alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SULUK DHUDHA


Suluk Dhudha ingkang tanpa sekar punika anggitan-dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kaping IV. Panganggit-dalem sawek jumeneng Kangjeng Gusti / Pangeran Adipati Anom. 

Ngendi gone wong lanang ingkang ngutami, kakang Dhudha sun atokon marang sira ?

Gudhe pandhak, nagarane ing Kuranji; urip ingsun nora lawan apa-apa.

Puspa ranu patine maring bujongga, pudhak jengkar patihe Arjunasasra; wanda ningsun lir tunjung tanpa telaga.

Kakang Dhudha ngendi gone pangeranira?

Perkutut gung kang petis cinandu rasa; iya iku kang angucap lawan sira.

Kakang Dhudha sapa dadekaken sira?

Peksi krendha putra nata ing Ngayugya; sadat baka dadi lawan dhewekira.

Kakang Dhudha ngendi pinangkane kuna?

Sawo sempal wangsaning Hyang Diwangka/ra; saking ora milanipun dadi ana.

Kakang Dhudha yen mati ngendi parannya?

Tata praja tapas ngren mindha buntala; ulih mara waluya kadi duk nora.

Jroning pati Kakang Dhudha manggih punapa?

Kunir pita putra nata ing Janggala; jroning pati nora nemu paran-paran.

Kang Dhudha kayapa sadat pakenira?

Gula-drawa prabu yaksa ing Durbaya; wuta tuli bisu tan pegat dennya ngucap.

Kang Dhudha ngendi gone Pangeran nira?

Prana lata patine Arjunasasra; ananing Hyang anglindhung ana ing cipta.

Kang saweneh katungkul ing tatakrama, gula-drawa angun-angun nata praja; lali jiwa kasapud dening ngasmara.

Asmarane tansah agawe wigena, parang-muka kang sela gineni-ara; pujinira kalurung tan buh parannya.

Aja tungkul ing sembah puji puniku. Cerma reka kang jothang amertalaya, anggurayang tanbuh-tanbuh kang den sembah.

Ngendi gone kang tan metu marga ina?

Wisangkara / kang gebang pamewer wana, babarena ing benjang ingsun ngawula.

Yen dereng wruh akeh ujare karungu. Prana lata kang dadya anuda prana. Kelor wana wiru wayen silih dewa.

Puspa lulut gunung malang lor weleri; pegat sihe tutulusa ing ngubaya; iya iku kedanan aneng nging Suksma.

Nimbok Rondha apa ujarina iku; pudhak jengkar patine Arjunasasra? Lamun babar sira dhewe kadrawasan.

Nimbok Rondha gupuh anungkemi pada. Toya reka prandene widik wecana, dawek medal wecana mongsa kandela.

Yen mangkono Bok Rondha lah mareneya, angkan-angkan kang lata amertalaya. Ing jro jinem gon ingsun pulang ngasmara.

Wus jinaten lengleng temahan asmara. Kawuk citra kulampis widik wiraga. Nimbok Rondha sir/na ilang rasanira.

Karsanira nora nembah ing anama. Guru tikna prandene widik wecana, anging sira gen nyata ing Hyang kang Purba.

Wus winejeng Ki Dhudha nuli pralaya. Nimbok Rondha anangis sarwi tatanya; Kakang Dhudha sapa kang mamarahana?

Aja nangins dudu ingsun kang amati, asmara ku kang Suksma angalih warna, nora mati kewala angalih praja.

Kang dereng wruh akeh kang ngarani mati. Ong kasapta semut bangkang apepanthan, ramyang-ramyang tingale wong nganeng dunya.

Singa dulu raraga gila agething, kelor wana kang cerma rineka janma, nora wikan yen wawayangane ika.

Ngendi gone yen ragane sampun mati? Candu rasmi patra tinubing maruta, lir kuleyang raraga sagone tiba.

Akeh temen katungkula olah kayun, layonira tan ana kang memba-memba. Cobaning Suksma sun den lih byahawora.

Mangu-mangu andu/lu raraga kari, gambas pait kang sekar ginayuh tuna; karep ingsun awora kalawan sira.

Kapethik saking  Serat Suluk Jaman Karaton Dalem ing Surakarta.

SULUK SASMITANING SANJATA CIPTA


Anggitan-dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kaping III.

DHANGDHANGGULA

۞۞ Pada 01 ۞۞

Sun amurwa ing tembang ngartati,
sasmitanya purwa ningkang jagat,
den-ka/wruhana mulane,
kriyeke watang putung,
awor lawan kukus ing bedhil,
apetak mring gagana,
mega wor sumaput,
lindhu bentar kang pratala,
gunung guntur segara mumbul wiyati,
dene arebat karsa.

۞۞ Pada 02 ۞۞

Salang deleng datan ana kongkih,
kagiri-giri dennya kotbuta,
lwir grah kapitu swarane,
wor lawan ririsipun,
makirtya ring kanang palupi,
asru dennya murcitra,
welahe lir tugu,
akeh kenyut ing pakeyan,
den kukudang jasmani den lingling-lingling,
tandhane yen kabandhang.

۞۞ Pada 03 ۞۞

Den kukudang ragane den lingling,
endi silih kang liyan punika,
den luhuraken ragane,
jatine Suksma tuhu,
nyata amba wite dumadi,
miwah isining jagat,
iku suking ingsun,
wus katampan saking ngamba,
kang den-aken kanyatahan ing Hyang Widdhi,
iku tetebengana.

۞۞ Pada 04 ۞۞

Ingsun iki yekti wus linewih,
kang ngaduwe swarga naraka,
saking ngamba pinangkane,
nora ngulati ingsun,
Al[l]ah iku nyata ing ngilmi,
/ uripira waluya ,
tan ana pakewuh,
aja muji aja nembah,
apuwasa ing wulan Ramelan kaki,
pan sampun apuwasa.

۞۞ Pada 05 ۞۞

Jakat pitrah iku sampun dadi,
atilara sakeh ingkang ngamal,
tata krama ing jenenge,
alam punapa iku,
jenengira pan sampun lair,
tan ana pringga baya,
sabarang pakewuh,
siksa kubur saking sira,
nora genti pan bareng wijining jati,
tan ana ingkang liyan.

۞۞ Pada 06 ۞۞

Den gegema den angati-ati,
ujar iku aja sumambrana,
den ulati salawase,
aja amuji iku,
duk semana sampun amuji,
puwasa ing Ramelan,
apan wis pitekur,
ingkang ngawal balenana,
sira iki nora Islam nora kapir,
nyateng jatining Suksma.

۞۞ Pada 07 ۞۞

Wong ngangetang-etang iku pangling,
lawan amaca Kur’an tilawat,
punika jakat pitrahe,
tan ana sawabipun,
tingalana jagat wis sepi,
anging sira kang ngana,
asale ing makluk,
ping ngillolah sipattolah,
gih puniku witing puji wit ing bekti,
sira jatining / sembah.

۞۞ Pada 08 ۞۞

Iku poma agemen kang becik,
lamun ana janma ingkang ngrunjang,
akena sembahyang mangke,
den bisa ngambil sanggup,
ngecanana lan tata krami,
asanget lunganana,
tibanira iku,
kaki ilang yektinira,
wis kuwasa muluk sabanira nglangit,
nyateng sampun wisesa.

۞۞ Pada 09 ۞۞

Nora dadi sembayange kaki,
yen tan wruha patitising sembah,
dadi sembah buh gawene,
aja kaya weregul,
gebyar-gebyur saba ing warih,
aywa kaya likasan,
aywa kaya tugu,
lan aywa kaya maesa,
wong ngamuji yen tan wruha kang pinuji,
yen mati mati bongka.

Kapethik saking  Serat Suluk Jaman Karaton Dalem ing Surakarta.

SULUK MARTABAT WAHDAT WAKIDIYAT


Anggitan-dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kaping III.

A S M A R A D A N A

۝۝ Pada 01 ۝۝

Martabat pitu kinawi,
pra samya angawruhana,
Akadiyat wiwitane,
ping kalih martabat Wahdat,
ping tiga Wa/kidiyat,
Wahdaniyat kapatipun,
kaping lima Ngalam Misal.

۝۝ Pada 02 ۝۝

Ping nem Alam Jesam singgih,
Insan Kamil ping pitunya,
martabat iya tegese,
akarya ing kenyatahan,
tegese Akadiyat,
nyatakaken ing datipun,
tuhune ing dhirinira.

۝۝ Pada 03 ۝۝

T[e]gese Wahdat puniki,
nyatakaken sipatira,
pan wis nyata ing dheweke,
t[e]gese kang Wakidiyat,
punika kaya paran,
nyatakaken wismanipun,
wus nyata ing aranira.

۝۝ Pada 04 ۝۝

Wahdaniyat ingkang wahit,
puniku den kawruhana,
gone nyata dat sipate,
asma kalawan apengal,
pundi nyataning ngedat,
roh ilapi jatinipun,
nyatane amung titiga.

۝۝ Pada 05 ۝۝

Nyatane kang roh ilapi,
wus nyata ing ngasalira,
nyatakaken ing rupane,
ping kalih alam ajesam,
tegese alam jesam,
nyatakaken abngalipun,
insan kamil kaping tiga.

۝۝ Pada 06 ۝۝

Ingkang ngaran asma jati,
nenggih asmane roh Allah,
edat ilaha sipate,
ilalah ing-nga/ran asma,
Muhkammad Rasullullah,
gih puniku apngalipun,
nora jasad lan Muhkammad.

۝۝ Pada 07 ۝۝

Wus nyata asal ngawruhi,
pundi ingkang ngaran edat,
lan sipat apngal asmane,
wus nyata ing jenengira,
nyatane polahira,
puniku roh jatenipun,
apngal nyata gawenira.

۝۝ Pada 08 ۝۝

Nyatane asma kang yekti,
pangucap ing roh punika,
namaning ngeroh jatine,
jaba jero pan wus nyata,
terus kalawan padhang,
datan ana liyanipun,
teka wulune salembar.

۝۝ Pada 09 ۝۝

Pundi kang ngaran roh jati,
iya kang anyata iman,
tokit lawan makripate,
kang pundi tegese iman,
pangistune roh Allah,
kang ngaran tokit puniku,
tunggal jeneng lawan sira.

۝۝ Pada 10 ۝۝

Tegese makripat iki,
paningalira punika,
aran makripat tegese,
punapa kang tiningalan,
kalawan tinarima,
jenenge roh kang rumuhun,
narima ing jisimira.

۝۝ Pada 11 ۝۝

Nenggih tatkalane urip,
kinarya paesan tunggal,
narima ing wayangane,
kaya roh ing nguripira,
nanging Nga/lah kang mulya,
anenggih kang Maha Luhur,
langgeng datan kena owah.

۝۝ Pada 12 ۝۝

Apa kang tunggal pamanggih,
tunggal wujud lawan sira,
pamanggih ing roh tegese,
jangjine urip satunggal,
kaya paran tunggalnya,
tegese tokit puniku,
datan roro jenengira.

۝۝ Pada 13 ۝۝

Paningale roh kang ening,
datan mulat maring liyan,
nenggih amung pangeranae,
dadi awas mring pangeran,
sapa wonge kang ngawas,
ingkang ngawas mring rohipun,
iku awas marang Suksma.

۝۝ Pada 14 ۝۝

Pangucap ing roh kang yekti,
iku wong ngamaca Kur’an,
ing siyang lawan dalune,
tan lali ing ngadhepira,
kang madhep marang Suksma,
ngendi lakune roh iku,
nenggih nglampahaken salat.

Kapethik saking  Serat Suluk Jaman Karaton Dalem ing Surakarta.

%d bloggers like this: