alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT CENTHINI MANGUNPRAWIRAN


Pan megatruh kinarya purwaning kidung,
wiwitnya anedhak sungging,
Srat Canthini wastanipun,
malem Senen tanggal kaping kawan likur amancorong.

Wulan Sawal ing taun Dal kang lumaku,
sengkalan ingetang nenggih,
guna peksa ngesthi ratu,
mangsi boronga punniki,
leres lepat sastra mangko.

Pan jinugak Rundaya lampahanipun,
kalawan garwanireki,
angulati putranipun kang murca musna ing ratri,
ing Ngardi Pala kang katon.

Arundaya aris dénira muwus,
mongsa dédéya puniki,
ingkang tinutur ing dangu,
Cariksutra glis ngudhunni,
tuwan mèh panglinga ingong.

Aglis lampahira prapti,
Arundaya Ngardipala,
kadi supena manané,
andulu ing padhukuhan,
déné asri kawuryan,
miwah kang pala gumantung,
sampun prapta ing Banjaran.

Wong kakalih lumaksana,
Ki Sèh Modang Tisnaraga,
gupuh-gupuh lampahira,
lampahé prapta ing ngarga,
nut jurang sukuning cala,
kang kasandhung sirna kontal,
kang katrajang rubuh samya,
kan kèdekan padha pokah.

Pan gumuruh syaraning ampuhan prapta,
udan awor lan angin,
jurang pan kumrawak,
ngerik swaraning gurda,
kang rubun tumpan atindhih,
lir suraking prang,
sumyak bawaning angin.

Eca manahé Ki Modang angling,
lah anedha mangké pangapura,
déné tan uninga mangké,
tan anyana katèngsun,
mapan wonten nenggih puniki,
kina memeca sepa,
Sang Nulara muwus,
beciké ta uningaa,
ingkan wikan ing tuturingsun puniki,
bejané kang uninga.

Wus umangkat Ki Panurta,
lampahira lon-lonan anèng margi,
Malangkarsa atut pungkur,
kalawan Amongsekar,
datan kandheg lampahé,
alon mintu akèn désa katingalan,
kang kari ngimbangi wuri.

Ni Malarsih amuwusira ris,
Ni Cantini babo kongkonana,
anakingsun mangke Amongraga wus rawuh,
Tambangraras ana ing ngendi,
lah ingsun jarwanana,
arsa gé katemu,
Ni Canthini sigra ngucap,
sarya jerit Malarsih dipun sungkemi,
duh nyawa sampun ical.

Mangunarsa mangké anauri aris,
paman lega ing tyas, yèn konsiya tutur nguni,
késah tan ana uninga.

Ni Turida wastanira,
lawan Nikèn Rarasati,
wus supé ing dhahar nèndra,
tansah dènira rudatin,
kang angga sawang mayit,
cahyanira saya nglayung,
lir kèntar kapawanan,
sarira asalin sarni,
Ni Turida tan pegat dènnya karuna.

Kang brahala ting jalerit syaranira,
adhuh mati sirèki,
iki patinira,
bisa amèt jalaran brerana nora tèdèking,
tan suwé prapta.

Baya tresna anakingsun,
marang ing lakènirèki,
Ni Turida anakingwang,
Arep temen apepanggih,
Ni Turida wuwusira,
witné ingsurn arsa panggih.

Enengena kang anèng ngisoring gurda,
kang kawarnaa nenggih ingkang anèng guwa,
Endhang Rarasatinnya, kang banter raganné iki,
wus pitung warsa,
kagyat ngrungu wong nangis.

Sampun prapta jawining wanadri,
mulat ana dhukoh,
sri tinnon wau banjarané,
pucuk pucak warna prenahnèki,
Ni Turida angling,
iki ana dhukuh.

Mangké anèng Pulo Wesi,
Amongraga lan kang garwa,
pitu dina ing laminé,
tanana janma kang ngambah,
awit tanana marganya,
Amongraga anèng ngriku,
praptané tan mawa marga.

Anenggih Ki Amongraga,
tingalira nyipta Hyang Suksma Jati,
dhukuh mingkrat datan kantun,
kabèh dadi segara, dalah kayu wau datan ana kantun,
anenggih Kèn Sélabrongta,
kang binekta Ragarunting.

Sampun tumiba mangkya ing siti,
Amongraga lawan ingkang garwa,
ing guwa wau prenahé,
guwa Lesa ranipun,
sakalihyan dènira linggih,
tulus amangun tapa,
lawan garwannipun,
wonten manungsa atama,
anèng guwa,
awasta Ki Darmèngbudi,
lawasé sawidak warsa.

Iku sosotyaning bumi,
ingaran kembang ing jagad,
kakasihira yang mangke,
Amongraga sira suka,
pencaking karsanira,
renna ing panjawabipun,
iku pan karanganing Yang.

Karané saréngat ta puniki,
pinekreran tan kena lenggana,
anglampahi amor mangké,
pan agung pèdahipun,
ingkang teka ing teges yayi,
iku bakalé lampah,
manira angrungu.

Wonten janma alelana,
mider-mider anderpati,
nungsa Jawa prenahira,
sakèh tanah dèn nidreri,
Balambangan Petani,
ing Palèmbang sampun tepung,
Surapring ing Lembuasta.

Nanging ta mangké manira,
pan anedha pangapuranirèki,
ngrasa dédé mokrimipun,
Amongraga angucap,
pindho karya mangké karsannira iku,
ilang ingkang wong ngagama,
ing karsanipun lumaris.

Nenggih mangké ing tegesé napi,
pan ika nyata lamun isbat,
kang isbat napi jatiné,
kumanira ngrungu,
ing tegesé mangké kapati,
mèsem Ni Sélabrongta,
bener ujar iku,
lah ta mangké padhangena,
Jatiswara alon dénira nauri,
manira amiyarsa.

Amongraga sampun weruh polahira,
maring Jatiswarèki,
yèn dadi sagara,
Amongraga anyipta,
ing palwa karsanirèki,
sarowangira,
annitih palwa sami.

Wonten mangké wau kang ginupit,
alul sastra amanguning sadat,
ing Wonacondra dhukuhé,
kalintang ngamalipun,
wong ngalinggih alulu surambi,
kinepung sinnaroja,
sabatipun agung,
asmu puhing wong kasiyan,
bagus anom jetmika asih ing santri,
lumaku lawan kondhang.

Lah undangen alinggih ing wisma gupuh,
Ki Marbot anulya bali,
angaturi tamonipun ingkang linggih ing surambi,
santri kathah samya annon.

Kuneng ingkang gunem ngèlmu,
Ronggamona gadhah siwi,
wanodya dèrèng ngakrama,
ayu anom perak ati,
sosotya ing Wonacondra,
gantes luwes amantesi.

Manira ta amit késah,
Ki Ronggamona sigra ngling,
adhuh nyawa anakingwang,
punapa karsanirèki,
karsa dhateng ing pundi,
sampun késah anakingsun,
asru pangampahingwang,
gé lang pasir kari sepi,
dalemira asepi sepi asonya.

Kawarnaa ingkang sida brangti,
ingkang antuk kanugrahanira,
maksih ing wukir prenahé,
kalintang lampahipun,
tan arèrèn lampahirèki,
mandheg mangu ing marga,
lampahé andarung,
sadina datan araryan,
Jatiswara sadalan anolahnolih,
kang tinnilar anèndra.

Ni Nawangkapti aris nauri,
Ni Wasita alon,
sira wéya kinang marang kaé,
kakangira kaéla gya prapti,
Ni Wasita angling,
pan sarwi gumuyu.

Jatiswara anauri aris,
nedha apurèngong,
pan kawula anyuwun lilané,
pan amingsre wau dènnya linggih,
Rasatembang iki,
andulu kang lampus.

Ki Saèmbang wuwusira ris,
jati anakingong,
dé//

“By alang alang”

2 Comments

  1. adbm2

    Kalau saya mengusulkan selain versi terjemahan, maka versi aslinya harus tetap ditampilkan. Karena terjemahan itu bergantung pada siapa yang menerjemahkan, sehingga akan bisa muncul bermacam2 versi yang mungkin saja memberikan pengertian yang berbeda satu dari yang lainnya. Jika demikian maka jalan tengahnya adalah kembali ke teks aslinya. BTW, kapan lanjutan Centini I (masih panjang kan mestinya?)

  2. kok akeh banget sih mas alang alang versi serat centhini_ne? Kalo boleh saya usul agar semua bab ilmu kejawen terutama yang semacam serat centhini, dll diterjemahkan ke dalam bahasa indonesia mengingat tidak semua orang mengerti artinya, orang jawa pun tidak semua ngerti bhs jawa kuno, kawi, sansekeerta dlsb, termasuk saya asli jowo ning ora ngerti boso jowo kuno. Matur nuwun saderengipun mas alang alang.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: