alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SAK LEBARE RAJA KUNING


SAK LEBARE RAJA KUNING
Jayabaya

Salebare Raja Kuning
Anggulung bandarane,
Mulih ing dhangkane ngalor parane,
Banjur ana perang panggempuran
Saka lor kulon tekane,
Kang banjur ngepung wakul
Saka keblat pat kalima pancer.

Nakoda ngantepi jurit amutatuli,
Kadedayan sumarambah warata skongsi,
Nimbulake peperangan ing jro kurungan

Wong gedhe padha kleru singgih,
Ana Raja jimenggung wong rucah lan kinuya kuya,
Wong rucah ngedhangkrang,
Ing kono patine botoh lor.

Marga peperangan mau,
Anane pepati tanpa aji,
Ing pati marga saka perang,
Saka kobong ginawe karang abang,
Lan mati kabingungan.

Mangkono karsaning Pangeran,
Wong Jawa kongsi kari separo,
Cina landa kari sajodho.

Wong cilik padha dadi mantri bupati,
Wong gedhe kasangsaya,
Ratu kaplayu kinuya kuya,

Akeh omah dhuwur tanpa aji,
Wong mangan wong,
Lan padha bingung ora ngerti adhepe wong,
Wong padha umbag, arang kang bener omonge,
Omomg mung tunggal swara, tanpa tabet,
Nyatane kosong, begjane kang ora kelu,
Cilakane kang ngaji-aji mangeran kumandhang.

Wong nganggur jinagur,
Wong ladhak kacandhak,
Wong wani gelis mati,
Wong kendhel kecekel,
Wong ndhekekel kapetel,
Kang temen lumuh marga ora kapaelu,

Kang bilu dilulu,
Kang slingkuh kukuh bakuh,
Wong pinter diingel-ingel,
Kang bodho dikno kono,
Wong kang mbodho begja,
Wong tani setengah mati,
Ora oleh mamangsan,
Botoh padha butuh,
Kang kalah ngrayah.

Wong sugih dadi nista,
Donya dadi mamala,
Wong cidra mubra mubru,
Buruh angkuh, kang pasrah kelumah,
Kang ikhtiyar bubar,
Kang narima sangsara,
Kang dosa angrudapeksa
Ndadra rineksa kalis ing sambekala,

Akeh wong mendhem donya lan pangkat,
Rebut lungguh angangsa angsa,
Gagamane adol wicara,
Gembar gembor ora ngerti wicarane dhewe
Wong dura ura-ura tinarima,
Wong mlincur dadi lacur,
Akeh wong sesongaran ora netepi omonge dhewe,
Madu balung tanpa isi temah mas picis
Padha larut ora weruh parane.

Wong sugih jirih,
Wong bingung limung,
Wong medhit etung dhuwit,
Padha kecepit,
Nulung kpenthung,
Wong samar kasasar arang
Kang percaya ukume kodrat.

Wong lanang ningal
Wong wadon dhemen omah loro,
Wong wadon kumpul wong wadon,
Rebut ijir golek sandhang pangan,
Akeh wong lumuh bobojan njaluk pisah.

Akeh donya padha muspra,
Golek mulya tambel jiwa,
Pindha gabah den interi,
Tatakrama sirna,
Agama kanggo kudhudhung,
Anuruti hardane hawa napsu,
Ora ngelmu ana warta bener.

Akeh wong medhar ngelmu gethok tular,
Medhar sabda lalamisan,
Sanggupe kaya bledheg ngampar,
Tekaning ngendon melothot anyidrani,
Ora irang njabel kasaguhane, mblenjani janjine,
Wong alim pupulasan,
Njaba putih njero lanking.

Kang cilik diithik-ithik,
Kang gedhe mecece,
Adol gawe lumuh dhewe,
Kang sedhih saya perih,
Kang numpuk kejupuk,
Kang sregep kerungkep,

Kang nyorok katabok,
Kang pasrah kecagah,
Kang memaki cinamethi,
Kang kumet gemet,
Golek butuh padha lunga,
Ketutuh-tutuh.

Timah ngaku salaka,
Salaka ngaku mas,
Mas tulen dianggep tembaga,
Sosotya mawa retna dianggep mbeling,
Kere munggah bale,
Wong salah seleh,
Wong toh pati mati,
Wong goroh dienggo,
Wong bener diingel-ingel.

Ana Ratu kinuya kuya,
Mungsuhe njaba njero,
Ibarate endhog engapit sela,
Gampang pecahe,
Nanging rineksa Hyang Suksma,
Mungsuhe kaweleh-weleh,

Ratu mau banget teguhe kinuya-kuya ora rinasa,
Malah weh suka raharja,
Kaesa mbelani nagara sigar semangka,
Ambleg utama tan duwe pamrih,
Mung netepi kasatriyane,
Tambal bandha mau,
Mung ngengeti kawukane,

Ratu mau putrane Mbok Randha kasiyan,
Kawelasarsa wit timur mial,
Sinuyudan mring pra kawula,
Ratu mau ijih sinengker Hyang Widhi,
Mapan samadyaning rananggana,
Sajroning bebaya,
Minangka tapabratane,

Kesempar kesandhung nora kawruhan,
Kajaba wong kang kabuka rasane,
Meruhi mas tulen lan kang palsu,
Ing kono katon banyu sinaring,
Wong becik ketitik,
Wong ala ketara,

Wong palsu mecucu,
Begjane sing padha eling,
Cilakane sing padha lali,
Sing sapa krasa lan rumangsa,
Bakal antuk kamulyan lan karaharjan.

Nuli ana Ratu kembaran atismak bathok,
Dhepe dhepe ngrerepa mring wong pidak padarakan,
Nagara dadi siji, pinilih endi kang asih.

2 Comments

  1. Mugi Allah SWT tansah paring kekuatan dumaten sinten kemawon ingkan sampun maos tulisan ing nginggil menika. . . amiin

  2. wong jowo

    yo urip sajroning mati

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: