alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

mBOYONG DEWI SRI


G A M B U H

  1. Mbakyu-mbakyu tani padha rukun,
    rame-rame menyang sabin nyekel winih,
    neng ler-leran banjur nyemplung,
    ora wedi karo blethok.

  2. Wiwite umun-umun,
    nganti tekan wis meh wayah surup,
    nanging iku linakonan kanthi tliti,
    mrih gampang anggone matun,
    kudu lempeng ora bengkong.

  3. Pak Tani nggawa kenur,
    kanggo ngentheng manut marang ukur,
    mBakyu Tani jejer-jejer pating jrengking,
    iki pancen wajibipun,
    sedulur-sedulur wadon.

  4. Mangkono critanipun,
    ganti-ganti sabulak wis kemput,
    yen sinawang amba nganti kethip-kethip,
    katon iju riyu-riyu,
    desane katon yen adoh.

  5. Ing kono papanipun,
    kanggo ajang rejeki kang thukul,
    murakabi mring sedulur sanagari,
    papan Dewi Sri tumurun,
    paring tedha marang uwong.

  6. Dewi Sri bakal nesu,
    lamun tandur datan dipun rabuk,
    sarta nora den upakara kang becik,
    Dewi Sri ra bakal mudhun,
    gawe Bapak Tani kapok.

  7. Tujune padha emut,
    warga tani tumandange sengkut,
    amrih Dewi Sri nora rumangsa serik,
    kanthi nguri-uri tandur,
    tekan wiwit dipun boyong.


Kapethik saka buku Warisan, Geguritan Macapat, karyane Suwardi, weton Balai Pustaka, 1983
Alang alang kumitir

KIDUNG ATI TANGISE BUMI


Bumine nangis, Eluhe lumpur agawe giris
Bumine nesu watuk-watuk ndadekake lindhu
Bumi wis tuwa jare kiyamat wis arep teka
Iki pratandha bendune sing Maha Kuwasa.

Bumine sambat gununge gundhul alase dibabat
Bumi lara ati banjir bandhang anggegirisi
Ujare wong pinter alas sing subur minangka pager
Pagering bumi murih alam tetep lestari.

Aduh Gusti kula nyuwun pangapura
Kula niki sampun kathah dosa
Aduh Gusti Ingkang Maha Kuasa
Nyuwun luwar saking godha pangrencana.

Pra sedulur Tunggal Nusa Tunggal Bangsa
Aja conkrah lan aja sulaya
Bareng urip golek dalan padhang
Sujud sukur wonten ngarsane Pangeran.

Kidung ati pangruwat Bangsa sak Nagari
Mangga ndedonga dahuru inggala sirna
Cancut gumregut bebarengan mbangun Praja
Lestarekna alam murih bumine ora murka.

Disadur saking lirik lagu Kidung Ati Tangise Bumi, Karyanipun Yhady’s
Alang alang kumitir

WIJINING URIP


Wimbaning rasa kang aneng jro ati, wimbaning katongton, pan rumongso anuksma rasane, ing tingal sih rasane kang urip, kumpule dumadi, raos sakahetung.

Mapan aling wijining ngaurip, wijine sawiyah, enur suhut kalawan ngelmune, wadah ira geni lawan angina, ping kalihe malih, siti lawan banyu, iya iku tunggale sawiji sampurnane dadi wong.

Tiningalan iku ing lair ira, iya iku rasa banyu urip, kuwat ira angina, geni karep nepsu iku ingkang amadahi, dadinira awor, iku pada lan lair tamtune.

Rasa cahya manjing marang ngelmi, wiji kang duweni, tan kena cinaturan ingaranan sampurnaning urip, iku dipun cernoh, aja sira karem donya bae, pan weruh wawekasan urip, cahya rasa urip iku dipun weroh .

Sipat iku kang sira tingali marganipun weroh, iyo apan iku ing dadine, yenta weruh sira rupa jati, nggon ira aurip, iku misih bingung .

Iya mengko sira sun tuturi tegese kang raos, aja sira tingal jaba bae, upamanira yen sira guling lamun sira ngimpi , sapa kang andulu raragane pan kira aguling, ing jero miraos wan loro tunggale, nora pisah pan ora atunggil, pilih kang ngawruhi,  lir kaca dinulu .

Jroning kaca sira tingali, tanpa dununging nggon, iya uga among sira dhewe kaca iku umpamane jisim, kalimputan urip, sukma kang ndulu, rasa iku kang wujut jati, katingal kang katon, sirno jisim mulih ing asale, mapan asalira duk dumadi, bhumi angina geni, kaping patte banyu.

Jisim alus tan kena ing pati, iyo iku erroh, among rasa nikmat lan larane, tandya wangenan nggon ira aurip.

Lan sakehe kang jro nala tingali sayekti, kalbunira nyatane Hyang Widi, kakelir sayekti, megane pandulu.

Umpamane lir sare lan estri tingal ira raos, sumrah kabeh ing raga nikmate, suka nikmat tan wonten kuwatir, tan ngraos darbeni, sedaya pan kumpul.

Lamun sira yen arsa aguling, tan dyanen sayektos, napas ira pan iku yektine, sarta lamun sira manjing, lampahe aririh, rahmat kang tumurun.

Liyaping netra kang rohmat wus manjing, ing jro manah awor, dadya lali ing kanikmatane, marma datan anget raga iki, tanwruh kula gusti, dudu iyo dudu.

Iya iku al bransanusiri, Mukhammad rasengo, sira kawiti kang sun dadekake, pan wiji sekalir dumadi, saking ing sireki, sira saking ingsun.

Dipun reksa saranaken urip, pasrahna Hyang Manon, dipun nggono rasa sarirane, dipun awae nggonira ngulati, kang trus lawan ngelmi, pituduh ing guru.

Sabdaning gurunen ngati-ati, anuta ing pakon, sarta iklas ing pangidhep kaberah, pati urip datan den rasani, sunya lawan lawan singgih, pan ora kaetung.

Mengko padha sun tuturi malih, brahisih kang katon, kweruhana, ya ing dadine, pan ing raga dununge ing ati, ati ingkang putih, arane pausuh.

Patang prakara dadine kang isih, pan sanes kang enggon, ingkang dhingine jantung nggone, kaping kalihe limpa sadyang ati, tyaspangasih, kaping tiganipun.

Ingkang welas sarta awor asih, iku ning papusuh, tulung tinulung ing kono kuwi, tyas ing sih lakune dhemeni, tresna lan kapengin iku nggonipun.

Ingkang wonten jejantung puniki, kasmaran ingkang wong, iya supe marang liyane, kerut sedyane sih lan rasmi, rasaning sih, sadaya kapengku.

Ingkang kekalih sih dunya kang katon, lana reremen kalawan tunggale, budi piker metu ing jro ati, sabar lileng pati, donya tan kaetung,

Kaweruhana ja sira lali iku kang weruh, ing marmane aling ing paberane, barang cinta pangucap ing osik lawan esir, ya saking Hyang Agung.

Pan tarima lakune kang yekti, iku imaning wong, ingkang padhang nora pethenge, iya padhang tegese pan eling, nora kena lali, iku dhikir Ya Hu.

Erapipun kang dhikir puniki, napas manjing wiwitane panjinge napas, wedalipun napas Hu kang kapuji, ing sajeke urip, melek lawan turu.

Tegese Ya hu Allah kang urip, kang mubeng tumuwoh, sakabeh kang gumelar, urip langgeng ingkang Maha Suci, aniyata dhikir, ing sakjroning kalbu, iya iku sampurna kang urip, dadene papan awor, awor cahya kang padhange linge,  pan ciptanen dadine sawiji, iya ruh ilafi, dadine jeng rasul.

Nalikane sira angabekti, rumongsaha kang awor, tuwin sira dhuk dhikir kalane, pan ing kono nggoning kang ning, raganira iki sirnaning pandulu liyaping netra.

Kebut ing ati akbarira awor, petenging tyas tan aling ragane, Wimbuh ira katingal jro ati mring kang Maha Suci, Sih ira Hyang Agung.

Datan mawi lantarane malih, Sih Pangeraning wong, Iya rahmatira iku kabeh, Yakna rahmat Sih tumurun tan elingling diri, tansah manah liwung.

alang alang kumitir

%d bloggers like this: