alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT PANITI SASTRA


DHANDHANGGULA

Pupuh 01
Makirtya ring agnya narpasiwi, nular pralampitaning Sang Wusman, ing Surakarta wedhare, Tata tri gora ratu, Ri sangkala witning winarti, Nitisastra inaran , Winarnaeng kidung, Kadi kadanging sarjawa, Limaksana sasananing kang janmadi, Adi yag kadriyana.

Pupuh 02
Wuryaning reh janma kang datanwrin, subasita yeku ingaranan, wong midha punggung yektine, tegesing midha punggung, midha bodho tan wrin ing westhi, tegesing punggung janma, sor pamilihipun, lan malih kang subasita, ing tegese silakrama kang rumiyin, kapindho basakrama.

Pupuh 03
Tegesing sila punika linggih, Tegesing krama punika basa, Basa kang becik tembunge, Kadya ta yen alungguh, Pasamuan dipun becik, wong ambekel kelawan, iya wong ambatur, wa carub awor ing lenggah, myang babasan tan sayogya awor titih, andhap luhuring janma.

Pupuh 04
Sangking panjengenganing narpati, panatane ing wadya marmanya, ywa nganti gepok sarehe, ya ing nitining ratu, lawan malih yen janma tan wrin, ing nora weruh, ing rahsa kang nem prakara, kescut pedhes asin pait legi gurih, jangkep aran sad rasa.

Pupuh 05
Kadya ta wong dereng wruh rahsaning, sedhah wohan lire wong tan anginang, yen aneng pasamuhe, pan pucat mukanipun, saking lathinira aputih, janma ingkang mangkana, ywan sira panuju, ana rasaning sastra, meneng bae nora tumor angudhoni, saking dene tan bisa.

Pupuh 06
Arsa tumut sarwa nora bangkit, mukanira kadya lenging gua,kewala melongo bae, mangkana ing tumuwuh, wruheng wisa skiki-siki, wisaning wong anembah, ing Ywang Kang Maha Gung, yen carobo ing tyasira, dedya reged kethuh amatuh mulintir, nembahe tan katrimah.

Pupuh 07
Dadya eman nir tang pangabekti, kadya ta wisaning wong adhahar, yen tan ajur panggilute, karya sangsayeng untu, myang janma tan darbe arteki, iwire pan wong malarat, ing saujaripun, tuna tan antuk serana, tanpa dadi temah wisa awakneki, denira tan katekan.

Pupuh 08
Ing karepanira tanpa dadi, kadya wisaning kang perawan, yen wus tuwa sariraneki, denya kang samya miyat, ewa ing tyasipun, tan seneng resep mulat, pun kang aran janmadika iwirireki, ya kang ngresepi manah.

Pupuh 09
Ing sarowangira sami linggih, ngecani tyasdata pinurikan, tan kaenten wacane, anduga-dugeng kalbu, netyaning wong sawiji-wiji, tan pegat jaga baya, bayanireng tanduk, wong rucah nora pinancah, bisa amumungu kawanening janmi, kasuraning ayuda.

Pupuh 10
Bisa angresi ing tyase sami, para sujana saarjeng netya, panjanmadika ambeke, amumpuni sawegung, agung paramatanireki, kadya ya ta yen wong priya, ing sayoganipun, yen pareka lawan wanudya, garwanira myang selirira upami, sinome rinasana.

S I N O M

Pupuh 01
Muwua arum ing pareman, wiyosing sabda minta sih, den amanis manohara, den alus den ngarih-arih, prihen lunturing kang sih, ywa kongsi rengat ing kalbu, yen sira lulungguhan, lan para pandhita sami, atanyaa sagung ujaring kang sastra.

Pupuh 02
Trus sagunging pangawikan, sampurnaning para bekti, yen sira amangun yuda, micara rehing jurit, sudira marih titih, widigdayaning prang pupuh, mring wanining kang bala, mandining ula upami, lan galaking singa yekti kena ilang.

Pupuh 03
Iya saking japamantra, kang anyirep ing wiseki, myang sametaning dipangga, rubuh dening angkus yekti, temah sirna kang runtik, mung krodhaning manungsa nung, kaonang ing ranangga, kakeraning mungsuh mati, iki nora mari dening japamantra.

Pupuh 04
Mari-mari wikramanya, yen wus katekan ing pati, lan nepsuning kang durjana, durcara dursila juti, sayekti nora mari, ye dening japamatreku, yen sira arsa wikan, panengeran jroning warih, lsh jsbuten tunjung kang tumanen toya.

Pupuh 05
Pira kang kacub ing toya, yekti semono jroneki, yeng pranenganing manusya, susilarja lus ing budi, awasena ta dhingin, tingkah kramaning pamuwus, ping kalih palengahan, ruruh semuni katawis, yen wong becik ayem santosa trus ing tyas.

Pupuh 06
Tajem tan rongeh liringnya, miwah alamun abukti, ririh rerh tan rekasa, tan barabah lamun angling, sih samaning aurip, momot ing driya tan keguh, pupucuking wicara, selundhupan nora apti, nora amrih karusakaning sasama.

Pupuh 07
Yeku cih naning anyata, jati kula araneki, tandhaning janma utama, ing panengran tan ngendrani, iwire tan cidreng jangji, ring antara wus tinemu, yekang aran pandhita, sastra genyang ta lirneki, tar angendhak sagung patanyan, kang prapta.

Pupuh 08
Kang susastra senembadan, nenggih sakayunireki, singungsung sabda norraga, ririh manis nawang kapti, meruhken kang pinurih, amadhangi ing tyas limut, sung sukaning asusah, ngenaki tyasing sasami, putus ing tumuwuh wruh rahsaning sastra.

Pupuh 09
Yeku wiku sastra genyang, kang wus sampurna ing pamrih, tan murih parah ing sorah, kalamung ana wong sugih, arta peni retnadi, nanging ta panggenipun, kusut busana datan, amurwat ing sawatawis, myang kalamun mangan kang datan mirasa, tan weweh maring pandhita, tan loma ing pekir miskin, wong kang mangkono punika, tan wruh celeking kang dhiri, nyana tuwuhireki, panjang nora nuli lampus, mungguih ing umur datan, ana kang bisa amasthi, mangkana ta ana manusya wus limpad.

Pupuh 10
Barang wirasaning sastra, myang sakramaning negari, lakune teka anasar, anut ing durjana juti, dadya wong kang durung wruh, kawruhe tanpa guna, kabisane tanpa kardi, ilang bae enggoning limpad ing sastra.

Pupuh 11
Ana janma wus tuwa, tur panjang umurireki, tan karem mring kabecikan, tan alul rahseng sastreki, kasudarmaning budi, nora pisan-pisan ayun,yeka janma nir ing rat, jujuluking manusyeki, pan uripe puniku datanpa karya.

Pupuh 12
Sami lawan sato kewan, nenggih kang kalal binukti, kang kocap candhaleng jagad, catru ingkang wus kawijil, dhandhang ingkang rumiyin, cendhala mungguh ing manuk, yen sato kang suku pat, gadarba aranireki, yen budi mansuya kang datan arsa, tan remen ing kebecikan, tan ngabekti ing Hyang Widi, katungkul ulah kawiryan, kunang candhala kaping tri, catur ingkang winarni, ing apawong mitra tuhu, kang wus saekaprya, ing wasana nguciwani, lali denya pawong mitra nunggal cipta.

Pupuh 13
Kang mangkono iku iya, candhala katri kawuri, kongkulan ing saprakara, prasaksat gelah ing bumu, durcara mageng juti, tengraning jun isi banyu, yen kebak nora kulak, wateke tan kocak-kacik, anteng lamun cinangkinga rehning kebek.

Pupuh 14
Ingkang lembu panengranya, yen swaranira geng yekti, kedhik puhane tan misra, wong miskin mengkono malih, keh-akeh solahneki, bawane denya mrih antuk, cukupa kang binoja, mangkana wong kurang warni, ing tegese tan gambuh rupane ala.

G A M B U H

Pupuh 01Akeh teganipun, iya amrih katona abagus, masang ulat iya katona respati, yen ana manusya lumuh, ujaring kang sastreng kono.

Pupuh 02
Sugal saujaranipun, wangkot nora anut ing pitutur, nora rereh tan sareh yen mawi kapti, kataragal barang tanduk, katir tindhake kaledhon.

Pupuh 03
Iku wong nora patut, pancen goprak kewala tan mungguh, ing ngawirya aneng pasamohan sepi, sapanen akarya rusuh, saru siriken sakeh wong.

Pupuh 04
Ing pawong mitra tuhu, away kadi Sang Singa rehipun, lan Sang Wana atut arukun ing nguni, reksa rineksa akukuh, mulya kalike balero,

Pupuh 05
Sayekti nora wurung, rinusak dening manusya gupuh, binabadan ginaganan dadya tegil, parandene alas iku, ngresula kanggonan ing wong.

Pupuh 06
Iya Sang Singa iku, mangsa nuli mangiha rahayu, pasthi enggal pinaten ing manungsyeki, parandening marang ingsun, asring pangucapen awon.

Pupuh 07
Mangkana singa gupuh, kesah saking ing panggenanipun, tilar wana memereng tepining tegil, tan antara gya kadulu, mring wong desa awawartos.

Pupuh 08
Sanank myang tangganipun, prapta sagagamane gumrubyug, singa sampun kinepung rinujak mati, pinurak ing manusya gung, rikang sapejahireng mong.

Pupuh 09
Sang wana mari sintru, ilang kumarane sonya sampun, binabadan dening wong desa sirnanting, dene wus tanpa pakewuh, babyane wus mecethot.

Pupuh 10
Tan rininga dhusun, singa wana sareng rusakipun, macan mati alas binabad tinegil, yeku alaning tumuwuh, bangkelan waon-waonan.

Pupuh 11
Rebut reh rebut unggul, palaning tan rukun nora arus, prayogane sagung aurip puniki, darbea mahasraya nung, tegese kang winiraos.

PUCUNG

Pupuh 01
Pucungipun, den mateng denya kakaruh, pawong mitra lawan, wong utama kang linewih, kang sembada berbudi tindak raharjo.

Pupuh 02
Kaya iku, Sang Naga pantes tiniru, duk binuru marang, nenggih ri Sang Endra Paksi, dumadakan Sang Naga kapanggih lawan.

Pupuh 03
Mitranipun, Batara Sramba lingipun, heh Naga ta sira, angapa lumayu gendring, turing Naga amba punika Bathara.

Pupuh 04
Binabujung, mring sang garudha pukulun, saking jrih kalintang, tan wande kula binukti, turing Naga pan sarwi ajulalatan.

Pupuh 05
Wuwusipun, Bathara sramba sireksu, heh ta Naga iya, sira apa arsa urip, iya ingsun kang tutulung marang sira.

Pupuh 06
Aturipun, Sang Naga inggih kalankung, kawularsa gesang, nuhun pitulung sayekti ing Bathara dadya manggiha raharjo.

Pupuh 07
Angling arum, Sang Bathara sramba wau, enggal kumalunga, sira aneng jongga mami, sigra nembah Naga mulet ing Bathara.

Pupuh 08
Praptanipun, Sang Endra paksi andulu, yen Naga wus ana, Sang Bathara sarireki, dadya ilang krodanira Sang Garuda.

Pupuh 09
Ajrihipun, maring Bathara Srambeku, dadya arsa nembah, wirang mring Naga tan sipi, tan nembaha ajrih maring Sang Bathara.

Pupuh 10
Bok kasiku, keneng ila-ilanipun, dadya Sang Garudha, ngabekti saking wiyati, wusnya atur sembah Garuda gya kesah.

Pupuh 11
Mangsanipun, anentes sanaya aungsung, tiru solahira, bapa biyagnya tan nisir, le sutaning paksi pan mangkana uga.

Pupuh 12
Lamun mungguh, ing manusya tan kadyekku, rumeksaining anak, aliti mila cinagkidhang, prapeng tuwa rineksa sandhang pangannya.

Pupuh 13
Myang winuruk, tata-titining alungguh, parandene arang, tiru tingkahing sudarmi, akeh tinggal pakrtine wong atuwa.

Pupuh 14
Sutanipun, ing wiku akeh laku dur, dadaai doracana, murang raras tan prayogi, kandhang sutaning durjana ana dadya.

Pupuh 15
Pandhita Gung, utama ambek rahayu, tan tiru wong tuwa, ewuhing aurip iki, ala ayu gumelar ung dhandhanggula.

DHANDHANGGULA

Pupuh 01
Sampun sampat neg manusya sami, barang katon sanepa sadaya, saniskara surahsane, sayogyanya sang wiku, awya esah denya mabekti, den kukuh tapabrata, nira supayantuk, pakoleih mulyakken praja, lamuin tuhu pangestuning para resi, praja anut raharja.

Pupuh 02
Yen ing janna anut tan sumisih, marang sawaling punang sastra, dadya akukuh budine, budi kang mring rahayu, bisa anarraga mrih asih, adoh karya canhala, mring wong sapraja gung, yen mungguh sang amangkurat, arta miwah kananira pan sami, sayugya danakena.

Pupuh 03
Marang wadyatantranta sakyehing, miwah sekul ulam den aumrah, palane kedhep nitine, saparentahe tinut, ajrihira pan ajrih asih, kukuh prajane karta, tekeng tepis dhusun, kawengan dana sang nata, lau mungguh ing wunudya yen alaki, olehe anak lanang.

Pupuh 04
Kang akendel nanging ayya kadi, kekendelaning singa susuta, amung sapisan kendele, mukyaning busaneku, kang linewihaken ta dening, para sujana datan, liyan sangking kampuh, yen mungguh ing papanganan, puwan sapi kang linewihaken dening, bremana resi sabrang.

Pupuh 05
Marna mangkana bremana nguni, alit mila sinusona puwan, sapi mingaka biyunge, yen ing sujana tuhu, kang linewithaken sayekti, tan iya sarining sabda, santosa rahayu, lamun muktaying wanudya, tan iyan gemuhing kang payudara kalih, ingene neg papreman.

Pupuh 06
Yen ing sastra kang mangsud linewih, tan iyan sangking werdiing pandhita, karana wus pakartine, yen sira san awiku, anggugulang ing sastra widi, sapituduhing sastra, linakyan sakayun, iyan malih winasitaa, utamaning ulih arta lamun saking, guna kaya priyangga.

Pupuh 07
Madyaning arta kalamun saking, yayah pinagkaning kang ardana, nistahaning oleih artane, kalamun saking biyung, wonten malih nisthaning oleih, yen saking anak rayat, arta asalipun, tegese saking martuwa, yektu nama nistha nisthaning pakolih, liyan malih kang utama.

Pupuh 08
Pan utama utamaning olih, pangunape sairib janmi, yen mungguh ing wanudya, kang linewih iku, wanudya kang patibrata, lan kang becik suwarnanira upami, tegese patinbrata.

Pupuh 09
Yen lakine mati amilu mati, nora mati asuduka jiwa, myang ta kuwu ing sentrane, yeka kewala lamun, lakinipun tumengkeng pati, tan karsa krama liyan, tumeka ing lampus, yeka dyah kang patibrata, sedya tumut mring delahan wong kekalih, tembe kanthena asta.

KINANTHI

Pupuh 01
Yen ana manusya iku, negukuhi pakartine besik, ujaring sastra tinulad, mantep tan arsa rarenggi, ing tembe tanwun amanggya, kaluhuraning dumadi.

Pupuh 02
Kamulyan sagotraningpun, angerobi angungkuli, saking wong kang tanpa sastra, yan marmaing manusyekti, karena limpat ing sastra, kathah pakntuke pasthi.

Pupuh 03
Mangkana ingkang amuwus, kang mesudi ing satreki, saisining rat ounika, samuhan ri wus pinanggih, munggawing sadaleming sastra, yen wong ulah kang sayekti.

Pupuh 04
Kalamun sira arsa wruh, ing wardine pisan iki, iwih wong ngadepken pamannya, dipangga, galak geng inggil, kang misih neng wana pringga, iwire angele tan sipi.

Pupuh 05
Yen arsa putus satuhu, ing sastra kudu sireki, kangenen samektanana, tegese deneling nguni, ing wuruking gurunira, tumraen ing anla sami.

Pupuh 06
Kadi ta sang maha wiku, kang linewihaken dening, tar iyan pangabektiniramaring Hyang kang Maha Luwih, kalamun wong anom ika, inkang wibawa tur mukti.

Pupuh 07
Paribaya naya wus lurtutug saka yunireki, eman tan putus ing sastra, iwire tan limpad ing tulis, datan bisa amamaca, nadyan baguse kang warni.

Pupuh 08
Muwah keha garwanipun, sugiha ing emas picis, pepaka kulawangsanya, tur pusut sarnag gendhing, yekti wong mengkono iya, surem cahyane tan becik.

Pupuh 09
Munggeng pasarnuhan samun, nyanyengit nora prak ati, iwir sekar tepus upama, menggah warnaning abrit, nanging sepi tanpa ganda, lamun kembang nora wangi.

Pupuh 10
Tanpa karya satuhu, kadya kang upama malih, wong becik panengranira, katareng semunireki, lawan trapsilaning basa, myang titining ujar tuwin.

Pupuh 11
Prayoga sabarang tanduk, alep ing pamuwus aris, sumarambah ing akathah, wasiteng sasmita liring, yen wong ngaku tan tan umangan, wenak saben-saben ari.

Pupuh 12
Gampang ing panengranipun, yen lemu awake yekti, yen kuru punika dora, tuein wong ngaku sisirih, ngaku betah tapabrata, panengran mengkono maning.

Pupuh 13
Kalamun awake kuru, langse pasemone resik, iku yekti nora dorayen lemu awake pasthi, dora tan betah ing lapa, pengataning wong asih.

Pupuh 14
Asih pawong mitranipun, tan iyan panembramaneki pandhita panengranira, nihan wisaning kalabang, munggeng sirah unggyaneki.

Pupuh 15
Kalajengking munggeng buntut, sarpa neng siyung wiseki ingkang mandi-mandi samya, ana prenahing wiseki, mung wisaning kang durjanatan karuwan prenahneki.

Pupuh 16
Wisanya warata sagung, kebek sabadanireki, pan dadya wisa sadaya, saranduning awakneki, tanpa sela kabeh wisa, menggih wuwusan puniki.

Pupuh 17
Sektining kang lare lamun, tinunggu ing yayah bibi, pepak kulawarganira, yen mular tunulung nuli, denarih-arih ing biyang, panjeluke deturuti.

Pupuh 18
Yen iwak loh sektinipun, duk aneng sajroning warih, utameng kedhung kang jembar miwah yen toyanya wening, sektine kang manuk nyata, yen pepak laring suwiwi.

Pupuh 19
Yekti kuwat iberipun, inggal mahawan wiyati, saktining kang para raja, yen pepak wadyabala ji, lan janegken mantri mukya, catur kang samakta sami.

Pupuh 20
Kono sidaning kang ratu, sudibyo kaloking bumi, awya na maido sira, ing wuruking para resi, dumadak lara lapa, utama sira danami.

ASMARADANA

Pupuh 01
Sagunging manusa sami, away maido ing sastra, tan wun papa geng tembe, lan aja maido sira, wuruking gurunira, yekti parek patinipun, lir panjang tumibeng sela.

Pupuh 02
Pecah tan kena pinulih, mangkana ingkang upama, tegal yen ilang sukete, sayekti enggal tinilar, ing buron kang mamangan, dadya sepi kirang semu, tuwin bangawan lamun sat, tan sinaba dening paksi, paksi kang saba ing toya, yen pandhita upamane, tilar pangabektinira, nuju becik kang dina, supe ing penambahanipun, yekti doh lan pangeranya.

Pupuh 03
Kalamun pandhita pasthi, tebih lan pengeranira, manggih cilaka temahe, mangkana sang maharja, yen tan parikseng bala, kurang paramartanipun, anggung rengu aduduka.

Pupuh 04
Tan wurung tinilar nuli, mring sagunging wadyabala, yekti sepi negarane, yekti mungguh wong sugih arta, kalawan sugih garwa, yen prapta ing patinipun, karo tan ginawa pejah.

Pupuh 05
Tan milu neng kubur sami, tan kerem neng pajartan, yen mulih kang ngiringake, saprapataning wisma samya, anak rabi karuna, ing sadhela milu lampus, saking dahat ing sungkawa.

Pupuh 06
Nor lawas nuli mari, kaligane wong agesang, duk masih arjeng ngunine, away katungkul ta samya, namanggung ulah kawryan, suka-suka mangan nginum, amriha mbek kasudarman.

Pupuh 07
Dadanaa sih ing miskin, lamun darbe arta kathah, karyanen ingkang saparo, karahayon ing samangkya, de kang saparonira, ing delahan karyanipun, arjaa ring sangkan paran.

Pupuh 08
Salamet dunya lan akir, cukup sakarone kena, wong anom tuwa wekase, wong urip wasan a lina, yen mati punang arta, iya tan ginawa lampus, cedhaning awak salwirnya.

Pupuh 09
Kabeh tan kabekta mati, sirna larut tanpa guna, yen wong kang becik warnane, nanging asor kulanira, karyane mung kewala, munggwing pasamohan mungguh, resep sagung kang tumingal.

Pupuh 10
Wong becik kulonireki, utama pekik warnanya, yeku pinilih badhane, dene sang maha marendra, yen janma kang susatra, jatmika kalamun lungguh, nadyan tunggala sujana.

Pupuh 11
Tan katiwang mor ing liring, yen wong kang limpad ing sastra, angresei tyas semune, bisa mong karsaning kathah, miwah sang siniwaka, yen ana wong kang kadyeku, yeku kagungning raja.

Pupuh 12
Yen mungguh ing narapati, titi pamariksanira, maring kawula sakehe, yen arsa sih marang bala, catur prakara trapna, kang dhingin traping alungguh, ping ro ing kagunanira.

Pupuh 13
Ping tri pakaryanireki, kaping catur ing kasuran, yen ing emas upamane, nenggih pamariksanira, dhingin dinadar sela, kapindho denobong lau, tinugel kaping tinganya.

Pupuh 14
Wajibing ratu sayekti, titi pamarikseng bala, tutulanen den tulaten, supaya ja kalangkungan, barang tingkahing wadya, tan kena bosen yen ratu, padhenen lan dhahar nendra.

Pupuh 15
Sandining sang narapati, yen arsa ngadohken bala, tanapi marekake, anenggih catur prakara, iwire satunggal-tunggal, cinobeng estri karuhun, kapindho cinobeng arta.

Pupuh 16
Ping tri cinobeng kawanin, kaping sakawan kabisan, cinobeng estri pamine, anguciwani ukara, cinobeng artopama, angenesi nora lulut, cobanen karya saengga.

Pupuh 17
Angalenthar tanpa dadi, jerih cinobeng kasuran, yen wus catur pariksane, sepi tan tumamang angga, iku wong tang prayoga, yen winora denya lungguh, sinoming praja sujana.

S I N O M

Pupuh 01
Pisahen lawan wong kathah, tan panten tininggal nanging, kalamun trahing sujana, nyang wadya suatya sami, sampun binuwang nuli, antinen manawa emut, dhingin dhendhanen wada, dhendhanen arta ping kalih, lamun nora mari dhendhanen ing lara.

Pupuh 02
Yen nora linaran, iku dhendhanen ing pati, catur pamarikseng nata, pamangkune maring darih, tan kena denselaki, saujaring sastra kudu, tinut barang rehira, nihan caturing pralabio, suka duka nenggih wong utang piutang.

Pupuh 03
Duk nalikaning autang, akakan-kakan sayekti, ayayen-yayen prayoga, yen wus mangsane tinagih, mung bandha semayeki, kajuweten temah padu, crah denya paeng sanak, kadya wong karen upami, suka-suka anungku ing parisuka.

Pupuh 04
Tan wurung anemu duka, sungkawa yekti ing wuri, tegesipun nora lana, suka-sukanira nguni, iwir wanita yen lagi, sinanggaman marang kakung, sipi sukaning driya, yen wus mangsane garbini, praptaning lek dukanira tanpa ingan.

Pupuh 05
Naniging tan lawas dukanya, iwire tan kuwus ing wuri, tan ana bosene samya, kadya marta lan wiseki, yen awor nggennya nunggil, lah ambilen martanipun, buwangen punang wisa, tegese marta sakalir, kang ngenaki kang ngasrepi maring badan.

Pupuh 06
Tegesing wisa sabarang, iya ingkang nyilakani, kang manasi amring badan, iku wisa tegesneki, saengga mas anunggil, lan tinja ambilen iku, pan emase kewala, tinjane buwangen nuli, resikana kumbahen kalawan toya.

Pupuh 07
Mangkana ing pangawikan, saenggon-wanggonireki, yogya ambilen denira, ina papa kang darbeni, ya pilalanen ugi, datan ana sirikipun, mrih dadining kasidan, yen estri ayu kang warni, nora nande yen denalapa, nadyan wijil ina papa, tan ana sirike yekti, malih ingkang kawuwusa, kang abot ing jagad iki, nora na iwir arteki, duk pametira karuhun, dagang miwah layar, mrih wuwuhing arta nenggih, asru ngukih rinewang guna nastapa.

Pupuh 08
Aneng paran kang sinedya, wus antuk sabarang olih, sapraptaning wismanira, sangsaya bot pangrekseki, tansah amerem melik, deniker-iker ing padung, yen ilang punang arta, sangsaya dhat prihatin, kalingane ing wong kang sugih arta mas.

Pupuh 09
Reksanen ingkang utama, tegesipun kang prayogi, wewehna para pandhita, jakatna ing pekir miskin, tulung meing repot sami, kinarya ganjar ing wadu, yen wong sugih upama, eman kalamun amendhit, datan arsa jakat mring para pandhita.

Pupuh 10
Tan welas ing karepotan, tan loma ing pekir miskin, tan mulasareng abdinya, upama bendungan warih, binungken tan denwehi, pisan ilen-ilenipun, yekti mambeg kang toya, tan wurung bedhahe nuli, sirna larut salajere ilang, mangkana ngaurip samya, away kumed ing wong miskin, kumed ing pandhita aja, dinukan dening Ywang Widi, ing akir tan prayogi, nemu cilaka tan wurung, mungguh kang para dewa, kang linewihken pribadi, datan kadya sang Bathara Nilakantha.

Pupuh 11
Angedheni dahananya, lewih adheming kang warih, amadhangi sabuwanasor wula ujwalaneki, ya parandene kari, Bathara Guru srepipun, pan masih asrep uga, wacananing kang maharsi, lawan nenggih panase ingkang pawaka.

Pupuh 12
Ngungkuli panasing surya, parandene ana malih, ngesorken karo panasnya, Bathara Surya lan agni, masih panas angenti, duratmaka wuwusipun, laler miber saktinya, pantese amarani, nenggih sakar kang wangi-wangi gandanya.

Pupuh 13
Teka marani barah, kudhis nanah denleketi, iwir paksi bango upama, lamun miber angluwihi, angayuh ing wiyati, kadya silem mega biru, singgih papantesira, mintaa kasekten adi, mring sawarga milalu andemung lola.

Pupuh 14
Juru demung, dumadak medhun mangandhap, kulingling tumiling manglung, ngulati ing bathang mambu, tan sembada ing budaya, wasana kodhok cinucuk, mangkana juti durjana, sabecikane tyasipun.

Pupuh 15
Ngakua wus pratameng tyas, nadyan pratignyaa sampun, tar wun karya susahipun, ring sasamining agesang, yen tinula-tula ing tyas, pan amung sabda rahayu.

Pupuh 16
Lintang lan wulan punika, mangka pandan yen ing dalu, madhangi sabuwana gung, surya pandan ing rahina, yen saguning maanusyeki, kinarya pandhanging ing tyas, tarlen sastra nitipun.

Pupuh 17
Putra suputra winanarna, tegese anak kang bagus, kang abangkit sarwa putus, tur limpad ing sastra arja, ing krama alus ing tembung, punika begjane samya, kalihane bapa lan babu.

Pupuh 18
Yen suta jalu kang rongkah, kumalikih ambeg angkuh, bodho sarwa nora pecus, mung kumenthus amelinthas, aleman digung gumagus, tan weruh ing sastra tan bisa, tan purun sor dhirinipun.

Pupuh 19
Tan ayun anggugurua, mring pandhita kang wus putus, iku manusya tan patut, tuna bet wong tuwanira, tan antuk begja sajumput, tuwas kangelan kewala, tanpa ili ing tumuwuh.

Pupuh 20
Anaking sujana entar, teka liwar ngalur-alur, lali lukitaning tanduk, sastra mung kinarya rucah, amiyagah ing tumuwuh, ing pangrasane wus pasah, barang kapinteranipun.

Pupuh 21
Agungkuli ing wong kathah, langkah tan wruh sisiku, ciptane wus nora mangguh, samun isining nagara, mung pribadine ngendhukur, lacut kang mangkono iya, tuna karo kang susunu.

Pupuh 22
Marmane suteng sujana, aja katungkul gumunggung, mamemng-ameng tanpa urus, akarya susahing yayah, akarya prihatin ing biyung, tansah peteng ingkang manah, sungkawane tanpa madu.

DHANDHANGGULA

Pupuh 01
Yogya tinilar dening parestri, lamun ana janma kang mangkana, balik yen tiru yayahe, ulah susastra putus, ing kadarman tyas amaledi, kyah wanudya tiyarsa, manungsung padha yun, myang tyasing para sujana, samya resep yen wong kang adarbe siwi, candhala murang krama.

Pupuh 02
Iwir wana kaananing kaywaking, ragas anggerit dening kanginan, temah ingobar alase, rusak wana katunu, yeku iwirning manawa nenggih, ring wong abecik away, age-age ngaku, wani digjayeng ayuda, neng ngarsaning nata lamun, durung uwis, ngasorken kang prawira.

Pupuh 03
Jangkep satus kasor kang prajurit, katawan neng madyaning ngalaga, away ngaku pandhitane, yen durung sang awiku, ngasorken satus pra resi, laan angumpulena, kang bisa wong sewu, tur ingkang padha pandhita, ingkang sewu prandene kasoran dening, wong ingkang widayaka.

Pupuh 04
Wong kang ngaku asanggup tuwin, yeku dudu golongan sujana, nora wenang gedhekake, ing wani lawan sanggup, lamun mungguh ing sujana di, yen tan tuhu ing sagah, tan kendel ing wuwus, dening sang utameng praja, menggih ujarira sang parameng kawi, ywan tekang kaliyoga.

Pupuh 05
Nora nana ingkang angluwihi, marang ing wong kang asugih arta, wong becik wong ala dene, pan wusora kacatur, kang aguna myang sang mahrsi, samyo kasor mring wong kang andaniswareku, ing mulane wong papa pan dadi sugih, ing jaman kaliyoga.

Pupuh 06
Akeh-akeh wisayaning janmi, Ratu datan jrih ing kasalahan, tan nolih mring karatone, ilang tyasing sang wiku, santosane mungguh ing widi, tan kejeng kasangsaran, ing sapurugipun, anak samya ngala-ala, maring bapa tan jrih ing tulah sarik, dyah nir tang kawirangan.

Pupuh 07
Nihan ucapen uloning guling, yen mangulon uloning anendra, eong ika panjang yuswane, yen mangalor kang ulu, ning anendra palanireki, tansah katekan arta, yen ulon mangidul, dumadak celak patinya, yen amangetan uloning wong kang aguling, sinengitan wong kathah.

Pupuh 08
Kuneng tingkahing wong asisiwi, duk sedhenge umur limang warsa, wasitanan karepekadi ngawuleng ratu, enggonira among ing siwi, yen wus sadasa warsa, pangrehireng sunu, den kadya nitih ing wadya, patingkahe amerdi pakerti becik, wruhna sastra prawira, yen wus umur nembelas warsi, den kadya sih ing apawong mitra, ririganen dudugane, taha-tahanen ing yun, pidananen ring ciptaning ling, myang sasmita tiarsa, pecuten ing semu, gitiken sireng pralambang, putra yen wus asusuta priyen uning, ing cipta lan sasmita.

Pupuh 09
Wang-wangen satingkah solahneki, bener luput sira tuduhena, ing reh ala myang arjane, wong punika ywa manut, budining wong sudra tan becik, temahan winawasa, ing para myang kayun, ayya manut budining dyah, atemah denerang-erang ing sami, kang sujana pararja.

Pupuh 10
Oleh wirang ing wong sangari, yen anurut budining wanudya, tanwun papa tinemune, yen sisip tekeng lampus, iku kawruhana sayekti, nadyan silih patuta, ing budi rahayu, yen medal saking wanudya, away age linakon budinen dhingin, wetokna salinana.

Pupuh 11
Saking ing karsane pribadi, mangkana mgling sang paramengsastra, ana dyah bener atine, yen ana gaga pingul, lawan tunjung wuwuh ing curi, kono ana wanudya, atine rahayu, kalingane ing sujana den prayitna, yen pinarak ing pawestri, ywa kena manis ujar.

Pupuh 12
Wuwuse kang wus (putus) ing ngelmi, kaprowolu wanudya lan [riya, ing kabisan myang kuwate, tuwin wiwekanipun, pan kapara astha ta malih, Dewi Drupadi majar, yen wanudya iku, tan ana tuwuk ing priya, ya marmanta den prayitno barang rehning, kang amawi wania.

Pupuh 13
Rikang janma yen arsa manggih, ing kalewihan sira lekasna, wuruking guru ywa supe, dene ta wong kang wuru amuroni dhiri pribadi, dhingin bagusing rupa, anom dhasaripun, sugih tur bisa ing karya, lawan mungguh kulane arang tumandhing, wong ingkang wus mangkana.

Pupuh 14
Limang prakara wus angenggoni, yekti wuru yen wuru wong ika, anemu papa temahe, lamun papa wong iku, temah asor apes pinanggih, ring janma ywa memada, nanacad wong iku, tan ana kang tanpa cacd, Sang Hyang Guru janggane cemeng iwir mangsi, Hyang Wisnu cacadira.

Pupuh 15
Angon bantheng Hyang Endra ta malih, cacdira netranira kathah, sagung gegelitan kabeh, pan wonten netranipun, marma away nanacad janmi, yekti datanpa guna, amaoni tuwuh, yen ana janma kang wikan, ing rahayu petunging dina kang becik, yogya sungana dana.

Pupuh 16
Pan saestu-estuning syekti, saking wasitanira kang mangka, amangih kasugihane, myang marganing anemu, ing kamukten tan liyan saking, pangucape priyangga, mulaning anemu, pawong sanak sih sinihan, myang mulaning manggih lara prihatin, myang manggih pati gesang.

Pupuh 17
Tan liyan saking sabdane pribadi, sepining muka yen ora nginang, sepining garwa tan darbe, suta sepi satuhu, myang sepining punang nagari tan ana ratunira, satemah arusuh, sepi tiga punika, pan kuciwa iya saking lewih sepi, wong kang tan darbe arta.

Pupuh 18
Tan katekan ing sabarang kapti lamun janma tan darbe arta, singgih punika sepine, marmaning tumuwuh, den nastiti tataning urip, reh ta amawi karsa, away selang surup, nampani ujaring sastra, away tungkul ing lagu miwah ing uni, titi paniti sastra.

By alang alang kumitir

1 Comment

  1. nyoman

    menawi pengen kempal wonten daleme mas Kumitir wonten pundi padununganipun,

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: