alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT NITIPRAJA


WAWASAN KENEGARAAN
SERAT NITIPRAJA

Karya Sultan Agung Hanyakrakusuma

A. KEWAJIBAN APARAT NEGARA
Dandanggula

1.
Kandya ing sagaraagni
rasaning driya ika sangkala
duk linakwan panyarike
Nitipraja ingapu
punang minda prasida ngawi
amiyateng sarira
anglengkara punggung
kuwawi peksa utama
kyehning jana prawita tan wigati
kedah ingalem bisa.

2.
Arti artati palupa lupi
jurang sengkan daratan linakyan
ewuh kang munggeng sanane
mangkana ing tumuwuh
dipun emut kramaning dadi
satataning wong praja
den kapti kawengku
reh nin amawi sujana
silakrama rembugen dipun nastiti
dadi saekapraya.

3.
Sampun gingsir silakrama yekti
ilang kelangan dadya kapapan
puwara nista regane
dumadak api tan wruh
lamun sira wruh ing paranti
raganira lir retna
ing sela dinulu
dadaren sadina-dina
sampun tungkul ing silakrama prayogi
yadyan delinging raga.

4.
Yensira tiningkah ing bupati
rinaket ing nata raganira
den kadi surya padange
gumantya dipun anut
manahira dipun aening
myang kadi ta samudra
pamotireng uruh
rehira menawi santana
kawruhana lwir arsaning taru malih
mangsaning labuh kapat.

5.
Mendung gledek tibaning riris
kang den pinta dening bala kuswa
den tahenaken awake kajawahan angrembuyung
enggar inggar gambira amrih
kula busana boga
wanita denyungyun
iku den sabda ing bala
dinadara ing danakramaning dasih
supaya janma sunya.

6.
Pangging panggihaning jalma singgih
yen sinewaka ing panangkilan
pepak satanda mantrine
sampun age amuwus
lamun sira tan pesthi linggih
dalanipun tan kontap
dening bala sewu
rakiten dukaning tingal
den agalak amanis liyeping aksi
sawungen ing jro nala.

7.
Adeping tyas ing bala den kaksi
saderenge matur den kadriyan
wit tan tekeng wekasane
den pasti sira lungguh
lamun angling sita den angayuh amakanka ing ati
pamunahing wardaya.

8.
Antinen aturing tanda mantri
lamun tan kari anuhun nabda
wongen saatur sembahe
mangkana reh ing prabu
anemahi lara tan angling
reh ing agnyana moda
solahe den wengku
among winong sanaliko
tinalika panalika den prayogi
sampun lali pinangka.

9.
Geleng-gelenging nala kalingking
sakyehing pancadriyan ing jagad
iku minangka mungsuhe
muwah kyehning pakewuh
lamun ana putusan prapti
layang diksura basa
tanukseng pupucuk
coba-cobaning widagda
saandika upayane wong tan yukti
wruh saingering jagad.

10.
Lamun sira tinitah nrepati
wonten ta kecaping nitipraja
nista madya utamane
nista reke jentan wruh
ing durgama mungsuhe prati
katungkul ing pamgulah
den reksa ing ayun
ajrih kang wong kalungsura
jenegipun gara-gara babo wani
asanggup ing ayunan.

11.
Punika reke nistaning patih
api tan wruh yen dadi ngayunan
tur tan kena ing atine
sanggupipun maledug
abang lambe waduk maleting
waduk sadaya-daya
kanggep aturipun
tan etang rusaking praja
pikiripun rusaking kawula alit
agnyananebrahala.

12.
Ambek katah atur angenteni
amrih keringan rewang sapangan
kumingsung peksa angene
lali ulahing mungsuh
tan samnya kalawan mantri
kadi ulung muluk ing tawang tumiling
anambar ing mangsanya.

13.
Gelehing jaba ing jronya mesi
nagasesa upacara dunya
patining wong kang den-ame
dunyane kang den itung
lir adagang pangidepneki
pangalape parentah
pawitane sanggup
panganyanging pangayunan
atur setya lenggananipun tan sipi
wetek denya mikena.

14.
Patih madya den tuhu nastiti
anglampahi saandikanira
rumeksa ing bala kabeh
tan mengeng ring sakayun
giwang-giwang nala tan wingwrin
anulad trepning praja
amrih beneripun
tan aderbe manab purba
nora alpa tan amisesa ing alit
trus arjaning jagad.

15.
Patih utama yen animbangi
tampa tumampa sahinggekira
wruh kramaning rat semune
solah sengel ing tuwuh
wus gumanti ana ing patih
rehning anata praja
prayane pakewuh
iku utameng utama
yeku reke patih kang amengku bumi
amrih arjaning jagad

B. HUBUNGAN RAKYAT DENGAN NEGARA

16.
Tan asimpen ing arta sademi
ratna salaka busaneng mulya
lumrah ing nata prabune
tuhu setya mring ratu
tyasnya pejabaperang sabil
tan adarbe wong sanak
tan anacad satru
sami tan amilih papan
yen ginunggung tan giwang cinacad sami
dening suka pracaya.

17.
Tata tate pingging
bobot repoting suka kaliwat
wani lagaweng patine
ambek susila ayu
karaketaning wong kaswasih
wateknya dana dina
donyane tan ketung
dening wong ingkang pradana
tuwin bala santana myang tonda mantri
sinaosan karsanya.

18.
Sakatahing tonda mantri asih
Rukun-rukun lir saudaranya
Rempu rineping ratune
Mamulenira tulus
Datan wonten kang manah jail
Sakyehning bala kuswa
Padha jrih alulut
Pangengeting nitipraja
Sampung tungkul ing patih ambek sudarmi
Keneng sandi upaya.

19.
Wonten ta papatih rajeng Mesir
umung kaloka tinpenepa
koja jajahan wastane
saha bala kawengku
saparentahira ngecani
para ratu kabala
samya jrih alulut
sakatahing para nata yen sewaka sinamudaneng
anulya sinambrama.

20.
Sinugatan kyehing tonda mantri
para ratu ayun aseba
tiniwukan sakarsane
busana wastra duwung
sabuk gonda sekar sumaji
tekeng jawi kawratan
baksana lumintu
samampune andrawina
samya medal asewaka sri bupati
koja limayeng wuntat.

21.
Titiga panakawanireki
kang ambekta cis upacaranya
kaskul lawan lulungguhe
akampuh wastra lusuh
akulambi tambal respati
sabukipun kalekah
sampetipun wulung
akris landeyan bengukan denya patih katungkul susilanya di
patine keneng cidra.

22.
Sayogyane ing rekyana patih
sampung katungkul ing manab tunggal
rasanane ing karone
jroning tyas den rahayu
wajangena isineng bumi
myang sakotanging singa
prayatneng pakewuh
away gampangaken mongsa
yen andhikep gajah banteng
lawan kancil
den sami prayitnanta.

23.
Lamun sira ingandel ing gusti
kinarya jaksa dening sang nata
den traju lumehe
den-tajem timbangipun
papakemesampun gumingsir
aja melik ing dunya
yen tan beneripun
away kengser ing sarana
yen gingsira dadya sureming nagari
sampun simpen welasan.

24.
Wruha sira ing arta sademi
gora sabda wisa madukara
estri ayu cendalane
jaksa lir geni murub
paliwara lir wreksa aking
jajeneng kadi tumang
wangwanepamuwus
kukusipun lamat-lamat
kang apadu lir mina aneng jro warih
kalebu ing babara.

25.
Linudang mentas keneng piranti
pinecatan ginirah ing toya
den-berasih kukumbahe
ratengana lan tutur
ragenana kalawan said
panggangen lan pariksa
godog geni murub
urube nirna nirmala
ing ajeksa jajeneng paliwareki
tan dora setyeng nata.

26.
Jeksa jajeneng paliwareki
rumangsaa yen sinilah sabda
eningi ratu adile
jaksa angganing ratu
amariksa sing sanagari
srem sureming praja
yen tan beneripun
kang kocap ing nitipraja
nista madya utama yen jeksa ening
tan ayun ing ruruba.

27.
Madyaning jeksa lamun lumiring
atari-atari atatarenan
amrih bener
ing wong akeh
sakyehning jaksa pungkur
angriringa denya met asil
kadya merang ingobar
sinebar ing ranu
lir pagul denya met mongsa
jroning toya jembare den dalajahi
tan liyan saking toya.

28.
Nistanya lamun jeksa miranti
arakit basa kramaning cidra
anunuwe tan aserah
alingan ing gumunggung
apa sira ta kaya mami
denya amet pasilan
sajroning alungguh
buktine daun salembar
iya dening taneman kang den-ulahi
angulap bawaning lyan.

29.
Akeh bawane wong amet kasil
panyarikan alingan karopak
pucuking pangot pamete
sarati lingan angkus
pande emas alingan agni
sungging alingan warna
lwiring tuwaburu
malah mung anilih wana, upamane
angidang wruh anjaringi
amasang kalitida.

30.
Agung alit myang titindih wukir
maya-maya denya ngungsi guna
waneh alingan tapane
tunggal kang dipuntenung
kadi peksi krenda tumiling
denya amet kasab
lir mina gegenjonglemesing raga lit
anungkelang tajinya.

C. DESENTRALISASI KEWENANGAN

31.
Enget-engeten kramane dadi
atwa tungkul ing suka kawiryan
den wruh pranataning raje
tata titining ratu
ingkang lumrah ing sanagari
saringen jroning nala
lumrah tekeng dusun
subakramaninging sarira
away sanak lan durjana away kongsi
kidang kari alasnya.

32.
Aparek kalawan wong sinelir
kang kaparek denira nata
bebetnya kullabangsane
palane yen amuwus
yen kawetu dipunlinggihi
kadi kengser ing singa
sang nata anut
kengsering singa agalak
kang den mongsa yekti naga boganeki
wija-wija putranya.

33.
Pratamaning janma kang sinelir
angawula ing prabu satmata
sampun langganeng karsane
kinena sira mengkul
ing gulune singa den aglis
rangkulen aja kemba
yen kinen angambung
pipining naga angelak
nulyambungen aywa gumingsir ing ati
antuk jenenging praja.

34.
Wija tuwuh patra tiksna lungid
aglar ing sira kinen narajang
trajangen aja suwe
tan ana bayinipun
nadyan sira tumekeng pati
amanggih karaharjan
ing delahan besok
angrasaa pakoning hyang
nata prabu kinarya jalaning sih
darma mona kewala.

35.
Eling pakeling away ta lali
ing duduga kalawan prayoga
pinet saking panengare
myang cipta nateng semu
lamun wonten ujungan ing ling
gutuk lor kena wetan
kulon kena kidul
enggok wangsul amikena
kedap-kedap kocaking netra lan alis
wus karsa wisakrama.

36.
Tatraping tyas wruh kang pinilih
ing sujana wigneng parahita
lumaya minuladi lide
sandining krada nempuh
saha ganda prananing aksi
amunah-munah krama
saekaning guyu
pracara oneng sadina
nirantara soba sobanira amrih
byak krasa wisakrama.

37.
Darma darma ing asaba puri
Lamun ingandela saba pura
Den kadi wana sonyane
Anglila-ngila mangu
Sirnakena rasaning ati
Jumen paninggalira
Celekeneng ratu
Sakatahe kang kawuryan
Tunggalena lan warnaning sri bupati
Yeku wignyaning nata.

38.
Sampun araket dening pawestri
jroning pura yeku madu wisa
estr pura sakarsane
estri salokanipun
tirta suda sagara agni
bahni wresa angarang
puspa wiguneku
antya wilewi lwirwira
tirta banyu sagara wus angarani
tan wareg deneng toya.

39.
Bahni tan wareg ing kayu aking
wus pandita guna kagunanya
antya wilewih karsane
myang wiku pandita gung
nora nana wareg ing ngelmi
mangkana ing wanita
tan amilih kakung
kakung tan anampik ing dyah
wisanipun kakung araket pawestri
yen tan tajem ing praja.

40.
Kadi sela panggarisan rukimi
teguh tuhu sungana dana
ingriku reke pawore
sarasane katemu
gatra-gatra susah kang ati
anyipta nora natya
tuwin yen amungsuh
dening wani tantya mukya
kang tinohan
tinuku kalawan jurit
tan etang patyan pinatyan.

41.
Lamun sira rineka pawestri
kinaryan gedong dening sang nata
samunira den alumeh
den lila ing sakayun
myang salokanira kapanggih
dadi garwa pawitan
netyanireng kakung
angrasaa yen amungsuh
dening wani tantya mukya
kang tinohan
tinuku kalawan jurit
tan etang patyan pintyan.

42.
Ajwa ngangge wastra ingkang adi
anganggeya langsaran sadina
sampun awiraga mangke
lawan sampun akusut
den prasetya ing manah anglih
asaji-saji karsa
nira sang aulun
nilik tiliken jro pura
den kareksa ulah kawanen jro puri
samaptanen ing karsa.

43.
Wibuhing dunya ambekta lalis
kedaping tyas sinukan sarana
gumunggung tan wrin mulane
lega umpeging kayun
dene dereng manah kang jati
anggungaken sasira
mungkureng rahayu
gingsiring apawong-sanak
kang kadulu manising retna sakundri
gumiwang ing prasetya.

44.
Sudra-sudraning kang cidra singgih
papa ing papa pinapa ing rat
lir dangdang amongsa wangke
munggeng setra anguwuh
mencok ing pang ragas tur aking
tur sarya anggaruda
wankenya den-gilut
tumiling sarya anglayang
lincak-lincak den antun panganereki
medun anucuk singgat.

45.
Kawruhana ing dunya puniki
ingkang dadi wigenaning raga
yen luputa prakarane
lir kembang palwe ranu
dadya labuhpalwanya miring
gonjing katempuh ngalang
ombak aggung nempuh
prayogane darbe arta
priyen dadi layar kamidining amrih
prapta ingkang senedya.

D. KETANGGUHAN BIROKRASI

46.
Ewuh ing dunya yen tan kalingling
kaba-kaba ingaksi kawuryan
dereng wruh yateng sangkane
brahala munggeng tuwuh
lilinyokan denira angling
gumunggung sapa sira
tan kaya kadingsun
kebek matingting mutingkrak
lamugawa amrih kalokeng sabumi
artane dadi pikat

47.
Datan mangkana kang sampun singgih
tan kumedap tinggale ing dunya
sugih datanpa duduwe
tuhu arjeng tuwuh
ing praja kasusilanya
asiluman ing boga wastra pawestri
paesaning narendra.

48.
Gati-gati pranata atiti
lamun sira kinarya kongkonan
iku apringga tindake
imba caraning ratu
anambada karsanya mesi
rakiten semunira
angrasaa sri bupati
salirning prakaranya.

49.
Lamun sira angutus amawi
layang pupucuking dura praja
den kawengku pilepase
tindake den kadulu
away sira ngumbar praniti
ing watara duduga
prajaga den-ketung
iku traping nitipraja
yen ingutus angambah liyanagari
nagara lyan sasmita.

50.
Andhingineno loka den titi
amengkuwa saking awakira
prapta mring prajane dewek
lamun sira wis rawuh
ing jajahan myang tepis iring
angrungukena warta
den ragi asamun
ing semu dipun asamar
away metu ing tutuk denira amrih
taping tindak lir angsa.

51.
Sampun adres anggupita angling
asring gumuyu ilang titinya
sigung kasigug temahe
mangkana yen wus rawuh
ing nagara dipun respati
tan pen tindak lakunya
away nolih pangkur
sampun amicareng marga
layangira embanen kalawan samir
taping tindak lir angsa.

52.
Ulatira den darpa amanis
pangucapira den tibeng madya
den atambuh aywa gupe
ing semu den aruhur
yen tinampan layangereki deng angriringen nala
ya iku pakewuh
upamane lir antiga
ingapit ing sela sumaya arti
jabang mangilo jurang

53.
Turukena layangireki
den kadi paksi teka ing tawang
anglayang mencok aleren
ing tahen sekaripun
tunjung-tunjung telaga sari
ibek madune kentar
kabyaktan tumiyung
tumampa ing wilapanya
kang pinaran prihen sukanira wrinwrin
duga-duga wilasa.

54.
Parekena lan dohena ing sih, kareketana
saking kadowan sira tanpa ling-aling
away kabenten gelar
ginutuk lor kidul
mangulon den-prih kang wetan
kang wetan yen mangalor kang kidul dipun kaaksi
den anyraka.

55.
Yen sira lungguh dipun nastiti
kula dyatmika susila krama
ikuduta kang angene
imba caraning ratu
yen atanggap wawales gipih
tumulya pinamitan
tan itung ing enu
rahinten dalu lumampah
tanpa yun asalah kapti sireng margi
datan mampir ing wisma.

56.
Lamun prapta ngayunaning gusti
dipun samepa ing tinggal tunggal
matura ing tingalane
sarta pupuk semu
mamandapanira den aglis
dipun ririh ingarsa
nira sang aulun
atur serat wawalesnya
layangira iriden pucuk ing wuri
yen kagyana turena.

57.
Muwah kawula amonca bumi
tan beda mangkana lekasira
ewuh yen lan sasamine
kang samya bupatya gung
asisyan asilih ukih akintun-kinintunan
myang ujungan semu
tan wonten kang kasorana
madyantara iku layange yen prapti
katoreng narendranya.

58.
Titi yen gusti mareng kang alit
tewi kawula matur sang nata
titi tata sasane
mangkana ing liripun
ing amawi layang kikirim
mareng sanak wong sanak
sampun salah liru
ing guru gusti sasamanya
wong atuwa sinama kramanireki
titi lwir ing kramanya.

59.
Pranatane angawula singgih
lamun sira ayun asewaka
bilasen ragane kabeh
ngambila toya wulu
anganggeya kang sarwa suci
acalanaa petak
asabuka dadu
krisa parung rarancaban
asubuka ubed tiga sira kaki
lilisaha gagonda.

60.
Lamun prapta pasowan asri
apalinginyan rowang sapangan
amiliya satimbange rewangira alungguh
kang prasama sama nampani
dadya saeka prana
tunggal sabayantu
sampun arebat kawignyan
silih ukih akudon arebut kawi
pala cacengilan.

E. MEWUJUDKAN NEGARA SEJAHTERA

61.
Jeroning paseban adep ing pati
weruhanira gening pasamuan
arsaning ratu unguhe
suko duka tinemu
ing ayunanira nrepati
iya kudu winenang
anggunganing tuwuh
asung jenenging kawiryan
anurada anrapaken larapati ratu jalaraning jiwang

62.
Away kandag denira aningali
trusa rena kebing panarima
den kadi ringgit regane
duk aneng keliripun
pandan muncar sira tinggali
wayang kelir kawangwang
gamelane umung
tan pegat denya welasan
kang anonton asmara kandenging kingkin
waneh kandeg ing wayang

63.
Kang sawaneh kandeg aningali
kandeg dening swaraning gamelan
waneh kandeg ing damare
waneh kayon dinulu
tanpa ngucap anukmeng kelir
dalang ing tan kuningan
aringgit sawegung
rainten dalu awayang
paringgite dalang wignya tanpa tanding
cipta wibuh ing praja

64.
Amuroni pawayangereki
awalesan ing sapta akasa
ing sapta bumi wignyane
apadudon dinulu
tan seng tunggal lamun kaaksi
tunggalipun tan tunggal
lwir nitir parajeku
kang raga aglar ing bala
kyan rakyana apatih timbalaning sih
aparentah ing praja

65.
Tumibeng bala punggawa sami
anubon ing timbalnira
apatih sawangkone
wong dadosan yan tuhu
tinrapaken ing lara pati
lamun tuhu ginanjar
winehan sakayun
kalabe sang niti praja
sing sapa weruh ing raga sasamaneki
pakartine raharja.

66.
Kaya ta sira yen amatinggi
lumakyeng desa aseba karang
den karesa drigamane
galeng wates ing dusun
langlangana rabina wengi
dursila den kareksa
anudaa laku
anggempala sakaraman
kang atunggu rumekseng watesireki
lalaren saben dina

67.
Anjenengana langar den apti
arepana karajan ing doya
ingkang awening bejine
angungkurena gunung
myang pagagan tegal kang asri
munggeng ayuning desa
myang walabar agung
mungeng tepine kang desa
peringena rawa susukuning wukir
yeku sira sedya.

68.
Legawaa ing boga myang bukti
ing rewangira wong adedesan
turutana sakarsane
ing kasenenganipun
karang pecal lebak lan wukir
tunggulana kalawan
sela watesipun
myang wana ing parungbutan
sampun cidra ing reh denira marinci
tambangen lalakonya.

69.
Buktining kaum dipun kapeksi
kang rumeksa ing wektu lilima
den tulus pakarangane
pencinipun den gemuh
lan srahena jakatireki
muwah lan pitrahira
srahena ing kaum
myang kadi kadi tanem tuwuhnya
sedyakena ing ratu myang panditeki
den anggunggung wong tapa.

70.
Lan sedyakena ing pikir miskin
kawula ina kang kapradana
ing anak yatim prenahe suka wirya ng tuhu
yen arekat lan wong kaswasih
teluk ing apadita
sumungkem ing ratu
parikudu ing tamiyan
sasamine islam den sugata gati
sakrama dipun enggal.

71.
Lan mailih ing wong karama rahi
anggung gumunggung buru aleman
angulati satimbange wales winalesing yung
urmat ingurmatan sireki
iku wateking setan
brahala den-temu
adoh ing pekir kasiyan
kasengite andulu wong kawla-asih
raket ing wong sudagar

72.
Pemut ing nitipraja den kesti
sayogyane ing jalma katilar
ing yayah rena regane
away sira andunung
wong acukit adulit sami
akumbah akarakah
amutrah angebur
anurun tejaning muka
sampun sira kadunung sudagar singgih
angayar-ayar dunya.

4 Comments

  1. You you should edit the blog name SERAT NITIPRAJA to more suited for your content you create. I liked the blog post all the same.

  2. nugroho...

    seandainya saja para pemimpin kita mengamalkan isi serat ini…………

  3. Wayah Pengging

    tunjung kembang terate……..

  4. aduh beu meni ku nyeblak, enya ge teu ngartos sadaya kecap diluhur, tapi duh meni asa nyeblak hate teh…
    mmm complicated saur urang walanda mah😛

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: