alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT TAMBANG PRANA


Pupuh I
DHANDHANGGULA

  1. Kadyangganing bremara dera mrih, kusumarsa marwaseng sarkara, datansah ing pangingsepe, nusup manuksmeng taru, tarabing ron mardapa minging, mangkana isthanira, sadpada deranggung, tumiling ngliling salaga, nanging patra-patrape saengga mingit, saliring sarilata.
  2. Temah susah pasemoning kapti, kapiteng tyas myat puspitotama, taman kemba pangudine, saking kawekenipun, pepuntone mung ngalinteri, neng tawang mudhar swara, brengengeng maladkung, yeka pralambanging nala, ing nalika tyas paripaksa marsudi , mardawaning wasita.
  3. Met satata reh patraping janmi, jaman kuna tumekeng samangkya, saundhak minongka tondhe, tundha-tundhaning  tuwuh, kang tinepa jroning palupi, lepiyan durta tama, tumraping pra sunu, sinawung neng Surakarta, tinengeran pitung condra ngesthi siwi, manitreng tambangprana.
  4. Pranatane catur kang mongka wit, ring pra mudha padha memedhara, kotamarja mrih pajare, ajanggung kadalurung, apanjurung wigaring budi, bebungah tanpa wayah, rina wengi manggung, mangan enak turu enak, linggih penak ngenak-enak nora sepi, nyenyepuh pepenginan.
  5. Iku dudu padataning janmi, jaman boga urupe lan karya, arga kalawan argine, marmanta sutaningsun, aywa murang reh kramaniti, neniti nitenana, sagunging tumuwuh, kang nistha madya utama, wus ginelar sabuwana angebeki, bakuning sudarsana.
  6. Sudarsana tuladan kang wredi, nadyan wreda yen sepi budaya, yakti keksi kanisthane, sanadyan mudha lamun, mardi guna sarasa wasis, waskitha saniskara, tinulada patut, patraping pasang wiweka, wikanana mungguh ing donya puniki, kikisaning prasedya.
  7. Tan lyan amung wibawa myang mukti, jalarane wong mukti wibawa, saking bogarta yaktine, sing sapa nora gayuh, gegeyongan kang rong prakawis, wusana kawisesa, samaning tumuwuh, tumuwuh yen tan misesa, sasat patra kalesa lesah ing siti , kalara-lareng cipta.
  8. Sanggon-enggon tansah den sigeni, iku tabet taboning apapa, mapan neng rudatin gedhe, tan godhag rawuhipun, ki bagus sak bok rara serik, kasaru para cuwa, barubul kekuwu, kekutha atrap gapura, yen wus ngrebda ardane dadi saardi, adate kang mangkana.
  9. Kang kataman tamarining kapti, katarbuka lakuning kawula, milalu lapa sajege, sanadyan tekeng lampus, kapusthi reh legaweng budi, dumadi lama-lama, dadya tapanipun, nadyan dheweke tan tompa, sayaktine saturun-turuning wuri, kawratan ing nugraha.
  10. Keh sathithik sapa kang udani, kadya duk nguni Sang Dananjaya, kataman duhkiteng tyase, keneng rehing rubiru, Kurawarda dadra mawredhi, denira asikara, ngrampas angengapus, apesing Pandhawa temah, keneng trekah ingangkah tumerah kongsi, kasrakat sabeng wana.
  11. Suprandene maksih den cecenggring, sewu merang gung kasurang-surang, tan srawungan lan wong sakeh, ananging bakuh kukuh, pangukuhing sarira katri, trima lila legawa, Parta tansah mungkul, martapeng guwa Drekila  sruning puja mijil mukjijating puji, manjat mring Jonggringslaka.
  12. Katarima ring Hyang Utipati, gya tumedhak medhakken nugraha, tinancepaken ciptane, sira sang amanekung, wahyaning kang darajat katri, kang dhingin kapandhitan, kaping kalihipun, darajating kawiryawan, kang kaping tri drajat kaprawiran nenggih, kamot munggeng sarira.
  13. Cencemane mani tekeng mangkin, run-tumurun tumruntun wibawa, ambawani wewengkone, ya yen kaki kalamun, tinitah lir Radyan Premadi, kasrakat bangkit ngangkat, bengkas haweng kalbu, pangekesing aru-ara, yen tan bisa adat nrajang wirang isin, apese papariman.
  14.  Pirabara ngrampas ngapuskrami, adol swara sarasa mrih cela, maring tongga teparone, luwunge kang kadyeku, lawas-lawas kawawas pasthi, mring pawong sanak samya, kumaleweng kalbu, kabuka saben sabawa, gung weh rengat myang rontag-runtiking budi, dadi dedalan gendra.
  15. Cinirenan saengga ceciri, yen wus katup kontap katupiksa, wong adu-adu adate, mrana-mrene ginrumung, ginaremeng ujar tan becik, becik-becike padha, amung amitambuh, tinambahan kumalewa, janma kang wus ngewanan sesami-sami, durakeng alam donya.
  16. Wong duraka sajroning aurip, amung kari ngarepken sangsara, ing benjang apa rawuhe, awit kang wus tinamtu, sayaktine manungsa langib, arang kang nedya arsa, ambadali napsu, kang akeh mung ngumbar karsa, iya yogya wong ngumbar enggaring budi, manawa wus kareksa.
  17. Dening boga barana ta kaki, wong tinunggu ing boga barana, iku nugraha jatine, wenang uga sinebut, sujanma wus wibawa mukti, kamuktening sarira, ing boga linuhung, marmane sapa kang bisa, angeberi ing boga barana maring, sasama-samanira.
  18. Yekti kajen neng jamaning aji, tur pinundhi pinindha wadyendra, kinedhepan saprentahe, agung sinuhun-suhun, sinugata ginati-gati, ginaten kramaharja, pinujwa mrih hayu, gone nuju nujweng karsa, kaharsayan mring ki ber barana yakti, kayakten yen wibawa.
  19. Wibaweku wenang ambawani, dadi barang kang sinedya ana, teka kang cinipta kabeh, kabuka bakunipun, pepuntoning kadunyan iki, edine lawan brana, myang boga sutengsun, janma kang tanpa gunarta, kabeh barang sedyane tan ana dadi, anggayuh-gayuh tuna.
  20. Ngrangsang-ngrangsang kasangsang ing ori, kabeh cipta tan ana tumama, tawi tawa tawar bae, urubing urip mamprung, ngandhang aneng jabaning langit, ngelangut kethap-kethap, nora karsa kondur, yen tan tinebas ing tapa, basa tapa angendon sabarang kadi, kahardan singkirana.
  21. Bongsa arda keh margane kaki, ana arda maring ing wanodya, sandhang pangan apadene, cekake putraningsun, kabeh cipta tan sawatawis, ya uga aran arda, marmanya den emut, pameting cipta sasmita, sisip tembir dadi pepetenging kapti, reridhuning wardaya.
  22. Tur wus wajib ijabing aurip, padha marta undhaking barana, beranah ana kang akeh, ananging yen kabanjur, iya dadi ardaning budi, wong karem marang dunya, lupute amuput, witne wong tan ngupa boga, saking bonggan kalebu sisip nalisip, nalesep pepucungan.

Pupuh II
P O C U N G

  1. Ingsun pugut prelambang dimene panggut, panggagating karsa, kaya ta wong sugih-sugih, iku tondha kapradiptan dening Suksma.
  2. Tansah untung nora kapitunan petung, tumrah kongsi turah, pinangan saanak rabi, bibit brana beranahan ngombra-ombra.
  3. Kang wus weruh sasmiteng Hyang kang dhumawuh, marang dhawakira, gya trangginas nenulungi, janma ingkang kasrakat koripanira.
  4. Saben esuk miranteni wong jejaluk, milala pra mlarat, papariman myang pra meskin, singa prapta pinarjayeng bojakrama.
  5. Yen pinetung ing petang tan kongsi kontung, amung kauntungan, kang kinarya nenulungi, nora mipil angepik bondha simpenan.
  6. Bathi sewu amung linong saprawolu, ginawe cawisan, nyawisi titahing Widhi, ingkang lagi legeh katelagan boga.
  7. Tekeng batur tumutur milu balabur, kablabaran begja, begjane baneja lagi, dadi kondhang kandhanganing kanugrahan.
  8. Kang kadyeku nangkoda prasasat wiku, wikan rahsa tama, tumama tumus marta sih, sihing Suksma pralebda mring jiwanggana.
  9. Yen ginunggung sagrenge pindha wong agung, kang ngampil wibawa, prabawane dalajati, lamun arsa nurunken bongsa ngawirya.
  10. Wus kalebu bangsaning kalbu mukminun, minulyeng busana, sirna sesukering budi, mung pra welas para asih kang sarira.
  11. Bongsa sadu wruh ing iya lawan dudu, beda budi sudra , papaning papa den goni, karem karam karamean karompolan.
  12. Yen ginunggung mesthi mantheng lir dhedhenggung, anggung anggeganjar, lejar yen ana ngejori, ing pangonggrong banjur girang lir bo bongkang.
  13. Gya malembung lempeng lempenge lir lempung, badhedheg sabodhag, mekrok jangganya saklenthing, pakaryane andina-dina mangkana.
  14. Anglelajur pakaryan kang nora jujur, ngunjal nguja karsa, kaharsayan den turuti, beras bebas binrebes kadya kinuras.
  15. Arta kerut ing reruba nora urut, wisma dhadhal budhal, modhal-madhil kari brindhil, konthal-kanthil kang nginthil konthol kewala.
  16. Batur catur tinutur wus padha mundur, mandar para mitra, tan ana sotah martuwi, tuwas apa semut yen tan ana gula.
  17. Wong kaliru akale keneng rubiru, lobane tyas lomba, lambane wong arsa luwih, bongsa luwih agama agem sri nata.

Pupuh III
S  I  N  O  M

  1. Aja salah surup sira, mring sanggitan kang winarni, ana semut ana gula, wruhanta dhuh anak mami, iku kodrating urip, dadi pangarep satuhu, ingsun arsa uninga, janma mengo saking pamrih, malah tumrah mring sato padha met pedah.
  2. Kebo sapi myang maenda, mongsa mring gon suket garing, kajaba ta bebutuhan, lire kang mangkono kaki, sanadyan janma luwih, kang luwih barananipun, yen anggung sinimpenan, pinetri neng jroning pethi, nora nedya dedana mring para papa.
  3. Kumet keneng kemat arta, artane anggung tininting, aneng tong sinawang-sawang, saben wanci bangun enjing, mijang arta sarinjing, kang manjing mring bathinipun, tetaboning bibitan, brana ambalabar kongsi, kar-tumangkar tumuli tular-tumular.
  4. 4Mulur kaya ular-ular, sesambene saben ari, cethil mathithil canthula, yen calathu anyalekit, yen ana pekir miskin, pariman mring dhawakipun, anggung ingundhamana, denira ngujar-ujari, nora sidhang nora siring tanpa ringa.
  5. Mangkana nuli mulunga, ora malah malangkerik, si mesakat tanpa karkat, inguwus-uwus tanpa wis, wusana mundur aris, palarasan lakunipun, janma ingkang mangkana, prasasat dhedher sakserik, basa serik yen wus ngrebda gawe rusak.
  6. Nadyan sugih ywan mangkana, yekti nora memengini, malah keh kang ngala-ala, dadi rerasan saari, singa wong titip runtik, titip runtag titip bendu, bendungan wusing bedhah, kawawa dhudhah penyakit, sakit angga sakit cipta sakit rasa.
  7. Lire sesakiting angga, tan seger garing mrakingking, nyarang aking kang sarira, payus semune nglelentrih, mulane anglelentrih, wit cinakot ciptanipun, panyakoting kang cipta, nuwuhaken songgarunggi, songgarunggi mung graneng candhala murka.
  8. Mekari murka candhala, candhiala kang dhatengi, sarasa manuksmeng karsa, karsa nuli nuksmeng osik, anulya darbe osik, osiking kang tan salugu, lugune iku iya, wus keneng ayahan eblis, eblis ambles bablas ngebos-ebos rahsa.
  9. Rahsa mremen mring pangrasa, pangrasa gya ngathik-athik, ngukir cipta kira-kira, mengkono mengkene iki, kikisane mung mamrih, iya marang amal ingsun, tan kena wong kumlebat, sinigen  den sujanani, yen wus dadi ardane si duka cipta.
  10. Nak bojo tan pinitaya, sanadyan badan pribadi , prandene tan pinitaya, pracayane mung si pethi, kinikep saben ratri, sruning watir tanpa turu, siyange gya gaota, bengine mangkono maning, lama-lama sangsaya lum angganira.
  11. Labet kagubeting cipta, cipta marang mutawatir, kuwatir sudaning brana, tansah anggung merem melik, memilang endi melik, kang melok kena pinulung, pinileng linanglangan, kang kalingan bok kalingling, melang-melang yen tan ngetang kauntungan.
  12. Lesu lesah langkung sayah, yen pisah untung sadhuwit, sauripe nandhang susah, nora antuk doning sugih, angur ta nandhang miskin, bisa enak mangan turu, nora darbe rereksan, kang kongsi ngrusakke ati, yen wus mati bandhane sing nunggu sapa.
  13. Caritane Ki Sudarpa, sugihe kapati-pati, dupi wus antara mongsa, dungkap praptane  ing janji, wus wapat prapteng pati, anake trengginas nuduh, kinen tuku tebela, ginawan dhuwit cinumpi, sapesthine reregan adat kewala.
  14. Nora kena wal lan arta, saking dening padha medhit, sapraptaning gon tebela, nganyang-anyang ora olih, labet lagi barengi, blebah mangsane wong lampus, dadya tan antuk karya, kang kinon atur praniti , yen argine tabela tan kadi lama.
  15. Mundhak saking sabenira , si pakon nyentak mucicil , sun titeni kaping pira , denira kapara bathi , bisa temen sireki , nlabung wong kang lagi bingung , kocapa kang sekarat , krungu swararsa binathi , gumaregah jenggelek kadya ginugah .
  16. Mulung denira tetanya, gunem apa sira iki, kang putra sru aturira, rencang paduka kiyai, amba kengkan lumaris, rerikatan tumbas tabut, awit wau andika, sampun wapat mring kejatin, datan kinten yen mangke manggih waluya.
  17. Yen makaten kaleresan, wau anggenipun mangkring, rencang paduka punika, ing wau kula bektani, saadatipun regi, wangsul awit datan antuk, matur lamun tebela, argine samangke awis, mindhak saking padatan ing sabenira.
  18. Kyai Sudarpa lingira, aja kok tebela mami, yen ora rega kang murah, mundhak tan ngenaki ati, wusnya ngling nuli mati, iku wong nlutuh kapatuh, kapati kumet arta, tan na nganggo sawatawis, prapteng pati cethile kinthil kewala.
  19. Layak darbeni pangira, bandhane nusul mring akir, ginawe dagang neng swarga, iku si wong tuna budi, budine arda dadi, tan weruh sawadinipun, barana iku uga, gegeman ageming urip, yen wus mati kapungkur ing alam dunya.

Pupuh IV
P A N G K U R

  1. Kapungkur ing alam dunya, wus tan ana rerasan malih-malih, bali alaming aluyut, kinayut kasampurnan, Hyang pramana purna mula-mulanipun, jro kitab Phatakulrahman, ana raphal den muradi.
  2. Wijining roh tri prakara, roh rabani ilapi lan ramani, rabani suksmaning bayu, ilapi roh dahana, ya rahmani pan iku atmaning banyu  campuring warna tetiga, duk maksih aneng swarga di.
  3. Durung ana apa-apa, apan amung jumeneng anjenengi, ing kajumenenganipun, nuhoni tuhonira, nora rasa rumongsa nora ngres rengu, amung nikmat lan mupangat, mung supangat ing sabumi.
  4. Nora obah nora molah, nora muna tan muni nora osik, nora mangan nora turu, tur nora nganam-anam, anuhoni ening kaonenganipun, mangkya keneng subasita, satataning roh jasmani.
  5. Jasmani suksmeng bantala, temah campuh catur roh dadi siji, dadi wijining awujud, wujuding saniskara, pangarepe urip kabeh saka iku, lamun iku ora ana, wus nora kena dumadi.
  6. Dadi aran sunyantaka, satekane samengko iku pasthi, wus ngalih ing alamipun, ing mula-mulanira, dupi manggon panggonan agal gya jumbuh, upakartyeng mercapada, roh catur pencar tulya glis.
  7. Nguripi urubing karsa, gya tumular tumangkar anartani, osik kang maewu-ewu, mawendran baran kirnan, ingkang marang bebaya bayak sabyantu, kongsi nglirwakken ubaya, ubaya kang wus kapasthi.
  8. Papasthene kang sarira, lire urip angarepaken pati, ingkang mati karsanipun, ingimpun Hyang Pramana , jenak mulih mring alam kamulanipun , tinggal panggonan kang enggal, tinggal maring swarga malih.
  9. Ing kono sapa uninga, amung Allah Tangala kang mikani, tindak bener lan kang luput, tan pantes winicara, cara swarga tan kapenak yen den rembug, angur ngrembug ngarcapada, lire ngarcapada iki.
  10. Pratingkah padha kamata, lamun mateng denira mendeng bumi, yen den udi kongsi tepung, tepanging tepa-tepa, bongsa tepa matenge kalawan petung, petung pitungkasing rasa, myang pangrasa rosing tunggil.
  11. Nunggal aneng sariranta, sariranta nunggal sakalir-kalir, lir reh sagunging tumuwuh, nuwuhken wiji samya, marma samya ngudia amal linuhung, basa amal luhung ika, kotaman kang wus netepi.
  12. Tetepe kotaman ika, amikani marang sawiji-wiji, mijang ing wiji sawujud, wus wujud aneng seja, sajatine jamaning janma sawegung, kabeh sedyane utama, nanging asring tan netepi.
  13. Awit keh wangkeling cipta, saking dene kumudu arsa luwih, linuwih sesaminipun, ana ta ngayuh brana, ngayuh guna ngayuh wirya saminipun, golongan telung prakara, adate yen wus nekani.
  14. Yen bener gone mranata, yekti dadi amal geng angluwihi, tumekeng turun-tumurun, saturun-turunira, nora kongsi kesi-esi uripipun, kasrakat padha kasrakat, wus kudu beda kang budi.
  15. Yen wijile wiji nistha, saisthane sayekti laku nisthip, lumuh weweh kudu jaluk, nandhani trahing sudra, beda lawan saking wiji budi luhur, sayekti darbe narima, tumama temene mintir.
  16. Mongka wong temen tarima, yekti nuli katrima dening Widhi, wong katrima mring Hyang Agung, tandyantuk nugraharda, nugraharda yen wus mangsane dhumawuh, tan pakewuh uripira, pira-pira ingkang asih.
  17. Aja sawiyah ing janma, nadyan sato kumelip milu asih, wong sinihan saminipun, wateke nuli ana, pitulungan embuh ta ing sangkanipun, jalaran derantuk begja, sabarang sinedya gampil.
  18. Beda si wong budi arda, yen wus ngrebda adate nulya prapti, sikuning Hyang kang dhumawuh, lumantar eblis lanat, wusing tiba neng cipta gya dadi bendung, bendung sakehing tarima, mardawa panggawe drengki.
  19. Kang drengki gya ngombra-ombra, kar-tumangkar  tumular-tular kongsi, bebek sabawana kemput, anulya salin slaga, kumabisa kumalewa kumaluhur, saucape para campah, campuh lawan para serik.
  20. Serik kekembanging rusak, yen wus rusak tan wurung tibeng serik, sinirik sajege umur, tan ana ngemorana, kang mangkono aprasasat wus kacemplung, naraka urip-uripan, sauripe den cecenggring.
  21. Tan ana sudi met mitra, mongka janma ing janaloka iki, ingkang wus kalebu petung, petangane nugraha, tri prakara kang pasthi padha ginayuh, dhingin bisa ing abasa, bebasan kang ngasmarani.

Pupuh V
ASMARADANA

  1. Kapindho dadi priyayi, kaping tri sugih barana, iku gegeyongan gedhe, upama uriping janma, jamaning janaloka, yen sepen tri prakareku, sangsara koripanira.
  2. Ing nguni ana maharsi, aran Resi Mahiswara, amung kekalih putrane, kang sepuh Bambang Sucipta, Surasa kang taruna, bratane sami pinunjul, samane bongsa ngasrama.
  3. Karem karamating kapti, kapati memati raga, ing saben ratri karyane, lelana mring arga sunya, sesiluk wanapringga, manrang jroning jurang sirung, dera mrih pralebdeng cipta.
  4. Saben gagat bangun enjing, kondur gya sumiweng rama, winulang sarekaning reh, ing saben-saben mangkana, nuju sawiji dina, ing antara mongsa bangun, wangsule saking wisata.
  5. Laju jujug taman wingking, medal kori bebutulan, kalih sami kasaktene, anulya ngawe dawegan, ping tiga tan ambekan, galugu temah tumiyung, raden kalih milih nulya.
  6. Ing sasenengnya pribadi, kang rama wau uninga, raden kalih sasolahe, ing batin kalangkung suka, dene ta ingkang putra, wus katon kasektenipun, punjul samaning asrama.
  7. Nalongsa sukur ring Widhi, nanging sandeaning driya, apiduka supayane, ywa kongsi kadawa-dawa, tingkahe putranira, dennya anjurungi kayun, kayungyuning keh jubriya.
  8. Yen kongsia angengkoki, ing reh sarekaning karsa, sayekti antuk sikune, Kang Misesa ing Buwana, mangkana wiku tama, parek umara mring sunu, sarwi alon angandika.
  9. Heh-heh karo suta mami, apan ta pratingkahira, ing saben-saben mangkono, iku kaki nora kena, yen kabanjur mangkana, bongsa kebar kibir agung, kagungan Hyang Mahanasa.
  10. Yen manungsa nora keni, andhaku ngaku kawasa, temah wasa wusanane, balik ta den eling sira, ugering raja wedha, kabeh kagungan Hyang Agung, saambane kang buwana.
  11. Sira pinaringan sakti, samurwate tapanira, padha purihen wuwuhe, kang lawan sukuring driya, wahyu iku upama, geni sakekonang murub, sumbune tyas martotama.
  12. Lengane laku utami, tinuman ing tapa-tapa, tarima temen wadhahe, tetepe laku utama, adoh panggawe ala, mung memayu reh rahayu, ayune jana pininta.
  13. Winantu ing silastuti, titine laksita arja, arja panjrah ning tyas sareh, sumarah ing reh sakarsa-, nira Hyang Amisesa  tegese apa ta kulup, ngengurangi saniskara.
  14. Suda dhahar miwah guling, cegah suka sawatara, myang buwang pakaremane, mung mindeng marang Hyang Suksma, sinuksma mrih sampurna, narawung wenganing suwung, tumalawung kawongena.
  15. Iku tapaning atapi, tutupen tepining tepa, sayekti doh kanisthane, kaki kang ingaran trima, tan meri marang janma, gung luhur pan wis winayuh, ing wahyaning mongsa kala.
  16. Kalakon sawiji-wiji, wewijanganing paminta, yen dhateng ing pamindenge, sayekti nuli tumeka, ugere aneng sira, nadyan angela ngelangut, yen binudia widada.
  17. Budi panduming dumadi, pamardine parasedya, mung den awas wusanane, graita dudu lan iya, titinen titenana, yen rengat kaworan rengu, wigar ugering tarima.
  18. 18.        Kkang ingaran temen yakti, yen ngandel kumandel sira, mungguh ing Hyang adarmane, apan cidra ngumandaka, mung asih murah tresna, ananing Hyang saktinipun, pindha wimbaning baskara.
  19. Prabane amrabawani, madhangi ing sabuwana, nora pilih cilik gedhe, kang gumremet kang rumangkang, kabeh keneng pepadhang, tur padha panduk ing pandum , mangkono lir raganing Hyang.
  20. Tan ana kang den kasihi, tan ana kang cinengilan, ala becik padha bae, amung wahyu sanugraha, naraka lan sawarga, wus ginelar neng sireku, wuruking pamilihira.
  21. Ala madya lawan becik, begja utawa cilaka, lekase neng awak dhewek, marmane ing mongsakala, kataman ing sungkawa, aywa angresuleng kalbu, bebukane awasena.
  22.  Kaanan lakuning budi, badan amung darma tompa, sasmitaning tyas empane, angur nuli nalongsaa, tuwakup Hyang Wisesa, kang mangkono iku kulup, ngruwat reruweding cipta.
  23. Cipta kang amrih lestari, antarane neng astapa, aja kemba kembengane, suka sokur ing satitah, yen betah yakti pedah, kinacek sesamanipun, dadya kanthining narendra.

Pupuh VI
K I N A T H I

  1. Sang wiku ngandika arum, wruhanta dhuh anak mami, karo sun tuturi padha, mungguh wajibing wong urip, ingkang dhingin merlokena, angupaya sandhang bukti.
  2. Awit wiyahing sawegung, gunggungan titah ing Widhi, padha angupaya boga, kang gumremet kang kumelip, kang kinacek mung manungsa, nganggo pamrih sandhang yakti.
  3. Lantarane tan lyan kulup, ngawula tani gegrami, katriku kasub utama, dene ta madyane kaki, beburuh myang ambebarang, angambara ja jejampi.
  4. Nisthane kasap winuwus, pariman ngapus-apusi, iku aran kasap papa, yen kena aja nglakoni, met boga saking mangkana, esthi isthaning ngaurip.
  5. Ana maneh kang winuwus, ya bangsaning kasap kaki, nanging sing arda angkara, karana reh amemaling, bedhog begal ngapuskrama, brandhal ngecu nyeler ngutil.
  6. Kasap kang mangkono kulup, nora kena den lakoni, adohna pitung bedahat, maling memalaning bumi, sinarang kasurang-surang, sesrawungannya nyarangi.
  7. Sanggon-enggonipun manggung, ginusah saengga paksi, mesat kaberasat sirna, ing dalajat tuna enting, siasate nora benjang, enjinge bae pinanggih.
  8. Binujeng mlajeng binujung, cinara wijung myang bajing, yen kacandhak cinangkalak, winayungyun den taleni, cinara kewan kewala, uwal taboning sujanmi.
  9. Kabeh mau kang sun tutur, iya tumanjaning pamrih, kang wus tumrah ing kadunyan, limang prakareku kaki, yaktine padha linakyan, wewijanganing dumadi.
  10. Awit wiyahing tumuwuh, yakti padha gayuh luwih, ing sakuwasane iya, sumurupa sira kaki, drajat kang tumrap kadunyan, satuhune tri prakawis.
  11. Wiryawan ingkang rumuhun, gunawan kang kaping kalih, hartawan kang kaping tiga, lire kawiryawan kaki, kabeh nayakaning praja, andel-andeling narpati.
  12. Yaktine sinugun-sugun, sanggon-gon pinuji-puji, kang pinuji kang sinembah, darajate iku ugi, ugere wahyu nugraha, sorot sirate Hyang Widhi.
  13. Dene gunawan putrengsun, kabeh bangsaning winasis, sarjana maharsi tama, kang mardawa silastuti, wruh sadurunge wineca, yeka nayakaning Widhi.
  14. Tan prabeda ajinipun, lan kawaktraning para ji, sarjana pandhiteng praja, maharsi kondhanging Widhi, loro iku yen rinasa, jumbuh pangejuming budi.
  15. De hartawan yektosipun, nadyan tan dadi priyayi, myang tan bangkit ulah prana, nging sinung murahing Widhi, sugih barang rajakaya, kayatnan pinrih utami.
  16. Lumrah tumrah ing brana gung, gung ginawe tulung maring, rowang kang nandhang sangsara, sayakti den aji-aji, mring sapadhaning tumitah, karana ta iku kaki.
  17. Antuk nugraheng dewa gung, dumadya keh nyupeketi, mrih raketing pawong-mitra, padha nuju nujweng kapti, yeka pedahing barana, tondha kamurahan yekti.
  18. Kang mangkono yektinipun, kajen sajroning aurip, marmane sabisa-bisa, gayuha geyongan katri, aywa sah pamintanira, marang Sang Hyang Hudipati ,
  19. Patitisna saben dalu, andulu dedalan jati, jatining tyas kajatmikan, yen wikan wewengkon batin, kaya-kaya lamun kena, katemu salah sawiji.
  20. Yen pandak pangudi kaduk, ing pasaban saben ratri, gegulang nanggulang hawa, awas wose alam sepi, yeka sesepuh ing driya, sesanglinging karsa yekti.
  21. Marma karo putraningsun, samengko sira ngong tari, antarane karepira, rehning wus padha winanci, endi ta ing tekadira, ywa tansah kulineng ardi.
  22. Apa ta suwiteng ratu, tani tanapi gegrami, Sucipta matur anembah, pukulun esthining kapti, kapyadreng kedah ngawula, angawula narapati.
  23. Sang wiku ngandika arum, lah iku tekad utami, temenana bokmanawa, antuk kamurahan kaki, kena barang kang kosedya, dumadya dadi priyayi.
  24. Lire wong suwiteng ratu, tulene dhuh suta mami, lekase tuhu tan beda, lawan ngawuleng Hyang Widhi, wewinih telung prakara, kaya ta ing ngisor iki.
  25. Wani anguninga wanuh, mungguh kang ingaran wani, den wani anrang bebaya, yen ana karsaning Gusti, aja angres angrasula, lilaa praptaning pati.
  26. Pati patitising tuduh, yen tinuduh narapati, ratu atining buwana, tunggal rasaning Hyang Widhi, dene kang aran uninga, wruhana karsaning aji.
  27. Den awas wosing sesemu, samongsa sira sumiwi, sesungut singiding prana, pranawakna jroning ati, ti-atinen titenana, kaananing karsa jati.
  28. Jatine yen wruh panuju, gampang mrih sarjuning aji, wajibing janji ngawula, apil tarampil angampil, ing karsa risang pamasa, parek tan na mindho kardi.
  29. Dene kang ingaran wanuh, den saregep barang kardi, ywa kemba pasebanira, ing rina pantareng ratri, saranane kudu uga, buwang pakareman kaki.
  30. Karana iku nenungkul, ing sedya kang mrih lestari, antaraning wong suwita, wewatone kudu ugi, maligi legutanira, mung sri nata kang kaesthi.

Pupuh VII
S  I  N  O  M

  1. Marmane para taruna, ywa pegat ateki-teki, iku tekad kang utama, tetumane saben ratri, pruhiteng para resi, sarjana sujana kasub, kabeh kang ulah praja, padha pindhanen maharsi, tan prabeda panduking pamardi daya.
  2. Pandayaning  ulah darma, memangun marta mratani, weh apreping sabuwana, mantri budi pandam nagri, tan pegat memarsudi, sudane kabeh laku dur, mudha rehing pamudya, pradipta tyasing apingging, kang mangkono wasitane pepetana.
  3. Bangsaning wasitotama, tumamane anengsemi, semune turidasmara, marang sapadhaning janmi, kalamun ana mantri, kang kaya mangkana kulup, tumuli klosodana, saben sawusing sumiwi, aywa kemba pintanen supangatira.
  4. Mantri marta martotama, kasor kang para maharsi, kang martapa ngarga-arga, lugu mung cipta sawiji, marang Hyang Adipati, pati-patitising etung, petanganing panunggal, pamoring kawula Gusti, mung sumungku sesengkan mring sangkan paran.
  5. Balik pra sarjaneng praja, anjejeri jaman kalih, ing kana kene kinenan, kaanane wus tanpa ngling, lan angling saking eling, yeku mantri anung-anung, anungku pujasmaya, mahmaya mayuweng bumi, adedana martani jana nindita.
  6. Tar was lumekasing tapa, tapaking warastra lungit, legawa nrang ing bebaya, lila trus tumekeng ati, pandak doning mangudi, adining jiwangganipun, ya kang prawiratoma, tamat tan wengweng ring pasthi, sor bratane maharsi martapeng arga.
  7. Lah iku waspadakena, apa ngawur ing pangesthi, isthanen sajroning puja, wijanging sawiji-wiji, yakti mantrining aji, mawarna glaring panggayuh, mung wose awasena, kabeh kang bangsaning dadi, don-adone yakti mardi martotama.
  8. Lah yekti surasa sira, paran ta ingkang pamikir, apa kaya kakangira, lamun ta mangkono kaki, suka karsaning ati, tirua rakanta patut, iku pamrih utama, geyongan panggayuh jati, sajatine kabeh nayakaning praja.
  9. Kang maksih nuhoni brata, satatane den tetepi, yakti angasorken padha, kang martapa graning wukir, jatine narapati, patitise kang satuhu, nayakaning buwana, buwana jamaning Widhi, wor sarasa narendra lan Hyang Wisesa.
  10. Amisesa winisesa, lorone atunggal yakti, ratu atining buwana, atining ratu sajabi, kandhanganing Hyang Widhi, kadyagni lan urubipun, urub uriping nata, urip urubing Hyang Jati, sajatine nata wakiling Hyang Suksma.
  11. Kang putra matur manembah, pukulun sang mahayogi, ing benjing mongsa wandea, suwita ing narapati, nanging rehning samangkin, maksih dahat mudha punggung, dereng kadi pun kakang, Sucipta sampun winasis, tatakrama mardawaning ulah praja.
  12. Nimpuna reh susilarja , micara nagara wegig, ugi gunawan tama, wangsul kawula puniki, rumaos yakti maksih, blilu labet kirang umur, marmanya yen sambada, ing karsa sang mahayogi, kalilana kawula mit alelana.
  13. 1Sesambening saben mongsa, met memasah ing teteki, kang sami tetrukeng arga, samaning wasi winasis, dene yen sampun titi, tataning pangudi kawruh, yakti lajeng milua, mring pratapan ngriki malih, malah badhe dherek putranta kakang mas.
  14. Sang maharesi wacana, iya sakarsanta kaki, rehning wus padha diwasa, ingsun tan bisa malangi, janjine sira sami, gayuh geyongan rahayu, tan liwat wong atuwa, anjaba mung amemuji, raharjanta tulus sabarang sinedya.
  15. Nanging ta wekas manira, yen sira karem martapi, den banget amati raga, lire wong amati ragi, aja sah amarsudi, sudaning hawa lan napsu, lire ta kang mangkana, bongsa hawa iku kaki, anglelimput pamoring Gusti kawula.
  16. Kawula iku upama, prabawa prabaning agni, kukusing dahana mongka, hawaning manungsa kaki, upama ponang api, kegedhen wetuning kukus, yakti suda padhangnya, ambebawur pangabekti, kang mangkono tanpa tuwas tapanira.
  17. Lawan sira sumurupa, masalahing wong ngabekti, ing cacah catur prakara, sembahing raga kang dhingin, pindha sembahing ati, dene warna kang katelu, iya sembahing nyawa, ganepe kaping pat kaki, sembah rasa rerasan ros kang sanyata.
  18. Sanyatane sembah raga, sarana nuceni dhiri, pujine sarana sabda, dununge sembah kadyeki, kang kuwasa nampani, Hyang Poncadriya ranipun, batale sembah raga, lamun reregede mijil, pakolehe nyeyuda dosa samatra.
  19. Watek mantrane tan kemba, kembenganing sembah ragi, upamane wong suwita, ingkang maksih magang kaki, sebane ing saari, katampan nayakeng prabu, karyane iku uga, lagi bongsa badan singgih, kang mangkono kudu pethel mara seba.
  20.  Ing sarat saben sumewa, busana kudu kang resik, myang manising netyanira, tri nastiti ngati-ati, martane maratani, weh sengsem sambanging semu, samongsa  sinung karya , acukat cakut tarampil, nadyan bodho kang mangkono ya katrima.
  21. Sembah pindho winasita, satata rakiting ati, sarana nuceni iya, babahan limang prakawis, kang dhingin pamiyarsi, kapindhone kang pandulu, kaping trine pangucap, ping pate pangambu singgih, ping limane nuceni ngen-angenira.
  22. Pujine mung lawan puja, mandeng wosing alam sepi, ngruwat ruweting angkara, anyirnakken songgarunggi, kang aran songgarunggi, kira-kiranireng kalbu, ingkang kuwasa tompa, ingaran Hyang Mahayekti, ing gagare yen enggar ugering sitata.
  23. Nugrahaning sembah cipta, sinung padhang de Hyang Widhi, kena barang kang sinedya, rinaketan ing sami, namane wong angabdi, wus antuk pangkating dunung, dadya mantri punggawa, kliwon lan panewu kaki, kikisane ing karya tan bau raga.
  24. Kudu rigen solahbawa, nalikanira sumiwi, bangkit amemangkat karya, ayahan sawiji-wiji, wewaton tata titi, teteg ngati-ati tuhu, tuhune ber legawa, yen tan pandak mardi budi, dadi tuna darajat kang wus tumiba.
  25. Pepadhane janma wuta, winantua ping sakethi, padhange Hyang Ondakara, karana wus tan nglabeti, kang tuna narapati, darbe mantri kang kadyeku, kang lumrah mantri tama, tumama mring agal alit, lembut kasar ginambuh neng kekembengan.

Pupuh VIII
G A M B U H

  1. Samengko ingsun tutur, sembah katri supaya lumuntur, iku wadi ingudi jroning dumadi, sembahing nyawa dinurus, yen deres katresnaning ros.
  2. Rosing rerasan iku, anenungku mikani kang mengku, sesucine eneng ening awas eling, pepuji jiwane jinum, neng jaman cenceman batos.
  3. Gagare ngunggar kayun, akayungyun rahayu kinayun, swarga nraka iku ingkang nglimputi, limpet lempite tan wurung, mara marang reh mirangrong.
  4. Bangsane sembah telu, sanyatane pasemon satuhu, Sang Hyang Tunggal kang kawawa anampani, upamane para wadu, kaya kaandel ing katong.
  5. Sayekti iku dudu, mardi daya mrih arjaning prabu, ambebuka babakan kridhaning nagri, weh martane sapraja yu, memayu hayuning batos.
  6. Buntase weka putus, titis tatas nityaseng tyas tulus, mantri budi dadya pandaming praja di, panjrah jrenih ing silarju, jujugan dadi pitakon.
  7. Wewaton agung-agung, angger-angger ugering praja gung, sasat sari sarekane ngupakardi, tata titi teteg atul, tuladan sapraja kaot.
  8. Gegere mantri agung, yen sinerang serenge sesirung, kasatmata nitya mintokaken runtik, sirna memanising semu, yeku mantri tan waspaos.
  9. Raos ingkang sastra yu, amemayu pakarti rahayu, mantri agung tan kena yen tan mikani, sareka rakiting tembung, panambange reh patemon.
  10. Temene yen katemu, kotameng tyas nityasa lumintu, barangkara karana sring nglelimputi, marma yen tan awas emut, sayekti ora waspaos.
  11. Lakuning adil bawur, bongsa hawa karyane ngenguwur, beda budi panduke susilarjyanti, yen tambah sayakti gambuh, jawata sesanti among.
  12.  Samengko sembah catur, ingsun tutur pepuntoning catur, sembah rasa sarasa resmining wangsit, wasita gatining wiku, mikani panduking endon.
  13. Angkate ngangkah ngukut, ngiket ngraket rakite rinangkut, pinrih sepi panepen Hyang Sitamurti, tiniti panjinging surup, nirnakken kaanan batos.
  14. Pujine mijang kayun, bongsa kayun yen den ayun-ayun, mung kayungyun kayatnan kang miyatani, mahmaya wahyatning semu, semi sengseme satemon.
  15. Temene yen katemu, taman kendhat tameng tyas lumintu, legutane kudu lugu amaligi, ngruwat serenging rerengu, yeku rubaning patemon.
  16. Nanging yen durung lugu, aja pisan wani ngaku-aku, antuk siku kang mangkono iku kaki, bebasane menang muluk, kalamun wus padha melok.
  17. Meloke ujar iku, yen wus ilang sumelanging kalbu, lamun maksih masalahing songgarunggi, yeku apratondha durung, tumanduk maduning pandon.

Pupuh IX
DHANDHANGGULA

  1. Den waspada dedalaning dadi, aden-aden wadining budaya, mandayaba sakadare, pan iku sembah catur, pantarane marta menuhi, nenangi eninging tyas, upamane kulup, dadi wadyaning narendra, mantri muka wajib mengku amikani, sawengkone radyarja.
  2. Saambane bawah ambawani, winenang ngreh sapraja mandhala, amisesa saisine, sayekti iku kudu, rigen mugen reti rumanti, kang aran rigen iya, denira amandum, boga dananing narendra, kawaratan sanadyan kang tebih-tebih, tiniban danardana.
  3. Braneng praja tur maksih menuhi, lumastari wijiling dedana, tan kendhat sari ratrine, sasat praptane jawuh, umawimbuh kang taru resmi, temah tanpa mardapa, tumimbun-matimbun, mawredi wredaning patra, kar-tumangkar ayome ngayem-ayemi, memayu ayuningrat.
  4. De kang aran mugen iku kaki, den ta mardi padilan tan kemba, sabipraya sakondhange, iyeg asabiyantu, angreruwat ruweting bumi, memikat duskarteng rat, rinata ginempur, purna arjaning rat raya, maling ilang memala waluya jati, juti temah mandhita.
  5. Dene reti wursitane rawi, awaskitha kedhap ing sasmita, wruh ing semu sesumuke, samongsa sinung rengu, tanpa rengat manah sung manis, andinandon asmara, marang sarehipun, tan ana kang sinung rengat, mantri wredha widada mandayeng budi, deduga duga kira.
  6. De tetepe sanggi tan rumanti, gung rumantya pirantining praja, jagani jagad jejege, yen kajegan ing mungsuh, ing samongsa-mongsa ywa kongsi, kasusu kasarakat, rongkap gagap-gugup, wruhana sadurungira, pakewuhe kabeh gelaring prajurit, yen kongsi kasatmata.
  7. Mantri wredha andina memardi, mardawaning santosambek santa, satata lan sakondhange, arjaning driya jinum, jroning jaman kajiwan dening, derarsa nawung kridha, ing rat kang ginelung, dadya wruh pakewuh ing tyas, mantrimuka mikani agal myang alit, kabeh wadya narendra.

Anggitanipun :  R. Ng. Wiryakusuma.

===###====

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: