alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SEJARAH TAPEL ADAM pupuh 01-10


۩۩۩ Pupuh 01 ۩۩۩
DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Giyuh hing tyas dennya mrih manising, wasita [1] leng-lenge kang kahungan, tang tumunggu pangikete, pan saking karsanipun, Kanjeng Pangran Harya Mantawis, terang hingkang timbalan Kanjeng kang Sibuhun Susuhunan Pakubuwana, Senapati Ngalaga Ngabdurrahman, Sayit Panatagama.

  2. Ingkang kaping saptarsa ngwasani, babaddira nagri tanah Jawa, winangung hing sajarahe, haluraning laluwur, hingkang luhur linuri-luri, linalat salirrira, laluwur kang luhur, haluran kang saking Jawi, jinarwakker sadaya.

  3. Wijang-wijangira kara para ji, miwah para Nabi Sadayannya, hawit duk tapel hadamme, tinurut hurutipun, saputrane Kanjeng Nabi Sis, kang marang panengennya, myang pangiwanipun, pinurwa duk purwanira, para ratu sadaya hing tanah Jawi, wawinih saking dewa.

  4. Trahing Nabi campur trahing ngejim, mangkya winaone sajarahira, mugyantuka sapangate, mawantuwa ring wahyu, yuwanane dennya ngayumi, ring wadya sadayanya, sinunga rahayu, haywana sangsayanira, yuwanane tumerah hatrusa wuri, manggiha suka harja.

  5. Myang harjane wadya sanagari, Surakarta hing karatonira, luhura lir laluwure, kang sami sinung luhur, hing Hyang luhur luhuring nguni, kedep hing ngrat kadeppan, rat Jawa sumuyud, rerep ri pusa hanannya, salaganing bumi pada lulut hasih, pilih tan ngastu pada.

  6. Kang piniji maharjeng gitadi, raden hangabehi [2] Sibdusasatra, kaliwone raja Niten, mangun langening tembung, myang nging tembang titaning dongding, sedeng hingkang kinondang, hamedar kondagung, kaliwoning Kadipatyan, nenggih Raden Ranggawarsita ngabehi, trahing pujangga praja.

  7. Taruna wus wignya sakaliring, kapujanggan miwah kasujanan, halim kiwa panengene, kitab gung ngagung putus, myang nging basa kawi winasis, muhtamak pabettira, hing carita kasus sagung para bijaksana, Surakarta kang ahli carita sami, tuwin para pujangga.

  8. Miwah para ngulama kang sami, halim kitab raseh saking para, Musannib Arab hanggite, ngajawa katampan wus, mring Susuhunan Giri mredenni, winulangken sakabat, myang warga tinuntun, Jeng Sunan Giri widagdya, basa Arab myang basa Kawi winasisi, winarna basa Jawa.

  9. Hamrih dangan kang sami miyarsi, marma sinawungan lawan tembang, nira siku sasingkelle, rehning darmi tinuduh, dening Gusti pinardyeng budi, muda punggung pinninda, pujanggeng prajagung, dahad gung ring kang Pamudya, ring Hyang Ngagung kaping genging puji, marang Sang Nayakengrat.

  10. Hiya Kanjeng Nabi kang sinelir, Muhammaddinnil mustapa lawan, para sakabate kabeh, ping tri pamujinipun, marang sagunging para Nabi, ping pat pamuji marang, para ratu-ratu, ping lima pamujinira, marang sagung para Wali para Mukmin, tuwin para Pandita.

  11. Sadayane hingkang kecap sami, jroning serat sa-[3]jarah punika, mugi genga haksamane, myang paringa panjurung, ring panganggit wenganing budi, pamedaring tyas muda, pambukanning punggung, pangapusireng pustaka, pinadangna dening Hyang denira hamrih, runtutute kang carita.

  12. Para Pujangga hing nguni-huni, dennya sami hamarma carita, tanah Jawa sejarahe, Ki Hageng hing Matarum, sempalane datan winnilis, pangiwa-panengennya, pangetan winuwus, hamung bakune binuka, panning mangkya karsanya Sri Narapati, winedar sadayanya.

  13. Pinurwa ring pannitra nujwari, somamanis  tanggal ping nembelas, Dulkangidah Dal tahune, sancaya windunipun, siyang wanci hing pukul kalih, mangsa surya kasapta, sangattipun Yusub, wuku telu kang lumampah, Brama wugu Sri tumurun nuju dadi, mangsa wuku kalima.

  14. Sinenkelan yenning tahun sasi, gunung hobah hing pitun nagara, lamun hing tahun srengenge, sangkalannya penettung, patang rupa Panditeng nagri, hijrah jeng Nabi duta, hing tahun sitangsu, Pandawa lilima manembah, hing jeng Nabi tahun surya pitung bumi, nembah hing nayakengrat.

  15. Sangkalaning jagad hetang hawit, Nabi Adam tumurun mring dunya, Lan Babu Kawa toyane, samodra warna pitu, hiku lamun hing tahun sasi, lamuning tahun surya, sangkalanira wus, sirna guna trussing rasa, kunneng kitab Bahrul Butun  kang winarni, rinacul lapallira.

  16. Myang maknane sampun den muraddi, kusus lawan [4] Ijemmak kiyasira, trussing dalil lan kadisse, duk masih awang-uwung, myang ngilmunning maksih ginaib, ran Allah durung ngana, miwah ranning rasul, halamipun Akadiyat, nulya kitab Bahrun Ngalam hingkang muni, halamipun Wahdat.

  17. Maksih rancanganing gaib, nuli Bahrul layud-layud ranning kitab, Waakidiyat halamane, ya misih gaib iku, Arwah halammira winnarni, ran Allah lan Muhamat, katelune rasul, laku tri Insan Kamil, sapta wajib kababar.

  18. Sadurunge gumelar bumi langit, maksih wang wung Akadiyat kocap, ghaibing ghaib tegese, yaila iyanajul, dadi dhingin kang sajaratil, muntaha nuli hana, kang haran cahya nur, Gusti Allah hangandika, marang hing nur heh nur sujudda hing kami, nur sujud kaping lima.

  19. Mring Pangeran hingkang Maha Suci, marma wonten limang wektu solat, wit saking henur sujudde, kang smi sedya ngrungu, mituhuwa hyaiing dalil, kang maca jinabdda, haja gumantung junut, kang henur dadi kamulyan, nur malumah kukuse mandhuwur sami, dadi langit kasapta.

  20. Saisine hing nginggil pra sami. Haran kursi miwah dhindhing jalal, lukkil mahpul satulise, kukus dadi gni sumyur, kamulane Malaekat sami, miwah [5] jan lanhitnujan, lan widada rya gung, surya lintang lan rembulan, lan sadaya isine nginggil prasami, saking nur lumahira.

  21. Kaebing nur jroning kitab muni, Barul Lahud he nur kurebira, dadi bumi kapitue, lawan saisinipun, hingkang wonten sajroning bumi, jro kali jro samodra, jroning rong jro watu, miwah kang nyangga pratala, sadayane saking kurebing nur sami, gya nur miring sujudnya.

  22. Marma dadi bumu handhap hinggil, legak-legok papereng jajurang, saking hing nur pamirenge, hanuli henur lungguh, dadi kamulane kang hardi, saking nur lungguhira, mdal krengetipun, dadya kamulane toya umbul sumber kali pancuran jaladri, kringeting nur asalnya.

  23. Reregeting henur hingkang mijil, dadi kamulane isining rat, jro bumi dharat toyane, kekedhepe hingkang nur, kamulane gurnita sami, caleret thathit kilat, lalidhah galudhug, hangsal saking nur kedhepnya, misih gaib hangsal karsaning Hyang Widhi wahdat lan wakadiyat.

  24. Hantaraning pitung leksa warsi, Gusti Allah pan [6] harsa hanglirna, halam Arwah pannabanne, ngandika Kun Payakun, gimelar kang bumi langit, lan saisine pisan, kang pepak Asnapun, bumi langit gya gumelar, lapal Kuran Sitikatyi yayamin, semastana ngaras.

  25. Kursi  maknanipun pan dadining, langit kasapta saisenira, kalawan pitung bumine, hiya saisinipun, hing dalem nem dinna mepaki lalampahan, sewu warsa sawiji-wijining langit, denning lalongkangira.

  26. Hing sawiji-wiji kang langit, nglimang ngatus tahun hibrerira, hing peksi tanpa hareren, dhindhing jalal punika, tegesipun halam Swargadi, hapan petak-petakan, lir tala tawon gung satunggal-tunggaling swarga, wiyaripun tanpa wangenan sayekti, widadari kang tengga.

  27. Warna sakawan kang widadari, putih ireng kuning lawan abang, kang putih semu jenarre, lan hireng abang tungtung, hingkang hireng tungtunge abrit, semu pethak lan jenar, hingkang abang tungtung, kuning tungtung tungtung pethak, sorot hireng sadaya sulake wilis, kang widadari jenar.

  28. Sorot hireng abang tungtung putih, tejanya muyek hingkang pasariran, rebut gon sungsun sorotte, hujwalanira banung, sasolahe hangresapeni, haruruh rurus wijang, tan kena winuwus, hendah hendahe kang warna, pan sadaya kakuwunge hanelahi, saben swatga satunggal.

  29. Hingkang tengga ten kena winilis, widadarine [7] kathen wendran, sadayeku hing badhene, nenggih gadhanganipun, jalma hingkang sami hantuk sih, hing Hyang manjing sawarga, ginanjar sadarum, hing sapetak petakira, warna-warna kaswargan sawiji-wiji, hana rupa mutyara.

  30. Rikittanne pan mutyara sami, kembang-kembang pethettanning taman, hawarna mutyara kabeh, hapraba ting palancur, kang kasawarganipun sawiji, sami hinten sadaya, pepethettannipun, godhong woh sekar pradapa, pang wit hinten sararenggannira sami , sara wedinne kodrat.

  31. Ngebarliyan ngujwala nelahi, hing sawarga jumerud mangkana, pra sami jumerud kabeh, pethetan kembangipun, kumala mas luru, suwasa miwah salaka, sakalire kadya kang wus kocap nguni, namane ya warnanannya.

  32. Marma hujwalannira nelahi, ting pancorot mancur ting palancur, tan nana siyang dalune, halam sawarga punika, tetep halambang kang nglanggengi, tan kenna winarnaha, pasang rakitipun, satunggal tunggaling swarga, kodrating Hynag pan sarwa ngebat tebatti, pepucakking sawarga.

  33. Lapal laila hailalahi, lan lapal mukamad rasullulah, kang haran [8] ngisor swargane, kang haran lohkilmahpul,  maknanipun lapal kakalih, loh punika pan kalam, mahpul papanipun, kang kalam nurat piyambak, haneng papan nora lawan den cekelli, tan wonten kendellira.

  34. Kuwasane Hyang kang Maha Suci, lepas saking watara duduga, tinggal prayoga majadde, kalangkung helokkipun, pangandika sapisan dadi, Kun Payakun samana, sajege tumanduk, tanpa wali wali Allah, sipat baka tanpa obah tanpa gingsir, hingkang kayu sajarah.

  35. Til muntaha hageng hang nguwit, pitung jagad gagodhongannira, pan monca warna rupane, kunning bang hireng biru, kapuranto dadu lan wilis, wungu kalawan seta, sami mawi kuwung, rebut sorot ting galebyar, ting pancorot haciri tulisan sami,haranne kang manungsa.

  36. Lamun godhong alum salah siji, pasthi lamun manungsa lara, yen godhong aking huwonge, wus tuwa repot ciklu, lamun godhong rentah saking wit, tinadhahan malekat, gya tumurun malekat ngambil nyawaning, jalma kang mungal surat.

  37. Yen wus kababar halamming jalmi. Lohkil mahpul [9] dadi panengeran, manungsa dawa cendhake, lamun godhong nom runtuh, pupus miwah tengah kang pethil, rentah saking wittira, hana pethil sepuh, hobahe kang gagodhongan, lir gamellan hunine pating carengkling, hiramanira raras.

  38. Hanyumrahi sarira kapyarsi, ngegarakenning tyas hungallira, jajalangan gendhingngane, sangandhping wreksagung, kang rumeksa malekat sami, yutan baran hawendran, tan kenna hingetung, saking kathahing malekat, karyanipun pinatah sawiji-wiji, sapangkat pangakattira.

  39. Kang kinarya hutusan Hyang Widdhi, pan sakawan malekat Mukarab, Janarail, Mingkaille, Ngisrapil, Ngijraillu, denning kannang sakawan sami, Ijajil gangsallira, hapan kinaryagung, hangreh malekat sadaya, kang minangka kalipahira Hyang Widdhi, dadya ratuning suwarga.

  40. Denne hingkang pitung lapis bumi, jembarripun lawan langit samya, pan kinarya kebarrane, hing ngandhap lan ning luhur, miwah lapis-lapissing bumi, lan langit tan prabeda, hing sap-sapannipun, sinengga denning Malekat, warni Naga hing Mesrik tekeng Mahribbi, sirah buntutting Naga.

  41. Lantan mindhuwur hing pitung langit, buntut  ma-[10]lengkung gathuk lan sirah, hamangan buntutte dhewe, wengkuning bumi pitu, hiya warna Naga nglekeri, buntut gathuk lan sirah, hiya buntuttipun, kang minangsa salaminnya, takdirring Hyang nora lara hangreh matti, hingkang Naga sinongga.

  42. Denning lembu gumarang sawiji, sungu sewu kupenge kang singat, maksrik tekeng mahribbinne, lembu sinonggong watu, kumalasa hageng nglangkungi, wiyare pitung jagad, denning selannipun, hapan sinongga hing minna, hulam henun singga dening jaladri, hamongsa sami hulam.

  43. Minna littatalit prapta pribadi, takdiring Hyang tannana kendhatnya, dene saluhur bumine, cinatur hisennipun, kang dumadi sawiji-wiji, redi lebak jurang, sami medal banyu, sendhang kali lan pancuran, hasri tinon pasangan surya lan sasi, lintang habra hing tawang.

  44. Kuwung malengkung punggirring langit, sirah manjangan ngobe sagara, kilat thathit lan caleret, glar sato kewanipun, wana wukir jurang ringring, warnane beda-beda, miwah jroning banyu, hisine pan warna-warna, hising rong jro bumi datanpa wilis, warnane beda-beda.

  45. Wus mangkana Hyang Maha Suci, nitaheken kang peksi satunggal, geng luhur hijo warnane, gilapnya kang lar mancur, pakanane wus den cawisi, tumuwuhan ngalam dunya, pira-pira thukul, lir wiji sawi warnanya, satelase thuthukulan den thotholi, kang peksi nuli ejah.

  46. Nulya Allah ngandikeng Ngijrail, kinen manjing [11] sajroning mutyara, sawiji sami gedhene, Ngijrail haturipun, lebet hamba saking ing pundi, tan wontenten marganira, kang kumala buntu, lan hinggih mongsa dedhenga, kang kumala namung sawijining sawi, lamun hamba beber lar.

  47. Saking Masrik meh tekeng Mahribi, punika mba dereng tiwikrama, maksih warni malekat, ngalam dunya meh jujul, lamun tiwikrama sayekti, hing ngalam dunya sesak, hing pundi pukulun, marmamba saged manjinga, hing sosotya Allah hangandika haris, hora teka manjinga.

  48. hajrih mopo Ngijrail gya manjing hing sasotya langkung wiyarira, sigra hambeber elare, miber kalangan nglangut, nora montra gepok hing pinggir, dedel meksa tan montra, gepoka hing luhur, Ngijroil sayah hibernya, nulya kendel sujud tobat hing Hyang Widdhi, nuwun hapurasmara.

۩۩۩ Pupuh 02 ۩۩۩
HASMARADANA

 (www.alangalangkumitir.wordpress.com)

  1. Hyang Suksma ngandika aris, heh Ngijrail awasna, ngarsanira apa katon, Ngijrail sigra humiyat, wonten peksi satunggal, warnanya ijem kalangkung, hujwalanira sumunar.

  2. Tungtung abang sorot kuning, tungtung biru so-[12]rot pethak, muncar ngunguwung prabane, gilaping larnya tumeja, Sang Hyang Suksma ngandika, Ngijrail den enggal mangsuk, marang guwa garba.

  3. Hiya ingkang manuk wilis, Ngijrail saksama, hing sajroning paksi hijo, hanglangkungi wiyarira, hupami bebera lar, mibera den kadi wau, gepok pinggire tan bisa.

  4. Hosiking tyasnya Ngijrail, Gusti Rabilngalaminna, luwih saking kuwasane, tan kena kinaya ngapa, marang hingkang kawula, lan iki hana wismagung, haneng jroning guwa garba.

  5. Warnane kaliwat wilis, Ngijrail harsa parekka, larutsadaya bayune, kang Maha Suci ngandika, Ngijrail malebuwa, jroning wisma hijo iku, Ngijroil matur nglenggana.

  6. Hamba tan seged mrepeki, lesu lupa tanpa krekat, tadhah dadaku maklukke, Allah Tangala ngandika, hiya Ingsun tarima, Ngijrail haturireki, dhadhasar mangkono uga.

  7. Miyarsa swara Ngijrail, dumateng kalingan hira, neng sajroning wisma hijo, humatur swara punapa, Gusti kang kapiyarsa, ngandika kang Maha Luhur, heh Ngijrail wruhanira.

  8. Yeku swaraning Sankamil, Ngijrail lon turira, [13] wonten pundi panggenanne, kang Maha Suci ngandika, tan ing jro tan ing jaba, nora ngisor nora dhuwur, hadohe tan wangenan.

  9. Luwih parek lan sireki, ananging nora gepokan, Ngijrail halon hature, saderengipun gemelar, bumi langit kasapta, wonten ing pundi genipun, kang Maha Suci ngandika.

  10. Lah hiya hiku Ngijrail, bablase Inwaakada, bakda soinlasonene, sadurungira ginelar, tan kena ingaranan, hiya yen sawiji iku, gemlare bumi akasa.

  11. Tan kena ingaranan kalih, kang nurat ngusuli sabda, kados pundi terbukane, lapal kakalih punika, sami dipun galiha, duk maksihe awang uwung, Sankamil panggenanira.

  12. Hantaranira Ngijrail, dennya lumebu sasotya, pan sewu warsa lamine, mangkana kang murbeng jagad, hangresakken anitah, neng dunya jin naminipun, kinarya sisining jagad.

  13. Neng alam dunya alami, salaki rabi satata, branahan anak putune, ejan kang minangka raja, tamejut kadi jalma, maksih sami badan alus, awit angsal dadining brama.

  14. Lakune duraka sami, datan mukir ring Pangeran, lali mring hingkang nitahake, lamine antaranira, jan dadi ratu dunya, apan pitung keksa tahun, mumah mumuh ambeganira.

  15. Dadi kadukaning widdhi, jan sira sinamber gelap, [14] anak putu kadhatone,  Hyang Sukma nuli hakarsa, nitahaken banujan, neng dunya kinatya ratu, sami angsal saking brama.

  16. Bala pirang-pirang kathi, slaki rabi satata, branahan anak putune, maksih badan alus samya, banujan dadi raja, puwa-puwa hambegipun, namak mumah aneng dunya.

  17. Lakune duraka sami, bajunan sanak putunya, lali marang Pangeran, lamine antaranira, dadi ratu neng dunya, hapan wolung leksa tahun, hanulya tampa duduka.

  18. Sanak putune sirnanting, banujan kinelem toya, yata hingkang winiraos, kang kinarsakken dening Hyang, Sang Ijajil Malekat, dadi ratuning swarga gung, langkung mukti hawibawa.

  19. Duka samana sang Ngijrail, wus dilalah tyasirarsa, huninga ngisor langite, tan antara gya tumedhak, ginrebeg pra Malekat, pitung kathi kang tut pungkur, prapta sor langit kapisan.

  20. Hangabekti sewu warsi, Ijajil marang Pangeran, tangine saking sujude, saha bala gya tumedhak, mring langit ping kalihnya, sapraptane lajeng sujud, Ijajil marang Pangeran.

  21. Hing sawuse sewu warsi, saha bala gya tumedhak, [15] pan cinaturaken bae, saben langit pan mangkana, Ijajil udhunira, jangkep pitung lapisipun, hiya pitung ewu warsa.

  22. Wus prapteng dunya Ngijajil, langkung denira kacaryan, lali karaton swargane, mider hangideri jagad, Ijajil takdiring Hyang, karasan minggah gunung, jinang kali myang sagara.

  23. Glar sato kewan marpeki, miwah isining samodra, akeh warnane katongtong, kali sumber myang bagawan, sendhang miwah pancuran, suruping surya handulu, kemyare wulan lanlintang.

  24. Pating karethap neng langit, abra sajagad kawratan, Ijajil karem ing tyas, neng dungya ngideri jagad, masrik mahrib jinajah, hingiring malekat gung, pitung kathi datan pisah.

  25. Pra malekat matur sami, sadaya ngajak wangsula, kundur minggah sawargane, dennya wus lami neng dunya, bikmanawi paduka, manggih dukaning Hyang Ngagung, Ijajil alon sahurnya.

  26. Hiya sun tarima sami, malekat kabeh turira, sru marma ing jeneng ingong, hanana kang walang diya, mungguh dukaning Suksma, hing tyasingsun durung tutug, miyat lalengening dunya.

  27. Deningta gen ingsun bali, mulih marang nging [16] sawarga, lamun wus padha lawase, lan endhuningsun mring dunya, saking langit kasapta, hiya pitung ewu tahun, ngabekti marang Pangeran.

  28. Malekat kendel samyajrih, nyerang atur mring ratunya, dadi anut sakarsane, iku caritaning kitab, Bahrul butun kalawan, Bahrul ngalam nahrul lahud, hananing jan lan banujan.

  29. Lawan malekat Ngijajil, anannya kinarya wijang, tinithahken dewe-dewe, wonten kaol kang satengah, mungal sajroning kitab, nenggih salsilatul guyub, min ansabil jinatiwas.

  30. Sayasin tegesereki, sajarahing jin lan setan, kang bangsa siluman kabeh, nalika jeng Rasulullah, siniwi aneng kakbah, hing para sakabet agung, nimbali ratuning setan.

  31. Kalawan ratuning Ngejin, nama Prabu Tamimasar, ratune setan namane, nenggih sang raja Saraban, dinangu kalihira, ananing jin purwanipun, kalawan ananing setan.

  32. Nembah sujud ratuning jin, miwah ratuning kang setan, Saraban Tamimasane, ngaturken sajarahira, sageng bangsa siluman, ananing jin purwanipun, miwah ananing kang setan.

  33. Hingkang tinitah rumiyin, Marijan lawan Marijah, [17] dereng sipat, dereng sipat jin kalihe, sajodo warni bun upas, sami kadadosannya, hulate kang latu samun, hapan upasing dahana.

  34. Hinggih sami mijil saking, cahya Nur kamulanira, kang Maha Suci karsane, kinarya isining jagad, Maeijo susutan Jan, hajan punika sasunu, hejan paparab Banujan.

  35. Punika kawit sipat jin, Banujan yoga tetiga, Ijajil kang sepuh dhewe, kinarya ratuning Swarga, sasampuning kadukan, hakathah jajulukipun, Ajumarah sayatina.

  36. Paparab malekat Karis, hajajuluk Iblis laknat, hanurunken setan kabeh, sutaning banujan hingkang, panengah namanira, Ngajalijin turunipun, kang wuragil sutanira.

  37. Hapaparab Handajali, nurunken dewa lan ditya, kathah asalah kadaden, handajali turunira, wahuta kang winarna, Ijajil sutanipun, pinucung sang kathahnya.

۩۩۩ Pupuh 03 ۩۩۩
P U C U N G

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Hingkang sepuh sutane nama yalabur, Pasin panggulunya, nulya Akwari nireki, apan nuli lakaos nulestri marah.

  2. Nuli sahet nuli dasim srinipun, hanuli welahan, sadaya suteng Ngijajil, sanga pisan pan dadi ratuning setan.

  3. Tan winuwus kang wawolu turunipun, namung tu-[18]runira, Jalabur hingkang winarni, saurute praptaning raja Saraban.

  4. Pan sakawan nenggih sutaning jalabur, kang sepuh hanama, dajal paparabireki, Dajal lannat hamargantuk lannattulah.

  5. Kinunjara haneng langit ping catur, wit badhe mamongsa, nglebur saisining bumi, linuwaran benjang yen dina kiyamat.

  6. Haprang lawan Nabi Ngisa mengsahipun, Mukamat ngapiyah, Humarmaya Nabi Kilir pejahipun Dajal saking Nabi Ngisa.

  7. Rining Dajallannat Dajil naminipun, Senut arinira, nama Nun hingkang wuragil, Dajil wau nama Dulilsutanira.

  8. Nuli dubil nuli dit blas sutanipun, hasusuta Lallal, ingkang gadha jeng Nabi Dris, cinolok dom netranira hingkang kiwa.

  9. Dalah mangke picak siji netranipun, Lallah asasuta, suta satunggil hanama Lalim, hasasuta Jalarat susuta Buldet.

  10. Hingkang katul minggah ing palwa Nabi Nuh, Buldat hasasuta, Sarhas nuli hasasiwi, Mihsat suta Hamarah suta Hawiyan.

  11. Hasasuta nama Langin hasasunu, Biktab suta Distar Distar, sauta Balal sasiwi, Hambal suta Kibrat nuli sutanira.

  12. Nama Iprid kang ngrencana Nabi Ayub, kala ka-[19]sengsara, Iprid punika sasiwi, nama Ngiprus hasuta Karisiyan.

  13. Hasasuta nama Swino hasasunu, Dipil hasasuta, Milasar suta Asijasin, nuli hasasuta nama Karis sarah.

  14. Karissarah wahu puputra Ngastarus, sasuta Buldyat, Buldyat wahu sasiwi, Dulya larat susuta nama Duwanar.

  15. Hasasuta Buwanarjas hasasunu, Salahat sasuta, nama Bangan hasasiwi, nama Bangal jebul hasasuta Yayal.

  16. Hasasuta Jahil hasasuta Sarbun, suta Sarbudanar, suta Mungajal sasiwi, Maksum suta Malrat suta Mallarabad.

  17. Hasasuta raja Sarabad puniku, turun kawandasa, tatiga saking Ngijajil, sutanipun sanga kathah pencarira.

  18. Lawan turun Handajali hapancarut, sami lap ingalap, miwah turuning Ngajali, hapan dadi isen-isen ngalam dunya.

  19. Hingkang  nurunaken jim Ngajali wau, Ngajali sasuta, nama Ngaljus hasasiwi, nama Ngajrak kayanganira karanan.

  20. Hing Ngajurak sasuta Damras ranipun, hasasuta haswat, sasuta Amman sasiwi, ran Maheran punika pan kawit Islam.

  21. Hanut marang agamanira Nabi Nuh, Maheran sasu-[20]ta, Sabah hasasuta Sahlil, hasasuta Sajab Katlabat.

  22. Hawit kapir hamargi kawon perangipun, lan ratuning setan, nama Wujan trah Ngijajil, sutaning Katlabat ngatis namanira.

  23. Hasasuta Kadngan hanuli sasunu, Latbiyan sasuta, nama Sarsar hasasiwi, nama Aswas hasasuta nama Dadjah.

  24. Hasasuta Hajali namanireku, kang sareng sadina lahire lan Kanjeng Nabi, Yusub lajeng dados pawong mitranira.

  25. Kawit Islam malih Gajali milyanut, hing ngagamanira, sarengat Nabi Ibrahim, jin Gajali sasuta nama Alidat.

  26. Hasasuta Janabar kawon prangipun, lan ratuning setan, raja Iprid trah Ngijajil, kapir malih Janabar manut ingsetan.

  27. Hasasuta Salmun hanuli sasunu, Salmusil namanya, sasuta nama Aswasil, hasasuta Karmus suta Salmunasar.

  28. Hasasuta Sarngam sasuta Jabarjus, kapir lajeng Islam, teluk marang Kanjeng Nabi, Sulaeman wus sare sarengat jeng nabi Musa.

  29. Raja Barjus pan kinarya ratunipun, jim setan sadaya, dening jeng Suleman nabi, suteng Barjus Asngasar sasuta Bastam.

  30. Nuli hasasuta Kasras hasasunu, hejin tir sasuta, nama Inrus hasasiwi, nama Kanam kapir malih kawon aprang.

  31. Lan ratuning setan nama Bangaljetul, kanam ha-[21]nama Bal, Kanam  sasuta Sarkasi, hasasuta Girkasi suta Kabiras.

  32. Hasasuta Giraji nuli sasunu, hanama Dam riyat, lajeng Islam manut maring, agamane jeng Nabi Ngisa reh kulah.

  33. Jin Damriyat wau hasasuta Memum, memum hasasuta, nama Mursad hasasiwi, hanama jin Sangkan sasuta Marikan.

  34. Hasasuta Karissatir namanipun, kakalih sutanya kang sepuh namanireki, hejin Kalbal kang anem jim Kaskani jan.

  35. Hasasuta Aswasil nuli sasunu, Sanasil apatya, jim Kalbat wau sasiwi, Dawisatir hasasuta Tiyruyasar.

  36. Tiyruyasar punik nuli sasunu, Prabu Tamimasar, hapeputra Rodosatir, hapan seket turunan saking Marijan.

  37. Kang wus kecap sadaya wau jim ratu, lan ratuning setan, mung ginanjar hingkang maring, Prabu Tamimasar lan raja Sarabad.

  38. Gurunipn Handajali kang cinatur, sutannya satunggal, nenggih peparabireki, Prabu Winus jajuluk Sri Handakara.

  39. Handakara sutanira wolulikur, hingkang sepuh nama, Prabu Paliya warni jim, panggulune hanama Prabu Jampina.

  40. Warni ditya sungu nuli harinipun, ran Patih Parwata, harinira nama Jahwi, awak sarpa nuli rinira hanama.

  41. Jin Jaminah jin diyu jajulukipun, nulya harinira, hanama [22] raja Parangin, harinipun nama Min warni kukila.

  42. Harinipun nama Kup hawarni manuk, nuli harinira, warni yuyu nama Dahri, harinira ran Maranis warni ditya.

  43. Harinipun hanama ejim Wakitu, hinggih warni ditya, nulya rinira hanami, Sang Balidhuh warni jim jajuluk Baljwak.

  44. Harinipun hanama Ejim Balituk, hanama waraka, nuli Malituk warnesthi, nuli Prabu Ngamunkeling jajuluk Am.

  45. Nuli Prabu Nuradi nuli rinipun, hanama Wellahan, harinya ran Patih Hamir, harinipun jim Kaliku namanira.

  46. Warni Kucing nulya Kalilat rinipun, Ejim warni Sima, nuli Wenu rinireki, harinira nama Limpak warni gajah.

  47. Nuli Lapuk warni ditya harinipun, Suhas warni kapal, nuli Buraham, warni wil, harinira ran Palapat warni sona.

  48. Harinipun nama Malak warni tikus, nuli harinira, hanama Ejim Allapid, jangkep wolulikur, kathah pencarira, sami nurunken pribadi, turunipun kathah hingkang salah rupa.

  49. Turun Handajali lan Ngajali carub, miwah lan [23] turunnya, malekat karisngijajil, carub besan binesan alap ingalap.

  50. Nak kumanak tanpa wilis kathahipun, bangsaning lalembut, jim setan prayangan peri, purwa saking Marijan pungkuranira.

۩۩۩ Pupuh 04 ۩۩۩
P A N G K U R

 (www.alangalangkumitir.wordpress.com)

  1. Kuneng jin sajarahira, hamangsuli caritanireng nguni, nenggih kitab Bahrul butun, Bahrul ngalami lawan, Bahrul lahud Ngijajil sasampunipun, tumurun mring ngalam donya, samana Hyang Maha Suci.

  2. Karsa karya tapel adam, hingkang dadi Kalipah neng swargi, Jabarail gya ingutus, tumurun marang donya, kinen ngambil hing siti warna pipitu, kang kinarya tapel adam, Jabarail tumurun aglis.

  3. Mring ngalam donya wus prapta, dereng dhawuh siti dhingini hangling, heh Jabarail sira hiku, dinuta hing Hyang Suksma, kinen ngambil maring sun warna papitu, yun kinarya tapel adam, matura marang Hyang Widdhi.

  4. Yen ingsun banget lenggana, dene nora wurung adam hing benjing, nemu dukaning Hyang Ngagung, marma ingsun nglenggana, heh Jabarail yen pari paksa sireku, ngambil ingsun warna sapta sayakti sun upatani.

  5. Nemuwa bendhuning Suksma, Jabarail miyarsa ling-[24]ing bumi, hajrih hing ngupatanipun, Jabarail wangsul sigra, prapteng ngarsaning Hyang Suksma sujud matur, lamun siti sru nglenggana, hing karsa Hyang Maha Suci.

  6. Kinarya tapeling Adam, dene boten wande adam hing benjing, manggih dukaning Hyang Ngagung, lamun kawula paksa, nepatani sanget ing papacuhipun, hamba tinedha manggiha, kang sanget beduning Widdhi.

  7. wusnya telas haturira, Jabarail gantya hingkang tinuding, Mingkail sigra tumurun, maring nging ngalam donya, saparptane bumi dhingin sru muwus, tan pae pangucapira, kadya nguni mring Jarail.

  8. Yen kinarya tapel Adam, sru nglenggana sartane nepatani, Mingkail dupi hangrungu, linge bumi mangkana, sigra matur prapteng sujud matur, lamun datan hantuk karya, ajrih sapataning bumi.

  9. Ngijrail tumuruna, marang ngalam dunya ngambila bumi, pitung rupa abang biru, hijo lan kapuranta, putih ireng wungu kuning den agupuh, ingsun karya tapel Adam, Ngijrail tumurun aglis.

  10. Mring ngalam donya wus prapta, dereng dhawuh [25] bumi dhingin hangling, heh Ngijrail sira iku, dinuta ing Hyang Suksma, kinen ngambil marang sun warna papitu, kinarya tapeling Ngadam, baliya matura haglis.

  11.  Yen ingsun banget lenggana, dene nora wurung Adam hing benjing, nemu dukane Hyang Ngagung, den dhunaken mring dunya, lah matura marang Hyang kang Maha Luhur, yen mangkono haturing wang, aja mungguh kang sirambil.

  12. Rupa sapta yen gelema, mung arupa siji nglenggana mami, yen sira dreng kudu berung, maksa ngambil maring wang, sayakti yen sun hupatani sireku, nemuwa bebenduning Hyang, marma baliya den aglis.

  13. Ngijrail duk amiyarsa, lingling bumi sarya sru nepatani, kudha sru denira muwus, heh ta apa lingira, lakuningsun hapan dinuta Hyang Ngagung, mangsata dadak mundura, dening upatanireki.

  14. Gelema nora gelema, hingsun ambil rupa sapta sireki, bantala angles tyasipun, dening Ngijrail maksa, datan mundur sangking hing upananipun, bantala lara karuna, kathah sasambatireki.

  15. Hananging tan piniarsa, sasambate Ngijrail si-[26]gra ngambil, hing bumi warna pitu, abang ireng lan seta, ijo kuning wungu dadu lawan biru, wusnya jangkep pitung rupa, mesat Ngijrail gya prapti.

  16. Hing ngarsanira Hyang Suksma, wusing sujud ngaturaken Ngijrail, hing siti warna pipitu, heh Ngijrail kayapa, duksirambil bumi pitung rupa hiku, sasambate lawan apa, nora nganggo nepatani.

  17. Myang kalane sira gawa, sujud matur Ngjrail mring Hyang Widdhi, hinggih Gusti sakalangkung, sasambating bantala miwah denya nepatani hamamacuh, kawula paksa kewala, karuna sambat mlas asih.

  18. Hananging tan hamba pirsa, nunten kendel bantala tan angling, telas Ngijrail turipun, Hyang Suksma hangandika, yen mangkono Ngijrail sira hing besuk, kang Ingsun sinung karya, yen Sun wus babar alaming.

  19. Manungsa neng ngalam donya, pasthi sira ingkang Ingsun sedhahi, angambila nyanipun, hing nganak putu Adam, yen wus padha kababar neng dunya, besuk, sira kang hanglurahana, malekat kang tunggu sami.

  20. Gedhonge kayu sajarah, tilmuntahalohkil mahpulling janmi, hawendran malekatipun, hiku sira rehna, hiya dadi Malakulmaut sadarum, lemah hingkang pitung rupa, wijekken dadi sawiji.

  21. Putih ireng lawan abang, ijo dadu biru wungu lan [27] kuning, saksana nuli cinaruh, wujude hingkang lemah, ana kasap sedheng ana alus, wus carub winejak sigra, lembut lir endhut kang siti.

  22. Wusnya nuli cinaruban, kang bangsangin kalawan bangsagni, sakawane bangsa banyu, kalawan roh Mukamad, kang ambekta pepake, kang roh sedarum, sakahing titipaning Hyang , kawengku roh Mukamadi.

  23. Lawan Ngijrail warana, papesthene kang wong sawiji-wiji, yen wus babar alamipun, manungsa aneng dunya, lah padhnen lan unine lhkilmahpul, pan wus ana tulisira, kang ala lawan kang becik.

  24. Dawa cendhak  meskin begja, pinter busuk sor ungguling kang jalmi, lan sahwat ing ngestri jalu, sawusnya carub samya, gya rineka manungsa wau kang endhut, lamine antaranira, tapel patang puluh warsi.

  25. Dadine dina Jumungah, sakalangkung bagusira kang warsi, tan wonten sasaminipun, sadaya kang rerupan, sawidasta panjange pan sarwa patut, Allah tangala ngandika, garangen iku Ngijrail.

  26. Ana ing bumi lalongkang, tanah mekah lawan tanah [28] ing taib, sandika nuli sinambut, mring malekat sakawan, Jabarail, Mingkail, Ngisrapil, tumut, prapta ing bumi lalongkang, sineleh rineksa sami.

  27. Tapel kasonganing surya, kawarnawa wau malekat Jajil, kang maksih kacaryan dulu, asrining ngalam dunya, pan meh lali karatoning swargagung, mubeng angubengi jagad, lan malekat pitung kethi.

  28. Duk samana cinarita, sang Ngijajil sampun miyarsi, hing karsa Hyang Maha Luhur, hakarya tapel Adam, apan lagya ginarang samangkenipun, aneng nging bumi lalongkang, tanah Arab lan ing taib.

  29. Ngijajil sampun rumangsa, lamun badhe angsal dukaning Widdhi, kalamon dennya tumurun, marang ing ngalam dunya, kongsi lali karatonireng swarga gung, Ijajil osiking driya, yen mangkono Maha Suci.

  30. Karsa nyalini wangunan, neng sawarga kalungsur awak mami, Adam kang kinarya ratu, melekat jajil sigra, saha bala mesat harsa handadulu, marang tapelira Adam, prapteng longkang ngarab taib.

  31. Ijajil dupi ngumiyat, ing warnane tapel Adam nglangkungi, paukiran bagusipun, tanana isiningrat, kang rarupan kadi Adam tapelipun, tapel nuli linebetan, mider jro garba Ijajil.

  32. Sawusira temu gelang, langkung hebat Ijajil ani-[29]ngali, sen isening Adam wau, sajroning guwa garba, hapan wonten kadi wisma mekar nanjung, Ijajil harsa manjinga, ing wisma dheprok tan bangkit.

  33. Ijajil hanuli medal, saking hing jro saprptanireng jawi, wawarti hing wadyanipun, pitung kethi malekat, wruhanira jroning tapel Adam iku, nora nana sesamanya, kabeh maklukking Hyang Widdhi.

  34. Isen isening badanya, pan kinarya luwih adi kang warni, duweni alam pamengku, Abir sahire pepak, saisening swarga ing langit kapitu, aras kursi dhidhing jalal, lohkilmahpul ana sami.

  35. Myang lintang surya rembulan, sawarnane pepak tan kurang siji, lan ing jro ana kadalu, lir wisma tanpa lawang, duk lagyarsa ingsun leboni sumaput, lesu lupa raganing wang, dheprok tan bisa mrepeki.

  36. Tanpa bayu tan karkat, sun pisahken saya lesah tan sipi, iku kira kiraningsun, nggene Iman Kamulyan, dene ingsun prepeki bae sumaput, heh sagung para malekat, sira kang kereh ing mami.

  37. Upama ana parentahe ing Hyang Suksma apa gelem sireki, hanut marang Adam hiku, ya ture para malekat, pitung kethi sayektu kula manut, paranta yen lengganawa, yen wus karsaning Hyang Widdhi.

  38. Sayekti manut kewala, saparentahipun ingkang [30] akardi, Ijajil mangsuli wuwus, yen mungguh isngun ora, lamun hana parentahira Hyang Ngagung, kinen hanuta ing Ngadam, yekti yen lenggana mami.

  39. Sun kadadehaning brama, kinen manut mring kadadehan bumi, kedekken sakehing tuwuh, amis bacin najisan, tibeng lemah yen jenes arus, apa gawene, kadukan ingsun lakoni.

  40. Yata wau karsaning Hyang, mring malekat sekawan pan tinuding, Jabrail Mikailipun, Ngisrapil Ngjrailnya, pada sira tiyubna mring nyawanipun, mring kakasih ingsung Adam, ananging talam rinukmi.

  41. Lah sira iku gawas, sigra mangkat para malekat ngiring, anggarebeg munggwing pungkur, sapraptaning lalongkang, tiniyubken nyawa marang grananipun, kang tapel Adam sakala, kodrating Hyang bisa osik.

  42. Dupi harsa pinanjingana, ingkang nyawa marang nging tapel nuli, hanglangkungi awratipun, jinunjung datan kangkat, kinaliyan tiniganan tan kajunjung, kang nyawa sangsaya awrat, tan purun manjing piranti.

  43. Dening jroning tapel Adam, peteng rupak kalangkung saking rempit, gya sinereng ing Hyang Ngagung, heh teka malebuwa, dyan tunmanduk nyawa pan narsa malebu, saking grana marginira, lagya tumempel ing ngarsi.

  44. Nulya wahing tapel Adam, sirahira pecat saking [31] ing jisim, bahu epek-epek sikut, dhengkul bokong dlamakan, Hyang kang Murbeng Jagad pan ngandikanipun, marang malekat sakawan, padha patrapna sami.

  45. Kang buyar pating palesat, wus kinumpul dening malekat sami, tinatrap tutup lir wau, Hyang Suksma misik Adam, lamun wahing den age sira anebut, ngucapa Alahamdulillah, gya Allah ngandika maring.

  46. Malekat papat den enggal, tiyupna nyawane adam nuli, tiniyupken nyawa mangsuk, hing tapel saking grana lumaksana prapteng jro wus manggen wau, kang tapel wahing sakala, nebut Alhamdulillahi.

  47. Rabilngalamina agya, hanauri mring Allah dennya wahing, Iyam Iya kanak budu, wa iya kanas tangyan, ingkang tapel  sadayane sampun kukuh, darbeni ros thik enthikan, ingkang napas manjing mijil.

  48. Hingaranan iku ambegan, pan minangka tatalining bfahurip, kabir sahire kawengku, wus dadya Nabi Adam, pan ingayap dening malekat sadarum, kanan keringira aglar, miwah ngarsa lan ing wuri.

  49. Kalangkung ing resepira, pra malekat mring Adam hingkang wreni, ngucap labarakullahu, tegese ingkang lapal, mupangati tapel Adam singsun dulu, Nur mukamdira ngucap, paken pangandikaning Widdhi.

  50. Sun dadekken dhingin Adam, mangka wiji haneng [32] dunya miwiti, kang dadi ing yayahipun, sagunge kang manungsa, yen erohe pan roh Mukamad sadarum, tur ingaken tandhaning Hyang, Allah hangandika malih.

  51. Heh  Jabarail den inggal, hamunduta busana mring swargadi, hiya kang sarwa di luhung, Jabrail sigra mesat, tan antara Jabrail ing wangsulipun bekta busana di nulya, wus inganggekaken sami.

  52. Nenggih ,marang Nabi Adam, makuthane nama retnadi, sangkebbing sariranipun, busana saking swarga, pan sadaya wau hujwala nganguwung, tan kena yen winuwusa, Nabi Adam ingkang warni.

  53. Saking takdiring Pangeran, sakathahing ngujud tanana sami, saisining sawarga gung, miwah isining dunya, Sang Hyang Suksma ngandikeng malekat catur, padha sira kalumpukna, sinome malekat sami.

۩۩۩ Pupuh 05 ۩۩۩
S I N O M

 (www.alangalangkumitir.wordpress.com)

  1. Kabeh padha hangiringna, mring Adam munggah swargadi, sakancanira malekat, kang ana ing pitung langit, hiya lan pitung bumi, mung kariya kang atunggu, gilira hing rareksan, sawusira ngumpul sami, gya bidhalan Adam minggah mring sawarga.

  2. Sapraptanireng sawarga, kinen Palongka [33] linggih, sinasotya nawaretna, jumerut nila widuri, prabanira nelahi, muncar-muncar hangunguwung, tan kena winuwusa, takdinnira Hyang Widdhi, prabanira madhangi langit kasapta.

  3. Pangandikaning Hyang Suksma, mring sagung malekat sami, kabeh padha hasujuda, mring Adam kalipah mami, yeku sun karya sulih, neng swarga humadeg ratu, mongka kalipah ingwang, pra malekat sujud aglis, pan sadaya hamrekungkung sujudira.

  4. Sujud marang kahurmatan, antarane satus warsi, mung sang Ijajil malekat, kang nora sujud pribadi, kadi hujare nguni, tinetepan datan purun, anut ing Nabi Adam, nulya malekat Ijajil, pan sakala kena benduning Hyang Suksma.

  5. Ijajil salin warnanya, rai perot mata ngelik, liyap linyip lamun mulat, kedhepe sungsun narithil, biru putih ireki, seret sasuluhanipun, sacanthing sitahira, bathuk lengar pundhak kepis, kuping ciut gulune gedhe adawa.

  6. Dhadha greng ndringkus ingannya, weteng cempluk bokong canthik, rambute ngaruis abang, jenggot mulyak janggut lincip, bau sagagang aking, drijinya sadedhang gabu, sikile sahububan, dedege cendhak acilik, ambekukul lakune miring lan oyag.

  7. Hyang Suksma handikanira, heh Jajil sandhangen [34] ugi, sira mopo ing reh ingwang, mangkono warnanireki, pan sira dadi isi, besuk neng nraka waelul, Ijajil aturira, sumangga ing karsa Gusti, tan nglenggana dados sisining naraka.

  8. Nanging panuwun kawula, ing salami hamba maksih, tinitah dereng kiyamat, lumebeng jroning yamani, kalilana nutugi, lawan kalilana benjing, hanggagodha dhateng hing nak putu Adam.

  9. Wontena rencang kawula, lumebeng dhateng yomani, Hyang Maha Suci ngandika, hiya sakarepireki, kang karencana gingsir, kang tan gingsir ngong tanasung, lawan wong kang krana Allah, iya aja kok pareki, lawan aja omah awor lan manungsa.

  10. Omaha lebak jurang, embel umbul siluk sungil, kayu watu omahana, saanak putinireki, ing besuk kabeh kapir, Iblis lanat ranireku, Ijajil gya kaplesat, tiba sajabaning langit, redi dhasar tutupe naraka jahnam.

  11. Apan lajeng kayangan, neng redi dhasar Ijajil, ngadhaton jroning dahana, ing saciptanira dadi, hapan dadining geni, lawan wus sinung pinunjul, pangwasa ing Hyang Suksma, Ijajil saktinereki, linuwihken saking malekat sadaya.

  12. Benjang maksih dadi raja, Ijajil kang den ratoni, [35] setan dhemit brekasakan, iya yohanya pribadi, tangkar-tumangkar sami, setan aglis kathahipun, manak-kumanak samya, branahan datanpa wilis, sami mencar kayangan neng ngalam dunya.

  13. Linantur dening Hyang Suksma, Ijajil sasarireki, kuneng wau kang winanrna, malekat kang sujud sami, duk mulating Ngijajil, nalikanya nandhang bendu, malih warnaniraga, ratuning ala sabumi, ngumpul dadi rupaning Ijajil lanat.

  14. Sujuding para malekat, rangkep sujud sukur sami, tan kapire rahmatollah, ing sawuse satus warsi, liwar sadaya tangi, saking denira asujud, marang pakaryanira, henggene sawiji-wiji, ingkang kantun amung kang sami hangayap.

  15. Marang sira Nabi Adam, tanana towangireki, malekat kang sami ngayap, miwah ingkang widadari, Nabi osiking galih, linaden ,malekat ingsun, rumasa dudu bangsa, myang linaden widadari, gya maladi rem-rem ayam denya lenggah.

  16. Sarwi nglalar lambung kiwa, parmaning Hyang ingkang prapti, myat wonten wanudya endah, mijil saking lambung kering, ngiga wekasan linggih, neng iringan sarwa patut, sakala Nabi Adam, medal birainireki, sakalangkung kasmaran ing galihira.

  17. Haranipun Siti Kawa, kasor hapsari swargadi, [36] pamulesmu wilis jenar, bomjo pasariran lungit, sakala kangjeng Nabi, nolih astanya tumelung, pan arsa gayuh jangga, sigra Jabarail prapti, hangalangi pamanglunge astanira.

  18. heh tuan dereng aningkah, tan wajib dadosa rabi, mundur astanira Adam, nulya ningkah kangjeng Nabi, malekat Jabarail, kang ningkahken kaumipun, walinya Gusti Allah, Hyang Suksma ngandika aris, marang Adam lawan marang Siti Kawa.

  19. Heh wruhanta sira padha, karo ratuning swargadi, sun jurung sakarsanira, mung siji kang sun larangi, karan woh-wohan kuldi, haywa wani-wani jupuk, lan ing kawruhana satrunira si Ngijajil, kawruhana panggodhane marang sira.

  20. Jeng Nabi lawan kang garwa, sujud sandika tur neki, mangkana sang Ngijajil, neng ngardi dhasar genipun, miyarsa lamun Adam, ing mangkya wus darbe rabi, Siti Kawa wastane ingkang wanodya.

  21. Paparingira Hyang Suksma, mangkana wau Ngijajil, tan wus raose tyasira, yen Adam maksih neng swargi. Gya mesat sang Ngijajil, minggah marang swarga gung, prapta mider ing jaba, temu gelang tanpa margi, mung sawiji kinunci tinunggu ing mrak.

  22. Paksi mrak nang luhur lawang, sirahe mangklung [37] mring jawi, buntut aneng jro lapisan, pikiring tyas sang Ngijajil, nuli hamalih warni, pan arupa uler tahun, gumremet ngarsaning mrak, mulat ing mangsanireki, gya cinucuk kalebu wetengnya.

  23. Nuli mising paksi merak, Ijajil tibeng jro lapis, mubeng jro lapis kapisan, temu gelang tanpa margi, korine mung sawiji, kinunci sarta tinunggu, dening kang ula naga, sirah mangklung luhur kori, ilat melet lir daludag kulabetan.

  24. Nyrengangas siyunging naga, hagdhing liman ngajrihi, ilunya dres kadi upas, tumiba upase mandi, netrane balerengi, lir surya kembar duk bedhug, Ijajil ajrih nyelak, gya matak limunan ing jim, pan sakala Ijajil dutan katingal.

  25. Wus nyelak ngarsaning naga, netrane kalih sinilir, cangkemira dinamonan, merem angep langkung arip, Ijajil sigra manjing, ing cangkem dukangopipun, prapteng jro cangkem naga, buntutira neng jro lapis, sigra mising kang naga Ijajil medal.

  26. Tumiba jroning swarga, Ijajil gya malih warni, hamindha malekat jaga, neng pinggir pethak anangis, klesedan melas asih, kagyat widadari ngrungu, iki swaraning ngapa, kapyarsa amelas asih, ganti-ganti widadari samya ngucap.

  27. Kaya swaraning karuna, dening ta sawarga iki, larangan lamun karuna, iki teka wani nangis, sakehing widadari, kang celak sami dudulu, celuken Siti Kawa, aningali kang anangis, tinakenan sireku malekat apa.

  28. Klesetan wani karuna, kang nangis  humatur aris, milamba asru karuna, myarsa rakanta jeng Nabi, lawan paduka Gusti, manggih serenging Hyang Ngagung, inggih badhe binical, saking sajroning swargadi, den dhunaken inggih dhateng ngalam dunya.

  29. Gusti yen kalampahana, paduka lan raka Nabi, binucal saking sawarga, dene tanpa dosa yekti, mung dumeh Nabi osik, salebeting galihipun, linadosan malekat, rumaos yen dede jenis, mresing driya satemah dados paduka.

  30. Miyos saking ngiga wekas, lambunge Nabi kang kering, Siti Kawa keter ing tyas, watak wantuning pawestri, gugon tuwoning galih, rumangsa lamun satuku, wasana angandika, apa temen tirireki, kang amindha karuna matur sapata.

  31. Yen amba matura dora, dhatenging paduka Gusti, kenya babenduning Hyang, badan kawula puniki, sampun limrah lan jinis, malekat sadayanipun, Siti Kawa ngandika, iya wus ngandel wak mami, lah ing ngendi gon sun arsa suminggaha.

  32. Kang malih warna turira, sarwi luhira dres mijil, [39] dhuh Gusti saking tresnamba, darbe ratu Kangjeng Nabi, miwah paduka Gusti, apan wonten syaratipun, paduka lan rakanta, hadahara wohing kuldi, pasthi lamun boten amanggih daduka.

  33. Siti Kawa lon ngandika, iku laranganing Hyang Widdhi, wedi yen ingsun mangana, lawan durung wruh kang warni, ingsun lan Kangjeng Nabi, miwah malekat sadarum, tan ana kang mangana, liyan paringing Hyang Widdhi, subkannallah kanikmataning sawarga.

  34. Tan liya mung subkannallah, kaya iku turireki, mangan kuldi wohira, linarangan ing Hyang Widdhi, malekat kang anangis, ngusapi luh sengrak senggruk, milane linarangan, wit dados sesarat Gusti, lamun dhahar mandekken dedukaning Hyang.

  35. Apa temen aturira, kang nagis supata malih, dreweli sasumpahira, temah Siti Kawa gingsir, ing tyas langkung kapengin, nanging tan wruh prenahipun gennira woh larangan, ngandika marang kang nangis, lah ta iya gene ingsun tuduhana.

  36. Siti Kawa sigra mangkat, lawan malekat kang nangis, sapraptanireng ngunjwara, humatur paduka Gusti, pan sarwi anudingi, wohing kuldi prenahipun, Siti Kawa duk mulat, marang wohing kayu kuldi, sru kacaryan kumecer kedah dahara.

  37. Sapraptaning sor tumenga, aningali wohing kuldi, [40] asta kalih gayuh nyandhak, woh kuldi pinethik kalih, sirah mbun-mbunanereki, Siti Kawa pan kasundhul, sadedeg inggilira, woh kuldi wusnya ingambil, gya dhinahar mring Siti Kawa satunggal.

  38. Langkung nikmate kang rasa, lagya tekeng jaja nuli, niba kantu Siti Kawa, sahengetira ningali, kang jaja amendhisil, mentar-mentar dadi susu, lir woh kuldi kang warna, maya-maya ngrespateni, marmanipun wonten wulu lan jinabat.

  39. Kalanpun Siti Kawa, tumenga mulat woh kuldi, marma rinaupan, kaping tri lananta kalih, kinosokan pra sami, denira kinarya gayuh, milane kang mbun mbunan, kaping tri dipun usapi, pan kasundhul woh kuldi kala tumenga.

  40. Mila kuping ingusapan, kaping tri dennya miyarsi, ing tuduhe iblis lanat, kang mindha malekat nangis, sakng dennya tumindak, mring saandhap wohing kuldi, saderenge wulu apan kang jinabad.

  41. Dene sayah riwe medal, Kawa denira lumaris, milanipun yen wanudya, saben sasi metu getih, kadadehan woh kuldi, miwah ingkang banyu susu, wohing kuldi toyanya, yen salat Adam ngamati, sak dina tulhikram jakat pitrah siyam.

  42. Marga saking Siti Kawa, dennira mot wohing kul-[41]di, ri sampunira mangkana, Siti Kawa kundur nuli, bekta woh kuldi siji, karsa ingaturken wau, mring raka Nabi Adam, Ijajil kang malih warni, sampun musna mantuk mring kayanganira.

  43. Yata wau Siti Kawa, kang bekta woh kuldi siji, wus katur marang kang raka, jeng Nabi adam lingnya ris, pagene sira yayi, wani-wani ngambil iku, kuldi laranganing Hyang, apa sira yayi lali, kala dhawuh pacuh marang sun lan sira.

  44. Kang garwa lon aturira, boten kasupen wak mami, marmane purun kawula, pan wonten malekat nangis, sareng kawula titi, margi saking tresnanipun, ing paduka lan amba, kathah-kathah turireki, malah sumpah yen boten temen-temena.

  45. manggiha babenduning Hyang, wus katur sadaya sami, wiwitan prapteng wekasan, solahe ngambil woh kuldi, milanipun suwawi, punika dhaharen gupuh, woh kuldi kang satunggal, hamba wus nedha satunggal dados sarat sampun kongsi manggih duka.

  46. Jeng Nabi wus kangsaning Hyang, myat ing woh kul-42]di  kapangin, yen mangkono karsanira, iya yayi sun turuti, tinampan wohing kuldi, anuli dinahar sampun, raose langkung nikmat, duk ingeleg wohing kuldi, tekeng jongga jeng Nabi niba kantaka.

  47. Dadya mandhekel kang jongga, ingaranan kala menjing, duduh kuldi dadya kama, tan antara Kangjeng Nabi, sawungunya amanggih, dudukanira Hyang Ngagung, kalawan Siti Kawa, kang busana mesat sami, saking badan kalih pindha maskumambang.

۩۩۩ Pupuh 06 ۩۩۩
MASKUMAMBANG

 (www.alangalangkumitir.wordpress.com)

  1. Nabi Adam lan kang garwa kawlas asih, busanane sirna, kalih ting baringkung sami, saparan-paran kesoddan.

  2. Harsa ngaub tan ana kang den aubi, miwah angambila, godhonge kang kayu sami, kinarya tutuping ngurat.

  3. Kayu-kayu pra sami ngujar-ujari, lah ta Adam kawa, sampun parek-parek mami, pan andika wong duraka.

  4. Keneng gudha saking rencananing ngeblis, temah antuk duka, lah lampahana pribadi, sampun ngembeti maring lyan.

  5. Bokmanawi kalih sami nanulari, miharsa gya kesah, kesoddan tambuh den nungseni, sadaya lumuh pinaran.

  6. Wonten kayu satunggal ran kayu ajir, langkung welasira, mring Adam Kawa lingnyaris, lah ngambila godhong ingwang.

  7. Sigra mara Adam Kawa mring sor anjir, kang kayu anulya, godhonge ngalinthing sami, hingaran kayu cemara.

  8. wonten malih kayu kang welas ningali, marang [43] Adam Kawa, kayu garu nguwuh aris, ing ngriki sami ngauba.

  9. Sigra mara sapraptaning ngisor wit, godhongipun sirna, mangkeret dalasan mangkin, garu baluju kewala.

  10. Wus mangkana karsaning Hyang Maha Suci, Adam lawan Kawa, tinudhung saking swarga di, tinurunaken mring dunya.

  11. Lawan naga merak kayu garu ajir, Jabrail dinuta, hanurunnaken tumuli, Nabi Adam Tibanira.

  12. Neng wukit baot gunung ing sarandhil, apan tanah Selan, Siti Kawa tibaneki, neng tanah Siyem punika.

  13. Dening naga tibeng tanah Aspahami, merak tibeng Yahman, kayu garu lawan ajir, tibeng wana lan ing ngarga.

  14. Sadayeku tibane saking ing langit, tanggal kapng tiga, ing wulan mukaram nenggih, mangkana jeng Nabi Adam.

  15. Siyang dalu anangis tibat ing Widdhi, kagagas ing driya, pisahe garwanireki, tan karuhan tibanira.

  16. Nabi Adam luhira dres tibeng siti, hanglir pendah jawah, kang luh dadya mirah sami, tanah Selan kawretanan.

  17. Cinarita jeng Nabi sawusnya nangis, tumenga ing tawang, sinung Ulham ing Hyang Widdhi, langit kasapta narawang.

  18. Kayu saratil muntaha kaeksi, myang lohmahpul-[44]ira,  wela-wela ana tulis, muni lelampahanira.

  19. Papesthene sarirane sampun muni, anglampahi papa, kangelan sarta prihatin, myang harja sakesanira.

  20. Saderenge dumadi praptaning pati, wus nunggal sadaya, wujud ing wong siji-siji, wusnya tan dennya tumingal.

  21. Nabi Adam tobat sujud ing Hyang Widdhi, nulya wonten ayat, timbalaning Hyang kapiyarsi, kinen mujaya mangkana.

  22. Rabanala lam na  an pusa nawain, lam tak pirlan nawa, tarkam nala na kunani, minal kasirin tegesnya.

  23. Duh Pangeran badan kawula pribadi, ingkang nganiaya, lamun tuan tan paring sih, yektyanden papa druhaka.

  24. Nabi Adam mituhu sigra amuji, eklas wardaya, pamuji ya siyang latri, dungkap antuk satus warsa.

  25. Nabi Adam dennira neng pucak wukir, wanci wektu pajar, asalat subuh jeng nabi, mung kalih rekangat salam.

  26. Jabarail prapta dinuteng Hyang Widdhi, maringken apura, kang garwa kinen ngulati, saenggene den kapanggya.

  27. Nulya tedhak Nabi Adam saking wukir, jog ing [45] ngandhap selan, lajeng angelaya bumi, Jabarail musna wus pisah.

  28. Marang Siyem Siti Kawa kawlas asih, tangise tan pegat, luhira dres tibeng siti, saparane dadi mirah.

  29. Hamethukken sira malekat Jabrail, dhawuh ken apura, lah Kawa dika hulati, rakanta Adam neng Mekah.

  30. Sigra mangkat Jabrail atut wuri, kalane samana, Jagad masih dadi siji, saparan tanpa sagara.

  31. Jroning mahsrik mahrib tan wonten jaladri, maksih neng pinggiran, pisahe jaman Nuh benjing, kinelem topan lan toya.

  32. Dadya pisah bumi pulo-pulo benjing, anaa ciut jembar, pinasthi karseng Hyang Widdhi, mangkana ingkang ngelaya.

  33. Nabi Adam lan Siti Kawa nenggih, wus antuk sawaesa, dennira hanjajah bumi, praptent tanah bumi Mekah.

  34. Papranggulan neng ra-araatarwiyahi, suku ngardi ngarpat, rerangkulan sami nangis, tangise syokur ing Suksma.

  35. Sampun musna wau malebet Jabrail, wau Adam Kawa, laminira gangsal warsi, neng sukuning ngardi Ngarpat.

  36. Tan sakeca raosing galih jeng Nabi, aneng tanah ngarab, sawusira gangsal warsi, sigra mangkat lan kang garwa.

  37. Mider-mider areruntungan samargi, angupaya papan, kang dadya senenging galih, pan hanjajah tanah ngarab.

  38. Hing rum ngindi ngidul ngulon ngaler nuli, marang bukit barjah, anjog kusni male bari, neng kono kendel lampahnya.

  39. Manggih papan wana wiyar tur aradin, lepennya [46] tumumpang, kyeh kayu geng buron sring, jeng nabi seneng ing driya.

  40. lan kang garwa agung dennira ngabekti, sartane dedonga, ngatas karsaning Hyang Widdhi, dennya kendel neng kusniya.

  41. Cinarita apan sanga likur warsi, Nabi lan kang garwa, dedonga ing siyang ratri, nuli Jabarail prapta.

  42. Pan dinuta dening Hyang kang Murbeng Bumi, sartanira bekta, palangkan lan busana di, badhong kalawan makutha.

  43. jamang binggel kelat bau anting-angting, sabusananira, Siti Kawa pepak sami, Jabrail alon lingira.

  44. Heh jeng nabi timbalanira Hyang Widdhi, paduka tetepa, mukim wonten  malebari, lawan jumeneng Nata.

  45. Alenggaha palenggahan nira nguni, palangkan mutyara, miwah sagung busanadi, pinaringaken sadaya.

  46. Busananta duk masih aneng swargadi, sabusananira, Siti Kawa pepak sami, paduka angratonana.

  47. sagung ingkang sato kewan ing wanadri, lawan ngratonana, anak putunira benjing, marma jeng nabi paduka.

  48. Lan garwanta karsaning Hyang Maha Suci, tinurunken samya, apanta kinarya wiji, inggih wonten ngalam dunya.

  49. Lawan malih paduka dipun paringi, nugrahaning Suksma, kitab sadasa puniki, ing benjang tuan wulangna.

  50. Dhateng anak putu kang tuan ratoni, lan tuan siyama, siyam abel saben sasi, sampun kantos nawa.

۩۩۩ Pupuh 07 ۩۩۩
MEGATRUH

 (www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Duk miyarsa Nabi Adam nulya sujud, lan kang gar-[47]wa aneng siti, satangine saking sujud, junjung astanira kalih, donga sokur ing Hyang manon.

  2. Tigang dina sampurna sadhawuhipun, Jabarail mring jeng Nabi, satimbalaning Hyang Ngagung, sato kewan ing wanadri, miwah ingkang manuk-manuk, sadaya wus ngratu sami, marang Nabi Adam saos.

  3. Siyang dalu datan wonten towangipun, saking parmaning Hyang Widdhi, basane kang manuk-manuk, myang sato kewan wanadri, jeng Nabi pan sampun mangertos.

  4. Duk samana Nabi adam yuswanipun, pinetang kala duk kawit, mring dunya tumurunipun, praptanira ing samangkin, dennira jumeneng katong.

  5. Hangratoni sato kewan ing wanagung, dening tahun surya lagi, satus sanga likur tahun, dening yen ing tahun sasi, yuswanipun apan kaot.

  6. Sampun satus tingang dasa tingang tahun, mangkana wahu jeng nabi, dhatengken ning galihipun, dennyarsa babarken wiji, lan kang garwa gung karongron.

  7. Reroncene ing tingkah datan cinatur, pamangunireng saresmi, jeng Nabi mring garwanipun, samana sampun garbini, babar putra jajodhon.

  8. Dadya inggal kathahira putranipun, saben babar [48] kalih-kalih, kembar estri lawan jalu, longkangira datan lami, lamun nuju ingkang miyos.

  9. Jalu pekik kembaranirestri ayu, lamun ala ingkang mijil, lanange datan bagus, estrine kembarneki, warnanipun inggih awon.

  10. Cinarita kawan dasa putranipun, kembaran langkung kakalih, Siti Unuk langkungipun, timbanganira Nabi Sis, semi ijen tanpa jodho.

  11. Siti Unuk geng pangawak satus gunung, lenjang yen patopan nenggih, jamanira jeng Nabi Nuh, jagad kinelem ing warih, gunung-gunung datan katon.

  12. Paran dene Unuk namung waked jengku, marma Unuk tanpa laki, ya saking geng luhuripun, Unuk namung laki angin, wus tinakdir ing Hyang Manon.

  13. Namung laki angin dadya wawratipun, suteng Unuk lahir neki, edalira saking banyu, pan kongsi kawan dasa ari, wedalira datan alon.

  14. Lir lampahing jemparing ing rikatipun, iku lagya genging bayi, diwasa pira gengipun, kaelokanning Hyang Widdhi, tan montra kena ginayoh.

  15. Suteng Unung sang Ngiwad paparabipun, wus pinanthi ing Hyang Widdhi, Ngiwad dadya mengsahipun, jeng Nabi Musa ing benjing, ingkang wus kocap cariyosipun.

  16. Kangjeng Nabi Musa nenggih dedegipun, pitung pu-[49]luh  gas pan sami, lan panjanging ecisipun, paran dene denniira mrih, ing prang pejahe pakewoh.

  17. Hiya saking Sang Ngiwat geng luhuripun, jeng Nabi Musa pan mawi, minggah ing tursina gunung, panumbakira ing ecis, namung dugi ngisor polok.

  18. Winagsulan nenggih wahu urutipun, putranira Kangjeng Nabi, ingkang anem kang asepuh, miwah ing namanireki, putra jalu lan kang wadon.

  19. Pambajenge putra Adam ingkang jalu, sinung nama Sayid Kabil, langkung pekik warnanipun, estrinya kembaraneki, Siti Aklimah yu kaot.

  20. Wawrat malih Siti Kawa babaripun, inggih kembar jalu estri, Sayid Abil jaleripun, Siti Damimah kang estri, warnanipun sami awin.

  21. Babar malih sami kembar putranipun, kang jalu Sayid israil, Ngabdolah bosorabipun, pekik kembarannya nami, Siti Sarirah yu kaot.

  22. Babar malih mijil kembar ingkang jalu, Sayid Iearawan nameki, Ngabdur Rahman Arabipun, Siti Onah ingkang istri, warnanipun sami awon.

  23. Babar malih Abukaris ingkang jalu, warnanipun langkung pekik, kembarannya yu pinunjul, Siti Dayunah raneki, wusnya putra gangsal jodho.

  24. Anatarane sampun tigang dasa tahun, yuswanipun [50] Sayid Kabil, sedhengnya birahinipun, jeng Nabi Adam anggalih, kang putra sami jinodho.

  25. Putra jalu ingkang awon warnanipun, dhinaupaken putrestri, ingkang warnanipun ayu, putranya jalu kang pekik, jodho lan estri kang awon.

  26. Nging salaya lan kang garwa karsanipun, ayu dhaupa kang pekik, awon sami awonipun, kang garwa dreng turireki, jeng Nabi karsanya bakoh.

  27. Dangu dennya pra samya padudon kayun, dennyarsa jodhokken siwi, kang garwa ature swndhu, paduka tumut punapi, mung ngaken lamun wus dados.

  28. Boten tumut paduka ing sakitipun, apan kawula pribadi, miwahta kangelanipun, kang ngandhut ing rina wengi, kongsi sangang pancorong.

  29. Kongsi lahir dadah dulah momongipun, ngemban  gendhong rina wengi, sayekti wajib katengsun, darbe purba marang siwi, sakarsamba angreh dados.

  30. Nabi Adam miyarsa mesem lingnyarum, yen mangkono kayo kardi, pratondha sira lan ingsun, kang nora katrimeng Widdhi, anuta aja padudon.

  31. Sigra sami medalken ing rahsanipun, winadhahan cupu manik astagina pinuja wus, muga Allah anandhani, mring dosiye kang padudon.

  32. Wusnya nangkep ing samaya sangang tengsu, buka [51] cupunira sami, Nabi Adam kamanipun, agatra wujud bebayi, nanging mung balung lan otot.

  33. Warni jalu gantya buka cupunipun, Siti Kawa tanpa dadi, maksih getih anglempuruk, nulya Jabarail prapti, bekta kodrating Hyang manon.

  34. Dene kamanira Siti Kawa wau, maksih tulus rupa getih, limpreg-limpreg anglempuruk, nulya ana angin geng prapti, kamaning Kawa tinempoh.

  35. Ing prahara pan kumitir solahipun, kama kabuncang ing angin, sumyur saking cupu mawur, asebawa tanpa warni, ngumandhang rame gumuroh.

  36. Datan manggen lamun munya lingsir dalu, tankadhangan celak tebih, ingaranan rijal iku, tan dangu nulya nututi, cupu kakalih tinempoh.

  37. Dening angin mesat nuting rijal wau, cupunira Kawa dadi, jati ngarang raning kayu, cupuninh jeng Nabi dadi nagageng kedah hambadhog.

  38. Marang rijal saparanira binujung, gaib karsaning [52] Hyang Widdhi, maksih sami badan alus, yeku kaol kang sawiji, dene kaol kang kapindho.

  39. Rijallolah golongane wali kutub, sinungan karya nganglangi, jagad amaringaken wahyu, marang manungsa kang sami, nebut asmaning Hyang manon.

  40. Wong kang alul melek laku bangun esuk, temen-temen ing Hyang Widdhi, rijallolah kang ingutus, maringaken wahyunireki, dening swara kang gumuruh.

  41. Prabawaning rijalollah yen ing dalu, ngumandhang kapyarsa sami, emya-enya swaranipun, sengga sasmita nawani, wahyuning Hyang kang ginadhoh.

  42. Cupu Nabi ing sasampunipun, kothong dadya Bagendha Sis, Siti Kawa cupunipun, tanpa dadi maksih getih, nulya nagin geng tumempoh.

  43. Cupu kalih katut kabuncang ing lesus, tiba sajawining langit, tibane tinampan sampun, cupu kalih mring Ijajil, kang satunggal cupu kothong.

  44. Kang satunggal maksih isi mani wau, Ijajil suka tan sipi, wruh yen na gung sawabipun, cupu kakalih pinetri, mring Ijajil tan keneng doh.

  45. Pan sumongga karsaning wong ngagung-ngagung, [53] pundi kang dipun karsani, kaol kakalih puniku, ingkang anganggit pan darmi, wala hu alam kang yektos.

  46. Dene kang wus mutamading kitabipun, cupu tinanpen Ngijajil, kuneng wau kang winuwus, Siti Kawa duk ningali, kamanira tanpa dados.

  47. maksih rupa getih neng cupu nglempuruk, kamane kang raka nabi, dadi bebayi tur jalu, bagus cahyanya nelahi, ruruh wingit ing pasemon.

  48. Cupu kalih sirna kabuncang ing lesus, Siti Kawa tobat aglis, matur pasrah manutipun, mring kang raka dennira mrih, marang ing putra hanjodho.

  49. Sawusira Siti Kawa nut ing kakung, pamit musna Jabarail, jeng Nabi amatah gupuh, jodhoning putra sineling, ingkang bagus angsal awon.

  50. Kembarane Kabil Aklimah warna ayu, pinaringaken mring Abil, Israil kembaranipun, pinaringaken Israil, putra tiga pra samya nuting karsanira jeng Nabi, bagus jinodho lan awon.

  51. Namung Kabil ingkang murtat ing tyasipun, ji-[54]nodho  kembaraneki, Abil dahat awonipun, kembaranira pribadi, Siti Aklimah yu kaot.

  52. Eman-eman jinodho lan Abil iku, kembaraningsun pribadi, luwih salah karsanipun, jeng rama dennira kardi, dana mring putra hanjodho.

۩۩۩ Pupuh 08 ۩۩۩
ASMARADANA

 (www.alangalangkumitir.wordpress.com)

  1. Keneng panuntuning Iblis, Kabil tan wus ing tyasira, temah ing muring-muringe, marang Abil tibanira, dennya jinodho lawan, Aklimah kembaranipun, dadya Abil pinejahan.

  2. Ingapusan mring wanadri, sirahe kinepruk sela, ngartining tingkah mangkana saking Iblis kang amulang, sawusnya Abil pejah Kabil lajeng kesahipun Siti Aklimah binekta.

  3. Kembaranipun pribadi, tan kantun saparanira, kendel tanah nut lampahe, Siti Damimiah tinilar, ingkang awon warnanya, Damimah awon kalangkung, dening tinampik mring priya.

  4. Lajeng kesahireng latri, sapurug datanpa sedya, sarta pratignya ing tyase, sajeg datan arsa krama, lamun tan antuk priya, kang ngluwihi pekikipun, saking Kabil warnanira.

  5. Israwan lawan Israil, samya nut datan suwala, den-[55]ira linintu jodho, saking karsaning kang rama, pekik dhaup lan ala, putra ingkang dereng antuk, lintu jodho ala rupa.

  6. Abukaris langkung pekik kenengg panggodaning setan, maksih kembarane dhewe, Iblis lanat mindha rupa, kadya jeng Nabi Adam, Abukaris kinen gupuh, kesah lan kembaranira.

  7. Kendela babat wanadri, Bungas ing tanah Astina, ingkang wekas wetan dhewe, sartane kinen gambara, ing warnane kang rama, kinen nembah ingkang suhud, wajib mangeran ing bapa.

  8. Cinatur babarireki, bagenda Sis duk samana, ing tahun Adam etangane, pan satus sawidak warsa, yen ing tahun rembulan, Begendha Sis babaripun, pan satus sawidak gangsal.

  9. Yata wau kang winanrni, putradam sayanira, baginda esis arine, cinaturaken kewala, baru lampahing kondha, Siti Kawa putranipun, saben babar  sakembaran.

  10. Kang Rumiyin Sayid Yasis, Siti Ngawis kembarannya, Sayidin Sesan arine, Siti Ngais kembarannya, nulya Sayid Yasmujan, Siti Ramsah kembaripun, nunten Sayidin Yasmijan.

  11. Lan Siti Garusah nenggih, nunten babar Sayid [56] Suryan, Siti Sirujad sarenge, nunten babar Sayid Asman, kembaran Siti Ma’as, nunten Kayu Mutu, iya Sayid Kayumarad.

  12. Kang dadya kembaranereki, nama Siti Indumaras, nulya Yakjuja arine, lawan Siti Wamakjuja, pan dadining supena, Nabi Adam duk ing dalu, supena nyaremi garwa.

  13. Siti Kawa inggih ngimpi, sinareman mring kang raka, enjang wungunira sare, rare kakalih wus samya, munggwing ing ngarsanira, lajeng bisa cacelathu, lawan dapurira beda.

  14. Untune landhep tan sipi, kupinge omba adawa, keploh dumugi sukune, tinakenan sahurira, yen putra Nabi Adam, lahiripun wau dalu, mijil saking Siti Kawa.

  15. Jeng Nabi garjiteng galih, miwah garwa Siti Kawa, samya enget supenane, jeng Nabi tan ora samar, lamun iki maksiya, tunggil lawan kadangipun, yekti yen lebur minongsa.

  16. Gya tinudhung kesah aglis, Yakjuja lan Wamakjuja, kaliye pra samya manggen, jawining tanah Aprika, nulya malih putraya, Sayid Loto ingkang jalu kembarannya Siti Ngujwa.

  17. Keneng panuntuning Iblis, kesah murtat mring kang rama, ambanter kasutapane, neng Kusna tanah Aprika, anunten arinira, sayid kata ran Sayid Rup, kalawan Siti Rupiyah.

  18. Arinipun nama Sayid, Arad lan Siti Artiyah, Sa-[57]yid Kuwakil arine, lawan Siti Awakiyah, anulya arinira, sayid Asmail ranipun, lawan Siti Asmakiyah.

  19. Anulya Sayid Asmangil, lawan Siti Amangiyah, Sayid Makail arine, kembaran Siti Malkiyah, arinipun anama Sayid Tamkail kang jalu, kembaran Siti Tamkiyah.

  20. Anunten Sayid Yahmail, kembaran Siti Yaniyah, Sayid Arnail arine, kembaran Siti Harniyah, anunten arinira, sayid Samail kang jalu, kembaran Siti Samiyah.

  21. Anulya Sayid Ngawail, kembaran Siti Ngawiyah, Sayid Astail arine, kembaran Siti Astiyah, arinipun anama, Sayid Nurail kang jalu, kembaran Siti Nuriyah.

  22. Anunten Sayid Nuhkail, kembaran Siti Nukiyah, Sayid Nurkail arine, kembaran  Siti Nurkiyah, anulya arinira, Sayid Sarkail kang jalu, kembaran Siti Siti Sarkiyah.

  23. Anulya Sayid Karail, kembaran Siti Kariyah, Sayid Mihkail arine, kembaran Siti Mihkrimah, anunten arinira, Sayid Adail ranipun, kembaran Siti Adiyah.

  24. Anulya Sayid Panail, kembaran Siti Paniyah, Sa-[58]yid Pujail arine, kembaran Siti Pujiyah, anulya arinira, Sayid Sasail ranipun, kembaran Siti Salsiyah.

  25. Anunten Sayid saknail, kembaran Siti Sakniyah, nulya arinira wadon, sajuga tanpa kembaran, Unuk langkung gengira, rare agengnya sagunung, diwasa pira gengira.

  26. Kaelokaning Hyang Widdhi, nulya arinya anama, Sahanail warujune, lawan Siti Sahalniyah, sawusnya kawandasa, kembaran putranireku, nenggih langkung akembaran.

  27. Yata wau kang winarni, bangenda Sis diwasanya, kalangkung pekik warnane, sarira rurus ajenar, mawa cahya nugraha, tejanya wenes sumunu, pindha banguning kartika.

  28. Kukuwunge nelahi, saksat wimbahning basanta, luwih saking kadang kabeh, ruruh ing semu jatmika, sabar lila ing dunya, marteng tyas legaweng lampus, pasang limpating grahita.

  29. Kitab paringing Hyang Widdhi, sadasa maring kang rama, Sayid Sis wus putus kabeh, sring kinarya wakil mulang, marang kadang sadaya, tuhu yen peputra piturun, saking kang murbeng bawana.

  30. Apanta kinarya suci, bengenda Sis dening suksma, [59] datanpa babudadine, wus sasat putra pupujan, mangkana Nabi Adam, mring kang putra ngandika rum, kuplup sira ingsun duta.

  31. Nunuwuna ing Hyang Widdhi, wiji woh-wohan sawarga, kang yoga dadi panganane, marang anak putu benjang, kang putra sandika, sigra dennya munggah gunung, sujud nanedha ing Suksma.

  32. Katrima panuwuneki, nulya Jabarail prapta, dinuta mring Hyang Manon, lan Widadari ambekta, wiji saking sawarga, neng talam mutyara mancur, pepak kang wiji sadaya.

  33. Uluk salam Jabarail, nahuri ngalekum salam, wus sami tata lungguhe, dhawuhken timbalaning Hyang, lamun sampun katrima, kang dadya panuwunipun, lah dawek mantuk kewala.

  34. Kularsa panggih pribadi, inggih lan rama handika, saksana sareng angkate, mudhun saking ing ngaldaka, Esis lan jabarail, Hapsari katiganingsun, nampanen nampan mutyara.

  35. Isi sawarnaning wiji, ing marga datan winarna, katri wus prapta lampahe, ngarsane Nabi Adam, Jabarail uluk salam, assalamu ngalaekum, jeng Nabi kagyat tumingal.

  36. Kurmat dekungira sarwi, anauri ngalekum salam. Sawusnya tata lungguhe, Jabrail alon lingira, tuan Nabi handuta, marang Sis putranireku, dadonga nanedheng Suksma.

  37. Nuwun sawarnaning wiji, pandongane tinarima, [60] inggih pinaringan kabeh, wiji wowohan sawarga, tanaman ngalam dunya, wiji weratakna besuk, marang anak putunira.

  38. Lan malih putranira Sis, pinaringan ing Hyang Suksma, inggih kang dados jodhone, Widadari Dewi Mulat, jeng Nabi duk miyarsa, lan kang putra nulya sujud, dangu nunungkem bantala.

  39. Wungu saking sujud kalih, dedonga ayukur ing Suksma, anulya den ningkahaken bagendha Esis kalawan, hapsari Dewi Mulat, Jabarail kaumipun, wusing peragat ningkahnya.

  40. Anulya kang rayi-rayi, kang sampun samya diwasa, den ningkahken sadayane, sineling-seling jodhonya, pekik dhaup lan ala, putra sadaya samya nut, sakarsanira kang rama.

  41. Tan ana sawaleng kapti, Jabrail kala samana, sartanira maringaken, nenggih wesi lawan waja, marang ing Nabi Adam, sarta sabekakasipun, ing pandhe wesi sadaya.

  42. Jeng nabi kinen akardi, gagamane karya wisma, myang nenandur pirantine, sasawah miwah tategal, perapen wus pinacak, paron myang ububipun, kikir palu myang gurinda.

  43. Lekas pandhe kangjeng Nabi, Jabarail kang nga-[61]mulang, dahana pinendhetake, geni saking ing naraka, adheme pan tinawa, toyeng samodra ping pitu, saderengipun tinawa.

  44. Tan ana bisa mrepeki, kang ngladosi para putra, pan tikel satus panase, lawan geni ngalam dunya, jeng Nabi wus akarya, pecok kejen linggis, pacul, tatah wadung pethel gobang.

  45. Pangot kudhi ladhing arit, prantine wong karya wisma, lan nenandur pepak kabeh, pinaringken para putra, samya hambubak wana, ing pacul gari waluku, sawusnya dadya gadhangan.

  46. Lajeng sinebaran wiji, sanggone tuwuh merajak, sangsaya wiyar tebane, kang tegal bubakan anyar, wiji pala kasimpar, kapendhem miwah gumantung, kanthi woh handadi samya.

۩۩۩ Pupuh 09 ۩۩۩
KINANTHI

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Kuneng gantya kang winuwus, nenggih malekat Ijajil, kang kayangan nardi dhasar, ngadhaton sajroning geni, wus kathah gyanira yoga, beranahan mencar sami.

  2. Wismeng wana gunung-gunung, jurang pereng kali-kali, pan wus kodrating Hyang Suksma, jin sinung badan rokhani, bineda lawan manungsa, saciptanira pan dadi.

  3. Wismaha jro kayu watu, jro toya dahana bangkit, satata wus kadya jalma, sadaya angratu sami, mring Ijajil kang ayoga, lyan tedhaking pribadi.

  4. handajali turunipun, miwah turuning Ngajali, bra-[62]nahan pan sampun kathah, ingkang ngratu mring Ijajil, duk samana amiyarsa, yen Nabi Adam samangkin.

  5. Haneng ngalam dunya sampun, antuk apureng Hyang Widdhi, wus inggadegaken nata, neng Kusniya malebari, ngratoni sadayanira, sato isining wanadri.

  6. Buron alas manuk-manuk, sadaya mangratu sami, marang sira Nabi Adam, wus kathah putranireki, sadaya pan kawan dasa, kembaranlangkung kakalih.

  7. Pamumulaning Hyang Agung, tan pae kaladuk maksih, kinarya ratuning swarga, dening putra Dam samangkin, samya kinen bubak wana, tategalan den tanemi.

  8. Wiji-wiji samya tumuwuh, wiji paringan Hyang Widdhi, saking Sis panuwunira, sartanipun den paringi, ingkang dadya jodhonira, Hapsari dening swargadi.

  9. Langkung sungkawaning kalbu, tambuh solahing Ijajil, ing siyang dalu tan eca, tyasira hanggung hanggeni, marang sira Nabi Adam, kalamun godhawa malih.

  10. Kadya duk aneng swarga gung, wus rumasa ora olih, dene mangke Nabi Adam, wus sinung paningal sidik, nora kena kasamaran, obah osiking dumadi.

  11. Ginodhawa yekti weruh, mangkana wau Ijajil, binalik belah tyasira, angur ngemorana mami, marang [63] anak putu Adam, kang dadya kasihing Widdhi.

  12. Ijajil anulya sujud, nanedha sarya sru nangis, Hyang Suksma asipat rahman, Ijajil kaliwat musrik, saking sruning panedha, ciptane den sembadani.

  13. Wus kabuka ing tyasipun, wonten putuning Ijajil, panengeran Dewi Dlajah, sigra sinalinan warni, kadya retna Dewi Mulat, Ijajil sampun udani.

  14. Yen cahya nur buwah sampun, ngalih marang bagindha Sis, mesat saking ngardi dhasar, saputrinira tan kari, sakedhap lampahe prapta, ing Kusniya malebari.

  15. Ijajil lajeng jumujug, ing tilame bagindha Sis, Dewi Mulat duk samana, pan lagya ngandheg tri sasi, wus pinasangan werana, kasektenira Ijajil.

  16. Dewi Mulat tan kadulu, mung kang mindha kang kaeksi, bagindha Esis tyasira, keneng pangasihan Iblis, umiyat kang mindha garwa, oneng tyasira tan sipi.

  17. Kang mindha sinaren sampun, tumurun rahsanira Sis, mring telanakaning Dlajah, Ijajil suka tan sipi, wruh lamun Sis rahsanira, wus tibeng putranireki.

  18. Dewi Dlajah wus sinambut, mring Ijajil binekta glis, mantuk mring kahyanganira, hardi dhasar sampun prapti, ilang aling-alingira, Dewi Mulat wus kaeksi.

  19. Bagindha Sis nora weruh, lamun denira nyareni, [64] ing garwa liniru setan, nyana garwanya pribadi, ingkang nora kasamaran, mung kang rama Kangjeng Nabi.

  20. wauta ingkang winuwus, nenggih dennira garbini, Dewi Mulat wusing prapta, ing semaya sangang sasi, nulya babar wawratannya, anuju wijiling rawi.

  21. Miyos jalu putranipun, pekik cahyanya nelahi, ananging sang retnaning Dyah, maksih kandhutanireki, dereng wus dennya bebada, prapteng suruping Hyang Rawi.

  22. Babar malih sang Dyah Ayu, nanging tan wujud bebayi, putranira wujud cahya, kuneng wau kang winarni, apanta sadina, putranira sang Ijajil.

  23. Dewi Dlajah babar sampun, nenggih denira garbini, samya nuju surup surya, iya tan wujud bebayi, apan maksih wujud rahsa, gilar-gilar den tingali.

  24. Lir bun munggeng lumbu, gya sinambut mring Ijajil, mesat sakedhap wus prapta, ing Kusniya Malebari, rahsa pinanjingken cahya, anulya wujud bebayi.

  25. Jalu pekik warnanipun, mawa cahya anelahi, Ijajil kalangkung suka, katekan sedyanireki, wus mantuk kahyanganira, bagindha Sis kang winarni.

  26. Sukeng tyas miyat ing sunu, de sampun wujud be-[65]bayi, katur marang ingkang eyang, jeng Nabi gupuh nedhaki, sukeng tyas mulat ing wayah, wus samya sinung kakasih.

  27. Sayid Anwas ingkang sepuh, nama basane Arabi, yen ing jitabsara Nasa, kang anem anamnireki, yen ing jitabsara Nara, Anwar basa rabireki.

  28. Nama Anwar tegeseipun, cahya kwoh sorotireki, murub abang tungtung pita, biru sorotipun wilis, ireng sulak kapuronta, dadu wungu gangsal warsi, lamun ing tahun sasongka, satus langkung wolung warsi.

  29. Yata wau kang winuwus, nenggih raden wayah kalih, ingkang anem cahyanira, sorotipun warni-warni, galak ulate kang cahya, dinulu ambalerengi.

  30. Kang raka cahyanya ruruh, dennya meh tan mawi runtik, yayah wimbaning basonta, kukuwunge hanelahi, myang sabarang budinira, beda kalawan kang rayi.

  31. Kang raka hambegira, karem marang ing agami, kang rayi geng budinira, tiru ibune hapsari, kacampuran Dewi Dlajah, putrinira sang Ijajil.

  32. Wus prasasat badan alus, ibu hapsari lan Ejim, [66] duk bisa rumangkang bisa, sacangkang benggang lan siti, wus kedah mabur kewala, sabisanira lumaris.

  33. Apan lajeng bisa mabur, cinarita raden kalih, diwasanira sangsaya, katingal pekikireki, miwah kukuwunging cahya, kadya tan samining janmi.

  34. Prasasatputra piturun, kaliye saking swargadi, kitabira ingkang eyang, sadasa paringing Widdhi, raden wayah kalihira, wus putus sadaya sami.

  35. Kang raka bekti Hyang Agung, karem marang ingngulami, rasaning kitab sadasa, kaesthi ing siyang ratri, dening Raden Sayid Anwar, dahat karem matiragi.

  36. Gung jajah guwa myang gunung, amrih ing guna kasekten, cinatur pansampun kathah, wauhira Kanjeng Nabi, sangsaya wiyar tebanya, denya hambukak wanadri.

  37. Ana kang babakal dhukuh, myang tategal nanem wiji, sak gen-gen tuwuh sadaya, namung wayang kang sawiji, nenggih Raden Sayid Anwar, budine nganeh-anehi.

  38. Lan sadaya kadangipun, ragi tebih ingagami, jengNabi Adam tan samar, kalamun wauahireki, ingkang aneng Sayid Anwar, kacmpuran trah pamijil.

۩۩۩ Pupuh 10 ۩۩۩
M I J I L

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Miwah badhe ingsasarireki, marang agama doh, pi-[67]nisahken lan kadang wargane, tyase kena panuntuning Iblis, jeng Nabi wus uning, ing saderengipun.

  2. Sinung ilham marang ing Hyang Widhi, tumingal ing kayon, sajaratil muntaha tulise, lohkil mahpulira sampun muni, ingkang wayah kalih, lelampahanipun.

  3. Wayahira kang sepuh kinardi, karsanya Hyang Manon, nurunaken marang panengene, sagunge kang para Nabi-Nabi, miwah kang para ji, kang samya gung-agung.

  4. Tanah Arab Ngindhi Rum Ngabesi, sagung para katong samya tedhak Anas sadayane, tanah besar kang Islam myang kapir, Sayid Anwas sami, ingkang darbe turun.

  5. Wus pinanthi denira Hyang Widdhi, de wayah kang anom, anurunaken marang pangiwane, dewa-dewa miwah para Resi, hing dewata benjing, Maldewa pra ratu.

  6. Tanah Banggala Keling myang Bali, Jawa sapangulon, pulo ing Palembang saurute, turun saking Sayid Anwas sami, ananging jengNabi, langkung wingitipun.

  7. Yen nglahirna karsaning Hyang ajrih, kang dereng kalakon, namung kang wus tumibeng wektune, sabarang reh kang dipun lampahi, samana nimbali, wayah kalihipun.

  8. Sampun munggeng ing ngarsa jeng Nabi, angandika [68] alon, heh ta wayah ingsun sakarone, pada dandana sira sun tuding, munggah marang langit, hanggambar swargagung.

  9. Den kapetha sakontha-kanthaning, swargadi den utoh, wawangunan rajitane kabeh, haywa na kang kekurangan siji, swargagung pribadi, ing nguni gon ingsun.

  10. Duk kinarya ratuning swargadi, lawas-lawas ingong nemu duka keneng panggodhane, Iblis lanat wani-wani ngambil, larangan Hyang Widdhi, lah eyang ireku.

  11. Gya tinundhung saking ing swargadi, tinurunken ingong, marangdunya pinisah tibane, lawan eyangira kawlas asih, panujune kaki, nulya na pitulung.

  12. Kaya sinung wenang sira kaki, denira Hyang Manon, munggah maranging swarga dene, ibunira pan iku hapsari, prasasat sireki, ya wis badan alus.

  13. Dene margane maring swargadi, kaliwat pakewoh, kali papat hiya dalane, ingkang diji kali begawan Nil, kapindhane kali purak aranipun.

  14. Bengawan Daljah ingkang kaping tri, papat kali jakon, kali papat iku padha bae, hiya sirahe saking swargadi, ndi sira senengi, turuten mandhuwur.

  15. Sira nuruta gisiking kali, menggok tuten menggok, [69] yen wus prapta ing kali judhege, sayektine katon ing swargadi, ingkang wayah kalih, sandika turipun.

  16. Langkun sami sukanireng galih, sinungan karya bot, mring kang eyang piniji lakune, nora ketang kalih prapteng pati, sinung boting kardi, anggambar swargagung.

  17. Ingkang eyang angandika malih, poma wekas ingong, den tumemen tyasiraywa mengeng, mung melongo maranging sawiji, tingalireng Widdhi, hawya sala dulu.

  18. Yen tumemen pasthi bisa prapti, yen tyasira menggok, nora bisa prapta sawargane, nuli, mangkata ingsung jurungi, ingpuji lan dhikir, raharjaning laku.

  19. Ingkang wayah sigra ngabekti, ngraup pada karo, wusnya gantya mring rama ibune, marang uwa paman sadayeki, ngrangkuk ganti-ganti, raden kalih sampun.

  20. Lajeng saking ngarsanya jeng Nabi, kang kantun wirangrong, yayah kadya nutaken tungale, marang lampahira raden kalih, dene ta tinuding, hanggambar swargagung.

  21. Langkung gaib karsanya jeng Nabi, tan kena ginayoh, dennya ngutus ing wayah kalihe, para putra yen matura ajrih, sadaya nut sami, marang karsanipun.

  22. Namung sami nanedha Hyang Widdhi, rahayune karo, dennya tinuduh marang eyange, yata wau lampahira kalih, rembugan samargi, kang raka lingnya rum.

  23. Lah ta yayi endi kang pinilih, kali papat me-[70]ngko,  dene kangjeng eyang timbalane, kali papat sirahe pan sami, ya saking swargadi, endi kang panuju.

  24. Ingkang rayi sahurira aris, yen sira nut ingong, becik milih ingkang perak bae, kang kinarya pangandika dingin, kali bagawan Nil, hiyeku tinurut.

  25. Kali telu pan kinarya, karilan maringe adoh, becik milih ingkang perak bae, ingkang raka angandika aris, iya bener rayi, pikirira iku.

  26. Sigra wau lajeng raden kalih, lampahira nyerot, tan winarna ing marga lamine, sampun prapta kali bagawan Nil, tinurut manginggil, kali lampahipun.

  27. Hanut ingkang tikunge kang kali, datan arsa menggoh, hanrang baya  raden ing lampahe, datan etang pringgane kang margi, nurut pinggir kali, tentengan ruruntung.

  28. Datan kendel lampah siyang ratri, sruning karsa karo, bangawan Nil angel gigisike, angerakal karikil maringkil, siluk-siluk sungil, mangab singu-singub.

  29. Nginggil bandhot bundhet ri penjalin, pring ori gumeret, mrenging ori-ori peperenge, sela miring tumaming hanggawing, lamat-lamat limit, lelumuten lunyu.

  30. Datan kewran raden wayah kalih, angambah margewoh, [71] tan winarna neng marga lamine, pan cinendhak samana wus prapti, kali bengawan Nil, tatenputanipun.

  31. Mangu ing tyas samya kendel dening, sirah kali loro, ingkang kanan iline saking lor, mili saking kiddul ingkang kering, wiyaripun sami, myang pipinggiripun.

  32. Miwah lebet weninge kang warih, sami kali loro, langkung kewran dyan kalih ing tyase, yen nuruta kanan bokmenawi, kali ingkang kering, kang saking swargagung.

  33. Yen nuruta kidul bokmenawi, kali kang saking lor ingkang saking swarga sirahe, dahat ginayuh tyasnya raden kalih, samya dhodhok munggwing, pinggir kali jetung.

  34. Yata wonten putra Adam nguni, kang kesah sajodho, Sayid Lata kang jalu, wastane, Siti Ngujwa namane kang estri, murtat ing jeng Nabi, jalwestri tinudhung.

  35. Nulya kesah saking Malbari, neng Kusna tapandon, langkung saking genture tapane, pan wus dadya nyiluman jalwestri, ing reh sadurunging winarah wus weruh.

  36. Antuk saking wulange Ijajil, pan kinaruh karo, mring Ijajil myang guna sektine, linuwihken saking saktining jim, marma tyase keni, mring Ijajil anut.

  37. Hapan dadya pasebutan benjing, mring wong kapir [72] karo, Latawal Ngujwa apan ginawe, wrana lingling ira Ijajil, sahingga pepatih, marmanira sinung.

  38. Kaluwihan kang luwih saking jim, wauta duk anon, Latawal Ngujwa ing pulunane, sungkaweng tyas kendel satepining, tempuran kali Nil, dhodhok mangu jetung.

  39. Kepyaning tyas kang tinurut dening, sirah kali loro, pan ing nguni nalika angkate, ingkang eyang ora hanjarwani, lamun bengawan Nil, loro sirahipun.

  40. Latawal Ngujwa sigra marpeki, mring wong dhodhok loro, wus katingal ngadeg neng ngarsane, mesem sarwi pamuwusira ris, heh bageya sami, pupulunaningsun.

  41. Wayah Adam sutengbagendha Sis, Anwar ingkang anom Sayid Anwas kang tuwa arane, padha dinuta ngiyang ireki, kinon gambar sami, warnaning swarga gung.

  42. Dedalane munggah mring swargadi, karo sirah kinon, milih bengawan papat arane, ingkang dingin kali bengawan Nil, sirahe pan sami, saking ing swarga gung.

  43. Sirah kali bengawan Nil, kang parek nora doh, iya saka ing malebarine, prapteng tempuran kepyan sireki, dene bengawan Nil, loro sirahipun.

  44. Yen nuruta bengawan kang kering, manawa ingkang [73] lor, ingkang saking swarga sirahe, kang saking swargadi, manawa kang kidul.

  45. Eyangira nguni tan jarwani, yen sirahe loro, lah wis aja sungkawa karone, iya kulup ingsung kang jurungi, mring lakunireki, kang tuwa nak ingsun.

  46. Anuruta sirah Bengawan Nil, kang mili saking lor, dene sutaningsun ingkang anom, anuruta ingkang saking kering, babaraning kali, mili saking kidul.

  47. Iya padha saking ing swargadi, sirah kali loro, marma nora jinarwan maune, iyang marang eyangira Nabi, lamun bengawan Nil, loro sirahipun.

  48. Eyangira jeng Nabi wus sidik, yen bakal saking ngong, ingkang asung tuduh ing sirangger, raden wayah kalih duk miyarsi, wuwuse kang prapti, anggambuh tyasipun.

wonten candhakipun…….. Pupuh 11 – 17

SULUK MAKMUNURADI SALIKIN


Anggitanipun abdi-dalem Kyahi Ngabehi Yasadipura.

Sekar Maskumambang : 52 pada.

  1. /Timbuling tyas anenggih satriya adi, dennyalul lalona, mamerdining tyas mrih ning, namur kula jajah wana.

  2. Apaparab Makmunuradi Salikin, mudha among brongta, wayahe satriya brangti, bongsa-rab kawijilannya.

  3. Aneng Ngarga Sonya manekung mahening, sabat loro nama, Iman Tokid datan kari, subrongta mamati raga.

  4. Semadinta Rahaden upamaneki, kadyangganing wong kang, ngagar dahaneng wanadri, yen amber pamususira.

  5. Mring pangagar sayektine datan mijil, kukus genenira, mangkona ciptanireki, risang Mudha Among-brongta.

  6. Sun semadi lamun leledaa mami, mongsa ta bisaa, pamoring badan suksma ning, marma sanget gentur tapa.

  7. Pan tinata saking tarekat tinarik, pamu/jining Suksma, wit sarak tata krameki, anut ing jeng Rasullulah.

  8.  Pan anembah amuji tatakrameki, kang kampiring ngarga, langkung dennya mati ragi, sang ibu raja pandhita.

  9. Wus angangkat mancal lam laut kang ngening, amanthengi cipta, mendeng ing panunggal neki, maring sajatining ana.

  10. Anggung pana ing dating Hyang Suksma-jati, mati jroning gesang, sirna sajroning aneki, liwing gaib sampurnanya.

  11. Upamane sembah ing manusa kadi, lir kayu kang medal, dahana ingkang kinardi, kang mongka kayu Hyang Suksma.

  12. Kang mongka geni sembah ing manusa jati, pan datan kawasa, anembah lawan amuji, lamun tan ana sih ing Hyang.

  13. Kadyangganing sembah ing manusa jati, menyak ingkang medal, saking wong ngamuter singgih, dening ta ingkang minongka.

  14. Wong ngamuter padaning Hyang Suksma-jati, kang ngupama menyak, manuswaning Hyang kang Lewih, pangastutinya sang Brongta.

  15. Ing Hyang Suksma byapi byapaka lir / neki, kang byapi wiseka, liring kang byapaka malih, kang datan wisesa punika.

  16. Inggih sangking Hyang Suksma kang Maha Lewih, pan sarining cipta, kang amisesa sayekti, pan datan amor ing ganal.

  17. Datan amor ing alit kalawan malih, tan amor ing ala, ayu marma mangkoneki, dene ta Hyang Maha Mulya.

  18. Langgeng kang ngakarya rat pramuseseki, apan atineka, urip ingkang manuseki, langgenge lan tekiyurnya.

  19. Pan saking Hyang Suksma kang Ngamurbeng bumi, sangkane ulihnya, ing ngawal praptaning ngakir, tan lyan saking Hyang Wisesa.

  20. Sembah pujinira Sang Mudha Mong-brangti, yen upamakena, lir wulan memba madyaning, ngawiyat tumameng wadhah.

  21. Titiga kang sawiji isi her wening, kang kapng kalihnya, isi toya letuh singgih, tanpa isi kaping trinya.

  22. Wawayanganing wulan kang tumrap warih, kang wening yektinya, tetela warnaning sasi, kang memba ing to/ya buthak.

  23. Yekti bawur kang wulan bunar ing-aksi, sasi ingkang memba, mring wadhah kang tanpa isi, sayekti suwung tan ana.

  24. Wawayanganing wulan ingkang pralambi, apan ing dumadya, punika kanyatahan ing, Hyang Suksma ingkang tumiba.

  25. Toya wening tegese ingkang sujanma-di, ingkang raharjeng tyas, netepi pangabektyeki, mring Allah kang murbeng jagat.

  26. Kang tumiba ing toya letuh upami, ya manusa ingkang, rago-rago tyasireki, arep tan arep ya marang.

  27. Kapenedan ywan manusa kang nibani, wawadhah kang sonya, kang mungkur ing Sukma-jati, kang ngarepaken hawanya.

  28. Amaregi ing pangan turu tan ening, sahwate ywa towang, anandhang nganggo ywa kongsi, kurang ing sadinanira.

  29. Kang mengkono lir sato angganireki, sato mani lirnya, tegese kang sato mani, sato kang wenang pinangan.

  30. Karantene dumadi tan kadya kang ning, kang ngolah nestapa, a/yoga brata semadi, pangastutinya sang brongta.

  31. Kasatriyanira den-eberken ngarsi, lampah kapandhitan, sinamar tuhu piningit, dhasar satriya lalana.

  32. Apan tuhu nugrahaning Hyang kang prapti, genturaken tapa, nir cipta ening pamor ing, yeku jatining manusa.

  33. Sayogya tuladen kang ngalul brateki, wonten kang satengah, manusa tan nestapeki, tanpa potang ing Hyang Suksma.

  34. Ngentha-enthu jaluk kamulyan kamuktin, kasugiyan lawan, kasekten kamulyan pinrih, mring Hyang yekti tan tinekan.

  35. Paran madya dinulura sasedyeki, tan semadi brata, tan nimbangi sih ing Widdhi, tan nyegah pangan turunya.

  36. Pamintanya asru malah sangsayeki, dening tatan nyegah, raja tamah den-jurungi, yen sirarsa bek utama.

  37. Dipun-mantep anetepi nastapeki, Mudha Among-brongta, ngandika mring sabat kalih, babadana gunung raga.

  38. Pan sandika tur ing paliwara kalih, Makmunuradi Sa-, liki/n kang wiwit rumiyin, ambabadi gunung raga.

  39. Gunung ing tyas mega mendhung anglimputi, ametengi jagat, punika kang den-babadi, resike lan panarima.

  40. Den-babadi ing puji dikir lan tasbih, winatuning tobat, tighapar tan kena lali, binubutan lawan donga.

  41. Saponana toya wulu den-baresih, apacul tawekal, linggise mangsuding ati, wangkil taberi ing lampah.

  42. Raregede binasmi ing salad daim, rareged wus sirna, gagane Mudha Mong-brangti, atulus wus winiwitan.

  43. Sinimpenan maksut marang gedhong ngosik, gunung wus apadhang, mega mendhung wus kaeksi, kang ngarga katon anglela.

  44. Kang pinethot Makmunuradi Salikin, sadasa prakara, anenggih kang den-dhangiri, witing ngilmu lawan lampah.

  45. Panarima winatun rahina wengi, lawan witing tapa, witing ngamal wi/ting ngurip, witing pati kang rineksa.

  46. Witing salat punika kang den-tunggoni, lawan witing swarga, punika kang den-simpeni, witi[ng] naraka rinusak.

  47. Wus mardika sampun tumeka ing pati, patitising tingal, baita kamot jaladri, sarahe anungsung toya.

  48. Iman Tokit kang sinandhang rina wengi, wawangkil kewala, ki Tokit angagem linggis, asandhangan wektu lima.

  49. Iketipun wektu subuh datan gingsir, wektu luhurira, ingkang minongka kulambi, nyampingipun wektu ngasar.

  50. Mung sabuke punika wektu maherib, keris wektu ngisa, calanane winal-witri, rakatal-witri kasutnya.

  51. Sebe alus jamak kasram takdir takrir, wau tasbehira, sunat mashur kang respati, ngalam nasut linayaran.

  52. Dening Raden Makmunuradi Salikin, ingkang linayaran, ngalam laut ingkang wening, wus prapta unggyan mulyan.

Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.

SERAT SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT


۩۩۩ PUPUH I ۩۩۩
DHANDHANGGULA

  1. Raras ingkang sêkar dhandhanggêndhis, dénirarsa ngarang kang carita, maspadakkên kayêktèné, jatiné kang sastrayu, yasanira Sang Hyang Pramèsthi, surasa kang winahya, sing gaib linuhung, parmaning hyang sung sasmita, talêcêring kawruh sandining ngaurip, ning kawruh Surakarta.

  2. Yèku sastra jêndra yuning bumi, kang wus umum kagêm pra naréndra, Tanah Jawa salawasé, nanging arang kang wêruh, surasané kang sastra gaib, sastra lungit têgêsnya, landhêp mêmpanipun, mula kang para sarjana, samya limpat lêpasing graita lantip, wruh sêmu lan sasmita.

  3. Wruhing wadi lêpasing pambudi, wikan marang sasmitaning suksma, luwih cêthèk graitané, paham marang ing têmbung, nora kéwran ing agal alit, arja rahayu datnya , slamêt têgêsipun, éndra asmaning Hyang Éndra, makna gunung pratandha yèn kawruh inggil, agêmé pra naréndra.

  4. Iku wiji saking sastra gaib, lamun wignya wikan kaanannya, yèku wong langgêng uripé, wruh urip ngandhap ruhur, iku kayun ngêtahraèni, sampurna uripira, rampung têgêsipun, bisa ngasalkên rohira, kasar a-[2]lus bali mring gonira nguni, kalawan kodrating hyang.

  5. Kang mangkana wus prakara pasthi, nanging cacaté para pandhita, arang kang mêlok tuduhé, karya sêmang ing kalbu, têmah arang janma udani, mula para jawata, budi yêktènipun, kang sastra jéndra yuningrat, éwadéné pra jawata sami mingit, dadiné kanyataan.

  6. Dhawuhira Hyang Jagad Pramèsthi, sing sapa wruh kang sastra harjéndra, têtêp wêruh ing uripé, yèku manungsa luhung, uripira padha narpati, têtêp rahayu ningrat, slamêt ing sakayun, tan kéwran ing nginggil ngandhap, jaba jêro wus kawêngku wong utami, suprandéné sinamar.

  7. Lêlakoné nguni sri bupati, Maéspati Sri Arjunasasra-, bau nguni caritané, warangkanya sang prabu, ajêjuluk Suwanda Agni, têgês nunggal sawanda, patih lawan ratu, mula Sri Arjunasasra, wus tan ingasaréh pangolahing nagri, dènsrahkên mring Suwanda.

  8. Nadyan nuju siniwèng wadyaji, kyana patih kang lênggah séwaka, wus tan siwah lan ratuné, wadyagung tano wêruh, lamun iku rêkyanapatih, tan wruh yèn sri naréndra, nèng sawangan laut, iku pêrlambang kang nyata, sri naréndra dad maha ruhur kang yêkti, Suwanda dad mutêlak.

  9. [3] Sêksi mursit duk Suwanda jurit, kasoring prang lan Prabu Rahwana, Sri Bupati agé – agé, nulya kondur ngêdhatun, mijiling prang Rahwana kêni, binanda wus kasoran, nanging sang aprabu, nuli anututi mukswa, wit tan kêna pisah lan Suwanda patih, kaki iku rasakna.

  10. Amangsuli carita ing inggil, wanci dalu gara kasih rinya, Sang Hyang Guru dhawuhaké, mring Hyang Kanéka Sunu, arsa têdhak cangkraméng wukir, pucuking Jamurdipa, arsa buka kawruh, kawruh sêngkêraning déwa, mila sagung jawata kang alul ngèlmi, sami dhèrèk mring arga.

  11. Hyang Nurasa kang minangka tindhih, kalihira Bathara Sriyana, tiga Hyang Tikswa karané, Sang Rêsi Kandya catur, gangsal Sang Hyang Janaka rêsi, lan putra kang sakawan, Hyang Éndra tan kantun, myang kang rayi sang Hyang Brahma Sang Hyang Bayu: Hyang Wisnu sakawanèki, kinèn dhèrèk kang rama.

  12. Sapraptaning Jamurdipa wukir, samya satata lênggah nèng pucak, Sang Hyang Guru andikané, mring Hyang Kanéka Sunu, hèh ta kakang paran ing kapti, saréhing jênêng para, lawan jênêng ingsun, dadi pandumaning jagad, kabèh janma ngidhêp sira lawan mami, myang sagung sato kéwan.

  13. Kabèh mau pracaya ing mami, lahir batin anyebut maring wang, mula kakang ing samang-[4]ké, ywa kongsi gawé kusut, sadurungé bêcik pinikir, têrang ing sangkan paran, lan jatining kawruh, bédané gusti kawula, dumunungé campuré kawula gusti, hèh kakang babarêna.

  14. Kang sipat ji lan kang ji puniki, nadyan mêlok wus sawang – sinawang, nanging paran pratingkahé, ing bèruk dhaupipun, wor ing ngisor kalawan nginggil, kakang iku tan gampang, kêplasing kang luyub, yèn tan titis dadi kéwan, ana uga pacama nuksma mring kirik, pitik iwèn lan mina.

  15. Wruhanira kakang karsa mami, kang kinarya wiji sêkar pisang, ing janaloka ênggoné, nèng dhadha dunungipun, bétal mukaram wong Banisrail, yèku wijining janma, kang tan kêna lêbur, dènaraning pancadriya, ingkang dadi paugêraning wong ngurip, uripé ngrêcapada.

  16. Aja nganti klèru ing pamanggih, mung kang sipat ji lawan ingkang ji, loro iku kudu gèsèh, lan kang muni ing dhuwur, nanging datan pisah ing bénjing, sipat ji lan ingkang ji, sayêktiné dhaup, langgêng datan kêna owah, nanging misih salawasé anyamati, marang dad mutlak dunya.

  17. Pra pandhita padha angarani, dad muntêlak iku sêkar pisang, jêjantung kakang jatiné, déné dad maha ruhur, kang sipat ji winêngku déning, [5] kang urip tanpa jiwa, béda lan jêjantung, sariné mring pancamaya, ingkang bacut lan kang bali dènastiti, aja dupèh wus wikan.

  18. Wit kang bacut lawan ingkang bali, tunggal rupa nanging séjé warna, mung alus kasar bédané, kang nèng janalokèku, tunggal giriloka wus pasthi, wit iku marga mulya, kang tan kêna luput, kang ana ing janaloka, kudu nyangkêr kang nèng éndraloka nênggih, yèku bétal mukadas.

  19. Bétal mukaram janalokèki, bétal makmur iku giriloka, têtêp triloka arané, yèn wus mêngku tri iku, mung ngawasna kang urip suci, mlinjung têngah bawana, ingkang thênguk – thênguk, kang tan lanang tan wanita, yêkti langgêng urip tan kêna ing pati, tan ana kara – kara.

  20. Hèh ta kakang karsa ingsun mangkin, rèhning kabèh para yoganing wang, duwé tékat dhéwé – dhéwé, mrih bisa nunggal kawruh, lan pratitis nyatané sami, payo sira badhéya, ing patakon ingsun, sadurungé ana cahya, misih awang uwung jagad durung dadi, ana swara kapyarsa.

  21. Kaya gêntha kêkêlèng dumêling, lah ta sapa iku kang nyuwara, lan sapa kang ngrungu kuwé, lan sapa kang asung wruh, lan kang ngingsêp angrasa sami, apa ingkang mangkana, tan ingaran iku, padha mangéran kumandhang, nadyan mangran ku-[6]mandhang ana kang kardi, mara sira babarna.

  22. Kayêkténé kang kadya punapi, lah wêdharna kakang babar pisan, ywa kongsi klèru ancasé, Sang Hyang Kanéka Sunu, duk miyarsa gêtêring galih, déné kinèn ambuka, sajatining kawruh, mangka yèn kongsi kawêdhar, nadyan kéwan yèku ngutuk nugrahadi, ruwat cintrakanira.

  23. Hyang Nurada aturira aris, dhuh pukulun sang musthikèng jagad, ulun drêmi mêdharaké, gaib dad maha ruhur, ingkang langgêng tan owah gingsir, pojaré guru kula, risang maha wiku, raja pandhita malangkah, mangsiduni paparab Sang kardan sidik, makatên dhawuhira.

  24. Kawruhana sasmita kang yêkti, witing ana iku saka ora, nanging ana kaanané, anané tanpa wujud, wujudira ingkang nganani, yêktiné ora ana, anané ngêndhanu, anglimputi sabuwana, kongsi sirna déné suwara puniki, ulihna kang akarya.

  25. Ngawruhana bongkot pucuknèki, dadi wêruh marang kang nyuwara, yèku ing ngêning dunungé, nêng ning ingkang wus kasub, ing buwana ingaran gaib, liring gaib pan samar, panguwasanipun, déné ana ing pangéran, iku pasthi anèng pangira kang êning, mula dadi prêlambang.

  26. Duk nalika awang – awang nguni, uwung – uwung wus ana suwara, kapiyarsa kaya déné, [7] gêntha kêkêlèng iku, mungguh awang – uwung puniki, ngadam makdum yêktinya, batin lugonipun, dumênglinging gêntha munya, witing krungu sajatiné saka osik, witing osik punika.

  27. Sing karêntêg witing krêntêg singgih, saking têtêg witing têtêg nyata, saking santosa wijilé, santosa asalipun, saking êning ênêng puniki, sing êning asalira, mula bukanipun, yèku kajatèning karsa, kang ingaran kontha sipat kang sajati, iya jatining sipat.

  28. Kuwasané nèng dunya kang kèksi, wiwarané sumaruwung ana, ubalé pancadriyané, pangucap marganipun, saking lésan pangisêp nênggih, margané saking grana, pamyarsa dumunung, nèng karna paningal ika, anèng nétra déné pangrasa kang yêkti, manggon pantoging karsa.

  29. Pramulané dèn arani sami, ora rupa miwah datan warna, marga rupa sipat kabèh, tan arah tan wismèku, ning nglimputi isining bumi, kabèh panggonan umad, kosok balikipun, ênggon marga rupa sipat, kabèh iki sing warna rupanirèki, tan prênah tan sasana.

  30. Ėnggonira ingkang dèn ênggoni, ya mulané isbating pangéran, tan tutuk grana karnané, anétra têgêsipun, yèn ngandika ngagêm sirèki, gonda tuwin miyarsa, ya ngagêm sirèku, apa manèh yèn tumingal, pasthi ngagê-[8]m marang nétranta sajati, wruh liring rupa warna.

  31. Pangrasanya ya nyilih sirèki, kang kinarya angrasa dikarsa, dadi ésik11 sajatiné, dhuh sampun adhi Guru, kados sampun nyêkapi yêkti, kanggé ing putra wayah, bêtuwah ing pungkur, nadyan gèsèh patrapira, nêring cipta campuring kawula gusti, yêkti tan sagêd onya.

  32. Mung nêng êning awas sarta éling, yèn wus katon kang macu cahyanya, jumênêng anèng ngarsané, yèku dad maha ruhur, gêsang langgêng tanpa piranti, mlinjung têngah bawana, prabawané kumyus, mancuring cahya akarya, kumêsaring cipta wit kapadhaning sih, clorot paran pinaran.

  33. Yèku campuring kawula gusti, wus kêtogan kawruh Buda Islam, mung punika gayuhané, kang sipat ji puniku, pan ngêdhaton kang bangal singgih, iku jatiné pangran, kang asung pituduh, waskitha ing sangkan paran, langsung nikmat mupangat ing awal akir, yèku Allah nonoman.

۩۩۩ PUPUH II ۩۩۩
SINOM

  1. Têlas aturé Hyang Nrada, Sang Hyang Guru sukèng galih, panggêlaré Hyang Nurada, mêlok tanpa aling – aling, wosing jiwangga kèksi, pra jawata sukèng kalbu, déné wruh urip mulya, kang langgêng tan kêna gingsir, luwih mulya uripé datanpa jiwa.

  2. Hyang Giri Nata ngandika, hèh kakang Kanéka Siwi, bangê-[9]t panarimaning wang, nanging mêngko karsa mami, kabèh kang para rêsi, padha darbéa pamangguh, padha anambahana, utamané kawruh iki, apa manèh lamun ana kang sulaya.

  3. Ywa éwuh amajahana, mrih bisa jumbuh kang ngèlmi, bésuk dadiya bêtuwah, anak putu ingkang kèri, Hyang Nurada lon angling, hèh Sriyana sira kudu, nocokên kawruhira, ing tékat mrih bisa sami, nêmbah maturi Sang Bathara Sriyana.

  4. Yèku Sang Hyang Panyarikan, dhuh pukulun Hyang Pramèsthi, kawruhipun Hyang Nurada, punika sampun prayogi, cocog lan kawruh mami, kados sampun botên luput, mênggah pamanggih amba, wujuding pangéran gusti, ulun ringkês kantha warna ganda rahsa.

  5. Catur martabat punika, kantha têgêsipun nênggih, jênggêrêng wujud kang samar, warna têgêsipun singgih, tulisan kang kinardi, warana ananing wujud, wujud ingkang sanyata, ganda dèn têgêsi nênggih, pan puniku rahsaning pangambonira.

  6. Déné pangrasa punika, antara sajroning osik, mung krasa ngêdalkên rêmbag, kang tan mêdal manah suci, kosok wangsulé malih, purwaning jagad puniku, lan wasananing jagad, riningkês kalih prakawis, thok thêlipun mung gusti lawan kawula.

  7. Lan alus kalawan kasar, lêmbut wadhag urip mati, rina wêngi sapadhanya, wujud kêmbar iku [10] pasthi, têtêp liling – liniling, wit wujud janggêlêga iku, sing janggêrêng gasalnya, janji wujud sami prapti, yèn kawula wus pracaya nut ing karsa.

  8. Sayêkti wus datan cidra, lir Krêsna lan Wisnu Murti, lir sato lawan rimbagan, kèndêl Sriyana turnèki, suka Sang Hyang Pramèsthi, déné tan gèsèh turipun, Nurada lan Sriyana, nulya Hyang Takswaka aglis, nêmbah matur anggêlarkên kawruhira.

  9. Dhuh pukulun yèn kawula, mênggah pangéran kang yêkti, mung saking pangèsthi amba, kang sampun ulun sungkêmi, tandhaning pangyasèki, wontên panyiptaning kalbu, waton ambêg sucipta, sagêd ning yêkti pinanggih, kang sinêdya botên lêpat pasthi nyata.

  10. Mila parluning kawula, kêdah gulangên nêng êning, mirit ibarat Arjuna, lir banyu jun pamanèki, janji tan kungkah – kungkih, yêkti mênêp toyanipun, pasthi nyarong katingal, nyirnakkên onênging galih, yèn tan mawa onêng yêkti wus sawarna.

  11. Langgêng ing salawasira, nèng balé baka swargadi, roh kasar wus kasarira, wus nunggal ing rahsa jati, tan kéwran ing pangèksi, osik pangandika jumbuh, yèku tétép pangéran, kèndêl aturé Sang rêsi, Sang Hyang Guru langkung sukaning wardaya.

  12. Tan béda ancasing karsa, mung trap – patrap datan sami, dawa têrang cêndhak pêpak, [11] gantya Hyang Janaka rêsi, matur ing Hyang Pramèsthi, dhuh pukulun lamun ulun, manungsa lan jawata, tan béda praptaning pati, kang ingaran pangéran pan amung gêsang.

  13. Wit obah mosiking cipta, murba masésa sayêkti, marang jagadé priyangga, mrana yèn koncatan pasthi, osik sayêkti mati, patiné yêkti sumusup, manjing dhatêng ing gêsang, kang langgêng salawasnèki, mung punika pantogé kawruh kawula.

  14. Suka Hyang Jagad Pratingkah, Hyang Rêsi Kanwa nambungi, angaturkên kawruhira, dhuh pukulun Hyang Pramèsthi, tékat kawula naming, wontên isênên pukulun, inggih sênêning cahya, déné sagunging dumadi, lamun ical sênênipun yêkti pêjah.

  15. Mênggah pêjahing manungsa, pasthi nusup gêsang malih, mulya ing salaminira, mung punika kawruh mami, kèndêl turé sang rêsi, Hyang Guru suka ing kalbu, déné sadaya sama, kawruhé kang para rêsi, cocog lawan kawruhé Rêsi Nurada.

  16. Tan paé Hyang Girinata, cipta sasmitané sami, wijining adadi ika, kang dhingin amung sawiji, yèku têlênging janmi, minangka kraton hyang agung, hyang suksma maha mulya, hyang manon hyang maha suci, Hyang Pramèsthi mangkana andikanira.

  17. Hèh kulup Éndra lan Brahma, Bayu Wisnu dipun aglis, kapriyé panêmunira, payo gêlar-[12]ên dèn aglis, mrih tunggal éka kapti, Hyang Éndra sigra umatur, mêdharkên kawruhira, mênggah sajatosing urip, yèn kawula mung dumunung nèng pangéran.

  18. Kang sumusup ing buwana, kabèh nyawa ning sêkalir, kang dumêlah anèng jagad, tan liya dayaning siti, yèku ran maha suksci, wignya nyampurnakkên wujud, barang dèn pêndhêm sirna, miwah thêthukulan sami, tan lyan saking kamurahaning bantala.

  19. Wisma miwah sandhang pangan, tan lyan sing bantala sami, yèku kang murah ing dunya, ngingoni sagung kumêlip, nadyan praptaning pati, dèn kêmuli bumi iku, mula ran sih ngakérat, kabèh wadhag saking siti, pêdhês asin sêdhêp sari – sari samya.

  20. Gumêlar anèng bantala, sampurnané anèng bumi, mung punika kawruh amba, kèndêl Hyang Éndra turnèki, suka Sang Hyang Pramèsthi, dènya myarsakakên atur, anulya Sang Hyang Brahma, nêmbah ngaturkên pamanggih, dhuh pukulun yèn kawula mung dahana.

  21. Dahana langkung kuwasa, sagêd anglêbur sakalir, kabèh brastha ing dahana, tur linggih sagêd gêsangi, ngratêngi barang kalir, agêng pitulunganipun, kang kêkêl sagêd akas, lan dados uwiting osik, nadyan pêtêng padhangé saking dahana.

  22. Lan kang kocap jitabsara, jagad sadèrèngé da-[13]di, awang – uwung durung ana, mung dahana kang kaèksi, nèng alam sonya ruri, mung cahya ingkang kadulu, tondha lamun dahana, punika sêpuh pribadi, sang Hyang Brahma nêmbah kèndêl aturira.

  23. Suka Hyang Guru miyarsa, Bathara Bayu wotsari, angaturkên kawruhira, mênggah sajatining urip, sayêkti namung angin, inganggêp pangéran agung, sadaya janma gêsang, uripé kalawan angin, nadyan kéwan pitik iwèn nganggo napas.

  24. Nadyan kabèh thêthukulan, uripé kalawan angin, lamun angin datan ana, yêkti kabèh iki mati, kakayon agêng alit, yêkti gogrog êronipun, apês purêt godhongnya, déné grananing sujanmi, mapan bangkit panas adhêm saking napas.

  25. Rasa pangrasa punika, panariking saking angin, dalah sumusuping suksma, yêkti mring sarining angin, mring ancang–ancang sami, tumlawung ing awang wangsul, isêp ing ngisêp samya, dènanggo urip sabumi, nêmbah mundur Hyang Bayu têlas turira.

  26. Suka Hyang Jagad Pratingkah, myarsa turé putra kalih, kalihe malêbu rahsa, rahsa wijining adadi, Bathara Wisnu aglis, nêmbah ing Bathara Guru, pukulun yèn kawula, mênggah sajatining urip, datan wontên kajawiné namung toya.

  27. Wit toya gêsang priyangga, boya wontên kang gêsangi, suprandéné pa-[14]n kuwasa, gêsangi urip sabumi, myang kabèh kang kumêlip, sadaya gêsang sing banyu, garinting kalamênta, gêsangipun saking warih, ingkang sipat jiwa wiji saking toya.

  28. Mani madi darah êrah, tan lyan toya ingkang dadi, dalah wujud kasênênan, suksci inggih saking warih, langgêng tan owah gingsir, dèn cidhuk nora marêngguk, pulih sami sakala, déné najis badhêg kêcing, sagêd sirna suksci sing dayaning tirta.

  29. Nadyan pêjah lamun mulya, yêkti pulih dados warih, pramila cara kawula, yèn pêjah linarung kali, mrih mulih ênêng êning, sumusuping cahya agung, cahya pan inggih toya, mung punika kawruh mami, nêmbah mundur Hyang Wisnu kèndêl turira.

  30. Sukéng tyas Hyang Jagad Nata, myang rêsi Kanéka Siwi, déné turé putra kapat, lan rêsi lima wus sami, dadya praboting ngèlmi, baya takdiring Hyang Agung, para jawata sanga, panêmuné dadi siji, turé putra sakawan dadi martabat.

  31. Yèku sir patang prakara, lêmah gêni angin warih, déné turé rêsi lima, dadi mudah panca warni, wadhahing maha suksci, Nurahsa roh budi napsu, yèku kang nawa prana, dadya kêdhatoning widdhi, cangkramané kang mlinjung têngah bawana.

  32. Samana Hyang Giri Nata, kondur angayangan sami, pra jawata wus bubaran, kunêng kang winarna malih, nuju dina sawiji, wau-[15]ta Bathara Guru, têdhak marang kaéndran, paring sasmita mring siwi, hèh yogèngsun sira kulup sumurupa.

  33. Rèhning sira yoganing wang, kabênêr tuwa pribadi, tur ngong paringi kuwasa, nèng kaéndran angratoni, sagunging widadari, miwah pra jawata sagung, kabèh kawêngku sira, ping pindhoné ingsun nguni, wus dènsrahi Hyang Tunggal Asmaradana.

۩۩۩ PUPUH III ۩۩۩
ASMARADANA

  1. Duk nguni sun arsa uning, warnanira Sang Hyang Tunggal, jêbul mangkana dhawuhé, hèh Guru yèn sira arsa, wêruh ing warnaning wang, ora susah putraningsun, wus nyamadi sabawana.

  2.  Ya warnanta iya mami, iya ika iya ingwang, kabèh iku padha baé, ing sandi kudu waskitha, mula mêngko ragèngwang, nglastarèkkên mring sirèku, mara kulup tampanana.

  3. Kabèh ing pangyasa mami, padha kasraha ing sira, miwah jênêngira anggèr, amirita asmaningwang, ingsun ran Girinata, sira Éndra nata kulup, sira ya antaraningwang.

  4. Ya sun antaranirèki, lir sato munggèng rimbagan, ananira ananingngong, ana ingsun ananira, ana sih kamurahan, tumitahing sira kulup, sun paring cipta sasmita.

  5. Tarbukanên dipun aglis, kalawan ilaming driya, ulirên budimu anggèr, kèhé mung limang prakara, wiwitaning manungsa, ambêking surya puniku, [16] pindho ambêking bantala.

  6. Kaping tri ambêking angin, ping pat ambêking samodra, ping lima langit ambêké, hèh babo dipun énggala, gêlarên kaanannya, aja was sumêlang kulup, ya sagaduging tyasira.

  7. Bathara Éndra wotsari, jawab sualé kang rama, pukulun pamanggihingong, nênggih ingkang panca warna, punika sajatosnya, kêplasing sêmu pukulun, makatên ing warnènira.

  8. Nanging ibaraté nênggih, wong mêrang tanpa landhêsan, mung saking pangintên baé, milamba nyuwun aksama, kalilana narbuka, ambêking surya puniku, kajênging among sanyata.

  9. Wontênipun surya singgih, tansah prayitna waskitha, dènya ngulat – ulataké, dhumatêng isining jagad, mila inggih warata, nyoroti sajagad cukup, kang samar pêtêng katingal.

  10. Wignya gêsangi sakalir, ingkang kêkêl – kêkêl bêncar, bongsa lêmês kiyat kabèh, langgêng adil salawasnya, tan kandhêg sambikala, sabên jam nêm nunggang gunung, ora lincat ing sêmaya.

  11. Lênggah nèng têmêning Widhi, dunungipun nèng pramana, mila awas salawasé, tan sama isining jagad, pindho ambêking kisma, kamot momot sabar maklum, kêrat asih dunya murah.

  12. Kabèh urip sining bumi, kang sinandhang lan pinangan, sing bumi kamurahané, déné asih ing akérat, [17] ngêmuli kèhing jaman, dènbuwangi tai uyuh, walêsé wèh sandhang pangan.

  13. Mila suci ambêknèki, dumunung rêrêming rasa, têmah ayêm nora rongèh, ping tri ambêking maruta, uga waskitha jêmbar, waskitha sabarang kayun, nora kêna ginorohan.

  14. Sanadyan kang rêmpit sungil, mêsthi kambah ing maruta, injên – injên pakaryané, akarya sêgêring angga, nèng éling lênggahira, nèng pangrasa dunungipun, tan lali salaminira.

  15. Catur ambêking jaladri, mêngku kamot tadhah karsa, datan nyulayani raos, pahit gêtir kêcing sêngak, tan ana kang tinulak, yèku sabar lênggahipun, anèng budi dunungira.

  16. Nora srèi nora jail, lima ambêking akasa, mung marma ing salawasé, anglimputi sabawana, cukup pamêngkunira, bapa kuwasa puniku, punika ambêk santosa.

  17. Nèng pangandêl dunungnèki, datan watak kagimiran, kèndêl Hyang Éndra aturé, Hyang Guru kalangkung suka, jroning tyas ngalêmbana, déné wus wignya anyakup, mring jatining panca warna.

  18. Bathara Guru lingnyaris, bangêt panarimaning wang, kabèh aturira anggèr, déné cocog kaanannya, samêngko tampanana, ana manèh sual ingsun, yèku catur purwa wanda.

  19. Mara tarbukanên malih, ing sawiji – wijinira, kaya paran kaa-[18]nané, têtês titis putus tatas, ingsun arsa uninga, Bathara Éndra wotsantun, pukulun pamanggih amba.

  20. Têtês gadhah raos yêkti, têgêsé sampun kababar, wus sampurna lampahané, rampung campur tunggil rahsa, woring gusti kawula, aliru papan tan klèru, aliru datanpa samar.

  21. Lir surya lan sorotnèki, myang sato munggèng rimbagan, têtêp nguni pasêmoné, kang mlinjung têngah bawana, wus tunggal Hyang Sètmata, wus nunggal dadi sawujud, lan kang urip tanpa jiwa.

  22. Titis têgêsipun singgih, mêlêng alingga bathara, angênani sajatiné, sanyata wus badan suksma, têtêp anèng suwarga, wus nunggal sarasanipun, ananging séjé pangrasa.

  23. Tatas têgêsé puniki, têrus pêdhot artènira, nêrusi manênging batos, jatiné wus tanpa rêmbag, nyirnakkên sêsêbutan, kang sawang – sinawang iku, wus campur dadi satunggal.

  24. Déné putus têgêsnèki, wus rampung saliring karya, wus tan ana rêmbug manèh, wus tan ana kang katingal, sirna kabèh gagasan, wus kêna ingaran cukup, ora luwih datan kurang.

  25. Mung nêng êning rina wêngi, nèng ngarsanira ki gêsang, nikmat baé salawasé, têlas aturé Hyang Éndra, Hyang Guru sukèng driya, myang Rêsi Kanéka Sunu, gumujêng agandhèng asta.

۩۩۩ PUPUH IV ۩۩۩
KINANTHI

  1. Langkung sukanirèng [19] kalbu, kanglingyé dènya miyarsi, déné tan ana kang lêpat, wijangé sawiji – wiji, nastiti mêlok tan siwah, kang nyawang lan kang ningali.

  2. Hyang Girinata lingnyarum, mring Bathara Éndra malih, hèh kaki iku kawruha, bésuk iku bakal dadi, bêtuwah ing Tanah Jawa, agêmé para narpati.

  3. Miwah sagung para nujum, pasthi ngidhêp kawruh iki, sing sapa wruh jatinira, surasa kang dèn rasani, ênggoning rahsa kang nyata, iku manungsa linuwih.

  4. Pasthi wruh ing uripipun, sarta wruh ingkang nguripi, têtêping manungsanira, kudu ngawruhi kang mungging, tabangalan ngarsanira, kang sawang–sinawang kalih.

  5. Ėlok samar wujudipun, tan jalu datan pawèstri, dudu wandu nora arah, tan manggon uripé suci, mlinjung têngah bawana , tanpa jiwa uripnèki.

  6. Wus tan paé lawan ingsun, têtêp manungsa sajati,kosok bali kang tan wikan, marang pangéranirèki, uripé tan paé kéwan, tan bisa amor lan janmi.

  7. Mula sira putraningsun, dadiya wawakil mami, ngong wênangkên ngukum ganjar, marang sagunging kumêlip, nanging kaki kawruhana, sanadyan sira wus luwih.

  8. Masésa sakèhing ratu, ing tanah sabrang lan Jawi, kang kungkulan ing akasa, kang kasangga ing pratiwi, kabèh kawêngku ing sira, nanging élinga nak mami.

  9. Babon ingkang para [20] ratu, nurbuwat wahyuning aji, kawêngku Wisnu Bathara, prajurit lanang ing bumi, musthikaning jagad raya, Bathara Wisnu linuwih.

  10. Nadyan Suralaya kulup, yèn tininggal Wisnu mamring, tan ana prajuritira, mung Wisnu prajurit luwih, mula sira nadyan tuwa, jaluka kawruhirèki.

  11. Aja pakéwuh nak ingsun, wêruha mring wahyu jati, jatining nugraha tama, Si Wisnu nguni wus dadi, muridé raja pandhita, jêjuluk Sri Ngusman Aji.

  12. Iku pandhita pinunjul, lêlanasing Banisrail, dèn titisi Hyang Nur Cahya, mula sira aja sisip, angalapa kawruhira, Si Wisnu ingkang antuk sih.

  13. Hyang Éndra putêk ing kalbu, wasana turira aris, kawula inggih sandika, pruwita kadang taruni, kirang pakèwêt punapa, éwa samantên déwaji.

  14. Nadyan kuwalik pukulun, nanging anglampahi wajib, istiyar rahayuningrat, nanging yèn kaparêng singgih, pun adhi kadhawuhana, pinanggih nèng wisma mami.

  15. Hyang Guru mèngsêm lingnyarum, luwih gampang iku kaki, nanging sira sumurupa,  kuwasamu amung lair, Si Wisnu antuk nugraha, pangnyasané lair batin.

  16. Bathara Éndra tumungkul, sang Hyang Guru gya nimbali, Bathara Wisnu wus prapta, wotsêkar lênggah ing ngarsi, jajar lan Bathara Éndra, Hyang Girinata nabda ris.

  17. Hèh yoganingsun ki Wi-[21]snu, sira srasèhana ngèlmi, lan kakangira si Éndra, mrih golongé kawruh Jawi, lan sualé kakangira, tarbukanên dipun aglis.

  18. Wiritna kang kongsi urut, jêr sira nguni kêmurid, marang sang raja pandhita, Ngusman Aji Banisrail, panuksmané Hyang Nur Cahya, yêkti sira wus mumpuni.

  19. Sakathahing kawruh putus, wruh marang sandining gaib, martabat jêro lan jaba, sangkan paraning dumadi, panjêr uriping manungsa, kang langgêng ing awal akir.

  20. Kang aran nyawa satuhu, kang ngêdhaton cupu manik, paran ing bénjang campurnya, iku patrapna kang yêkti, Bathara Wisnu tur sêmbah, pukulun kalamun mami.

  21. Panca purwanda puniku, yèn saking pamanggih mami, tan paé lan panca cahya, déné têrangé kang yêkti, ambêking surya punika, dunungé paningal yêkti.

  22. Déné ta pangwasanipun, waskitha sabarang kardi, sagêd wuninga ing pajar, suwung aranira singgih, yèn dalu padhangé sirna, sumusup pêpêtêng sami.

  23. Mila ngagêsang puniku, yèn wus mêlèk pasthi guling, déné bumi ambêkira, dumunungé anèng daging, pangwasané datan siwah, murah dunya sih ing akhir.

  24. Anganakkên wulu rambut, utawi sarining wiji, sadaya sami ngalêmpak, déné ta ambêking angin, dumunung wontên ing napas, panguwasanipun sami.

  25. Lan angin satuhunipun, [22] pan dadi sarining urip, lawan têtalining gêsang, dédé kang amaha suci, déné ambêking samodra, dumunung ing rahsa yêkti.

  26. Kuwasa wèh rahsa agung, miraos pêdhês lan asin, wignya ngiyêmkên sarira, rah warata angêbêki, ngagêsang sajatinira, uripé kungkum nèng warih.

  27. Gantya langit ambêkipun, dumunung ing jasat yêkti, kaananing badan wadhag, raga sajabaning kulit, déné kanyataanira, kandhanging jagad pribadi.

  28. Luguning langit puniku, kakandhang ing jagad jawi, déné kang catur purwanda, punika sayêkti sami, kalawan kang catur cahya, makatên dunungé nênggih.

  29. Têtêp nyata têgêsipun, nèng cahya dunungirèki, maligéning gêsang kita, wignya babarakên sami, byar katon sami sakala, titis têgêsé sayêkti.

  30. Nèng lésan ing dunungipun, mula pangucap puniki, kudu tètèh tan kênoncat, yèn oncat tumiba nisthip, tatas têgêsé punika, pamirêng dunungirèki.

  31. Anganglongakên pangrungu, kudu trus saraosnèki, putus têgêsé paningal, déné wruh sawiji – wiji, ala bêcik kudu wikan, punika watoning adil.

  32. Makatên suraosipun, kang panca purwanda yêkti, sami lan catur purwanda, ing mangké ulun mêwahi, ngaturi sual minangka, jangkêping sêdya sayêkti.

  33. Makatên ing têmbungipu-[23]n, duk anèng sutamayèki, wontên têmbung catur warna, wingit singit sirung nênggih, jatmika sakawanira, lah punika kados pundi.

  34. Bathara Éndra lingnyarum, dhuh yayi panêmu mami, baya mangkéné têgêsnya, wingit iku tan kaèksi, alingan mawa warana, tan gampang dinugèng ati.

  35. Arang kang bisa anuju, kajaba janma linuwih, kang limpat tuk wahyuning hyang, déné singit nunggil kapti, padha tan kêna dinuga, tan katon gêlaring budi.

  36. Awit sêpi ing panuju, ing karsa têmah mêdéni, sirung rungkut têgêsira, kumukusé napsu nênggih, akarya ribêting lampah, pêtêng têmah anyamari.

  37. Nuwuhkên mirising kalbu, déné jatmika puniki, ênêng êning têgêsira, nora rongèh têtêg wani, yèn sinawang karya uwas, wasana ngrêsêpkên ati.

  38. Patang prakara puniku, agêming para narpati, tan sabên janma uninga, Hyang Wisnu umatur malih, lêrês kang patang prakara, agêming para narpati.

  39. Nanging mung lair pukulun, batinipun kados pundi, sagêdipun botên sêmang, mrih pitados lair batin, Hyang Éndra èmêng ing driya, wasana ngandika aris.

  40. Yayi apuranta iku, pun kakang durung mrangguli, mêloké kang catur warna, mula babar pisan yayi, dumukên kênyatanira, liring dunungan puniki.

  41. Supaya ngong mèlu wêruh, saking brêkahira yayi, Hyang Wisnu matur pra-[24]saja, wijining dunungan nênggih, wijangipun pan mangkana, wingit têgêsipun yêkti.

  42. Guwaya ingkang tan sirung, têgês guwaya puniki, inggih sawarnining cahya, singit punika prihatin, myang napsu sajatinira, warnining urup sayêkti.

  43. Sirung makatên liripun, jêjêring janggêrêng nênggih, janggêrêng awarni kantha, déné jatmika puniki, jinêm ing sajatinira, jinêm punika pamanggih.

  44. Pamanggih thukuling sêmu, dadosé tan mindho kardi, nanging kajawi punika, wontên martabat kang luwih, pan inggih kawan prakara, aranipun lir puniki.

  45. Liyêp ing sajatinipun, sampurnaning rah ing bénjing, yêkti sami dados cahya, layap punika ing bénjing, daging ugi dados cahya, lan luyut punika bénjing.

  46. Sampurnaning balung sungsum, nanging yêktiné ing bénjing, inggih sami dados cahya, déné ta lêngit puniki, sampurnaning kulit kita, ugi dados cahya bénjing.

  47. Makatên katranganipun, kulit sayêkti yèn dadi, cahya cêmêng déné êrah, bénjing dados cahya abrit, déné daging dados cahya, kang warna kuning dumêling.

  48. Sampurnané ingkang balung, dados cahya pêthak pasthi, cahya ingkang catur warna, punika sumrawung nênggih, ingkang dados pancadriya, lajêng sumusup ing bénjing.

  49. Mring pancamaya satuhu, cahya wau nulya dadi, u-[25]rub siji astha warna, nulya dadi pancawarni, lajêng dados cahya muncar, mancur nuntên dados malih.

  50. Cahya mancorong kadulu, nuntên dados cahya wêning, tan dangu gya dados cahya, gumilang – gilang kaèksi, gumilang tanpa wayangan, ing ngriku wontên kaèksi.

  51. Hèh gumêbyar kadi daru, myang mèmpêr kang kilat thathit, ngasorkên sakèhing cahya, cahya sirna sadayèki, nunggil dhatêng hèb sadaya, campuring kawula gusti.

  52. Wus tan was sumêlang kalbu, tan nilar bathang ing bénjing, balung daging kulit êrah, wus sirna dadi sawiji, mulih marang hèb sadaya, mung maligi ingkang kèri.

  53. Jantung sapanunggalipun, iku kabèh padha nitis, dadi wijining manungsa, bola – bali nuskmèng janmi, yèku sajati kang aran, amoring kawula gusti.

  54. Têlas Hyang Wisnu turipun, Hyang Éndra suka tan sipi, myarsa kang rayi turira, wasana ngandika aris, hèh yayi paran yêktinya, jinising alus kang yêkti.

  55. Ngrêrisik wadhag puniku, paran antêpira yayi, nyata tan kabalisura, Hyang Wisnu turira aris, kados botên yèn wangsula, margi wus kodrating Widhi.

  56. Witing wadhag saking alus, mirit ujar kang sayêkti, kang wus dadi cap – ucapan, ananing sir catur warni, bumi gêni angin toya, pan punika urut saking.

  57. Ala-[26]m wadhag asalipun, sumusup mring alus yêkti, makatên wêdharing kantha, mênggah lêngipun kang bumi, dados wujud badan kita, gêni napsu déné angin.

  58. Napas kadadiyanipun, banyu dadi rahsa yêkti, punika dados pratandha, gêsang ing dunya puniki, alus angwontênkên wadhag, saking toya ingkang kriyin.

  59. Kaananing rahsa tuhu, rahsa têgêsé kang yêkti, krasa sarèh ing ngagêsang,  krêntêg anganakkên singgih, napsu dénapsu punika, ngwontênakên napas singgih.

  60. Napas anganakkên iku, raganing manungsa yêkti, mila kamulyaning badan, punika kang kalong dhingin, lajêng napas inGkang suda, lajêng rah suda nututi.

  61. Nulya rêrêm nêpsunipun, anulya ngracut kang jisim, ngukut praptaning kasidan, nanging kang tanduk pratitis, pangangkah sarta pangarah, sampun ngantos pindho kardi.

  62. Nanging yèn pamanggih ulun, sadaya kawruh puniki, sagêdipun kalêksanan, kanyataan ing pangèsthi, mung kanthi wani lan tatag, ring batin gêlêm nglakoni.

  63. Yèn sampun sagêd anggayuh, mantêp têtêg kêndêl wani, nyirnakkên sênêning driya, mung nyiptaa kang dèn apti, kados punika wus cêkap, ringkêsaning kawruh jawi.

  64. Mênggah gatining kang ngèlmu, punika sampun nyêkapi, déné kang rungsit pu-[27]nika, êmpan papaning pambudi, patrap lan trap pancèn gawat, arang kang sagêd kawijil.

۩۩۩ PUPUH V ۩۩۩
M I J I L

  1. Sang Hyang Éndra wau duk miyarsi, kalangkung cumêmplong, kaananing martabat dunungé, wignya têrang ing sawiji – wiji, sandining Hyang Widhi, myang sandining kawruh.

  2. Lagya éca wawan sabda kalih, kasaru kang rawoh, Hyang Pramèsthi alon andikané, hèh yogèngsun paran kang pinanggih, gonmu gunêm kawis, putra kalih dhêku.

  3. Sang Hyang Wisnu tumungkul èsmu jrih, Hyang Éndra turnyalon, dhuh pukulun putranta yêktiné, yayi Wisnu pinunjul ing bumi, bawana tan kalih, mung Bathara Wisnu.

  4. Pan sadaya sandining kang ngèlmi, sadaya pan mêlok, cipta sasmita kawêngku kabèh, étrap – patrap mêmpaning pangèsthi, wus tan madal sumbi, ing kayêktènipun.

  5. Wontên malih pamanggih linuwih, kawula pan kasor, botên nyimpang ing sangkan parané, kabèh kawruh mawi tandha sêksi, pra jawata sami, sor lan yayi Wisnu.

  6. Putra tuwan tuk nugraha jati, kawruhé kinaot, mèngsêm nabda Hyang Guru angawé, mring Hyang Wisnu sowan manganjali, hèh Wisnu sirèki, wus pinasthi lamun.

  7. Pan rumêksayu isining bumi, sagung para katong, kang mbêk murka sirna déning kowé, nadyan para jawata ing bénjing, sira kang nulungi, yèn nêmu pa-[28]kéwuh.

  8. Lan samêngko sumurupa sami, karo putraning ngong, ananira ana ingsun kiyé, mula sira sisiliha nami, ingkang nunggal kapti, lan sêbutanipun.

  9. Ingsun asma Sang Hyang Sidha Jati, marga jênêng ingong, kang ingaran kaanan jatiné, déné sira sisiliha nami, Hyang Supadya Jati, wit sira wus mêngku.

  10. Mring jatining pangupaya yêkti, si Wisnu naking ngong, jêjuluka Narayana mangké, marga sira wus lêpas ing budi, tan samar sarèhing, putra kalih nuwun.

  11. Wusnya dhawuh wau Hyang Pramèsthi, gya mukswa tan katon, pra jawata gya bubaran kabèh, Sang Hyang Éndra wus manjing jro puri, ing kaèndran adi, Hyang Wisnu wus kondur.

  12. Angêdhaton anèng têpêt suci, alam kang kinaot, nikmat baé iku salawasé, sing sapa wruh sandining Hyang Widhi, sayêkti yèn bangkit, manggon alam luhung.

  13. Sastra jéndra hayuningrat iki, atêgês kinaot, sastra iku têmbung lan swarané, jén puniku atêgês sawiji, dra: bawana yêkti, sumêbar déné yu.

  14. Kaslamêtan rat têgêsirèki, jagad kang kinaot, iku glagating kaanan kabèh, kawitaning kang sahadad jati, sanyata sayêkti, langgêng uripipun.

  15. Têmbung sadad têgêsé [29] kang yêkti, nuduhkên mrih wêroh, urip kudu méruhi mring daté, dad wuntêlak lan dad maha suci, kaping tri kang suci, dad kang maha luhur.

  16. Duk nalika Hyang Éndra nampani, sasmita kang kaot, saking Sang Hyang Guru wêwarahé, kabèh urip yèn wus nguningani, wahana kang yêkti, sayêkti rahayu.

  17. Ayuningrat slamêt uripnèki, sabarang kinaot, sastra cêtha wus kacakup kabèh, sastra cêtha wus tan mindho kardi, paham marang gaib, mardikèngrat luhung.

  18. Kang mangkana musthikaning janmi, sarjana kinaot, wus tan samar marang lêlakoné, wruh ing osik pangandika yêkti, nèng rahsa sajati, têtêpé Hyang Agung.

  19. Mula para naréndra sru mingit, tan kêna kêbrojol, mung pandhita kang gêntur tapané, iku lamun antuk sihing Widhi, nugraha sajati, iku pasthi mêngku.

  20. Lamun datan kanugrahan jati, tinarimèng Manon, pan kasiku tuk walak uripé, mèt kawruhé jawata linuwih, kang tan madal sumbi, kanyataanipun.

  21. Kèh godhané ing saari – ari, rêncana kang katon, karya jugar sabarang panggawé, pama wiji sinêbar nèng wukir, lêmah padhas garing, paran goné thukul.

  22. Yêkti mati sirna tanpa dadi, iku isbating wong, kabèh janma kang dudu bênêré, anampani sihing [30] maha suci, dèn dumukna kongsi, jêglug bathukipun.

  23. Mangsa dadak wêruha ing gaib, rasané tan kraos, mula babar wêjangan aglahèng, nganggêp rèmèh tuduhé sang rêsi, dilalah wus takdir, wong cilaka muput,

  24. Duk Hyang Guru bantah lan Sang Rêsi, Nurada kang kaot, buka kawruh gaib kang linuwéh, Hyang Pramèsthi sor titih kang ngèlmi, anulya nimbali, sagung para sunu.

  25. Myang pra déwa nayaka tan kari, sadaya wus caos, Hyang Pramèsthi dhawuh nocokaké, kabèh kawruh ywa kongsi pradondi, sangkan parannèki, cocogna kang rujuk.

  26. Kang ingaran ngèlmu kang sajati, ywa nganti tan jumboh, lah rungokna iki kayaktèné, ingkang tuwa cahya banjur gêni, bantala lan angin, samodra kang kantun.

  27. Aturira Hyang Kanéka Siwi, punika tan cocog, yèn makatên sayêkti badhéné, mangran dhatêng kaanan kang kèksi, cilaka yèn manjing, mring téja kêkuwung .

  28. Tatkalané awang – uwung misih, ing panawanging ngong, sampun wontên suwara yêktiné, kadi gêntha kêkêlèng kapyarsi, kagyat Hyang Pramèsthi, mundhut jablasipun.

  29. Hyang Nurada mêdharkên kang ngèlmi, pukulun sang kaot, pan sagunging kaanan yêktiné, ngèsthi dhatêng kasantosan nênggih, déné sêksi mursit, manungsa pukulun.

  30. [31] Wit jagadé manungsa puniki, yêkti datan kaot, lawan jagad kang dèn ambah kiyé, mila tuduhipun guru mami, cahya dèrèng lair, swara wus kêprungu.

  31. Yèku gêntha kêkêlèng wus muni, makatên kang yêktos, swara iku nyawa sajatiné, gêntha iku kontha kang sêjati, kontha samar wingit, élok jatinipun.

  32. Ėlok iku sajatining gaib, gaibing Hyang Manon, yèku nganggo sasandha dadiné, nyatanira tan rupa tan warni, yèn ngandika nênggih, tanpa lésan muhung.

  33. Bawa aganda tan grana yêkti, muhung munya kaot, pirsa tanpa nétra sajatiné, muhung waskitha yèn mirêng nênggih, tanpa karna yêkti, muhung wisésagung.

  34. Yèn angraos tanpa rahsa yêkti, pan muhung pangraos, kosok wangsul punika yêktiné, purwanira ana iku saking, ora têgêsnèki, witing lair iku.

  35. Saking batin witing ramé saking, ênêng kang sayêktos, witing gumlar sing suwung yêktiné, nanging sampun ngantos salah dalih, babasaning ngèlmi, ngidhêp swara iku.

  36. Mangran marang kumandhang wosnèki, sirik kang mangrêtos, yèn nampika lan milih yêktiné, lamun nampik punapa ing bénjing, kang ginêlar sami, anuli ginulung.

  37. Yèn miliha punapa durung wrin, sadaya kang katon, kaanané sangking gai-[32]b kabèh, sampun ngantos korup lir cah cilik, ngurubana nuli, cêkap atur ulun.

  38. Bab dunungé pangèsthi sajati, iku dèn waspaos, titi tamat Hyang Nurada turé, sukèng driya Hyang Jagad Pramèsthi, myarsa sorahnèki, nyêngkut datan mungkur.

۩۩۩ PUPUH VI ۩۩۩
PANGKUR

  1. Wau ta Hyang Jagad Nata, sanalika rumaosing Pangèsthi, ing batin sêdya agayuh, nglêluri lêlakonnya, Hyang Atma mangratoni manungsa sagung, ingkang asma Hyang At Hama, yèku Nabi Adam nguni.

  2. Hyang Guru aris ngandika, mring pra déwa myang sagung para siwi, padha usula ing rêmbug, nyatané kawruh mulya, Hyang Basuki wotsari alon umatur, inggih lêrês dhawuh tuwan, mêlêng dununging pangèsthi.

  3. Kang pinurwa dèrèng nyata,caritané duk Déwi Rukmawati, hyang kang murba gaib iku, nguni amurwèng gita, nur rohkyati têgês cahya urip iku, gya murwa sir catur warna, bumi gêni angin warih.

  4. Dadya ananing manungsa, dhingin gêni dadi napsu sayêkti, martandhani cahya catur, bang irêng kuning séta, pindho bumi dadi badan kasar iku, mratandhani cahya papat, sungsum balung daging kulit.

  5. Tri angin kaanan napas, dumunungé uga kawan prakawis, lésan grana nétra iku, ping paté anèng [33] anèng karna, gantya banyu kaananing roh puniku, kang muni ing jitabsara, asrar lawan roh jasmani.

  6. Pindho roh kéwani ika, roh nabati caturé roh nurani, kèndêl wau aturipun, Hyang Basuki wotsêkar, gya Bathara Panyarikan nêmbah matur, dhuh pukulun yèn kawula, wontén pêcahipun malih.

  7. Wontên pasêmoning suksma, pralambangé winor kalawan gaib, nèng sastra catur swarèku, a o i rê uninya, myang carakan nglêgêna sabacutipun, iya kang ha na ca ra ka, lan pasanganipun sami.

  8. Wijangipun ha punika, angka papat pasangan sa puniki, wijining manungsa tuhu,saking patang prakara, ba dèncêrêg uniné bali puniku, wa kang nganggo pasangan da, wit da katingal sayêkti.

  9. Déné pa dèncêrêg ngandhap, darbé karêp aja antara singgih, ha na ca ra ka puniku, iku têgês kongkonan, balik ka ra ca na ha têgês iku, iya pacuping neng lèsan, da ta sa wa la puniki.

  10. Dat kang katandha ing swara, yèn dènwalik salawasé puniki, pa dha ja ya nya puniku, ubaling pancadriya, rêbut unggul nya ya ja dha pa puniku, tan pêgat pangidhêpira, ma ga ba tha nga puniki.

  11. Aran sarira pêthékan, yèn dènwalik nga tha ba ga ma singgih, ngondha satata puniku, awit antaranira, kang pinurwa wontên manungsa satu-[34]hu,bab pasangan tan winêdhar, wus kapacak duk ing nguni.

  12. Nèng layang panca prabawa, gantya Sang Hyang Éndra pamanggihnèki, panthênging cipta puniku, riningkês catur warna, ênêng – êning awas éling pan wus cukup, dumadining madi ika, saking kantha warna ênggih.

  13. Ambu rahsa kapatira, pangracuté si rahsa ambu warni, lan kontha wangsul dumunung, mring nukat gaib ika, pan ingaran warih prawitadi iku, ingkang warih tata darma, gantya Hyang Wisnu turnèki.

  14. Marang Hyang Jagad Pratingkah, pamanggihnya Hyang Éndra lan pra rêsi, punika lêrês sadarum, prakawis panggêlarnya, pangringkêsé sayêkti yèn masih luput, margi asaling manungsa, saking hèb tumurun dadi.

  15. Cahya sumunar sajuga, wujud agni nur Alah lawan malih, angin rubiyah puniku, tiga toya sirolah, kapatipun bumi datolah puniku, dumunung ing jasad kita, ruh kita lan gêsang mami.

  16. Mawas ing panca purwanda, kêmpalipun kawula lawan gusti, wus nir ing sakalihipun, liru rupa tan samar, liru ênggon kalihé wus datan klèru, ulêng nèng jroning hèb ika, wus langgêng salawasnèki.

  17. Têlas Hyang Wisnu aturnya, Hyang Pramèsthi langkung sukaning galih, miwah Hyang Kanéka Sunu, langkung marwata suta, wit Hyang Wisnu condhong lan panêmunipun, mung sagung para jawata, ngrasa wus bê-[35]nêr kang ngèlmi.

  18. Samana sami bubaran, Sang Hyang Guru kondur lan para siwi, myang sagung para déwagung, bêdhol marang Kayangan, titi tamat surasané srat linuhung, sastra jéndra hayuningrat, myang sastra cêtha wus ênting.

  19. Wus jumênêng mardikèngrat, marma para sarjana kang mumpuni, angréka prêlambang baut, pasêmon kang sinamar, têmbung asma Allah tan sing ilahiku, tanpa atêr – atêr barang, mundhak sulaya ing pikir.

  20. Mung kudu sinêbut Allah, wit dad sipat asma apêngal nênggih, sabên dad nèng sipatipun, sabên sipat nèng asma, sabên asma yêkti nèng apêngalipun, tumêka satus tridasa, marga dèn basakkên nênggih.

  21. Nora jaman tanpa mangan, têgêsipun tan arah tan wismèki, tanpa kondha warna iku,nirgonda rasasmara, sipat élok nora wadon datan kakung,lan tan wandu pêrlambangnya, pan kadya ngisor puniki.

  22. Kombang angajab ing tawang, jro martabat latakyun ingkang muni, wit lan akaananipun,yaiku nyataning dad, tanpa tuwuh nyrambahi ing gêsangipun, nênggih uripnya priyangga, gantya patsal kaping kalih.

  23. Kusuma hanjrah ing tawang, gih punika kayuning kang tohjali, tajalining dad satuhu, wit iku kasorotan, purbaning dad sajati pêrlambangipun, kusuma hanjrah ing tawang, kasêbut martabat muni.

  24. [36] Takyun awal wit sanyata, ananira ganti patsal kaping tri, tunjung tanpa têlagèku, yèku nur kang minangka, tohjalining kayu dadi sasondha gung, ya sasandhaning ngagêsang, awit kasorotan saking.

  25. Iya wisésaning asma, kang sajati déné pêrlambangnèki, tunjung tanpa têlagèku, têgêsé sêkar tara, ya taraté urip ora anganggo banyu, mila ing dalêm martabat, pan sinêbut kayun sani.

  26. Déné ta sampun sanyata, ing kaananira kang takyun sani, punika ing têgêsipun, ping pindho ing nyatanya, gantya patsal kang kaping pat gancaripun, isiné kang wuluh wungwang, punika sajatining sir.

  27. Tohjalining nur punika, kasorotan saking ing wisèsaning, pranawa sajati iku, dèn pêrlambangi ika, isinira wuluh wungwang têgêsipun, mapan botên kawistara, sining wuluh wungwang singgih.

  28. Mula ing dalêm martabat, pan sinêbut lapalé takyun akir, akyan sabitah puniku, hèh babo dèn waspada, urip iku lawas – lawas banjur lampus, mangka tan wruh sangkan paran, dununging kawula Gusti.

  29. Lan dunungé uripira, pasthi durung wêruh ingkang nguripi, kang dhêlog – dhêlog nèng ngayun, uripé tanpa jiwa, rina wêngi nèng ngarsané nora wêruh, andèkpun alangak – langak, [37] kaya putra dwarawati.

  30. Bêranyak lir Radèn Samba, kêthok godhèg alisira dènkêrik, yèn lumaku adol bagus, nanging ina pikirnya, mripat picak wurung wruh mring pangranipun, yèn mati tan paé kéwan, luwung kéwan dagingnèki.

  31. Ėnak kalal yèn dènpangan, balik bathanging janma kang tan ngèlmi, bosok koklok anglir kuwuk, gandané bêlarungan, karya gigu warisé dhéwé tan arus,wêdi nyêdhak nora tahan, béda patiné wong ngèlmi.

  32. Gandané sêdhêp tur datan, amêdèni marang kang para waris, marga duk urip wis tutur, kalamun arsa pêjah, ping pindhoné bisa wruh ing asalipun, misah kulit daging êrah, myang balungé sirna sami.

  33. Padha bali dadi cahya, jroning kubur kothong tan isi jisim, mangkana janma pinunjul, wikan ing sangkan paran, wruh uripé mangéran dad maha luhur, bisa ngêrèh jantung manah, wruh jiwa kang durung nitis.

  34. Sarta bisa liru lambang, ganti jiwa saking tuwajuh yêkti, pangrèhé saking tuwakup, wêruh sakèh drubiksa, bisa nyipta kang sinêdya bisa rawuh, mangkana janma utama, tuman tumanêm ing sêpi.

  35. Wruh marang sêmuning suksma, gonah marang pangéran maha suci, kulina dad maha luhur, mêngku kang asma warna, têtêp dadi wêwayanganing Hyang Agung, iya [38] ingsun iya suksma, ya pangéran iya mami.

  36. Mangkana janma katrima, uripira mung suka kang pinanggih, patiné kramaté agung, turuné manggih arja, titi tamat ping tri dasa sura nuju, alip angkaning kang warsa, mantri papat ngèsthi aji.

Dening Raden Mas Jayasursiparta

Sengkalan “Mantri papat ngèsthi aji” kata mantri bernilai 3, kata papat bernilai 4, kata ngèsthi bernilai 8 dan kata aji bernilai 1, sehingga terbaca tahun 1843 tahun Jawa = 1914 M.

%d bloggers like this: