alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

NGLAKONI TAPA UTAWA SEMEDI


Wong kang ambudi daya kalawan anglakoni tapa utawa semédi kudu kanthi kapracayan kang nyukupi apa dene serenging lan kamempengan anggone nindhakake. Atine kudu santosa temenan supaya wong kang nindhakake sedyane mau ora nganti kadadeyan entek pengarep-arepe yen kagawa saka kuciwa dening kahanane badane, wong mau kudu nindakake pambudi dayane luwih saka wewangening wektu saka katamtuwaning laku kang dikantekake marang sawiji-wijining mantram lan ajaran ilmu gaib awit gede gedening kagelan iku ora kaya wong kang gagal enggone nindakake lakune rasa kuciwa kang mangkono iku nuwuhake prihatin lan getun, nganti andadekake ciliking ati lan enteking pangarep-arep. Sawise wong mau entek pangarep arepe lumrahe banjur trima bali bae marang panguripan adat sakene mung dadi wong lumrah maneh.

Kawruhana wong kang lagi miwiti ngyakinake ilmu gaib sok sok dheweke iku mesthi nemoni kagagalan kagagalan kang nuwuhake rasa kuciwa. Sawijining wewarah kang luwih becik tumrap wong kang lagi nglakoni kasutapan iya iku ati kang teguh santosa aja kesusu-susu lan aja bosenan ngemungake wong kang anduweni katetepan ati lan santosaning sedya sumedya ambanjurake ancase iya iku wong kang bakal kasembadan sedyane. Wong ngyakinake prabawa gaib iku anduweni kekarepan supaya dadi wong lanang temenan kang diendahake dening wong akeh, iya anaa ing ngendi wae enggone nyugulake dirine, Amarehe diwedeni ing wong akeh panguwuhe gawe kekesing wong yen anyentak dadi panggugupake lan gawe gemeter dirine, ditrisnani ing wong akeh pitembungane digatekake lan pakartine diluhurake ing wong akeh, iya pancen nyata wong liyane mesthi tunduk marang sawijining wong kang ahli ilmu.

Wong ahli kasutapan tansah yakin enggone ngumpulake kekuwatan gaib ing dalem dhirine. Ana paedahe kang migunani banget manawa wong nindakake pambudi daya kalawan misah dheweke ana ing papan kang sepi karana tinimune kekuwatan gaib iku sok-sok tinemu dhewekan ana ing sepen. Wong ahli kasutapan kudu budidaya bisane nglawan marang nepsune kekarepan umum (kekarepan wong akeh kang campur bawur ngumandang ana ing swasana), kalawan tumindak mangkono wong ahli kasutapan mau dadi nduweni pikiran-pikiran kang mardhika, iya pikiran-pikiran kang mangkono iku kang bisa nekakake kasekten gaib.

Sangsaya akeh kehing kang kena tinides, uga sangsaya gedhe tumandhoning kekuwatan gaib kang kinumpulake. Kekuwatan gaib iku tansah makarti tanpa kendhat enggone mujudake sedya lan nganakake kekarepan. Wong ahli kasutapan kudu anduweni ati kang tetep lan kekarepan kan dereng, kalawan ora maelu marang anane pakewuh pakewuhe lan kagagalan-kagagalaning. Kasekten iku kaperang ana rong warna, iya iku kasekten putih (Witte magie/white magic) utawa kasekten ireng (Zwarte magie/Black Magic). Awit saka anane perangan mau banjur dadi kanyatan yen perangan kang sawiji iku becik, dene perangan liyane ala.

Kasekten putih iku satemene ilmu Allah Kang Maha Luhur wis mesthi bae kapigunakake mligi kanggo kaslametane wong akeh. Dene kasekten ireng iku ilmu kaprajuritan kang kapigunakake luwih-luwih kanggo nelukake kalayan paripaksa, sarta bakal anjalari kacilakaning wong liya. Ananing sakaro karone saka sumber ilmu Allah sarta sakaro karane iku padha dipigunakake kalawan atas asma Allah. Tinemune ilmu-ilmu kasekten iki saranane kalawan kekuwataning pikiran pikiran iku manawa kagolongake meleng sawiji bisa nuwuhake kekuwatan kaya panggendeng kang rosa banget tumrap marang apa bae kang dipikir lan disedya.

Wong kang nglakonitapa kalawan nindakake laku-laku kang tinemtokake wis mesthi bae gumolonging pikirane bebarengan padha kumpul dadi siji sarta katujokake marang apa kang disedya kalawan mangkono iku kekuwatan daya anarik migunakake sarosaning kekuwatane banjur anarik apa kang dikarepake. Swasana kang katone kaya dene kothong bae iku satemene ana drate rupa-rupa kayata : geni murub emas kayu lemah waja, electrieiteit zunrstof koolzunr sarpaning Zunr lan isih akeh liya-liyane maneh.

Samengko umpamane ban ana sawijining wong kang lagi tapa kalawan duwe sedya supaya andarbeni daya prabawa kang luwih gedhe sarta anindakake sakehing kekuwatan pikiran kalawan ditujokake marang sedyane mau nganti nuwuhake daya prabawa. Kekuwataning daya anarik saka pikiran iku banjur anarik dzat ing swasana kang pinuju salaras karo daya prabawa mau kalawan saka sathithik sarta sareh dzat daya prabawa kang ing swasana iku katarik mlebu ing dalem badane wong kang lagi tapa mau. Kalawan mangkono dzat “prabawa” iku dadi kumpul ing dalem badane wong narik dzat iku nganti tumeka wusanane badane wong ahli tapa, iku bisa metokake daya prabawa kang gedhe daya karosane.

Wong kang andarbeni ilmu kang mangoko iku dadi sawijining wong kang sakti mandraguna. Tumrap wong-wong kang nglakoni tapa ditetepake pralambang telu : Diyan, Jubah lan Teken. Diyan minangka pralambanging pepadhang, tumrap kahanan kang umpetan utawa gaib. Jubah minangka dadi pralambange katentremaning ati kang sampurna, dene teken minangka dadi pralambanging kekuwatan gaib.

Ing dalem sasuwene wong nglakoni tapa iku prelu banget kudu migateake marang sirikane, kayata : wedi, nepsu, sengit, semang-semang lan drengki. Rasa wedi iku sawijining pangrasa kang luwih saka angel penyegahe. Menawa isih kadunungan rasa wedi ing dalem atine wong ora bakal bisa kasambadan apa kang disedyaak. Kalawan “rasa wedi” iku atining wong dadi ora bisa anduweni budi daya apa-apa.

 

Sajrone nglakoni tapa utawa salagine ngumpulake kekuwatan gaib, atining wong iku mesthi kudu tetep tentrem lan ayem sanadyan ana kadadeyan apa wae. Manawa atine wong iku nganti gugur, kasutapan iya uga dadi gugur lan kudu lekas wiwit maneh. Gegeman kalawan wadi sakehing ilmu gaib lkang lagi pinarsudi, luwih becik murih nyataning kasekten tinimbang karo susumbar kalawan kuwentos kayakenthos.

“Nepsu” iku andadekake tanpa dayane kekuwataning batin. “Semang-semang” iku andadekake ati kang peteng ora padhang terang. “Sengit utawa drengki” iku uga dadi mungsuhing kekuwatan gaib. Wong kang lagi nindakake katamtuwan ing dalem kasutapan kudu kalawan ati kang sabar anteng lan tetep. Patrapebadan kang kaku lan kagugupan kudu didohake .

  • Aja sok singsot.
  • Aja duwe lageyan sok nethek nethek kalawan driji tangan marang meja kursi utawa papan liyane.
  • Aja ngentrok-entrokake sikil munggah mudhun.
  • Aja sok anggigit kukuning dariji tangan.
  • Aja mencap-mencepake lambe.
  • Aja molahake lidhah lan andhilati lambe.
  • Aja narithilake kedheping mata.

Ngedohake sakehing saradan utawa bendana kang ora becik, kayata glegak-glegek molah-molahake sirah, kukur-kukur sirah, ngangkat pundhak lan liya-liyane sabangsane saradan kabeh.

Satemene perlu banget nyirnakake kekarepan “drengki” luk wit ngrasaning karep drengki iku banget nindhih marang diri pribadi. Ana maneh “drengki” iku kaya anggawa sawijining pikulan abot kang tansah nindhes marang dhiri lan sarupa ana barang atos medhokol kang angganjel pulung ati. “Drengki lan meri” iku mung anggawa karugiyan bae tumrap kita, ora ana gunane sathithik -thithika. Salawase wong isih anduweni pangrasan karep “drengki lan meri” iku ora bakal bisa tumeka kamajuwane tumrap dunya prabawaning gaib.

Ora mung tumindak bae tumrap sawijining wong bae bisa maluyakake wong liya kalawan kekuwatan gaib nanging uga tumindak tumrap sawijining wong maluyakake dhiri pribadi kalawan kekuwatan iku. Bisane maluyakake larane wong liya, mesthine kudu ngirima kekuwatan waluya marang sajroning badane wong kang lara. Manawa wong gelem naliti yen wong iku bisa ngumpulake kekuwatan gaib ing dalem badane dhewe lan ngetokake sabageyan kekuwatan gaib kawenehake marang wong liyane mestheni uwong bisa ngreti yen arep migunakake kekuwatan iku nganggo paedahe dhiri dhewe uga luwih gampang.

Supaya bisa nindhakake pamaluya marang dhirine dhewe kalawan sampurna wong ngesthi kudu mahamake cara-carane maluyakake panyakit. Iya iku cara-cara kang katindakake kanggo maluyakake wong liya lan wusanane ambudidaya supaya bisa migunakake obah-obahan iku marang awake dhewe.

Kawitane wong kudu nindakake patrape mangreh napas, kanggo negahake asabat. Dene carane ngatur napas iku kaprathelakake kalayan ringkes kaya ing ngisor iki :

  • Madika panggonan kang sepi.
  • Lungguha ing sawijining palinggihan kang endhek lan kepenak, sikil karo pisan tumapak ing lemah.
  • Badan kajejegake lan janggute diajokake.
  • Benik-beniking klambi kang kemancing padha kauculan, sabuk uga diuculi supaya sandangan dadi longgar lan kepenak kanggo tumindhak ing napas.
  • Pikiran katarik mlebu, supaya luwar saka sakehing geteran pikiran kaya saka ing jaba.
  • Sakehing urat-urat kakendokake.
  • Banjur narika napas kalawan alon lan nganti jero banget tahanen napas iku sawatara sekon/detik (kira-kira 6 detik) lan wusanane wetokna napas iku kalawan sareh.
  • Anujokna gumolonging pikiran kalawan ngetut marang napas kang mlebu metu iku kalawan giliran. Cara nindakake napas kaya ing ngisor iki :
  • Narik napas kalawan alon lan nganti jero ing sabisane, nganti dhadha mekar lan weteng dadi nglempet.
  • Nahan napas iku kira-kira nem saat utawa luwih suwe ing dalem paru-paru dhadhane cikben lestari mekare, lan wetenge cikben lestaringlempetake kalawan mangkono iku gurung dalaning napas tansah tetep menga.
  • Ambuangna napas kalawan alon nganti entek babar pisan nganti dhadha dadi kempes, lan weteng dadi mekar.
  • Banjurna marambah-rambah matrapake mangkono iku suwene kira-kira saka lima tumeka limolas menit utawa luwih suwe nganti bisa nemoni pangrasa anteng lan tentrem ing sajroning badan.

Carane matrapake kasebut ing dhuwur iku sawijining cara kanggo napakake napas, iki kena lan kudu ditindakake saben dina telung rambahan, dening sapa bae kang nglakoni tapa supaya oleh ilmu gaib. Daya kang luwih bagus iya iku miwiti makarti miturut pituduhan. Aja weya nindakake patrap kanggo napakake napas iku.

Cara matrapake tumindaking napas iku kena uga ditindakake kalayan leyeh-leyeh mlumah : ngendokake sakabehing urat-urat nyelehake tangan karo pisan sadhuwuring weteng lan nindakake lakuning napas miturut aturan. Daya ngisekake Prana Ngadeg kalawan jejeg sikil karo pisan kapepetake dadi siji lan driji -drijining tangan karo pisan dirangkep dadi siji kalawan longgar.

Banjur matrapa lakuning napas sawatara rambahan miturut aturan. Gawe segering utek lungguha kalawan jejeg lan nyelehna tangan karo pisan ing sandhuwuring pupu kiwa tengen: mripat mandheng marang arah ing ngarep kalawan tetep: sikil karo pisan tumadak ing lemah. Kalawan jempol tangan tengen anutup lenging grana sisih tengen lan anarika napas liwat lenging grana sisih kiwa, wusana nglepasake jempol iku banjur ambuwang napas lan nutupa lenging grana kiwa kalawan driji narika napas liwat lenging grana tengen, lepasna driji panutup iku lan ambuwanga napas. Mangkono sabanjure kalawan genti-genten kiwa lan tengen. Nuwun.@@K

WEDHARING SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT


Ingkang dipun wastani kawruh Sastra Jendra anênggih punika pituduh ingkang sanyata, anggêlarakên dununging kawruh kasampurnan, winiwih saking pamêjangipun para wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka pitêdah kasajatining kawruh kasampurnan. Kawruh Sastrar Jendra Hayuningrat pangruwat barang sakalir, kapungkur sagung rarasan ing kawruh tan wonten malih, wus kawengku sastra-di, pungkas-pungkasaning kawruh, ditya diyu raksasa  myang sato isining wanadri, lamun weruh surasane kang Sastra Jendra saged rinuwat dening bathara, sampurna patinireki, atmane awor lan manungsa, manungsa kang wus linuwih yen manungsa udani awor lan dewa patinipun, jawata kang minulya mangkana  duk miyarsa tyasira andhandhang sastra. Ingandhap punika wedharing kang Sastra Jendra Hayuningrat saking Serat Lokapala.

Pupuh 177
Dhandhanggula

1.      Mas Cebolang kalawan Nurwitri rêsêping tyas de binojokrama tan mantra-mantra yrn nêbe, supêkêt imbal wuwus, dyan tumênggung maringkên aglis, srat Lokapala kawya, dumuginya kondur, risang Rama mring  Ngayodya, lah anakmas kinarya sasamben linggih, jujugên kaca sangga.

2.      Caritane sang Prabu Sumali, ing Ngalengka kala puruita, mring Bagawan Wisrawa-ne, sêrat tinampan sampun, wus binuka turira aris, nuhun kauningana, estu jugul punggung, têmbung tuwin sêkarira , sajêg ulun  sawêg sapisan puniki, sumêrêp sêrat kawya.

3.      Sagêd maos nanging dlêmik-dlêmik, dyang tumênggung alon angandika, lah rêka wacanên wae, ywa nganggo têmbang lagu, wus winaca kalankung rindhik, angel kêdaling lesan, dyang tumênggung nuntun, miwah anjarwani pisan, ragi lanyah nggigit suraosing tulis, têmah kataman rimang.

4.      Wêdharing kang Sastra Harjendra di, wus tinangkêp sêrat kang winaca, makidhupuh trapsilane, ing nayana mawêlu, dyan tumênggung mesêm ing galih, ing tyas tan kasamaran, kalejêming sêmu, minawas wawas jroning tyas, anaratas pantês lamun dentêtêsi, luwês lon angandika.

5.      Babo jêbeng ngagêsang puniki, mrih waspada pandoming kadadyan, kang pasthi ring pangesthine, panjutaning tyas tuhu, tarlen kawruh jiwa sajati, mangsa suryaning alam, wikan kang manglimput, myang pandak panduking driya, kasantaning udaya kang anartani, ing surasa kêrtarta.

6.      Kang kapusthi pangesthining kapti, tan lyan mamang katamaning tingkah, ing tumitah mammrih lanteh, tinêtah siang dalu, tinalisik osiking ati, tiniti mrih tetika, kasidaning dunung, dumunung reh sangkan-paran, aywa samar pamoring kawula Gusti, mangkana duk miyarsa.

7.      Mas Cêbolang matur mangênjali, dhuh pukulun sêmbahan kawula, mugi mêlasa ta mangke, maring pun mudha punggung, kang tuhu tan satmateng gati, ring silastutining tyas, trapsilaning tuwuh, tumuwuh tanpa pituwas, têmah tiwas ing pangesthi tanpa dadi, saking kirang wêjangan.

8.      Ingkang wijang jerenganereki, pakartine ing reh jagad raya, tan mantra uning jatine, marmantakêdah matur, minta tanya kawruh kang jati, jatine kang winastan, kawruh kang linuhung, Sastra Jendra Hayuning-rat, ing nguni kang piningit Jawata luwih, myang kang ran Sastra Cetha.

9.      Mênggah têgêsipun kadospundi, miwah dununging pikajêngira, kang wijang wiji-wijine, dyang mênggung maluya rum, dhuh anakmas kalangkung rungsit, mungguhing patanyanta, Sastra Jendra iku liring sifat kayuwanan, -nira Sang Hyang Endra kang mêngku ling-aling, badaling Hyang Wisesa.

10.  Yen wus wikan ing kajateneki, sayêkti yen têtêp hayuningrat, lire raharjeng jagade, dene ta inggahipung, Sastra Cêtha dipun wastani, liring kang Sastra Cêtha, kalêpasanipun kawaskithaning panunggal, nora samar sangkan paraning dumadi, dumadya mardikeng-rat.

11.  Lire pamijining jagad yêkti, marma tan kenging kengis ing kathah, sinêngkêr ing Batara-ne, kajaba para Dewa ku, kang linilan ing Jawata di, Sang Hyang Sukma Kawêkas, myang jalma linuhung, kang katimeng pamêsunya, puja brata sinung wahyu dyatmikani, nanging mawa prabawa.

12.  Guntur wisesa myang guntur agni, guntur bumi miwah guntur braja, guntur ranu myang gunture, awang-awang punika lamun datan tumama yêkti, pratandha katrima, dene cihnanipun, ingkang datan katrima, yêkti sirna tanpa sesa ing dumadi, marma ta wis kaduga.

13.  Mêdhar ngilmi gaibing Hyang Widdhi, saking makatên ing purwanira, jrih sikuning Hyang Murbeng reh, nanging ta puntonipun, reh ta sami ngudi wawadi, mrih sidhine kasidan, titising pangawruh, kasampurnaning ngagêsang, kadipundi mungkêring reh tekat yêkti, mrih babaring kamulyan.

14.  Yêkti wontên upamane anti, ing pangrêman sarta kang tan lana, kumalêkêrên dadine, tan nêtês dadinipun, tanpa kardi dennya dumadi, tiwas tanpa pituwas, kangelan saumur, luhung aywa dumadia, manungsa yen tan sampurna gêsangneki, lir sato tanpa tekad.

15.  Babukaning carita ing nguni, karsaning Sang Hyang Girinata, angumpulakên ing kawruhe, wit saking mêntas kawus, kawruh jati kalindhih dening, Rêsi Kanekaputra, mila tinartamtu, ngumpulkên para kadang Dewa, Rêsi Nrada kalih Bathara Basuki, tiga Sang Hyang Sriyana.

16.  Iya iku kang sinêbut nami, Sang Hyang Panyarikan paparabnya, kalawan putra kaliye, Bathara Endra dwi Wisnu, samya têdhak pucuking wukir, ing ardi Jamusdipa, dennya mêdhar kawruh, sawusing pêpak sadaya, Sang Hyang Guru ambukani kawruh jati, ing ngarêp wus binabar.

17.  Purwaningkang dumadi rumiyin, ingkang wrêda pribadi pan cahya aulya dahana rumiyin, ingkang wrêda pribadi panca jaladri, puniku pinabênan, ing Kanekasunu, ing pangancas taksih lêpat, de mangeran marang kahananireki, sisip-têmbire* (sisip-sêmbire) dadya.

18.  Sumurupe têteja sayêkti, sarta maring kêkuwung maring wangkawa, amarga ing sadurunge, isining rat kadulu, maksih awang-uwung awingit, wus ana swara kadya, gêntha keleng ngungkung, iku Sang Hyang Girinata, sru anggilut jablasing surasaneki, Bathara Nrada sigra.

19.  Mêjangakên ing atur dumêling, manis tutuk tatasing kang sabda, Hong Hyang Hyang ulun yêktine, mênggah ta sagungipun, kawontênankesthi kajatin, kajatosan punika, wonten kahaneku, saksine wontên wonten manungsa, jagad ingkang manungsa estu tan pangling, lawan jagading donya.

20.  Mila binasakkên saderenging, wontên cahya wus ana swara, apindha gêntha kakêleng, pinika wardinipun, liring swara ingkang kapyarsi, yeku bawa jatinya, gêntha jatinipun, kantha-kanthining kang warna, kêkêleng pan dudunungan jatineki, anjinging kang bicara.

21.  Dununging bawa neng kantha singgih, kantha punika sayêkti samar, samar elek satuhune, elok gaib liripun, dene gaib punika mawi, sasandha kadadosan, babasaning catur, nora warna datan rupa, amimbuhi sipat wawarnen sakalir, tan ênggon ora arah.

22.  Nanging tansah dennira nglimputi, sagung ingkang gumêlar neng donya, ngandika tanpa lesane, muhung nyawa puniku, ngganda tanpa garananeki, muhung purba kewala, myat tanpa netraku, muhung saking ing waskitha, amiyarsa tanpa karnanira kalih, muhung saking wisesa.

23.  Myang angraos tanpa raos nênggih, muhung pangraos sajatinira, dene ta kosok wangsule, purwaning ana estu, saking ora witipun lair, saking ing kabatosan, witing rame estu, saking ing ênêng sanyata, wit gumêlar saking ing sonya sayêkti, nanging aywa kadriya.

24.  Tawang-tuwang tanpa wasananing, bêbasane mangeran kumandhang, wusing atur ulun mangke, sirik saestunipun, anênampik tanapi milih, kalamun anampika, ing sadayanipun, kang gumêlar ngalam-donya, punapinggih tan ginulung malih, kalamun amiliha.

25.  Punapa tan uninga manawi, sakehing kang kawontênan apan, saking gaib sejatine, babo ywa nganti kerut, utamine mandar ngurubi, myang sampun kawimbuhan, malah asung wimbuh, punika kewala cêkap, dhumatêng ing dunungnya pangsethi jati, jatining kauwusan.

26.  Sigêg ture Sang Kanekasiwi, Sang Hyang Guru sawusing miyarsa, saklangkung lêga ing tyase, rumaos yen panuju, dennya darbe pangesthi bangkit, kadya Sang Hyang Athama, ngratoni sawêgung, de kang nama Hyang Athama, ing srat Jitabsara panjênêngan Nabi, ya Adam Abul Awan.

27.  Sang Hyang Guru nulya dhawuh maring, para kadang Dewa miwah putra, bisa-a ngudhuni* (ngudhoni/nguruni) ing reh, ambawa-rasa iku, Hyang Basuki wacana aris, mênggah atur punika, wus lêrês sadarum, namung ing pamanggihingwang, sawêg têlêng dununging pangesthi jati, mring Kang Murbeng Gaiba.

28.  Analisir pantoging kang gaib, namung dunungipun kang pinurwa, ing suraos wau dereng, Hyang Guru ngndika rum, palibaya pantareng mami, mara katêrangêna, babar-pisanipun, sabda dadining kasidan, Hyang Basuki mangênjali turira ris, mêdhar wangsit angandhar.

29.  Dhuh pukulun saking wasitaning, guru-ulun Pêksi Rukmawatya, wukir Mahendra dhepoke, Hyang Kang Murbeng Gaibul, lajêng murweng anasir rannya, gêni bumi angin we punika dadi, kaananing manungsa.

30.  Latu dadya napsune kang jalmi, martandhani cahya catur warna, abrit cêmêng jêne putih, bumi badan jasmanu, martandhni sakawan warni, kulit daging myang tosan, sungsum jangkêpipun, angin kaananing napas, pan ing lesan ing grana ing netra kalih, myang pamyarsaning karna.

31.  Dene toyo dados kaananing, êroh catur isining wiryawan, ing Jitabsara têmbunge, inggih asrar puniku, roh jasmani êroh kewani, êroh nabati lawan, roh nurani catur, punika bilih kawula, sigêg ture Bathara Basuki sukci, mangkya Sang Hyang Sriyana.

32.  Matur alon ring Hyang Odipati, dhuh pukulun sang Padawinênang, manawi ing wasitane, ing gurunadi-ulun, parab Rêsi Pramana tunggil, saking pangraos-amba, langkung tlêsihipun, ingkang wus kasêbut ngarsa, pasêmone Sang Hyang kang Amurbeng gaib, mênggah pralambangira.

33.  Catur sastra-suwara winarni  A, I, O Rê*) myang antanwyanjana* (urut-urutaning aksara Jawi), sastra tridasa saptane, makatên wijangipun, aksara A () mila puniki, angka sakawan () lawan, aksara SA () wau, mênggah ing pikajêngira, pan wijining panunggal kawan prakawis, Bahni bantala bajra.

34.  Myang baruna wijangipun nênggih, agni bumi angin miwah toya, dene aksara BA () sinung, cêrêg ngandhap () pikajêngneki, bayi dene tan sondha, dados wujudipun, manungsa ingkang sampurna, sarwa sangkêp tan wontên kang kirang luwih, aksara O () wijangnya.

35.  Mila aksara WA () denpasangi, aksara DA () mênggah pikajêngnya, mungêl wêdal ing têgêse, pan katingal puniku, aksara () wijangireki, mila PA cêrêg ngandhap, padha kanjêngipun, antara ing têgêsira, sampun jangkêp catur swara têgêsneki, gantya wijiling dênta.

Pupuh 178
M i j i l

1.      Myang wyanjana ing jarwanireki, pêpêking ponang wong, nanging dereng mawa repa lire, mabusana jangkêping pakarti, lir jabang duk lair, sing garbaning biyung.

2.      Muhung Swara pracihnaning urip, de wujuding karo, sastra dwidasa lan pasangane, yeka kang ran  dênta-wyanjaneki, ha na ca ra ka- ki *) (); sapiturutipun.

3.      Ha na ca ra ka têgêsneki, won duta kinaot **) (wonten duta kinaot), dunungipun winangsul swarane, ka ra ca na ha lire puniki, lesan ngucap ing da ta sa wa le-ku *) ().

4.      Têgêse Dat kacihna swareki, dununging suraos, wangsul swara la wa sa ta da-ne, nggih punika pratandha salami, pa dha ja ya nya-ki, () lire sami unggul.

5.      Pan punika pancadriya yêkti, dununging suraos, wangsul swara nya ya ja dha pa-ne, lirnya tan pêgat pangidhêpneki, ma ga ba tha nga-ki (), nênggih têgêsipun.

6.      Babatangan sarira puniki, wit dadosing kawroh, dunungipun winangsul swarane, nga tha ba ga ma têgêsireki, ngentha satataning, ngantareng Hyang Agung.

7.      Sajatine wontên manungseki, srêngkaraning raos, liring srêngkara abên-manise, rasa-rumangsa saliring osik, kawula lan Gusti, pamor ing sawujud.

8.      Dene pasangan pêcahireki, ricikan rajah wong, munggeng angga makatên wijange, ha () lidhah mila dipuntêgêsi, ngetokkên sakapti, awit lidhah wau.

9.      Anut pakening karsa sayêkti, clupakan netra ro, pasangan na () mila ing têgêse, katêrangan wit luwakan aksi, pan karya wênganing, Hyang Pramana tuhu.

10.  Pasangan ca () tangan têgêsneki, kancuhaning batos, awit tangan dados kancuhane, osiking tyas nartani pakarti, ra () manik winardi, sosotya punika.

11.  Wit têrsandhanira wontên manik, rahsa saraseng don, kang manrangi ing lair batine, ka () cangklakan pundhak denwêrdeni, kukuh dene kardi, pikuwating bau.

12.  Pasangan da () kalamênjing warni, apanjang kinaot, wit manjangkên ing jangga wujude, pasangan ta () cangklakaning sikil, winastan cacêthik, prênah têgêsipun.

13.  Dene dadya lantaran yêkti, kuwatin ngalunggoh, anartani tata-trapsilane, pan minangka lambaraning takrim, antuk suku kalih, dadya ugêripun.

14.  Pasangan sa () jaja antaraning, têgêsipun golong, dene dadya kanthi sayêkti, awit jaja dununging piranti, pirantining urip, parabot kang parlu.

15.  Pasangan wa () bau ingkang kering, tinêgêsan karo. Dene dadya kanthi sayêktine, bau kanan lalawananeki, jangkêping pakarti, bau ro puniku.

16.  Pasangan la () gêgêr kanan kering, têrusan njaba jro, dene nêrusi jaja ngajênge, pasangan pa () lambe ngandhap nênggih, mila dentêgêsi, patitis puniku.

17.  Dene bangkit mijilkên yêkti, pangucap cumêplos, tan kaleru tampining osike, pasangan dh () nnggih dentêgêsi, dadalan sêjati, wit dhadha puniku.

18.  Dados margi pratandhaning uirp, kakêtêg ing jêro, mangka paliwaraning Atmane, pasangan ja () sandhing thêthêngiling, jaja dentêgêsi, patitis puniku.

19.  Dene dados pangajênging ciri, ayu kajêngipun peranging kono, aksara *) (wujuding aksara tuwin pasanganipun sami) ya () babau kanane, tinêgêsan cuthat wit nampeni, karêntêging ati, tumindak sakayun.

20.  Pasangan nya () luwakaning ngaksi, kang kering kinaot, mila tinêgêsan mulung lire, dene bangkit amêngani kapti, sasmitaning liring, ngênani panuju.

21.  Pasangan ma () janggut dentêgêsi, bundêran wang karo, aksara ga *) (wujuding asksa sami kalaiyan pasanganipun) () jangga wingking lire, agêng dene panggenaning nginggil, sanginggil angkeki, kêrêtang pok gulu.

22.  Pasangan ba () pasu wujudneki têgêsira karo, lire kêmbar nrambahi mukane, pasangan tha () wujuding thi-athi, tinêgêsan nênggih, tulising mukeku.

23.  De mimbuhi asrining suwarni, antareng karno ro, pasangan nga () nênggih bolongane, ing grana mila dentêgêsi, pangingsêp wit saking, panggandasmareku.

Pupuh 179
Asmaradana

1.      De cêcêg () grana lirneki, sami lawan aksara nga, wulu () sirah ing têgêse, pêpêt () têgêse mbun-êmbunan, layar () lirira jaja, sami lawan ra punika, dene cakra () têgêsira.

2.      Midêr lawan amêngkoni, yeku dhadha têgêsira, ingaran sawarga lire, pangiraning tyas punika, kawêngku jroning dhadha, marma pasangan dha jumbuh. Pikajênge lawan cakra.

3.      Taling () têgêsira kuping, tarung () thêthêngêling karna, ingaranan srêngkara, abên-manis têgêsipun, marma ingaran mangkana.

4.      Krana dadi lantaraning, pacampuring rahsa mulya, dene wa () gêmbung têgêse, pan punika bau kiwa, pengkal () pan bau kanan, wignyan () cangkêm têgêsipun, ing dununging pamicara.

5.      Winastan wisarja nênggih, lire bêcik klawan ala, saking tutuk ing margane, rinan malih awiyarja, luwih bêcik têgêsnya, saknya malih têgêsipun, nut sapakon têgêsira.

6.      Pakoning manah sayêkti, mulya sae nulya ala, tutuk darma mêdharake, pangkon () pandhaku lirira, ingaranan pêjahan, sing aksara kang pinangku, sayêkti wujud manungsa.

7.      De cahya kawan prakara, cêmêng abrit jêne pêthak, nênggih ing panjing surupe, cahya cêmêng anjingira, sumurup cahya rêta, rêta manjing surupipun, nênggih maring cahya jênar.

8.      Jênar manjing surupneki, maring cahya ingkang pêthak, cahya pêthak ing surupe, maring cahya mancawarna, cahya kang mancawarna, mring cahya mancorong iku, nênggih panjing-surupira.

9.      Cahya kang mancorong manjing, mring cahya mancur surupnya, cahya umancur surupe, mring cahya wêning punika, cahya wêning surupnya, mring cahya gumilang iku, cahya gumilang surupnya.

10.  Marang cahya ingkang gaib, têgêse gaib pan samar, kendêl Sriyana ature, Hyang Guru kelangkung suka, karênan ing wardaya, dene ta punika kawruh, kapralambang saking sastra.

11.  Sang Hyang Sriyana sinung sih, pinaraban Panyarikan, jawata jumurung kabeh, mangayubagya ing karsa, sigêg Sriyana turnya, tandya Sang Endra sumambung, matur sarwi ngaraspada.

12.  Saking raosipun maksih, kadho-kadho ing pangancas, nênggih dhatêng ing kajaten, awit maksihkaroneyan, bokbilih tidha-tidha, pamanthênging tyas kalentu, korup dhatêng panguripan.

13.  Manawi pamanthêng kami, namung riningkês kewala, dhatêng ênêng lan êninge, dene dadose dumadya, rupa warna busana, pangracutipun pan namung, rasa ambu warna rupa.

14.  Mênggahing pangancas-kami, saestu datan nalimpang, muhung mring nukat gaibe, pukulun pangraos amba, wus tan ana tisna-a, nêtês naratas wus putus, wasana ulun sumangga.

15.  Sigêg Sang Hyang Endrapati, dennya medhar pangawikan, mangkya Hyang Wisnu ature, nuwun mênggah aturira, risang Hyang Panyarikan, kawruh kapralambang dhaup, lawan sastra samoanya.

16.  Ingkang punika mêwahi, têranging kang sasêrêpan, mênggah saking wasitane, Sang Ngusmanajid gurwamba, kaananing manungsa, punika anunggil dhapur, lan kang nglimputi sarira.

17.  Purwanya namung satunggil, kadamêl kalih ilapat, dene ta binasakake, kakalih ingkang ilapat, langkung kang amicara, winastan kalih saestu, winastanana satunggal.

18.  Sayêktosipun satunggil, mênggah sastra tanah Ajam, kang tumrap angga kathahe, jangkêp tigangdasa sastra, saking enget kuwula, Hyang Pramesthi ngandika rum, mara kulup wêdharêna.

19.  Sang Hyang Wisnu mangênjali, sareh wêdaling wacana, alip (…ﺍ…) maripat kalihe be (…ﺏ…) bolongane kang grana, te (…ﺕ…) ing utêng dunungnya, se (…ﺙ…) daging jim (…ﺝ…) sirah lungguh, ke alit (…ﺡ…) karna kang kanan.

20.  Ke ageng (…ﺥ…) karna kang kering, dal alit (…ﺩ…) bau kang kanan, dal agêng (…ﺫ…) bau keringe, ra (…ﺭ…) iga têngên kiwa, je (…ﺯ…) iga ingkang kiwa, sin alit (..ﺱ….) têngêng kang susu, sin agêng (…ﺵ…) susu kang kiwa.

21.  Sad (…ﺹ…) lambung kang têngên nênggih, êdhot (…ﺽ…) lambung ingkang kiwa, te (…ﻁ…) kukulung ati nggonne, dha (…ﻅ…) ing jantung dunungira, ngain (…ﻉ…) pupu kang kanan, ghin (…ﻍ…) pupu kiwa dumunung, fe (…ﻑ…) suku têngên ênggonnya.

22.  Khaf (…ﻕ…) ing dhêngkul têngên nênggih, kaf (…ﻙ…) suku kiwa dunungnya, lam (…ﻝ…) ing wêtêng, min (…ﻡ…) otote, nun (…ﻥ…) balung, wawu (…ﻭ…) gigirnya, ehe (…ﻫ…) tlapakan kanan, lam-alip (…ﻻ…) dunungipun, aneng lathining manungsa.

23.  Ambyah (…ﺀ…) dhêngkul kiwa nênggih, ya (…ﻱ…) tlapakan ingkang kiwa, jangkêp sastra tridasane, mangkya rêringkêsanira, badane kang manungsa, ing saestunipun sampun, inggih angucap piyambak.
——————
*) Alip dumugi ya ing pada 19 dumugi 23, aksara Arab tigangdasa, panyêratipun Latin kirang cocok kaliyan ungêlipun, mila ing wingkingipun kasêrat aksara Arabipun ing kurungan (……) ingkang boten perlu kawaos. Aksara Arab wau ing buku aslinipun botên kaserat. Ing ngriki katambahakên murih cêthanipun.

24.  Makatên panabdaneki, Ashadu Allah illaha, Illa Allah de wijange, As kulit ha dagingira du gêtih, Allah, urat ilaha iku babalung, illa sungsum Allah utak.

25.  Manungsa kalamun guling, mangka matrapkên sukunya, kakalih dhinempetake, dumadi wujud sajuga, dlamakan kalih pisan, tinapakkên sikut kakalih tumumpang.

26.  Aneng ing prajaneki, asta kekalih kinêmpal, dados sajuga wujude, ingadêgakên sadaya, punika sampun tansah, anêbut ing namanipun, tuwin namaning Pangeran.

27.  Gumaluntung ingkang jalmi, punika mungêl Muhammad, dene pratingkahe sare, mungêl Asmaning Pangeran, Allah Pangeraningrat, kang murbeng pasthi satuhu, wijange kawikanana.

28.  Awit ing sirah dumugi, pungkasan ingkang jangga, aksara min (mim) awalane, pinêcah dumadya tiga, kêlênging kalih netra, manjing mring Dating Allahu, kang kalair sadayanya.

29.  Mênggah kajêngipun nênggih, dhatêng makripat mukadas, mungêl la ing grêbanane, mangkya awit ing pranaja, dumugi cêthikira, aksara ahe (ehe) punika, lajêng kawijang triwarna.

30.  Wujudipun khe manjing maring, Sipat Allah kang lair pan, dene punika kajênge, maring Kakekat mukadas, grêbanipun winawas, anênggih tan liyan namung, ing ungêlipun Illaha.

31.  Lajêng wit jênthik dumugi, ing dhêdhêngkul kering kanan, punika min (mim akirane, ugi einijang titiga, wujuding kang aksara, manjing maring Asma Allahu, ingkang kalair sanyata.

32.  Kajêngipun tan lyan maring, dhatêng tarekat mukadas, ginêrba ungêle, muhung maring lapal Illa, pungasan winursita, awit kakalih kang dhêngkul, dumugi driji dlamakan.

33.  Yeku aksara dal yêkti, lajêng kawijang titiga, wujuding kang aksarane, manjing mring Apêngal Allah kang, lair de kajêngnya, mring Sarengat mukadasu, grêbanipun mungêl Allah.

34.  Aturulun sampun titi, kawontênaning wasita, muhung amrih ywa tumpang so, winujudakên ing gambar, tinrapkên ing ron êtal, ciniren katranganipun, gambar kalih dyan binabar.

35.  Mawa cahya anêlahi pindha ulading (alading dahana, ubaling) dahana, surem Hyang Rawi sorote, binarung swara gurnita, kilat thathit liwêran, horêg sapta bantalaku, mêsês kanang bayu bajra.

36.  Lir kinêbur kang jaladri, pêthite Hyang Antaboga, kumitir horêg anggane, satêmah ingkang bantala, gonjang-ganjing ruhara, ardi Jamusdipa njêpluk (njêbluk), kadi papêdhut rinaras.

37.  Sang Bathara Odipati, Sang Rêsi Kanekaputra, miwah Sang Hyang Basukine, Hyang Rndra Hyang Panyarikan, wus sadaya tan kuwawa, anyêlaki gambar wau, lir sinambêr gêlap lêpat.

38.  Sadaya wus dhawah saking, palênggahan sowang-sowang, sumaput lir nir jiwane, muhung Sang Bathara Suman, tan owah dennya lênggah, gambar kalih dyang ranacut, wus sirna kang gara-gara.

39.  Nahên kang gumuling siti, pungun-pungun wus waluya, wangsul mring palênggahe, karsane Hyang Mahanasa, sadaya kang kawêdhar, dening Hyang Bathara Wisnu, dilalah samya kalepyan.

40.  Kadya anggane angimpi, wungu nendra tan kengêtan, dhumatêng ing supênane, muhung Sang Hyang Guirinata, jroning tyas gung ginagas, ginilut jumbuhing kawruh, tambah ingkang pangawikan.

41.  Mangkono Hyang Wisnu Murti, graiteng tyas datan samar, dhumatêng kaanane, pinunggêl kang pangandika, amangsuli pangiwa, mangkana ing aturipun, dhuh Hyang Hyang Padawinênang.

42.  Aturnya Kanekasiwi, myang Basuki Panyarikan, tanapi Endra ature, ingkang Makatên punika, inggih lêrês sadaya, nanging ing pamanggihulun, panggêlar panggulungira.

43.  Taksih tumpang so tan mathis, manawi ing wasitanya, guru ulun Sang kinaot, Ngusmanajid ingkang usman, asalipun manungsa, inggih saking hêb satuhu, tumurun pan dados cahya.

44.  Kasumupan ponang bumi, dahana maruta tirta, makatên mênggah dununge, jasat napsu napas rokyat (rohkyat), ingkang rumiyin dadya, ponang rohkyat napas napsu, kapat jasat kanthinira.

Pupuh 180
Kinanthi

1.      Sawêg samantên turipun, dennya mêdhar sabda rungsit, Hyang Guru aris ngandika, eh kulup bênêr sireki, apa tan unggul dahana, de sira unggulkên bumi.

2.      Luwih asor bumi iku, yêkti unggul ingkang agni, Hyang Wisnu matur manêmbah, sami lêrêsipun ugi, manawi bangsaning Ejan, linuhurkên ingkang agni.

3.      Awit asal saking latu, luhuripun saking jin, Banujan jin Idajila, ing srat Jitabsara sami, Sang Hyang Handyan Hayang Banujan, di Anjiyasmal jibai.

4.      Hyang Guru malih tanya rum, balik sira iku kaki, asalmu saka ing apa, Wisnu matur mangênjali, ulun manungsa kajiman, nanging luhur ingkang saking.

5.      Manungsa sayêktinipun, kaliyan kajiman mami, eh kulup apa ta nora, rumuhun bangsaning Ngêjin, lêrês pukulun punika, nanging tumtaping ring mami.

6.      Miwah sarira pukulun, punika rumiyin janmi, kang awit Dang Hyang Ad-Hama, Sang Hyang Siwa ingkang ugi, Nabi Sis minulya, punika manungsa jati.

7.      SarVng ing dumuginipun, Sang Hyang  Nurcahya ing ngarsi, nVnggih nama Sayid Anwar, lajêng Sang Hyang Nur-raseki, Sang Hyang Wênang Sang Hyang Tunggal, sirna kamanungsaneki.

8.      Jisim rohkani sadarum, tan katon dipuntingali, sarêng dumugi paduka, amêngku ing Alam kalih, sagêd botên katingalan, saged katingal ing jalmi.

9.      Amargi kanjêng pukulun, mangesthi sagêd ngratoni, manungsa lir Hyang Ad-Hama, Hyang Guru ngandika malih, bênêr kaya tekatira, amung kanggo mênang êndi.

10.  Tekatira kang saestu, apa manungsa apa jin, Sang Hyang Wisnu aturira, ulun angge lair batin, ing batin manungsa-tama, ing lairipun pan êjin.

11.  Wit ulun urutkên estu, asale jiwa rageki, kamanungsan ulun asal, saking luluhur pribadi, mila kangge kabatinan, amarga jalu pinasthi.

12.  Dados lalantaranipun, kang wontênkên *) (ngawontênakên) jiwa mami, mênggah kajiman kawula, saking ing leluhur estri, kang awit Sang Hyang Nurcahya, kamantu dening Raja Jin.

13.  Mila punika pukulun, kawula anggêp ing lair, eh kulup têlênging tekat, apa ora anêtêpi, babasan kabali sura, myang sungsang bawana balik.

14.  Bathara Wisnu turipun, boten ing saestu neki, ing ngandhap ing nginggil kebalt,  kawêngku ing têngah awit, wontênipun winastanan, ing ngandhap tuwin ing nginggil.

15.  Yeku ancêr-ancêipun, wontên ing manungsa jati, Sang Hyang Guru duk myarsa, asru karênaning galih, babo atmajengsun Suman, sira angunggal pangesthi.

16.  Kalawan ing jênêng-ingsun, mangkya sira su wêwahi, paparaba Narayana, mratandhani kahananing, sira manungsa sanyata, Sang Hyang Wisnu mangastuti.

17.  Para jawata sadarum, abipraya nêmbadani, sasampunira mangkana,  Sang Hyang Wisnu nulya kardi, ekal cakra dadya tandha, bundêring santoseng ati.

18.  Nahan ta Bathara Guru, sawusira amiyarsi, ature kadang dewa, lan putra Bathara kalih, tyas langkung marwata suta, sinung ilhaming Hyang Widhi.

19.  Sadaya sampun kacakup, datan ana ingkang cicir, dhawuh wijiling kang sabda, kadang dewa sadayeki, myang putranipun bathara, ing samangkya karsamami.

20.  Kumpulung kawruh sadarum, ingsun dadekkên sawiji, minangka wawatoning kang, kawruh kadeatan adi, dadiya gêbênganira, suteng-ulun Endrapati.

21.  Nanging ingsun kêkêr kukuh, sarta ingsun waranani, lawan hya kongsi kajambar, sadhengahing manungseki, supayane iku haywa, madhehkên ing Jawata di.

22.  Marmane manira asung, pralambang iku yen bangkit, iya dadya manrimanya, ingkang sarta banjur dadi, ing Sanstra Cêtha priyangga, ing sadurungira dadi.

23.  Ing Sastra Cêtha puniku, apan ta ingsun-aranni, Sastra jendra ayuninrat, pangruwat diyu rasêksi, wanara salaminira, dêlahan nunggal jalma-di.

24.  Iku ta ing lairipun, dadiya ambêk bumi, mungguh ta ing kabatinan, dumadiya pancadaning, sangkan paraning dumadya, nunggal kawula lan Gusti.

25.  Mratandhanana saestu, kanugrahan ingkang dhingin, limang ukara kehira, dumadi ambêgireki, mungguh ta ingkang ingaran, Panca purwanda pangrawit.

Pupuh 181
S i n o m

1.      Kang dhingi ambêging surya, kapindho ambênging bumi, katri ambêging maruta, catur ambêging jaladri, panca ambêging langit, ing sapangkat maneh iku, aran Panca Dumadya, iku kadadyanireki, apan uga tumangkar limang prakara.

2.      Kang dhingi babaring tigan, dwi lêpasing sastra-lungit, tumamaning punglu tri-nya, catur pêdhang lumaraping, lima rêmbêsing warih, ing sapangkat maneh iku, aran Panca Pranata, dadi pratandhanireki, apan uga tumangkar limang prakara.

3.      Mandhêg iku kang kapisan, angkêr ingkang kaping kalih, sumunu kang kaping tiga, sumulap kaping patneki, mamarap ping limeki, dadi tri golonganipun, lah para kadang dewa, lan putra bathara kalih, kono padha surasanen tranging nala.

4.      Kadiparan karêpira, lawan kadadeyaneki, nahên para kadang dewa, lositanireng panggalih, bangkit mbabarkên nanging, tan sagêd panangkaripun, tuwin kakalih putra, asagêd mêcah ananging, tan kuwawa maradhahi kang surasa.

5.      Sadaya matur sumangga, Hyang Guru ngandika malih, eh kadangingsun pra dewa, lan putraningsun kalih, marmanira sireki, ywa ngaku pintêr kalangkung, mundhak kablingêr padha, kang awit babasaning ling, jalma pintêrpasthi kasor dening jalma.

6.      Kang sugih pratikel tatas, de jalma pratikel awig, kasor dening jalma ingkang, inggil luhur misesani, margi margi kang Murbeng pasthi, anamtokkên jênêngingsun, ginadhuhan wisesa (ginadhukan kang wisesa), lwih kuwasa jênêngmami, sumurupa duninunging andikaningwang.

7.      Mungguh abênging kang surya, amongat têmbungireki, jarwane among samoa, awit ta ananing rawi, tansah angon sakalir, ngulatkên sakeh tumuwuh, tumrape mring pambêgan, eling dene dunungneki, ing pramana dadi nora kasamaran.

8.      Ambeging bumi winarna, sun-têbungkên amot yêkti, karêpe amot sadhengah, dene kaananing bumi, bobot sakeh dumadi tumraping, pambêkan bakuh, dununge ing jatmika, sarira antêng tyas mintir, ing wasana dadi nora berabeyan.

9.      Ambêking kanang maruta, sun-têmbungkên kamrat yêkti, karêpe kamot sabarang, dene kaananing angin tansah katadhah dening, samoaning kang tumuwuh, tumrape mring pambêkan, têmên dene dunungneki, aring ingkang napas dadi tan ndaleya.

10.  Nahan ambêking sagara, sun-têbungakên mamrat yêkti, karêpe momot tan wêgah, kaananing kang jaladri, tan nampik datan milih, sasarah tumaneng laut, tumrap pambêkan sabar, neng rêrêming rasa jati, dadi nora pradulen sugih waonan.

11.  Kanang ambêking akasa, sun-têmbungkên mangkyat nênggih, kaêpe pamêngka ika, dene kaananing langit, datan sah  angaubi, saisining ngrat kawêngku, tumrap ambêg santosa, dumunung sarehing kapti, dadi nora gimirên karêp sadhengah.

12.  Lah ta padha kawruhana, kumpule pambêkan gati, among amot kamot miwah, momot mêngku jangkêpneki, dene tumrapireki, pambêkan lilima iku, eling têmên mantêp lan, sabar santosaning ati, de dununge pambêkan limang prakara.

13.  Pramana jatmika ing tyas, aringing napasireki, kalawan rêrêming rahsa, sareh ing karsa mumpuni, mungguh dadinireki, pambêkan lilima mau, tan samar tan dahwenan, tan sêmbrana lawan malih, tan panasan tan gimiran pungkasannya.

14.  Mêdhar kang Panca Dumadya, limang ukara ginupit, angin babaring antiga, nalika ingsun arani, têtêp karêpireki, tetela ing ananipun, têtêp dadining gêsang, kawahana tandhaneki, de tandhane iku ana ing pangrasa.

15.  Pindho lêpasing kang manah, ramatas ingsun arani, karêpe tatas naratas, yeku têdhas anêdhasi, satuhu anêtêpi, sangkan paraning tumuwuh, dene ta pratandhannya, sonya ruri anartani, nyatanira ing pamyarsaning kang karna.

16.  Kaping tri tumamanira, punglu mamis sun arani, tumêlêng karêpe apan, patitis iku ngencoki, datansah anêtêpi, marang dudununganipun, tumanêm pratandhanya, nyatane lungguhireki, aneng lathi iya iku pamicara.

17.  Kaping pat laraping pêdhang, maratas ingsun arani, karêpe mring kaputusan, pêgat tanpa kiwir-kiwir, babarpisan nêtêpi, tandha kasampurnanipun, nyatane ing pangganda, arum bangêr amis bacin, arum sêdhêp kanyataan saka grana.

18.  Ping lima rêmbêsing toya, tumuhas ingsun arani karêpê tumus arabas, iku têrus anêrusi, dene ptatandhaneki, linggabathara satuhu, jumênêng batharanya, mungguh kanyataaneki, ing paningal jangkêp kang Panca dumadya.

19.  Kumpule kadadyan lima, têtêp tatas sarta titis, putus tumus sah lilima, gênahe lilima maring, tetela têdhas tuwin, angincoki pêgatipun, kanyataaning lima, kawahana sunyaruri, myang tumanêm sampurna lingga-bathara.

20.  Nyatane ing kadadeyan, lilima tan liyan maring, pangrasa ingkang kapisan, ing karna kang kaping kalih, ing lesan kaping katri, ing grana kang kaping catur, ing paningal ping  gangsal, kadang dewa putra sami, sru katrêsnan umatur kalajêngêna.

21.  Odipati mêdhar sabda, prabawa limang prakawis, nahan landhêp kang kapisan, iku sun arani lêngit, marang singit karêmpit, karêpira iya iku, mamêdeni wong kathah, dene wus anjumbuhi, kalawan Hyang Maha Suksma Kang Kawêkas.

22.  Wus anunggal sakaanan, sarira suksma pribadi, kapindhone kawaskitan, wikan purwaning dumadi, ing agal miwah rêmit, sawujud Bathara Luhung, akaprabawan saka, waskithanireng panggalih, kaya-kaya uning sadurung winahya.

23.  Sumunu kang kaping tiga, iku lênyêp sun arani, karêpe wingit sanyata, antêng ruruh anyênênni, de wus nugraha jati, Bathara ingkang linuhung, kaprabawanan saka, sarwa dyatmika ing budi, nênging(~) nala nêrusi marang sarira.

24.  Sumulap ingkang kaping pat, lêmarap ingsun arani, angulapi karêpira, iya iku (m)balêrêngi, kang mandêng tan kuwawi, dene ta uwus saestu, rikang sotya-bathara, awit kaprabawan saking, anarawang sadaya sarwa pramana.

25.  Mamarap kang kaping lima, lêmahab ingsun arani, maladi karêpe ika, iya iku angurubi, dene ta wus linêwih, sajiwa bathara iku, wus kaprabawan saka, sarwa wibawa wiryadi, uwus ganêp prabawa limang prakara.

26.  Kumpule prabawa lima, juga lungit kadwi wingit, tri wingit ngulabi warna, kaping limane maladim gênahe prabaweki, kang sapisan iku alus, mêdeni kapindhonya, kaping trine anyênêni, pat (m)blêrêngi amaladi limanira.

27.  Prabawa ingkang prabawa, waskitha ingkang rumiyin, pangrasa ping kalihira, dyatmika kang kaping katri, pramana caturneki, wibawa ping limanipun, atusing pangandika, -nira Sang Hyang odipati, myang pra dewa dyan muksa mring pakayagan.

28.  Mangkane kang Sastra Cêtha, mungguh Panca purwandeki, bumi gêni angin toya, dadi jasate kang jalmi, langit ngibaratneki, ing alam suwung sathu, dene wus kanyataan, amêngkoni ing dumadi, de karêpe batin mêngku kalairan.

29.  Dene ta Panca dumadya, Pancadriya dunungneki, pangraos ingkang sapisan (˚) pamyarsa kang kaping kalih, pangucap kang kaping tri, pangganda kang kaping catur, paningal kang kaping lima, sadayeku padha dadi, trêsandhaning uripe ingkang manungsa.

30.  Mungguh kang Panca prabawa, puniku amratandhani, katarimaning manungsa, katarimaning manungsa, katingaling sarira di, waskitha têgêsneki, lêrêsing pramana estu, pangrasa têgêsira, lêpasing karya sayêkti, pramana pan lêpasing pandulunira.

31.  Dyatmika ing têgêsnira, sênênning cahya mranani, wibawa têgêse apan, mêngku sakeh raos jati, pinetak lima malih, sarira-bathara iku, uwus abadan budya, sawujud bathara nênggih, satuhune uwus nunggal warna rupa.

32.  Nugraha bathara ika, uwus ênêng sarta êning, netra-bathara iku apan, uwus linêpas ing budi, sajiwa-bathara di, wus langgêng kaananipun, kawula Gusti nunggal, lah anakmas wus baresih, Sastra Jendra unggahe mring Sastra Cêtha.

Nyuwun agunging samudra pangaksama dumateng sadaya para sarjana ugi pinisepuh mugi purun nampi keladhug kurang trapsilaning pun Kumitir sampun kumalancang wantun ngedalaken kawruh ingkang sinengker punika, Kumitir namung sadermi ngleruri kabudayan Jawi paribasan : ‘canthing jail dicidhukna banyu segara olehe iya mung sathithik, lowung dene taksih saged nyidhuk, sanadyan namung saisining canthing jail, tinimbang suwung blung. Sampun titi tamat wedharing kawruh Sastra Jendra Hayuningrat menggah unggahing mring Sastra Cêtha, tumplêg ing maknawi kinarya lalantaran ing agêsang wus anyêkapi, mugiya tansah angsal kanugrahan saking ngarsaning Hyang Murbeng Gesang. Rahayu.

Sumber  :
Serat Centhini Jilid III, Pupuh 177 dumugi Pupuh 181. Yasandalemm KGPAA Amengkunagara III (Ingkang Sinuhun Paku Buwana V) ing Surakarta. Kalatinaten Miturut Aslinipun dening : Kamajaya. Penerbit Yayasan Centhini, Yogyakarta 1986.

Sidoarjo, 25 Nopember 2010.
Mas Kumitir.

SEJATINE DRAJAD LUHUR


KINANTHI

gampang dadi-a wong luhur
ora kudu sugih dhuwit
ora kudu darbe pangkat
watone netepi janji
tansah bisa pinrecaya
iku wong luhur sayekti

senajan ingaran ratu
yen karem ambalenjani
marang prasetya priyangga
aling-aling dhampar rukmi
dupeh wenang amasesa
iku wong asor sayekti

nanging beda najan iku
mung batur-rewang sayekti
yen pakartine prasaja
tansah nganggo ngati-ati
prayitna marang bebaya
mbudidaya puguh suci

iku kang ingaran luhur
pantes kinarya palupi
sajroning urip bebrayan
amrih tekan nggayuh aji
katrima dening sasama
lan kinasih dening Gusti

Dening Ki Sasmita

%d bloggers like this: