alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SULUK SURAOSIPUN PATEKAH


Anggitanipun abdi-dalem, pun Ngabehi Wongsaniti, pradikan ing dhusun Sumyang.

Sekar Asmaradana : 9 pada.

  1. Ingkang rinumpaka kawi, rasaning patekah ika, alkamdulillahi kiye, pujine ing dat punika, rabbil-ngalamin ika, ingsun Allah kang setuhu, pangeran kang luwih wikan.

  2. Weruh ing keraton mami, ya Muhammad lahirira, ingsun iku lan batine, malliyiya midin ika, tegese ya Muhammad, ratu nyakrawati ingsun, iya sira kenyatahan.

  3. Karaton ingsun puniki, ing dunya / tekeng ngakerat, iya sira sejatine,  ingsun kang ana ing sira, sira ana maring wang, iya sira iya ingsun, pan ingsun asma kewala.

  4. Iyakanak-budu iki, sira ingsun ya Muhammad, panembahira maring ngong, ingsun nembah maring sira, way’ikanastangina, tegese Muhammad iku, anging sira ingkang ana.

  5. Yen nora nana sireki, estidelal nora nana, sih ingsun sira ing mengko, jenengaken marang sira, minongka gentening wang, ananira ananingsun, jenengira jenenging wang.

  6. Ih dinas siratal nenggih, mustakimma ya Muhammad, ana sira ana ing ngong, andadekaken ing jagad, margane saking sira, sekalire kang tumuwuh, pinangkane saking sira.

  7. Siratal kadina malih, an ngamtawangale ima, ya Muhammad ing margane, suka-suka marga sira, ana mukmin sadaya, dene ananira iku, wedale saking ing cahya.

  8. Gaeril mahlubbi iki, nglehim tegesira nora, nora beda ing anane, Muha/mmad kelawan sira, ana mukmin sadaya, kawibuwaning sireku, kelawan ing asmanira.

  9. Walalin ing teges neki, namaningsun namanira, dudu ingsun sejatine, sejatine iku tunggal, amin tegese ika, rasanira rasaningsun, punika rasa patekah.

   Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.

NGAKONI KALUPUTAN


Ngakoni kaluputan iku ora ateges ngasorake dhiri. Nanging sawijining tandha yekti yen wong mau wis bisa kinaranan maju satindak ing laku kautaman. Kosokbaline sapa kang suthik ngrumangsani kaluputane, ateges wong kang ora nduweni budi pekerti. Wong kang ora nduweni donya brana iku sinebut mlarat. Wóng kang ora nduweni pikiran iku luwih mlarat. Dene wong sing ora kadunungan budi pekerti mono klebu mlarat-mlarate wong.

Sing sapa rumangsa nduweni kaluputan, aja isin ngowahi kaluputan sing wis kadhung katindakake mau. Jer ngakoni kaluputan mono wis cetha dudu tindak kang asor, nanging malah nuduhake marang pakarti kang utama kang ora gampang linakonan dening sadhengah wong. Iya wong kang wis bisa nduweni watak gelem ngakoni kaluputane mangkene iki pantes sinebut wong kang jujur sarta kasinungan ing budi luhur.

Batine wong kang bisa ndarbeni ati nriman iku tansah ayem lan tentrem, marga satingkah laku tansah linambaran keyakinan kang kandel marang kadar peparinge Pangeran. Nriman ora teges wis marem apa anane, nanging suwalike kepara malah sungkan meneng. Mung bae ora grusa-grusu kaya tumindake wong kang nduweni sipat ngangsa-angsa kaya ora gelem ngakoni karang anane pandum.

Para maos lan sutrisna budaya Jawi sumangga sami-sami dipun onceki ing bathosipun piyambak-piyambak suraosipun tembang sekar macapat “Ngakoni Kaluputan” sinawung ing dhandhanggula ing ngandhap punika sinambi ngleremaken rasa lan raga ing wayah ratri, mugya saged damel jampi sayah. Nuwun.

DHANDHANGGULA

1. rarasing reh kaarah mrih manis / den peng dera amedhar wasita / mastutyeng rehnya pra moncer / ngaliling kyeh pituduh / berawane bangkit dumeling / idhep kedhepa marang / kartitama luhung / tabet tilase ywa telas / dumugia salami murih arjanti / tatane kasusilan //

2. drenging driya andarung mawredi / amengeti dedeling kaardan / kang wus kontap kamurkane / keni lamun sinebut / bebete mung lupa kepati / patrape murang tata / titine suwung blung / mung umbag gumunggung dahat / ngegungake agenging kang surasekti / prawira widigdaya //

3. sugih aji jaya wijayanti / sanggyaning kang dewa Suralaya / mlayu tandhing lan dheweke / kawawas samya kawus / wose kasor guna lan sekti / nanging duk ayun lena / lana tyase ayu / rumasa ywan dahat lepat / tingkahe kang wus kalakyan wingi nguni / tarlen mung borong angga //

4. iku keni kinarya palupi / lepiyane watak lir mangkana / tyas utama tumaneme / dhuh babo anak putu / anyandhia wasita jati / jantranireng wardaya / kalamun wus luput / angakua tetep lepat / aywa ngeyel nayal-nayal lir nir budi / dadi wong ambeg nistha //

5. nguthuh kether tar wrin bener becik / cak-cakane mung nasar belasar / bakal asor temahane / beda kang tyas rahayu / mung ngakoni luputing dhiri / tan selak tan suminggah / mungguhing wong idhup / kudu idhep ngedhep marang / rerangkene sakyehning wasita yogi / prayoga ywa pepeka //

6. pepakeme mangkya den ungkabi / angken ingkang ruwiya duk purwa / risang Subali Pamase / narendrambeg dibyanung / ing Kiskendhaguwa winarni / duk sirarsa pralaya / kataman ing tembung / tetambang pangundhamana / myang den undhat-undhat ing narendra lewih / Prabu Ramawijaya //

7. pan mangkana dhawuhe sang aji / heh pantes yen sira wre candhala / mamak murang krama bae / tan wruh mring ala ayu / ingsun manah mring sira iki / tan bakal nemu papa / jer ingkang sinebut / jati-jatining satriya / kang utama tumanem wrin ala becik / kang sun nut tepa-tepa //

8. nora dosa ingsun amateni / marang sira wre durta angkara / sumurupa heh wre kowe / kabeh jroning wana gung / ingkang nedya babo mlarati / lan nedya laku ala / mring titah sawegung / yekti sun pateni padha / iya kabeh pakewuh jroning wanadri / sun buru ingsun kala //

9. sun susugi ya ingsun pikati / tapisa pra durmalaning jagad / lawan ingsun uwis suwe / myarsa terang kalamun / sira tetep wanara juti / nistha tar parikrama / Sugriwa adhimu / teka sira tegel tega / angalani sira misahaken nguni / Sugriwa lan swaminya //

10. Dewi Tara tandya sira ambil / sira alap dadi bojonira / lah iku tetep sira wre / anindaki nalutuh / sira pancen durtaning bumi / nihan wau duk myarsa / Subali Sang Prabu / mring dhawuhe Prabu Rama / kathik mathuk uninganira sayekti / meneng angungun dahat //

11. sigra nembah-nembah wus meh lalis / mempis-mempis wedharing suwara / heh Rama tuhu sira yen / kembanging bumi luhung / lah matia Subali iki / gelah-gelahing jagad / dhuh babo adhiku / Sugriwa suka tyas ingwang / miwah sukur dene sira den asihi / mring Dasarataputra //

12. kang wus sasat bathara linuwih / ingsun yayi andhingini ruwat / lah saka warnaningsun wre / ing besuk iya kumpul / tunggal enggenira lamlami / yen wus padha rinuwat / ing jawata besuk / ingsun kang keliwat ala / wus pasthining bathara ingsun prang tandhing / lawan kadang priyôngga //

13. sira antuk pahala sayekti / dene nora bebarengan ruwat / kalawan kakangmu kiye / ingkang dhingini ingsun / anampani sihing dewa di / sira yogya milua / karyaning dewa nung / sawusira amitungkas / Sang Prabu Subali ngulungaken aglis / kembang mas mring Sugriwa //

14. ingkang aneng janggane Subali / Sang Sugriwa anampani sigra / kinalungken ing janggane / wau Subali Prabu / dyan aniba lulus alalis / cinatur antuk swarga / ya ta kang winuwus / kag kari bala wanara / santana wre samya nembah mring Subali / kang wus prapteng pralaya //

15. wangke tinrap neng pancaka nuli / tinunu wus sirna tan kawuryan / mangkana Sugriwa reke / sumilih dadya ratu / akadhaton Kiskendha nguni / kang yasa Sri Narendra / Mesasura Prabu / wong agung dwi kaaturan / mring jro pura sakalangkung gengireng sih / wau Narpa Sugriwa //

16. dahat wimbuh-wimbuhnireng bekti / marang Sang Prabu Ramawijaya / datatita wuryaning reh / babo baya wus cukup / cekak cakep kinarya peling / ring sanggya para mudha / kang nedheng kelimput / muput luput kridhaning tyas / den andhadha dhadhagi andheging sisip / ywa ngeyel nayal-nayal //

17. pratingkah basa kyehning sujanmi / kang wus ngaku ngengkoki mring lepat / tetep wus jembar kawruhe / myang alus budinipun / janma ingkang alus ing budi / sawastu kang cinipta / mung ambeg rahayu / kanthi yitna lan waspada / saunggyane mung basuki kang pinanggih / ywa maido ing driya //

SERAT SEWAKA


Anggitanipun Panembahan Cakraningrat ing Madunten, ingkang seda wonten ing baita kapal.

M I J I L

  1. Paran wijilena sih ing gusti, ing sumiweng katong, apan kadya yayah-rena sihe, yen walesen petharta wus sugih, ywa walesen lan sih, dede putra sunu.

  2. Sun walese lan catur pralambi, sihe gustining ngong, srep pama ya wanita swamine, iku mangka wales sihing gusti, den-kesthi salami, ajar kang dinunung.

  3. Yen tan mangkana walesing dasih, ing siye sang katong, lwir krepa seta sinung pangangge, binusanan retna kancanadi, cacat lungse kang sih, arsa amrih dudu.

  4. Iku isthaning dasih pinilih, denira sang katong, pantiksyanira catur pangandhe, kermi wahana wateking wancir, aywa salah tampi, rengaten ing semu.

  5. Dasih utama ingkang pinilih, denira sang katong, den kadi wilala laksanane, nistha yen kadi lulusan wangsit, pakulapak lik pik, lwir kutugeng banyu.

  6. Nisthanggung ngaken wira lan sakti, ing sumawikang wong, pan marga pandhem dening wanine, sardula corah temahan westhi, nir gunaning sekti, mati lawan kayun.

  7. /Madyaning lampah tingkag inng-amrih,  ing kerti kerti anggaot, den kadi mandhukari ringane, byuh pada lumaku ngirih-irih, tiwas den kajrihi, tan ajrih ing kewuh.

  8. Utamane lampah kang ing-ambil, wiwekane kinon, tirta mina kumuda swamine, dhangdang anglayang asemu wadi, pawiting anganti, prayoganing laku.

  9. Yen tan mangkana tingkah ing-amrih, matiya tan pandon, lwir kitwa keneng saya samine, salaba sirna malebah geni, sun isthaning ngamrih, mati lawan tambuh.

  10. Yekti atemahan nistha kari, nisthane katongton, temah ing anir catur pangandhe, lwir cedha duta temahan westhi, lumampah ing werit, ginanjar ing kewuh.

  11. Nir guna wirang yen tanpa milih, wiwekane kinon, lwir sona rina mesa akele, langara mupuh bradangga wanci, uni tanpa gendhing, guna temah kewuh.

  12. Aywa gunggung utamaning dhiri, ing sumiweng katong, manawi kadi baki solahe, bolu apindha manising manggis, nistha ywan tan yakti, madya kang pinuhun.

  13. Yen tan mangkana ing sumiwi, yaktya temah layon, her kumudawarsa upamane, pan tikswaning ragem mawananing, den yatna ing westhi, tyas den sedya a/yu.

  14. Den kadya wreksa panideng warih, simbaran neng kayon, denira kadi sata polahe, nistha yen kadi ima lan wresthi, lwir payung ing wasi, turapani angus.

  15. Iku nisthaning janma andasih, tanpa guna kang wong, lwir wreksa tan apala swamine, lwir wreksa wisa sekar sasami, lwir mina geng tasik, barak saminipun.

  16. Yen tan wruha ing catur pralambi, ing sumiweng katong, kadya sekar jenar pralambine, sila curiga brahmara ngrengih, ika ywan tan kesthi, lwir dyah tanpa bayun.

  17. Langguk dening sun amarna gurit, nisthanya waking ngong, lwir kitwa sengguten ta samine, lwir janma arsa anggatro weni, mindha babadan ing, pujangga angapus.

  18. Upamaning sun ta pendah peking, amangsiti uwong, utama mindha maksa memengen, anggung akuras tengeng jaladri, karsanya mewahi, udayaning gunung.

  19. Pilih kang remen ing janma mangkin, ya ing sabdaning ngong, pan kadi buron landhak swamine, kabyatan sara dadya ngeweri, nir gunaning lungit, yen tan saminipun.

  20. Lampah utoma ing mongsa mangkin, kang raketing anggo, yen kadi raga dha leksanane, para/s mindha tingkah ing pangradin, iku kang sinung sih, dene sang ngahulun.

  21. Yen wus dayatna sihing nerpati, rungsite katongton, lwir andrawina catur medane, merteng kamumu dinuking angin, yen dhawuh kang wresthi, sor pecating rantun.

  22. Paran den nyata ing westhi kari, upamane kang wong, lwir kala astha pada wisane, tan taha anging kewala ngresi, wisa kang ngutami, den prapta maring puh.

  23. Pat tingkahe sumiwi sinung sih, denira sang katong, lwir paksi setwa sinung pangangge, binusanan retna kancanadi, yen tambuh kang asih, akeh amrih dudu.

  24. Pan inaning westhining sasami, pan catur ing nganggo, tirta dipa warana lungguhe, iku mongka ramoning sumiwi, yen kwesthi sasami, ajar kang tinemu.

  25. Ywan tungkul anggunggung sihing gusti, dyah ayu anglamong, wastra sutra curiga pamane, pan lungiding sabda ataramping, sor tikswaning mimis, lungiding pamuwus.

  26. Nistha mukyaning andasih sangking, tri upama kang wong, lwir janma anampuri solahe, apan mukyaning sabda aramping, ywan nisthaning pangling, liwat dennya sempug.

  27. Lungit utama ingkang ing ambil, lampahe wong kaot, den kadya trisu/la upamine, yeku swanjata mukya di lewih, wisara salungid, mukyaning pandulu.

  28. Pan mukyaning kakang tekeng wadi, kaesthiya mangko, nirbaya westhi ing sarirane, wus winangsit dening ta janma-di, sakyeh ing lumiring, ing lampah rahayu.

  29. Liwat dening sun anyanyampuri, sakyah ning wong kaot, pan mindha angling tan ana rehe, lwir candhala ing mongsa katrining, sampayang angrengih, tan awetu jawuh.

  30. Lwir kartika ing mongsa katrining, sotaning anglamong, mindha datan wruh ing laksanane, lwir kalimutan angrereh margi, tan wruh ing patitis, sabda amamatut.

  31. Lwir wedaning wreksa mongsa pati, ning lata linayon, lwir astika byatageng luhure, panca laksanannya tanpa gati, swaranya kalingling, tanpa guna kewuh.

  32. Lwir sandhangan milet sarpa sari, isthanya waking ngong, adama tan sangsaya lungguhe, anging pintanen sih ing apingging, nistha tan kaesthi, kedya milya ngapus.

  33. Anging karyanen jampining agring, /panamuning wirong, mangkya usadaning tyas wirage, tambang-tambanganing brongta kingkin, pan namuring wingid, panunudeng wuyung.

  34. Tambang siring sun wantah ing wuri, kaki raganing ngong, mangkya pangyuywanira sang angreh, prana tyasantuking ngina kardi, wismanya ngasepi, yapining pikukuh.

  35. Tumpek pamunah sun marna gurit, wala Raditya Pon, wimbaning sasi sapta wateke, panca wimbaningkang sitaresmi, taunnya pamethik, kaki wekasingsun.

Sekar Bongsapatra, lampah 4; nunten 6; dhawah 7.

  1. Nora gampang, ing polah puniki, miwah ywan pasawalan, ning prayayi, sama gunge sami, addhyuha ing smu sisip, tan hyujungan, ring pangling pan sira, iya goning karakswa, salah ing smu, lwir antiga ngapit, ing sela sasamanya.

  2. Luputa dera ngekani iya, tutuge pinurikan, aywa sira, tanpa ngati-ati, den bisa met pakenan, ewuh mungguh, raga/neka aywa, guguywu malara ring, tingkah yukti, ywan lampah durjana, lan aywa salah laku.

  3. Ywambek corah, atiruwa sira, ing lampah kang nastiti, lawan ambek, kang susila iku, solah ing kawlas-asih, den-angrasa, lamun kawelas-arsa, meta karsyeng janma keh, aywa pati, pan ingawulangun, met polah den nastiti.

  4. Sumbaling dadya tindhaning sang wruh, ing laku pacuwan sira kagungan, sayogyane wruha,ya ing sopana radin, sampun kirang, duduganen temahhe polah iki ywen tan, nuting karep, ing desa sangsara, sarirane mongsa na.

  5. Ya amuwuh, anganggeya manah, sawiji aja uga, ya ambubak, iku dudu laku, lan aywa para tindha, para tantang, ywa sira nyaleni, lan aywa nyanyampahi, lamun sira, sinawalan ing pangling, pancuwan dehken karsya.

  6. Aperbatan, satemah la aywa, bumi sabalik sira, aywa silib, jaluk awicara, anuta ring pitutur, saujare, aguta/na lamun, mneng sira menenga, tumuli manawa salah tompa, ewuh tampaning janma.

  7. Ing wong angling, hyun amilih rowang, kya carik basa mangke, yogya iku, tiniruwa kaki, den alus sarwi ririh, tekeng ing pamote pisan lan den bisa sira memuwus, anging ana, kaki kang sun cacad, dene tana nebusi.

  8. Kwula kathik, lan tan asasawah, yeku reh ing kaswasih, minonga ramonaning ngumbara, anti pagringringane, bulah akweh, ing pungkur sun warna, aywa kurang kang ratri, engetena, ing lampah ywan sira, aywun pacuwan aywa.

  9. Angrasaa, lamun kasandhangan, budi tan wit ing sira, eh ta poma, ya ki Jatisurti, den wruh paraning tingal, aja sira, samar ananing Hyang, tan beda lawan sira, ing bedanya, wawayangan kaki, ananya iku tunggal.

  10. Ing tunggalnya, sama myang suksmeki, mulanira kawasa, muna mosik, ya saking sih ing Hyang, sadayanya manusa, saking gaib, kaki pinangkanya, pan sama warnaneka, ya mu/lane, ana rong prakara, ye kajatinya nguni.

  11. Yeku sira, hyun awas purwanya, adam wiwitane kapurweng jasad, dening suksmanya, roh ilapi sangkanya, yeku sira, den waspada kaki, dene solahireki, sipat astha, kawruhana yekti, kang manjing kawuleka.

  12. Duk pinanjing-ngan punika ya ingkang roh ilapi witnya, pinanjingan ya ing rahswaning Hyang, kinarya wadhah neka, ya embanan, ning Hyang Suksma-jati, tan beda jatineka, sampunnya winejang Jati-surti, tanantara gya mukswa.

  13. Risang Mudha, ya Jati-sampurna, lan arinya Tambangsih, karwanggana, Jati-surti nulya, cipta sumusul marang,  guruneka, gya mihrat kapangguh, mesem Jati-sampurna, nyata mantep, hening tyasira ya, marang Hyang Suksmajati.

  14. Wus winenang, sira nabda tunggal, winenang liru dhiri, Jati-surti, nembah kang sapangat, paduka kang kapundhi, kwaswa amba, saking sih pukulun, nengna Jati-sampurna, yata / ingkang, pinurweng carita, kocapa kang lalana.

  15. Risang Mudha, Amongbrongta ingkang, nglalana anganteni, ya ing pati, lwir bosen neng dunya, tan hyun lunggyeng rameka, sakyeh ningkang, jajahan iya wus, kadunung Surenglara, legawa ing, palastrekna satya, tuhu ring lampahneka.

  16. Patising, tingal waspada jatining lampah hening tyas, lakuneka tan kandheg ing papan, tulis tur sinamar ring, lampahneka, saweneh kang janma, tinggal pangan lan nendra, dening ber ing, ngarsa apan ta kinarya pangeram ika.

  17. Tan wikan hyan, kalurung karyanya, ya amartani mapan, kyeh janma kang, angunggung lampahnya, pan apeksa lumuhung, kang sinandhang, pan tambal-tinambal, peksa iya tan wikan, durakanya, yata wau risang, Bongsapatra kawuntat.

Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.
%d bloggers like this: