alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT SANASUNU


“”” PUPUH 01 “””
DHANDHANGGULA

Awignam astu namasidhi, sinidaa déra sang murbèngrat, kang anglimputi saraté, déné ulun mangayun, makirtya ring kanang palupi, lepiyan kang supadya, dumadya wuwuruk, ing suta wayah priyawak, sinengkalan Sapta Catur Swarèng Janmi, janma nis kumadama.

Kumadama memeksa mawardi, sanggyaning kang atmaja wus werda, widadaa sawadiné, mardi mardayèng sadu, sadarganing darsanèng urip, ngarep-ngarepa harja, harjaning tumuwuh, tuwuh tarlèn sekarira, ya marmanta mandaya mardamèng wangsit, wasita winatara.

Watara ring tutur amartani, martotama temen tinumana, ketamana ing tulatèn, tula-tula tumulun, tétélaa temah katali, talika winenangna, monang kang amangun, Yasadipura mangaran, wektyaning ngling hèh sanggya nak putu mami, yèki leksanakena.

Muhung kinarya pengéling-éling, laku lalakonirèng ngagesang, sun karya rolas warnané, warna ingkang rumuhun, élinga yèn tinitah janmi, kapindho ingkang warna, élinga sutèngsun, yèn sinung sandhang lan pangan, warna ingkang kaping tri sira dèn éling, yèn kinèn angupaya.

Ing wetuning sandhang lan rejeki, akasaba saking tapak tangan, kaping sakawan warnané, paréntahé Hyang Agung, kinèn Islam manut Jeng Nabi, rasul nayakaningrat, warna kang limèku, busana lan pakaremen, warna kaping nenem slira dèna éling, lakuning pawong mitra.

Akakancan sasamining janmi, déné warna ingkang kaping sapta, yèn abukti nèng wismané, yèn turu yèn lumaku, késah saking wimanirèki, warna kang kaping astha, kurmat ing tatamu, kaping sanga rikang warna, wektuning ngling myang wektuning barang rusti, salamining ngagesang.

Warna kaping sadasa tinulis, yèn tumitah sira mring Hyang Suksma, gedhé kalawan ciliké, kaping sawelasipun, dèna éling titahing Widhi, sudaning kang darajat, gingsiring kang wahyu, apa ingkang dadya sebab, warna ingkang kaping rolas dipun éling, obah osiking jagad.

Jangkep kalihwelas ingkang warni, nahan warna kapisan kocapa, dèna éling salaminé, yèn tinitah sirèku, saking ora maring dumadi, dinadekken manungsa, metu saking henur, rira Jeng Nabi Mukhammad, katujuné nora tinitah sireku, dumadi sato kéwan.

Dèn agedhé sokurirèng Widhi, haywa lupa sirèng sanalika, dèn rumeksa ing nguripé, dèn madhep ing Hyang Agung, dèn apasrah haywa sakserik, manawa ana karsa, uripta pinundhut, ngaurip wasana léna, tan tartamtu cendhak dawaning ngaurip, haywa acipta dawa.

Haywa cipta cekaking ngaurip, yeku dudu ciptaning kawula, dawa cendhak wus papancèn, mung ciptaa sutengsun, mati ana sajroning urip, mangkono pan winenang, cipta kang saèstu, madhep kamawuleng suksma, tan sumelang ananira saking Widhi, widagdeng cipta maya.

Gantya warna ingkang kaping kalih, linahirken sira anèng dunya, sinung sandhang lan pangané, yèku sira dèn émut, tuwa sandhang kalawan bukti, lahiring kang manugsa, saking garbing ibu, jabang tan banjur dinulang, sayektine sandhang popok kang rumiyin, ya sandhang ya bok dunya.

Hiya pangan hiya bok rijeki, karo iku apan ta tariman, saking Hyang kang amurbèng rèh, bok dunya bojo sepuh, bok rijeki bojo taruni, dèn bisa momong sira, bariman ro iku, bok dunya garwanta tuwa, yèku ingkang milu urip milu mati, dé garwanta taruna.

Bok rijeki iku apan dadi, kuwat panganti-anti ngagesang, lire dèn bisa momonge, haywana kongsi  mutung, yèna purik tariman kalih, lungané luwih rikat, lir kilat sumemprung, tan bisa nututi sira, nungsang-nungsang dhuh rusak badanirèki, nistha brangta mangarang.

Rangu-rangu rongèh muring-muring, ringringané asalah grahita, yèn sisip-sisip sembiré, nir kamanungsanipun, sarupa lan kéwan wanadri, anyandhak-nyandhak tuna, gayuh-gayuh luput, saking tan betah tinilar, ing garwa ro temah ngrebut dèn lakoni, ing garwaning wong liyan.

Ngutil methet anyolong mamaling, yèn konangan atombok umurnya, kaèsi-èsi patiné, lir sato gumalundhung, marma kabèh dipuna éling, pamomonging tariman, dèn watarèng kayun, sihana inga sawatara, among haywa karo kongsi lunga purik, yen abanget sihira.

Mring kakasih tansah amangun sih, papasihan sumungku satata, mong wiraga karagané, nutug nutugken kayun, lali marang kang narimani, katungkul ambaruwah, sumungkem sumungku, yèn mangkono nora kuwat, badanira apes ingkang sira panggih, tan bisa lumaksana.

Migeng-migeg kawaregen kalih, yèn lumaku banjur kajungkélang, tiba galundhung jurangé, kebentus watu ajur, kojur tibèng nisthaning nisthip, papa tanpa pantaran, kapiran kapatuh, yèkuta haywa mangkana, dèna sedheng haywa kabangeten ing sih, mring rejeki lan dunya.

Nahan warna ingkang kaping katri, parentahing Hyang kinonta sira, angupaya ing wetuné, sandhang panganirèku, akasaba metua saking, ing tapak tanganira, pan utaminipun, wetuning karingetira, nora kurang penggawéyan ing dunyèki, wetuning sandhang pangan.

Wawatesaning ngupaya bukti, yèn wong lanang amikul ing salang, wong wadon géndhong seniké, barang upaminipun, géndhong mikul jalu lan èstri, yèn lagya pesing badan, bédané kalamun, sinung kasdéra Hyang Suksma, amgupaya sandhang pangan teka gampil, yèn gampang den waspada.

Sangkaning arta yèn tan prayogi, haywa arsa sanadyan akathah, yèn during sah haywa pinèt, sathithik yèn panuju, dèn pakolih amburu kasil, liring pakolih ingkang, sah terang ing kukum, tuwin ta wewekasingwang, yèna kasab mrih upajiwa ngaurip, haywa nganakken arta.

Nora arus nadyan énggal sugih, ing wasana sira nemu papa, kapapan nora warisé, saking para leluhur, kasab iku ingkang utami, amongtani sesawah, gaga ananandur, akèh warnaning akasab, lakonana dèn taberi dèn nastiti, abot wong golèk pangan.

Haywa ngenthengken wong golek bukti, paé sato kéwan tanpa ngakal, golèk pangan mung cangkemé, mara banjur barakud, suket godhong kang dèn gayemi, béda lawan manungsa, saking ngakal metu, yèn tan olih kang mangkana, kang mangkéné yèn kang mangkéné tan olih, kang mangkono antuka.

Lamun antuk angupaya kasil, dipun ageng panarimanira, sukura ing Hyang nikmaté, haywa dupèh sirantuk, among kedhik kasabirèki, pan iku paparingan, nugraha Hyang Agung, pinaringan pira-pira, luhung endi kang tan bisa olih kasil, kasabé papariman.

Yèku satengah tan den paring, rahmating Hyang pinunggel ngamalnya, tan dinawakken ngamalé, kasabé wus pinulung, pan kepalang-palang tan olih, labet wahyu kinebat, ngakalé binawur, duk bocahé kurang ajar, tuwa0tuwa katula dhinadhung ngéblis, lapak tan amicara.

Lamun amicaraa sayekti, nora bisa agaga sasawah, dadiya tukang lan pandhé, saying sasaminipun, yèn tan bisa manjaka dingin, abot ènthèng pan kathah, pakaryaning manus, utama yèn angawula, angapedhak dèn pethel angering-iring sarta, jujuring manah.

Marma éling-éling dèn pakéling, anak putu padha rumangsaa, yèn kawula sru apesé, haywa dupèh tinunggu, bapa-biyung misih ngaurip, angabdi ing naréndra, sapatuté cukup, yèn mangkono ciptanira, budi rupak gopok tan micarèng ngèlmi, ngegungaken taruna.

“”” PUPUH 02 “””
S I N O M

Nahan kaping pat kawarna, sagung anak putu mami, kinon sirèku Islama, anuting rèh Kangjeng Nabi, Mukhammad kang sinelir, ing saréngat kangjeng rasul, haywa sira atilar, cegah pakon dèn kaliling, sunat perlu wajib wenang lawan mokal.

Batal karam lawan kalal, musabiyat dèn kaèsthi, pikukuh Islam lilima, iku aja lali-lali, utawa yèn nglakoni, ing rukun lilima iku, lamun ora kuwasa, mring bètollah munggah kaji, ingkang patang prakara bahe ywa lupa.

Saréngat lakuning badan, tarékat lakuning ati, kakékat lakuning nyawa, makripat ing lakunèki, ing rasa dèn pakeling, kawruhana lakunipun, nanging aja atilar, ing saréngat lakunèki, yèn tilara nora kuwat badanira.

Pan hiya mangsa bisaa, ngepleki saréngat nabi, ywa mangkana nora kena, yen kinarsakken ing Widhi, dadya mukmin sajati, mung ta haywa kongsi kupur, kang dèn kupurken sarak, haywa pasèk haywa musrik, rèhning langip mung bisaa ing maksiyat.

Yèn maksih tiba maksiyat, manawa-manawa kai, katarima tobatira, ing rina kalawan wengi, yèn wus tumibèng musrik, angel pupulihanipun, yèn nora katarima, tobatira ing Hyang Widhi, nora wurung katempuhing pancabaya.

Saréngat iku wawadhah, lawan hiya tatakrami, marma tan kena tinilar, wong atilar tatakrami, enggoning laknat sétan, tan wurung ikut amanggih, ing bebendunira Kangjeng Rasullollah.

Bebenduning Rasullollah, ya bebenduning Hyang Widhi, ya Allah ya Rasullollah, mangka tahali sayekti, marma dipun pakéling, haywa maido sutèngsun, sawirasaning kitab, yèn tan bisa anglakoni, among haywa mamaoni ananacad.

Anata ingkang satengah, anggeguyu wong ngabekti, yèku panjanmaning sétan, dhèwèké wus tan nglakoni, ana kang anglakoni, dadak sembrana guguyu, kaya wong nginum arak, kang sembrana sarwi angling, nora kharam kerem arak yekti khalal.

Wong ingkang ngucap mangkana, olèh duraka ping kalih, dhingin ngalalaken arak, kapindho anginum awis, marma dèn ngati-ati, haywa sembrana ing wuwus, lan wawaler manira, haywa ngagengaken awis, dhingin karam kapindhoné tanpa guna.

Sepélé among kinarya, bébéngkrakan sukak ati, tan timbang lan durakanya, wus pasthi wong nginum awis, yèn awon endemnèki, mring badan nora pikantuk, batiné lunjak-lunjak, kaduga angepel bumi, ing wéwéka subasitané wus ilang.

Yèn becik demé wong ika, ngalumpruk badaniréki, ginggang madhepé mring suksma, bawur tyasé dadya lali, paran margining becik, wong lali marang Hyang Agung, amedhotaken ngamal, tuna nora oleh bathi, siya-siya nganiaya badanira.

Endem iku kawruhana, limang prakara dèn éling kang dhingin endem inuman, pan wus cinatur ing ngarsi, sadiné nora becik, déné kaping kalihipun, endemé wong nonoman, tur abagus ingkang warni, ing busana hiya nora kekurangan.

Pangrasané nora nana, wong abagus malih-malih mung dhéwékè kang jelarat, mung dhéwékè kang jelanthir, katungkul miling-miling, ngaliling saliranipun, Harjuna dèn lalarak, Panji sinèrèt babar ji, demang genter demang pater dadi lemah.

Kang aran bagus pan hiya, jejeré kalih prakawis, kang dhingin bagusing rupa, ping kalih bagusing ati, nadyan rupané becik, lamun ala atinipun, yekti dadi wong ala, rusuh sebarang pakarti, tyasé harda andarung tanpa ukara.

Yèku demé wong taruna, rosa kuwat barang kardi, pandhuking saday-daya, tan ngarah-arah rih–irih, yèku karam sayekti, déné kaping tiganipun, endem ing kawiryawan, lire kamuktèné luwih, rina wengi angrasakken ing kamuktyan.

Mangan énak turu énak, kamuktèn salin-sumalin, apanjang yèn winuwusa, murkaning wong ngolah mukti, kaping pat kang winardi, endem saking hawa napsu, napsune ngambra-ambra, tan kena sisip sakedhik, maring rabi maring batur mring wong liyan.

Tarocoh amara tangan, during karuwan yèn sisip, napsuné pinasang-pasang, tan pamarta tanpa titi, titi kadurung enting, kasusu sru masra-masru, déné kang kaping lima, endeming suka sukanting, barang suka kang angliwati saking kat.

Endem kang papat punika, sayekti karamé sami, lawan karamé kang arak, banget lali mring Hyang Widhi, kalamun manungsa wis, kanggonan dem lilimèngku, kagem dadya satunggal, tan wurung anemu nisthip, aben-aben katekan bilahi dunya.

Nora nganggo ing ngakirat, ing dunya bahé pinanggih dennya sru karam makaram, tegesing karam dèn éling, pan hiya aling-aling, kalingan tyasé kalim put, tegesé ingkang kalal, sutèngsun haywana lali, kalal iku pan kalebu tegesira.

Manjing barang kang becikan, tyasé suci nora lali,  mring Hyang pan ora kalingan, kalamun bisa nglakoni, kawulaning Hyang Widhi, sabarang karam tan ayun, sayekti katarima, barang pandonganirèki, haywa kadi pangucaping wong kang liwar.

Linging wong ahlul kakekat, wuwulangé gurunèki, tan ana karam subaat, kabèh-kabèh kalal ugi, iku wong kenèng pidhir, tan wurung kenèng bebendu, wus kadhadhung ing sétan, déné laku kang sayekti, kang ngabontos ing ngèlmu praptèng kakékat.

Sirna marang ing makripat, kang wus antuk sihing Widhi, karam maning yèn arepa, ingkang kalak datan apti, yèn bisa anglakoni, sarta wahyuning Hyang Agung, kang mangkono pan dadya, martabating para wali, wali kutub kang rumeksèng pramudita.

Sabakdaning Rasullollah, yèku kang minangkan dadi, cacagaking langit dunya, sèwu kutub para wali, babo déné amencit, yèn atélada kang iku, pan hiya sèwu mokal, sarehning kawula langip, among haywa dadi réréwangan sétan.

Lawan haywa mangan madat, peretu iku tan becik, apa beciké wong mangan, ing kukus tur angendemi, yèn wus nyakot sayekti, dudu wong kang mangan apyun, apyun kang mangan janma, yèn wus dadi dlinding mati, nora nana wong nyeret umure dawa.

Iku kalebu golongan, nganiaya badanèki, dhasaré sarak cinegah, ingkang karam endemnèki, barang kang angemdemi, cinegahing sarakipun, panjang yèn winarnaa, nisthaning mangan cekakik, pan wus padha kalampahan kasat mata.

Nanging ana kang mamarah, kalaling apyun sakedhik, yèn kinarya ing woworan, obat anget iku ugi, marmané iku kénging, dènnya obat anget iku, andhanganken sarira, kitab Sarahbayan nenggih, kang ngalalken kedhik winor obat panas.

Lan malih wawaler ingwang, nak putu ywa anglakoni, ing panggawé ngabotohan, kalebu nisthaning ngurip, dhasaring saraknèki, kinaramaken satuhu, lahiré luwih nistha, dadya lip-alip panèki, wong durjana saking madat ngabotohan.

Waler malih haywa ana, sagung anak putu mami, alul wuku tigang dasa, kang trus sapadéwanèki, pan iku nora becik, ing saraké dadi kupur, sasat ngroro pangéran, yen sira arsa udani, mring lakuning wuku dipun sawatara.

Satengah saking kacaryan, ing wuku kluwihanèki, mèh wruh sadurung winarah, kadadiyaning babayi, ya salawasé urip, begja lan cilakanipun, ing wuku wus dèn enas, sidik Tanana kang sisip, kang mangkono sira padha mangertiya.

Haywa banjur kagawokan, pan ana pralambangnèki, wawangsalan sembunggilang, ing  Palémbang dipangga lit, singa-singa sayekti, yèn kagugu pan kadulu, aja sipara déwa, ing wité tinitah luwih, iku maning yèn ora mikatonana.

Nadyan séla lawan wreksa, lamun sira puji-puji, pinuja mantrèng dudupa, binorèhan wangi-wangi, sayekti mikatoni, brekating pangrasanipun, marma dèn éling sira, tarècètaning agami, yèn sira yun uninga ing ngèlmu kasab.

Kang winenang ing agama, nanging iku kaol langip, lamun kaol ingkang ngekas, kinaramaken sayekti, sagung ngèlmu laduni, palak palkiyah myang nujum, iku ngèlmu pambuka, sagung ingkang gaib-gaib, saking Arab tan lyan saking Nabi Duta.

Wewaler malih kocapa, sing wong tuwa nguni-uni, yèn kuwat mamantu sira, ganggo gamelan tan keni, dhasar sarak sinirik, unining gamelan iku, mung sawiji kéwala, kang winalerken ing nguni, mung mamantu aningkahken sutanira.

Yèn tetakan titingkeban, hiya nora dèn waleri, gegedhèn nganggo gamelan, ya mangkana sarèhnèki, kalumrahaning ngurip, wong dèn abdèkaken ngratu, kudu ta kalumrahan, narajang waler sakedhik, wakilana haywa ekak saking sira.

In unining kang gamelan, dodongaa ing Hyang Widhi, mugi ta winenangena, lan mintaa rilanèki, luluhur nguni-uni, kang duwé wawaler iku, sira kirima donga, iku supayané kalis, pon-ponané adoha ing pancabaya.

Let sepasar nenem dina, gamelan durunging muni, dèn mesu panedhanira, ing wengi gon kang asepi, lamun kepareng ugi, anaha samitanipun, katingal ing sumpena, réhning ngapes medal saking, ing supena barang tingkahing kawula.

Paé kang uwis mukminkas, tuwin pra wali pra nabi, akèh kang sinungan ayat, saking swara kang dumeling, wa mangkono prandéning, ana kang nyertani iku, ingkang para ambiya, wahyu ingkang saking ngimpi, Nabi Brahim lan Nabi yusuf ing kuna.

Nanging iku ta trekadhang, among hiya anyitani, tan uwis déning supena, ing wengkoning Jabarail, dinuta ing Hyang Widhi, wahya amaringken wahyu, lamun ing jaman mangkya, sabakdaning Kangjeng Nabi, wus rinacut karsaning Hyang kang mangkana.

Sangsayardaning kang mangsa, mantun awas lawan éling, tan ana wahyu kang nyata, akeh wahyuning ibelis, tan kena dèn sayuti, murka angkara tumanduk, durjana sangkin dadra, sujana sarjana kontit, katatangi katali kasilir ring rat.

Rak karaket tan antara, papantaraning ngabecik, apan nora kukurangan, kaoling para ngulami, myang sujana bèrbudi, para wicaksanèng laku, jro kitab pira-pira, kang marah panggawé becik, miwah jroning srat wawacan don asmara.

“”” PUPUH 03 “””
ASMARADANA

Den kerep gugulang ngèlmi, gugurua pra ngulama, lawan dèn kerep tatakon, minta warah ing sujana, sok bisa anoraga, haywa kuminter kumingsung, nadyan silih wusa bisa.

Api-apiya tan bangkit, angarah wuruking liyan, Manawa liya muradé, kabecikan lan kamulyan, awit saking tumitah, praptèng wasananing maut, kamulyaning sangkan paran.

Ywa pijer ngiling-ngilingi, ing kitab nora rinasa, wewaleré arang kanggo, miwah yèn sira mamaca, ing Surti Nitipraja, Séwaka sasaminipun, wulangrèh Panitisastra.

Asthabrata Ramakawi, aja pijer tetembangan, cécéngkokan tanpa gawé, wong anom ing jaman mangkya, aremen cécéngkokan, melang-melung eluk wolu, naglingi lalandheping tyas.

Tanna karyané sakedhik, yèn wong wolu alul cécéngkokan, anesekken pamacané, amrih haywa kongsi kemba, nanging aja katunan, kang winaca dèna émut, catheten ing wardayanta.

Kuneng kaping catur warni, gantya warna kaping lima, ing busana wewaleré, miwah ta ing pakareman, déné ta kang busana, sinjang-sinjang dena émut, haywa nganggo bathik tambal.

Tambal Sukaduka nenggih, déné tatambal Kanoman, tambal Miring sasukané, lan haywa anganggo sinjang, ing lurik Tuluhséla, haywa nganggo sira sabuk, bathik iku winaleran.

Yen tan duwé ijo kuning, wungu dadu kekembangan, angangowa putih bahé, sinjang wulung nora kena, yèn apes sariranta, jaran ireng hywa ngingu lamun sira nora ekas.

Lawan haywa nganggo bathik, anggité wong jaman mangkya, anganggo Baron Sekèndhèr, nganggo gambaring wong-wongan, yèku satengah karam, myang rerupaning nyawèku, hiya iku padha karam.

Mangsa ta kuranga bathik, kang lunglungan kang ceplokan, gogodhongan sasaminé, haywa sira kumawawa, atélad ingkang ngekas, jenenging kawula iku, apes ajur bosok rusak.

Ngaral basaniyah nenggih, kang sinandhangken ing sira, lire papalanganing wong, owah gingsiring manungsa, pan among jenenging dat, iku kang wajibul wujud, langgeng nora kena rusak.

Wawaler kang gedhé malih, yèn ora kelambèn sira, haywa kalung saptangané, tinalèkaken ing jangga, tansah ginawé salat, sampirena kéwalèku, ing pundhak sakarsanira.

Ing kanan miwah ing kéring, yèn anganggo-anggo sira, sawatara sasedhengé, bebed myang iket-iketan, dèn nganggo masakala, haywa saban sore ésuk, siyang nganggo jijingkengan.

Wong besus kapati-pati,wataké sok malaratan, suda-suda rijekiné, sarta anunungkul ing tyas, kang mring kawicaksanan, bok rejeki gila dulu, wong jelarat mèmèrètan.

Rèhning nganom sawatawis, baréya-baréyo aja, iku bangsat penganggoné, lan dèn nganggo masakala, lulungan pasamuwan, jingkengan sawatarèku, pepenyon apa mondholan.

Lire kapusus katawis, iku besusing sujana, kang wus mangerti barang rèh, kagunané wus akathah, bisa nambung ambéngkas, bisa amis dadi arum, arum sangsaya angambar.

Peteng dadya padhang bangkit, besusé tan tekèng manah, mung kinarya sasab bahé, naglingi kasujananta, wus ambeking sujana, painter ngaku balilu, saking wus ambek sagara.

Yèn ngulama para mupti, besusé manuting lapal, jayin napsaka uniné, bilmaksiyati tegesnya, amaès-maèsana, ya ing sariranirèku, lawan panganggo maksiyat.

Among besus aling-aling, nora tumeka ing manah, yèn dinawakna murade, lapaling jayin napsaka, lan bilmaksiyat ika, adawa lamun winuwus, cukup lakuning ngagesang.

Marma anak putu mami, barang tingkah dèn waspada, dena mikir pakolihé, haywa ngawag ruwag-ruwag, besus tanpa karana, dèn abesus aja besusu, dèn pinter aja bisa.

Lire dèn abesus kaki, dèn abesus sawatara, tan kebanjur tan kelalen, mung besusé wong resikan, anrus resiking manah, tumusing budi rahayu, kang aja besus lir sira.

Kang besus anrusing batin, lali apesing sarira, anrik marang tya lonyok, anutupi, lawang begja, ambuka lawang tuna, ngedohken sagung rahayu, merakken sagung kiyanat.

Angedohken pangabekti, amerakken ing maksiyat, ngedohken panarimané, amerakken ati murka, ngedohken ati sabar, merakken kerenging kalbu, lamun nora kasembadan.

Panjang winarna ing tulis, wong besusu kainanira, gumantya kang pinarnèng rèh, pakaremaning ngagesang, tunggal warna kalmia, dèna émut anak putu, haywa karem marang dunya.

Liring karem dunya kaki, lali panggawé ngakirat, rina wengi ésuk sore, mung mikir panggawé dunya, tan étung siya-siya, harda kahardan sagunung, nora étung batal karam.

Kang gumremet kang kumrincing, pas sosotya nawa retna, myang arta-arta sakèhé, kang gumebyar kang kumenyar, iku pan among dadya, dum-duman aran dunyèku, tegesé among golongan.

Golonganaran dunyèki, déning kakékating dunya, hiya panggawé kanga won, adoh panggawé ngakirat, dunya iku naraka, akirat suwarga iku, lah ing kono rasakena.

Dèn bisa merdi picis, lire bisa merdi arta, dèn weruh batal karamé, kang sarèh wetuning arta, yèn wus dadi khakira, ywa siranggojibar-jibur, resikan haywa katara.

Ing Panitisastra angling, wong ambebeg arta kathah, lir ambebeg toya gedhé, bendungan datan sinungan, ilèn-ilèning toya, tan kinarya dedanèku, nora nganggo jinakatan.

Kabebeg katempuh banjir, dhadhal larut alorodan, gegadhang bilahi gedhé, kang mengkono wus sanyata, nadyan gedhé cilika, pira-pira ingkang muwus, kelakon dadya ngibarat.

Ana ta ngibarat cilik, kéwala kang ingsun karya, pangéling-éling lakune, kaum désa ing Cabeyan, Ki Nurngali namanya, wadat saking apesipun, tanpa bojo tanpa rowang.

Wismané kebak sega king, yèn olèh brekat kondangan, jinalukan mring tanggané, kentheng-kentheng nora suka, lampu dèn pé dèn tarang, akeket kumet kalangkung, njalukan ora wèwèhan.

Menthel sakedhuk pan sugih, saboboting kaum désa, mung kumet tan lumrahing wong, anuju sawiji dina, wektu subuh pan arsa, mring sendhang mèt toya wulu, pinenthung cengelé pejah.

Ilang kandhutané dhuwit, selawé anggris kathahnya, nèng ngusus-usus sabuké, iku nora pisah-pisah, déné kang anèng wisma, kang arupa dhuwit sampun, lan jajarik binalènan.

Mring durjana wus barindhil, kang wau menthung nèng sendhang, mung kari sega akingé, lah iku rupané janma, ingkang karem ing arta, nora ngandel mring Hyang Agung, ngalor-ngidul ngandhut réyal.

Pan ora anedya kardi, ngamal ing sakwasanira, ing nguripé nèng dunyané, mung ngandelken ngibadahnya, pan wus wajibing gesang, asembahyang limang waktu, béda ngamal kabecikan.

Tegesé pan ngamal salih, kang katur marang Hyang Suksma, liyaning pangabektiné, gawé becik ing sesama, kang tan buru aleman, yèn amal amrih ginunggung, tan dadi kanthining gesang.

“”” PUPUH 04 “””
KINANTHI

Sun cendhak pitutur ingsun, ing lakuning ngamal solih, wus gumelar anèng kitab, lan pituturing ngulami, yen during mangerti sira, takokena kang utami.

Elingen iku pitutur, sagung anak putu mami, sanalika haywa lupa, ing lakuning wong ngaurip, haywa tiba pakreman, ingkang ananarik sisip.

Ati-atinen dèn matuh, mematah karep pribadi, dèn abanget lomanira, dèn banget kumetirèki, lire dèn abanget loma, sedyakna siyang lan ratri.

Kinuwasakna sirèku, wèwèh samining dumadi, kang tan lawan siya-siya, kang éklas tumekèng batin, tegesé wèwèh kang éklas, sira nora duwé pamrih.

Wawales marang sirèku, lire dèn akumet kaki, haywata buru aleman, wèwèh sak-sok tanpa kasil, lamun sira during kuwat, nadhahi nepsunirèki.

Liring anadhahi nepsu, lamun karep sira maksih, nyandhang becik manganénak, haywa umbag kumalingking, nadyanta wèwèh akathah, mangsa ta kurangan mami.

Apan ananing Hyang Agung, nora akon nunulungi, marang awaking wong liyan, lamun awake pribadi, during luwih during cekap, haywa tiru Katintahyi.

Katintahyi iku pan wus, tinitah janma linuwih, mèh satengah Auliya, tiningalan saking batin, nrus abontos barang tékad, kinarilaning Hyang Widhi.

Ngrasaa apes sirèku, dipun anganggo mubadir, lire mubadir angéman, kamurahaning Hyang Widhi, kang pinaringken ing sirasira, yèn tan ngemana sirèki.

Dadya sira kurang sukur, ing nikmatira pribadi, kahananing ujubriya, sanadyan panggawé becik, yèn tanwruh kadadiyannya, angawag kaworan éblis.

Sabrang ing tindak-tanduk, ing duduga myang prayogi, wiwitana saking madya, yèn mantep ing tyas sirèki, ing supayané bisaa, mirip tindak kang utami.

Yèn utama lekasipun, lamun tan mantep sirèki, Manawa hiya Manawa, kepalang kepaluh nuli, gumalundhung sira tiba, ing papa nistha pinanggih.

Yèn mantep tetep tinemu, kautamaning ngaurip, nanging iku ngarang ngagal, gogolonganing utami, kang akèh ing jaman mangkya, gogolonganing wong nisthip.

Marma ywa nedya sirèku, ing lekas nistha kariyin, sira yèn tumindak nistha, ingkang nora kedhah-kedhih, yèn tumiba ing utama, pinasthi papan pinanggih.

Nistha rusak temahipun, madya kembanging ngutami, utama kembanging mulya, dèn weruh sira siji-siji, nistha madya lan utama, kèh kaliru kang mastani.

Nistha ingaran madyèku, madya ingaran utami, saking kèhing kahardan, wimbuh ing dunya nglimputi, iya sapa ingkang bisa, nadhahi rosining budi.

Kuneng malihé sirèku, haywata karem mring èstri, yèn tan kabeneran padha, lawan kareming hartèki, pangrusaké ing sarira, bèn-abèn leteng artèki.

Yèn abener kiyasipun, aguna sarana sakti, dadya panggeyeting swarga, arta kang lumaku sukci, yèn wong dahat kareming dyah, tan wun geng pancabayèki.

Tansun panjangkaen pitutur, ring janma karem pawèstri, haywana kang salah tampa, panwus gumelar sakalir, panjang yèn dèn ucapena, begja kang bisa nglakoni.

Lan maningé anak putu, haywana karem sirèki, ing swara miwah ing rasa, liring karem ing swarèki, gelathik anèng jro pikat, narithik unine thik-thik.

Ana kancané angrungu, kasmaran swara dumeling, tumarancag tan wéwéka, tanwruh kalebu piranti, déné wong kareming rasa, kadya ngganing wong mamancing.

Mina kang anèng jro kedhung, andulu mamangsanèki, tan wéwéka gya sinarap, tanwruh yèn kenèng piranti, sinendhal tibèng dharatan, si mina tekèng bilahi.

Marma dèn awas dèn émut, pikiren ingkang prayogi, barang tingkah haywa gita, yèn during uningèng gati, liring gita haywa rikat, gati temen tegesnèki.

Ywa kagètan ywa kasusu, yèn during wruh temenèki, manawa kadi si mina, patiné kena ing pancing, during wruh ing komandaka, mung lobané dèn turuti.

Lan haywa karem sirèku, barang kalangenan adi, ing swara miwah ing rupa, kadya kang kocap rumiyin, yèn kabanjur menèk kadya, Sastradiwangsa pangukir.

Kareming peksi brekutut, rinungokken sarwi ngukir, seger sarirané sumyah, myarsakken swara dumeling, mempeng memet pangukirnya, ing landheyan tunggak semi.

Ing sawiji sina nuju, brekututé nora muni, ingaban kinèn muniya, meksa meneng nora muni, krodha sira Sastradiwangsa, sinèlèhken dènnya ngukir.

Cinandhak kurunganipun, peksi rinogoh mring jawi, sarwi sru wuwusira, sebab apa sira peksi, teka ora adol swara, pan ingsung ingkang ngingoni.

Peksiné dèn elus-elus, kalimpé marucut nuli, miber nanging ora kebat, tinututan peksi kénging, makanjar Sastradiwangsa, peksi binanting babarji.

Sarwi susumbar kumruwuk, payo sirarsa ngayoni, yaiki Sastradiwangsa, jinejegan ingkang peksi, den iles awor lan kisma, aja mangkono wong ngurip.

Lah ing ngendi ana manuk, ingkang bisa tata janmi, garejegan sinumbaran, labeté wong kurang pikir, iku wong karem rupanya, sibabawur pilastuti.

Lan aja karem sirèku, ing turangga ora becik, lah hiya ing ngendi ana, pinenging karem turanggi, dèn anganggo sawatara, rèhning lumrah wong angabdi.

Mung bisaa ukur-ukur, dèn guguyu haywa isin, ora bisa nunggang jaran, ing pacak nora prayogi, ya narimaa kéwala, pira-pira dèn waoni.

Wongé karem turanggèku, rong prakara siriknèki, ngrérégoni wong ngawula, ing sakarat ngrérégoni, béda lan Rahadèn Sura,- nagara radèn Tohpati.

Yèn ora karema luputm pan uwis pakaryanèki, tinuduh ing Sang Naréndra, pan minangka kasabnèki, nistha lamun tan bisaa, kalebu wong tanpa kardi.

Karana ta ing tumuwuh, sengsema barang pakarti, kang minangka kasabira, sem lan karep iku sami, yèn wong nemen nambut karya, padha lan wong angabekti.

Ya ing salat limang waktu, sabarang kasabirèki, kitab Bustam kang amarah, kayata lamun sirèki, tinitah lumakyèng karya, sengsema gonira ngabdi.

Ywa sira watak malincur, dadya duraka ping kalih, dhingin marang gustinira, mring kancanira ping kalih, apata beciké uga, wong balithuk maring gusti.

Gusti pan kalipah tuhu, sasat balithuk Hyang Widhi, lan balithuk para kanca, wuwuh durakanirèki, kang utama potangena, taberi gawe mamanis.

“”” PUPUH 05 “””
DHANDHANGGULA

Haywa karem asabèng wanadri, haywa kerm asabèng samodra, kali-kali sasaminé, akèh bencananipun, pira-pira ngadat kang uwis, wong karem las-alasan, ing wasananipun, asring amanggih tan harja, myang ing kali-kali akathah tan becik, dèn émut haywa lupa.

Lawan haywa karem ing kasektin, ngèlmu kanuragan kadigdayan, kateguhan sasaminé, tan anguwisi iku, ngèlmu lahir kakèhan kibir, yèn katèrècèt dadya, singkir ngèlmu iku, dudu mangunah keramt, lawan dudu mukjijat marma tan apti, kang wus utamèng cipta.

Kandel kumandel marang Hyang Widhi, teteg teguh ing tyas tan anedya, kira-kira sasmitané, mung anedya rahayu, kira-kira haywana prapti, ajagang pasrah ing Hyang, baluwartinipun, kumandel marang Hyang Suksma, ineb-inebing pintuy kuthanirèki, tetep madhep ing Suksma.

Wismanira jro pintu kuthèki, yèku panunggalira Hyang Suksma, kang minangka bojonané, tatandhon jro kuthèku, pan panembahira Hyang Widhi, yékang minangka obat, mimis jro kuthèku, tanawut napinakirah, yèn wus mantep tetep adhep tanpa kelir, kenepung kuthanira.

Dèn selamet kang angepung sami, sanjatané sinipatan rahman, pun sipat rakim mimisé, tiba pating talebuk, kamurahanira Hyang Widhi, lan sihira Hyang Suksma, metabar rahayu, rahayu ngayuh kamulyan, tan maluya-laya tetep kita linggih mungsuhing balébaka.

Bakal bakuh akukuh tan kongkih, kahanané ing kana kinenan, kaonang-ngonang kanang rèh, sarèh sarékaning hyun, ing ngagnyana manda sinandi, sining wong sadu dibya, kanthi sabar maklum, mula-mula tan tinilar, tataleré tinatal tulèning budi, dumadi tan sangsara.

Karana pambancananing ngéblis, jroning kitab Ki Sangsulambiya, pinencar anak putuné, ngriridhu ambabawur, tan ngoberi manugsa urip, duk lahir maring dunya, binéka binédhung, pamrihé sang belis laknat, akarana ring babayi aja kongsi, nadyan kongsiya tuwa.

Belasara manut ing ibelis, wurunga kuda belo sadaya, jro kitab Insankamilé, kocap pakartinipun, dadya sangang dasa bab nenggih, lawan punjul sasanga, sang ibelis wau, pan satus kirang satunggal, pangsawané anggodha ngrecana janmi, mrih katarik mring sasar.

Dèn prayitna lawan dèna éling, barang panggawé barang pangucap, miwah barang sakarepé, sétan amor ing ngriku, nora kena lamun winilis, pam bencananing sétan, nenggih pencaripun, angèbeki sabuwana, nadyan namaning Hyang Suksma ingkang adi, tiniru karya kala.

Marma kadya apa wong ngaurip, yèn kenaa lali jroning cipta, ya ing sanalika bahé, saking panumbasipun, sumarambah amaratani, pakartinirèng sétan, kang tugur mor nepsu, angen-angen ingkang harda. Loba murka maring sahwat maring bukti, maring papaès dunya.

Panjawiling sétan kang mrih olih, yèn tinuruta olih sangsara, kaserakat ing temahé, kasengsem kapiayun, mérang yèn mundura ing kapti, dadya kèrem wong ika, ing wawatakipun, mring pepeteng sabangsanya, nétra wuta karnanira dadya tuli, tanwun tibèng naraka.

Nahan warna kaping nem winarni, lamun sira mrih apa wong sanak, akakancan sasaminé, pikiren jroning kalbu, umpamané sira ningali, panganan lan minuman, sira pan kapéncut, pikiren jroning wardaya, hiya déné karo iku manpangati, marang sariranira.

Lan tan ana wong kang nedya sakit, pan mangkono ing apa wong sanak, ing kakancan pamilihé, upama sira watuk, sru kapéngin marang lelegi, nginum kélang katekan, sakareping napsu, luamah maring sangsara, ora wurung dadi mengi mengkrik-mengkrik, tuna tan olih karya.

Ana satengahing manungsèki, olih bilahi saking kakancan, myang saking pawong sanaké, iku sira dèn émut, singgahana saking bilahi, aja apa wong sanak, lan wong tan rahayu, tanwun katularan sira, upamané wong lara weteng kapéngin, rujak kecut pinangan.

Hiya nora wurung andilinding, bilahèni mring sariranira, nora ana mupangaté, lawan haywa sirèku, pawong mitra wong tanpa budi, ya wong bodho tyas mudha, tanwun anunungkul, katularan bodho sira, pan wong bodho during wruh ing ala becik, ing wawadi tan wikan.

Lawan haywa pawong sanak malih, lan wong ingkang tan bisa ing sastra, wong kang mangkana wateké, karepé sok amberung, pangrasané bener sayrkti, kuranging pamicara, nadyan dhawul-dhawul, jalebut sok tumindaka, ngiris-iris nyebit ing ngatata-titi, tangèh manggih raharja.

Lawan haywa pawong sanak kaki, lan wong pasèk pan wong pasèk ika, nora wedi ing siksané, ing Hyang kang maha Agung, murang sarak angorak-arik, atékad calawenthah, lawan haywa ayun, lan wong drengki pawong sanak, sring karyala ing sasami tyasé jahil, dèn wruh sirèng tengeran.

Karana wong mukmin iku kaki, hiya padha mukmin papaèsan dènya ngapèk panengrané, ala becik tinemu, ing pracara dulunen dhingin, ping ro semu winawas, kaping tiganipun, katandha ing tapsilanya, kaping paté ing tatakrama pinanggih, ping lima ing pirembag.

Yèku pancawada nora gingsir, wong kang dhustha lan wong kamandaka, sujana myang bèrbudiné, akathat warnanipun, tyasing janma sawiji-wiji, ana kadya reksasa, murka ambeg rusuh, ana kang ambek dipangga, kathat yèn winarna èmperé kang janmi waspadakna priyangga.

Apawong sanak sira ta kaki, lan wong kang bèrbudi wicaksana, wruh ing ajar lan ijiré, sarunging para putus, kulanana mintaa dhisik, nadyan sira wutahna, wawadinirèku, sayekti bisa rumeksaa, lamun ana catur kang sikara budi, marang ing sariranta.

Bisa mangartekken marang becik, ing ngagesang akathah wicara, kang dadya salang surupé, hiya ingkang andulu, ingkang dudu ngaranan yekti, yèn kang wus wicaksana, wruh mring hiya dudu, sumimpang ing dora cara, yèn apawong mitra nedya males becik binecikan.

Lamun sira nuju darbé becik, gedhé maklumé wong wicaksanan, lumayèng pangapurané, parah-parah yèn muwus, pamawasé waskitheng titi, titika tan tinilar, nalirah rinuruh, ruruh amembing wicara. Locananya liyep tan angas ingaksi, ngaksama para marta.

Lawan apawonga mitra kaki, sujanma kang gedhé ngamalira, hiya ingkang ngamal solèh, kang anamuring laku, kalakuwan kang marang becik, yaiku janma ingkang, tan umbag tan sengung, yèn tutulung tan katara, mring kiyané aniyat sadhekah pikir, tumamèng kautaman.

Yèn apawong sanak sira kaki, akakancan lan manungsa kathat, kulanana sasedhengé, dèn prayitna ing kéwuh, haywa dumèh ngagungken sami, anggunggung marang sira, ngalembanèng wuwus, akèh tan tumekèng manah, yèn wus antuk pitutur ingkang sayekti, ing mangkya manawana.

Karubédanira ing ngaurip, nora pisan silih tutulunga, malah muwuhi ribedé, agawé aru biru, karya tandha dénnya mrih kodhil, pawong mitra satengah, temah dadya satru, nanging yèn mangkono ana, sira myarsa aja niyat males kaki, srahna maring Hyang Suksma.

Muga binalèkna marang becik, lawan haywa nguneg-uneg sira, haywa ngowahi tatané, panitraniréng dangu, dèn ateguh sira ing galih, haywa sira nanacad, ya dupèh wong ngiku, kang ngalani marang sira, yèn wadining wong liya kang angalani, sira pasrahna ing Hyang.

Tinutupan wawadinirèki, dèn amantep sira among mitra, akakancan sasaminé, kawulaning Hyang Agung, yèn sira tan bisa sumingkir, tan amor ing ngakathah, ing kono sirèku, bibisiking pancabaya, ning wong kathah marma dèn abisa kaki, amomot mengku misah.

“”” PUPUH 06 “””
MEGATRUH

Nahan warna kaping sapta kang winuwus, kalamun sira abukti, pribadi nèng wismanipun, nganggoa lakuning ngèlmi, manut Jeng Rasul kinaot.

Pendhak tengah ari yèn dhahar Jeng Rasul, pan ing sadina sawengi, mung sapisan dhaharipun, sarwi jegang yèn abukti, tumungkul tan amiraos.

Duk amuluk ing sekul sarwi anebut, ing asmanira Hyang Widhi, bismilah salajengipun, mawi dungan pan utami, lajeng dhaharé ing kono.

Yèn wus dhahar tumenga lajeng anginum, tigang cegukan tan luwih, kang sacegukan anebut alkhamdulillah hirabil, ngalamin sukur ing Mnon.

Ingkang kalih cegukan dènira nebut, subekkannallah ping kalih, maha sucekken Hyang Agung, déné yen sira abukti, lan tatamu sabarang wong.

Anganggoa yudanagara mrih patut, asilaa ingkang becik, dèn mepes sarwi tumungkul, haywata saduwa kaki, lawan haywa amiraos.

Mung nyarakna pasuguhira mring tamu, wusing mengkono sirèki, hiya haywa muwus-muwus, mung yèn tamunira angling, ngajaka selang wiraos.

Tandukana prihen sukané ing kalbu, akèha denira bukti, dèn sumeh netyanireku, sira haywa uwis dhingin, angèrènana ing kono.

Wus lakuné sanadyan sira wus tuwuk, iriden denira bukti, nagntènana ing tatamu, tuwin lamun sira bukti, lan janma kèh hya mengkono.

Saenggoné miwah sira yèn martamu, pan hiya mengkono ugi, haywa sembrana ing kalbu, momoyok sajroning galih, sega iwak kurang kaot.

Den asengkud kurmat paringan Hyang Agung, yèn sira nanacad batin, tan apik segané wuluh, myang iwaké nora becik, kasiku sirèng Hyang Manon.

Dèna émut duk Nabi Musa ngalurug, kaluwèn umaté, sami, nèng ara-ara duk bingung, andodonga Kangjeng Nabi, minta sihira Hyang Manon.

Pinaringan saking ngawiyat tumurun, umaté wus dèn janjèni, yèn pinaringan sirèku, haywana nacad sirèki, sagah sandika sakèh wong.

Nulya samya nadhah ngrasa nikmatipun, sawenèh ana kang angling, mung sawiji cacadipun, pepak wak-iwakanèki, mung lalaban tan sumaos.

Durung tutug pamangané gya sumemprung, rarampadan wangsul malih, mring ngawiyat tan kadulu, yèku labaning wong pinging, sembrana nora rumaos.

Bok rejeki mutung nora bisa nusul, marma éling dèn pakéling, lamun abukti sirèku, anèng wisma dèn ladèni, mring rabinira dèn alon.

Haywa grusa-grusu amuluking sekul, yèn tan kabeneran nenggih, barang kang dèn olah iku, kurang gurih kurang asin, teka panganen kémawon.

Mengko yèn wus gonira bukti wus tuwuk, calathuwa dèn aririh, jangan iku kurang anu, miwah wak-iwanèki, apa kurangé ing kono.

Bésuk manèh doyanaku iwak anu, sapisan kéwala uwis, kanggowa ing sajegipun, yèn tan kabeneran malih, teka menenga kèmawon.

Nora becik wong mangan kamoran nepsu, dhingini pan aranèki, mungguh ing Hyang Maha Agung, pingro suda wahnanèki, ping tri rijekiné kalong.

Haywa anggagampang ing bukti tan arus, nora ta lamun pinikir, wong amangan apan iku, nora kena kedhah-kedhih, iku ta aja mangkono.

Wonga mangan uger-uger dadi baku, yekti panancanging urip, nanging dèn sawetarèku, hiya haywa anjurungi, ing nepsu luamah kang wong.

Yèn anjurungana ing luamah nepsu, tanwun gelis  angemasi, janma mati murka iku, sabarang-barang binukti, wataké nepsu katongton.

Amangana kéwala tatamba lesu, yèn banget lesunirèki, ngedhihken ihtiyaripun, nora rosa angabekti, kedhik ngamalé ponang wong.

Yèku madya sakedhik sedya ing kalbu, tapa salamining ngurip, akathah paédahipun, gampangken saliring kapti, amadhangken tyas sumrowong.

Haywa watak sasarapan ésuk-ésuk, yèku memetengi ati, baliyur pikolehipun, tan apik sabarang pikir, ngaloproh aréyah-réyoh.

Yèn akenceng kudu druweng gathak-gathuk, yèn kendho muntir-malintir, tan kenang kinarya baku, wateké wong wareg bukti, kudu turu anggeloso.

Barang karya yèn dèn lalantèh amatuh, yèn wong angubungi bukti, sinuda landheping kalbu, pan kethul kang amareki, mung bangsa badan kang condhong.

Pondhong pikul rosa kuwat garu mluku, lamun sutaning priyayi, priyayi sawanganipun, kudu nganggo bagsa ati, pikiré ingkang mirantos.

Yèn nganggowa pikiring pikul kalebut, lapak kuwaregen bukti, pan dudu bubuhanipun, bangsa ati wruh ing pikir, bubuhanira wong anom.

“”” PUPUH 07 “””
S I N O M

Tunggal warna kaping sapta, anyatakkaken aguling, élinga lan kawruhana, iang sadina lan sawengi, patlikur sangat nenggih, mangka turuwa sirèku, sawengi lan sadina, sapratelon sangat nenggih, dadya wolu sangat sawengi sadina.

Semono yèn sira kuwat, ageng pahalanirèki, dadya kalebu wong ngekas, nora kekathahen guling, jro kitab Insankamil, mungguh ing Hyang Maha Agung, saben ratri tumedhak, lenggah mring langit dunyèki, saprateloning wengi kang ngakir ika.

Haywa sira salah tampa, ing kitab ammaoni, lah ta endi ana Allah, maujud ngenggon sawiji, muradé iku kaki, hiya kang langit donyèku, ana ing sariranta, gambaring kang buwanèki, datting suksma sumrambah mimbuhi ingrat.

Yèn nuju sapratigannya, ing wengi-wengi kang ngakir, satengah ro pukul tiga, iku wengi ingkang ngakir, yèn bisa sira kaki, tangiya ing wektu iku, nenedhaa Pangéran, pangapuraning Hyang Widhi, ing sakèhing dosanira anèng dunya.

Myang wektuning salat kajat, pan hiya ing lingsir wengi, wengining malem Jemuwah, prapta wengining kang ngakir, barang kajatirèki, yèn nemen yekti tinemu, yèn sukci raganira, katri matobatirèki, hiya Allah tangala kang sipat rahmat.

Yèn turu ing wengi sira, wektu subuh sira nuli, tangiya asusuciya, haywakabanjur yèn guling, srengéngé wusa inggil, maksih ngénak-énak turu, belubuh namanira, ngrandhataken barang kapti, ngadohaken rahmat ngrupakaken nalar.

Lamun turu ing rahina, sauwisé tengah ari, ing wektu ngasar tangiya, karana wong aguling, lamun kasorèn kongsi, jam pat jam lima nem iku, yèn tangi tyasé growah, sapratelon sudanèki, murin-muring lir wong nginglung kanganglangan.

Aprasaksat wong kélangan, ngedohken nalar kang becik, nyepakken nalar kang ngala, bawur sabarang pakarti, nyuda rahmating Widhi, dhanganing sabarang kayun, kalebu wong wéwéka, kajabané sirakaki, kala-kala yèn nuju abanget sayah.

Yèn abanget arip sira, tengadur narajang kedhik, rumeksa lungkrahing badan, yèn tan mangkana tan becik, lan yèn néndra ing wengi, yèn mengalor ujuripun, miringa ngulon sira, madheping kéblat sayekti, kadya ujuring wong mati nèng kaluwat.

Karan ta wong anéndra, pan iku sanaking mati, manawa hiya manawa, ana karsaning Hyang Widhi, mundhut ajalirèki, dèn apasrah ing Hyang Agung, haywa ta salah tampa, sapa betah turu miring, mandhep kéblat tan nganggo alih-alihan.

Tan mangkono ing pratingkah, mung angkatira aguling, miring madhep ing kéblat, yèn uwis suwé aguling, sapa wruh wong aguling, panwus sasat janma lampus, yèn mangalor ujurnya, watak mintir kang rijeki, yèn mangetan watak medhotaken rahmat.

Ilang sihing pawong sanak, yèn mangidul ulonèki, dumadak rupak atinya, yèn mangulon ulonèki, wataké iku kaki, pan apanjang umuripun, lan haywa amrih sira, hiya kapénaking guling, sabilana tyas kang ngarda maring nendra.

Wataking wong cegah néndra, kasinungan lepas budi, wataking wong cegah saga, teguh pikantukirèki, wataking cegah warih, tawa ing wisa wong iku, yèku yèn sira sedya, mangkono pahalanèki, pan wong tapa tinemu sabarang sedya.

Wong gunalan wong digdaya, miwah wong dadi priyayi, padha awit saking tapa, barang pakarti kang luwih, saking tapa ingkang wit, kang sarta lan begjanipun, nadyan silih gunaa, sugiha dadi priyayi, yèn tan saking tapa pangluluning sétan.

Gunaa gunaning sétan, muktiya muktining éblis, sektiya sektining setan, watak sekti saking ngéblis, sakedhap angébati, tan lawas nuli ngalumpruk, jinem paringing cipta, ciptaning wong kang wus sidik, déné mukti kamuktèn kan saking setan.

Gawokkaken sanalika, nutugken kamuktèn adi, tan lawas annuli rusak, pothar-pathir nguwir-uwir, yèn sujana bèerbudi, ingkang mangkono tan ayun, pandhak sadaya-daya, dadi guguyoning pitik, tanggung-tanguung angur anggebyur samodra.

Ywa kaya Setropramukya, nguni duk dadi bupati, tumenggung ing Ngèksiganda, mung rong tahun mocot nuli, tan kabdèkaken malih, ing jengira Sanga Prabu, mubeng-mubeng karyanya, saba wismaning priyayi, jajaruman golèk warta adol warta.

Tanwruh lamun dadi sétan, ingkang mangkono pakarti, yèn budiya kasujanan, ingkang mangkono tan apti, yèn tan kabdèkken malih, myang tan katengeran iku, ing lire katengeran, maksih kaparingan bukti, lamun ora mangkono yekti ngibadah,

Ana ing wisma kéwala, anatepi pangabekti, madhep ing Hyang kang misésa, sukur anarimeng Widhi, tan bisa mangan ya wis, mati tan buti gih sampun, trusna ing takdirollah, haywa nistha ing ngaurip, ing lahiré tan ngucemaken nagara.

Déné wau wong ngaguna,aguna saka ing ngéblis, sabarang kang kapinteran, hiya lamun saking éblis, dhemen ngungkul-ungkuli, parabantah parapadu, padudon rebut basa, ngegungken kawignyanèki mrih tinuta tekabur buru alemen.

Bandhané mung patang uwang, anyulap nganyang sembagi, kang arega limang réyal, sinungken panganyangnéki, dhuwit dèn semayani, praptanèng don ora éntuk, ngupaya limang réyal mubeng kalamun tinagih, lami-lami kawadaka yèn wong ala.

Mangkono ingkang ngupaya, kapinteran saking éblis, pagrasané wus utama, olih wahyuning Hyang Widhi, tanwruh wahyuning éblis, nora taberiguguru, tatakon ing sujana, tatakon angrasa isin, kumandeling sétan kurang anoraga.

Tunggal warna kaping sapta, anyatakken yèn lumaris, yèn lumaku saking wisma, aja tanpa seja kaki, karepé maring ngendi, ing kono pelengen kalbu, lamun wiwit lumampah, amacaa bismillahi, yèn tan ngucap haywa lali batinira.

Dèn kapara tumungkula, hiya kalamun lumaris, reksanenta nétranira, hiya aja niningali, lan aja nolah-nolih, lamun sira andudulu, mandhega lakunira, wong lumaku nolah-nolih, niningali ajur tyasé ting sarempal.

Lan ywa ngangen-angen sira, ing pikir kang ora becik, ing sajroning lakunira, muhung pasraha ing Widhi, yèn lali ing lumaris, apesé sira kasandhung, lamun ora mangkana, lakunira tan pakolih, praptèng paran tan kacukup sedyanira.

Lamun sira anèng wisma, haywa ngadeg tengah kori, sarwi agandhulan lawang, iku siriken tan becik, alané maratani, mring tatangga rong panyeluk, watek kerep kélangan, lan haywa amalangkerik, anèng tengah lawang ngadohaken begja.

Yèn alungguh anèng wisma, haywa sangga uwang kaki, tan becik watak sedhihan, lawan haywa èdhèg sikil, tuman iku tan becik, ngilangken jatmikèng kalbu, wong ngilangken jatmika, nyuda adheping Hyang Widhi, wong anyuda andhepé maring Pangéran.

Sinuda kanyuwanannya, wong nyuda yuwananèki, siya-siya maring badan, kabudayan datan dadi, kabèh iku dèn éling, wawaler kang ora patut amatuh kapitayan, manungsa akerep lali, léléwané kalawun-lawun kaluwak.

“”” PUPUH 08 “””
P O C U N G

Gantya wau, wuwusen warna ping wolu, dèn akurmat sira, mring tatamu ingkang prapti, ingkang aran tatamu dipun waspada.

Anak putu, kanca miwah tatanggamu, iku pan satengah, hiya tamu dudu trami, ora ewuh kurmatira pan wus ngadat.

Susuguhmu, yèn ana suguhen iku, lamun ora ana, aja ngenakaken kaki, mung dèn becik kurmat lan pitembungira.

Haywa asung, sungkawa tyasing tatamu, nanging iya haywa, kadurus ambek sudarmi, mring tatamu wataranen sariranta.

Ywa katungkul, kurmat beciking tatamu, myang ing pawong mitra, yèn sira lumakyèng kardi, ngrérégoni pakaryaning suwita.

Akèh tamu, pawong mitra kang tan maklum, mung karepé dhawak, katekan amrih pakolih, sayahing wong suwita nora dèn étang.

Marma dipun, bisa amatarèng kayun, tinemon lan ora, apa pantes durakani, ana pantes tan duraka yèn tinulak.

Nanging lamun, ana asaling tatamu, saking katebihan, mancapat lan liyan nagri, yèku perlokena lawan kurmatana.

Sungga tamu, ywa kurang mring tamu iku, yèn tan darbé, utang selanga tumuli, nadyan gadhèkaké wedhung lakonana.

Ingkang iku, pan wus ngadat wus kalaku, sagunging wong Jawa kang micara pra priyayi, nanging kemba lamun ora winuwusa.

Supayémut, kinarya pangémut-émut, wataké wong mudha, sugih lali tuna budi, andaléya sungkanan sok ngarah apa.

Basa iku hiya ana kalnipun, pantes lawan ora, yèn nuju pantes mangsèki, ngarah apa iku perlu yèn kanggowa.

Buru cukup, wong ahli nasnasing kalbu, yèn tan nganggo ngenas, kaloréyan barang kardi, dèn antèni wong kaluwèn nora kena.

Tegesipun, basa ngarah apa iku, pan atinggal sunat, perlu, kéwala ginati, amrih gita gagat paguting pratingkah.

Yèn anuju, wong gedhé kang maratamu, angungkuli sira, dèn becik kurmatirèki, pamapagmu kiranen lawan duduga.

Yèn wus lungguh, lungguhira dèn anekung, tangan ngapurancang, temnbungira dèn aririh, dèn angarah-arah haywa sumambrana.

Konduripun, ngaterna kadya duk rawuh, ing pamapagira, lamun tamuwun sirèki, pra ngulama myang janma kang luwih tuwa.

Tuwa kang wus, wicaksana ambek sadu, gungena ing kurmat, kaya kang wus kocap dhingin, yèn tamuwan wong tuwa kang tan micara.

Hiya among, tuwa-tuwa umuripun, wataranen uga, kurmatira dèn nastiti, haywa sira padha lan para sujana.

Tuwa iku, rong prakara hywa limut, ana tuwa ingkang, tuwa majaji : makiki, tuwa majat mung tuwa umur kéwala.

Tuwa ngumur, kakikiné anom tuhu, sanadyan anoma, yèn ngulama myang bèrbudi, myang sujana kakikiné iku tuwa.

Yen tatamu, sanak pekir kang jajaluk, énakana ing tyas, nuli wèhana tumuli, yèn tan duwé dèn amanis tembungira.

Lilanipun, jaluken dèn tekèng kalbu, pan samayana, lamun duwé bésuk maning, ing samangsa-mangsane konen baliya.

Dadinipun, tan megatken rahmatipun, rahmating Hyang Suksma, yèn rumangsaa sirèki, darbèkira pribadi dadi wong angas.

Lan tekabur, satemah sira kasiku, siku kabatinan, hiya dudu siku lahir, padha uga lahir lawan kebatinan.

Yèn sirèku, tamuwan kongkonanipun, sanak pawong sanak, myangkanca miwah priyayi, myang wong gedhé-gedhé myang para bandara.

Dèna émut, ing caraka urmatipun, dutèku pan padh, lan kang anduta upami, duga-duga gedhé ciliking caraka.

Dèn atanduk, anggepen sajroning kalbu, padha lan kang duta, lire mangkana ta kaki, dèn angati-ati dènira angucap.

Kang saèestu, lir ngucap lawan kang ngutus, manawa ing mangkya, aturé lan kang anuding, kukurangan miwah gèsèhing wicara.

Selang surup, marma dèn awas dèn ému, ing wewekasira, sorana ing wuwus kwdhik, dimèn tyasé resep ing wewekaisra.

Dèn angugung, mring caraka haywa nepsu, sanadyan dinuta, mring sira kang tan prayogi, duta darma nora milu paran-paran.

Yèn arengu, sira marangcarakèku, bok wawadul marang, kang angutus akèh kedhik, karya rengat amecahken pawong mitra.

Haywa umung, amemekas mring dutèku, manawa akathah, pangrunguné selang titih, kanan kéring yèn angucap kawruhana.

“”” PUPUH 09 “””
DHANDANGGULA

Nahan kaping astha kang gumanti, warna kaping sanga kang pangucap, haywa sok metuwa bahé, myang metuning kang rembug, ririmbagan sabarang pikir, kang dhingin singgahana, pangucap takabur, ujubriya lan sumungah, padha bahé ana lawananirèki, lawan ngucap priyangga.

Liring kibir gumedhé ing dhiri, pangrasané ngungkuli ngakathah, sarwa kaduga barangrèh, sumugih gumunénu, sapa sira lan sapa mami, edak ledak kumethak, kethaha mring sanggup, gedhèkaken kawibawan, salin-salin sumalin tingkahing mukti, mrih rowa abirawa.

Liring liya lumaku tinuting, dèn alema samining tumitah, ing sabarang pratingkahé, datan simpen asamun, medhèng-medhèng, datan simpen asamun, medhèng-medhèng mrih dèn tingali, ingkang tumingal samya, ngalema ing kalbu, ingkang ngujub tagesira, pan malaku ginawokan barang kardi, tingkah rèh kalewihan.

Ingkang sumungah tegesé singgih, lumaku rinunguwa ing liyan, ing sabarang pratingkahé, mrih entar ngantarèku, maluyaa swara dumeling, myang kang swara ing polah, wipala pinulung, mring papasang karya semang, samangsané atiba tebané tebih, tambaha kasubingngrat.

Wong kang asring-asring ngucap kibir, ujubriya sumungah adhangah, lah hiya apa japané tan nemua bebendu, renguning Hyang Kang Maha Sukci, yèn kabanjur kadawan, ambabar tekabur, ora tinututan tobat, ing Hyang Suksma supayané iku olih, ngapura sawatara.

Haywa mangkana sira ngauarip, ngarep arepa rèh kautaman, katamana waluyané, lumayana ring ayu, ngayumana yumanéng janmi, janma pan sama-sama, sumimpanga mrih dur, durnimingta durtaningrat, durlaksana anir leksangatèng ngaksi, ngaksama semuning ngrat.

Kaping kalih haywa sira angling, luwih ing katawengis sru angas, yèn tan lawan prayogané, pangucap wengis iku, ngumbar nepsu kaworan éblis, ping tri sira reksaa, ing lésanireku, saking pangucap druaka, endi lire pangucap kang durakani, ngrasani alning liyan.

Alané dhewé nora udani, wong kang ngrasani alaning sasama, pan ginéndhongan dosané, apa paédahipun, géndhong dosanira pribadi, embuh kelar embuh ora, dadak jaluk imbuh, kaping pat sira reksaa, lésanira angucap dora sakalir, tuman bok dadi watak.

Watak dora memetengi ati, nora kena sira andelena, doranira pakolihé, wong peteng atinipun, upama jro wismanirèki, peteng kapatèng diyan, apa becikipun, sabarang kang sira alap, jroning wisma kagagap pan nora odhil, dhadhal rijekinira.

Mesat darajatira sumingkir, ana kèri amung kèkrèwèkan, drajating wong céréméndhé, dudu derajat luhung, ing lahir wus dèn orak-arik, dumadya calawenthah, sring mothah anguthuh, angathahaken paékan, angangkani ora ana pinangkaning, kaonang nir apraya.

Kaping lima reksanen ta kaki, lésanira saking ing pangucapan, ananacad ing liyané, amamaoni wuwus, tan wa-uwas pitayèng ngati, wong maoni nanacad, yèn ta during putus, tatas sandining wihastha, haywa agè ananacad mamaoni, tanwun sira sinungan.

Ing pamelèh dènira Hyang Widhi, kaping nemé reksananen lésanta, angucap kang tanpa gawé, geguyon amimisuh, acarita kang tanpa asil, kang adoh lan ngibarat, muwus tanpa usul, émanen kagunanira, ing pangucap yèn mungguh wong ahli ngèlmi, angedohken panembah.

Yèn wong ahlul alumakyèng kardi, tuna luhung micarèng pakaryan, supaya na paédahé, ping pitu hayma muwus, reksanenta lésanirèki, pangucap sesembranan, wong sembranèng wuwus, ngilangaken kajatmikan, lan angrusak ing tapa bratanirèki, yèn ilang jatmikanya.

Suda ajinira ing ngaurip, lamun rusak tapabratanira, cinupet barang sedyané, yèn cinupet wong iku, ing sabarang sedyanirèki, tiningggal mring ki begja, ki cilaka maju, mrepeki ing sariranta, dadya nora kena ing pépéka kaki, wéya léna tan kena.

Ki cilaka ing rahina wengi, anuguri ing sariranira, hiya pira betahané, manungsèku satuhu, goning lali léna tan titi, yèn wis kalimpé sira, ki cilaka nempuh, rumasuk ing sariranta, nora kuwat sariranta anyabili, ing kono pirabara.

Anemua basukining urip, marma kaki haywa sumambrana, ngaurip akèh ewuhé, gumantya ing pirembug, wetuningling dènira gusthi, yèn sira rerembugan, lan sanak sadulur, endi kang kaprenah tuwa, hiya aja sira wani andhingini, wetuning pikirira.

Sumanggakna segalaning pikir, mangkya yèn wus kang kèwuhan, anuduh marang kang anèm, kinon samya arembug, lah pikiren ingkang prayogi, yèn katemu tyasira, haywa sira pugut, amantesi pikirira, iku mslih sumanggakna dèn aririh, mring kadangira tuwa.

Yèn wus sarèh endi kang kang pinilih, ngèstokena mangayu bagyaa, yèn wus patitis beneré, sèndhekna ing Hyang Agung, tumindhaké mau kang pikir, haywa ta kaberangas, angas mamor nepsu, ing kono pan pembègalan, angas nepsu tinuntunan marang éblis, murungken kabecikan.

Becik iku nugrahaning widhi, wus kayané nepsu lawan sétan, murungken kabecikané, kalangkung déning lembut, pengarahé risang iblis, mulet ing nepsu nira, ing upamanipun, ana pikir wus prayoga, bener bening tan atilar dalil, kadis, ijemak lawan kiyas.

Trus tatané ing yuda nagari, suprandéné wurung tan kalakyan, hiya iku pembegalé, tyas kérut temah lemut, angubungi nepsu tan yukti, marma sabarang tindak, yèn uwis panuju, dèn énggal laksanakena, yèn wus lumaksana haywa sira gipih, ing kono sabarena.

Dadya bening sira angèngèhi, mau pasrahira ing Hyang Suksma, kang supaya ing dadiné dadiya iribipun, golongané kang wahyu jati, wahyu kapikawuntat, yèn uwis ketemu, tumindhak lan kadadiyan, pikirira wus nikmat sira lakoni, kono sira tobatta.

Ing Hyang Suksma lan sukura malih, détanandhang ing nikmat manpangat, pan mangkoné pratikelé, yèku gonira nutup, lawang kutha katur ing widhi, widagdèng padandanan, jro kutha barukut, lawan malih lamun sira, birembugan lan wong liya kang ngungkuli, marang ing jenengira.

Ing tuwané myang lungguhirèki, dèn prayitna sira kawruhana, pikir liyanta wetuné, apa ta hiya iku, saking nepsu myang saking éblis, apa ta saking kawa, apa wetunipun, hiya saking Nabi Adam, apa metu saking malékat kang pikir, wawasen dèn waskitha.

Lamun saking nepsu saking éblis, saking kawa iku padha ala, angel dadiya beciké, haywa ta sira anut, pikiring lyan kang ala katri, béda kalawang kadang, tuwa sugih maklum, pantes lamun linabuhan, pan wong liya yèn kapengkok dadi mukir, tan makam ing kaharjan.

Béda kang wus sampurna ing budi, wicaksana apara martèngrat, sanadyan silih neptuné, saking ala tetelu, kawa nepsu kalawan éblis, bisa dadeken harja, beciké tinemu, nanging ta kang boya-boya, jaman mangkya arang kang mangkana kaki, marma mémut ywa lupa.

Lamun saking Adam lawan saking, malaékat wetunè kang rembag, karo pan padha beciké, anuta sirèng rembug, mau ing lyan dipun nastiti, wetokna pikirira, kang bener panuju, dèn prapta sampékandaya, prajangjian habipraya sabayanting, temahing sama-sama.

Miwah lamun pikiran sirèki, pakumpulan lan janma akathah, ywa andhingini wuwusé, antinen ta sawegung, siji-siji wetuning pikir, haywa mancah medhot wikalpa, haywa ngendhak wuwus, haywa mancah pintering lyan, wong pikiran ala becik, yekti mijil, bener luput gumelar.

Kadyanggané iwak kang sumaji, rarampadan sedaya sarwana, pilihane saanané, iwak ingkang kadulu, endi ingkang énak binukti, sambelan lan lalaban, kang munggèng ing ngayun, ana ta iwak kang énak, kinyih-kinyih nanging bakal malarati, haywa kepéncut sira.

Padha-padha sega kang awarni, sega liwet lan kebuli sega, sanadyan padha énake, kari manpangatinipun, yekti pédah sega kebuli, anggi-anggi winoran, sanadyan keladuk, pamangané tan ngapaa, pan mangkono nalirahé ngamèk kasil, salsilahing wacana.

Haywa ngumpet ing pikir tan mosik, liring ngumpet yèn ing pasanuwan, wus rembug saniskarané, yèn wus bubaran iku, metokaken pikir pribadi, kumedhèp mrih tinuta, iku ora arus, duraka tan olih harja, lan maningé yèn sira tinari pikir, marang ing gustinira.

Umatura sakawruhirèki, sapanemunira dèn anelas, nganti miwah ondhé-ondhé, yèku kajawinipun, hiya saking karsaning gusti, yèn gusti nira arsa, pikir ingkang nempuh, sanadyan tumibèng nistha, tumurunga milya anut anglabuhi, haywa mèngèng ing cipta.

Yèku dudu pasuwitan kaki, pan sayektining wong asuwita, ingkang mengkono pikiré, pikir suwitan iku, wetuné ta ngéman ing gusti, among buru aleman, anjurung kumlungkung, déné kang tuhu suwita, sarananing driya kang dadiya kuwatir, katur sumanggèng karsa.

Lamun sira amikir pribadi, liring pribadi nora, kawedal, hiya marang ing liyané, muhunga ming Hyang Agung, miwah marang jengira Nabi, duta sumarahena, lawan haywa limut, penengeran kang lilima, ingkang uwis hiya kawuwusa wuri, warananing paningal.

Yèn wus dadi pikirira ngati, kang awening wenang lumaksana, tumindaka lawan sarèh, anunuju ing kayun, pamrih sela-selaning kapti, myang ananing sasmita, ing Hyang lir pituduh, dèn kumambang ing wisésa, haywa éwuh tanpa wahananing wangsit, wasitaning taruna.

“”” PUPUH 10 “””
S I N O M

Ningena warna ping sanga, kaping sadasa gumanti, hèh sanggyaning suta wayah, lamun tinitah sirèki, gedhé kalawan cilik, ing tata haywa kaliru, haywa sira nresula, yèn tinitah dadiya cilik, bekel desa saguna satata gena.

Satuhu kang kaping tiga, liring sagunaning tani, apa kang dadi busana, peraboting among tani, garu, waluku, nenggih, arit, pécok lawan pacul, myang wangkil pamatunan, wadung pethèl lawan kudhi, kebo sapi kabèh iku perlokna.

Yèn pepak dandananira, dadya saregep sasabin, ananandur sasaminya haywa kesèd dèn taberi, rina kalawan wengi, mikira nggonmu nanandur, pala gumantung miwh, kasimpar kapendhem sami, yèn kameton sagung tatandurannira.

Sira aséba marang, yèn ana ingkang prayogi, turna mring bendaranira, rumangsaa brekatnèki, yèn mungguh wong ngabekti, yèku mangka sunatipun, pajegira kang mangka, perluning wong angabekti, yèn wus mangsa pajeg haywa awéwéka.

Haywa watak kathèthèran, apa ingkang dadi jangji, ing patiné taker tedhak, miwah yèn ginawé urip, lamun urip ta kaki, yèn pinundhutan sirèku, hiya ing taker tedhak, aja sira mamadoni, yén tan kuwat luhung sumanggakna sawah.

Aja serik aja esak, yèn kapundhut ponang sabin, yèn kongsiya wawan-wawan, anglawan mogok ngukuhi dadya dudu wong becik, wong ala bajingan gendhu, ing tembé hiya dadya, tatampikaning priyayi, dadya nora welas ing sariranira.

Tegesé ingkang satata, satataning wong kang tani, wong kang dadya bekel désa dèn barukut dèn sira gawéa masjid, sandingena toyanipun, santriné pancènana, ing sawah sapantsnèki, jakat pitrah srahna ywa milu nglaap.

Lawan karyaa kabayan, kang rosa kang aja nyerit, lamun sira tatamuwan, priyayi dèn rikat yekti, pasugatanirèki, dibecik remeksanipun, marma parlu akarya, ing kabayan kang abecik, supayané rumat barang karyanira.

Akaryaa pagerjaba, kelakah dhadhapuran pring, haywa sok angrusak karang, nyarengken padésan kaki, pager wismanirèki sapaturé dèn akukuh, ya menawa tamuwan, kandheg kampiran sirèki, ing sadina sawengi wajib rumeksa.

Ing satuhu ya tegesnya, ing wong papadésan ugi, apa adat kang kalampah, mancapat mancalimèki, papagerané sami, myang arahaning gugunung, dèn lastari tumindak, ywa karya adat pribadi, yèn wus lumrahing wong mancapat lilima.

Anggone haywa anyjelag, lawan aja sira apti, ing klempakaning durjana, pakaranganira kaki, angrèhaken wong cilik, prihen aja na laku dur, kawruhana lakunya, titiken dèn apratitis, yèn culika énggal sira tobatena.

Yèn tan marèni karyanya, saksèkna mancapat nuli, tundhungen saking ing désa, haywa kongsi nglèlèpeti, marma dèn wanti-wanti, mrih becik lakuning batur, lan malih lamun sira, kuwat ngadegaken mesjid, jumungahé iku sira adegana.

Atagen saben jumungah, padha salata mring masjid, lamun akèh kang ngibadah, kedhik kang panggawé juti, botohan nyerèt sami dèn banget walerirèku, rong prakara iku ya, cacaloning dadya maling, ing wong cilik mèh kena dèn pasthèkena.

Wité dadi kemlaratan, banjuré dadya mamaling kayangapa yèn kembaha, enggonira kang angawruhi, pakartining wong cilik, myang kang dadi kasabipun, nemené anggaota, kang dadi wektuning bukti, kang ngedohken marang ati kadurjanan.

Kalamun tinitah sira, angabdi jroning nagari, dèn taberi aséwaka, yèn durung pinaring sabin, haywa sira angincih, mrih balendhunging kang wadhuk, pandhak sadaya-daya yèn tan durung potang kardi, tékadena awisma nèng paséwakan.

Asorena kula nira, mring sasaminira ngabdi, mèten wuwulangen samya, kang becik anggonen ugi, karana wong angabdi, kadulu ing tindak-tanduk, dèn bisaa suwita, mring kang angrèhken sirèki, lurah bekel miwah mring wadananira.

Haywa ing lahir kéwala, dèn terus tumkèng batin, yèn nora terusa ing tyas, mukir titahing Hyang Widhi, dèn kumandel ing Widhi, gusti iku pan satuhu, gustining wong ngakathah, kinarya badaling Widhi, kang amesthi adil paramartèg wadya.

Liring adil para marta, bener angapurèng dasih, anglèbèri pamengkunya, marma sagung wong andasih, satata dèn taberi, mèt tyasing kanca denatul, sedyakna apuranta, ingkang durung lan kang uwis, lamunana kaluputané mring sira.

Bésuk dadya sira potang, motangken panggawé becik, winales déra Hyang Suksma, lawan haywa sira amrih, pepelèsèdan angling, sring anyatur alanipun, kanca ingkang sunganan, sring towong pakaryanèki, haywa irèn ing karya anasabana.

Yèn kancanira amanggya, hiya dudukaning gusti, miluwah angungun sira, sakedhik dène mrihatin, ingkang mangkono uwis, karuwan ing takdiripun, balik kang durung hiya, durung karuwan sayekti, anganggowa ing tékad tepa selira.

Dadya ora ala sira, ing sama-samaning abdi, ya pan reksa-rumeksa, ing lahir tumekèng batin, kanca iku sayekti, pan wus prasasat sadulur, ingkang kaprenah tuwa, kurmatira dipun kadi, kurmat marang sanak wongtuwa priyangga.

Dhasar tuwa dhasar dadya, lurah wadananirèki, iku wenang sinembaha, wajibing sinembah kaki, ingkang dhingin narpati, kapindhoné bapa-biyung, kaping tri maratuwa, maratuwa jalu èstri, ping sakawan guru pan wajib sinembah.

Kaping lima kadang tuwa, déné ingkang pradipati, marmané wenang sinembah, déné wakiling narpati, sagunging para mantra, wenang nembah mring santanèng nata.

Para pandhita sinembah, saking guru dènnya ngirib, sadaya amawa pangkat, gogolanganing nagbekti, terus saking ing dalil, pangandikaning Hyang Agung, kabèh padha nembaha, hiya marang ing Hyang Widhi, lan menbaha marang utsaning Allah.

Lan menbaha sira padha, hiya mring kang anduwèni, paréntah saking ing sira, tegesé iku narpati, papatih pra dipati, yèku mired saking ratu, wakil nyekel paréntah, marma haywa shak ing galih, ing panembah terus saking dalil pisan.

Yèn wus amriyayi sira, nganggowa kawan prakawis, bubudèn haywa tinilar, kang dhingin budi priyayi, ping kalih budi santri, budi sudagar ping telu, budi tani kaping pat, liring kang budi priyayi, tata karma ungguh-ungguhing wicara.

Tan nganggo sawiyah-wiyah, busana sapantesnèki, kapara murah ing boga, prawira wéwéka titi, tanduk ngénaki ati, bisa mrih rèh sabayantur, nora wedi kélangan, amiguna ing berbudi, kabudayan ing tanduk paramacipta.

Budining santri winarna, kudu resik, kudu suci, ngakèhken karane Alloh, sukuran pratingkahnèki, mangkono bahé ya wis, mangkono bahé ya sukur, ngendhiken kalorèyan déné ta budining tani, temen wekwl abot ènthèng wus karyanya.

Irèn dahwèn nora watak, tan methingkrak tan methingkrik, mantep temen linabuhan, tingkah kang wus dèn lakoni, membat –mentul tan bangkit, kamandaka nora putus, déné budi sudagar, pétung sabarang pakarti, agemi tur nastiti, ngéman ing lampah.

Riningkes catur prakara, bubudèn dadi sawidji, tatanira aja tilar, hiya tataning priyayi, resikira dèn kadi, santri sukuran tyasipun, temenira dèn kadya, hiya temaning wong tani, pétungira dèn kadi pétung sudagar.

Ngétunga sabarang karya, hiya kang datanpa kasil, haywa tuna barang karya, yèn tuna sabarang kardi, tan welas sarirèki, kang mangkono yèn kabanjur, golongan nganiyaya, marang awake pribadi, ing mangkono ngresula akudhandhangan.

“”” PUPUH 11 “””
DHANDANGGULA

Barang karya dèn waspadèng nguwit, lan wewekas iku kang kinarya, anengahi prayogané, kadyanta sira dulu, ing sosotyo mawa retnadi, awit kapéngin sira, ing tyas kudu-kudu, tengahana ing prayoga, wekasané yèn tan kadugi ing regi, temah karya malarat.

Yèku haywa nuruti saking wit, haywa kongsi tumekèng wekasan, tulaken tan prayogoné, nadyan remen kalangkung, kang warna di tur rajapèni, pinrayogèng wekasan, kalamun ta durung, sampé samipaning karsa, kasangsara anggagawa wuwuh pinging, ginggangken pasuwitan.

Wiwit iku akathah kang becik, sabarang kang saking karsanira, saking hawa panarikké, nanging arang kang èmut, wekasané nora pinikir, ana kang wiwit ala, becik temahipun, wit becik atemah ala, awit nistha atemah dadi utami, utama dadi nistha.

Awit becik wekasan tan becik, karsa mirungga atilar ngadat, kang wus kalakon beciké, saking pangrasanipun, amuwuhi ing dat kang becik, kasor kaworan harda, kudu wuwuh-wuwuh, yèn harda binanjurena, wekasané tan wurung ala pinanggih, balasak dadi rusak.

Wiwit nistha awekasan becik, nguni jenengira Seh Malaya, saking ing ala puwané mèt karya-karyanipun, ing sawiji dina marengi, ingkang dèn ambil karya, nuju Jeng Sinuwun, ing Benang dadya waspada, yèn kang ngambil karya ing trah wong ngabecik, pinurih rahayuwa.

Anut kang pangandikanirèki, Sunan Bonang wau kang ambégal, dadya umanjing sabaté, miturut ing satuduh, nadyan silih temekèng pati, lami-lami dumadya, kangmèt karya wau, sawusira jinatènan, sarta banter tapané tan uwis-uwis, dumadi Auliya.

Anama Seh Malaya linuwih, ya Seh Malaya iku suhunan, ing Kalijaga wastané, marmanta dèna émut, yèn purwaning tingkah tan becik, tobaté ing Hyang Suksma, sarta tapanipun, dèn sru tapa matiraga, kaya ana pangapuraning Hyang Widhi, pan Allah sipat rahman.

Anuruti panuwaning dasih, asih marang manungsa kang tobat yèn dèrèng tutup lawangé, lawangé tobat iku, hiya lamun durung ngemasi, pan masih kena menga, tobaté umangsuk, kang satengah ana ngucap, pengucapé wong wis ala hiya uwis, aja tanggung alanya.

Begja kana kang anemu becik, begja kéné kang anemu harja, ingkang mangkono yektiné, pan wus kena dhinadhung, ing ngarahanira sang éblis, kaworan nepsu hawa, binawur linantur, mangah-mangah amrangangah, pangrasané isin mundura sanyari, ing sujanma utama.

Tan narima ing asor myang inggil, nora nana jenengé kawula, ingkang unggul salawasé, amesthi asor unggul, kalampahan jamaning ngurip, wit saking Nabi adam, unggulé tan banjur, nganggo asor ing tengahan, lajeng tobat analangsa siyang ratri, subatra matiraga.

Lami-lami anulya antuk sih, pangapuranira Hyang Wisésa, pan mangkono sabanjuré para nabi para ratu, para wali myang para mukmin, yèn maksih muring kathah, maksih badhog sekul, asor unggul kalampahan, awit luhur yèna tengah andhapnèki, yèn narima sru tobat.

Winangsulken marang luhur malih, kang setengah abanget ngresula, nguneg-uneg ing driyané yatalah Hyang Kang Agung, gawe titah kaya wakmami, banget temen binéda, lan kaé si anu, satengah anèng ratunya, kang setengah lulurah bekelirèki, setengah wongtuwanya.

Kang dèn uneg-uneg jroning ngati, malah ana satengah kawedal, muring-muring pangucapé, nora wruh awakipun, pribadi kang akarya nisthip, mring kang akarya harja, kurang tapanipun, lan kurang panedhanira, ring Hyang Suksma panedhèku kudu mawi, ngresiki badanira.

Resiké lan tobat ing Hyang Widhi, dapak-dapak ing mengko katrimah, hiya mau panedhané, yèn wus motangken wau, Ing Hayang Suksma déné ing lahir, yèn wus motangken karya, marang ing ratumu, myang ing lurah bekelira, ataberi nyakubaken barang kardi, karya agal lan lembat.

Yèn wus antuk nugrahaning widhi, kang amarga saking ratunira, awit saking sih mulané, ing kono dèna émut, dèn anganggo boboting sabin, pira pametunira, anganggoa pétung, gemèni nugrahaning Hyang, lan gemèning hya paparinging gusti, supaya mrih panjanga.

Ciptanen sangunira angabdi, kacagaka sabarang pakaryan, busana marasébané sumedyaa ing tuwuh, angurangi sajegé urip, haywa ngegunggken raga, kerep jibar-jibur, kamangkono dadya watak, angètèrken gonira lumakyèng kardi, kadadak adol ladak.

Yèn tinitah sira dadi mantri, mapan ana adat kalampahan, para mantri pakaryané basa mantra liripun, linuwih ing tigang prakawis, nistha madya utama, ya pangiwanipun, Janaloka, Ngendraloka, Gururloka tinggang nggon iku yèn mantra sayektiné waskitha.

Janaloka ya madya panèki, nggon manungsa ya ing Ngéndraloka, Bathara Endra kratoné, ing Guruloka iku, kadhatoné Sang Hyang Pramèsthi, ing tri iku uninga, tata kramanipun, pakaryané ing manungsa, siji-siji kang ala lawan kang becik, nistha lawan utama.

Wruh ing Ngèndraloka tegesnéki, wruh kataning panembah ing déwa, ing sawiji-wijiné, barang ing lakunipun, Ngéndraloka mantri udani, kaping tri Guruloka, mantri yekti weruh, sembah mring Hyang Girinata, salakuné sapratingkah pan udani, déné panengenira.

Lamun tinitah mantri bupati, pan bupati sipating naréndra, ing praja wus bubuhane, bener kalawan luput, nistha madya lawan utami, lamun ana prakara, kang tiba nisthéku, bupati mèh kawajiban, ngambengana suker gampanging nagari, punggawa kang angrembat.

Nora gampang wong dadya bupati, lahir batin ing boté katempah, asor ungguling prajané, haywa pijer katungkul, kawibawan kasukan tuwin, jaga-jaga ing yitna haywa énak turu, ingkang dhingin samektaa, acacadhang ing karsa sri narapati, ping kalih samektaa.

Jagayitna aliya negari, pikir lepas amrih karahajan, barang kang dadya sababé, ing wéwéka dèn putus, tatasena sandining wèsthi, yèn ana pasuwalan, ing rèh kag rinembug, haywa konsi tibèng nistha, yén wus rembug kenceng sabayantu pikir, énggal laksanakena.

Yèn arandhat ngendhé-ngendhé pikir, mbok kaselak méda manggih baya, nglentar kspiran ngethèthèr tumpa-tumpa katumpuk, kawaledan gunggunging pikir, jroning sumur upama, lawas tan tinawu, baleder waled mèh kebak, yèn dhinudhah rinesikan angel ugi, larahan wus akathah.

Ana eduk sujèn lawan beling, angel kangèlan yèn pinarusa, manawa kena ing sujèn, kathah drigamanipun, yèn tan lawan nugrahèng Widhi, kang ngeningken istiyar, mung kang ngayu-ayun, wahyu kang saking Hyang Suksma, angèn tuduhing kedhap kilat manawi, bisa nitih anumpang.

Nadyan silih bisaa anitih, ing prakara budhaling waledan, maksih kaworan panggawé, awit mirungga iku, nora kadya kalaning nguni, umpama beras wutah, saking wadhahipun, winangsulken kinukuban, arang ingkang mulih takeré ing nguni, ngungun angunandika.

Ènget kaènget tanduking nguni, paran marga muliha mangkana, saking paran pinangkané, yèn mangkono ing kalbu, antuk rengatira Hyang Widhi, kuranging pangarima, tindak wus kalantur samonèku pira-pira, pirang bara ubaya osiking ngati, atingkah kadaya kuna.

Kina ana kinènan samangkin, mangkin harja yèn leksanakena, lumaksana saanané, surasa sabayantu, pratiwa tan gèsèh pikir, pakarananing dadya, gingganging pangangkuh, saking datan habipraya, prayanira tan nelaya nguciwani, wenèh panjangkanira.

Mantep iku busananing ngèlmi, ing ngagesang apa kang sinedya, yèn tan sarta lan ngèlmuné, apa ta abubruwun, among amrih kamukèn adi, yèn namaning pratiwa, nistha tan mituhu, rèhing praja kang mulyèndah, béda lawan nangkoda kang sugih-sugih, tan milu ngrembag praja.

Karya kamuktèn sakapti-kapti, sapantesé ya ingkang winenang, tanana rinasakaké mung indhaking hartèku, padagangé dadining bathi, béda lan asuwita, dadya punggawa gung, yèn tan putus pamicara, kèh kapéngin dadya punggawèng narpati, pakéwuh tan rinasan.

Yèn tinitah ing mantri papatih, yèku warangkanira sang nata, sangsaya geng pakéwuhé, yèn tan saé kang kalbu, lawan ingkang dèn warangkani, dadya warangka datan, umanjing ing dhuwung, dhuwung tan manjing warangka, paran marga lamun gampanga pinurih, ngruruh rèh karaharjan.

Nadyan silih saéka akapti, mantri muka lan sang narèswara, yèn tan wicaksana mangrèh, sanggyaning pratiwanung lénté kanang mantri lit-alit, tanwun sira kataman, ing nistha salugut, legetaning janma kathah, kenthaha tyas sanityasa amatistis, panatasing tyas harda.

Hardaya mring pamicarèng nagri, nagaranjah wetuning pratingkah, ing kono pangadilané, bener kalawan luput, wus gumelar tataning negri, kang ngalaya ing ngadat tuwin ingkang nganut, laku ingkang kuna-kuna, lan samangkya pinèt saking ing prayogi, anggoning jaman mangkya.

Lamun mantri alit nora bangkit, angambila panganggé mangkana, mung papatih panganggoné sira ywa selang surup, ngendi ana mantri tan bangkit, anganggo kang mengkono, miwah pra tumenggung, sanadyan pratinggi désa, hiya bisa ing prayoga handar bèni, nanging tan dadi guna.

Nora dadi lajering kuthèki, ineb-inebing lawang saya trang, dèn konsi sipat beneré, dènya mrayogèng laku, yèn binubrah marang papatih, sayekti kenèng bubrah, patih kang amengku, barang paréntahing nata, wujud tunggal lan patih ya sri bupati, satru munggèng rimbangan.

Yèn wus manjing warangka ing keris, lan keris wus manjing ing warangka, dumadya doh sangsayané, prajaharja barukut, den warangka kandel nasabi, curiga datan mantra, mingis landhepipun, dènnya kandeling warana, yèn mengkono yèku papatih utami, atebih saking nistha.

Ing kukummah wilayan pan uwis, pinanci-panci ingkang bubuhan, papatih ngantuki bahé, nanging haywa katungkul, adombani rahina wengi, wangening pangkat-pangkat, ingangkat lan patuh kamituwa kapitayan, supayané haywa nalimpang ngawengi, mèngeti haywa lupa.

Tan sun panjang wasitaning patih, ngunu-uni pan sampun akathah, ing ngupama saanané, pakartining amengku, ing paréntah kang tibèng, sisip, ana kang tibèng, madya, ana utamèku, kang utama iku tanlyan, babkuné kang sampun kocap ing winhking, anggep pangawakingrat.

Pira-pira titahing Hyang Widhi, mring manungsa saking kodrating Hyang, kang mijil saking retune, saking sor dadi unggul saking luhur asor dumadi, yèku dadya ngibarat, panyatheting kalbu, kang lunjak-lunjak ngalanjak, ngajak-ajak temporat amalarati, tan étung kanthinira.

“”” PUPUH 12 “””
KINANTHI

Kaping sawelan winiwus, maskithaa dèn nastiti, ing sudaning kang darajat, gingsiring wahyunirèki, tanlyan saking kamélikan, anununtun maring lali.

Tan linawan rèh rahayu, kadyata sira amélik, pangané wong cilik ingkang, sathithik gawéné iklik, kang uwis wajib linakyan, si raksasa angelongi.

Tanpa karana pan among, nuruti hawaning ati, yèku nyudakken darajat, nora ta dumèh sathithik, wulu kalong binubudan, alembut datan katawis.

Anunuman hawa napsu, nanarik panggawé sisip, ngakèhken panggawé wenang, momori panggawé wajib, yèn atiwas wajibira, sudaning darajat pasthi.

Sagung pakarti kadulu, kang sumimpang saking wajib, ngakèhken mokal lan wenang, dhasar ya sasami-sami, tanwun sudaning darajat, yèn banget wahyuné gingsir.

Kadyata sirarsa tuku, barang karemenirèki, ing kuda miwah curiga, mas sosotya sinjang adi, myang sabarang rerèmèhan, ingkang arega sathithik.

Déwus sira nyang keladuk, ing panganyanira dadi, mandheg mangu karsanira, pan wurung sok-sokan picis, pangrasanirèku menang, sira wurungaken nuli.

Pan akèh sababing wurung, kaduwung saka ing regi, kang mankono iku dadya, darajatira ginempil, peksanira ngéman arta, panwus jamaking priyayi.

Yèn tuku rada keladuk, sawatara yèn wus janji, yèn wurunga karya esak, ing sama-samèng dumadi, émanen sudaning drajat, haywa kongsi gempil lirip.

Myang sira remen ing dhuwung, dapur becik tangguh becik, kepalangé mung wasiyat, éwuh dènira ngakali, saking sruning remenira, kang duwé kepalang ajrih.

Dadya sinungken kang dhuwung, karoban saking ing regi, kang mangkono pan pepeksan, yèn wasiyat nora becik, tan awèt sira anggowa, temah wahyunira gingsir.

Yèn wasiyat iku lamun, saking kang duwé pribadi, kang adol saking abetah, yèn dhemen tukunen ugi, salumrahé ing reregan, utama sira ngerobi.

Lan jaluken wuwusipun, lilakna wasiyatnèki, mangkono iku kang esah, tetepa ngnggonirèki, wasiyat iku pan wenang, yen kabutuh nora bukti.

Dèn edol supayanipun, tulak kamlaratanèki, kang setengah ana ngucap, lamun ingsun maksih urip, mangsa ingsun gadhèkena, hiya saking lambung mami.

Bener iku kang amuwus, lamun mantep anetepi, yèn ora mantep pan hiya, dadya brahala sayekti, keris ingkang dèn pangéran, pinindha wong tuwanèki.

Misih urip idhepipun, lire kang mangkono kaki, aboté wong nora nyandhang, lawan wong nora abukti, yèn tidha kurang ngelmunya, kena binedhung ing éblis.

Tyasé tinarik ing kupur, metu akalé tan becik, kelantur dadi durjana, wasiyat ginawé maling, kebak sunduké wong ika, konangan dènnya mamling.

Pinenthung guluné putung, gulinting mati babarji, wasiyaté wus dèn alap, mring kang menthung wau maling, tinitiran sawusira, mupakat binontot nuli.

Binuncal bontotan pandung, kadya adating nagari, tobat anaa kang gugat, yaiku wong tuna budi, rupak nalar nir istiyar, tugel bet wahyu malencing.

Wesi dipun anggep wahyu, yèn dèn dola iku nguni, dhuwit kinarya pawitan, pinangan teka sathithik, panulak ati makasiyat, yèn akathah punang regi.

Kinarya prabéyanipun, yèn dhemen lumakwèng kardi, pan kakékating wasiyat, hiya dudu tumbak keris, wuruk kang becik punika, wasiyat ingkang sejati.

Wasuyat lahir puniku, tan bisa becikken ati, puluh duwéa wasiyat, Pajajaran tangguhnèki, gaweyan Siyungwanara, yèn atine nora becik.

Sang éblis kang ambedhung, kadhungsangan pothar-pathir, hiya wahyuning wong ika, wasiyat tan anglabeti, ing kuna sang resi putra, wasiyaté angluwihi.

Paparing déwa agung, hiya panah Cundhamanik, pangrusaking kalamurka, Swatama kang andharbèni, ginawa mamaling marang, Pandhawa pakuwonèki.

Cendhaké bahé cinatur, déwa warna kang nuruni, pinundhut saking Swatama, pinaringken Pandhawèki, Swatama datan suwala, dinukan akelip-kelip.

Minta tobat tan tinutur, Sang Kresna tan anglilani, sirna wahyuné Swatama, tugel bet labté ngenthir, yèn penengen tinemaha, nguni Jeng Suhunan Giri.

Tan séba mring Majalangu, wong saGiri dèn ratoni, sang prabu ing Majalengka, anuduh gempur ingGiri, pira-pira kang prawira, gagaman geng kang dhatengi.

Praptèng Giri rèh gumuruh, dadya samya tur upaksi, maring sira Jeng Suhunan, ing Giri éca nunulis, kang tinulis surat Islam mengsah geng saya angrampit.

Garwa putra jrit gumuruh, saksana Jeng Sunan Giri, kalamira kang binuwang, dadya keris ngamuk nuli, Jeng Sunan éca alenggah, mung kalam ngamuk pribadi.

Pira-pira ingkang gempur, mati déning kalam keris, kang kari giris lumajar, mulih marang Majapahit, kalam munyeng wangsul nulya, ing ngarsa Jeng Sunan Giri.

Angandika Jeng Sinuhun, hèh kalam munyeng sirèki, salira teka ing kalam, balia mring kalam malih, ki kalam munyeng wus dadya, kalam penyeretan malih.

Yèku utama linuhung, wasiyat ati lunuwih, haywa ta aslah tampa, nanacad kang karya tamsil, waliyullah kang kinarya, sapa bisa anglakoni.

Kang mangkono wong amugut, medhot wikalpa ing tamsil, sanadyan sikep upama, wenang nganuting prawali, sapangkat-pangkaté uga, mangsa ta tiruwa wali.

Kéwala ngirib tiniru, ing tyas pakrti kang becik, oleha saparatusan, saparakenthening wali, kabèh wong ing tanah jawa, kang Islam nut para wali.

Luhung endi Kangjeng Rosul, wus sah paréntah Hyang Widhi, dadya panutan sajagad, kang manut ing Kangjeng Nabi, marma ran Nabi Panutan, wenang tinutbarang kardi.

Gedhé ndi lan Kangjeng Rosul, lawang ingkang para wali, ya marmèngsun kongsi panjang, anjejèrèng ing pangirib, sapa ta kang guguyuwa, dadya awakingsung iki.

Wong kumrisik tanpa bayu, pan ora mengkono ugi, watak wong anom ing mangkya, akèh pinter ramakawi, wong anom atiné sura, mbok kasusu mamaoni.

Durung linimbang ginilut, sokur yèn uwis mangerti, awak manira priyangga, kang sun karya tepanguni, duk nedheng maksih taruna, marajak sring mamaoni.

Pangrsaningsun linuhung, ana ta pujangga prapti, saking praja ngèksiganda, saben ari sun waoni, pinapasan ing aksara, myang basa paramakawi.

Akri-kari ingsun dulu, dudu pujangga sayekti, lire ta dudu pujangga, pawitan durung darbèni, maksih utang anyenyelang, murad ngawur ting saluwir.

Dadya banget ngong angungun, ing mengko wus tuwa mami, ladak ingsun duk taruna, yen banjura tanpa kardi, nanging sanadya ladaka, sathithik wus mratandani.

“”” PUPUH 13 “””
DHANDANGGULA

Amangsuli sekar gula milir, maksih pakarti kang dadya suda, ing darajat pangèthèré, haywa karya sirèku, ing wisma geng kang angluwihi, geng luhuré myang pélag, memet ting pamatug, luwih boboting wangenan, kang mangkono wus pasthi tan kena gingsir, kèthèré kang darajat.

Ing pangiwa panengené sami, awit Nabi Adam kongsi prapta,, ya ing jaman taun kiyé, Alip kang sirah pitu, tenggak papat tusan saptèki, geng alit tan abéda, tanah Ngarab dangu, para nata kang akarya, ing para di kang angirib suwarga di, tanana kang widada.

Jaman pangiwa samono malih, para ratu kang arosa-rosa, danawa myang manungsané, kang angirib swarga gung, pira-pira prapta kang samangkin, wong alit-alit kathah, jro prja myang dhusun, kang wus kacihna katandha, myang wong agung liyaning para narpati, wus kanas ngèlmu ngadat.

Apa japané yen nora keni, kang mangkono kèthèring darajat, ulun wani totohané, pedhoting jangganingsun, sakarepé dènnya bayari, yèn maksih langit dunnya, lan bumi dunnyèku, surya candra myang kartika, kang mangkono wus pasthi retuning pasthi, tan kena gumingsira.

Tobat ingsun ing Hyang Maha Luwih, déné ulun lonyo ing pangucap, wani akarya pepesthèn, saking kakuning kalbu, amumulang tan winigati, pribadi maring suta, wong saputu-putu, saking berkahing Hyang Suksma, ngalap saking ngelmu ngadat nguni-uni, kiniyas dadya kena.

Kang sawenèh ana ingkang angling, becik ambeciki popomahan, kang angluwihi bagusé, ingkang supaya antuk, ing pangalem kalih prakawis, dhingin pangalemira, sagung wong kang dulu, becik resik ngresepi tyas, kaping kalih pakolih aleming gusti, ngatokken brekat nata.

Kang mangkono ya bener dènnya ngling, nanging dipun nganggo sawatara, aja ngluwihi ing katté, déné pangalem iku, mau ingkang kalih prakawis, tan pakolihing badan, lahir batinipun, muhung alem bébéngkrakan, déné ngalem kang pakolih lahir batin, kang rumiyin dèn ucap.

Ya kang saking ing gustinirèki, lamun kabeneran karyanira, ing gusti dadi alemé, iku alem satuhu, anrus lahir tumekèng batin, nyegeri badanira, sanadayan sirèku, duwé wisma byur paradan, lamun karyanira kèthèr miwah sisip, tanwun amanggih duka.

Déné alem metu ingkang saking, wong ngkathah alem bébéngkrakan, yèn kawetu ganjel ambèn, mangka kang ngalem iku, amertamu maring sirèki, sira tan anyugata, ing saananipun, ngelokro alemé ilang, hiya dènnya mulih pan kongsi angelih, déné alem kang nyata.

Nadyan wismanira tan linuwih, among sedheng-sedheng sawatara, mangka kacanta pamané, kang padha amertamu, yèn amulih arang kang ngelih, iku alem utama, manpangat satuhu, wisma mapan nora kena, ginawa mring paséban séba ing gusti, myang kinarya ampilan.

Kathah lamun winarna ing tulis, ing pratingkah sudaning darajat, miwah ing wahyu gingsiré, ing sami-saminipun, mamèt misil kang wus winarni, ing rèh katibèng nistha, yen uga linantur, pinalangan nora kena, kudu berot yaiku pratandha dadi, gingsiré wahyunira.

Lawan hiya sabarang pakarti, amidosa nganiaya ing lyan, dupèh tan kacihnèng ngakèh, mung sanak tuwa kang wruh, pinalangan sru datan keni, yaiku tandha besat, gingsiré kang wahyu, pan wahyu iku nyawanya, lewih resik yèn katon pan luwih bening, mancorong kadya wulan.

Wahyu ulit lir lintang awening, yèn dèn ajak panggawé tan harja, suker agedhé nepsuné, tinon abingus-bingus, yekti minggat lumayu ngenthir, mangsa kuranga unggwan, ing paméncokipun ngupaya kang bening ing tyas, wicaksana tyas raharja sadu budi, iku bisa rumaksa.

Rumeksané ing wahyu sejati, dahat éwuh gampang yèn linakyan panyegahé, karsa awas lan émut, sanalika tan kena lali, risang amurweng tingkah, suméndhé sumaguh, agagah nora agahan, legawèng tyas sanityasa anastiti, mahambek harjaningrat.

Sarat sarwi rinaketan ing sih, dèna esah lan agamanira, angagema praknyana rèh, sumarah ing Hyang Agung, ngegungena pudya semèdi, sumedya apranawa, pranawa liripun, amadhangken ing tyasira, anyudaa dhahar néndra iku kaki, pandhangiring darajat.

Winantu ing panarimèng ngati, rinesikan ing sastra jawa Rab, bisa basa basukiné, wruh lelèjeming kukum, campuré lan yudanagari, yen wus resik mangkana, siramen ing kalbu, ati mandhep tan kumedhap, akèh kedhap tan dhinadhap mung ngadhepi, idhepé saking tedah.

Tedahing guru ingkang kaliling, lanlangana ing tyas palamarta, amartani pamintané, janma kang mindha punggung, asung boga ing pekir miskin, kenanen ing wacana, ywa ngrasani wuwus, wawasen tekèng wacana, sasananing utama tinaki-taki, takeren atinira.

Dèn abisa rumeksa mageri, maring wahyu liré dèn abisa, among tyasira ugeré, karsa bakuh akukuh, haywa kenèng ginonjing éblis, amring leson sungkanan, iku umurung maring laku kebecikan, laku becik dumdumaning wahyu jali, tuduh sihing Hyang Suksma.

Akèh lali lelakoning dadi, saking tidha dhinendhèng Hyang Suksma, samun sirna panemené, ing pakarti rahayu, kayungyuné pakarti juti, juwet abawur sila, selaman salumun, sulaya anyela-nyela, lalawora angawur awira-wiri warananira sirna.

Dhinedhering sarana mawarni, winursitèng manis minanisan, ing manungsa kang anènès, lejeming tyas pan ayun, ngina-ina mrih angenani, mrih ange-angenira, ngéram-éram arum, lir pangungruming ngasmara, sumarmane mari-mari yèn wus keni, kinenan kalatadha.

Yèn tan kena kenananing kéring, mring pangiwa kang ngawohken harja, yèn wus awas pamawasé, tan was-was ing panuwus, waskitha ring riwuning ngati, watara anamara, amoring pandulu, dadalané nora samar, ing sarana yèn mangkono anartibi, papagering nugraha.

Nahan kaping rolas kan winarni, nyatakaken obah osking ngrat, nalika masa kalané, ing Kalisingarèku, myang ming Kaliyoga ayun wrin, lamun anuju jaman, Kalisengarèku, kèh dalajat katingalan, keh pawarta dora mosik ting kalesik, seg tan kena tinulak.

Gara-gara rèh kagiri-giri, mega pratala mangambak-ambak, anggraning kang arga gègrèg, warna-warna kadulu, cihna retu ingkang nagari, ing kono den prayitna, den rumangsa ngaub, ing prajaning ratunira, turta sira winisudha sinung bukti, paran tan prihatina.

Nenedhaa mring Hyang Maha Suci, dèn banter cegah dhahar néndra, wurunga ing dudkané, yèn kena datan wurung, mung abera teka sathithik, dudukaning Pangéran, Kang Amaha Luhur, karana wajib sadaya, wong jro praja gedhé silik jalu èstri, padha andodongaa.

Sidhekaha tutulaking nagri, ing sakajat kawruhta priyangga, yèn tan ana barikané, parentahing Sang Ulun, lamun ana peréntah nuli, dikebat lakonana, sarta dèn asengkud, matuta panedhanira, kang satengahing janma ana kang angling, angekèhaken tingkah.

Mundhak susah agrurusak pikr, nadyan gègèr-gègèré wong kathah, reja-rejané wong ngakèh, tur kang mangkono muwus, sesembranan tan praptèng ngati, nenging yèn kabanjura, kang mangkono wuwus, naempuh rusaking praja, peperangan gègèr lir gabah tininting, dhèwèké pan kaponthal.

Kalèwèran bakakrakan ngili, pothar-pathir nginthar kuthèthèran, dharedhet entèk tobaté, tan angrasa wong iku, ngambah prajanira narpati, ngaub salaminira, upama wisma gung, ingauban wong akathah, payon rusak bocor apa énak-ènik, tan mèlu amayuwa.

Ing sakuwasanta ageng-alit rumaganga mrih jejeging praja, supaya ing waluyané, wong kathah kang angaub, dadya olih martabat becik, kalumrahaning janma, mau kang lungayu, dadya martabat babasat, sukur gègèr lumayu bari angutil, tanwruh lamun kaponthal.

Haywa ana kang salah mangerti, yèku ambeking janma kang rucah, nora kalebu cacahé, tanpa gawé winuwus, nora kena mangkono kaki, geng ngalit dadya tepa, ing lepiyanipun, ing setya lawan ngucira, sasaraning kang carita kurang titi, lapak wong kurang warah.

Waranané sebit rontang-ranting, ratas anaratas marang ing tyas, sarira pan wus ukuré, saking tambuh pitambuh, mung kahardan kang dèn ideri, andeder tanwruh kadar, kadar lingsem ambyuk, ing jujurang sirna gempang, anggagampang nganggo karepé pribadi, kang tan patut tan sastra.

Lamun ana obah liya nagri, iku kaki sira diprayitna, kuna ana lepiyané, ing Jakarta prajagung, purwaning prang kalawan sinis, lawas-lawas mangétan, banjuré dahuru, bedhah prajèng Kartasura, banjur sadayané praja pothar-pathir, wit tan rampeking karsa.

Wong ngagungé ana nalayani, wong cilike mawur asarsaran, pating salebar tan sarèh, pan uwis adatipun, wadya Jawa lire ram dami, kalawan tambak merang, katempuh ing banyu, banter gedhé alorodan, dhadhal larut tan ana tolih ing gusti, kadya sasapu wudhar.

Panjang lamun winarna ing tulis, nguni-uni akathah kang obah, saking ing liyan prajané, tumular analetuh, padha dipun prayitnèng wèsthi, dèn waskithèng pinangka, paran purwanipun, kang dadya obahing liyan, supaya ywa analetuh nunulari, den lembut nalarira.

Nalar kasep iku tan pakolih, yèn pakolih kaworan luamah, bawah pedhang golongané, sanadyan pedhang iku, lamun kasap kéwala gelis, punggel pucuking pedhang, yèn winoran lembut, awuled pucuking pedhang, lamun lembut kéwala ponang prajurit, mélot pedhang kang tedhas.

Bédané lan bawah kasap kaki, yèn anganggo kasap kaputungan, temah pepering kalamé, wus kathah kang kadulu, ing palupi lepiyanèki, duk sang narendra kresna, nuduh Bima sunu, panunduhé kurang lembut, wong wus campuh ing yuda akèh papati, anganggo kalamangsa.

Kurang lembuté Sangt Bima siwi, dadya kaputungan analangsa, mung sajugèku luputé, wus jamaké prang pupuh, asor unggul kalakon sami, sapissan maring kasap, Sri Kresna kaluputannya, duk patining Resi Druna den wékani, paékan kamandaka.

Ing wuriné Swatama malesi, adhustha mring pakuwon Pandhawa, olih titiga patiné, lah iku dèna émut, lepiyan kang ing nguni-uni, haywa sok amacaa, seru melang-melung, ing sastra Jawa myang Ngarab, rasakena ing logaté dipun prapti, muradé dèn tétéla.

Ana obah-osik tunggal nagri, nguni nagara ing Ngaksiganda, duk nedheng jaman kartané, obah-osik sakuthu, lajeng dadya pecahing nagri, katula kataletah, wong cilice sumyur, kang dadya wayang andadra, angengkoki tan wruh kamulaning cilik, Trunajaya cilaka.

Ing wong cilik haywa anyelaki, lamun ana obah-osiking ngrat, myang dèn awas lan sarèhné, nedhaa mring Hyang Agung, mrih wurunga ywa kongsi dadi, kadya ingkang wus ngucap, panedha ing ngayun, ing temahé yèn linakyan, dahuruné wong cilik ingkang nglakoni, lakon Kalisangara.

Wong agungé hiya padha kontit, nanging lamun jaman Kaliyoga, wong agung olèh kamuktèn, pan uwis lakunipun, ing ngadating nagari Jawi, marma ingkang tinitih, wong cilik dèn weruh, haywa kongsi kalarahan, dèn amantep anut osiking nagari, haywa angraras driya.

“”” PUPUH 14 “””
M I J I L

Lamun ana osik ting kalesik, saking sawiyanh wong, lire saking sawiyah uwongé, wong cilik tan jaman makam nenggih, sarta kincih-kincih, angaku yèn weruh.

Nalika reg-oreganing nagri, mengkoné mengkono, akèh-akèh rékaning wartané, rungokena nanging ywa ginati, iku warta saking, bangsat mrih dahuru.

Anging haywa angendhak sira angling, ing wong kang mangkono, prayoganen lawan watarané, sasaurira bayaran angling, ing rèh dèn kaliling, haywa selang sambut.

Mung haywa sak ingkang angsung warti, sira dèn waspaos, ing wong-wongan apa panengrané, hiya ingkang wus kocap rumiyin, pancawalèng janmi, dora lan satuhu.

Jaman mangkya akathah kalesik, sok dora angrandon, pira warta tan ana jebulé, nadyan wus mijil saking priyayi, prandéné tan dadi, lire nora jebul.

Lagya anitah mungguh Hyang Widhi, ing pawarta goroh, sétan nginjen-injen pakaryané, akrya pawitan dèn wuwuhi, den anggit pinurih, dadiya dahuru.

Yèn dahuru wong ala pakolih, akrya pirantos, ambabangus wigena tan sarèh, ngadhu-adhul dènira mrih olih, ngadhadha kinardi, pawitaning dhadhu.

Dhadhakané mindha mindhik-mindhik, medhak-medhak dhodhok, yèn wus antuk salah panyiptané, tan panyipta pakéwuh pakéring, dosa dènsasabi, nuru kang sinuru.

Nadyan sinurang-surung ing wuri, anerang wirangrong, nora rangu-rangu panggawéné, wus anékad dèn tékadi dadi, arahaning éblis, ambles ambalusuk.

Yen wus mangkono ananing janmi, dahat sru pakéwoh, gone marékakè pratingkahé, atiné wus kabuntel ing gajih, tan kamlamar isih, pinurih sareju.

Aja juwet alawan angling, lan janma mangkono, ngiris-iris angaras gegèrèd, haywa pangling ing panglimputing ngling, haywa ta kalilin, alingana alun.

Samunen ing nétya ywa katawis, mawas dèn waspaos, pahékang wus panalun-aluné, nora élan yèn sira kalilin, tan ana nglangi, lumelanèng kayun.

Yuwanané kahanan ngenani, ing pétung katongton, tinenana titika dèn ngntèk, osiking ngrat angraketi dadi, ilapat sayekti, kadyata ing dangu.

Samya rare alit ingkang angling, dodolan ngacemong, wuwus iku hya satemené, pinèting kira-kira pan saking, wongtuwa kang angling, rare kang snurut.

Lawas-lawas kalakon sayekti, wuwus kang mangkono, yèku kalebu obah-osiké, ing buwana wus amratandhani, yèn awas lan éling, barang rèh kadulu.

Kedhap sasmita kang dèn ulati, satata nrusingdon, yèn tumekèng wekas pan tingalé, wangsulena tingalira nguni, pènget duking nguwit, tinimbang lan tanduk.

Tanduk dadak sira sandikani, ing rèh wus waspaos, kèh karaos nguni sasmitané, titnen wus amangsakalani, dèn angati-ati, tatanireng laku.

Mapan ana titirah-tirah ning, ngantara rinaos, ing cihna kang yumana dadiné, nora weca haywa wancak ati, dèn samun samining, sila-susilayu.

Sayogyané awisma nagari, ngabdi ing sang katong, katongtona ingrate saosiké, yèn wus dadi pandumirèng budi, sawiyah ing ngati, kadya kang ing ngayun.

Ngayun-ayun asihing Hyan Widhi, pamurung rèh kéron, ana sedya haywa tumekané, ana teka haywa ana kapti, kodrating Hyang Widhi, kang akarya wurung.

Ing rèh Kalingasara tan dadi, karsaning Hyang Manon, jaman Kaliyoga liliruné, asukura sèwu sukur kaki, sinetya-setyaning, tingkah haywa surud.

Saradaning jagad kèh kaèksi, tan kasatmatèngwong, ya wong ingkang tan nalurèkaké, nalirahing nalar datan apti, senenganipun urip, ngarep-arep laku.

Lalakoné kang ala sinarik, yèn harja rinojong, pan mengkono laku kalumrahé, moh ing ngala akarep mring becik, madya lakunèki durung utameku.

Abot lakuning janma utami, angel yèn ginayoh, para pandhita wali lakuné, tyasira wus pindha jalanindhi, tan akagyat osik, ing jagad kadulu.

Daluraning tyas nagkeni kapti, syuh brangta Hyang Manon, raga pinrih sirna, winoraké, lan raganira Hyang Maha Sukci, wus tanpa sak-serik, doh saking sakuthu.

Wus akutha wesi purasani, basané tekèng ros, rasikaring raras kang asarèh, sosorah sumarah ing sakalir, saliring ngulami, kang kataman tuwuh.

Tuwuh haywa tan atuwas kaki, pamawasirèng don, dèn prayitna ingering panggawé, sopanané sumepa sinami, sinamar-samaring, sarananing wuwus.

Haywata was-uwas yèn wus angling, lilingen ing raos, raosena sasana senengé, sanalika ywa kongsi kasilip, pilih kaselaning, polah kyèh tan arus.

Ngaras-aras sasaran widik, tan dina dèn adon, ywa adan yèn wus tan kana-kené, dumunguning sopana kang radin, rinadining kapti, ywa mingering kayun.

Kayungyuna pangayun-ayuning, yuwana pangayom, angayemi tyas mudha-mudhané, pindha pandhita sung wasita di, ring siswa saèsthi, isthané ambangun.

Bangun mabanguna ring tyas titis, tatané wawangson, wasanané hening pamanguné, ninditaning tata nityasani, sasananing ngening, sumengka sumengku.

Sumengkaning dirya tan driyani, sasiki saenggon, unggyaning kang ngerah rejuning rèh, marawarsa ya mamarta adi, ingkang sidi-sidi, weweraning kalbu.

Kalabaning loba kang ngalabi, labaning kalangon, ngalang-alang ala langenané, ing liana ywa ngangen-angeni, ngungun moneng maring, riringa rèh arum.

Arum-arum pangruruming ragi, ragan-ragan angron, ngraraketi rikat pangruketé, yèn wus kagem agemen kang gemi, gumun nibèng sari, sarira sarimur.

Haywa wahya wiyar angaweri, warana tan andon, anungnungku nukar karanané, nanakera karaning olih, ngulah angalulu, lukita kaluluh.

Tan apanjang wasitanira nis rinugut pan anggop, panggagating gita wasanané, Surakarta wedharing palupi, serat sun arani, pan Sasana Sunu.

@@K

2 Comments

  1. Badhe kula semak sak wetawis, matur nuwun sampur kepareng nedak ‘Serat Sana Sunu’, mbok bilih sampun kagungan kula kepengin nyemak “Serat Wulang Putri”. Rahayu. Ki Sardjito

  2. tonggik@gmail.com

    mas terjemahan dlam bahasa indonesia dong?biar ngerti

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: