alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

BAB XI. LIMPUT-LINIMPUTAN UTAWA URUP-INGURUP : SAHIR KABIR KARO SAHIR KABIR : TUMRAP ALAM SIJI LAN SIJINE


a. BAB SIHIR

Yen kang maca iki wis ngerti KANTHI TERANG sarta bisa ngrasakake KANTHI MEMET marang kareping andharan kang kasebut mau kabeh, mesthi bisa nyandhak marang karepe pratelan ing ngisor iki.

1. Bab tegese URIP ING ALAM DONYA (1)

Tetembungan wong urip ing ALAM DONYA iku tegese : rasa dhiri kang lagi kalimputan ing rasa kajasmanian, jalaran rasa kajasmaniane kang lagi dadi peranganing rasa dhiri  KANG KANDEL DHEWE. Sarehne kandel dhewe, banjur ngurupi (nglimputi) marang rasa kaswargan lan rasa kanerakan.

Awit dening rasa kaswargan kalimputan ing rasa kajasmanian, wekasane kabiring kaswargan (yaiku jagad kang aran swarga) sirna wujude, mung kari : RASANE bae. Sirnaning jagad swarga mau sabab kalangkib (ketutup) dening wujuding jagad donya. Kang mangkono mau angen-angen banjur ngira : awang-uwung kang tanpa wates jembare mung isi donya thok. Iku kena kaupamakake kacaning buku kang kalangkib, katutupan ing kaca liyane, mesthi kaca kang katutupan mau kaling-kalingan dening kaca kang nutupi. Ewa dene senajan kabire katutupan, nanging SAHIRE (RASANE) isih dirasakake uga, kayata : yen wong donya mau pinuju ngrasa : SENENG, AYEM, TENTREM, WELAS, ASIH, TRESNA, BEKTI, SUKA SUKUR, RILA, LEGAWA…….. sapanunggalane, iku kabeh RASA KASWARGAN, dudu rasa kajasmanian. Mung bae, mesthi ora kandhel kaya yen ngalami kabiring kaswargan. Mulane rasa kaswargan ing alam donya : tipis, awit saperangan gedhe rasa kajasmanian kang kandel mau. Wuwuh-wuwuh sabab sahiring kajasmanian korup marang kabire. Lire sahir korup marang kabir iku kayata : rerupan dianggep sajabaning pandulu, swara dianggep sajabaning pangrungu, asin dianggep ana ing uyahe.
———–

(1) Tegese urip ing kene : MAKARTI, dudu  KANG MAKARTI.

Kang bisa mikir dianggep dimak. Kang bisa ndulu dianggep si-mripat kasar. Rasa dhirine dianggep badane kang wadhag ………. sapanunggalane, kang ateges : BADAN WADHAG DIANGGEP BISA MIKIR LAN NGRASAKAKE SARTA DUWE KAWRUH (ngorakake ananing wujud kang alus) mangkono iku tak tembungake : sahire korup marang kabire.

Ing dhuwur mau mratelakake rasa kaswargan luhur sok mencungul ana ing donya.

BAB RASA KANERAKAN
KANG SOK MENCUNGUL ANA ING DONYA

Awit dening rasa kanerakan kalimput ing rasa kajasmanian, dadi KABIRING kanerakan, (jagad kang sinebut naraka) sirna wujude, mung kari RASANE bae. Sirnaning jagad naraka mau ya sabab kalangkib, katutupan ing wujuding jagad donya.

Ing awang awung kang tanpa wates jembare digolekana, ora bakal tinemu karo kang aran naraka, kabeh-kabeh donya. Iya kena kapindhakake kacaning buki kang mawa gambar naraka : kelangkib, ketutupan ing kaca kang kebak gambar donya. Ewa dene sanajan kabire katutupan, nanging : SAHIRE (RASANE) isih sok dirasakake, yaiku yen wong donya pinuju muring, nesu, gegething, sesatron, jail, drengki, panasbaran, mangkel, maeka, nindakake kadurjanan, ngresula, susah, bingung, ketir-ketir, nar-naran, sapanunggalane. Rasa kang mangkono iku wewengkoning rasa kanerakan, dudu kajasmanian. Amung bae tumrap ing donya mesthi ora kandhel kaya yen  ngalami kabiring kanerakan. Mulane rasa kanerakan ing donya : tipis, awit saperangan kang gedhe saka rasa dhirine : dianggo ngrasakake rasa kajasmanian kang kandel iku. Wuwuh-wuwuh rehne sahir iku lumrahe korup marang kabir.

BAB RASA KASWARGAN MADYA,
KANG SOK MENCUNGUL ING DONYA

Ait dening rasa kaswargan madya kalimput ing rasa kajasmanian, kabiring kaswargan madya (yaiku kang aran swarga kamukten, swarga ning jin peri sarta kaendran) sirna wujude, mung kari rasane bae. Iku ya sabab kelangkib, ewadene senajan kelangkib kabire, nanging rasane (sahire) ora melu sirna, isih sok dirasakake, yaiku : yen wong donya pinuju krasa dhemen, lam-lamen, seneng, gandrung, ngrasakake laguning gendhing utawa tembang, nyawang wewangunan kang adi endah utawa milangoni, sengsem nonton wayang, nikmat nalika mbegsa, ngrasakake marang endahing kagunan adi  (kunst) ……. sapanunggalane, kang aran ngrasakake marang rasa kaendahan (schoonheidsgevoel), nges-ngesaning samubarang kang mawa nges. Rasa kang mangkono iku dudu rasa kajasmanian, nanging rasa kaswargan madya. Panunggalane rasaning jin peri. Mungguhe : marang rasa ka-endran, kang banjur sambung karo rasa kadewatan. Aluse maneh sambung karo kaswargan luhur. Nanging tumrape wong donya, mung ngrasakake saperangan cilik utawa pucuke bae, tur wis prasasat malih rasane, dene kakehan momorane.

BAB RASA KASWARGAN ASOR
KANG SOK MENCUNGUL ING DONYA

Rasa kaswargan asor kang sok mencungul ing kajasmanian, yaiku : rasa bungah kang tinggal eling, rasa kamurkan, pangangsa, penginan lan kemilikan barang donya, bungah sabab nglakoni ngabotohan, bungah sabab mbedhang, ugal-ugalan, sesembranan utawa gawe guyon marang liyan, klejingan, cremedan, ngapus, nyolong, sapanunggalane, cekake kabungahan lan kamareman kang asor lan remeh, sarta kang gandheng karo panggawe maksiyat, katindakake tinggal nalar. Sarehne iku kalebu ewoning kabungahan lan kamareman, sanajan tanpa nges, ya ewoning rasa kaswargan uga, nanging kaswargan jlomprongan. Kabiring kaswargan jlomprongan meksa luwih endah katimbang donya. Sabab, bebakalane luwih alus klatimbang donya kang wadhag iki.

Rasa kaswargan asor iki, sarehning kadadeyan saka napsu kang kasar, mulane gampang bisane sambung karo rasa kanerakan. Lire, yaiku : napsu supiyah kang kasar cepak amore karo napsu amarah. Jalaran saka iku, makhluk kang padha ngalami swarga panasaran, watake akeh kang kamomoran watake kasetanan, yaiku : tegelan lan dhemen gawe kapitunan marang sapadha-padhane tumitah.

1. BAB JASMANI KANG ALUS BEBAKALANE

Kang maca layang iki aja ngira yen sawerna-wernaning bebakalan kang kasebut mau CETHA WATESE tumrap siji lan sijine, kang banjur diemper-emper lelapisan utawa sapsapan.

Antaraning jenis siji karo jinis liyane, mesthi ana panggandhenge kang awujud momorane jinis siji karo jinis liyane.

Momorane iku mujudake bebakalan kang seje maneh, sing kahanane ngemperi marang karo-karone.

Badan wadhag karo badaning napsu luamah, ana antarane, dak arani : JASMANI ALUS NYEDHAKI KADONYAN.

Badan wadhag karo badaning napsu amarah, ana antarane, dak arani : JASMANI ALUS NYEDHAKI KASETANAN.

Badan wadhag karo badaning napsu supiyah, ana antarane dak arani : JASMANI ALUS NYEDHAKI KAJIMAN.

Badan wadhag karo badaning napsu mutmainah, ana antarane dak arani : JASMANI ALUS NYEDHAKI KASUKMAN.

Kang disebut RAHSA, dening layang iki, yaiku BADANING nepsu patang prakara kang kasebut ing dhuwur iku dalah RASANE pisan.

Kang diarani, ANGEN-ANGEN, yaiku : sunaring Budi kang wis tumiba marang sadhengah badan. Sarhne sadhengah badan mesthi ana RASANE, mangka RASA mau kasorotan ing pepadhang, ing kono rasaning badan mau banjur NGRASAKAKE marang PADHANGE.

RASA rasaning padhang kang rinasa dening badan ka aranan : angen-angen. Awit saka iku, banjur ana sebutan angen-angen peteng, angen-angen padhang, angen-angen luwih dening padhang (angen-angen luhur).

Padhang lan petenge iku sejatine, gumantung ing DHASARE kang nampa sorot.

Kang doarani angen-angen SUMEBAR, yaiku : sunar kang tumiba ing JASMANI ALUS utawa NAPSU KASAR.

Ananging aja kinira yen angen-angen iku tanpa bebakalan. Sawarnane kang aran badan alus mesthi ana bebakalane.

Bebakalane iku wong Jawa ngarani : wujude. Wong Arab ngarani : jisime. Wong Walanda ngarani Staf, (wujud, tegese : ANA).

Bebakalan, (kawujudan, jisim utawa staf) iku, tumrap ing kajaten : mung KEDHER. Kedher iku kaya daya pangwasaning kajaten. Pangwasa iku makarti kanthi kawicaksanan.

Wujud disebut SIRNA, iku tumraping kasunyatan, mung kedhere kang LEREN. Dadi kang sirna : kedhere (kedherane).

Kanggo nggampangake panalaran mangkene, pangwasa mau upamakna :electriciteit”, dayane nganakake DAYA PANGGENDENG ing wesi brani, nganakake PAPADHANG ing diyan, nganakake GENI ing pamasakan, nganakake SWARA lan KILAT ing hawa, nganakake KAROSAN ing mesin-mesin……… lan liya-liyane. Nanging ora ana kang weruh wujude electriciteit, mung weruh dayane utawa kedhere bae.

Dhiri kang kalimput ing JASMANI ALUS NYEDHAKI KADONYAN iku, kadadeyan saka kandeling napsu luamah (ngegungake dhahar guling lan syahwat). Engetane peteng, awit kang madhangi : angen-angen kang wis sumebar. Dhiri kang kalimputan ing luamah mangkono iku, lawas enggone kandheg ing jagad peteng, malah terkadhang isih momor karo donya, sabab butuh karo pepanganan. Alame ana kang ngarani De donker (jagad peteng).

Dhiri kang kalimput ing JASMANI ALUS NYEDHAKI KASETANAN, kadadeyan saka kandeling napsu luamah lan amarah, (ngegungake luamah lan amarah), engetane remeng-remeng. Dhiri kang kalimputan ing amarah mangkono iku lawas enggone kandheg ing jagad lelara lan pepanas. Malah terkadhang momor wong donya, prelu mung gendhak sikara, ndusiri jail, cengilan, panastene. Alame ka-aranan : naraka utawa Hel.

Dhiri kang kalimputan ing JASMANI NYEDHAKI KAJIMAN, kadadeyan saka kandeling napsu luamah lan supiyah, (ngegungake luamah lan kesenengan warna-warna). Engetane kalebu padhang. Dhiri kang kalimputan ing kandeling supiyah mangkono iku lawas enggone kandheg ing jagad madya, malah terkadhang momor karo wong donya, karanan bangsa jin utawa peri, nanging satemene isih tetep manungsa kang nyamleng karo wong donya, malah akeh sing becik watake tetulung lan ngudi kawruh kasunyatan, nindakake agama lan sapanunggalane. Alame karanan rohiyah utawa Lotering, yaiku alaming swarga madya perangan ngisor. Manawa tipis luamahe enggal marang perangan luhur.

Dhiri kang kalimputing ing  JASMANI ALUS NYEDHAKI KASUKSMAN kadadeyan saka kandeling napsu luamah lan mutmainah (ngegungake luamah nanging bebudane alus), lawas enggone ngalami swarga luhur perangan ngisor. Terkadhang ya momor karo wong donya, prelu tetulung, ngopeni manungsa, mbantu marang kodrat. Alame kaaranan kadewan, nanging perangan ngisor. Manawa ora kandel luamahe, enggal marang perangan luhur.

KATRANGAN

Kang aran k a d e w a n (DEWATJAN), iku pratitising tembung : alaming angen-angen luhur, yaiku : swarganing angen-angen, dudu alaming mutmainah (swarga katentreman) nanging  WIS PRASASAT ORA ANA BEDANE kadewatan, karo swarga luhur iku, awit tansah lira-liru, butuh-binutuhan, lire mangkene : rasa katentreman mematuh marang padhange angen-angen luhur, angen-angen luhur butuh marang rasa katentremaning mutmainah. Mulane butuh-binutuhan, saba sawarna-warna ora ana kang bisa madeg dhewe, yen ora karo liyane. Karo-karone ing basa Walanda ka-aranan “Negatiefvorm” tegese : kang siji ora bisa madeg dhewe yen ora karo sijine. (1) Yen rong warna wis awor, lah iku lagi MADEG. Yen madeg, ing kono banjur ana DHIRI.

Dhiri tegese, ADEG utawa DEG-DEGAN, oleh-olehaning DEG (berdiri). Kang madeg, dhapukaning adon-adon.

Swarga madya ing perangan luhur; gandhenge karo kadewatan, alantaran angen-angen luhur. Dene gandhenge karo swarga katentreman, lantaran alusing rahsa.

Dadi tetela, badan alus iku, sangsaya alus sangsaya gampang bisane amor (weruh wineruhan) marga sangsaya nyedhaki marang kasunyatan.

Nyedhaki marang kasunyatan iku ateges nyedhaki marang manunggal.

Nyedhaki marang kasunyatan iku ateges nyedhaki marang JEJERING sakabehe KAHANAN, yaiku KANG DITUNGGALI dening kabeh kahanan.
—————————

(1) Katembungake Jawa : Tetep-tinetepan.

2. TEGESE MUNGGAH ING SWARGA

Tetembungan ANA ING SWARGA iku, tembung ANA ING, sajatine ora ateges manggon. Tetembungan MUNGGAH SWARGA iku tembunge MUNGGAH, ora ateges marani panggonan sing ana sa-dhuwure. Tetembungan TUMURUN ING DONYA, iku tumurune ora ateges teka saka ing panggonan kang dhuwur menyang panggonan sa-ngisore.

Ana ing swarga iku ateges kang sejati : dhiri kang lagi kalimputan ing rasa kaswargan (rasa adhem lan padhang), jalaran rasa KASWARGANE kandel banget, ngorupi (nglimputi) marang rasa kajasmanian.

Rasa kajasmanian kalimputan ing rasa kaswargan, iku tegese : rasa kajasmanian mau ya isih rinasakake ALUSE, nanging mung rinasa DADI UBARAMPENE utawa WEWENGKONE bae, ora rinasa dadi LUGUNING AWAK (DHASARE). Kang rinasa dadi BAKUNING BADAN, yaiku rasa adhem lan padhang (adheming ati, padhanging engetan).

Terange prekara iku, nganggo tuladha mangkene :

Ngupamakna wong nganggo tesmak abang, samubarang kang dinulu katone abang kabeh, warna abang iku DHASARING PANDULUNE, iku upamakna dhasaring rasa kaswargan. Sanajan dhasare mau ABANG nanging ora ateges ndulu godhong katon abang thok, isih ana ijone, nanging ijone semu abang. Barang kang putih dadi putih semu bang. Kang kuning dadi kuning semu abang. Mangkono sapiturute, sebab dhasaring pandulu : ABANG. Rasa dhasar tansah kasaklira tanpa pegat, nanging rasa liya-liyane, mung kala-kala krasane, kaya dene abang mungguhing wong nganggo tesmak abang : ora pegat-pegat rinasuk, nanging : ijo, putih, kuning, biru, wungu, mung kala-kala, tur mesthi kaworan abang.

Nganggo tuladha maneh :

Wong ngrasakake enaking panganan utawa omben-omben iku, lugune dhasare : PAKARTINING RASA ILAT, dudu pakartining pangganda, pandulu, pangrunggu sapanunggalane. Nanging sangsaya wuwuh enake yen kaworan PAKARTINING SANG GANDA ing sawatara, kayata : binarengake karo ngrasakake GANDANE kang arum utawa sedhep. Wuwuh maneh enake yen kawuwuhan PAKARTINING PANDULU kang weruh beciking wadhahe utuwa beciking rupane panganan mau. Wuwuh maneh yen kawoworan PAKARTINING PANGRUNGU kang ngrunggu swaraning untu sing muni kriyuk-kriyuk, …. Rasa kaswargan (adhem padhang) upamakna RASA ILAT. Rasa liya-liyane kayata : kajasmanian, kadewan, kajiman lan liya-liyane, upamakna rasaning pandulu, pangganda, pangrungu, pangenyam.

Rasa kaswargan, kadewan, kajiman, kanerakan….. kabeh diaku dening rasa kajasmanian, tegese : dianggep dadi UBARAMPENING rasa kadonyan, dening WONG DONYA.

Rasa kajiman kadewan, kajasmanian …. kabeh iku diaku dening rasa kaswargan, tegese : dianggep dadi UBARAMPENING rasa kaswargan dening WONG SWARGA.

Rasa kaswargan, kanerakan, kajasmanian, kabeh diaku dening rasa kajiman, tegese : dianggep dadi UBARAMPENING rasa kajiman, dening WONG JIM.

Rasa kajiman, kajasmanian, kadwan sathithik, ……. kabeh diaku dening rasa kanerakan, tegese : dianggep dadi UABARAMPENING RASA KANERAKAN, dening WONG NARAKA.

Saliring rasa kang kasebut ing dhuwur mau kabeh KAWENGKU dening kajaten.

DIAKU karo DIWENGKU,  ora padha, bedahe kapratelakake ing buri.

KATRANGAN

Rasa kaswargan luhur ora kanggonan rasa kanerakan sathithik-thithika. Rasa kanerakan ora kanggonan rasa kaswargan luhur sathithika. ***

b. BAB KABIR

ing dhuwur mau lagi mratelakake bab ka-SAHIRAN, saiki mratelakake KAKABIRAN.

Awit dening rasa kajasmanian kalimputan ing rasa kaswargan wekasan kabiring kajasmanian (jagad donya) sirna wujude, mung kari ALUSING RASANE (sahire) bae. Sirnaning jagad donya mau sabab kelangkib (katutupan) dening jagad swarga. Awang-uwung kang tampa wates jembare, mung isi kaswargan, ora ana kadonyane. Nanging …. sarehning sahir kabiring kaswargan iku alus (bening) dadi kena kaupamakake kacaning buku kang ngemperi kacaning jandhela (gedhah). Kaweningane (pepadhange) marakake ORA MAIDO marang ananing jagad donya. Iku lire : jagad donya ana kalane katon tinonton saka jagad swarga, samangsa ana prelune, katone ana amaya-maya.

Kanggo nggampangake kanalaran iki, mangkene : ngupamakna wong ngilo nganggo kaca jendhela, ngadeg sajabane jendhela, wong mau weruh ayang-ayanganing awake dalah ayang-ayangane sakehing kahanan saburine, kayata : plataran, wit-witan, sawah, gunung. Nanging wong mau ya weruh kahanan sajroning omahe, kayata : peturon, meja, kursi, sapanunggalane, kang katone amor dadi siji karoplataran, wit-witan, sawah, gunung. Iku : yen wong mau maspadakake kahanan sajroning omah bae, mesthi ayang-ayanganing kahanan sajabaning omahe, sirna. Dene yen mung maspadakake ayang-ayange bae, mesthi kahanan sajroning omah sirna (ora katon). Kahanan sajroning omahe upamakna : BAKUNING KAHANAN ing swarga, dene ayang-ayangane ing gedhah upamakna jagad donya, tumrap panrawanganing wong swarga.

Sarehne sawiji-wijining wong swarga iku ORA PADHA PEPADHANGE, mulane ana kang cetha, ana kang maya-maya panrawangane marang jagad donya, malah ana uga ora weruh babar pisan, kagawa saka kurang weninge tingaling rasane (pramanane), yaiku kang ngalami kaswargan perangan ngisor (kasar).

Sanajan kabiring jagad donya katon mung kaya ayang-ayangan ing gedhah kang tanpa rasa, utawa katutupan ing kacaning buku, …. nanging sahire (rasa kajasmanian) dirakake uga ALUSING JASMANINE. Iku tegese mangkene : rasa adhem mau ora mung kaya adheming  ATINE wong donya, nanging ngiras kaya adheming awake wong donya, nanging iku aluse, ora kasar kaya rasaning jasmani kasar.

Rasa kapenak, ya ora mung kepenaking ATI, uga kepenaking RASA JASMANI ALUS kang reraketan lan rasa ati. Rasapadhang ya ora mung padhanging ENGETAN bae, nanging ngiras dadi padhanging PANDULU kang waspada. Pepadhange engetan kang ngiras dadi padhanging tingal mangkono iku, ka-aranan : Pramana.

Ringkese : Rasa kaswargan ora kelangan rasa kajasmanian. Jagad swarga ora kelangan jagad donya. Nanging rasa kajasmanian lan jagad donya ora nguripi (nglimputi), malah korup kalimputan marang sahir-kabiring kaswargan.

Dadi ing alam swarga iku, sahir kabire ora korup marang sahir kabiring kajasmanian, malah ngorup sahir kabiring kajasmanian. Ewadene sanajan kaswargan pisan, sahir iku lumrahe sok korup marang kabire.

Mung dhiri kang wus bisa sambung karo kajaten, kang sahire ora korup marang kabire. Tumrap dhiri kang wus gathuk karo kajaten, saliring kabir iku ora ngorupi, malah korup marang kajaten.

KATRANGAN

Dhiri kang wis ngalami swarga luhur, sarehne ora kanggonan ing saliring kanerakan, ora bisa nonton marang kabiring kanerakan.

Bisane nonton, mung yen banjur ngrasuk bebakalan kasar (katembungake tumurun) kayata ngrasuk bebakalaning napsu supiyah utawa jasmani. ($)

Sarehning sawarna-warnaning bebakalan ORA CETHA WATESE tumrap jinis siji karo jinis liyane, dadi antaraning ka-mutmainah-an karo kadewan, kajiman, tuwin kajasmanian : mesthi ana bebakalan minangka panggadhenge, kang awujud momoraning ka-mutmaina-an karo liyane. Momor-momorane mau mujudake rasa dhiri kang beda sesipatane, nanging akeh empere sarta gampang bisane weruh-wineruhan. Uga padha ana kabire, kang sawarna-warnane gampang bisane gegayutan. Jalaran saka iku, badan alus kang luhur-luhur mau ana warna-warna jenenge, nanging yen prakara iku dipratelakake ing kene, layang iki dadi karoncen.
—————————-

($) Tumurun mau ana kang pancen saka karsa, ana kang sabab pineksa.

3. BAB TEGESE KECEMPLUNG NERAKA

KECEMPLUNG naraka, tegese : dhiri kalimputan rasa kanerakan (panas, lara) jalaran : rasa kanerakane kang lago dadi peranganing rasa dhirine kang kandel dhewe. Rasa kaswargan, kadewan, kajasmanian lan kajiman, kalimputan rasa kanerakan.

Iku tegese : rasa kajasmanian lan liya-liyane isih dirasakake, nanging rinasa dadi ubarampene bae. Apa maneh rasa kaswargane kang banget sethithike, ya banget kalimpute, kongsi ilang sipate. Luguning rasane : rasa ati LARA LAN PANAS.

Prekara iki ya kena diupamakake dhasaring pandulu kang ABANG : anggone ndulu rerupan warna-warna. Warna abang minangka rasa kanerakan, warna liya-liyane : kang minangka rasa kajiman, kajasmanian, kadewan lan kaswargan, rasa kaswargane : upamakna warna PUTIH, dinulu karo tismak abang, mesthi sirna babar pisan sipating putih.

Uga kena kaupamakake RASANING ILAT dibumboni rasaning pandulu, pangrungu, pangganda sapanunggalane.

Terang mangkene : rasa lara mau LUGUNING LARA : Laraning ati, tegese : susah, panas, bingung, muring kawatir, pegel, gemes, gething……. sapanunggalane, marga ora pegat-pegat enggone, OLEH JALARAN kang marakake tuwuhing rasa kang kaya mangkono, ing atine. Nanging aja kinira mung mligi rasaning ATI kang kaya rasa atine wong donya ya ngiras rasa lara kang kaya laraning AWAKE wong donya. Iku rasa lara kang tumraping JASMANI ALUS NYEDHAKI KANERAKAN,  kang kasebut ing dhuwur mau. Rasa rasaning jasmani alus kang lara mau, silara dadi ubarampining larane ati, raraketan amor dadi siji. Ora beda kahanane karo wong donya, yen atine panas, badane melu lara. Nanging tumrape kadonyan, durung sapira dayaning amarah enggone nggandeng marang rasa jasmanine, balik tmumrap kanerakan, iku rasaning amarah nglimputi marang rasa jasmanine. Rasa kaswargan asor (penginan marang kang remeh-remeh utawa bungah remeh enggal eling) iku mung kanggo nylundhingi ing sawatara marang rasane lara, lire : bungahe mung sedhela, banjur susah maneh kaworan muring lan ngresula kongsi lawas. Tur nalika bungah sadhela kaworan susah. Kala-kala dewe penginan kang banget sarta adreng. Nanging saking adreng lan bangeting kepinginan, kongsi krasa panas lan pegel, sarta sarehne tinggal nalar, banjur ora kaleksanankang dadi karepe, ndadekake cuwa, gela lan manglah kongsi lawas……… tansah mangkono bae salawase ngalami jagad naraka utawa “HEL”. Ora tau bisa nyandhet marang atine enggone KUDU-KUDU NGRASAK-NGRASAKAKE SING GAWE ORA KEPENAKING ATINE,  kudu-kudu muring, kudu-kudu pegel sarta gemes jalaran saka thukuling pangagas kang ala banget, nganggep ala marang kang linakonan marang sapadha-padhane tumitah. Nganggep ora adil marang pepesthen kang tumiba ing awake. Nganggep ara adil marang pepesthen kang tumiba ing awake nuli krasa kuwatir ketir-ketir utawa bingung nar-naran, jalaran nguwatirake kadadeyan kang ora prelu dikuwatiri. Dadi salawase ngalami kanarakan, sajege tansah golek-golek kanggo disusahi, golek-golek kanggo dipegeli lan digethingi, golek-golek kanggo dikuwatiri, golek-golek kanggo dipanasi, golek-golek kanggo dilara ateni ($).
—————————-

($) Kang golek mau ora padha ngrumangsani yen golek.

Mangkono bae selawas-lawase, ora lega yen ora golek-golek, mangka saben golek mesthi olehe, ora tau ora oleh, marga : sadhengah kang dicandhak utawa dinulu : gawe gela, susah, muring lan bingung. Rasa kadewan sethithik (angen-angen peteng) kang dumunung ing rasa kanerakan, uga rinasa mung DADI UBARAMPENING RASA kanerakan, lire mangkene : apa kang rinungu lan pinikir; mung nuwuhake gwla, susah, muring lan lara ati. Apa-apa kang dielingi dening angen-angen, mung nuwuhake panggagas sing ala, sing marakake gegethingan, cekake : tansah dirung kesusahan, lelara, pepanas, sesedih, bebingung…….. kang tanpa kendhat (aluwung ORA KELINGAN utawa ORA WERUH katimbang KELINGAN sarta WERUH, awit kaelingan lan kawruhe mau pakolehe mung nangekake SILARA lan SI PANAS), kabeh disengguh saka sa-jabaning rasa dhirine, ora rumasa pisan-pisan yen kabeh mau mung saka BONGGANE DHEWE. Mulane mangkono, awit kedhering bebakalan Amarah mau angel diendheg, tansah kudu makarti terusan, kang pakartine mujudake rasa lara lan panas.

Apa perlune rasa lara lan rasa panas mau digoleki ?

Apa sabab kepenak. Iku, ora sabab lara mau kapenak, mung sabab duwe watak kang ora cocog karo kapenak. Sing dicocogi rasa lara. Ora sabab panas iku krasa kapenak, mung sabab ora cocog karo adhem-adheman. Cocoge : panas-panasan. Ora sabab gegethingan iku nyegeri, mung sabab saka ora bisane nyandhet enggone KUDU-KUDU ngethingi apa-apa ing candhak-candhake. Ora sabab rasa kuwatir lan susah iku maremake, mung sabab saka EMOHE DIPENGING susah lan kuwatir. Jalaran ora cocoge karo watake.

Kajaba iku, ora nganggo NGELINGI MARANG PRELUNE. Aja maneh ing jagad naraka, yen wonge ngelingana marang kapreluan, sanajan ing jagad endi bae, akeh banget pakarti kang ora kanthi eling marang prelune. Mung kaswargan lan ing kadewan ING PERANGAN LUHUR kang tansah eling marang preluning panggawe (pakarti) kang linakon, awit wis sambung karo kajaten (tukang eling).

Wong naraka mau ora mung ngira awake dhewe kang nandhang lara, pangirane wong sajagad nandgang lara lan panas kabeh, sarta wong sajagad padha gegethingan lan kiyanatan. Kajaba duwe panganggep mangkono, ya duwe panganggep yen wong sajagad kudu digethingi kabeh, jalaran kinira kalakuwane ala-ala, drengki-drengki, jail-jail.

Wong naraka ora ngreti pisan-pisan yen swarga iku ana, ora ngerti pisan-pisan yen wong becik atine iku, ana. Prakara kang mangkono iku upamakna : pangrungu ora ngerti pisan-pisan yen rerupan iku ana. Pandeleng ora ngerti pisan-pisan yen rupa lan swara iku ana. Uga padha karo wong donya kang akeh-akeh, ora ngerti pisan-pisan manawa swarga lan naraka iku ana, ora ngira sathithik-sathithika yen ajagad ka-alusan iku ana, nglimputi jagad donya. Sangsaya banget ora ngretine jagad donya iku bisa sirna wujude; kalimputan ing ananing jagad ka-alusan.

Muga-muga wong urip ing donya padha nggraita marang prakara kang kaya mangkono, supaya kadunungan ing RUMASA tuwin WEWEKA. Wasana nuwuhake pamarsudi marang nalar kabecikan.

Sarehne sawarna-warnaning bebakalam iku ORA CETHA WATES TUMRAP JINIS siji karo jinis liyane, dadi antaraning RASA KANARAKAN karo KADEWATAN lan KAJIMAN sarta KAJASMANIAN, apa dene KASWARGAN,  ya ana bebakalan minangka panggandhenge, kang wujud momorane kanerakan karo liyane. Momoran-momoran mau mujudake dhiri kang beda-beda sesipatane, nanging kaeh empere sarta gampang bisane weruh-wineruhan. Uga padha ana kabire, kang sa-warna-warnane gampang bisane gegayutan (momor). Jalaran saka iki, badan alus kang asor-asor mau ya warna-warna jenenge, kayata : dhemit, hantu, banaspati, wewe, cepet, lampor, thethekan, bajag angkrik, nyai blorong, keblek, janggitan, ilu-ilu……. akeh banget jinise. Kabeh kanggonan rasa kanerakan (kadunungan ing jail, drengki, panasten, dhemen gendhak sikara).

Kang nyedhaki kadonyan, watake momor karo wong donya, sabab kemelikan pangan kang arupa sarining pepanganan. Kang nyedhaki kajiman awujud jin asor kang dhemen gendhak sikara. Kang nyedhaki kadean awujud gandarwo luhur utawa bangsane dewa kang asor.

KATRANGAN

Ana stan kang salugu, ana kang mung pawakan bae, kang sabenere ya wong tunggale wong donya. Ana jim tulen, ana kang mung pawakan ( wong kajiman abadan alus).

Kang aran setan salugu iku kang BLEGERING BADANE awujud bebakalaning napsu amarah tulen. Kang aran jim lugu iku kang BLEGERING AWAKE wujud bebakalaning napsu supiyah tulen.

Kang mung pengawak badan bae, ora rumasa dadi setan utawa jin, pangakune ya manusa. Apa maneh wong kajiman kang ngedohi kanerakan sarta nyedhaki kadonyan, ora pisan-pisan rumasa jin utawa weri, jalaran sabarang prakarane ora beda karo wong donya. Malah wong kajiman kang luhur, rumasa luwih luhur lan mulya katimbang wong donya, marga kadunungan ing kaluwihan, kasekten lan panrawangan.

Kabeh kang mung pawakan bae : kadadeyan saka manungsa ing donya, kang isih kandheg. (1).
—————————-

(1). Durung tutug lelakone.

Ing dhuwur mau mratelakake bab kanalaran utawa sabab-sababe manungsa ngalami kadonyan, kaswargan lan kanerakan.

Kang ngalami kajiman, jalarane ya marga kanggonan ing bebakalan napsu supiyah kang kandel. Kang ngalami kadewan, sabab kadunungan ing bebakalaning angen-angen luhur kang kandel, banjur ngranggoni kawicaksanan, kawaskitan lan kawaspadan apa dene kasekten.

Manungsa kang ngalami jagading jin, ora ana bedane karo manungsa ing donya. Ya wujude, ya engetane, ya watek-wateke, ya kasenengane lan liya-liyane : nyampleng wong donya, sarta kahanane ing saben bangsa ya miturut kabangsane wong donya ing kono. Kabeh ora rumangsa ngalami alaming jin, apa maneh yen gelema diarani jin.

Dene kang ngalami kadewan bedane karo kang ngalami jin iku mung sabab luwih luhur, marga luwih padhang nalare.

Bangsa dewa kang akeh-akeh rumeksa marang kaslametane manungsa ing donya, sabab rumangsa dadi leluhur utawa pepundhene. Apa maneh kang dewa kang luhur sarta kandel ka-mutmainahane. Aja maneh kang ngalami kadewan, sanajan kang ngalami jin, akeh kang padha becik bebudene, rumeksa marang wong donya, sabab rumasa dadi leluhur utawa pepundhene.

Nanging…… sarehne momoran-momoran mau ana kaduk kamutmainah-an sarta ana kang kadhuk kanerakan (ora beda karo wong donya), dadi dewa utawa jin-a, ya mesthi ana luhur ana asor.

Dewa luhur kang lugu ngenggoni sajatining dewa; ginambar ing wayang kang aran Bathara Guru. Kang sambung lan budi : ginambar ing wayang aran Bathara Narada. Kang wis nunggal misah karo kasunyatan, ginambar : SANG HYANG WENANG utawa SANG HYANG TUNGGAL. Kang kandel ka-mutmainahane sarta sambung karo rasa sejati, gimabar : Bathara Wisnu. Kang sambung lan kaswargan madya, ginambar : Bathari Durga (kang ngerehake lelembut ing pasetran ganda mayit). Kang sambung lan ka-lumawahan gunambar : Bathara Kala. (2) ……….. lan liya-liyane.
—————————-

(2). Bathara Kala – Dewa kang kadadeyan saka luwamahing Dewa.

RASA LELIMA

Angka 1 :
Ing alam donya : dhasaring rasane : RASANING JASMANI. Dene rasa liya-liyane kang papat, (kadewatan, ka-mutmainahan, kajiman, kanerakan) uga mecungul ing donyo sarta dadi ubarampening rasa kajasmanian, nanging ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE dening wong donya. Kang dianggep wujuding badane : bebakalaning Jasmani.

Angka 2 :
Ing swarga, dhasaring rasane : RASA ATI adhem padhang. Rasa liya-liyane kang papat uga mecungul ing swarga sarta dadi ubarampening rasa kaswargan, nanging  ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE dening wong swarga. Kang dianggep wujude : bebakalaning Mutmainah.

Angka 3 :
Ing naraka dhasaring rasane : RASA ATI lara lan panas. Rasa liya-liyane kang papat ung mancungul ing naraka, sarta dadi ubarampening rasa kaneraklan, nanging ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE dening wong naraka. Kang dianggep wujude : bebakalaning Amarah.

Angka 4 :
Ing jagading jin, dhasaring rasane : RASA ATI seneng utawa bungah. Rasa liya-liyane kang papat uga mencungul ing jagading jin, sarta dadi ubarampening rasa kajiman, nanging ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE, dening wong jin. Kang dianggep wujude : bebakalaning Supiyah.

Angka 5 :
Jagading dewa, rasa dhasare : RASANING ENGETAN. Rasa liya-liyane kang papat uga mancungul ing jagading dewa, sarta dadi ubarampening rasa kadewan, nanging ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE dening wong dewa. Kang dianggep wujude : bebakalaning Angen-angen. (1)

Rasa limang warna ing duwur mau, dak arani PANCAINDRIYA, tegese : rasa lelima. Ing sabanjure yen ing layang iki ana tembung “pancaindriya”, karepe : rasa lelima kang kasebut ing duwur mau dalah bebakalane.
————————–

(1). Bebakalan warna-warna kang kasebut mau tumraping kajaten : dudu wujud, mung kedher (panguwasaning kajaten) kang bisa maujud dadi bebakalan (stof = anasir).

BAB ALAM TETELU

Alaming RASA JASMANI (kang alus lang kang kasar) arane : ndonya, janaloka utawa Aarde.

Alaming RASA ATI tetelu (kang alus lan kang kasar) arane : rohiyah, endraloka, utawa Asraal.

Alaming ANGEN-ANGEN utawa ENGETAN (kang alus lan kang kasar) arane : huluhiyah, guruloka, utawa Dewacan.

Pamerangan dadi telu ing dhuwur iku prelune mung murih ringkes.

Telung warna mau : I. Alaming Jasmani; II. Alaming Ati; III. Alaming Engetan. ….ka-aranan TRILOKA.

Yen ing basa Arab, tetelu mau ka-aranan Betal-makmur, Betal-mukaram, Betal-mukadas.

Bebakalan warna telu iku rinasuk dening kang maca lan nulis layang iki.

Marga saka iku, kang maca lan kang nulis layang iki, manawa ngudi kalawan temen-temen, bisa manjing ajur-ajer marang endi bae.

KATRANGANE KANG ARAN BEBAKALAN

Kang sinebut : KAJATEN, yaiku : KANG bisa makarti. Yaiku awak kang mesthi anane, ora wiwitan ora wekasan. Ing basa Arab sinebut : D A T.

BISANE makarti PAKARTINE ka-aranan : sipat.

BISANE ka-aranan : sipat maknawiyah.

PAKARTINE ka-aranan : sipat mangani.

MAKARTI ka-aranan : apngal.

BISA MAKARTI ka-aranan : urip.

MAKARTI ateges : NGANAKAKE utawa MUJUDAKE.

PAKARTINE ateges : ANANE utawa WUJUDE.

Endita ANANE utawa WUJUDE, kang diwujudake sarana MAKARTI mau. Yaiku SA-LIR-ING – BE-BA-KAL-AN kang alus lan kang kasar.

Kang diarani kawujudan, ya iku KAHANANING PAKARTI tegese MAUJUDING pakarti.

Olehe ANA utawa olehe MAUJUD, ya sajroning wektu lagi makartekake wujud iku. Lire : enggone ANA sawenehing kawujudan, iya mung sajroning wekru kaalane pangawasa makartekake wujud iku.

Sirnaning pakarti : salerening makarti. Iku lire : sirnaning kawujudan : salerening makarti.

Sirnaning kawujudan ateges sirnaning bebakalan, yaiku : yen pakarti mau leren.

Makarti, uga ateges nganakake kekedher (trilling).

Pakartine uga ateges kedhere.

Pakartine uga kedhere, uga ateges : bebakalan, tembunge Walanda “staf”, tembunge Arab “anasir”.

Marga saka iku, tetela, saliring wujud, bebakalan, utawa stof iku, enggone ANA, mung nalika isih ana KEDHERING ETHER, kang durung leren. Yen kedher mau leren, genine milu leren enggone maujud.

Molah-malihing kahanane RASA, uga ateges molah-malihe kahanane bebakalan, uga ateges molah-malihing carane pangedher.

PENGET Kanalaran kang mangkono iku, bisane tinampa, sarana rinasa kang sabar sareh kanthi kaweningan. @@@

G A M B U H

Samengko ingsun tutur, sembah catur : supaya lumuntur. Dhihin : raga, cipta, jiwa, rasa, kaki; ing kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon. (Wedhatama Winardi).

…@@@…

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.

BAB X. TERANGE KANG ARAN SAHIR KABIR


A. Pandulu iku duwe rasa. Rasaning pandulu, jenenge : weruh.

Oleh-olehane weruh jenenge : kawruh. Kawruhing pandulu, aran : rerupan, kayata : warna abang ijo, cahya padhang peteng, rupaning manungsa, kewan sapanunggalane.

Sipandulu ngira yen rerupan (wawernan) iku dumunung  sajabaning pandulu, ora ngira (kelalen) yen iku mung rasaning pandulu. Terange mangkene :

Jalaran saka rasa rasaning pandulu (weruh) ing kono pandulu banjur nganggep, yen sajabaning mripat ana apa-apa. Mungguh kang dak sebut apa-apa mau : ya rerupan iku (elinga wong ngilo, pandulunengira ana rerupan saburine pangilon, marga krasa kedhering cahya).

Rerupan utawa wawernan iku kabir tumrap alaming pandulu. Dene pandulu iku, sahir tumrap alaming rerupan.

B. Pangrungu iku duwe rasa. Rasaning pangrungu jenenge : krungu.

Oleh-olehane ngrungu, arane ya kawruh, yaiku : rerungon. Wujude : swara, kayata : kumrincing, jumlegur, ngrangin lan sapanunggalane.

Si pangrungu ngira yen swara iku dumunung sajabaning pangrungu, ora ngira (kelalen) yen iku mung rasaning pangrungu. Terange mangkene :

Jalaran saka rasaning pangrungu (krungu), ing kono pangrungu banjur nganggep, yen ing sajabaning kuping ana apa-apa. Kang daksebut apa-apa mau, yaniku kang aran swara. (Elinga : kuping gumrebeg manawa ditutupi. Lebar nguntal pil, banjur ngira ana swara nging-nging sajabaning kuping, rehne rasa).

Swara iku kabir tumrap alaming pangrungu. Pangrungu iku sahir tumrap alaming swara.

C. Pangambu iku duwe rasa. Rasaning pangambu, jenenge : ngambu.

Oleh-olehane ngambu arane ya kawruh, yaiku : ambon-ambon, kayata : wangi, sengit, basin sapanunggalane.

Si pangambu ngira yen ambon-ambon iku dumunung sajabaning pangambu. Ora ngira (lali) yen ambon-ambon iku mung rasaning pangambu. Terange mangkene :

Jalaran saka rasaning pangambu, ing kono pangambu banjur duwe panganggep, yen ing sajabaning irung ana apa-apa. Kang dak arani apa-apa mau, yaiku kang aran ambon-ambon. (Elinga wong pileg), ambon-ambon sajabaning irung dikira malah sirna.

Ambon-ambon iku kabir tumraping alaming pangambu. Pangambu iku sahir tumrap alaming ambon-ambon.

D. Legi asin sapanunggalane : dianggep sajabaning ilat, dening pangrasa ilat. Lire : kang ditetepake legi iku si gula. Kang ditetepake asin iku uyah. Si ilat ora ngira (kelalen) yen kang marakake ana legi-legi utawa asin-asin mau rasane dhewe. Elinga wong lara, sega dikira pait, iwak dikira ora enak.

Legi-legi lan asin-asin iku kabir tumrap pangrasane ilat. Dene pangrasane ilat iku kabir tumrap legi-leginan utawa asin-asinan.

E. Panas-adhem alus-kasap sapanunggalane : dianggep sajabaning badan. Kang ditetepake panas si geni. Kang ditetepake adhem si banyu. Mangkana anane rasa kang aran panas utawa adhem iku saka pakartining rasa badan. Si geni lan si banyu sejatine mung wujud geter (kedher). Geter iku bisa gawe panas utawa ora (elinga wong lara, kabeh sajabaning badan dikira ora ngepenakake badan).

Kabeh kang kasebut ing dhuwur : pinikir-pikira kaya ing aksara E.

Adhem panas sapanunggalane mau kabir tumraping pangrasa badan. Pangrasa badan iku sahir tumrap alaming adhem panas.

F. Sarehne pandulu duwe kawruh kang aran : rerupan, pangrungu nduweni kawruh kang aran : swara, pangganda duwe karuh kang aran : ganda, ambon, pangrasa ilat duwe kawruh kang aran : legi, asin, pangrasa badan duwe kawruh kang aran : adhem panas, saka kumpulane kabeh mau ……. ing kono dhiri banjur nduweni panganggep, yen sakjabane rasa dhiri ana apa-apa.

Dene kang dak arani apa-apa sakjabane dhiri mau : yaiku kang ka-aranan jagad, kayata : donya.

Ndonya iku kabir tumraping rasa dhiri, dene rasa dhiri iku sahir tumraping ndonya.

Kang dak arani rasa dhiri iku rasa siji kang kadadeyane saka campure sakabahing rasa pangrasa, kacekak : rasaning pancadriya. Ka-anggep : siji.

Wong kabeh duwe kawruh bab anane lan kahanane jagad iku jalaran anane rasa dhiri dudu ananing rasa dhiri saka kawruh ananing jagad. Nanging dumadine barang.

Sirnane kawruh bab ananing jagad, saka sirnane rasa dhiri. Nanging enggone sirna bareng.

Katerangane maneh mangkene :

Dhiri iku duwe rasa. Rasaning dhiri, arane : weruh. Oleh-olehane weruh diarani : kawruh.

Kawruh dhiri, kayata : rerupan warna-warna gegandan warna-warna + rasa gepokane kulit + rasa bungah susah sapanunggalane + rasa angen-angen kang aran pikiran (kaya : weruh = ngerti) yen telu ping pat ana rolas sapanunggalane, = iku kabeh karingkes kawruhing dhiri (kawruh kalairan).

Si dhiri ngira yen kang kasebut iku mau kabeh dumunung sajabaning rasa dhiri. Ora ngira (kelalen) yen iku mau mung rasaning dhiri. Terange mangkene : Jalaran saka rasaning dhiri (weruh, ngerti, ngrasa), ing kono dhiri banjur duwe panganggep, yen ing sajabaning dhiri : ana apa-apa. Dene kang dak arani apa-apa mau, yaiku : jagad gumelar.

Gumelaring jagad iku kabir tumrap rasa dhiri, dene rasa dhiri iku sahir tumrap gumelaring jagad.

G. ALUSING nafsu mutmainah, katumusan padhanging angen-angen, iku mujudake rasa. Rasane iku iya ka-aranan : weruh.

Oleh-olehane ngawruhi ya ka-aranan : kawruh. Kawruhing mutmainah awor kawruhing engetan padhang, yaiku kang aran : rasa kaswargan, kayata : gumelaring swarga kang nyenengake, ngayemake, manis dinulu lan rinasa, gawe lega lan dhangan sarta bombong. Manungsa ing swarga, melas asih ndhemenake …….. sapanunggalane.

Dene kawruhe angen-angen kang padhang, yaiku : kahanane ing swarga enggone sarwa terang sarwa cetha, ora ana kang mbingungake pikiran laras sarta runtut saka karo lakuning nalar (pikir). Kang mangkono mau iya marga saka dayaning rasa dhiri kang seneng, ayem, manis, welas asih, lega, dhangan, bombong apa dene rasaning engetan kang terang, bening, nrawang, waskitha, wicaksana. Kabeh-kabeh kang dinulu, kang pinikir lan kang rinasa : katon endah, edi, peni, manis, nyenengake, ngadhemake ati, nemtremake. Jalaran ya saka rasaning mutmainah dhewe.

Dadi kang edi, kang endah, manis, kang seneng sapanunggalane mau : mutmainah!! Bebakalan kang nganakake rasa mangkono iku kedhere nunggal laras karo kedhering njaba, kang dayane nggugah rasa kang mangkono iku.

Sadhengah kang dielingi ing kaswargan, gawe terang marang engetan, iku ya marga si engetan dhewe kang pancen terang. Apa kang dinulu katon cetha nrawang, iku sabab saka si pandulu dhewe kang dhasar waspada.

Mangkono sapiturute (muga pinikir-pikira kang wening lan rinasa-rasaa kang memet).

Jiwa-jiwa kang rasane nunggal laras (nunggal alam) ya padha weruh-wineruhan, seksen sineksenan, marang anane kahanan kang dialami, uga wani sumpah ngakoni ing anane.

Jiwa-jiwa kang nunggal rasa kaswargan, watake padha sih-sinisihan, tresna-tinresnanan, marga padha katon mrak ati lan ndhemenakake, tur budene lurus, jujur-jujur lan melas asih, ora ana ulat mrengut utawa nyengit, ora ana tindak-tanduk kang kasar, ora ana rasa rubet, pakewuh lan sumelang, padha pracaya-pinracaya terus ing ati sanubari, kaya sadulur tunggal welat kang padha tresnane ( bocah cilik kang manis, melas asih, marak ati lan ndhemenakake, iku mulane duwe sesipatan kang mangkono, sabab isih akeh tilase watak-watak kang saka kaswargan, durung akeh momore kang saka supiyah, amarah lan aluamah).

Sarehne alus kasaring mutamainah tuwin angen-angene siji-sijining wong : ora padha, mulane kang aran swarga iku ya ana tatar-tatarane.

Kang aran swarga tataran ngisor (kasar), yaiku : rasa dhiri kang mutmainahe isih kaworan ing supiyah sawatara.

Swarga iku kabir tumrap alaming rasa dhiri alus. Dene rasa dhiri alus iku sahir tumrap alaming swarga.

Rasa kaswargan ngira yen swarga iku dumunung sajabaning rasa-pangrasa, kalalen yen anane kaswargan mau gumantung marang pakartining angen-angen lan rahsane.

Iku lire mangkene : kang ditetepake nyenengake, endah, gawe ayem sapanunggale mau kahanan sajabaning rasa pangrasane. Ora ngelingi yen anane kahanan mangkono iku gumantung marang rasa pangrasane dhewe. Dene kang dumunung ing sajabaning rasa pangrasane iku sajatine geter kang urip (daya urip) kang pangwasane bisa nggugah saliring rasa pangrasa. Muga lerena sadhela dhisik pamacane, kanggo mikir-mikir.

Ilmu Pengetahuan exakta (nyata) lan Ilmu abstrak (tanpa wujud), sakarone sinebut kawruh, jalaran asale saka “tumanduking weruh”.

Sarehne kahanan kang kasebut ndhuwur mau : selehe ora gampang tinampa dening sadhengah wong, mbokmanawa kang maca layang iki takon mangkene : APA KABEH MAU GOROH (ORA NYATA) TA?? DENE TEKA DIARANI MUNG GUMANTUNG ING RASA PANGRASA BAE.

Iku genahe mangkene :

Tumrape KANYATAN : pancen iya goroh, jer dudu kasunyatan (dudu kajaten), awit saka iku, iya bener yen kaswargan lan sadhengah alam ing sajabaning kapangeranan kaaranan dudu kajaten, awit dudu kahanan jati (dudu sajatining kahanan), enggone kaaranan dudu kasunyatan iku tegese : dudu kahanan kang LUWIH DENING NYATA.

Nanging sanajan mangkono, sing sareh ing pamikir, aja gumampang dhisik, becik pinikir-pikira manehmangkene :

Apa kang maca layang iki ngorohake marang ananing rurupan, gagandan, swara sapanunggalane, dupeh mung gumantung ing rasa pangrasa bae? Rak ora ta……………..

Banjure : Apa kang maca iki nggorohake marang anane alam donya, dupeh mung gumantung ing rasaning pancadriya? Mesthi ora. Marga akeh kang nekseni yen alam donya iku pancen ana temenan, wani sumpahane.

Kang iki sawisi rinasa-rasa, banjur pinikir maneh mangkene :

Sawise aku (kang maca) netepake marang anane donya (rehne nyata), apa ya njur netepake yen donya iku kahanan jati (kajaten)? Iya mesthi ora.

Sawise pinikir-pikir lan rinasa-rasa memet, banjur katimbang-timbang mangkene : La iya selahine alam donya, kang tetela wadhag mangkene, aku ora bisa nggorohake ing anane, apa maneh KASWARGAN KANG LUWIH NYATA KATIMBANG DONYA, sarta kang luwih alus lan luhur katimbang ndonya, yen bisa nggorohake (nganggep kahanan kang cidra). Harak sewe mokal yen bisa nganggep kahanan kang cidra.

Nimbang bae prakara kang adhakan dhisik, kayata : bab rurupan anggone ora dumunung ing pandulu, utawa bab swara olehe ora dumunung ing kuping, sapanunggalane. Lagi prakara kang mangkono bae, wis ribet selehing panampa, kapriye maneh yen bisoa nggorohake marang anane alam luhur kang luwih nyata katimbang ndonya kang dupeh pinikir mung saka rasa pangrasa bae. Rak tangeh bisane ta??

Awit saka iku, ringkese gunem mangkene : angen-angen lan rahsa pancen ora nggorohake marang anane alam maneka warna kang dialami. Nanging KAJATEN ora nganggep kahanan kang nyata (sajati) marang kabeh mau.

Terange mangkene : Angen-angen lan rahsa dhewe, ora kaanggep kahanan jati dening kasunyatan, marga angen-angen lan rahsa mau barang anyar tumraping kajaten, sabab iku kabeh kawujudan kang maune ora ana, nuli ana, kang banjur ora ana maneh.

Dene kang aran kasunyatan utawa kajaten mau : ora tau ora ana, sarta : ora bakal ora ana. Pathokane : samubarang kang anane nganggo kadhisikan ing ora ana, sarta nganggo wekasan : ora ana, iku dudu kahanan jati mungguhing kasunyatan, nanginh : temen mungguhing pancadriya 1). Kena kacekak : kanyatan nanging dudu : KASUNYATAN.

Ora bisane makhluk ngorohake marang ananing pangalaman kang dialami : tinembungake kawengku lan ing kodrat.
……………………………….
1)
Ana wong ngudi kawruh batin, rehne wis ngerti yen alam ndonya iku dudu kajaten, sarta netepake yen enggone ana ing ndonya mung ngimpi bae, banjur ngemohi marang kadonyan, niri lakuning pandhita kang kasebut ing dongeng jaman kuna. Nanging bareng luwe, iya banjur mangan. Kang dipangan sega temenan, ora dianggep sego gorohan. Nganggo lawuh, lawuhe lawuh temenan, dudu lawuh inpen. Mangkono mau dadiya pratandha yen titah iku ora bisa nggorohake marang anane alam, sanajan alam iku goroh mungguhing kajaten. Kang bisa nyatakake ing gorohe iku, mung kasunyatan.

Mbanjurake bab sahir lan kabir.

H. Napsu supiyah katumusan angen-angen,  iya banjur nganakake rasa (kawruh). Endi wujuding rasane (kawruh), iya kaswargan uga, nanging kang kurang tentreme lan kurang elinge katimbang swarganing mutmainah kang kasebut ing dhuwur.

Sanajan endah ngungkuli kwadhagan (donyo) nanging kurang elinge marang kajaten, dening kalimput ing bebungah lan pepinginan. Dayaning angen-angen kang amor ing supiyah : dadi kurang padhange.

Swarganing mutmainah lan angen-angen alus, kang kasebut ing dhuwur mau, dak arani : swarga luhur, dene swargane supiyah dak sebut swarga madya.

Rasaning kaswargan madya iku kurang tentrem lan kurang eling marga kekurangan ing rasa bekti (kang ndadekake kurang suci, kurang jujur, kurang legawa, isih kareridhu ing dayaning kamelikan lan kekarepan). Ewa dene , rehning rasa kaswargan kang mangkono iku iya isih ana kang kamoran mutmainah, dadi ing bageane kang luhur : uga akeh kang ngemperi kaswargan luhur (kamutmainahan). Sarta banjur bisa sambung (daya-dinayan) karo kaswargan luhur mau. Dene ing bagean ngisor (lire, bageaning rasa karsa) sambung karo rasa pangrasaning jim peri, marakake sambung karo jagading jin peri.

Ing bagean ngisor maneh (kang kalimputan ing pangrasa asor) sambung karo kaswargan asor, yaiku swarga panasaran, swargane dhemit utawa brakasakan, dening wiwit kamoran rasa kasetan (amarah).

Swargane supiyah (swarga madya) ana kang ngarani astraalgebied, iku ing bageane kang luhur, sambung lan kahyangane Bathara Endra, banjur aran Endraloka.

Manawa mutmainahe mung sawatara (meh mligi dayaning angen-angen luhur) mujudake rasa kadewan, yaiku rasa kang mung meh mligi ngegungake kawicaksanan, kawaskithan lan kawaspadan, iku kaaranan kadewan (Dewatan) sambung lan kahyangane Bathara Guru, mula sinebut Guruloka.

Satemene iku meh padha bae karo swarga luhur kang kasebut ing ngarep mau, sarta gampang bisane sambung sinambung, malah kerep amor alira-liru (rasane), apa maneh karo kaendran.

Mulane alam luhur gampang bisane amor lan lira-liru, awit sang saya luhur, sangsaya alus lan luwes bebakalane (staf-e).

Swarga luhur mau, kadadeyan saka maligining mutmainah katumusan ing luhuring angen-angen, iku swargane manungsa kang ngegunake RASA BEKTI marang Pangeran, gedhe kasukurane, ngegungake rasa welas asih marang sapadha-padha, iku ing bageane kang luhur, sambung lan alaming para Malaikat (pambantu kodrat Rasulullah).

Rasa kaswargan luhur kena katembungake : bongkote sambung karo pucuke RASA JATI.

Mungguh Rasa kaswargan luhur warna-warna kang kasebut mau kabeh : gampang bisane sambung-sinambung (weruh-wineruhan) sak uga padha kadunungan ing Mutamainah. Kang ketipisen mutmainahe, mung bisa sambung karo kaswargan madya! (swarganing jin peri). Dene kang mutmainahe ketipisen, mung sambung karo swarga panasaran, marga mutmainahe kalimput banget.

Ora mung bisa sambung karo jagad ka-alusan bae, malah uga bisa sambung karo jagad kawadhagan (donya), sapanunggalane uga ana bageane rasa pangrasa kang nunggal laras. Malah-malah kasunyatan bisa sambung karo kawadhagan, sak uga angen-angen lan rahsa banget aluse kongsi ana bageane kang bisa gathuk karo kajaten.

I. mBanjurake bab sahir lan kabir maneh.

Napsu amarah katumusan ing angen-angen peteng, iku iya mujudake rasa utawa kawruh. Kawruh ing amarah yaiku : weruhe marang ing rasaning gething, muring, drengki, jail, panas, pegel, susah, bingung, ngresula, mesgul, ngigit-igit, anyel, mangkel, njetong, lara ati ……… sapanunggalane. Karingkes : Kang ora ngepenakake, utawa LARA. Iku kabeh iya jeneng kawruh, nanging kawruh bab alaning jagad utawa alaning sapadha-padhaning tumitah. Yaiku rasa pangrasane eblis (setan).

Mungguh rasa kasetanan iku, rasa lara kang ora pegat-pegat, sinandhang ing ati. Ora pegat-pegat enggone kudu muring lan panas, marga kabeh isining jagad rinasa padha megelake, agawe sangsaraning atine, kabeh rinasa nindakake panggawe ala, disengguh nganiaya (kiyanat) marang dheweke, iku kagawa saka kleruning rasane (salah rasa).

Ora mung disengguh nganiaya marang dheweke bae, malah disengguh padha alan-ingalanan, drengken-drengkenan, siji lan sijine. Dadi kinira pancen wis carane, ing jagad padha kaya mangkono kabeh. Makhluk saisining jagad, kinira susah, bingung, lara, gegethingan lan cilaka kabeh. Rumangsane awang-uwung kang tanpa waten jembare : diubresa, ora ana enggon sak elenge semut kang ora isi lelara, kacilikan lan kasusahan. Angen-angen banget petenge, lire : banget kliru nalare. Lakune engetane tansah sulaya karo pranataning kodrad, kang wewatone ora dingerteni babar pisan. Ora ngerti babar pisan marang kang aran wewatoning kodrad. Kahananing jagad kang mangkono mau disengguh sajabaning dhirine, (sajabaning amarah lan angen-angen kang peteng). Ora ngira (klalen) yen kang mangkono mau saka rasane dhewe kang kliru lan sasar. (Kosok balen karo rasa ka-Pangeranan).

Jagad kang rinasa nglarani lan mbingungake mau kaaranan naraka-naraka iku kabir tumrap napsu amarah. Dene rasane amarah iku sahair tumrap naraka.

Rasa kanarakan iku ya ana tatarane, awit ana kang kamomoran supiyah lan rasa kajasmanian (Luamah). Kang akeh momorane supiyah : sambung lan jagading jin peri ing bagean kasar. Kang akeh momorane kajasmanian (roh jasamani) sambung karo kadonyan, iku kang sok disebut : dhemit utawa brekasakan, kang padha ambeg jail muthakil angendhak sikara.

Jagad panasaran (jagading brekasakan) uga ana kaswargane, nanging luwih goroh katimbang swarga madya. Kena katembungake swarga jlomprongan utawa sulapan.

Swarga madya luwih nyata katimbang swarga panasaran.

Swarga luhur luwih nyata maneh katimbang swarga madya.

Dene kajaten iku kang sanyata-nyatane kaaranan kasunyatan.

Wong kang ngaji ngelmu panggorohan (sulapan) iku tumibane nuntun rasa pangrasane dhewe marang jagad panasaran. Mulane mangkono awit iku ateges sinau nyambung rasa lan angen-angene dhewe karo rasa jlomprongan.

Wong urip perlu banget sinau rumarasa lan wewekan, murih aja kesasar (kajlomprong).

KATRANGAN

Tembung kasasar, tegese : kleru dalane.

Kesasar tumraping kebatinan, tegese : kliru lakuning angen-angene anggone nggoleki wataking Budi.

Tembung kajlomprong, tegese : kliru lakuning rahsane anggone nggoleki wataking Rasa.

Kabeh mau ateges : gawe kliru, tumindak korup, gawe luput, tumindak peteng, marang rasa dhirine dhewe. Marga ora rumangsa kliru, ora rumangsa korup, ora rumangsa luput, ora rumangsa peteng, malah ngukuhi (nganggep bener) marang rasa dhirine kang luput mau.

Tembung : luput, tegese : nagen-angen nyulayani wataking Budi.

Tembung : ala, tegese : angen-angen cocok lan wataking Budi.

Tembung : bener, tegese : angen-angen cocok lan wataking Budi.

Tembung : becik, tegese : rahsa cocok lan wataking Rasa.

Kang aran : Budi, iku : tukang tuduh marang bener.

Kang aran : Rasa, iku : tukang tuduh marang becik.

Tembung : Karem, tegese : rahsa ngungkurake Rasa.

Tembung : Kerem, tegese : angen-angen ngungkurake Budi.

Tembung : korup, tegese : ngungkiri kang sajati, ngakoni kang dudu.

Padhang, tegese : bisa weruh.

Peteng, tegese : ora bisa weruh.

Angen-angen, wajibe : nggoleki wataking Budi.

Budi, wajibe : tuduh marang angen-angen.

Rahsa, wajibe : nggoleki wataking Rasa.

Rasa, wajibe : tuduh marang rahsa.

Mikir, iku : pakartining angen-angen nggoleki wataking Budi.

Ngrasakake, iku pakartining rahsa nggoleki wataking Rasa.

Kang aran cahya iku : awaking pepadhang. (kang madhangi)

Kang aran Budi iku : rasaning pepadhang (rasa padhang)

Kang aran Rasa iku : dhasaring Budi.

Kang aran Budi iku : pepadhanging Rasa.

Tembung URIP, tegese :

1. bisa makarti, kosok baline : mati.

2. kang bisa makarti, kodsok baline : pati.

Tembung ELING, tegese :

1. weruh marang anane, kosok baline : lali ora eling.

2. kang weruh marang anane, kosok baline : lali (dudu eling).

ELING MARANG URIPE, tegese :

1. weruh marang anane sing makartekake.

2. weruh bisane makarti.

LALI MARANG URIPE, tegese :

1. ora weruh marang anane sing makartekake.

2. ora weruh yen bisa makarti.

NGUDI KAWRUH KASUNYATAN, tegese : ngudi bisane weruh marang anane sing makartekake.

KAWRUH KASUNYATAN, tegese : oleh-olehaning ngawruhi kahanan kang luwih dening nyata.

NGELMU, tegese : wewatoning nggoleki.

NGELMU RASA, tegese : wewatoning nggoleki kasunyatan.

Kabeh kang aran NGELMU iku bubuhane angen-angen.

Tembung Rasa (kang panulise nganggo R), tegese : wujud alus dalah rasaning wujud mau.

Tembung rasa (kang panulise aksara cilik kabeh), karepe : mung rasaning wujude bae, ora ateges wujude (awaking wujud), dadi karepe : tumrap sadhengah wujud, iya rasaning wujud kang alus, iya rasaning wujud kang kasar.

Tembung rahsa, ateges : wujud alus dalah rasane pisan, nanging kang luwih kasar katimbang Rasa.

mBanjurake bab sahir lan kabir.

J. Rasa kajasmanian, iya duwe kawruh. Wujude, yaiku : bisa weruh marang rasaning lagi lan pait.

Weruh marang ambon-ambon.

Weruh marang penggepoking kulit karo barang wadhag krunguning swara saka kedhering kuping.

Weruh padhanging srenggenge saka kedhering swasana.

Weruh marang rasa lan kapenak, mungguhing kwadhagan lan sapanunggalane.

Iku kabeh dak arani : rasa kajasmanian, yaiku kang marakake dhiri duwe panganggep, manawa alam donya iki ana.

Jiwa-jiwa kang ngalami rasa kajasmanian, enggone nekseni yen donya pancen ana, ya ora liya nganggo rasa kajasmanian mau. Upama ora duwe rasa kajasmanian, mesthi nggorohake marang anane donya (awit kacupetan piranti kanggo nekseni ing anane).

Rasa kajasmanian iku iya ana kaswargane lan kanarakane, kayata : rasaning awak kang pinuju enak lan kapenak (kaswargan), dene kanarakane yen pinuju lara.

Donya iku KABIR tumraping alam rasa kajamanian.

Dene rasa kajasmanian iku SAHIR tumrap alam donya.

KINANTHI

Sirnakna semanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan, sinuba saka sathithik. Pamothahing napsu hawa, linalantih mamrih titih. (Wedhatama Winardi)

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.

BAB IX. DAYA TUNGGAL


Manawa gambang wilahane gulu : ditabuh, gender kang ana sacedhake kono : wilahane gulu milu muni mbrengegeng. Wilahan liyane kang dudu gulu : ora muni, sabab ora sarujuk larase. Yen kang ditabuh wilahan nem, ya wilahan gender nem kang muni, sabab nunggal laras.

Musik radio kang nunggal laras, sanajan pepisahan adoh, manawa kang siji diunekake, liyane milu muni, kayata : ing nagara Inggris ngunekake musik radiom, wong-wong nagara Darwis utawa Jerman terkadhang padha dansa, sabab musike milu muni (stelane nunggal pamancar).

Dewa ing Suralaya bisa aweh sasmita marang manungsa ing Ngarcapada, yen manungsa kang disasmitani mau rasa pangrasane bisa gathuk (nunggal laras), karo Dewa kang nyasmitani.

Wong ana ing Surakarta bisa ngosikake atine wong ana ing Surabaya yen wis padha aluse lan nunggal laras.

Manungsa sajati (Rasa) bisa nyasmitani marang pancadriya (wonge), yen pancadriya kang rinasuk ing kajaten mau : wis akeh bageane kang alus, yaiku yen bongkoting angen-angen lan rahsa wis nunggal laras karo pucuking Rasa.

Dadi tetela : kedher kang nunggal laras watake nunggal daya, bisa dayan-dinayan utawa weruh-wineruhan, ora peduli adoh.

Dayaning pandulu : weruh marang padhanging srengenge lan rurupan warna-warna, kang mencorong, kang abang ijo sapanunggalane.

Pandulu netepate yen pepadhanging srengenge lan rurupan iku : ana. Nanging ora nganggep marang ananing swara, (ngorakake marang ananing swara).

Pangrungu netepake yen swara iku ana (ngiyakake marang ananing swara). Nanging ora nganggep marang ananing cahya lan wewernan.

Besuk kapan pandulu bisane weruh marang swara, iku babar pisan ora kena diarep-arep, sabab mesthi ora bisa kelakon salawas-lawase, jer ora ana  swara dumunung ing alaming pandulu. Wiwit ANA nganti SIRNA : sipandulu mau tansah dadi pandulu bae, mangka – salawase isih dadi pandulu : dienas ora aweh weruh swara.

Besuk kapan sipangrungu bisane weruh marang rurupan, iku babar pisan ora kena diarep-arep, sabab mesthi ora bisa kelakon salawas-lawase, jer ora ana rurupan dumunung ing alaming pangrungu. Wiwit ANA nganti SIRNA : sipangrungu mau tansah dadi pangrungu bae. Mangka – salawase isih dadi pangrungu; dienas ora aweh weruh rerupan.

Pandulu karo pangrungu ka-aranan ora nunggal alam, ora nunggal daya.

Pangambu, seje maneh dayane utawa alame. Ing alaming pangambu ana maneh kahanan kang ora bisa dumunung ing alaming pandulu tuwin pangrungu, yaiku kang aran ambon-ambon. Kayata : wangi, sengir, langu sapanunggalane. Pandulu lan pangrungu padha netepake yen wangi, sengir, iku ora ana. Pangambu netepake yen wengi, sengir, mesthi anane, nanging abang, ijo : ora ana, mangkono uga : kumrincing jumlegur ya ora ana.

Cekake, indriya tetelu mau paido-pinaido, tambuh-mitambuhi. Mung bisa netepake marang kayakinane dhewe bae.

Pangrasa ilat, kapriye?? Ing dhuwur mau kabeh dipaido anane, dening pangrasa ilat. Pangrasa ilat netepake yen ing jagad iki kang ana mung : legi, pait, gurih sapanunggalane. Ora ana rerupan, ora ana swara, ora ana gegandan. Awit ing jagading rasa ilat mau : diubresa, ora tinemu karo kang aran abang, ijo, kumrincing, jumlegur tuwin wangi, sengir.

Pangrasa badan kepriye?? Kabeh mau dipaido anane dening rasa badan. Kang ditetepake anane mung : kasap alus, adhem panas, gatel, keri sapanunggalane. Oraweruh dhong-dhinge marang kang aran abang, ijo sarta mencorong, kelip-kelip. Ora weruh jawane marang kang aran wangi, bacin, ora wanuh kang diarani legi pait.

Piranti lelima mau dak arani lawananing pancadriya, sabab gunane kanggo nglawani (nglawehi) dayaning pancadriya.

Piranti lelima mau diratoni (diwengku) ing angen-angen.

Angen-angen luwih alus tinimbang piranti lelima mau, mulane bisa momot lan mengku marang kawruh-kawruh oleh-olehaning piranti lima mau. Sanajan limang warna mau paido-pinaido utawa tambuh-mitambuhi marang siji lan sijine, nanging angen-angen ngakoni marang kayakinaning siji-sijine, nanging angen-angen ngakoni marang kayakinaning siji-sijine piranti, ora ana kang di-orakake. Mulane mangkono, sabab angen-angen luwih alus.

Sadhengaha kang luwih alus, bisa momot marang kang kasar.

Samubarang kang kasar : watake cupet, mung ngengkoki marang kayakinane dhewe bae, maido kayakinaning liyan, sarta karepe : ngajak pepisahan.

Samubarang kang alus, watake jembar, mengku lan momot, bisa gathuk manjing ajur-ajer marang kayajinaning liyan kang luwih kasar, sarta watake : ngajak nunggal, ora ngajak pepisahan. Mangkono iku wataking kodrat.

Sarehning angen-angen iku mengku lan momot marang kawruh saka piranti lelima kang kasebut ing dhuwur, mulane angen-angen simpen kawruh akeh saka enggone ngimpuni oleh-olehaning pangalamane piranti lelima.

Apa angen-angen iku wis alus banget?? Durung.

Kang luwih alus saka angen-angen yaiku : Budi utawa Rasa Jati (manungsa sajati).

Manungsa sajati bisa momot sarta ngimpuni kawruh-kawruh kang saka pangalamaning angen-angen lan rahsa.

Pangalamaning angen-angen lan rahsa, ana kang aran swarga, kadewatan, ka-endran, jagading peri, jin, bekasakan, sapanunggalane. Sanajan sawarna0warnane padha paido-pinaidho, mung ngengkoki kayakinane dhewe bae, nanging kabeh diakoni benere dening Manungsa sajati, malah Manungsa sajati banjur oleh kawruh kan tanpa wates kehe lan gedhene, kaimpun saka pangalaman ing alam manekawarna. Impunan mau dadi srana nggayuh marang kasampurnan utawa panunggal.

Pandulune si Suta sanajan cedhak karo pangrungune dhewe, nanging ora weruh-wineruhan karo pangrugune dhewe, ora weruh-wineruhan karo panggandane si Suta dhewe. Iku arane : ora nunggal alam.

Pandulune si Suta, sanajan adoha karo pandulune si Naya nanging padha weruh-wineruhan karo pandulune si Naya. Iku arane nunggal alam. Mangkono uga pangrungune si Naya nunggal alam karo pangrungune si Suta lan si Dhadap.

Weruh-wineruhan iku tegese : seksen-sineksenan marang anane kahanan kang dialami.

Pandulune Suta, Naya, Dhadap, Waru, ………… padha seksen-sineksenan yen padhanging Srengenge lan wawernan iku ana.

Pandulune Suta, Naya, Dhadap, Waru, ………… padha seksen-sineksenan yen swara iku ana.

Mangkono sapiturute, dene kabeh sineksenan dening angen-angen. Wasana wong banjur nekseni yen alam donya : ana.

Swarga diakoni anane dening makhluk kang kadunungan rasa kaswargan (Mutmainah lan angen-angen kang bener). Makhluk kang ngalami padha seksen-sineksenan wani sumpah : ngakoni ing anane. Naraka diakoni anane dening makhluk kang kanggonan rasa kasetanan (Amarah lan angen-angen kang peteng). Alaming jin diakoni dening makhluk kang kaduk rasa kajiman, (Supiyah lan angen-angen kang kurang padhang). Alam donya diakoni dening makhluk kang kaduk rasa kuwadhagan (rasa kajasmanian). Alam panasaran utawa brekasakan, diakoni dening makhluk kang kaduk roh kasatoan, (angen-angen kang banget petenge = de donker).

Manungsa sajati luwih alus katimbang angen-angen lan rahsa kang kasebut mau kabeh, mulane bisa momot marang kawruh-kawruh kang dialami dening makhluk meneka warna ing alam kang beda-beda mau. Malah manungsa sajati enggone ngrasuk badan maneka warna mau, prelune supaya bisa ngalami pangalaman warna-warna mau sumimpen ana ing sarira kang langgeng.

Gedhe banget paedahing sugih kawruh saka pangalaman maneka warna, awit dayane ngluhurake darajating manusa sajati, kongsi bisa nggayuh marang panunggal.

Wong turu lan melek, wong urip lan mati, sanajan WONGE ora ngakoni marang anane alam-alam mau, nanging MANUNGSANE SAJATI : ngakoni, sarta tansah oleh kawruh bae saka enggone tumimbal lair rambah-rambah sarta ngalami pangalaman warna-warna, kang alus lan kasar, kang luhur lan kang asor, kang padhang lan kang peteng, kang mulya lan kang sangsara.

Kawruh-kawruh mau durung dikabar-kabarake marang wonge (pancadriya kang rinasuk) iku ora sabab saka sungkan, mung sabab pancadriya (wonge) durung bisa nampani kabar, dening isih kasar.

Yen pancadriya sangsaya alus, marga tlaten lan lastari ngudi kawruh kabatinan, iku sangsaya lawas sangsaya bisa nampani kabar saka sathithik, ing batine dhewe. Mundhak aluse ya mundhak cetahne enggoni nampani kabar.

Kang diarani kabar iku, thukuling Budi (Rasa) ing sanubarine.

***

NGERTI mono “daya kodrating manungsa”, yaiku : ngerti marga mikir (pamikir), ngreti marga krasa (ngrasakake, nggraita).

NGERTI ya bisa marga “daya gaibing Gusti” (tunarbuka).

…@@@…

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.
%d bloggers like this: