alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT LOKAJAYA


Serat Lokajaya
PUPUH I
DHANDHANGGULA

  1. Pan kacaryan pasemoning ati, ingkang rinipta ing sêkarkara, nalika ing tarbukane, nulari ing pitutur, kang tutur tembung têrmah Kawi, lampahan kang tinelad, ing têtkalanipun, Kanjêng Sunan Kalijaga, duk ndhugale cinoba marang Sang Yogi, Kanjêng Sinuwun Bonang.
  2. Lokajaya putêra sawiji, apan wontên ing nêgari Tuban, kang garwa tinilar bae, klangkung pan ndhugalipun, saba wana siyang lan latri1, ngupaya2 bêbotohan, raina lan dalu, para botoh dipunundang3, lamun kalah andhêlik aneng wanadri, ambegal karyanira4.
  3. Yen wus angsal kêplek kecek kocing, sakehe kasukan linampahan, raina wêngi gawene, kêlawan dhahar apyun, sadinane têlas sêtail, lan inbedhang tangganira, kanan keringipun, yen konangan bojonira, ingkang lanang anulya dipunpateni, tan etang utang pêjah.
  4. Lamun kalah anggenira main, ngadhang marga apan arsa mbegal, tan trima barange bae, kang darbe pinrih lampus1, yen dalu2 angampak lan maling, kang darbe pinrih / pêjah, donyane kinukut3, mangkana ta lampahira, sabên-sabên yen kalah denira main, kêplek dhadhu kêmpenang4.
  5. Dinukanan apan ora mari, pan inguja pan saya andadra, kang rama emêng galihe, dukane klangkung-langkung, yen ningali marang kang siwi, sira luwih andhugal, matia tan gêtun5, luwung nuli pinulunga, aneng donya gawe wirang awak mami, mundhak keh dosanira1.
  6. Wus misuwur ndhugale ngliwati2, wau Raden Lokajaya Tuban, kang putêra dipatine, yata wus kesah nglangut, datan etang yayah lan bibi, wus pirang-pirang dina, rahaden ngêlangut, pundi tanah bêbotohan, pinaranan tan etang jurang lan wukir3, lampahe4 kalunta-lunta.
  7. Dados botoh sêdalu sang pêkik, ra mênang / malah utang pawitan, têlas tambah5 sandhangane, tambah lancinganipun, prabote pan sampun barindhil, wêksan kinuya-kuya, marang mungsuhipun wêtara6 wus têlung dina, têlung bêngi angampak pan nora olih, mbegal kalunta-lunta.
  8. Apan7 ndhêlik neng têngah wanadri, lamun ana jalma liwat jnarga, binegal pinrih patine, sawiji dma nuju, aneng tengahira wanadri, raden kaget tutningal, ing pangrasanipun, bungah saironing wardaya, lamun ana sujalma alampah keksi, murub panganggonira1.
  9. Pinaranan2 Sunan Benang nuli, wau arsa binegal sêmana, wus wêruh wau karêpe, mêdalkên kramatipun, jalma papat gangsal sang yogi, pan sami3 warnanira, gya ngêpung sang bagus, ginadhang-adhang samiya, Lokajaya anulya lumayu aris, kinêpung sapurugra.
  10. Pan mangilen playune sang pêkik, denabinuru sapurugira, mangetan ginêpuk age4, mangidul dipunpukul, apan mangaler dipunjagi5, payah Sang Lokajaya, andheprok sang bagus, pinaranan Sunan Benang, Lokajaya engêt tobat maring Widi, amba nut karsa Tuwan.
  11. Sira têmên tobat maring mami, nggih Sang Wiku amba nuwun gêsang, sakarsa kawula ndherek1, aja lunga sireku, pan tunggunen ing têkên2 mami, ja sira lunga-lunga, yen tan têka ingsun, ature inggih sandika, Sunan Benang kondur ing dhukuh lêstari3, sang bagus pun tinilar4.
  12. Datan mengeng5 dhawuhe sang yogi, wus sawarsa nênggih lamnira, tan ketung wau dununge, wus enggal pêrnahipun, thukul kajêng rambutan / sami, kering miwah ing kanan, wus dadi garumbul, oyod balêbêd ing badan, Sunan Benang kengêtan kalaning nguni, têkên keri neng wana.
  13. Pan wus enggal wau pêrnahneki, Sunan Benang anyipta dahana, kang wana denobong age1, ing sakparan-paranipun, saking agêng dahana prapti, Lokajaya tan hingkang, sakirig pêrnahipun, sarira gosong sadaya, pan wus lami nora dhahar nora goling, awak kobong sadaya.
  14. Pinêrpêkan mring wau sang yogi, Lokajaya tan wikan sêmana2, kaempêr ical emute3, Sunan Benang ta sampun, nyipta sêkul angêt tumuli, ingungkêlkên sêmana4, jêng emut sang bagus, nanging tan bisa nggêlawat5, kinon dhahar sang pêkik sampun abêkti, walya kasmaran driya6.

PUPUH II
ASMARADANA

  1. Sang wiku1 ngandika a/ris, jênênga Seh Mlaya sira, sira mêlaya maune, seh iku kasihing Suksma, dene sira akêlar, tan dhahar2 sira sêtaun, anglêbur dosane kuna.
  2. Wurune apan wus lami3, denkantuk4 tuduh wêkasan, mung ngêlampahi tapane, pan agung nggenira tapa, Sunan Benang ngandika, jêbeng atunggunên iku, iki aran kayu gurda.
  3. Sandika nulya nunggoni, dene têngga5 kayu gurda, sampun sawarsa lamine, anulya kinen angluwat6, pinêndhêm têngah wana, sataun sampun dhinudhuk, marang Jêng Sinuwun Benang.
  4. Anulya kinen angalih, pitêkur neng Kalijaga, mila aran kêkasihe, sawarsa tan kêna nendra, tanapi kenging dhahar, tinilar mring Mekah sampun, rahaden datan akesah.
  5. Apan wus jengkêp sawarsi, Seh Malaya tinilikan, kêpanggih pitêkur bae, Sinuwun Benang ngandika, luwara tapanira, ajênênga waliyolluh1, panutup panata gama.
  6. Denbêcik agamaniri2, agama pan tata krama, krama kramate Yang Manon, sira pirantia sarak, sareh iman hidayat, hidayat iku Yang Agung, agung ing nugrahanira.
  7. Kanugrahaning Yang Widi, ambasani3 kasudibyan, panguwasan4 apa dene, kadigdayan kaprawiran, kabeh rehing ayuda, tan liyan nugrahan luhur, utamane kautaman.
  8. Utamanira Ki Bayi, denawas Ingkang Amurba, Kang Murba marang dheweke, wasesa aneng sarira, nanging datan kapurba1, sira kapurba Yang Agung, agung ing nugrahanira.
  9. Umatur ing Sunan Kali2, langkung nuwun patik/bêra, kalingga murda wiyose, amba matur maring Tuwan, nuwun kang babar pisan, sêjatine Suksma luhur, kang wasta iman hidayat.
  10. Kang mantêp panrima neki3, ingkang pundi sêjatinya, amba nuwun samêloke, yen amung bangsa suwara, amba manut kêmandhang, yen mêkotên anglir kukus, tanpa karya mêngku sarak4.
  11. Sunan Benang ngandika aris, Seh Malaya bênêr sira, nanging sapamanggih ingeng, ingkang aran panarima, elinga mrang Kang Murba, duk apurwane ing laku, apan nora kadi mega.
  12. Pan kadi ing hidayat ning, warnane iman hidayat, ingkang katon sakmêloke1, Seh Malaya wruhanira, datan kêna dinuga, utawa yen sira bêntur2, kêlawan netra kapala.
  13. Ingsun pengin lir sireki3, kapengin kang kaya sira, mring hidayat sakmêloke,/ hidayat sun durung wikan, mêloke dayat Allah, mung warta kang ingsun gugu, jêr iku andikaning Yang.
  14. Umatur Sinuwun Kali, kawula nuwun jatinya, maring hidayat wiyose, ingkang sipat tanpa aran, kang aran tanpa sipat, kawula nuwun pitêduh, anggen-anggen kang wêkasan.
  15. Jêng sunart ngandika aris, yen sira murih wêkasan, matenana raga maneh, sinaua pêjah sira, mupung sira sih gêsang, anêpia neng wana gung, aja kongsi kamanusan.
  16. Wus têlas nggennya pawarti, Jêng Sunan Benang gya jêngkar, saking ing Kalijagane, angalor ngetan lampahnya, antara saonjotan, Seh Malaya pan tut pungkur, malêbêt ing wana wasa.
  17. Apan ngidang lampah neki, awor lan kidang mênjangan, tanapi kalamun / sare, apanggih tumut anangsang, kadi turune kidang, uyang-uyung datan kantun, pan kadi turuning1 kidang.
  18. Yen ana jalma udani, kidang lumayu anggêbrat2, jêng sunan tumut ambêret3, lamun lumayu brangkangan, kadya sutaning kidang, yata wus tan kêna kantun, anut sakparaning kidang.
  19. Yata wus jangkêp sakwarsi, Seh Malaya tinilikan, malah langkung ing janjine, wuwusên Sinuwun Benang, arsa salat mring Mêkah, sakêdhap netra wus rawuh1, sakbadane salat polang2.
  20. Kendêl têngahing wanadri, amulat ingkang lumajar, dene sato warna uweng, Sinuhun Benang kengêtan, yen ana wali ngidang, Seh Malaya wastanipun, sigra wau pinêrpêkan3.
  21. Seh Malaya mlayu4/ nggêndring, pêlayune nunjang-nunjang tan etang ing jurang pereng, binuru pan nora kêna, jinaring nora kêna, yen akênaa marucut, nêrajang jaring malumpat5.
  22. Bêrmantyanira sang yogi6, sumbar sajroning wardaya7, mêjanani kidang kuwe, angur ingsun nyêkêl barat, sun cêkêl nora lêpat, kang agal têka aluput, nora kêna cinêkêla.
  23. Yen luput nyêkêl sireki, angur aja dadi jalma, wali wadat mbuh gawene, sigra mangsah Sunan Benang, pan sarwi nyipta sêga, tigang kêpêl apan sampun, kinarya durma bêbalang.

PUPUH III
D U R M A

  1. Sigra mangsah Jêng Sunari Benang têrajang1, warta kêlangkung sêpi, yata pinanggihan, kang lagi laku ngidang, lumayu binatang nuli, sêga kêpêlan, pan kêna gigir neki.
  2. Seh Malaya dadi lereh2 / lampahira, pan nulya piningkalih, kêna lambungira3, andheprok Seh Malaya, kaping tiga balang neki, Sang Seh Malaya, emut nulya ngabekti.
  3. Apan ndhêku sumungkêm angaras pada, ngandika lon sang yogi, jebeng wêruha ta, sipat hidayatullah, pan sira munggaha kaji, marang ing Mêkah, iku kang mulya adi4.
  4. Angambila toya1 her Jamjam ing Kakbah2, iku banyu kang wêning3, angalapa bêrkah, kanjêng nabi panutan, Seh Malaya gya ngabêkti, mangaras pada, pamit sigra lumaris.
  5. Sang pandhita wus lajêng ing lampahira, mrang Benang dhukuh sêpi4, yata kawuwusa, lampahe Sang Seh Malaya, kang arsa amunggah kaji, maring ing Mêkah, lampahra murang margi.
  6. Wontên pêksi têtiga sami rê/rasan, Seh Malaya miyarsi, bêrkutut lan gêmak, katiga platuk bawang, kapriye ragamu benjing, apa ginawa, mulih mring jaman akir5.
  7. Sang bêrkutut nauri ginawa pisan, tininggal keksi-keksi, neng donya rewangnya, lara klawan kapenak, tininggal mring alam kabir1, pan siya-siya, nampurnakkên tan bêkti2.
  8. Pan mangkene partingkahe3 ingsun benjang, sun landha ingkang bêrsih, nuli ingsun sikat, sun obong neng dahana, sawusnya ingsun gêliri4, dadi samrica, nulya sun untal pêsthi5.
  9. Ingaranan warangka manjing curiga, gêmak lawan nauri, iku karonehan, alus anggawa wadhag, mundhak wuwuh6 kontrang-kantring, mikir si wadhag, aluse durung mêsthi.
  10. Sampurnane olehe kadi duk / kuna7, mikir wadhag ngribêdi, muwus platuk bawang, padha bênêr sadaya, pan bênêre pêribadi1, marga wus padha, dadi kêncênging ati.
  11. Sang Yang Suksma nora akon nora cêgah, sakarsa pêribadi, wus padha kaganjar, marang Kang Murbeng Alam, wêruh padhang hawa saini, sinung kuwasa, darbe anampik milih.
  12. Ingkang ala wajib padha singgahana, aja na kang nglakoni, donya lan nêraka, akhirat lawan swarga, sira kinarya sêsulih, nararig Yang Suksma, denpanggah ja gumingsir.
  13. Pan kapriye pamisahe alus wadhag, aneng donya puniki, yena kinumpulna, dadi sirik dadinra, kalamun pinisah nênggih, pan siya-siya, rewange aprihatin.
  14. Denprihatin mumpung sira maksih gêsang, sayêkti nora lali2, yen wus / katutupan, iya ing lawang tobat, beda lamun maksih urip, sinung nugrahan, yen wus mati babarji.
  15. Bêcik êndi iku besuk jisimira, musna padha samangkin, ilang dadi cahya, lan ilang dadi toya, ana ilang benjing-benjing, iku wus kaprah1, dipuntingali jalmi.
  16. Lawan nyawa yen mati ngêndi marganya, pa mêtu saking kuping, ajêmbêr sadaya, kalamun mêtu netra2, mêsthi moler netra neki3, medal ing grana, sayêkti mambu upil.
  17. Lamun mêtu ing cangkêm jêmbêr yêktinya, mêtu luhur mustakil, êmbun-êmbunira, mêsthi bolong kang sirah, lamun sira nganggo ricik, lamun tan kamrat, cewêt ingkang apêsthi4.
  18. Pan ing pati iku akeh wicaranya, mati kêlawan mulih, ilang klawan / musna, padha hiya5 jawaba, êndi ingkang aran pati, olih pan apa, ing ngêndi têgêsneki.
  19. Pan manungsa yen eling marang pêrkara1, gêni bumi ngin warih, bumi dadi wadhag2, gêni ing gêtihira, angin napas ingkang pêsthi, banyu punika, yêktine banyu urip.
  20. Pan titipan yen mati padha olihna, ya marang kang nitipi, mula-mulanira3, ingkang aja sêmbrana, dadi siji insan kamil, yen sira wus sah4, nikmatira kêpati.
  21. Pamomore5 têmbagi kêlawan êmas, winasuh kang têmbagi, rêsik nora nenja, cinampur lan6 kêncana, wus sirna kang wujud kalih7, dadya satunggal1, aran suwasa pêsthi2.
  22. Sok uwonga kêmasan pêsthine bisa, gawe swasa kang bêcik, yen kang wicaksana, pan bisa amisahna, suwasa pinrihe mulih, ingkang ngulihna3, êmas kêlawan / têmbagi.
  23. Nora bisa kêmasan rucah misahna, yen nora jalma luwih, kang ngluwihi jalma4, ingkang bisa ngumpulna, nora samar pati urip, manthêng tekadnya5, slamêt ing donya akir.
  24. Payo padha rasakna ingkang karasa6, luput mwah bênêrneki7, bêrkutut lan gêmak, ndhêku dennya miyarsa, datan bisa amangsuli, nugrahanira, ayun wêruh ta mami.
  25. Sang pêlatuk bawang alon saurira, janji sira lêstari, manut marang ingwang, kang kêna linakonan, musna pêksi tiga nuli, Sang Seh Malaya, nggraita iku pêksi.
  26. Dene duwe sasoal1 ingkang mangkana, ingsun iki ing jalmi2, tan darbe ing karkat, pa bêcik pêksinira3, lajêng denira lumaris, Sang Seh Malaya, lampahe4 pêrihatin.
  27. Nrajang wana munggah gunung mu/dhun jurang, ereng-ereng malipir, jurang tinêrajang, tan na baya cinipta5, wus prapta pinggir pasisir, bêbêl ing tiyas6, pakewuh ingkang margi7.
  28. Kapangkalan samudra langkung dohira, ngêlangut datan keksi, anjêtung kewala, ana pinggir samudra, pan wontên ingkang winarni, Sang Marbudengrat, praptane sang kaswasih.
  29. Datan wantun1 wuninga ing lampahira, Seh Malaya prihatin, arsa wruh hidayat, hiya datan na arah2, suksma-sinuksma awingit, tangeh manggiha, yen3 tan nugraha yêkti.
  30. Yata wan Jêng Sinuwun Kalijaga, pan ana ing jaladri, sampun pinanggiha, pan kadi4 wong lêledhang, pêparab Sang Nabi Hadir5, datanpa sangkan, ngandika Nabi Hadir6.
  31. Seh Malaya ana apa karsanira7, ana ing kene iki, kang sinêdya apa, ing / kene masa ana, tan ana busana adi, lan sarwa boja8, sêkalir sarwa pinrih1.
  32. Lamun ana godhong ingkang kumêleyang, tiba ing ngarsa2 mami, ingkang ingsun tedha3, lamun tan na tan mangan4, nggarjita tyas duk miyarsi, Sang Seh Malaya, dene sang wiku sidik.
  33. Marbudengrat daya-daya angandika, putu ing kene iki, akeh pancabaya, yen nora tohi pêjah5, mangsa têkaa ing ngriki, ing kene mapan, sêkalir sarwa sâpi6.
  34. Ngêgungakên paripêksa ciptanira, nora ngeman ing pati7, sadaya8 kluhuran, kene mangsa anaa, kewran ing tyas sang kaswasih, ing sa urira, dene tan ngetang pati.
  35. Dadi alon Seh Malaya aturira2, mangsa borong Sang Yogi, / Sang Wiku saurnya3, hiya pan sira uga, kasmaran hidayat êning4, kwêkasaningrat, mêloke kang sayêkti.
  36. Ngêlakoni pituduhing gurunira, Sunan Benang Sang Yogi, tuduh maring sira, kinen maring ing Mêkah, pan arsa amunggah kaji, mulane tapa, angel pêrnatan urip5.
  37. Aja lunga yen tan wruh kang pinaranan, lan aja nganggo ugi, yen durung wêruha, warnane kang busana, aja sira nganggo bêkti, yen durung wruha, rasane kang binêkti.
  38. Awit wêruh atakon saitiane jalma1, klawan têtiru2 nênggih, dadi lan tumandang, mangkono wong agêsang, ana jugul saking wukir, arsa tuku mas, mring kêmasan denwehi.
  39. Layang3 kuning denanggêp kêncana mulya, mangkono ingabekti, yen durung wêruha, pêrnahe kang sinêmbah, / Seh Malaya duk miyarsi, ndhêku noraga4, dene sang wiku sidik.
  40. Sarwi sila sandika ing aturira, borong karsa Sang Yogi5, amba inggih datan, wruh puruiteng badan, sasat sato wana inggih, tan mantra-mantra, tan waspada badan lwih6.
  41. Langkung mudha cacade7 ana ing jagad, siya-siya neng bumi, upama curiga, ulun datanpa wrangka, wacana datanpa siring, yata ngandika, manis Sang Nabi Hadir.

PUPUH IV
DHANDHANGGULA

  1. Lamun sira arsa munggah kaji, marang Mêkah kaki ana apa, ing Mêkah tilasan bae, Nabi Brahim karuhun, ingkang yasa iku ing masjid, Nabi Brahim wus sirna, keri amung watu, gumantung tanpa canthelan, apa iku kang arsa sira bêkteni, dadi mangran brahala. /
  2. Ya kaya pangidhêpe wong kapir, panêmbahe tanduk ngangka-angka, madhêp marang topek konge, nadyan wong kaji iku, yen tan wêruh araning kaji, Kakbah pan dudu lêmah, kayu watu dudu, margane tan nganggo lunga, lamun sira arsa wruh ing Kakbah jati, pan jatine hidayat1.
  3. Bab ing salat ginita ing Gêndhing, duk mulane salat wêktu lima, tinutur mula-mulane, lah êndi dalanipun, wong tumêka marang Yang Widi, densami kawruhana, ing kamulanipun, durung ana apa-apa, sadurunge ana bumi lawan langit, iku apa kang ana.
  4. Amung kayu kang ana karihin1, kang aran sajaratil muntaha, lan nur kang ana ing mangke, kayu ingkang rumuhun, ênur iku dadine keri2, mangka Allah angandika, / nabda kun payakun, ana langit lan partala, sakisine ngalam donya denpêpêki, king kun payakun sabda.
  5. Ari-ari apan dadi pêksi, lawan dadi buron wana samya, dadi pitik3 iwen kabeh, dene dadine usus, dadi sawêr donya puniki, lan dadi iwak toya, sakisine iku, sira iku denwaspada, yen kinarya kêkasih marang Yang Widi, dadi ingkang sinêdya.
  6. Lah ta iku purwanireng nguni, pan dadine sêkeh kang dumadya, ing ngalam donya pêpêke, saking Yang Mahaagung, urip iku saking Yang Widi, pan wêngkon-winêngkonan, pan limput-linimput, lamun sira tan waspada, mring Pangeran ingsun pan nora ngideni, sakarsa-karsanira.
  7. Lah ta mara Seh Malaya aglis, manjinga ing guwa garbaningwang, Seh Malaya kagyat tyase, dadya matur gumuyu, sarwi ngguguk turira aris, dene paduka bajang, kawula gêng luhur, antawis mangsa cêkapa1, saking pundi margane kawula manjing, dene botên kewala2.
  8. Bagindha Hadir ngandika aris, gêdhe êndi sira lawan jagad, kabeh iki sakisine, klawan samudra agung, ardi lawan alase sami, tan sêsak malêbua, guwa garbaningsun, Seh Malaya duk miyarsa, esmu ajrih konjêm ing atureneki, mengleng Sang Marbudengrat.
  9. Iki dalan talingan ngong kering, Seh Malaya wau manjing sigra, wus prapta guwa garbane, andulu samudra gung, tanpa têpi / nglangut lumaris, ngliyek adoh katingal, Nabi Hadir nguwuh, pa katon wau ing sira, alon ature Seh Malaya nggih têbih, datan wontên katingal.
  10. Awang-awang kang kula tingali, uwung-uwung têbih tan kantênan, ulun saparan-parane, andulu samudra gung, tanpa têpi nglangut lumaris, ngliyêk adoh katingal, Nabi Hadir nguwuh, kula datana uninga, langkung bingung ngandika Sang Nabi Hadir, aja maras tyasira.
  11. Byar1 katingal Kanjêng Nabi Hadir, Seh Malaya jêng nabi kawangwang, umancur katon cahyane, nuli katon lor kidul, wetan kulon sampun kaeksi, nginggil miwah ing ngandhap, pan sampun kadulu, kalawan ndulu baskara, eca ing tyas lawan jêng nabi kaeksi, jagad ing wêwalikan.
  12. Kanjêng Nabi Hadir ngandika ris, aja lumaku / andulu sira, apa kang katon dheweke, Seh Malaya lon matur, wontên warni tigang perkawis, kang katingal ing kula, sadayane wau, sampun botên1 katingalan, amung kawan perkawis ingkang kaeksi, irêng bang kuning pethak.
  13. Angandika Kanjêng Nabi Hadir, ingkang dhingin sira anon cahya, gumawang tan wruh arane, pancamaya ranipun, sêjatine têyas sayêkti, pêngarêping sarira, tegêse tyas iku, ingaranan muka sipat, ingkang nuntun marang sipat kang aluwih, ya sêjatining sipat.
  14. Mangka tinulak aja lumaris, awasana rupa aja samar, kuwasane tyas êmpane2, wawasên tyas puniku, anêngêri marang sêjati, eca tyase Seh Melaya, duk miyarsa wuwus3, pan lagi mengsêm sumringah4, dene / ingkang abang ireng kuning putih, iku durgamaning tyas.
  15. Pan isine jagad amêpêki, iya ati kang têlung pêrkara, pamurunge laku dene, kang bisa misah iku, yêkti sida pamoring ati1, iku mungsuhe tapa, ati kang têtêlu, irêng abang kuning samya, angadhangi cipta karsa kang lêstari, pamore Suksma Mulya.
  16. Lamun nora kawilêt ing katri, yêkti sida pamoring sarira, lêstari ing panunggale, poma denawas emut, durgamane tyas munggeng ati, panguwasane wruha, siji-sijinipun, kang ireng luwih prakosa, panggawene asrêngên sabarang runtik, ndadra angumbar-umbar.
  17. Iya iku ati kang ngadhangi, ambuntoni marang kabêcikan, kang irêng iku gawene, dene kang abang iku, iya tuduh2 napsu tan bêcik, kang sêdaya3 penginan, mêtu saking / iku, panasten panasbaranan, ambuntoni marang ati ingkang eling, marang ing kawaspadan.
  18. Dene iku kang arupa kuning, kuwasane1 nanggulang2 sabarang cipta kang bêcik dadine, penggawe kang mrih tulus, ati kuning ingkang ngadhangi, mung pênggawe pangrusak, binanjur jinurung, mung putih iku kang nyata, ati antêng mung siji tan ika-iki, ing prawiran kaharjan3.
  19. Amung iku kang bisa nampani, kang sasmita sêjatine rupa, anampani nugrahane, ingkang bisa tumanduk, kalêstaren pamoring kapti4, iku mungsuhe tiga, tur samya gung-agung, balane tanpa wilangan, ingkang putih tanpa rowang amung siji, mula anggung kasoran.
  20. Lamun bisa iya nêmbadani, sasukêr ingkang telung pêrkara, sida ing kono pamore, tanpa tuduh puniku, ing pamore / kawula Gusti, Seh Malaya duk myarsa, sêngkut pamrihipun, sangsaya birahinira, saya mantêp marang wekasaning urip, sampurnaning panunggal.
  21. Sirna kang patang pêrkara malih, urub siji wêwolu warnanya, ing paningal amba mangke1, punapa wastanipun, urub siji wolu kang warni, pundi ingkang anyata, rupa kang satuhu, wontên kadi rêtna muncar, wontên kadi maya-maya kang ngebati, wontên bara markata2.
  22. Marbudengrat nabi lingira ris, hiya iku sêjatining Tunggal, saliring warna3 tegese, hiya aneng sireku, tuwin iya isining bumi, ginambar angganira4, lawan jagad agung, jagad cilik tan pêrbeda, purwa ana êlor kulon kidulneki, wetan luhur mwah ngandhap.
  23. Miwah irêng abang kuning putih, hiya iku uriping buwana, / jagad cilik jagad gêdhe, pan padha isenipun, tinimbangken lawan sireki, ilang warna kang jagad, sadayeku suwung, saklire warna1 tan ana, kinumpulkên maring rupa kang sêjati2, tan kakung tan wanodya.
  24. Kadi tawon gung nrawang kang warni3, kang asawang4 paputran mutyara, ingkang kumilat cahyane, Seh Malaya andulu, ingkang kadi5 paputran gadhing, cahya mancur kumilat, tumeja ngênguwung, punapa inggih punika, warna ingkang pinurih dipunulati, kang sêjatining rupa.
  25. Kanjêng Nabi Hadir ngandika ris, iku dudu ingkang sira sêdya, kang mumpuni ambêg kabeh, tan6 kêna sira dulu, tanpa rupa datanpa warni, tan gatra7 tan satmata, hiya tanpa dunung, mung dumunung ingkang awas, kang sasmita aneng jagad amêpêki, / dinumuk datan kêna.
  26. Dene iku kang sira tingali, kang sawang1 pêputêran mutyara, ingkang kumilat cahyane, angkara-kara murub, Yang Pêrmana arane neki, uripe kang sarira, Pêrmana puniku, tunggal aneng jro sarira, tuhu tunggal sêkana2 lawan sireki, tan kêna pinisahna.
  27. Tan amelu mangan turu nênggih, hiya nora melu lara lapa, yen iku pisah anggone, raga mung kari nglumpruk, yêkti lungkrah badanireki, yaiku kang kuwawa3, nandhang rasanipun, inguripan dening Suksma, hiya iku sinung sih anandhang urip, ingakên rasaning dat.
  28. Hiya iku sinandhang sireki4, kadi simbar kang aneng kêkayon1, ana ing raga enggone, uripe Pêrmana ku, inguripan ing Suksma luwih, masesa ing sarira, Pêrmana puniku, yen mati / melu kangelan2, lamun ilang Suksma sarira gumuling3, uripe Suksma ana.
  29. Sirna hiya iku kang pinanggih4, uriping Suksma ingkang sanyata, kaliwatan upamane, lir rasaning kapundhung5, kang Pêrmana amêrsandhani6, tuhu tunggal pinangka, pan jinis puniku7, umatur Sang Seh Malaya, inggih pundi warnane ingkang sêjati, Nabi Hadir ngandika.
  30. Nora kêna iku yen pinurih, lan kahanan ing samata-mata, gampang angel pirantine, Seh Malaya lon matur, amba1 nuwun pamêjang malih, amba kêdah wuninga, babar pisanipun, punika2 ngaturken pêjah, amba3 nuwun anggen-anggen ingkang pêsthi, sampun tiwas kangelan.

PUPUH V
M  I  J  I  L

  1. Kanjêng Nabi Hadir ngandika ris, pêiambange kang wong, pan wruha ya sawiji-wijine, rasa mulya kang kinarya wiji, nurbuwat pinêsthi, / rasa dadinipun.
  2. Sipat jamal iku wujud nênggih, johar wal cahya wong, ingakên rasa kang sêjatine, johar akhir wujud kang kalair, mati lawan urip, tunggal sadayeku.
  3. Johar awal hiya lawan akhir, mati urip awor, gawang-gawang4 rina lan wêngine, sêmbah puji narimeng Yang Widi1, aja wali-wali, siji dendumunung2.
  4. Ta pun sira wus awas Yang Widi, ja karêm nênonton, kang katingal lawan pangrungune, aja ngrungu lan aja ningali, marang liyaneki, pasthi gêlis pangguh3.
  5. Rasul ku têmune4 rasa jati, rasa gêtih awor, iku êdat ingkang sayêktine5, malaekat papat anêkseni, Muhammad kang urip, gêntine sak-estu6.
  6. Lamun mati tan ana kang gêtih, gêtihe wus awor7, pan wus ilang awor lan Suksmane, Suksma ilang wus / dadi sawiji, langgêng Mahaluwih, jumbuh tanpa dhapur.
  7. Tanpa ngucap datan aningali1, hiya2 nora rungon, lêbur luluh tan ana labête3, bêrsih mulya4 mulih kadi nguni, sangkanira nguni, muliha5 mareku.
  8. Ingaranana sira Yang Widi, sapa ingkang anon, marang kono pêsthi sampurnane6, nanging ora kêna wani-wani7, luput bênêrneki, pan saking sireku.
  9. Lamun bênêr8 ing tekadireki, sampurna kang ênggon, yen luputa kêsasar têmahe, apan kêna ginodha ing bêlis, mila denpatitis9, sira mumpung durung.
  10. Ing suwarga nggonira ing benjing, tanpa kira kang wong, hiya nora amangan lan sare1, amung nikmat lan munpangatneki, yen kêparêng Widi, sakarsa jinurung2.
  11. Sadurunge ana bumi langit, mung sira kang / wêruh, ingkang ana ananira dhewe, awor lawan Yang Suksma sêjati, sireku sêsulih, sulihe Yang Agung.
  12. Lamun sira tan wêruh Yang Widi3, ngolamaa4 kang wong, yen wus wêruh marang Yang Jatine5, ing Yang Suksma dadi kawuleki, mula kadi iki, manut6 mring sireki.
  13. Sêmbahira kang tan1 mawi tapsir, eling mring Yang Hanon, datan pêgat2 ing rina wêngine, malaekat sami anêkseni, sireku pinêsthi, gêntine Yang Agung.
  14. Hiya Allah arane kang urip, urip iku êroh, ingaranan makripat uripe, aran sahdat tunggal uripneki, sira kang pinêsthi, dadi ing Yang Agung.
  15. Kang tan kêna ginodha mring eblis, eling mring Yang Manon, iya iku inguripan mangke, mring Yang Suksma mila dipuneling, gêntine Yang Widi, ing akhir donyeku3.
  16. Urip / iku uripe Yang Widi, lamun sira layon, pan wus dadi tunggal ing badane4, wêruh nora nganggo netra kalih, mirêng tanpa karni, tanpa lidhah muwus.
  17. Yen tan wêruh ing badane reki, tan wêruh Yang Manon, pan kaleru besuk ing patine, marga datan wruh badane reki, kang mangka ngêmbani, sira ing Yang Agung.
  18. Sira ku dinadekkên Yang Widi, sipate kinaot, sinung budi lawan ikhtiyare, beda lawan kêbo lan asapi, patine binukti, marang manuseku.
  19. Enggonira aneng ngarsa wuri, wetan miwah kulon, aneng ngisor miwah neng luhure1, anglimputi ing manusa iki, miwah anglimputi, sagung2 kang tumuwuh.
  20. Mapan cakêt3 ananing Yang Widi, parêk4 nora gêpok, adoh nora nana watesane5, pitung bumi lawan6 pitung langit, anane Yang Widi, / sadaya winêngku.
  21. Tuhu luwih anane Yang Widi, bisa manjing atos, bisa mbrojol marang ing karêpe, punjul papak anane Yang Widi, sakeh kang dumadi, kwuningan1 sêdarum.
  22. Nora akon lawan nora mênging, maring karêpe2 wong, ala bêcik têka3 ing dheweke, sêja4 ala ala kang pinanggih, yen wong karêm bêcik, besuke tinêmu5.
  23. Ala bêcik pan têka sireki, dudu ing Yang Manon, yen manusa wus matêng6 tekade, bisa bisa tembung keri siji7, yen nora pinêsthi, tan katiban wahyu8.
  24. Sira uga kang dadi gêgênti, sulihe Yang Manon, obah osik1 darma mlaku bae, obah polah2 iku têka3 ngêndi, lan anane ing sir, têka4 saka iku.
  25. Seh Malaya sadaya wus tampi, nggen-anggen jro batos5, tan kaleru ing tumpang surupe6, pan kawitan / dumugi amulih7, Seh Malaya tan pangling8, wulang kang tumimbul.

PUPUH VI
MASKUMAMBANG

  1. Hiya kapir têgêse puniku singgih, tan ana suwarga, naraka iku pan sêpi, tan ana pasutanira9.
  2. Kapir iku arane Eroh Ilapi, gêsanging Yang Suksma, tan ana padhane reki, roh ilapi iku wignya.
  3. Dadi witing gêsang kabeh Roh Ilapi1, ana rasul Allah, ananira iman yêkti2, witnya3 saking ing Yang Suksma.
  4. Roh Ilapi tunggal ingaranan tohid, ya Allah Kang Mulya, ing iman klawan tauhid, pan ya Muhammad ya sira.
  5. Ya pêpêke ing urip puniku singgih4, lan Kang Mahamulya, mulane5 badan puniki, anane donya akherat.
  6. Ing ciptane tan ana Pangeran malih, ya dipunrumêksa6, Pangeran liyaning Widi, apan dadi ingkang wadhak.
  7. Sarupane gêsang / uripe Yang Widi, pan ing yata tunggal, kawula kêlawan Gusti, sêkarat iku atunggal.
  8. Datan ana kêkalih amung satunggil, kang ngêmong ing sira, urip kêlawan ing pati, nora nana bedanira1.
  9. Kaki sira nêmbaha marang Yang Widi, iya ingaranan, salat demi iku kaki, puji kang tan kêna pêgat2.
  10. Duk ing nguni iku ingaranan urip, urip donya kherat, sastêra lip iku singgih, iku unine takokna.
  11. Jabar jere lan tegêse lawan tanwin, unine kang sastra, awêruh sampurna neki, ing donya têkeng akherat.
  12. Amung Gusti kawula salat sêjati1, urip tanpa nyawa, têka donya klawan akhir, masesa purba punika.
  13. Myang Kang Mahamulya kawula lan Gusti, yen sira arêpna, nyatane2 mêngku sêkalir, ingkang tumuwuh sêdaya.
  14. Eroh / ilapi wastane ingkang mukmin, sêdaya ing rohyat3, ratune êroh ilapi, sipat jamal wastanira4.
  15. Sipat jamal elok sêjatine reki, batin pênganggonya5, mêngkoni sêkalir-kalir6, Edat Langgêng Mahamulya.

PUPUH VII
P O C U N G

  1. Jisim latip wastan1 wau kang pêsthi ku, têlêsihe mapan, urip tan kêna ing pati, maesane kinarya têngêre gêsang.
  2. Maesane roh puniku kang satuhu, hiya tanpa jasad, tanpa jisim Hahaluwih2, hiya iku mustikane sipat jamal.
  3. Luwangipun sasmita jalma diluhung, mayit ingaranan3, johar awal kang pinêsthi, papanira si sasmitan4 ing Pangeran.
  4. Papanira sasmita sirna sawujud, kang kari tan ana, kang mati padha sêmangkin, têlung dina tan ana kari wujudnya.
  5. Têlung dina / mati ing donya puniku, urip ing akherat, pitung dina winitawis5, duk dadine bapa babu lawan eyang1.
  6. Nanging eyang2 saking bapa miwah babu, bapa bojonira, tunggal lan Pangeran neki, sasmitaning kang têlung dina punika.
  7. Pitung dina kengêtan titipanipun, tohid lan makripat, lan sahdat sêkarat neki, pan sasmita kang pitung dina punika.
  8. Tinangisan pan mêtu luh mripatipun, nguni urip tunggal, saking cahya mulih adi, sasmitane kang nangis jalma punika.
  9. Apan padha kelangan sadayanipun, Suksma tilasira3, sirna datan ana keri, sadayane catur dasa kang gumantya.
  10. Catur dasa sirna sêkathahe4 iku, Allah lan Muhammad, kawula kêlawan Gusti, sasmitane catur ing dasa pêrkara.
  11. Satus dina tunggal wujud tanpa / dhapur, mulih marang cahya, cahyane Muhammad jati, satus dina sasmita sampun sampurna.
  12. Lamun kantun ilang karo tunggal wujud, roh kêlawan jasad, ilang jaba jêro neki, satus dina sêkeh titipan tan ana.
  13. Mulih kabeh marang kang nitipi iku, mulih mring duk nora, tan nana1 wujude reki, Seh Malaya padhang tyase sumêrawang.
  14. Duk miyarsa jêng nabi pamulangipun, kêlangkung kacaryan, pangagêm sajroning batin2, matur nêmbah liron katut ing maruta3.

PUPUH VIII
S  I  N  O  M

  1. Ananira ing pamolah, sêjatine aneng kandhih, pan ing nguni ananira, dadi klire Yang Widi, / upamane kang ringgit, tan ngawruhi kêliripun dene ta wayangira, junub kasinaran Yang Widi, ingkang jinaten pêsthi ing jisimira1.
  2. Sêjatine ya Muhammad, ing klawan ingkang2 sêjati, Muhammad ing yêktinira, tan ana kari kêkalih, yen iman kang sêjati, ingkang iman-imanipun3, dene têgêse uga, ginênten dene Yang Widi4, apan iku kang jumênêng rasul Allah.
  3. Ingkang mukmin yata badan, Roh Ilapi iman mukmin, kang iman maksum punika, kajabaning Roh Ilapi, ganjarane ing urip, hiya iku têgêsipun, kang antuk ing panutan, saka sêjatining urip, lamun iku luput ing godha rêncana.
  4. Uripira aneng donya, padha lawan kêbo sapi, tanpa karya ing agêsang, kehi si-isining bumi, graitanên sayêkti, wuruk ingsun ing sireku, pênganggonira benjang1, / tan wurung mulih mring bumi, yen tan wêruh pêsthine patine sasar.
  5. Têmah kapir patinira, tibane badanereki, nora wurung denjak setan, kêna ginodha ing eblis, kabeh ingkang dumadi, tutur ingsun sira putu, pan sira ngawruhana, kang kapir dadinereki, yen wong kapir nora mulih mring Pangeran.
  6. Pangeran Ingkang Minulya2, mungguh3 sajêroning ati, kapir iku pan kapiran, ya ing selaminireki, Pangeran datan mênging, ing saktingkah polahipun, kalih panutanira, Muhammad ingkang kaeksi4, kapir iku angalup lir pêksi dhandhang5.

PUPUH IX
DHANDHANGGULA

  1. Yen mêkatên kula datan mulih1, sampun eca neng ngriki kewala, amba tan wontên samare2, tan niyat mangan turu, botên luwe lan botên arip, botên ngraos kangelan, botên ngrasa iku3, amung nikmat lan munpangat, lon lingira iku mapan nora / kêni4, yen nora lan antaka.
  2. Saya sangêt sihira jêng nabi, mring ingkang kawlas asih panêdya, lah iya denawas bae, marang pamurung laku, aja ana sira karêmi, sira denwaspada5, pênganggo sireku6, yen wus kasikêp mring sira, aja umuk ja gumêrah lamun angling7, rehne ujar pingitan.
  3. Lawan sasama-samaning jalmi, lamun ing sira ngêrasanana, yen nora lan nugrahane, yen ana nêdya padu, angrasani kawêruh reki, ya sira kalahana, ja kongsi kêbanjur, aja nggêdhekakên sira1, denkêrakêt marang dipayaning urip, balik sikêpên uga.
  4. Kawisayan ingkang maring pati, denkaetang2 pamanthênging cipta, rupa ingkang sakbênêre, sinêngkêr buwaneku, urip nora nana nguripi, datan antara mangsa, iya ananipun, pan wus ana ing sarira, tuhu tunggal sêksana lawan sireki, tan kêna pinisahna.
  5. Datan waneh / sangkanireng nguni, tunggal sapakartining buwana, pandulu pamiyarsane, wus ana ing sireku, pangrungune3 Suksma sêjati, nora anganggo netra, ing pandulunipun, iya datan nawi karna, netranira karnanira kang kinardi, anane ana sira.
  6. Laire Suksma ana sireku, batine Suksma ana ing sira, wus mêngkono pênggawene, kadi wrêksa tinunu, ananing kukus têka gêni, sorote kala wrêksa1, lir toya lan alun, kadya lenga2 aneng puwan, raganira ing reh obah lawan osik, lawan kanugêrahan.
  7. Yen wruh pamore kawula Gusti, sarta Suksma kang sinêdya ana, iya aneng sira nggone, lir wayang sriranipun3, saking dhalang solahingreki4, minangka panggung jagad, kêlir badanipun5, amolah lamun pinolah, sasolahe kumêdhep lawan ningahi, tumindak saking / dhalang.
  8. Amasesa winisesa sami, datan antara pamore karsa, jêr iku rupa-rupane6, wus ana ing sireku, pamirsane suksma sêjati, ingkang ngilo Yang Suksma, wayangan puniku, kang ana sakjroning kaca, iya sira jênênge kawula Gusti7, rupa sakjroning kaca.
  9. Luwih gêngnya kalêpasan iki, lawan jagad ageng kalêpasan, kêlawan luwih lêmbute, saklêmbut-lêmbut banyu, maksih lêmbut ingkang kamuksan1, luwih alit kamuksan, tinimbang lan têngu, pan maksih alit kamuksan, liring luwih2 amasesa ing sêkalir, liring lêmbut alitnya.
  10. Bisa nuksma ing agal lan alit, kalimputan kabeh kang rumangkang, gumrêmêt iku têmahe, kaluwihan satuhu, iya luwih dennya nampani, tan kêna ingandelna, ing warah lan wuruk, densangêt pangudinira4, raganira wasuhên pernahnya ngung/kih5, wruha usiking tingkah6.
  11. Wuruk iku kang minangka wiji, kang winuruk upainane papan, kaya kacang lan kadhêle, sinêbarna ing watu, yen watune datanpa siti, kodanan kêpanasan, pêsthi nora thukul, lamun sira wicaksana, tingalira nyirnakkên anane reki, dadi tingale suksma.
  12. Rupanira swaranira nuli, ulihna marang kang duwe swara, jêr sira ingaku bae, sêsulih Kang Satuhu, nanging aja duwe sireki, pakarêman kang liyan, saking ing Yang Agung, dadi sarira Pangeran, obah osik1 apan wus dadi sawiji, aja roro tingalra.
  13. Yen dadia ngroro anggêpneki, yen angrasa sira2 mêksih uwas, kêna ing rengu yêktine, yen wus siji sawujud, karêntêke tiyas sayêkti, apa sinêdya ana, kang cinipta rawuh, wus kawêngku / aneng sira, jagad kabeh jêr sira kinarya gênti, gêgênti dipunpanggah3.
  14. Yen wus inudhêng pratingkah puniki, denawingit sarta dipunsasab, sasab awor pênggawene, nanging ing batinipun, pan sakêdhap tan kêna lali, laire sasabana, kawuh patang dhapur, padha anggêpên sadaya, kalimane kang siji iku pêrmani1, kanggo ing kene kana.
  15. Liring mati sakjêroning urip, iya urip sakjêroning pêjah, urip bae salawase, kang mati iku napsu, badan lair ingkang nglakoni2, tinampan badan nyata, pamore sawujud, pa gene tan ngrasa matya3, Seh Malaya padhang tyase anampani, wahyu prapta nugrahan.
  16. Lir sasangka tawang iman riris, praptane wahyu iman nirmala4, sumilak katon cahyane5, angling malih sêmu rum, Nabi Hadir / manis aririh, tan ana aji paran, kabeh wus kawengku tan ana ingulatana, kaprawiran kadigdayan wus kawingking1, kabeh rehirig ayuda.
  17. Sampun têlas wulangira nabi, Seh Malaya têrus datan kewran, wus wruh ing namane dhewe, arjane swara muluk2, tanpa êlar ajajah bangkit. sawêngkon jagad dênta3, kabeh wus kawêngku, mantêp panrimaning basa4, saenggane sêkar maksih kudhup sami, mangke mêkar angambar5.
  18. Wuwuh warnane lan gandaneki, wus kêna kang panca rêtna medal, saking ing guwa garbane, wus salin alamipun, / angulihi alame lami, Nabi Hadir wus sirna, mangkana winuwus, yata sira Seh Malaya, lulus saking gandane kasturi jati, panase tyas wus sirna6.
  19. Wus nêlasna salêkêring bumi, ujar bae wruh pitakonira, kering sadaya polahe, mung panrimane mungguh, kadya nggone nganggo sutra di, maya-maya kang srira1, rehne sarwa alus, sinuksmeng êmas kêmasan, arja sotya sinotya manike amin2, wruh paekaning3 tingkah.
  20. Dipunalus ing budine reki, warna endah ateki sumêkar, kasturi jati namane, pêrtandha datan korub, pangawikan kênaka lungit, angungkabi kabisan, kawruh tan kaliru, kêlawan busananira, pan winarna raga wilêt mulya asri, pan dhêstar nyampingira.
  21. Ing pangemut-emute ing nguni, têtêp nggone duk aneng jro garba, Nabi Hadir pamêjange, bang kuning irêng iku, pamurunge laku ngadhangi, ingkang putih neng têngah, sidane pêngangkuh, / kalimane kang ginambar, denka-asta sanalika aja lali, dentuhu antêpira4.
  22. Saking sangêt akarya ling-aling, pambingkase sumêngah jubriya, deneling1 rina wêngine, kathah denira ngrungu, pertingkahe kang para rêsi, kang samya kalimputan, ing pênganggêpipun, pangocaping kawruhira, pan wus bênêr wêkasan mati tan dadi2, kawiting patêrapan.
  23. Ana ingkang mati dadi pêksi, amung milih pencokan kewala, kayu kang bêcik warnane, sana lan naga santun, tunjung bang ana kang waringin, kang aneng pinggire pasar, enak mangkruk-mangkruk, angungkuli wong sapasar, mendha-mendha kamukten sêpele pinrih, kêsasar kabêlasar.
  24. Ana kang nitis dadi nêrpati3, sugih brana miwah garwa putra4, ana kang nitis putrane, putra kang arsa mêngku, krêmênane wong siji-siji, sa/mya antuk kluwihan, ing pênganggêpipun, yen mungguhe Seh Malaya, durung karsa amung amrih pêribadi, sadayeku ingaran.
  25. Tibanira kang tan wruh ing pêsthi, purun1 jumênêng jalma utama, kang mangkono pênganggêpe, pêngrasanira nêmu, suka sugih tan wruh sayêkti, tan wruh nêmu duraka2, yen banjur linantur, nggonira nitis kewala, tuwas kangelan datan antuka kasil, tan3 bisa babar pisan.
  26. Yen luputa nggennya nyakrawati4, pakarêman duk ana ing donya, ing pati kono tibane, pan dadi rêncana gung, nora kuwat pêrange pati, keron apan kasmaran, mêksih mawor sêmu, abote olah kamuksan, nora kêna noleh anak lawan rabi, sajrone mrih wêkasan.
  27. Yen luput pitakoning neng bumi, yen ajaa5 sira dadi jalma, kang mangkono ing ang/gêpe, sirnane tanpa tutur, yen wus awas bênêre pati, langgeng tanpa karasa1, nganggo buwaneku, amênêng tan kadi sela, ênêngira apan nora kadi warih, wruhe tanpa tuduhan.
  28. Ana pandhita ingkang nglakoni, ing kamuksan wau karsanira, anjungkung kasutapane, dennyana kêna rêngkuh2, tanpa tuduh mung tapaneki, tan mawi puruita, suwung awang uwung, mung têmêning ciptanira, durung antuk pertandha ingkang abêcik, pertingkah nundha warta3.
  29. Tapanira kongsi raga runting4, wus mangkono wong amrih wêkasan, ing tanpa5 tutur sirnane, kmatêngên tapanipun, dene siyang kêlawan ratri, tapa iku minangka, wadhah paminipun, ngelmu kang minangka ulam, ya tanpa tapa ngelmu pan nora dadi, yen tanpa ngelmu tapa.
  30. Jêmblang-jêmblong wurung nora dadi, apan nora kawilêt patrapan, kacurnan agung / bekane, sayêkti dadinipun, apan akeh pandhita sandi, wuruke mung satêngah, maring sabatipun, sahabat landhêp prayoga, ingkang linêmpit winadhah jroning batin1, ngaturkên gurunira.
  31. Pamêdhare mung graitaneki, ing nguni durung mambu ing warah, saking tan eca manahe, katur mring gurunipun, kelangkung angungun ngagengi, sinimatkên nugrahan, mring pandhita agung, wus pêsthi nganggo2 kang nyata, iku wahyu nugrahanira pribadi, sabat ingakên anak.
  32. Ing sinungga-sungga gung3 tinari, marang gurune arsa winêjang, tan têbah sinandhing bae, sabat kang têmah guru, guru dadi sahabat batin, ngadhêpkên panggraitan, tanduk sarta wahyu, iku utama kalihnya, kang satêngah pandhita pan durung yêkti, sêlak pêngang kuhira.
  33. Kudu dennut ing sakujar/neki, dene ngangkah kêpengin sinêmbah, aneng pucuk gunung nggone, suwaranira nguwuh, angebêki pêrtapanneki, yen ana uwong mara, tuture agupruk. lir gong beri tinatapan, dene ngangkang sarêng binuka tan isi, gêtun njêngêr pruita1.
  34. Aja kaya mangkono wong urip, badanira dipunkadi wayang, kinudang neng panggung nggone, arja têtali bayu, padhang aneng panggungereki, damare dadi wulan, kêlir badanipun, kang nonton gêdhong kalpika, dêbog2 bumi têtêpe adêging ringgit, sinangga ingkang nanggap.
  35. Ingkang nanggap aneng dalêm puri, datan osik pamolah sakarsa, Yang Pêrmana dhêdhalange, wayang pangadegipun, ana ngidul mêngalor tuwin, mengkono kang sarira, ing sasolahipun, pinolahkên ing ki dhalang, yen lumampah ing wau lembehaneki, linembehkên ki dhalang.
  36. Pangucape ingucapkên nênggih, yen kumilat kinilatkên dhalang, tinutur anuturake, sakarsa-karsanipun, kang anonton pinolah sami, rupane kang ananggap, neng jro pun iku, tanpa warna ing Yang Suksma, warnanira warnane Ingkang Sêjati, yaiku kawruhana.
  37. Yang Pêrmana denira ngaringgit, ngucapakên ing sariranira, tanpa eling wêkasane1, imbuh pan nora tumut, ing sarira upamaneki, kang minyak aneng puwan, gêni munggeng kayu, andêrpati tan katêdah, kang pêrmana lir gêsange kayu jati, langgeng urip dahana.
  38. Panggraitan molah dening angin, gesange kayu wau kukusnya, datan ana antarane, gêni kêlawan kukus, saking kayu wijihing gêni, wruhe eling duk kala, mula-mulanipun, kabeh iki kang gumêlar, pan manungsa tinitah luwih pribadi, apan ingakên rasa.
  39. Mulya dhewe sagung kang / dumadi, aja mengeng ciptanira tunggal, tunggal sapari-polahe, isine buwaneku, anggep siji manut sêjati, mêngku sagung kahanan, ing manungsa iku, den wau wasiseng tunggal1, anuksmani saliring jagad dumadi, yaiku Kang Sampurna.
  40. Lah ta mara Seh Malaya nuli, lah muliha marang Pulo Jawa, pan tunggal sira jimate, Seh Malaya agupuh, nêmbah matur angasih-asih, dahat kalingga murda, pasihan pukulun2, Jêng Nabi Hadir wus musna, Seh Malaya munggeng têngahe jêladri, tan ngrasa ngambah toya.
  41. Seh Malaya sêmana wus mulih, datan mengeng ing batin gumawang, nora pangling sarirane, panuksmanira wujud, nanging sarta sasabe wingit, sareh reh kasatriyan, linakon winêngku, pamurange jagad driya, kalairan batine nora kasisip, lir satu / neng rimbagan.
  42. Wus tan ana patine ing urip, dene tampa ing guru waskitha1, datan ana ing samare, pawlinge guronipun, wus karêgêm neng jêro ati, nastiti ingkang iman, ngestokakên guru, sarta ing gandaning ngaras2, denwor ana ing nala3 mulya awêning, nyata lamun nugrahan.
  43. Pan wus nyata kawilêt ing wangsit, datan ana ing pati kacipta, nora4 pangling ing margane, margane pati luhung, kang sinêlir marang Yang Widi, datan rasa rumangsa, rasane pateku, sirnane alam punika, apan wus asuka langgêng mulya adi, mulya kadi duk nora.
  44. Datan samar sêjatining pati, kang rumêksa pêjah tan rumangsa, yata wau ing patine, ingkang arusak napsu, raga suksma keri neng nagri, suka mulya mardika, wus tumrap ing kayun, jumênêng purnama tunggal, padhang rêsik mulya langgêng wus wêradin, / wêruh sirnaning tunggal.
  45. Datan samar sêdalaning pati, kang sinêlir upamane ika, tan ana keri1 wujude, kang sampurna puniku, pan wus karta nêgari singgih, têgêse kasampurnan, nyirnakakên iku, ngalam pitu sampun sirna, pan wus bêrsih sirnane ngalam puniki, tunggal angambirata.
  46. Ratuning ngalam pan sampun keksi, Ambirêta wastane punika, ngalam nênêm iku lire, sirnane wetan iku, êlor kulon kidul puniki, luhur miwah ing ngandhap, miwah kayu watu, lan bumi langit punika, awang-uwung kemandhang kêlawan warih, samudra lan dahana2.
  47. Surya candra pan ngalam puniki, tiga likur pan ngalam sasaran, apan iku anyar kabeh, lawan ing kadim iku, Seh Malaya pan nora pangling, yen iku pan sasaran, sêjatine sampun3, ratune ngalam sadaya, kang nyir/nakkên mung ngalam Ambyah puniki, mung Ambya pribadia.
  48. Nanging dudu majaji pribadi1, kang hakiki anyirnakkên ngalam, apan padha rêsik kabeh, ngalam Malaekat iku, Roh Ilapi kinarya gênti, apan yaiku ika, iku kang tinêmu, wus dungkap ngalam kamulyan, Ambirêtna2 ingkang kinarya ling-aling, iku alam Ambêyah.
  49. Alam mulya kang ngimpuni pêsthi, sipat hayu3 iku uripira, durung wruh kênyataane, mirah intên puniku, kang jumantên kumala adi, sêsotya mirah rêtna, pan wus sirna iku, sirnane pan sirna tunggal, wus atunggal sirnane tunggal lan pati, iku alam Ambêya.
  50. Alam Ambyah jênênge pribadi, mulya adi kabeh satnya mulya, wus sêdheng wêtara jonge, kêrta amulya sampun, wus jumênêng langgêng tan gingsir, wus minulya mêrdika, wus tumrap / puniku, sampurna purnama tunggal, wus atunggal ing alam Ambyah puniki, iku jatine nora.
  51. Alam Ambêya puniku singgih, pan ta ji neng kowapan nêgara, ingkang ngrata alam kabeh, jatining alam iku, Roh Ilapi kinarya patih, dene alam Ambêya, têgêse puniku, punika ratune alani, Roh Ilapi ingkang nyirnakkên puniki, sêkathahe kang alam.
  52. Malekat ku kathahe winilis, pan ing wêdhine ingkang sêgara, miwah udan iku kabeh, samya karêksa iku, kaluwihan sampun mêpêki, rumêksa wau alam, jagade Yang Agung, angrata sagunge alam, alam kopar lan alam kapir puniki, sumuyut Ambirêtna.
  53. Ambirêtna alam kang linuwih, anyimakkên sêkathahe alam, wus sirna sampurna kabeh, iku alam satuhu1, ambirêtna rêke puniki, dadi sampurna / tunggal, Ambiya puniku, apanjang-punjung wus suka, mardika tanpa karana pan wus luwih, kêrta mulya sampurna.
  54. Pan wus jangkep ing alam puniki, jroning pati punika1 kang ana, lan tanpa pinanggih kabeh2, pan mung jatine3 suwung, winicara suwunge reki, tan kêna ujar pisan, ana suwungipun, kang nyata pan nora kêna, dengraita ing akal kêlawan budi, yen nora lan pitêdah.
  55. Seh Malaya pan sampun dumugi, dennya mêsthi ing guru sampurna, kang wêruh kopar-kapire, têgêse kapir iku, pan kapir saarane reki, waskitha batinira, kang kupur puniku, jumênêng purnama tunggal, sêmbahira jumênêng ing rupa êning, urip tanpa lawanan.
  56. Wus tunêka sadalême pati, sadurunge ana uripira, wus mulya / patine rêke, pan ya jatine iku, kang sinêlir Jêng Nabi Hadir, kang ana ujar pisan, ing pati katuduh, pan kasarik wasta gêsang, inggih ingkang ujwala datanpa warni, dene tanpa tuduhan.
  57. Pan gumun Seh Malaya miyarsi, dene adoh atanpa watêsan, pêrak tanpa gêpokane, jalma mati puniku, yen tan awas sipatireki, iku mati kêsasar, lan kang durung wruh, kang mati iku pangrasa, sirna tunggal ingkang lunga lawan keri, ilang tunggal panggonan.
  58. Ingkang ken labête puniki, ingkang limang pêrkara wus sirna, sirnane mulya jatine, ingkang sêjati tuhu, anampani bangsa1 kang gaib, iku sirna pocapan, bangsa2 pati iku, bangsane3 kang durung wikan, kang wus wikan sirnane kang bangsa4 pati, iku warnane tunggal.
  59. Seje bangsa5 kang tunggal pêmanggih, bangsa6 / mati lan pêmati ika, pêmatine bangsa7 kabeh, bangsa mati puniku, ujar pisan tan wali-wali, suka rida mardika, wus mulya aluhung1, Seh Malaya pan wus suka, donya kerat ing ati tan wali-wali, murcita nama Allah.
  60. Pan wus mantêp sêjatining pati, Seh Malaya wruh jatine tunggal, tunggal sarêng sampurnane, datan dulu-dinulu, sangkan paran mulya awêning, mot sakisine jagad, Seh Malaya sampun, luwaran kang sêdya purba, lulus saking wêdale ati kang suci, budine alus wijang.
  61. Rangu-rangu denira lumaris, Seh Malaya mêntas maring dharat, prapta têngah wana gedhe, cahyanira umancur, kadya wulan purnama sidik, buron wana angadhang, lumiring tut pungkur, wrêksa gung mêndhak anêmbah, pan tumêlung ajrih mênawi ngungkuli, kasmaran melu mulya.

PUPUH X
ASMARADANA

  1. Datan kawarna ing margi, lampahe Jeng Seh Malaya, tinutur ing rêroncene, ing sakwarsa mangsa tiasa, saking kathah wicara, inilane datan winuwus, kinarya cêkak kewala.
  2. Lajêng denira lumaris, prapta Pulo Upih ika, apan kendêl ing lampahe, para seh ingkang sinihan, dene1 Kang Mahamulya, sêdalu winangsit sampun, enjang lajêng lampahira.
  3. Sakêdhap netra wus prapti, ing Cirêbon kang nêgara, pitung dina neng ardine, apan lajêng lampahira, wus prapta Pandhanarang, sêmana wau kawuwus, lampahe Jêng Seh Malaya.
  4. Gêntia ingkang winarni, garwane Jêng Seh Malaya, kang tinilar ing wismane2, kang aneng negari Tuban, klangkung kawêlas arsa, lagi momong putranipun, kang nama Raden Sahida.
  5. Warnane3 kêlangkung pêkik, rahaden sampun diwasa, ngêmbat watang / wus wayahe, duk tinilar ramanira, pan yuswa pitung dina, mangke sampun ageng wau, wanci umur dasa warsa.
  6. Matur marang ibuneki, Rahaden Jaka Sahida, pan  arsa takon ramane1, sadina-dina atanya2, matur ing ibunira, kang ibu kaku tyasipun, dadya blaka ingkang putra.
  7. Adhuh anak ingsun gusti, aja takon ramanira, ramamu tambuh parane, tinundhung mring eyangira, dosane bêbotohan, mbegal munggeng wana agung, mateni uwong ing dagang.
  8. Dinukanan nora mari, denuja pan saya ndadra, eyangmnu kaku tiyase3, pan dadi bêndu ing nala, supe dhatêng yah rina, iku purwane tinundhung, dene karyane angampak.
  9. Lungane ramanireki, sira umur pitung dina, ing sêmangkin durung katen, tan ana4 ing wartanira, mbuh suka mbuh palastra, amung sira putraningsun, / aja sira takon rama1.
  10. Tirua eyangmu iki, sinêmbah maring wong Tuban, tur dadi bupati anem2, aja tiru ramanira, gawene3 ngampak mbegal, wong nora patut tinurut, nora nêdya4 awibawa.
  11. Kang putra umatur aris, lêrês ibu karsanira, yen kula anut karsane5, pêsthi kula tumut ala, nanging ta kajêng kula, miyarsa ing rama wau, warnane kadi punapa.
  12. Ibu kula nuwun pamit, arsa nusul kanjêng rama, kang ibu sangêt wêlase, adhuh nyawa putraningwang, lamun sira nusula, dadi tan wêlas maringsun, sira nilar6 maring ingwang.
  13. Kang putra sêmu aruntik1, dadya mêksa kajêngira2, nusul marang ing ramane, lumayu3 dennya 1unampah, cinêgat datan kêna, êmban inya samya nusul, binuru nora kêcandhak.
  14. Para êmban samya nangis4, tan angsal / ngadhangi marga, kang ibu njêrit tangise, pan enggal atur wuninga, dhumatêng ingkang ana5, wus katur sêdayanipun, kang aneng langkung dukanya6.
  15. Dukane yayah sinipi7, lir nuwêk wong tanpa dosa, wadya dipunsêbar age, kinen ngupaya kang wayah, yata ganti kocapa, kang ibu sigêra nusul, ajrih dukane8 kang raina.
  16. Wus lami dennya lumaris, samarga-marga karuna, adhuh riyawa1 putraning ngeng, pun biyang nusul mring sira, kulup sun êntenana, lara têmên sukuningsun2, malenthung sakacang-kacang.
  17. Yata gêntya kang winarni, lampahe Jaka Sahida, nêrajang3 ing wana gêdhe, angger tiyang tinakonan, kang kêpapak ing marga, naming datan ana wêruh, mring putra Tuban kang murca4.
  18. Lajêng denira5 lumaris, Ki Jaka Sahida Tuban, kalunta-lunta lampahe, munggah gunung mudhun jurang, tan ana baya cipta, malêbêt ing jurang cêrung, anusup anga/yam alas6.
  19. Yata wau sampun lami, Ki Jaka duk aneng wana, tanpa dhahar tanpa sare, antara wus tigang wulan, denira ana wana, yata gêntya kang Winuwus, Kajeng Sinuwun ing Benang.
  20. Ing dalu midêr wanadri, mulat ing wana apadhang, Jêng Sunan tan eca tyase1, aglis nulya pinaranan2, prapta ing têngah wana, Jêng Sunan Benang andulu, yen wontên rare3 lumampah.
  21. Jeng Sunan ngandika aris, heh kaki sira mandhêga, bocah apa sira kowe, wêngi-wêngi aneng wana, apa kang sira sêdya, Ki Jaka alon umatur, Kyai ing lampah kawula.
  22. Angulati rama mami, amurca4 saking negara, saba wana pakaryane, mateni ing wong kang dagang, mbegal wong sabên dina, kasukan ing rêmênipun, maling ngampak karyanira5.
  23. Duk kesahe rama mani, amba umur pitung dina, ngantos / mangkin dereng anen1, pan saking dêlap kawula, badhe wuninga rama2, tilane kawula nusul, wartane wontên ing wana.
  24. Jêng Sunan graiteng galih, alon denira ngandika, heh kaki3 turutên ingweng, tutur ingsun maring sira, yen sira arsa panggya, kêlawan ing ramanipun, pan sira ngajia sarak.
  25. Iku margane pinanggih, kulup marang ramanira, mênyanga Bintara age, ramanira wus sirihan, mring Ingkang Mahamulya4, wus dadi wali panutup, panêtêk5 panata gama.
  26. Sawusnya pitutur aglis, pan lajêng ngibêri jagad, Ki Jaka lajêng lampahe, lajêng mring nagari Dêmak, pan arsa ngaji sarak, Ki Jaka6 datan winuwus, gênti ingkang winurcita1.
  27. Ingkang nêpi aneng wukir, yata wau Seh Malaya, anêdha maring Yang Manen, pan sampun angsal sakcandra, nêkung neng Pandhanarang, wus / kadugi karsanipun, wus mêdhun saking aldaka.
  28. Wus lajêng dennya lumaris, arsa mampir karsanira, maring wismane Ki Gêdhe, yata ingkang kawuwusa, Ki Gêdhe Pandhanarang, wibawa sugih kêlangkung, kedhêp saparentahira.
  29. Pinarak aneng pêndapi, sineba para sêntana2, tan dangu wau praptane, ing wau Jêng Seh Malaya, amendha santri kompra, angêmis ing karsanipun, andhodhok munggeng plataran.
  30. Ki Gêdhe nauri bêngis, iya nora weweh ingwang, kang mindha santri lon wuse, amba botên nêdha bandha3, amba pintêr karya mas, Ki Gêdhe sugal amuwus, langar têmên wuwusira.
  31. Yen sira bisoa kardi, pan sira mangsa ngêmisa, kang mindha santri pan age, anyandhak pacul sêmana1, macul mung sakêcrukan, lêmah kang katut ing pacul,  / mêncorong dadi kêncana.
  32. Ki Gêdhe njengêr ningali, alon wijiling wacana2, nyata pinter paman kowe, paman amba warahana, gawe mas kaya sira, kang mindha santri lon muwus, gampil wontên amba têdha.
  33. Andika karyaa masjid, kêlawan bêdhuge pisan, tabuhêr sabên wayahe, pêsthi dika tinêkanan, marang Kang Murbeng Alam3, pan asung kêncana agung, Ki Gêdhe alon angucap.
  34. Inggih Kyai sun lampahi, paman apa tuturira, pan sampun cidra wiyose, andika pundi kang wisma, ingsun nusul mring sira, kang mindha santri lingnya rum, inggih kula uwong4 Pajang.
  35. Lamun dika nusul mami, pan sampun anggawa bandha, apan sukêr awak ingeng, donya puniku brahala, bêcik donya ngakherat, apan botên kêna lêbur, langgeng nora kêna rusak.
  36. Sawuse amituturi, / Seh Malaya nulya kesah, yata alajêng lampahe, yata gênti kawuwusa, lampahe ingkang garwa, kapêthuk aneng wana gung, kêlara-lara karuna.
  37. Kang raka ngandika aris, ana apa karyanira1, sira nusul maring ingeng, apa ana karsanira, dene sira ngupaya, kang garwa alon umatur, dhuh Gusti atur kawula.
  38. Kawula kesah puniki, botên madosi paduka, kawula inggih wiyose, madosi putra paduka, nggih Ki Jaka Sahida, duk tinilar maksih timur, ing mangke sampun diwasa.
  39. Mila putra kesah Gusti, amadosi jêngandika2, wikan mangke ing puruge, kang raka alon ngandika, bêcik sira muliha, ingsun dhewe kang ngaluru1, dhatêng wau putranira.
  40. Kang garwa umatur aris, kawula ajrih dinukan, mantuk maring nagarine, amba ajrih pinêjahan, dhateng rama  paduka, pêr/kawis putra pukulun, sumangga ing karsa Tuwan2.
  41. Wus lajêng dennya lumaris, ing marga datan winarna, wus prapta Benang dhepoke, wus panggih Jêng Sunan Benang, Seh Malaya atur sêmbah, Kanjêng Sunan ngandi ka rum, lah bagea jêbeng sira3.
  42. Seh Malaya gya ngabêkti, sinuwun pangestu Tuwan, ngabekti miwah garwane, Jêng Sunan Benang ngandika, heh Jêbeng iku sapa, Seh Malaya nêmbah matur, punika bojo paduka.
  43. Marina nusul dhateng mami, madosi putra paduka, mila panggih lawan ingeng, nênggih pun Jaka Sahida, madosi dhateng amba, punika ing purwanipun, kawula inggih sumangga.
  44. Masa boronga Sang Yogi, punika putra paduka, amba kesah ndhatêngake1, ngupaya ing wayah Tuwan, nggih pun Jaka Sahida, Sunan Benang ngardika ruin, lah Jêbeng sira rerena2.
  45. Aja sungkawa ing galih3, pêrkara ing sutanira, lah ki bayi ing lungane, Seh Malaya atur sêmbah, ngaturkên kesahira, kuwasa ing marginipun, kêlangkung dennya rungsitnya.
  46. Jêng Nabi Hadir kang warti, nggen Kakbah pan dede Mêkah, ing Mêkah sela têgêse, Nabi Ibrahim kang yasa, amba kinen wangsula, dhatêng paduka pukulun, kinon nuwun4 ing pitêdah.
  47. Ngandikane kanjêng nabi, nggen Kakbah ingkang sampurna, pan botên kesah margane, amba anuwun pitêdah, dhatêng paduka Tuwan, punapa ing karsanipun, amba atur pêjah gêsang.
  48. Jêng Sinuwun Benang angling, Jêbeng sira wus sinihan, kinasih marang Yang Manen, tuhu sunaning sejagad, lamun sira pinanggyan, jêng nabi luwih pinunjul, ingkang nggadhuh ngelmu Allah.
  49. Ingsun iki pan kapengin, pinanggihan kaya sira, / marang nabi kang kinaot, mundure mêksih babegal, sira wus padha ingwang, jumênêng wali panutup, pusakane wali Allah.
  50. Seh Malaya angabêkti, sinuwun pangestu Tuwan, nanging amba utamane, paringe pitêdah amba, dados botên angangka, Sunan Benang ngandika rum, wuwuse lir madu mangsa.

PUPUH XI
DHANDHANGGULA

  1. Ana pawarta ingkang dumadi, Seh Malaya iku kawruhana, kang waskitha sampurnane, tan owah cêlakipun, lara pati pasthi pinanggih, yogya sami waspada, tan wande yen lampus, aja lali ing dunungan, aneng donya densami lara prihatin, aja susah gunêman.
  2. Gunem-gunem ana rasaneki, lamun sira mêngko atêtanya, aja lali sastra bae, pan sastra marginipun, teki-teki pan ingkang pêsthi, lah iku tutur ingwang, marang sira / kulup, aja wêdi ing pêrbeya, dudu êmas dudu dirham dudu picis, anung sêja lêgawa.
  3. Pan niscaya iku ana wangsit, lamun sira jêbeng nora rida, mangsa denwangsita mangke, ewuh wong takon surup, marga rungsit rumpit miranti, pirantine duk têka, sira aja tungkul, pakarêman kang waspada, upamane alêlungan sira iki, tan jênak neng dunungan.
  4. Denpuneling aneng donya kaki, apan iya ngenakkên ing têyas, sira aneng donya mangke, bêja kang wus nggêguru, tapanira ngenakke ati, denpadha suka wirya, wong têmên mring guru, wêwangunan endah pelak, nora nana cacade têka maligi, sarta sinihan Suksma.
  5. Hiya iku wong têmên ing Widi, pêlawangan iku masjid pelak, bisa mênga minêp dhewe, yen mênga katon mancur, kadi wulan purnama sidi, katrawangan ing wulan, / dulu abyor murub, kados sakjrone asmara, yen dinulu kang masjid datan aganti, nuli anarik napas.
  6. Lamun sira narik napas kaki, tanpa rupa sikêpên denenggal, awasêna rupa dhewe, poma jêbeng ja tungkul, ngelmu supi kang denkawruhi, kawruhana bêncana, panca driya iku, akeh kandhêg panca driya, akeh godha lah jêbeng sakjroning pati, wong karêm pakarêman.
  7. Aja lali batinira kaki, akeh bajang tibane wêkasan, aja tungkul sastra bae, yen durung têkeng1 surup, anggegerua mumpung urip, lan sira têtirua, tan liyan dumunung, tan wande sarira rusak, badan iki tan wurung2 pulang mring bumi, jêbeng kawêruhana3.
  8. Kang winisik jêbeng ngelmu supi, tansah rupa dhewe kang sinawang, pêlambange turu rêke, ya sajêro/ne turu, rumangsa anikmat ing urip, sakanira katingal, sajêroning turu, nora beda pêjah gêsang, yen wus awas uninga ing raganeki, ya ing wêkasing Suksma.
  9. Kang sawêneh ngelmune pan yakin1, kang sawêneh ngelmune pacakan, tan ana sawabe maneh, pan iku ing lêlaku, tan sêlamêt dene ngawruhi, têmah dadi brahala, wong kang takon ngelmu, pan akeh winêjang liwar, apan kathah nggoningsun tumingal kaki, wong bubrah ngelmunira.
  10. Wus pinêsthi wong mangkono kaki, lamun nora puput ing antaka, ing blis laknat pangridune, na rupa sanak dulur, ana rupa rama lan bibi, mindha-mindha wong sanak, rupa bapa guru, asujarah ingkang iman, kang sawêneh ana suwarga kang luwih, paningaling sêkarat.
  11. Poma-poma jêbeng lamun sakit, yaiku tingale ing sêkarat, / durung putus kawêruhe2, kang akeh ing dadulu, yen kapencut tingale pati, paningale sêkarat, ingkang gawe tuduh3, yen tingale kang sampurna, jroning pati tan ana panggih-pinanggih, mulya kadi duk nora.
  12. Poma jêbeng yen tinêkan sakit, aja pêgat jêbeng dikirira, denawas rupane dhewe, elinga gamaningsun, yaiku bab ingkang pêpati, pan sira ngawruhana, Kang Eyang Tumuwuh, aja tungkul ing agêsang, mumpunga urip datan wande ngêmasi, aja rêmên kadonyan.
  13. Luhung ingkang sinung mulya dhingin, rêmbesing madu wijiling tapa, amênthak-mênthuk sangkane, iku rêmbêsing madu, ingkang antuk rasaning ngelmi, têgês wijiling tapa, datan mamah-mumuh, pan andhap asor kang lampah, lir wong dêrêp tan wande dipunbawoni, / sawêntarane lampah.
  14. Tegêse rêmbêsing madu singgih, wong kang sinung kamulyan ing Suksma, têrus tetêg ing budine, iku rêmbêsing madu, wijiling tapa têgêsneki, iku nglarani badan, anom prapteng sêpuh, amanjing wana kasimpar, manjing guwa pitêkur ênggon kang sepi, mateni jiwa raga1.
  15. Kang wus sinung kamulyaning Widi, iya iku mijil saking tapa, wêkasan tampi bawone, wong rêmên1 mangan turu, saumure nora ngurangi, nadyan iku ngelmua, karêm mangan turu, sakarsanira kangelan, beda lamun kang potang lara prihatin, keh wong kang nggayuh kêna.
  16. Kang tan potang lara lan prihatin, akeh ingkang nyandhak-nyandhak lêpat, sênadyan sandhang pangane, dumadak sêpi sandhung, barang gawe kang den/karêpi, pan ya wus ing mupakat, akeh luwangipun, yen arsa mukti pakaryan, nadyan mukti lan potang lara prihatin, datan arsa san-pisan.
  17. Sampuna potang ing lara pati, sami dagang yen wus lara lapa, tumêka kasugihane, yen angulati ngelinu, pan karêksa aglis kêpanggih, salir barang pakarya, yen karêm dinulur, bawane wong lara lapa, sakarêpe tinêkan marang Yang Widi, yen dagang sugih donya.
  18. Têtanen asugih beras par kang wus potang iya lara lapa, ngenger gêdhe ganjarane1, beda yen mamah mumuh, anênutuh ngucap-ucapi, dumeh tan antuk sawah, ngawula tan antuk, lali yen apotang lara2, saumure tan nate ngurang-urangi, dadi nglamat cêmpurat.
  19. Karantêne wong urip / puniki, aja pegat niyat atêtapa, dadi roro pênyaure, kamukten klawan ngelmu, nora sêpi salah sawiji, kang nguni kang wêkasan, sampun manjing makbul3, iman donya lan akherat, pan selamêt kang potang lara prihatin, drajate wali Allah.
  20. Kang wus wêruh marang salat daim, dadi tingale angulatana, idhêpe kadi duk lare, tanpa dosa lit agung, wong kang wuru marang Yang Widi, aneng donya punika, ala bêcikipun, sarira4 kang paripolah, lamun datan prayitna iku maring ning5, deneling denwaspada.
  21. Utamane wong urip puniki, sabên dina niyata atapa, aja pêgat sêlawase, pan sabên-sabên dalu, aniyata mêlek yen wêngi, sabên dina aniyat, puasa sakumur, dêrapon sinihan Suksma, aturua ing wêngi têtamba arip, angona napasira.
  22. Iya iku sampurnaning puji, / siyang dalu tansah angon napas, yen mangan atamba luwe, rame pêrang yen  dalu, lawan arip banting-binanting, lamun rina adandan, prang lan napsunipun, pan rame denira yuda, lamun menang puniku denira jurit, bayunya langkung kathah.
  23. Aneng donya ing sinungan mukti, kadya mênang pêrang lawan kopar, mênang alawan napsune, iku laku kang luhung, ingkang kagêm ing nabi wali, sêdhênge ingapura, karanira bêndu, lamun sêdhêng tan arsaa, anêdyaa mêlek sêdhênge ing arip, tanpa ing luwenira.
  24. Yaiku tapane wong kang luwi, pra pandhita lawan waliyollah, kang sampurna ing tekade, yen uwong bakal iku, jiwa raga dipunsakiti, pan gung mateni raga, lali marang turu, yen ayun wruh ing duksina, milanipun jasade dipunsakiti, / pinurih mor ing Suksma.
  25. Yen wus awor tapane pinati, dadi sarira Suksma bêlaka, dadi lawan sêdayane1, donya akheratipun, nora beda kêlawan mangkin, denawas kang sinêmbah, ing puji nggonipun, sêmbah sinêmbah pribadya, angarani dheweke iku pribadi, iya hu la hu Allah.
  26. Sêmbah puji ingkang sampun alim, pan lumaku pan dadia salat, amênêng dadi bêktine, nora nggo wudu wêktu, panêmbahe kang sampun êning, kadya aline toya, bêngawan lumintu, kang wus awas ing panêmbah, manjing wêktu ing napas kang denkawruhi, puji tan kêna pêgat.
  27. Pangandikane Jêng Nabi Hadir, aja nêmbah lamun durung awas, pan tiwas kangelan bae, sawêneh sasar susur, amangeran kêlawan eblis, / sêmbahe tawang-tuwang, ingkang tanpa wujud, kêpaung amenek wrêksa, pênyanane densêngguh aneng ing nginggil, tan wruh yen kangsrah lêmah.
  28. Seh Malaya anêmbah met asih, dhuh amba inggih nuwun pitêdah, ing Kakbah sami samangke, yen amunga cinatur, bangsa swara1 amba tan apti, mesêm Sang Prabu Wadat, ngasta astanipun, dhumatêng Sang Seh Malaya, anjaja tandha yen têrahira rêsi, sakêdhap prapteng Mêkah.
  29. Bakda salat Jeng Sinuwun Kali, sigra lajeng dhatêng ing Bintara, para wali pêpêk kabeh, Seh Malaya pan sampun, sinamadan kang para wali, mupakad juluk Sunan, Kalijaga iku, nuli samya parêmbagan, karya masjid ing Demak pan sampun rakit, saka kirang satunggal.
  30. Jêng Sinuwun Giri ngandika ris, inggih jêbeng dika / kantun karya, saka guru bubuhane, Sunan Kali agupuh, karya saka tatal kinardi, punusung kaping tiga, wutuh tatalipun, wus dadi saka sêksana, sampun katur dhumatêng Sinuwun Giri, sampun ingangkat karya.
  31. Sampun ngadêg wau ingkang masjid, duk ing para wali nadhang iman, masjid Dêmak pangadêge, satêngah kurang ngidul, ana ingkang ngalerkên malih, lêrêse klawan Kakbah, kirang ngalor ngidul, Seh Malaya ngadêg sigra, majêng ngidul mbergagah suku kêkalih, astanira kapisan.
  32. Asta kiwa nyandhak sirah masjid, asta têngên nyandhak Kakbah Allah, ginathukken mustakane, Sunan Kali lingnya rum, inggih sandika kadi pundi, napa sampun klêrêsan, lêrês keblatipun, pra wali mengo saurnya, sampun lêrês keblate masjid puniki, klawan ing Kakbahtollah.
  33. Wusnya dadi wau ingkang masjid, duk sêmana kajêng pra ulama, masjid Dêmak pangadêge, pan tunggal wrêksanipun, pan bêdhuge tur Majapait, Wawu ing taunira, wukune Kêlawu, duk sêmana sinêngkalan, sirna ilang rakite ratu puniki, gênti kang kawuwusa.
  34. Kesahe Pandhanarang puniki, apan arsa amangun wibawa, Ki Gêdhe wau karsane, para raja sinung wruh, pra panggedhe dipunaturi, lan sudagar sêdaya, datan ana kantun, sêmana sawiji dina, apan arsa penganten denira panggih, têmon agung kang prapta. Kinurmatan gangsane angrangin, Sunan Kali sêmana kang prapta, sarwi amoh sandhangane, tan muni gangsanipun, sakprapta neng pêndhapa sêpi, tan ana kang ngaturna, tan na ngaruh-aruh1, kesahira lon-alonan, / sapraptane abusana nuli prapti2, ngungkuli pasamuan.
  35. Pinêthukkên gangsane angrangin, kurmat kabeh sagung tamunira, mudhun saking plênggahane, angaturi sang wiku, angurmati Sinuwun Kali, sêmana sampun lênggah, munggeng tarub agung, kinurmat sinuba-suba, Sunan Kali nggarjita sajroning ati, lah iki kadang konang.
  36. Nadyan bapa biyunge pribadi, kaki nini paman uwa kakang, yen nora padha sugihe, tan ana ingkang aruh, apa dene tinuwi-tuwi, têpane raganingwang, mau raganingsun, sêbab dene nora nyandhang, ing samangkin ingsun nganggo sarwa adi, kabeh suyud mrang ingwang.
  37. Iku sandhangan kang denajeni, dudu wonge ingkang kinurmatan1, lah kêprabon kabeh kiye, sun rida mrang sireku, ingsun / iki arsa nututi2, lah ta padha tutugna, anggonira kayun, sêdaya eram tumingal, durung tumon jalma rida kaya iki, Ki Gêdhe Pandhanarang.
  38. Duk sêmana Jeng Sinuwun Kali, lagi neng têngahe wana wasa, Ki Gêdhe Padhanarange, sujud mring jêng sinuwun, ngaturaken kang pati urip, Sunan Kali ngandika, lah jêbeng sireku, apa mantep maring ingwang, Kyai Gêdhe ature inggih suwawi, ulun kapêjahana.
  39. Ngluwata aneng tengah wanadri, aja luwar yen tan prapta ingwang, sandika wau ature, sawarsa laminipun, tinilikan mrang Sunan Kali, kinen ngalong lampahnya, luwar wus sêtaun, lajêng ngalih mandêng surya, apan sawarsa laminira puniki, wrata sakehe lampah.
  40. Wus katrima marang ing Yang Widi, / sampun medal ing kêramatira, dadi têka sasêdyane, ing wau jêng sinuwun, amanggihi Ki Gêdhe nuli, jêbeng sira muliha, besuk ingsun rawuh, ing dina Rêbo wêkasan, lan nuli amangkata padha samangkin1, Jêng Sunan Kalijaga.
  41. Kyai Gêdhe sêmana wus mulih, pan lêstari sapraptane wisma, amomong wau putrane, kelangkung dennya muwun, Kyai Gêdhe nyandhak lung uwi, nuli kinarya gêlang, dadi kêncana gung, ingênggokkên2 kang putêra, mêksih nangis Ki Gêdhe ngandika aris, marang ing putranira.
  42. Sira arsa nunggang gajah cilik, Kyai Gêdhe nulya ngusap sela, mbêrgagah dadi gajahe, ginendhongaken sampun, Kyai Gêdhe sampun kaeksi, apa kang sinêdêya, kang cinipta rawuh, cêp menêng wau kang putra, Kiyai Pandhan/arang ngandika aris3, gajah sira muliha.
  43. Ingkang wau kêdadeaneki, gêlang êmas sira wus muliha, apa wijilira tembe, gajah wus dadi watu, gêlang êmas dadi lung uwi, Ki Gêdhe Pandhanarang, nêlangsa ing kalbu, mantêp ing ngandikanira, Sunan Kali sêmana wau duk prapti, panggih Ki Pandhanarang.
  44. Sunan Kali angandika aris, Ki Gêdhe Pandhanarang pa rida, garwainu kang ayu dhewe, iya pan ingsun jaluk, pan lênggana karsa Sang Yogi, gus nulya tiniinbalan, tan dangu wus rawuh pêpêk inunggeng ngarsanira, Sunan Kali tuinulya ngandika aris, denkabeh garwanira.
  45. Binusanan sêdaya pan rakit, sêkeh garwa nulya ingandikan, munggeng ngarsane gurune, ngandika Sunan Arum, heh Ki Gêdhe ing karsa mami, / ingsun pengin umiyat, marang ing garwamu, lah ta sira cawisana, pasarean sarta garwamu kang padmi, pan arsa sunjak nendra.
  46. Aja sira jêbeng anglungani, ladenana nggoningsun anendra, lawan rabinira kiye, mlêbêt ing jinem arum, wayahira sirêping jalmi, Sunan Kali ngandika, jêbeng sira tunggu, inggih ing karsa paduka, amba jagi ing karsa Tuwan Sang Yogi, nggih sandika kawula.
  47. Sira jêbeng angambila warih, apan arsa ingsun atêtoya, rarêsik ing sabênêre, Ki Gêdhe kesah sampun, sapraptane anggawa warih, aneng bokor kêncana, ingaturkên sampun, sêdalu ambal ping tiga, dennya karya ing coba gêlanig galih, Ki Gêdhe Pandhanarang.
  48. Byar raina ngandika sang / yogi, sira iku wus katrimeng Suksma, pan dadi paku jagade, sira lungaa gupuh, mrang Bayat arane kang wukir, jumêneng waliyollah, neng Jabalkat Gunung, nanging aja nggawa bandha, anyukêri ngrêgeti sajroning ati, dadi mangran brahala.
  49. Lamun sira arsa dadi siji, lan Pangeran Ingkang Murbeng Alam, aja rêmên donya bae, elinga Kang Tumuwuh, gêlis rusak tan langgêng singgih, wong kang karêm mrang donya, ku pitutur ingsun, lakonana pitutur ngwang, aja sira mandhêg tumoleh ing wingking, ingsun nutugkên lampah.
  50. Sunan Kali sêmana wus pamit, marang wau Kyai Pandhanarang, wus lêpas wau lampahe, Ki Gêdhe sigra muwus, apa têmên ing mau bengi, kang garwa matur nêmbah, pan dora puniku, / sêdalu mungkur1 kewala, amung karya gêlane ingkang pênggalih, sêdaya tan anyata.
  51. Lan sêkehe garwa-garwa mami, ingkang mêksih trisna marang ingwang, padha mongên sutaningong, kang padha mêksih kayun, marang priya lakia malih, pan ingsun lêga rida, donya ngakheratpun, sêdaya matur karuna2, kula inggih momong marang putraneki, amba tan arsa lakya3.
  52. Amung garwa kang sêpuh pribadi, ing kepareng amba atut wuntat, sapurug-purug andherek, lon pangandikanipun, lamun sira arsa tut wuri, lah apa karêpira, sun janji sireku, aja sira nggawa donya, ngandikane jêng sunan pan nora kêni, nyai ngati-atia.
  53. Nggih sandika kawula lampahi, Nyai Gêdhe Pandhanarang sigra, donyane tinilar bae1, mung kang ringkês puniku, winadhahan / ing wuluh gadhing, kinarya têkênira, sarta nggendhong rukuh, Kyai Gêdhe Pandhanarang, lan kang garwa lolos saking ing Semawis, arsa marang Têmbayat.
  54. Kawibawan pan nora katolih, Kyai Gêdhe sêmana wus budhal, garwane tinilar bae, Nyi Gêdhe asru muwun2, apan tega ing ninggal mami, Nyi Gêdhe nulya budhal, sarta nggendhong rukuh, Kyai Gêdhe Pandhanarang, lampahira garwane tinilar têbih, Nyi Gêdhe amlas arsa.
  55. Apa têmên bali marang mami, yen lalia tur mangsa denjaka, mila ran Bayalaline, Ki Gêdhe nilar gupuh, akarsa lampahnya anuli, ngidul ngetan lampahnya, Ngawongga wus rawuh, Ki Gêdhe arsa binegal, sira arsa mbegal marang ingsun iki, mangsa silih antuka1.
  56. Lah ya gugunên ing tutur mami, lamun ana wong wadon satunggal, atêkên nggendhong rukuhe, / rêbutên têkênipun, aja nggêpok badane reki, pêsthi warêg kokpangan, kanggo run-tumurun, nanging poma wêkas ingwang, marenana tobata marang Yang Widi, wus enggal paranana.
  57. Tan antara Nyai Gêdhe prapti, nggendhong rukuh sarwi têtêkênan, ampel gadhing têtekêne, sigra denira ngrebut, Nyai Gêdhe pan jêrit-jêrit, Kyai tulungna ingwang, têkênku rinêbut, wau Kyai Pandhanarang, garwanira anulya dipunêntosi, lah ana paran sira2.
  58. Têkên kawula rinêbut jalmi, gawe apa têkên ginêtunan, mêngko kono luru maneh, Nyai Agêng lon matur, pan kêncana isine reki, pêrmila gêtun kula, Ki Gêdhe lon muwus, mulane sira sun tilar, dene nggawa brahala pan nora bêcik, binegal karsa Allah.
  59. Mulanira pan ingsun ênteni, marga sira wus tan nggawa bandha, payo mlaku sasêlote, wong ainbegal kacuwus, / sampun têbih kang ampel gadhing, apan arsa pinêcah, isi sêsotya gung, kêlawan lantakan êmas, ting pancorong gumêbyar lir kilat thathit, kang mêcah njêngêr mulat.
  60. Mendah dene kang ginendhong ugi, kang neng têkên mangkene rupanya1, lah iya sun tututane, ya ngenthir lampahipun, anututi marang sang Yogi, Ki Gêdhe Pandhanarang, wus wikan ing kalbu, lamun kang mbegal tut wuntat, Kyai Gêdhe ngandikane esinu runtik, akaya wêdhus domba.
  61. Dadi wêdhus kang mbegal puniki, pan kakinthil aneng wurinira, nora keri sakparane1, lampahira lêstantun, sakpraptane Bayat tumuli, lampahira rantapan, apan tiga wêdhus, Kyai Agêng Pandhanarang, arsa rêrêp wisinane wong adol roti, kang darbe wisina mulat.
  62. Binobohan ngambil kayu singgih, / sabên dina pakaryane ika, Ki Gêdhe ngambil kayune, yata lamun kêsusu, dennya ngambil kayu tumuli, astane kalih pisan, kang kinarya kayu, sami lan kayu sarêmbat, malah punjul lan kayu sarêmbat ugi, banter urube asta.
  63. Nulya arsa rnring Jabalkat Wukir, karyaa sira inasjid denenggal, ngiinalnana jalina kabeh, lah payo ingsun tuduh, nggonipun gunung sunwatêsi, nggone ing masjidira, Ki Gêdhe tut pungkur, munggah marang ing Jabalkat, prapta luhur têkên cis karya agarit, sarwi amaca donga.
  64. Lah ta uwis Kiyai tumuli, karya masjid lan bêdhuge pisan, tabuhên sabên wayahe, wus sun pamit sireku, nutugkên laku sun iki, nglakoni lampahira, Jêng Sunan pan wangsul, marang panggonane lama, Sunan Bayat akathah / kêramatneki, dadi barang sinêdya.
  65. Keh kang wruh kasêktene linuwih1, Kyai Gêdhe aneng tanah Bayat, anulya pamitan age, ing wukir kang jinujug, ing Jabalkat wau sang Yogi, jalma kang dadi menda, ingapura sampun, densuwunkên mring Pangeran, apan mulih kadi ing warnane lami, ingaranan Seh Domba.
  66. Jeng Sinuwun Kali gêya prapti, pan dumrojok apan tanpa sangkan. Ki Gêdhe Pandhanarange, ngandika jêng sinuwun, lah ki jêbeng sira puniki, wus katrima ing Pangran, dadi saksêjamu2, jumênênga Sunan Bayat, lan sidakna nggonira akarya masjid, ngimami gama Islam.
  67. Iku jebeng sapa sabatneki, Sunan Bayat umatur pratela1, Sang Seh Domba pêparabe, Sunan Kali lingnya rum, yaiku lantip ingkang ati, apa barang katingal, pintêr tanpa / wuruk, lan banter suwaranira, gya ngêcohi têlak Seh Domba wus tampi, kang riyak wus denuntal.
  68. Wus kaiden marang ing Sang Yogi, Sunan Kali alon angandika, elinga marang kang gawe, yen dadi jalma luhung, unusane nyawa sêkalir, bakalira pan toya, lan angin puniku, gêni bumi angin toya, apan saking Ingkang Mahamulya yêkti, iku sadulurira.
  69. Banyu bumi angin gêni langit, surya lintang kelawan sasongka, iku sanakira kabeh, jalma kang salah iku, kabeh dadi satrunireki, mulane ana lara, luput2 kang tinêmu, sing sapa atine ala, nora wande ing têmbe iku têmahi, putra wayah lan canggah.
  70. Aja sira kaya bumi langit, ngêndêlakên jêmbar luhurira, aku kang kuwasa dhewe, ja kibir jroning kalbu, aja sira êsak lan sêrik, marang sak/padha-padha, dinukan Yang Agung, aja dumeh tan katingal, Gusti Allah tan samar ênggonireki, neng wuri ngarsanira.
  71. Aneng kanan miwah aneng kering, aneng ngisor miwah luhurira, nora arah nora ênggon, tan awarna tan wujud, pitung bumi lan pitung langit, winêngkonan sadaya, agal lawan alus, wêruhe tanpa tuduhan, lamun sira arsa weruh mring Yang Widi, buwangên kanthinira.

PUPUH XII
KINANTHI

  1. Yata wau Jêng Sinuwun, Bayat arsa dentetesi, ngelmu kamuksan sêmana, ingkang kanggo donya akhir, wus tampi wau sêdaya, ing agême nabi wali.
  2. Sunan Kali pamit sampun, anganglang jagad tumuli, kang kari datan sêmbrana, dennya têtêp anêtêpi, anut sarak rasulallah, kang kinarya aling-aling.
  3. Wus dadi kang masjid sampun, ingadêgkên pucuk wukir, / Jabalkat ing pucuk arga, pra sêhabat salat sami, munggah marang ing aldaka1, Seh Domba adan ngomati.
  4. Langkung banter swaranipun, mirêng ing Dêmak nêgari, yata wau lama-lama, kapirsa Dêmak negari, Sunan Bayat datan seba, marang jênêng ingsun iki.
  5. Pan karya nuwala sampun, pinaringkên data2 gêlis, datan kawarna ing marga, Sunan Bayat kang winarni, Sunan Kali ingkang prapta, dumrojog ana ing wukir.
  6. Heh jêbeng paran3 karêpmu, sira iku dentimbali, marang ing Dêmak nêgara, dutane wus aneng margi, lah tuturmu sêmayaa, samangsa seba tumuli.
  7. Lan owahana masjidmu, aja aneng pucuk wukir, tan wurung sira dinukan, wadule caraka iki, lah uwis mangsa bodhoa, nggonmu ngowahi kang masjid.
  8. Besuk têka dutanipun, sartane mundhi kang tulis, wus / karia kêslamêtan, sun nutugkên laku mami, sumadya Jêng Sunan Bayat, angalorod masjidneki.
  9. Wancinireng têngah dalu, mlorod ingkang ponang masjid, nora nana kang wuninga, enjinge wus aneng bumi, eram kang samya tumingal, kêsaru caraka prapti.
  10. Yata uluk salam sampun, sinauran lekum salim, sêmana wus jawat tangan, duta kalih sampun linggih, munggeng masjid lorod anyar, saking ing pucuking wukir.
  11. Ingaturkên nwala sainpun, binuka kang ponang tulis, pengêt iki layang ingwang, kang jumêneng Dêmak nagri, gêgêntine ing Yang Suksma, mengkoni sêkeh agami.
  12. Wus lami nggoningsun ngrungu, gêdhene pêsan tren neki, dene sira nora seba, iya marang jênêng mami, apa sira ngarsanana1, ngraman alus sun arani.
  13. Yen sira / têmên mung-amung, nyantri ing Allah denaglis, seba maring jênêng ingwang, besuk apa sun ênteni, sêrat sampun titi tamat, dhawuhe jêng sri bupati2.
  14. Nggih sandika aturipun, seba mring Dêmak nêgari, yen kalilan ing Yang Suksma, botên sontên botên enjing, amba seba mring Bintara, nuwun duka awak mami.
  15. Gandhek nuli pamit sampun, wus jawat tangan kêkalih, Seh Domba kang cinarita, lantipira ngaliwati3, sabarang denpirêngena, sadaya denraseng galih.
  16. Jêng Sunan Bayat duk wau, wegik yen darbe wêwadi, yen iki nora palastra, wudani  sarengat nabi, wêkasan bubrah sarengat, suwung kabeh ponang masjid.
  17. Nuju malên Jumngah wau, Jeng Sunan Bayat marêngi, golok puniku wasiyat, / saking lêluhure nênggih, ngandika esmu1 pêrsaja, sing sapa uwongireki.
  18. Mati saking golok ingsun, mati munggah swarga luwih, aja kang jalma manungsa, kabeh sakehe dumadi, mati saking golok ingwang, nêmu2 suwarga linuwih.
  19. Nuju ana lalêr mabur, mencok aneng golok mati, lajeng musna têkeng raga, munggah marang ing suwargi, Seh Domba graiteng nala, anubruk golok ngêmasi.
  20. Jêng Sunan Bayat sru muwus3, layone kinen ngulêsi4, sêmana kinubur pisan, munggeng ing jaratan wukir, Seh Domba asru nyuwara, aneng kubur rina wêngi.
  21. Kapenak têmên wong lampus, munggah ana suwarga di, wêruha lamun kapenak, neng donya lawas tan apti1, busuk têmên wong neng donya, pan nora gêlêm ngemasi.
  22. Sabên rina wêngi / muwus, Jêng Sunan Bayat nindaki, kubure wau Seh Domba, jinêjêk gamparan nuli, sarwi asru wuwusira, wong wus kapenak mbok uwis.
  23. Nulya cêp meneng ra muwus, prapteng ngalam dina akhir, sadaya wong kêthul manah2, lawan suwara tan bêcik, padha ngambila supangat, kubure Seh Domba bêcik.
  24. Bisa maca miwah sinung, suwara kang luwih bêcik, poma padha ngestokêna, lawan asung dhahar nuli, sêga golong pêpitunya, pêndhak Jumngah aja lali.
  25. Ujube ingkang densinung, nyaosi dhahar Jêng Gusti, kaping pindhone Seh Domba, lan ngambila ingkang siti, maring kubure Seh Domba, panganên pêsthi alantip.
  26. Gêntya wau kang winuwus, sira Jêng Sinuwun Kali, mêntas saking pamancingan, ingkang sinêdya ing galih, arsa / marang ing Bintara manggihi ing putra neki.
  27. Kang nama Sahida wau, tan wêruh ing ramaneki, yata pandhita sih mirma, Dyan Jaka nêmbah ngabêkti, marang suku dêlamakan, ngandika Jêng Sunan Kali.
  28. Sira iku putraningsun, alon nêmbah esmu ajrih, iya marang ramanira, dene tanpa sangkan prapti, pan nyata sampun katrima, dadi sakarsane iki.
  29. Jaka Sahida umatur, duk wiwit malih mukasi, ing mangke wus kêpanggihan, kang rama lega ing galih, kulup sira wus sinihan, hiya marang ing Yang Widi.
  30. Gugunên pitutur ingsun, pan sira tapaa malih, aneng Kadilangu desa, iku kawruhana benjing, kang nduweni turunira, jumênênga Pangran Wijil.
  31. Kang putra ngraup ing suku, pamit ing rama sang yogi, jêng sunan alon ngandika, / iya jêbeng sun ideni, dadya kang saksêjanira1, Pangeran Wijil lêstari.
  32. Sampun prapta Kadilangu, ngenggoni tilasereki, ramanira Kanjêng Sunan, Kalijaga wus miranti, duk binoyong marang Dêmak, Kadilangu kang denpilih.
  33. Jêng Sunan Kali duk wau, sakangkate putraneki, apan nêdya alêlana, nêng ta kang winuwus malih, Pangran Wijil yasanira, adalêm masjid wus dadi.
  34. Langkung bantêr tapanipun, wus mêdal kêramatneki, tandha sinihan mring Suksma, mangkono wau kawarni, Kanjêng Sunan Kalijaga, kêpanggih lan putra neki.
  35. Ngandika kanjêng sinuwun, kang putra dipunparingi, ngelmu hak ingkang minulya, mulya kanggo awal akhir, partingkah ngawruhi badan, wêjange sawiji-wiji.
  36. Wus tampi sêdayanipun, kang kalêbu lair batin, ing/sun nutugakên lampah, bantêrên tapamu kaki, lan dadia imam sira, sakehe agama luwih1.
  37. Langkung agung Jumngahipun, akeh ingkang prapta nyantri, pasisir manca nagara, lan manjing sêhabat sami, kasengsem agama mulya, saya banter mulang neki.
  38. Ing kanan kering wus masuk, agênge pêsantren neki, kathah ingkang ngaji sarak, sarengat nabi linuwih, jêng nabi niyakaningrat, kêkasihira Yang Widi.
  39. Pangeran Wijil duk wau1, pinaringan putri adi, Sunan Giri putranira, kang jumênêng kaping kalih, pan kapêrnah buyutira, mring Jeng Sunan Ngampel Gadhing.
  40. Lami-lami Kadilangu, saya rêja ngêlangkungi, pan sampun rakit ing kitha, dalême Pangeran Wijil, kapariksan2 saking Dêmak, kinen aglis animbali.
  41. Wus prapta ing Kadilangu, / duta panggih Pangran Wijil, adhawuhakên timbalan, wau kanjêng sri bupati, Pangran Wijil tur sandika3, sigra kering sang duta ji.
  42. Katur maring sang aprabu, jêng pangeran dentimbali, prapta ngarsane jêng sultan, lajêng jawat asta kalih, sampun ingaturan lênggah, ajajar lawan sang aji.
  43. Jeng sultan nulya nggêguru, marang Jêng Pangeran Wijil, winêjang sadayanira, sang nata sadaya tampi, ngelmu kamuksan sêmana, mulya ing tyas lair batin.
  44. Pangeran Wijil tinundhung, heh paman mantuka nuli, Kadilangu dika alap, turun-tumurun ing benjing, aja na angowah-owah, sun ridani lair batin.
  45. Budhal wau sang awiku, para sêhabat tan keri, gêgancangan lampahira, Kadilangu sampun prapti, wuwusên nêgari / Dêmak, jêng sultan lagya siniwi.
  46. Duta saking Bayat rawuh, dumrojog ngarsa sang aji, ngandikan tan dangu prapta, sang duta umatur aris, nggih Gusti Sri Narapata, di dalêm kinen nimbali.
  47. Dhuh pukulun Sang Aprabu, paduka utus nimbali, marang Ki Gêdhe Têmbayat, nuwun duka dalêm Gusti, sumados sakmangsa-mangsa, jêng sultan ngandika aris.
  48. Kêlangkung ngungun ing kalbu, duk miyarsa atur neki, utusan saking Têmbayat, ginalih sakjroning ati, antarane lama-lama, jêng sultan seda rumiyin.
  49. Ginênten1 sadherekipun, Raden Tranggana kang rayi2, Raden Tranggana punika, sultan Dêmak amungkasi, nêngna ing nêgari Dêmak, ing Bayat winuwus malih.
  50. Jêng Sunan Bayat winuwus, agerah sangêt sang yogi, tan arsa ingusadanan, kang garwa langkung prihatin, wus / wêruh yen takdir Allah, lamun wus prapta ing janji.
  51. Ngandika ing garwanipun, putra sêntanane sami, kang putra Pangran Pêmalang, Ki Gêdhe ngandika aris, kulup ingsun karyakêna, kaluwat sakjron ing masjid.
  52. Tan antara dadya sampun, Jêng Sunan Bayat nimbali, garwa putra wayahira, tanapi sêlir kêkasih, Pangran Pêmalang neng ngarsa, kang rama ngandika aris.
  53. Wus karia putraningsun, kang padha bêcik kang keri1, Jêng Sunan Bayat wus mapan, narik napas wus ngêmasi, kang keri wayang-wuyungan, pan sami mêngku prihatin.
  54. Pan wus siniraman sampun, layone dipunrêsiki, sawusira siniraman, ing dalêm mori ing nguni, munggeng kêndhite Jabalkat, sarengat klangkung arêsik.
  55. Ageng gara-garanipun, Ardi Jabalkat agonjing, Gunung Lawu / Mrapi munya, gumaludhug mêtu gêni, lesus mubêng awor jawah, udan awu banjir warih.
  56. Pitung dina pitung dalu, gara-gara andhatêngi, sedane Jêng Sunan Bayat, garwane langkung prihatin, Nyai Agêng duk sêmana, gerah sangêt angêmasi.
  57. Layone sinucen sampun, sinarekakên tumuli, tinunggalakên kang raka, kapêrnah kiwanereki, kang putra prihatin dahat, sedane ing dina Kêmis.
  58. Sunan Bayat sedanipun, nuju dinanira Kêmis, yaiku wulan Muharam, tanggal lima las taun Lip, sinêngkalan ingkang mangsa, nur molah kartining bumi1.

 *****@@@*****

WORO-WORO


RITUAL AGUNG UPACARA ADAT
SELAMATKAN MAJAPAHIT SELAMATKAN NUSANTARA

KOLABORASI

KADANGKADEYAN SABDALANGIT DAN KI CAMAT
KAMPUS WONGALUS DAN ALANGALANGKUMITIR

selamatkan-majapahit

Merdeka dan Salam Perjuangan, saudara-saudaraku sebangsa setanah air sejiwa dan sedarah merah putih.

 KITA BARU SAJA DIKAGETKAN DENGAN PELAKSANAAN PEMBANGUNAN PABRIK BAJA PT MANUNGGAL SENTRAL BAJA DI DI KAWASAN PENYANGGA SITUS TROWULAN MAJAPAHIT. TEPATNYA DI PINGGIR JALAN SURABAYA-MADIUN, DESA JATI PASAR DAN DESA WATES UMPAK.

Kita ketahui bersama bahwa situs Trowulan merupakan peninggalan Kerajaan Majapahit dari abad ke-13 sampai 15 Masehi dan sebenarnya situs itu sudah diajukan pemerintah kepada UNESCO sejak 2009 sebagai Warisan Dunia.

Situs purbakala trowulan ditandai Wringin Lawang, yakni gapura untuk masuk kota kuno Majapahit, berupa susunan batu bata merah setinggi 15,5 meter, sedangkan luas dasarnya sekitar 11 meter x 13 meter dengan Wates Umpak sebagai fondasi bangunan.

Salah satu situs trowulan adalah kolam segaran yang luasnya sekitar 500 meter x 800 meter yang ditemukan tahun 1926. Segaran (bahasa Jawa) berarti laut buatan. Bangunan air tinggalan masa Majapahit ini berkaitan dengan sistem jaringan kanal, sebuah teknologi adaptasi warga Majapahit terhadap kondisi alam dan musim. Luas kolam ini sekitar enam kali lapangan sepak bola. Selain situs itu, terdapat pula Candi Tikus berupa pertirtaan atau kolam pemandian ritual yang ditemukan pada 1914. Di bagian lain kawasan Trowulan juga ada Candi Bajang Ratu berupa susunan batu bata dengan struktur yang indah setinggi 16,5 meter.

Luas wilayah kota Majapahit kuno diperkirakan 9 km x 11 km. Selain kedua situs itu, terdapat pula Candi Tikus berupa petirtaan atau kolam pemandian ritual yang ditemukan pada 1914. Di bagian lain kawasan Trowulan juga ada Candi Bajang Ratu berupa susunan batu bata dengan struktur yang indah setinggi 16,5 meter. Di sisi lain, terdapat kolam segaran yang luasnya sekitar 500 meter x 800 meter yang ditemukan tahun 1926 dan situs-situs lainnya yang unik. Sejumlah situs ini ditemukan pada masa kolonial Belanda dalam kondisi terkubur lumpur. Diduga situs peninggalan Majapahit itu terkubur material letusan Gunung Kelud.

SAUDARA SETANAH AIR, SEDARAH DAGING SEJIWA BUDAYA NUSANTARA :

Pembangunan pabrik baja PT Manunggal Sentral Baja di dekat situs Trowulan tetap dilanjutkan kendati protes bertubi-tubi datang. Ratusan warga Trowulan telah melakukan unjuk rasa, Jumat (19/7/2013) khususnya warga Desa Jatipasar dan Wates Umpak, Kecamatan Trowulan. Mereka menuntut pembatalan pembangunan pabrik baja di desa mereka. Selain bisa menyebabkan pencemaran, juga dikhawatirkan mengancam situs purbakala, khususnya peninggalan Kerajaan Majapahit.

Pabrik tersebut luasnya 36.728 meter persegi dan dibangun di atas area pabrik lama milik PT Pembangkit Ekonomi Desa. Pabrik lama yang sudah ada sejak tahun 1970-an itu bergerak di bidang pengolahan hasil pertanian. Adapun pabrik baja itu nantinya akan melakukan pengecoran pelat baja pada alat-alat berat. Jarak antara lokasi pabrik yang menggunakan lahan seluas empat hektare itu hanya sekitar 500 meter dari Gapura Wringin Lawang dan Candi Wates.

SAUDARA SETANAH AIR, SEDARAH DAGING SEJIWA BUDAYA NUSANTARA :

Kita sadari bahwa kini era otonomi daerah yang memberi kewenangan Pemerintah Kabupaten/Kota mengeluarkan perijinan untuk pembangunan pabrik. Termasuk pabrik baja PT Manunggal Sentral Baja di kawasan situs purbakala Trowulan.

Pemkab Mojokerto setidaknya telah bertindak ceroboh fatal dan hanya MONEY ORIENTED belaka dalam mengambilan kebijakan soal pembangunan pabrik baja tersebut.  Pemkab telah mengeluarkan Ijin Mendirikan Bangunan (IMB) dan Izin Prinsip atau Izin Rekomendasi Bupati. (Sampai saat ini baru Izin Prinsip dan IMB yang sudah diterbitkan. Izin operasional lainnya belum.  Kendati demikian, berdasarkan pantauan kegiatan pembangunan terus berlangsung, seperti menyipkan fondasi untuk tiang-tiang penyangga pabrik).

Izin lain yang sudah diterbitkan yaitu izin Gangguan Pendirian Perusahaan Industri Pengecoran Besi Dan Baja melalui Badan Perizinan Terpadu dan Penanaman Modal Pemkab Mojokerto pada 14 Juni 2013 lalu.  Surat izin itu juga disertai pernyataan bahwa jika dalam waktu 10 hari sejak terbitnya pemberian izin tidak ada keberatan dari masyarakat, maka permohonan dianggap tidak ada masalah. Sayangnya  warga mengetahui izin tersebut setelah lewat 10 hari dari tanggal penerbitan izin.

Memang sudah ada dialog dengan warga dan DPRD Kabupaten Mojokertodipimpin Ketua DPRD Setya Puji Lestari. DPRD juga sudah merekomendasikan agar Pemkab Mojokerto menghentikan proses pemberian izin karena cacat hukum. Sebab, kawasan tersebut merupakan penyangga situs yang ada di dekatnya. Itu sebabnya, DPRD, atas desakan warga, meminta pembangunan pabrik dihentikan sementara sampai ada solusi terbaik. Namun pada kenyataannya rekomendasi itu mandul dan pembangunan tetap diteruskan.

Desakan mengalir agar pembangunan pabrik ini dihentikan terus saja mengalir, namun lagi-lagi pemerintah tutup mata tutup telinga dengan protes dari banyak pihak ini. Pemkab Mojokerto dan Bupati Mojokerto sama sekali tidak punya keperdulian dan kepekaan terhadap makna dan hakekat pelestarian situs purbakala. Oleh karena itu selamatkan Situs Trowulan dari rencana apapun yang merusak pelestarian kawasan budaya!!!

Bagaimana peran Balai Pelestarian Cagar Budaya (BPCB) Trowulan? Ternyata BPCB  lempar tanggungjawab dan membantah pihaknya pernah mengeluarkan rekomendasi kepada PT Manunggal Sentral Baja untuk membangun pabrik pengolahan baja di lahan yang dekat dengan situs Kerajaan Majapahit.

BPCB mengakui pernah mengeluarkan surat kepada pihak perusahaan yang isinya menyatakan bahwa bekas gudang yang ada di lahan tersebut bukan bangunan cagar budaya setelah pihak perusahaan meminta penjelasan ihwal bangunan yang berdiri di atas lahan yang akan digunakannya membangun pabrik pengolahan baja. Di surat tersebut disampaikan bahwa BPCB Trowulan menyerahkan sepenuhnya kepada Pemerintah Kabupaten Mojokerto yang berwenang memberikan izin usaha.

Tim arkeolog pernah mencoba menggali lahan di lokasi yang digunakan untuk membangun pabrik baja. Setidaknya ada lima titik secara random digali, tapi tim belum menemukan apa-apa.

BERDASARKAN FAKTA-FAKTA DI ATAS KAMI MENDESAK :

Pemerintah wajib selamatkan Situs Trowulan dari segala kerusakan. Pemerintah bersama DPRD Kab Mojokerto harus segera menetapkan kawasan trowulan dalam Situs Cagar Budaya untuk mencegah berbagai upaya perusakan dengan secepatnya menetapkan peraturan daerah tentang Rencana Tata Ruang Wilayah yang saat ini masih berbentuk Rencana Strategis (renstra) yang belum disahkan DPRD. Dalam renstra tersebut, wilayah Kecamatan Trowulan dimanfaatkan sebagai industri pariwisata dan kebudayaan. Adapun kawasan industri berat berada di Kecamatan Ngoro dan Jetis, sedangkan agrobisnis di Kecamatan Trawas dan Pacet. Oleh sebab itu tidak ada alasan pabrik industri berat dibangun di Trowulan.

Hentikan pembangunan Pabrik Baja di di situs Kerajaan Majapahit, di Trowulan, Kabupaten Mojokerto, Jawa Timur.  Cabut Izin mendirikan bangunan sudah diberikan Pemerintah Kabupaten Mojokerto (IMB) karena cacat hukum telah terjadi.

Peliharalah semua situs purbakala di negeri kita dengan cara cara arkeologis yang benar dan ilmiah karena memelihara situs purbakala sama dengan menjaga warisan nenek moyang bangsa kita. Selamatkan majapahit, selamatkan nusantara!!!

Untuk mewujudkan agenda aksi di atas, kami akan menyelenggarakan satu upacara/ritual adat sebagai berikut:

ACARA :  RITUAL AGUNG UPACARA ADAT, SELAMATKAN MAJAPAHIT SELAMATKAN NUSANTARA

HARI/TANGGAL : SABTU PON/ MALAM MINGGU WAGE, 21 SEPTEMBER 2013

PUKUL :  21.00 WIB S/D 00.00 WIB

TEMPAT : HALAMAN CANDI BRAHU, TROWULAN MOJOKERTO, JAWA TIMUR

PAKAIAN : DISARANKAN MENGENAKAN PAKAIAN NASIONAL ATAU PAKAIAN ADAT/ DAERAH

MATA ACARA :

1. PEMBUKAAN

a) Sambutan & materi latar belakang masalah.

b) Lantunan têmbang Pangkur

2. ACARA INTI :

a) Latihan olah nafas dan meditasi.

b) Inaugurasi : puisi kebangsaan oleh regu.

c) Upacara adat.

d) Keakraban & Penutupan.

Merdeka dan Salam Perjuangan saudara-saudaraku sebangsa setanah air, sejiwa dan sedarah merah putih.

HORMAT KAMI

KADANGKADEYAN SABDALANGIT

KI CAMAT

KAMPUS WONGALUS

ALANGALANGKUMITIR

SERAT CONDRORINI


PUPUH I
SINOM

1.        // Kang agnya gita sri nata / ing Surakarta nagari / Pakubuwana ping sanga / mangun wasitaning estri / ingkang cinitreng ari / Respati tanggal ping pitu / Jumadilakir wulan / kanem Be sangkaleng warsi / piyarsakna trusing kang sabda narendra //

2.        // Liring kang wiyata arja / ujar ugering pawestri / kang winayuh dennya krama / yogya ngupakareng dhiri / majrenih mardiweni / wiwida gônda rum-arum / rumarah ngadi warna / winoring naya memanis / mangesthia ing reh cumondhonging karsa //

3.        // Awit jenenging wanodya / pegat dennya palakrami / nistha nir kadarmanira / wigar denira dumadi / sami lan mangunteki / kang badhar subratanipun / punggel kaselan cipta / marma sagunging pawestri / marsudia widadaning palakrama //

4.        // Den kadi duk jaman purwa / garwanta Sang Pandhusiwi / kang kocap layang wiwaha / lelima ayu linuwih / tiga putrining aji / kang kalih atmajeng wiku / pantes dadya tuladha / estri kang kanggeping krami / winursita dyah lima candraning warna //

5.        //Kang sepuh Wara Sumbadra / saking Mandura nagari / atmaja Sri Basudewa / ing warna ngresepken ati / sumeh kang netra lindri / pasaja ing driya tangguh / semu kurang budaya / awijang dedeg respati / kuning wenes labete amung kepama //

6.        // Tan pati ngadi busana / mangu kadung yen lumaris / jetmika arang ngandika / tan regu semune manis / lirih tanduking angling / lumuh ing wicara sendhu / amot mengku aksama / tuhune pribadi pinrih / setyeng priya datan lenggana sakarsa //

7.        // Mring maru kadi sudara / rumesep tan walang-ati / sanadyan kurang budaya / legawa anrusing batin /winongwong widadari / labet kadangira Wisnu / marma Sang Dananjaya / pamengkune semu ering / marunira anggepe sami nyuwita //

8.        //. Myang raka Sri Baladewa / miwah Prabu Harimurti / kalangkung ing tresnanira / marang Dyah Banoncinawi / kadang estri satunggil / kapisah panggenanipun / mila tansah anduta / wau sang narendra kalih / tanya warta mring Sang Retna Madubrônta //

PUPUH II
DHANDHANGGULA

1.        // Garwa ingkang panenggak winarni / apeparab Dewi Manohara / saking pratapan wijile / putranira sang wiku / Manikhara ingkang palinggih / wukir tirta kawama / ing warna pinunjul / kadi gambar wewangunan / netra jait anteng pamulune manis / yen paes wimbuh endah //

2.        // Nadyan ngusut yekti maksih manis / wônda luruh kang bau awijang / maya-maya sawangane / amardapa ngenguwung / kuning wenes masemu wilis / lir Hyang pudhak sinurat /katon warnanipun / tan pae pepindhanira / ôndakara kataweng ima manipis / rumamyang amradipta //

3.        //Anyunari ingkang sitaresmi / kuciwane pan namung samatra / dene lugas gegelunge / ananging maksih mungguh / sarwa ramping sranduning dhiri / marmanta kurang madya / ing pambayunipun / lir tawon gung kang gumana / lambungira satata amilangoni / kadya sekar kintaka //

4.        // Lathi dhamis anggula sathemplik / rekta kadya kang manggis karengat / kengis dening wiragane / waja amiji timun / rentet rampak ing pucuk kuning / kumilat wor wicara / weh kesar kang dulu / sarwalus sasolahira / yen amesem iriban arang kaeksi / sinamun pangandika //

5.        // Tembung arum rumaket amanis / tandukira angengayuh driya / bisa nuju ing karsane / priya myang marunipun / pinapangkat dennya ngladeni / susila anoraga / sepi ing piyangkuh / enget trahing dwijawara /betah nglapa kareming bôngsa ngastuti / asmara mring sasmita //

PUPUH III
ASMARADANA

1.        // Panengah Dewi Ulupi / atmajanireng pandhita / Bagawan Kanwa wastane / dhepok wukir Yasarata / endah respati warna / liringe anunjung biru / sumorot kadi kartika //

2.        // Dhemes sedhep merak ati / kadi pratima rinengga / sarenteg bang-bang awake / maweh brônta kang tumingal / liringe pindha wulan / tan pegat maesmu guyu / kengis kang waja gumebyar //

3.        // Antenge wekasan keksi / sumeh ing pamulunira / pantes yen amathet lambe / ngiras mintokaken waja / wangun tetesing toya / kataman baskara nawung / lir tranggana mrih sasana //

4.        // Jaja welar weweg isi / gemuh ingkang payudara / parigel patrap solahe / kewes wedaling wicara / tinut liringing nitya / tandang tanduke rumengkuh / mring priya myang marunira //

5.        // Bisa cawis angladeni / kang dadi kareming priya / myang putra cethi sedene / marma wong sa-Madukara / ajrih asih sadaya / suyut tur mawa kayungyun / prabawa wijiling tapa //

PUPUH IV
MIJIL

1.        // Garwanira Sang Partasumendhi / ingkang cinariyos / Retna Gôndawati kekasihe / Sri Arjunayana kang sesiwi / nateng Sriwadari / ing warna pinunjul //

2.        // Dedeg ngropoh sarira anglentrih / tur mardapa tinon / kuning wenes wingit pasemone / anteng jatmika ruruh yen angling / ing wiweka titi / kurang gujengipun //

3.        // Rema memak ngendra wila wilis / ngrarompyoh kang sinom / jôngga lumung welar pranajane / maya-maya lir cengkir piningit / anggandhewa gadhing / wijang baunipun //

4.        // Wiragane anenangi branti / yen lumampah alon / ngembat madya alemes lambunge / anglir tunjung lumengganging warih / kasiliring angin /wah gandanirarum //

5.        // Susileng tyas sumawiteng laki / dumulur sapakon / kinawruhan maru sesikune / winaweka winoran memanis / yen rengat pinlimping / ing wicara arum //

6.        // Wasis saliring karyaning estri / reratus kekonyoh / widadari sang dyah pagurone / winulangken mring marune sami / mrih dadia kanthi / ngladeni ing kakung //

PUPUH V
KINANTHI

1.        // Garwa kang pamekasipun / nama Sang Wara Srikandhi / saking nagari Cempala / reja ingkang asesiwi / Sri Maha Prabu Drupada / ing warna tuhu linuwih //

2.        // Jenar pasariranipun / kadi kancana sinangling / wadana nuksmeng sasôngka / liringe galak amanis / budiman ingkang umulat / sedhet dedege respati //

3.        // Gandhang kang wicara tanduk / gandes kewes anglayoni / tulus raharjaning driya / kalamun slanggatan angling / datan  mawi tiningalan / sinambi ngliring dariji //

4.        // Amung lawan kakungipun / kalamun den andikani / patitis saulonira / cumondhong mapanken liring / sumeh esmu guyunira / gumebyar kang waja kengis //

5.        // Narawung lir thathit barung / tumempuh sumyur ngenani / curna prananireng priya / marma lamun den ladosi / marang Sang Putri Cempala / Sang Parta sande anangkil //

6.        // Lawan sukane sang ayu / maos sagung srat palupi / kang sekar Wisatikandhah / swara arum tan brebegi / kenyut sanggyaning miyarsa / yen sampun den wursitani //

7.        // Bakit mantes lan memangun / jumbuh ingkang busanadi / tumrape marang sarira / ing warna tibaning wanci / nyamlenge tan mindho karya / dadya tuladaning estri //

8.        // Miwah marang para maru / rinasuk dipun slondhohi / nora keguh rinengonan / gapyak-gapyuk den srowoli / dadya nora bisa duka / lejar lumunturing kang sih //

9.        // Puwara momong angugung / marang Sang Retna Srikandhi / tuwin Risang Dananjaya / antuk babah denirasih / nanging Sang Retna Cempala / tangeh yen ageng kang galih //

10.     // Awit wus waskitheng tuduh / dadya denira males sih / bekti marang maratuwa / gumati mring Dewi Kunthi / pamunjunge saben dina / sakarsane den turuti //

11.     // Yeka ta cariteng dangu / estri kang kanggep ing laki / nalikane jaman purwa / wus kawilang yen utami / marma yogya pinirita / pakolehe pinarsudi //

12.     // Pinangkat sakadaripun / kang kanggo ing jaman mangkin / ywa kongsi tanpa tuladan / buwang caraning dumadi / bokmenawa tibeng nistha / ina lupute pribadi //

13.     // Tatas titising pangapus / gita wiyataning estri / sang maha prameng lukita / satetanggung ingastuti / waranta sri naranata / winastan srat Côndrarini //

PUPUH VI
POCUNG

1.        // Dyan pinucung mastuti rehing pitutur / esthining wardaya / memudhar wedharing budi / braminteng tyas taman kendhat analôngsa //

2.        //Ruwiyanung amarna reh garwanipun / Arya Dananjaya / maksih sakawan winarni / padmi kalih kekalih pangrembenira //

3.        // Kang tinutur rumuhun dyah kang jejuluk / Dewi Manikarja / putrane jawateng warih / ajejuluk Pukulun Sang Hyang Baruna //

4.        // Tuhu punjul warnanta sang kusumayu / prasajeng lelewa / jenar pasariran gilig / maya-maya tinon lir sarpakenaka //

5.     // Dedeg ngrangkung yen lumampah lengkung-lengkung / amucang kanginan / netra jait naya lindri /imba layu malengkung kadi wangkawa //

6.        // Pindha juruh eseme winor lan tanduk / arum ngarah-arah / rumaket resep tarampil / liringira lir thathit barung lan kilat //

7.        // Ambek sadu jatmika ing driya tangguh / bekti marang priya / susila anut sakapti / kinawruhan rengune maru lan garwa //

8.        // Lir sadulur rumengkuh atut aruntut / tan ana rinengat / mring maru nir walang-ati / bisa karya gambuhing wardayanira //

PUPUH VII
GAMBUH

1.        // Garwa ingkang kapitu / Dyah Maeswara panenggakipun / sang sudewi putri saking Argadani / yoganing sang maha wiku / Sidhi Wacana kinaot //

2.        // Sama-samaning wiku / sang retna tuhu warna pinunjul / anyunari tinon lir pratima gadhing / lekering wadana mancur / kuning mawenes cumlorot //

3.        // Wandanira sang ayu / dedeg pidegsa sarira pupuk / weweg musup turut saranduning dhiri / amardapa  sri ngenguwung / pindha sasôngka mancorong //

4.        // Balerah netra cancut / idep rampak rentet nengeng luhur / roning imba alisnya ketel tur langking / kang athi-athi malengkung / mring karna ngrompyoh kang sinom //

5.        // Waja tetesing ranu / sumorot pindha kartika nawung / kengis lamun wicara linuding liring / saengga kilat mrih dunung / weh kesaring tyas kang tumon //

6.        // Tanduk atuntung guyu / luwes wilet sasolahe patut / lelewane satata amilangoni / beksanta susileng kakung / jatmika anut sapakon //

7.        // Miwah mring para maru / rumaket resep tan darbe rengu / sih-sinihan wus kadi kadang pribadi / suka pirena sadarum / marang ing dyah garwa anom //

8.        // Sumungku mring marsepuh / marang garwa pangrembe sih mengku / dadya runtut runtungan saeka kapti / padmi pangrembe aguyub / tan pegat tyaseagolong //

PUPUH VIII
MEGATRUH

1.        // Sampating kang cariteng garwa pepitu / ingkang minôngka pademi / garwa pangrembe winuwus / lire pangrembe pan selir / kekasihe kang sawiyos //

2.        // Retna Rarasati parabe sang ayu / niken sutane patinggi / Ki Ontagopa pepangul / bawahing Mandura nagri / Widarakandhang ran dhukoh //

3.        // Warna punjul kadi lepiyan winangun / dadya angebat-ebati / labet tinggal bapa biyung / ambesat citranta luwih / kadi sasôngka duk miyos //

4.        // Dedeg sedheng pidegsa sarira lurus / wonda jenar anyunari / anglir kancana ginangsur / wadana lancap aresmi / ujwalanira sumorot //

5.        // Netra jait baranyak sumeh pamulu / gandhang kang swararum manis / sasolahe teka patut / dhemes pantes merak ati / gandes luwes yen miraos //

6.        // Liringira lir siring ingkangkilat pyuh / sembada utameng budi / susila anuting kakung / myang maru tan walang-ati / resep rumaket sumlondhoh //

7.        // Tepung rukun tan ana kang darbe rengu / karana waskitheng budi / tan kewran ing agal alus / sanadyan wijiling alit / tan pae atmajeng katong //

8.        // Amumpuni kretarta ing driya tangguh / pasanging graita lantip / sang retna pakaryanipun / bawani sagung sesaji / dhadharaning priya among //

9.        // Sarwa wasis masalah pangolahipun / dhadharan kang adi-adi / cara Suralaya patut / wulanganing widadari / mawarna-warna kinaot //

10.     // Sumawana sang retna rikaleng dangu / parekanira sang dewi / Wara Sumbadra sih lulut / nyuwita saeka kapti / myang kadang tunggil pasuson //

11.     // Marma marunira sadaya tumutur / tresna lir sayayah bibi / Sang Parta kasok sihipun / sira dyah sumungku bekti / tan kumambang lair batos //

PUPUH IX
MASKUMAMBANG

1.        // Pamekase garwa pangrembe winarni / putri beboyongan / saking pulo Rajapethi / putri Sri Sasrakusuma //

2.        // Apeparab Sang Retna Dewi Sulastri / tuhu yu utama / legawa anrusing budi / susila solah pasaja //

3.        // Wônda jenar semu wilis netra lindri / jatmika nuraga / tanggon pamulune manis / wenes ijo amardapa //

4.        // Dedeg ngronje awija kang buja gilig / turut lumung jôngga / madya pambayunnya kadi / gadhing tinon maya-maya //

5.        // Rema memak lemes ngendra wila wilis / imba lir wangkawa / wiragane ngincang alis / binar myang esem nyarkara //

6.        // Maweh brônta kang tumingal sang retnadi / kadi singa lupa / lampahing pada tanduking / amembat lambung lir beksa //

7.        // Pambuncanging asta anggandhewa gadhing / amanyura kontal /satindak mangu manolih / kadi rebah kabaratan //

8.        // Ambeksanta setya tuhu marang gusti / dumulur saprentah / sumala marmanta asih / sang arya myang para garwa //

9.        // Dhasar nguni minôngka patiba sampir / sang dyah lan curiga / wasiyat ran Pulanggeni / dadya srananing pangantyan //

10.     // Tan pepeka pra maru sadaya asih / saben sinusupan / karsane sawiji-wiji / wijahing budi raharja //

11.     // Pakaryanta sang kusuma ambawani / busaneng sang arya / tuwin Dyah Banoncinawi / myang Raja Putri Cempala //

12.     // Katiganya Retna Dewi Gôndawati / marma dyah katiga / rumesep sengseming asih / rahap-rumahap sadaya //

13.     // Pangrengkuhe mring Retna Dewi Sulastri / rumaket lir kadang / kang anunggal yayah bibi / tan kaba-kaba ing driya //

14.     // Ing pamarah pamuruke kang kranaris / samatra tan môntra / yen maru maroning laki / tangeh rengu rengating tyas //

15.     // Mandar panyiptane pra garwa pangarsi / mring Sulastri Retna / ingaken kadang wuragil / linaela pinilala //

16.     // Nanging ciptanira putri Rajapethi / tanna pisan-pisan / ugungan agunging galih / malah susila ngawula //

17.     // Sungku sungkemira kamantyan jrih asih / mring maru kang wredha / pan samya inganggep gusti / kinawruhan sowang-sowang //

18.     // Bisa mangkat ing parikrama basaris / rumeseping prana / nadyan antenging patitis / netes rumanti ing driya //

19.     // Tan kumendel kumandel kendeling budi / nyenyama utama / yen sam atmajeng aji / malejeri ing prajarja //

20.     // Ing sarambut aran nora anglabeti / cipta kang mangkana / mung kumawula anggusti / cumadhong cadhanging karsa //

21.     // Siyang dalu mung nedya rumagang kardi / sumurup rumahab / sumusup rumesep ngati / atetes satiti tata //

22.     // Dene marang samane garwa taruni / mring Ken Rarasatya / rumemen dennya nglumuhi / atut runtut tan kena sah //

23.     // Tan kemeron  yen maron maru sinelir / pangrehing pangarah / sakaroron nunggal kapti / lerem rehing pasudaran //

24.     // Mong-ingemong tan semang-semang salami / sama parimarma / narima kadarman kalih / amot memet ing utama //

25.     // Dadya Sang Dyah Sulastri ing siyang ratri / katrem sinagotra / pinitresna sang suputri / putrine Sang Pandhuputra //

26.     // Ganti-ganti denira angrumanteni / mematah pakirtyan / sangkep ikating pangrakit / tuhu tyas pasthika maya //

27.     // Marma sagung cethi parekan ban sami / yam-yamen umiyat / ambeking Retna Sulastri / setya legawa ing karsa //

28.     // Maring dasih tansah mangangsungi ing sih / ing karsa arsaya / marma pra dasih jrih asih / sumusup samya rumeksa //

29.     // Amemudya karaharjaning dumadi / dumadining sedya / sedyaning wong gurunadi / nadi sudiya rumabda //

30.     // Para maru memeruha ing pangarih / nuruh manohara / aruma lir sari-sari / rumaras rehing sarira //

31.     // Kinaruha dera Sang Wara Apsari / memurih nyudara / rem-rema rehing aurip / iswara kowaraningrat //

32.     // Papas papal palupi kang rinarepi / panjurung wuwuhan / garwanta Sang Pandhusiwi / sanggyaning para wanodya //

33.     // Ngastutia tata-tataning pawestri / rehing palakrama / ngemu malaku utami / telada kang kacarita //

34.     // Den asabar sadu darana ing budi / ngawula ing priya / suprihen waluya jati / aja ngegungken wanodya //

35.     // Sayektine kudu surti ngati-ati / nastiti ing tata / ngawruhi ambeking laki / lakonana tarak brata //

36.     // Aja kurang samapta tataning kapti / rumanti ing patrap / pinataha kang patitis / pantesen pangruktinira //

37.     // Lawan kudu den bisa nuju ing laki / apa kang sinedya / lamun ora bilaeni / iya kalaren kewala //

38.     // Nadyan kina marua ing sanga sisih / aja pisan-pisan / nganti sakseriking laki / terusnadaleming driya //

39.     // Aywa cipta panas mring marunireki / mandar surupana / supaya lulus lestari / utama panemunira //

40.     // Sawatara den bisa angirib-irib / nelad labuhannya / garwane Sang Pandhusiwi / widadaning palakrama //

41.     // Mongka iku putrane para narpati / myang suteng pandhita / tan pae darahing luwih / tapa lan amengku praja //

42.     // Suprandene tan môntra-môntra nglabeti / yen darahing tapa / miwah darahing narpati / sungku sungkeming ngawula //

43.     // Maring laki pangrengkuhing batharadi / ngudi kawidadan / jrih teruse lair batin / cundhuk cumondhong ing karsa //

44.     // Marma para kenya eling den aeling / ngelingana nulad / laladaning wanodyadi / sedya angudi widada //

45.     // Yekti abot pratikele wong akrami / aywa anggegampang / amiyagah ing pambudi / luput pisan kena pisan //

46.     // Lamun gampang sayektine luwih gampil / yen angel kangelan / tan kena tinambak warni / myang tinambak rajabrana //

47.     // Titi tamat panitranireng ratyadi / kang mongka pralambang / palupining pra kenyadi / raharjaning palakrama //

48.     // Amarengi ing ari Anggara Kasih / candrama sutresna / pralikan Rabingulakir / kayuman warsa Jimawal //

49.     // Sayogyane kenya mangesthia jati / lambanging sangkala / rikala manurat jari / mangayubagyeng wasita //@@@

%d bloggers like this: