alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SAMBEKANING NUJU KASAMPURNAN


SAMBEGANING LAKU
NUJU MARANG KASAMPURNAN

Pepadang sing bisa digayuh kalawan laku kaya sing wis kaceta ing duwur iku prasasat ngungkuli padange srengenge. Srengenge mono padange mung kena dirasakake lan disipati dening kalairan (pandulu, badan sakojur) nanging padang sing ditemu sarana laku iku padanging roh, ya sing diarani nurcahya (Nur=cahya, cahya=caya, dadi cahyane cahya = roh ilapi) sing daya panguwasane ngngluwihi kadi padange srengenge.

Tegese : pepadang sing kaya mangkono mau sing ceta bisa jalari tindak utama ing madyaning bebrayan lire jagad gede kawaratan, bisa nanduki marang sarira pribadi (jagad cilik)karana bisa meqar dadi amal suci. Atine padang ora kasrimpet ing pamotahing napsu kadagingan, kalis saka saka goda rencana kadonyan sing ajak-ajak rusak, ya rusake raga, ya rusake jiwa. Iki kabeh mau kudu ditindakake kalawan tanpa kendat ing salawase urip.

Mung emane dene sing kaya mengkono iku arang banget kang bisa nglakoni, keh-kehane banjur kandeg ing tengah dalan, ing sakawit kaya iya-iyaa, nanging toging ngendon bareng mrangguli gampange banjur ngusira, murtad saka gegebangane kang sejati.

Kang mangka kabeh mau kudu ditindakake ing salawase urip lan kudu diemuti yen iku mau kabeh mung mujudake sawijining prajanji sing kawetu lan kalakone mung sapisan.

Ana dene sing jalari angele iku mau, jalaran sing akeh ora bisa nyandak marang susurupan ing bab legining madu.

Ora idep ing lungguhi si legi lan lingguhe si madu sarta manunggale sakaro-karone. Endi sing diarani “Dzat” madu lan endi sing ngeker sipat manise, ora bisa digraitani. Iki dasare mung prasemon tumrap marang sasira pribadi, sing ateges ora ngidepi marang jejering Kawula lan Gusti sarta manunggale sing kabeh mau prasemone Gaibing Hyang Widi, dadi sok mangkonoa uga ateges ora bisa nyumurupi ing Pangerane. Kang mangka dudununge senajan ora karuwan golek-golekane yen ditumemeni tinemu ana awake dewe.

Ana unen-unen adoh tanpa wangenan, cedak tanpa senggolan iku maknane ora bedo karo keplase madu lan legine iku mau. Gemblenge mujudake kahanan sing aninang, sing ora ana prabedane karana manunggal dadi siji.

Kanggo nyumurupi dununge sipat legi lan dzat madu sarta ndamangi marang manunggale, ya sing ateges meruhi marang manunggale Kawula lan Gusti utawa marang Pangerane, iku temene wis pada cumepak prabote, tur genep pisan, yaiku tinemu ana ing sarira pribadi, ana ing awake dewe. Nanging ing sarehne kurang bisa migunakake carane anggone ngudi banjur sok ora genep, ninggal salah sijining srana saka uger-uger panggilu dane ngelmu (sarengat, tarekat, hakekat lan makrifate). Utawa isish kerem marang ubaling napsu kadagingan, duwe pamrih rupa-rupa sing tumanjane mung marang urip kalairan.

Kajaba iku, keh-kehane pambudine sok sembrono ora ngendahake marang wewalering ngelmune nyepelekake karana ngrumangsani yen wis bisa nyakup marang surasane kabeh, wiwit saka “Ha” nganti tekan “NGA” utawa marga saka anggone kurang bisa ngendaleni hawa napsune, banjur ora bisa ngetut utawa nyusetyani marang sakehing wewaler kang mestine kudu diturut.

Lekas ing kaya mengkono mau mbebayani tumrap marang awake dewe lan samangsa kudu ngadepi kukuting jiwangga, asring isih kagubet dening pakartining napsu kadagingan lan kagoda dening pakareman-pakareman kang di alami dek rekalane isih meger-meger urip waras-wiris.

Jer sakabehing tindak kang dilakoni nalikane isih jejer dadi manungsa iku, luwih-luwih sing ana gegayutane karo ubaling angkara murka, isih tumabet ana ing jiwa kang angel ilang-ilangane. Awit saka iku sing akeh-akeh patine banjur sasar susur ora bisa sampurna utawa ora bisa entuk dalan kang padang lan gampang.

Anggane ngudi saya ngangsa-ngangsa kayungyune marang pamrih sing maneka warna lan asipat kadagingan mau. Ana dene sing dianggo nutupi mung estine marang tindak madya lan utama. Dadi apa sing katindakake mau salugune cengkah karo kekerane ngelmune kang sejati, ateges uga tumindake cidra ing atase nggilud pangelmon, bebasane jabo putih jero kuning (palsu). Upamane banjur madeg dadi dukun kang ngalap opahan, netepake mejani lan patukon lsp, kang dadi margane urip seneng nanging mung uriping wadag.

Awit saka iku, ing babagan sing kaya mangkene iki kudu sing bisa waskita lan trampil milah-milahake, endi-endi sing tidak nyata nurut andemaning kajaten, endi sing mung dianggo srano mulas kajatene kang ora bener iku. Yen dijablasake endi sing tumindak bener-bener atas asmane Pangeran karana lekasing lair iku dikemudeni dening batin, lan endi sing mung tindak ninggal Pangerane Gusti karana lekasing lair iku mung kanggo nyukupi kabutuhaning lair wae.

Ana dene sarengat sing kanggo gagaran pamilihing kahanan, endi sing sejati lan endi sing mung pulasan, yaiku pangeling-eling marang Pangeran manunggale Kawula lan Gusti lan ngugemi kayakinan, yen urip iku satemene ana kang murba lan masesa, yaiku Hyang Widi. Dadi kudu emut solah bawa, muna-muni iku mau kabeh atas asmaning Pangeran, kang sipate suci ora ana kang madani. Samangsa ana lekas sing katon melok, mangka banjur cengkah karo kasucianing Pangeran, iku terang banget yen ora bener (eling marang sipat 20 ing Pangeran).

Sipat kajaten, yaiku keploking tindak lair lan osiking batin,krenah marang kautaman sing bener-bener kanti rila legawa lan nyata-nyata dudu pulasan, mungguhing banyu mono pada wae karo banyu wening lan resik akinclong-kinclong yen ta diombea bebayane ora ana nyata-nyata bisa mareming ati lan sirnaning salit. Ya tindak sing kaya mangkono mau sing dialami wiwit saka lair nganti tekan samatine.

Ana rembug pangelmon sing ana gandenge karo babagan Sangkan Parane Dumadi ana tetembungan yen uripe manungsa ana ing donya iku bebasane mung purlu Mampir Ngombe.

Tembung “Mampir Ngombe” kasebut, kajaba mengku sipate sing kudu diombe, uga mengku wektune, lire mung samampir, mung sak perlu, dadi ora suwe lan sing diombe kudu banyu sing mupangati tumrap marang uripe lair batin, yaiku tirta wening sing wanese kalintang.

Dadi terang banget uripe manungsa ana ing alam donya iku bebasan mung sasiliring bawang mung sedela banget yen ta ditandinga karo wektu kang bakal dialami ana ing alam langgeng. Dadi samangsa urip kang sedela iki ora dipigunakake sing kalawan pratitis, mestine banjur bakal kapitunan lire migunake kalawan pratitis yaiku ngobeya banyu kang wening, nggiluta ngelmu sing murakabi tumrap marang urip lan pati, bisoa nyumurupi saka ngendi urip iki lan menyang endi urip iki sabanjure ((ing sak wise kukut ragane). Weruh sing kalawan temen-temen lan alandesan pikir kang maton.

Iki lagi bisa kelakon yen enggone milih iku kanti pratitis, bisa damang endi sing nyata lan endi sing pulasan, endi sing suci lan endi sing kebak pamrih kang ora yoga. Dadi kudu bisa mbedakake endi sing tirta wening lan endi sing tirta tan wening, kang supaya ara keblasuk. Awit yen kleru sapisan mesti bakal kleru ing salawase : janjine mung sapisan.

Toging data sakehing pambudi mau mung ditujukake marang patine, ewa semana rasane meksa isih durung rila temenan.

Mula sajroning ngudi sawiji-wiji iku kudu sing tansah weweka lan ora tinggal petung, awit satemene ora ana wong sing wong sing bisa mestekake lan saligune ora ana wong kang milalah patikanti tanpa sebab apa-apa nadyan ta wis tuwa tur pikun pisan, rasane isih sungkan (owel). Lugune wae ora ana wong sing milalah mati eklas lair batin.

By alang-alang

1 Comment

  1. manungsa kang tansah ngugemi kesejatining ngagesang kedah ngangge sarana, prasarana lan wonten pundi dunungi sedayanipun wau.. nggih namung wonten saklebeting badanira..

    suwun..,

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: