muna lawan muni / ron roda kinarya ajang / gong alit munggel irami / pikiren dhingin supaya / tan kabanjur tindak nisthip //
  11. // Buring carma aranipun / ibu Sang Duryudanaji / lestarining barang karsa / angel lamun tan ngawruhi / sasmitaning mongsakala / lalu luluh tan pakolih //
  12. // Pilihen wong urip iku / utama kalawan nisthip / begja kalawan cilaka / andhap luhur iku sami / wus ginelar aneng wulang / ywa lalu gone nglaluri //
  13. // Jaman katon jroning turu / marga we kang munggeng tritis / den kaepi sakeh wulang / tinimbang mrih babar budi / budiman baboning gesang / sarana parek mring Gusti //
  14. // Gusti iku keh liripun / gusti lair gusti batin / laire sri naranata / ing batin kang maha suci / karone kudu sinembah / mrih utameng dunya ngakir //
  15. // Mapan pae patrapipun / sembah lair sembah batin / laire sarana tangan / batine dumunweng ati / tinata dipun tetela / laraping don pinrih titi //
  16. // Tartip tetep titis teguh / ginodha gunging pangeksi / tan rinungu tan rinasa / mung ngrasa nikmating ati / ati runtut wus tinata / tataning tindak utami //
  17. // Rinambah liring pitutur / marang samoaning estri / den alus jatmikeng tingkah / lire sabdanira manis / supadya dadya nang-onang / sengseming driya mimbuhi //
  18. // Den awas sasmiteng dunung / dununge karsaning laki / dhuh babo babo wanodya / yen tan wruh karsaning laki / rudah ing cipta tur dadya / kuwur ngawur kowar-kawir //
  19. // Kaweran ing genging napsu / kesusu tan antuk kasil / kesliyo tyas temah ngredha / kena karencaneng eblis / lah ta mulane wanita / den samya amerak ati //
  20. // Titikane duk ing dangu / wanita ingkang utami / tuladan ing kuna-kuna / caritaning umat singgih / supadya antuk utama / utameng sagung dumadi //
  21. // Dhuh babo babo wong ayu / ….. apasihaning Widhi / dimen tulus ayunira / ….. pasihan lestari / tan pegat sinung darajat / apan sira wruh ing wangsit //
  22. // Sesiku kang mrih …..smu / poma-poma den kaesthi / supaya antuk sihira / ing lakinta awal akir / dadi awak tanpa ….. / neng dunya wimbuh kamuktin //
  23. // Gampang wong suwiteng kakung / mung miturut ing sakapti / nastiti sawuwusira / aywa wani nyenyampahi / nadyan karyaa legawa / den bisa manuju kapti //
  24. // Kancana kang mung bau (gelang) / ayam kang kekuncung Gusti (merak) / gegulangen saben dina / mrak ati muna lan muni / tur dadi sukaning driya / lumunturing sih kawijil // 

PUPUH IV
M I J I L

  1. // Darunanireng Hyang Maha Suci / nganakken punang wong / jalu estri pan padha perlune / wujud priya lantaraning wiji / estri kang madhahi / kumpul dadi wujud //
  2. // Yen wus wujud obah aran urip / wajibe tetakon / sajarahe ingkang nganakake / kang asareh pitakone titi / patitising wiwit / pungkasaning mantuk //
  3. // Supayantuk marga ingkang sidik / dadi mulih mring gon / gone lawas tan uwas wus wenteh / wus tan was-was wanuhe wus lami / memitran wit eling / winulang mring guru //
  4. // Guru iku lantarane yun wrin / wajibing tumuwoh / wohing kamal dununge sang rajeng / den waskitha semune Hyang Widhi / mandhiri sajati / jatine mung iku //
  5. // Kang sinebut pinuja-pinuji / yekti mung Hyang Manon / nabi wali oliya myang rajeng / apan pantes pinuji mring janmi / sabab iku sami / kekasih Hyang Agung //
  6. // Yen manungsa liya sri bupati / Ngabdul araning wong / apan jemak lan manungsa kabeh / mung pinurih aywa srik ing galih / lumintu mrih puji / ing manungsa iku //
  7. // Kudu-kudu tinarimeng ati / manawa kapergok / nabi Allah kang mindha druwise / jabat akeh tuladhane nguni / malekat pi-api / namur anjejaluk //
  8. // Mung carita dudu zaman mangkin / samengko tan kanggo / mung pinirit jumbuhing mangsane / dadi nora kaelangan lari / ngleluri utami / mamrih sugih kang wruh //
  9. // Wruha ing ala kalawan becik / saking wulang ing wong / ingkang wasis waskitha budine / pan ingetrap neng dluwang lan mangsi / sinimpen mring ahli / kitab aranipun //
  10. // Kitab saking Kuran asalneki / Kuran sing Hyang Manon / ya ta mongsa Allah nulis dhewe / pasthi nyambat manungsa kekasih / tinrap neng jro ngati- / ning manungsa iku //
  11. // Jer ta ana kang muni jro dalil / rapale mangkono / kalbu mukmin ya betolahine / ing tegese ati ingkang mukmin / ingaken sayekti / unggyaning Hyang Agung //
  12. // Basa mukmin manungsa wus napi / liyane Hyang Manon / dadi kayun pidareni rane / wong kang manuh manggone kekalih / dunya den dunungi / ing akerat jumbuh //
  13. // Wus pinunggel pitutur mring estri / sedhenge semono / pan kaselan lagi mikir pones / Rebo Kliwon ping telu kang sasi / ing Rabingulakir / Galungan kang wuku //
  14. // Kang mongsastha Kunthara warsa Lip / sangkala rinaos / kawileting kawi wangsalane / yitmeng praja cipta kang kawijil / kangjeng sri bupati / karsa amanawung //
  15. // Drenging driya tansah amemuji / kalipahing Manon / yun mangesthi sang prabu ing mangke / wulang tumrap marang para estri / mrih ayu pinanggih / wit wekasanipun //

 piwulang pawestri

@@@

%d bloggers like this: