alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT WASKITHANING NALA


 

DHANDHANGGULA

Kanag winarni sekar dhandhang gendhis, amurwani mardhawaning gita, den samaring semuning reh, pan darganireng kalbu, jinurunga marang sasami, Surtinya weh kaharsan, ya mring weka jalu, winor ing warah weruha, jatineng reh den samya pralebdeng westhi, ya rane waskitha.

Ing dununge kawruh ala becik, nadyan silih wus samya widagda, gegurua saranane, ribet lamun tan weruh, bebukaning janma dumadi, tetela yen tan wikan, wigena sawegung, kudu binudi marganya, wijang-wijangireng pariwara dami, tanggulen ywa pepeka.

Samangkana dennya asung wangsit, mring sanggyaning para ptra wayah, pinet amrih kotamane, away na korup tangguh, inglawiyanira ngaurip, uripira pan dadya, isening donyeku, ewuh lamun tan weruha, ingkang dadya tetanggulira ing urip, marmane den waskitha.

Dene ingkang kinarya upami, wasitaning sujalma samangkya, kang kinarya tuladhane, ala ayuning laku, nging tan ana wujudireki, amung karya pralambang, pnatut ing tembung, sinungan tembang macapat, supayane akarya renaning galih, winangun ing sarkara.

Naming ngambil aranireng jalmi, mrih sekeca ingkang dadya lampah, pinatut runtut urute, tetelaa den apus, nenggih ingkang mangka purwaning, janma duwi tetruka, neng sukuning gunung, Semeru dhedhekahira, sri kawuryan kadulu kalangkung asri, akathah pala kirna.

Pucang tirisanira mepeki, pinggir desa pring apus pring jawa, sembada kathah wismane, wastanira ing dhukuh, kang sajugaing karangsari, ingkang murwani karya, dhedhekah ing ngriku, awasta Ki Suryanala, klairane saking dhusun jatiragi, temen sabar narima.

Satunggalnya padhekahan nami, asal klairanipun, saking krajan Kahuripan nguni, wau Ki Nalawase, lan Nalasttyeku, kalihnya apawang mitra, wus saengga kadang tungil yayah bibi, tan darbe subasita.

Dennya karya dhedekah let tebih, nanging nugil se-arga kawula, Nuju sawiji arine, Ki Nalasaya wau, bubak wana trataban sandhing, tegalanira lama, sae stenipun, karsanira Nalastya, nglar tegale kang sae tanemekani, acelak randuwana.

Sandhing witing randhuwana siki, lumpang kentheng ageng mung sajuga, wit randhu ngungkang jurang jro, wau dennira macul, Suryanala dugi madyaning, longkangan randhuwana, lawan lumpang watu, pamacule Suryanala, ananggori watu kumalasa siji, saklenthing agengira.

Gya ingelut salebetireki, kayunnira Kyai Suryanala, kang sela kasingkirake, saking gennira ngriku, datan dangu kang sela keni, kabrengkal saking gennya, gya ngandhap kadulu, garowong wonten encehnya, Suryanala agowok dennya ningali, mangkana osikira.

Iki baya pendhemanireki, janma kuna kang dhukuh neng arga, tandha lumpang kentheng kiye, dadi ngong iki nemu, enceh iki pama ngong ambil, ing jero isi brana sesotya di, kadlih ngong dursila.

Pama aku matura amanggih, prentah ndhangu kang nekseni sapa, awit sira nemu kowe, nuli priye aturku, temah aku nemu bilahi, tetep dadi durjana, becik aku tutur, mring si kakang Candranala, dhasar prapat kapindho sudarawedi, tur bisa amicara.

Ika pantes ingsun karya saksi, panemuku sinadyan jaluka, bageyan hiya karepe, janji slamet awakku, Suryanala sawusnya manggih, manah sigra umentar, lampahnya sineru, sapraptening wismanira, Candranala lagya linggih aneng panti, Suryanala anulya.

Uluk salam Candranala gipih, anauri “Ngalaekun Salam”. Lah adhi lajuwa bae, Suryanala gya mlebu, jawat asta salaman nuli, satata lenggahira, Candranalamuwus, “Pun adhi napa raharja” Suryanala mangsuli “inggih basuki” Candranala ris tanya.

“Kadingaren adhi mriki enjing, napa enten karyane kang gita?” Suryanala lon saure, “ Inggih kalangkung perlu, sowan kula pun kakang mriki, badhe ngaturi pirsa, enjing wau ulun, angelar tegil pagagan, macul wonten godhangan kentheng kakalih, randhuwana punika.

Ananggori sela geng saklenthing, wau sela badhe kula bucalsareng kabrengkal ngandhape, garowong sitenipun, madya wonten encehireki, mawi tutup tembaga, kawula jrih jukuk, lajeng mariki punika, yen kapareng pun kakang kula aturi, nekseni manggih kula.

Wonten tegil kapetak ing siti. Candranala aris dennya tanya, “isi punapa encehe, kawula ayun weruh, awrat adhi wong dadya saksi, lamun boten uninga, ing sajektosipun”. Suryanala aris nabda, yen makaten pun kakang kula aturi, mugi kapirsanana.

Kranten kula inggih dereng uning, sampun ingkang bukak, tutupira, anggepok kewala dereng. “Candranala nabda rum, yen makaten inggih prayogi”. Sigra mangkat kalihnya, tan kawameng ngenu, lampahira sampun prapta, patugaran anjujug ungyanireki, pendheman tutup sela.

Suryanala sigra nabda aris, “lah punika tutupipun sela”. Candranala alon wuwuse, “Andhika bukak gupuh”. Gya kabrengkal kang sela keksi, enceh tutup tembaga, Candranala kadulu, tan saranta nalanira, gya ingentas kabuka tutupireki, ing jro isi barana.

Warna-warna sadaya mas adi, duk amulat wau Candranala , asru ngungun jro nalane, dangu tan bisa wuwus kang mangkana ciptanereki, “Lah iki raja brana akeh ajinipun, upama ingsun darbea, brana iku kabeh kadarbe ing mami, amasthi ingsun kaya.

Teka iku ingkang sinung manggih, janma bodho datan karem bandha, teka tutur mring mitrane, suwe-suwene ingsun, kang sinungan bekja geng yekti, si adhi Suryanala, amasthi miturut, ing sagadarenaning wang, jer wong iku mituhu sarembug mami, dhasar ngaku wong tuwa.

Duk samana Candranala gingsir, manahira kagiwang ing dunya, supe ing pawong mitrane,saking pambektanipun, melik ingkang anggendhong lali, mangkana osikira, “Upamane iku, bandha sun kon ngaturena, mring prentah nagara barange mesthi, kapundhut ing nagara.

Krana iku bandha nggoni manggih, aneng wana kapendhem ing kisma, bumi iku kagungane, Sang Prabu ingkang mengku, ing rat jawa ping pindho kali, gedhe cilik samodra, ping telu marga gung, kaping pate iku wana, wajib dadi kagungane Sri Bupati, apa kang aneng kana.

Destun muhung kewala kang manggih, pinaringan pituwasing karya, mangka ingkangnemu dede, manira apan namung, anekseni nggonira manggih, si adhi Suryanala, dadya raganingsun, tiwas kangelan kewala, tanpa gawe nggon manira wira-wiri, lah iku tan sekeca.

Sun puriha nyidhem bae mesthi, tan suwala adhi Suryanala, hiya kaparo ngamale, dadi keh kalongipun, datan bisa malak pribadi, awadene semana, bokmenawa ingsun, bisa gawe rekadaya, rehning Suryanala rada cupet budi, ingong luse kewala.

Candranala wusnya mantheng pikir, dennya amrih silip marang mitra, dadya manis wacanane, dhuh adhi kadangingsun, “Dunya niki peparing neki, kang bau reksa arga, ing Semeru niku, asih jengandika, sarta dhaten rehning truka ngriki, sinungan raja brana.”

Dunya niki sejatine suci, boten susah lapor ing nagara, naging niki prayogane, sampun kabekta mantuk, sapunika bilih udani, dhumateng pawang kanca, kang nunggil sadhukuh, tan wande lajeng kawarta, dangu-dangu ngamal suci amejahi, dhateng kula lan ndika.

Kalamun adhi marengi galih, sapunika wangsulna kewala, kadi duk wau-waune, dalu kewala wangsul, sidhem janma lajeng ngambil, kabekta dhateng wisma, dene ingkang tunggu, sadinten mangke kewala, kula titipaken dhateng mitra mami, kang tengga randhuwana.

Suryanala amanagsuli aris, kula borong paduka kewala, janji wilujeng lampahe, candranala amuwus, Niku pikir ingkang utami, lah sumangga wangsulna, enceh gone wau, Suryanala sigra-sigra, mangsulaken enceh dhateng gene lami, katutupang ing sela.

Candranala sigra muwus aris, Heh mitrengsun ingkang baureksa, ing randhu alas wiyose, manira minta tulung, marang sira reksane iki, pendheman raja brana, den kareksa iku, yen kejukuk ing jalma liyane saking, Suryanala ywa suka.

Lamun ana janma arsa ngambil, sarimpungen sikil tanganira, aja lunga saka nggone, kono poma wekasku. Candranala sawusnya angling, marang wit randhu wana, nulya ngajak manthuk, Suryanala tan legena, nulya bibar ngalor ngidul dennya mulih, wus tebih lampahira.

Suryanala datan darbe pikir, lampahira alaju kewala, Candranala ing lampahe, tansah amandheng mangu, gya nyalimpet alingan uwit, sempu menek saksana, ayun anguk-anguk, mring lakune Suryanala, wus pratela danira mulih sayekti, tumurun Candranala.

Sigra-sigra denira lumaris, amangsuli pendheman karsanya, tan dangu prapteng enggene, petakan tutup watu, gya binuka tutupireki, enceh ingentas nulya, tutupira watu, winangsulaken lir lama, enceh sigra pinanggul ginawa mulih, tan dangu prapteng wisma.

Candranala langkung sukeng galih, enceh nulya kasimpen jro wisma, datan kawarna siyange, Sang Hyang Surya wus surup, ginantyan pandhanging sasi, nuju sasi purnama, wayahnya jam wolu, Candranala wus sanega, arsa mangkat dhumateng wismanireki, Kiyai Suryanala.

Tan kawama lampahireng margi, sampun prapta peleggahanira, ing karang sari wismane, Suryanala cineluk, saking jawi kinon umijil, Ki Suryanala gita, sumaur gya metu, alon denira nabda, “Lah sumangga kakang lenggaha kariyin, malebet dhateng wisma”.

Candranala amangsuli aris, mangke mawon dhateng griya, mumpung sepi jalma mangke, ambujeng perlunipun, mendhet enceh kariyin adhi, yen selok kawanguran. Suryanala nurut, lampahira gegancangan, sapraptane ing tegal pendheman nguni, Candranala, anabda

Lah adhi nuli ambil, ponang enceh, sigra Suryanala kagyat sarya ngling, Dhuh kakang Candranala, jugangane suwung, encehe wus datan ana, Candranala rewa-rewa api runtik, Ah si adhi sembrana.

Boten ilok adhi ngguyoni, kadang tuwa ingajak sembranan. Suwung teng pundhi lungane, Suryanala amuwus, “Atur kula punika yekti, boten matur sembrana, estu sampun suwung sumangga sampeyan priksa”,Nalwasa api-api amirsani, lagya ngungak kewala.

Nulya mlengos sarta muwus bengis, “Sun tan ngira adhi adhi Suryanala, kaya mangkana pikire, ujare wis tuhu, dennya ngaku sadulur mami, ing dunya prapteng kerat, manjinga sadulur, lan padha lila ing dunya, mengko lagi semono bae wis lali, kasmaran raja brana.

ASMARADANA

Jare temen tyase suci, lunuh gawe saking nala, marang janma sapadhane, tumita lila ing dunya, wedi keneng prakara, ing mengko katon satuhu, tyase tan tulus saengga.

Palem weton ing Betawi, lamun kadulu ing jaba, beresih kuning rupane, menginake tyase janmaingkang durung uninga, adate pelem ing ngriku, mesthi wawani tuku nyengka.

Sawuse dipun onceki, kaget ngungun nalanira, dene jero bongkeng kabeh, binatange ting berangkang, ireng-ireng rupanya, kang tuku pelem anjetung, tan dipe lamun mangkana.

Mangkana uga si adhi, Suryanala ngong tan nyana, lamun mengkono karepe, angur maune kewala, aja tutur mring tangga, anjaluk pratikel rembug, nuli ngong warah prasaja.

Dera samelok gya melik, nyalingkuhake maring wang, eman kaparo barange, enceh kajukuk priyangga, Ketuturake musna, lah punika kula jaluk, saparo karupakena.

Suryanala duk miyarsi, wuwusira Candranala, anjetung sidhakep bae, alon wijiling wacana, Dhuh kakang Candranala, ngandhika sampeyan wau, sadangune kula rasa.

Pun kakang badhe mejahi, dhumateng badan kawula, prakawis enceh icale, ing ngajeng kang manggih kula, lajeng ngaturi dika, sumeja pados rahayu, temah badhe manggih lena.

Karsa dika kadi pundi, mbok sampun mekaten kakang, kula tiang saja sae, upama kula puruna, mendhet enceh priyangga, estu kala enjing wau, kula tan ngaturi pirsa.

Naliakne kula manggih, andhika dereng uninga, datan purun mendhet dewe, tanpa saksi tanpa kantha, sanget ajrih kawula, lajeng kula asung weruh, ing mangke sampun kapirsa.

Angengnipun damel pati, dhateng sarira andhika, tan sumeja lair batos, naming pun adhi kewala, gadha kuma-kuma, nyukani panduman ulun, rehning kula tumut pirsa.

Denira manggih pun adhi. “Suryanala sru wuwusnya, napa sing kula wehake, barangipun sampun murca, allah tobil sik kakang, mbok inggih sampun kadyeku, ngunyeri wong mboten nyata”.

Ki Candranala nabda ris, pramilane kula dakwa, jer kula anitepake, dhateng pawong mitra kula, kang tunggu randhu wana, sinten sintena kang jukuk, yen liyane Suryanala.

Banjur kulo kon naleni, pun adhi mireng priyangga, weling kula ing dewekw, Suryanala lon wuwusnya, sinadyan mekatena, jer kula boten anjukuk, ewa dene dika tanya.

Dhateng kang dhika titipi, kadi pundi tuturira, kula ajeng ngrungokake. Amegos Ki Candranala, sigra ngadeg alunga, tanpa pamit kesahipun, wau Kyai Suryanala.

Mangkana osiking galih, nepsu kakang Candranala, bab ilange enceh kiye, sapa baya kang ngambila, apa kapulung dewe, apa ta ilang kajukuk, mring kang bau-reksa arga.

Nalaastya nulaya mulih, ing batin sampun narima, datan garentes icale, enceh kapupus ing nala kasigeg Suryanala, kawuwusa lampahipun, Candranala prapteng wisma.

Dilalah karsaning Widi, manahira Candranal, datan sakeca raose, tan pegat denya trataban, kuwatir melang-melang, datan sakeca alungguh, karya nendra datan bisa.

Kena ing walatireki, dunya kang dudu kak ira, teka mengkana osike, patutane Suryanala, caturan karo janma, tangga teparone agung, ana ingkang rada bisa.

Nuli angojok-ojoki, akon gugat mring nagara, matur ing parentah gedhe, prasaja paturanira, ilange enceh ndakwa, marang ingsun ingkang jukuk, amarga laku dursila.

Jabung alus angapusi, pasti lamun ingsun kena, ing prakara juti gedhe, kacekel marang nagara, ngomah kagledhahana, barang kabeh katemu, paran nggon sun nyelakana.

Durung mangan sida dadi, kuli tan olieh balanja, tur kapeksa nyambut gawe, angur ingsun dhinginana, anggugat Suryanala, pasthi dheweke kang nemu, prakara sebab dursila.

Kalamun ingsun dhingini, agugat marang nagar, andakwa marang dhewekw, upama Si Suryanala, gugat mangsa dadia, jer dhingin panggugatingsun, mangkono adate praja.

Wong gugat pasthi ginalih, mokal lamun wong dursila, wania anggugatake, dene kang gugat ing wuntat, marmane tan katrima, ginalih wong mbawur laku, agawe dora sembada.

Dene kang sun gawe saksi, dhemit kang ngong aku mitra, aneng randhu alas nggone, ngong titipi kon rumeksa, nadyan saksi sajuga, jer bangsanireng lelembut, sun watara kapercaya.

Adhi ngong tuturi, esuk mau Suryanala, teka ing ngomahku kene, perlune asung uninga, adhi marang manira, lamun dheweke anemu, enceh kapendhem neng kisma.

Manira kinen nekseni, nggone nemu neng tegalan, nuli ingsun myang tegale, andulu enceh isinya, brana sarwa kancana, nuli sun tarekah apus, barang kena ing manira.

Iku aja jarwa adhi, marang sawijining janma, angamungna kowe dhewe, kang weruh wadi manira. “Naladhusta aturnya, punapa sakarsanipun kakang ulun tan lenggana’.

Candranala muwus aris, iku adhi karsaningwang, ayun ingong gugatake, marang pulisi nagara, sira ingkang dadia, lelembut kang aneng randhu, alas sun titipi brana.

Lamun ana nakoni, enceh ingkang duwe sapa, tutura aku kang darbe, lamun tanya ingkang dhusta, tuturna Suryanala, wis aja liya caturmu.

“Kawula manggen ing pundi, estu katingal kewala, kajengipun randhu gedhe, pamiwontena paragak, nglangkungi inggilira, pami manggena ing grumbul, kapara tebih nggenira”.

Candranala muwus aris, manggona madyaning wreksa, randhu alas gedhe kae, Naladhustha aturira, kawula tan kuwasa, malebet sajroning kayu. Gumuyu Ki candranala.

Sarta wuwusira aris, “Sira iku kalah tuwa, kalawan kalah akale, mulane aja sok pugal, marang sadulur tuwa, Naladhustha aturipun, “aleres dhawah paduka”.

Candranala muwus aris, Payo adhi padha karya, piranti sawengi kiye, aja kawruhan ing jalma, den werit patrapira. Naladhustha aris matur, “kawula nderek ing karsa”.

Candranala asung wangsit, badhe enggennya singidan, agawe guwa ngisore, witing kayu randhu wana, sarta mbobok witira.

Sigra mangkat tiang kalih, datan kawarna ing marga, sampun prapta ing prenahe, witing kajeng wana, angungang jurang sarta. Kanan kering grumbul agung, arungkut peteng bondhotan.

Candranala nulya manjing, madyaning grumbul bondhotan, parimpen ingriku gawe, gangsiran ingarah-arah, leres ing randhu wana, tan kawarna solahipun, denya karya sampun dadya.

Piranti unggyaning saksi, sakalangkung remitira, ayektos anggumunake, akalira Candranala, piranti wusnya dadya, gya meling mring kadangipun, ingkang wasta Naladhusta.

Mangkana denira meling, Adhi lamun aku sebda, angaturake gugate, Suryanala mring nagara, sireku amilua, aja pisah lawan ingsun, ngendi nggonku caketa.

Darapon ngrungu sireku, apa saparentahira, manawa ana karsane, bakal ndangu saksi sira, enggal nulu mundura, manjinga piranti gupuh, poma iku den prayitna.

Wus mung iku wekas mami. Naladhustha aturira, inggih sampun walang atos, punapa sakarsa dika, kula sampun kadhadha, ulun labuh sakit lampus, kakang dhumateng paduka.

Pupuh 41

Wusnya mateng kang prajangji, Candranala lan arinya, Ki Naladhustha kanthete, anggugat marang parentah, pulisi ingkang dadya, lulurah anginanipun, Candranala, Suryanala.

Panewu lenggahireki, angreh bumi sewu karya, ana dene jejuluke, Ki Ageng Kartikasastra, putus marang wiweka, lamun dangu sareh alus, nastiti papariksanira.

Ngreh catur rangga pulisi, sajuga rangga rehira, mitu demang panatuse, anuju sawiji dina, repotan para rangga, miwah para demang kumpul, neng pandhapi Kartikasastran.

Ki Ageng lenggah mungging, samadyanireng pandhapa, rangga demang neng ngarsane, anglapuraken prakara, kang sami rinampungan, kasaru ing praptanipun, Candranala mungging ngarsa.

Aminggah ngemper pandhapi, asila neng wurinira, para demang pulisene, Ki Ageng Kartikasastra, aris denira tatanya, Heh wong ngendhi sira iku, lawa sapa aranira.

Candranala matur aris, kawula abdi paduka, patinggi pagodhongane, sukuning smeru arga, awasta Candranala, padhekahan Karangtalun, pisowan kula punika.

Badhe ngaturi udani, dhateng parentah pradata, ing ngajeng kawula darbe, barang kathah warnanira, sami emas kencana, pratelanipun ing wujud, kadya ing ngandhap punika.

Wami jamang kang rumiyin, tigang atus ingkang rega, langkung seket rupiyah wutuh, gangsal wami gelangkana.

Kalih atus kang pangaji, kelat-bau ping nemira, ugi rong atus regane, pitu anting-anting rega, satus kaping wolunya, badhong regi tigang atus, keroncong kang kaping sanga.

Regi kalih atus malih, kaping sadasa awama, supe seser pangaose, gangsal atus rupiyah slaka, anjawi raja brana brana, anggris jene kathahipun, satus sadaya punika.

Gunggungipun ing pangaji, kalih ewu tusan sanga, langkung seket rupiyahe, sadaya wau kawula, wadhahi neng encehnya, kula petak ngandhap, randhu ageng, neng sukuning arga.

Sarta kula ugi titip, dhateng pawong mitra kula, lelembut ing randhu gedhe, sapunika enggenira, kabukak Suryanala, kadamel pagagen sampun, wau pepetakan kula.

Sareng kawula tuweni, enceh sampun tan kapanggya, lajeng kula takekake, dhateng pawonmg mitra kula, kang manggen randhu wana, sajangipun dipun jukuk, mitra kula Suryanala.

Kula nuwun wangsul neki, dhumateng tangan kawula, medala saking astane, parentah ageng pradata. Ngabehi Kartikasastra, duk myarsa paturanipun, Candranala megat mitra.

M E G A T R U H

Ki Ageng Kartikasastra duk anggrungu, ing atur gugatereki, Candranala tyasnya ngungun, dene nganggo saksi dhemit, nulya angandika alon.

Mangkono dhingin, manira tanya sireku, kalairanira ngendi, lan pira umurrireku, Candranala awotsari, kalairan kula dhukoh.

Ing kuripan punika nggening laluhur, umur kula seket kalih, taun lumampah punika, Mas Ngabehi ngandika ris, dhateh carikira gupoh.

Ature Candranala kabeh iku, ugerana kang salesih. Carik sandika turipun, sigra denira ngugeri, Ki Ageng malih takon.

Sabab apa sira wong tik-melikipun, ing Kahuripan teka dadi, ana dhukuh Karangtalun, lan apa karyanireki, panggautanmu kang manggon.

Aturira Candranala : Mila ulun, ngalih purwnipun ngarsi, sangajaling tiyang sepuh, sedherek kula nggentosi, bapa, kula mencar dhukuh.

Dhateng wana sukuning Semeru gunung, lami-lami kathah janmi, ingkang tumut griya ngriku, kula kaangkat patinggi, lestantun saengga mangko.

Dene ikang dados panggesangan ulun, duk lare saengga mangkin, amung tani karya ulun, ngolak-alik tegil sabin, manem sakalir tumuwoh.

Ki Ageng Kartikasastra tanya arum, Nalikane sira ngalih, marang dhukuh Karangtalun, anggawa apa sireki, tuturna ing ngarsaningong.

Candranala sanalika manahipun, kalimput gugatireki, prasaja ing aturipun, Nalikane kula ngalih, dateng Karangtalun dhukoh.

Mbekto kebo kalih rakit kathahipun, asarta kawan amit pari, wijiwiji saliripun, kang badhe ngregengken dhukoh.

Saha barang pangangge samurwatipun, tiyang alit jalu estri, sakadare tiyang dhusun. Ki Ageng tanya malih, Pira lawasmu neng dhukoh.

Sarta apa barang ingkang kowe tuku. Candranala atur aris, sampun kalih dasa taun, ingkang kula tumbas naming, lembu akaliyan kebo.

Ngslih rskit, snjswi saking punika, dhuwung sakandelaneki, jene kalih sangkangipun, tiyang estri kalih rakit, anjawi sangking panganggo.

Bangsa suwek pangangge tiyang dhusun, kang perlu kewala naming, mung punika atur ulun. Ki Ageng ngandika ris, yen mangkono sira goroh.

Gonmu ngaku raja brana agung, ko-pendhem aneng wana dri, ing ngendi pinangkanipun, apa ta olehmu maling, nuli den malingi uwong?.

Candranala bias gumeter tyasipun, naratpira upami, tinebak ing sima luput, dangu datan bisa angling, wusana umatur alon.

Mila wau barang tan kalebet ngatur, margi kang tuan pirsani barang tetumbasan ulun, priyangga sadayaneki, wangsul kang ical sayektos.

Titilaripun tiyang sepih-sepuh, bapa tilaraning kaki, kaki tilaraning buyut, dede kak kula pribadi, atur kawula tan liyok.

Ki Ageng Kartasastra awas ndulu, ing ulat liringireki, Candranala jroning kalbu, neng solah amertandhani, katara ujare linyok.

Lamun janma wicaksana pasthi, ulat liringireng jalmi, miwah solah-tingkahipun, iku kabayaing ati, yen mukir kacora lodhoh.

Kartikasastrawicaksana ngulah semu, sigra atetanya malih, nggoning randhu alas iku, watarane adoh endi, sangka padhukuhan karo.

Lan benere melu ngendhi randhu iku, apa melu Karangsari, apa melu Karangtalun, apa tugu wates bumu, lan dhisik endi kang dhukoh.

Karangsari kalawan Karangtalun, lan papa watesireki, nggone babad karya dhukuh. Candranala awotsari, Bilih nggenipun dhedukoh.

Kula ingkang kantun elet kalih tahun, nggening randhu radi tebih, sangking dhekah Karangtalun, elet igir punthuk ardi. Ki Ageng ngandhika lon.

Lah ta apa mulane sira aweruh, marang dhemit kang ngenggoni, witing randhu alas iku, Candranala matur aris, duk kawula badhe dhukoh.

Dhateng Karangtalun kula nepi ngriku, samanten kula kawangsit, kinen nyiyosaken dhukuh, sarta ngaken mitra yekti, makaten purwaning kang wong.

Ki Ageng Kartikasastra aris muwus,, Sakehing aturireki, uwis oadha ingsun rungu, sarta wis manira pikir, muliha bae samangko.

Dina Soma Manis teka ing ngarsengsun, gawanen saksunereki, supaya gelisa rampung, lamun saksi ora prapti, yekti prakara tan dados.

Nalwasa alon denira umatur, Kawula nuwun Ki Ageng, bab saksi pisowanipun, dhateng ngarsa tuwan ngriki, kawula bekta sagoh.

Sabab saksi lelembut ing kajeng randhu, panuwun kawula mugi, wontwna pamengkunipun, parentang ageng pulisi, kawula narimah kawon.

Ki Ageng kendel dangu datan muwus, mangkana osiking galih, elok temen wong puniku, kang dadi aturireki, taka datan nduga ingong.

Dene ana kayu randhu bisa muwus, nulya angandika aris, Ya wis angandhika aris, Ya wis muliha karuhun, kaliyan gya mundur gupoh.

Ki Ageng Kartikasastra mrentah gupuh, langsir kinen animbali, patingginira ing dhukuh, Karangsari ingkang nami, Ki Suryanala den gupoh.

Lurah langsir sigra lengger saking ngayun, datan kawarna ing margi, wus prapta aneng ing dhukuh, Karangsari gyanireki, Suryanala langsir takon.

Lah ing ngendi wismane patingginipun? Pinuju kang den takoni, Suryanala matur, inggih ngrikiwismaneki. Lurah langsir malih takon.

Apa nana ing wisma Nalasatyeku. Kang tinakon anauri, Suryanala inggih ulun, andika kula aturi, sumangga sami alunggoh.

Dhateng griya. Lurah langsir gya tumurun, saking kuda nulya manjing, dhateng wisma tata lungguh, mungging salu tiyang kalih, agenti takon-tinakon.

Wusnya bage-binage sakalihipun, Suryanala tanya aris, Nah angger, sinten pukulun, saha priyantun ing pundi, ing lampah punapa gatos?.

Lurah langsir mangsuli tembungny arum, Kakang, kula lurah langsir, lampah kawula ingutus, dhateng panewu pulisi, Kartikasastra ingkang kongkon.

Animbali jengandika dhawahipun, kadherekna lampah mami, Suryanala sareng ngrungu, ngadikaning lurah ndhradhog.

Ulat payus karinget kadya wong adus, sesambatira dermili, Allah tobat bapa biyung, kaki nini buyut mami, padha jangkungen ragengong.

Wusnya sambat Suryanala nangis matur, Mas kula den timbali, wonten punapa mas bagus, mugi andika jateni, Lurah langsir muwus alon.

Milan ndika katimbalan prentah agung, andika kadakwa maling, Candranala lurah dhukuh, Karangtalun: enceh, isi raja brana sarwa kaot.

Dipun petak tegil, caket kajeng randhu, Suryanala duk miyarsi, atebah dhadha angadhuh, Kaniaya mitra mami, dene ka dadi mangkono.

Apa baya kang tinemu akiripun, wong gawe kiyanat maring, pawong mitra kang rahayu. Lurah lingsir amiyarsi, dahat ngre welas ing batos.

Langir tanya : Kadipundi temenipun? Suryanala gya nuturi, Duk aitira anemu, enceh teka ilang neki, kadya kang sampun kacriyos.

Langsir muwus : Yen makoten sulangipun, andika ampun kuwatir, mangke kula kang tatulung, matur dhateng Ki Ageng andika lamun tinakon.

Ing parentah dika matur kadi wau, layane parentah nggalih. Suryanala; Matur nuwun, sumangga kula umiring. Sigra pangkat sakaroron.

Tan kawarna lampahira aneng ngenu, prapta ngarsane Ki Ageng, lurah langsir sigra matur, miwiti mawah mekasi, wus katur ingkang lelakon.

Ki Ageng Kartikasastra duk angrungu, aturane lurah langsir, kacathet sajroning kalbu, cocog suraosing galih, nuli angandika alon.

Suryanala ing ngendi klairanmu, lan pira umurireki, sira matura kang tuhu, carik kinon angugeri, Suryanala matur alon.

Lair kula wonten Jatiraga dhusun, umur kawula tan uning, rehning abdi dalem dhusun, manawi nggadahi siwi, datan mawi manah weton.

Ki Ageng ngandika: Bener aturmu sun watara sira lagi, umurriraseket tahun. Suryanala atur neki, Mbok menawi inggih yektos.

Ki Ageng ndangu: Apa purwanipun, sira omah Karangsari, Suryanala umatur, Sareng kula sampun rabi, lajeng misah adhedhukoh.

Lami-lami kathah tiang sami tumut, griya monten Karangsari, kawula lajeng kajunjung, kadadosaken patinggi, lamine nggenipun dados.

Padhekahan sampun kalihlikur tahun. Ki Ageng tanya aris, Dhisik endi nggone dhukuh, Candranala lan sireki? Nalastya matur alon.

Awitipun dhedhekahan rumiyin ulun. Ki Ageng tanya malih, apa sing dadi karyamu, panggota luru asil, Suryanala matur alon.

Panggota kawula sangkaning timur, dalah samangke mung tani nanem kapas jarak pantun, ngolak-alik tegil sabin. Ki Ageng aris takon.

Nalikane sira ngalih marang dhukuh, anggawa apa sireki, sarta salawasireku, aneng dhukuh Karangsari, apa sira tuku mangko?

Suryanala alon denira umatur, Bebektan kula duk ngalih, dhateng dhekah amung lembu, kali rakit sarta pari, kali caeng miwah kebo.

Kali iji sarta wiji-wiji agung, dene salaminereki, kula wonten dhukuh ngriku, ingkang kula tumbas aming, waos dhuwung pedhang golok.

Ki Ageng Kartikasastra ngandika rum, Sira manira takoni, tutura sebeneripun, apa nyata sira ngambil, enceh isi barang kaot.

Kang kapendhem aneng soring kayu randhu, kang ko-bukak anyar iki? Suryanala aturipun, miwiti malah mekasi, kaurut saking duk panggoh.

Purwanipun kawula tugar pukulun, amiyaraken kang tegil, lajeng ananggori watu, watawis geng saklenthing, sela lajeng kawula gol.

Ngandhap watu garowong wonten kadulu, enceh katutup tembagi, kawula ajrih andumuk, margi boten mawi saksi, mbok ing pungkur manggih ewoh.

P A N G K U R

Kawula lajeng kewala, kesah dhateng Karangtalun sung uning, dhateng pawong mitra ulun, pun kakang Candranala, neksenana wau anggen kula nemu, kakang Candranala nulya, atumut dhumateng tegil.

Sapraptaning gen pendheman, ponang sela lajeng kula junjung, ketinggal encehira, gya kapendhet enceh saking enggenipun, tutup tembaga binuka, isi bra warna-warni.

Candranala lajeng nabda, aken nyindhem sampun ngaturi uning, dhumateng parentah agung, sabab catur prakara, kagungane Gusti Kanjeng Sang Aprabu, bumi-kagungan Nata, kang mangkurat, mangka sira iku nemu, dunya kapendhem jro kisma, kapindho aneng wana dri.

Pasthi, kapundhut nagara, dika kula tanpa tuwas ing kardi, semune barana niku, paringe Kang Kawasa, teng si adhi kalih kula tetepipun, pami kalong dhateng janma, ing sanesipun mubadir.

Punika rembag kawula, adhi sampun baripin dhateng janmi, sanadyan sanak sadulur, sampun sinungan pirsa, mbok manawi dados panjang wartosipun, sae kasidhem kewala, mangke dalu den wangsuli.

Pami kapendhet samangkya, estu tangga sami uning, sami dhateng nedhamujur, boten wande kawentar, kula kalih pun adhi kepanggih luput, lah mangke dalu kewala, sirep janama den purugi.

Dene kang jogi rumeksa, icalipun ing sadinten puniki, kula titipne puniku, dhumateng mitra kula, dhemit ingkang manggen wonten kajeng randhu, kawula nurut kewala, Candranala lajeng angling.

Dhateng kajeng randhu wana, aku titip pendheman enceh iki, sapa-sapa ingkang jukuk, liyane Nalatsya, talikunge aja lunga sing gon iku, pacuhan lah poma-poma, sasampunira atitip.

Tumunten ngajak bibabaran, kula inggih mituhu lajeng mulih, kilap ing sapengker ulun, dalune sidhem janma, candranala dhateng ing wisma ulun, celuk-celuk saking jaba, kula kaejak murugi.

Kawula nderek kewala, sapratone wonten pangenan gipih, kula ingkang kinen jukuk ambukak tutup sela, ri sampuning tutup sela kula junjung, enceh sampun datan ana, kawula enggal nanjangi.

Dhateng kakang Candranala, icalipun enceh pun kakang mbekis, serta cantenipun sendhu, kula kinen mangsuha, kula sumpah kathah-kathah tan karungu, dupeh sampun amitungkas, dhateng mitrane dhedhemit.

Mangkana cantenanira, sinten malih lamun dede si adhi, jer kula empun sung pemut, kang tunggu randhu wana, yen kajukuk ing janma na liyanipun, saking adhi Nalayatsa, kasrimpunya dipun aglis.

Kula lajeng aken tanya, dhateng ingkang dipun titipi ngarsi, kadi pundhi sanjangipun, kula ajeng amiregna, Candranala lajeng ngadeg kalih nepsu, kula inggih lajeng mulih.

Mung punika atur kula, temen-temen medal ing manah suci, Wingnyasastra tanya arum, Kalane Candranala, nitipake marang dhemit kayu randhu, kapriye wangsulanira? Nalayatsa matur aris.

Saking pamireng kawula, Candranala amung canten pribadi, kajeng randhu tan samaur, Ngabehi Wingnyasastra, angandika: Kowe prasamu, apa ta hiya pracaya, ing dhemit kang den titipi?

Nalasatnya aturira, rehning kula ceguk balilu, inggih, mung nurut pratikelipun, pun kakang Candranala, dene sampun asumpah, ngaken sadulur, jaler ing dunya ngakerat, mila kula tan ntigeni.

Upami wonten kang seja, gadhah, wonten ngawani salah siji, sinten kang wiwit karuhan, saentu manggih papa, mung punika pitadosing manah, ulun, kodos boten kekilapan, Gusti ingkang Maha Suci.

Ki Ageng Wingnyasastra, sadangune miyarsa atur neki, Nalayatsa rosipun, ginalih kaya nyata, aturane si Nalayatsa kang tuhu, dadya alon angandika, Sireku keneng prakawis.

Ginugat laku dursila, iku mesthi kalebu aneng bumi, sinadyan ora satuhu, hiya aneng kunjara, nanging sira sun alingi ingong tanggung, sira eres kewala, aja lunga sing pandhani.

Nalastya tur sandhika, tan gumingsir kawula prapteng pati. Kasigeg ganti kawuwus, Kocapa Candranala, pan geneman kalih Naladhusta sampun, kait badhe parentah pulisi.

Ing ari Soma Manisnya, wus ginendhing bab lampahira sandi, duk prapta ubayanipun, ing dina Soma mangkat: kacarita Ngabehi Wingnyasasteku, ing ora soma sineba, sakathahing pulisi.

Rangga, demang munggang ngarsa, saben ari repotan ari repotan kinardi, nglapuraken bawahipun, sakawontenanira, ing prakara miwah ingkang sampun rampung, katungka ing praptanira, Nalawarsa munggeng ngarsi.

Ki Ageng Wingnyasastra, angandika: Candranala sireku, anggugat marang mitrau, hiya si Suryanala, mengko uwis teka aneng ngarsa ningsun, prakara manira pirsa, ature cetha patitis.

Enceh iku dudu sira, kang ndarbeni; temene nggone manggih, aneng tunggananira, Nalayatsa nuli tutu ing sireku, sira kinen neksenana nuli sing anuturi.

Akeh-akeh tutoring, akon nyidhen aja katur nagari, serta aja nganti weruh , marang wong tangga desa, Nalyatsa nurut marang saujarmu, sira mitraniradhemit.

Candranala aturrira, Sampun limpah tiyang dursila mungkir, ngalangi badanira, lamun ngaken manggih, sinten saksinipun, saestu gadhandhan kula,wonten kang kula kang titipi.

Sareng ical inggih pirsa, ingkang medhet enceh isi retna di, asanjeng dhumateng ulun, kang mendhet mitra kula, Nalayatsa lurah patinggi ing dukuh, Karangsari milanira, tan purun ngaruh-aruhi.

Ki Ageng Wingnyasastra, aris tanya : Saksimu dhemit iki, apa bangsane puniku, kaya pan rupaniro, lon kapriye basane lamun celathu, lan apa gelem caturan, kalawan samiyah janmi?

Candranala aturira, Bangsanipun kawula dantan udani, sarta tan katinggal wujud, amung gremeng kewala, cantenipun inggih kadya manungseku, atemen sawiraosnya. Ki Ageng ngandika ris.

Yen mangkono aturira, bab gugatmu ingsun tan wani mutusi, kudu katur prentah agung, pengadilan nagara, sebab aneh prakaranira puniku, siki sira sun gawa, lan si Nalayatsa ugi.

Ma Ngabehi Kartikasastra, gya siyaga badhe sowan nagari,

Ingkang nderek langsir catur, sami wahana kuda, Candranala Suryanala aneng pungkur, lampahnya datan kawarna, sapratanireng nagari.

Anjujug wadonanira, ingkung wasta Rahadyan Ngabehi, Darmawidya pinunjul, putus saliring sastra, wicaksana rahayu pambekanipun, keringan ing parang muka, kancanira ajrih asih.

Dyan Behi Darmawidya, Senen Kemis sineba neng pandhapi, repotan para penewu, Rangga Pulisi Demang, sami lapur punapa sawontenipun, gedhuhanira priyangga, ing prakawis alit.

Ki Ageng Wingnyasastyra, prapteng Jawi regol tumurun saking, turangga lajeng adhawuh, dhateng langsir nenggaa, candranala Nalyatsa aneng pintu, mengko yen pra timbalan, kaladekna ganti ganti.

Sawusnyadhawah mangkono, Ki Ageng sigra manjing pribadi, aminggah pandhapi agung, alenggah mungging ngarsa, ngaturaken serat gugat jawabipun, papirsan miwah ugeran, raden Ngabehi nampeni.

Binuka sinuksmeng driya, gugat-jawab miwah ngeraneki, wus kacathet jroning kalbu, serta sampun pratela, galitane ing prakara wus kacukup, tansah ginagas ing driya, ngunandika jroning galih.

Agawat iki prakara, layak Kakang Kartiksastra tan bangkit, labete saking pakewuh, nangging panduganingwang, ana nana bisa celethu, pawong mitralan manungsa, iku kamokalan yekti.

Wusnya kadriya mangkana, sigra ndangu7 wau dateng Ki Ageng, Kartikasastra tembungnya rum, “Kakang gugat punika, kaubegna dhateng prikanca penewu, utawi Rangga sadaya, kadi pundi bobot neki?”

Ki Ageng Kartikasastra, gugat jawab saprabotira sami, sinungken para panemu, kapirsa gantya-gantya, wusnya rata sagung kang para panemu, Ki Ageng atanya, “Pripun kanca nggone mikir?”

Penemu rangga aturnya, dadya tiga diyon kencengnya sami, kang saduman aturipun, leren pun Suryanala, awit saking nalika titip puniku, Suryanala tan miyarsa, wujud sarta swaraneki.

Kalih udanagarinya, sanget elok atur gugatereki, tebih saking dhukuhipun, kang saduman aturnya, Suryanala sampun tetap kawonipun, sebab sampun karebahan, saksi gandarwo dhedhemit.

Kang Saduman aturira, Yen Kawula prakawis boten dadi sebab sanget mokalipun, Suryanala kainan, dene boten enggal genira umatur, dhateng lurah pulisinya, kendel Raha Ki Ageng.

Andangu datan ngandika, nulya ndangu dhumateng Ki Ageng, Kartikasastra manis arum, Wangsul pun kakang Wignyo, kadi pundi pamikire kang satuhu, bab saksi dipun budia, dadi lan botenireki.

Prakara punika gawat, salamine kula dereng miyarsi, prakara kadi puniku, sarta ing jaman kuna, dereng enten kang kacitra lir puniku, lan malih angger sadaya, boten wonten ingkang muni.

Kang kadi udur punika, napa dene ing kitab topah sepi, bab dakwa kadi puniku, ewuh pamutusira, mring sangka punapa krampunganipun, lah sagung panewu rangga, sami jengandika budi.

Katrapaken saking punapa, krampungane prakara kadi pundi?, Ki Ageng aris matur, leres dawuh paduka, nyala wados prakawis punika estu, kawula boten anduga, yen sangking dugi prayogi.

Kados leres aturira, Suryanala: enceh punika manggih tiyang kina darbekipun, wangsul pun Nalawangsa, ngaken titip dhateng dhemit kajeng randhu, nalika pametakira punika emeng ing galih.

Upami kang mbau reksa, randhu kenging dipun takeni, cetha genah aturipun, inggih pun Suryanala, kukum kawon pami dhemit dipun dangu, tan saged umatur cetha, Candranala kukum maling.

Pramila manah kawula, gadhah raos makaten enget saking, cantenipun tiyang sepuh, bilih manungsa ekas, ugi saget pawong mitra lan lelembut, sapocapan kadi janma, anaming datan kaeksi.

Sha temen sanjangira, bilih wonten tiyang badhe angawoni, dhateng pawong mitranipun, lajeng suka waninga, bilih badhe pun awon sanesipun, kapurih ingkang prayitna, makaten damelireki.

Ki Ageng ngadika, Penemune si kakang niku inggih, kadi enten emperipun, lamun kapirit sangka, ujaring wong bangsa kula jawi niku, sing empun kelakon padha, anggugu ujar tan yekti.

Akeh kang nggugu suwara, ujar jare padha den anggep yekti weneh nyembah kayu watu, kewan iwak loh ula, den bekteni kapundhi pundhi satuhu, ture paring sandhang pangan, wenenh apek setan gondhid.

Sowiyoh nyobat thetheken, ilu ilu gandarwa banas pati, ana ingkang nyembah bulus, kodhok kadhal lan ulo iku padha dinalih bisa weh luhur, lan bisa weh rajabrana, asung wangsit maripeni.

Kasuhurake ing janma, nuli padha kalayu milu ngambil, sangking gugon tuhonipun, sing dadi pikir kula, niku dhemit ingkang bau reksa, randhu kula gawe tandha nyata, wong anom padha mirsani.

S I N O M

Ki Ageng ngadika, kalamun kula pribadi, kudu tan ngandel kewala, dhateng bangsaning dhedhemit, amarga kula pikir, bangsaning lelembut niku, saingga buron toya, sarta buron ing wanadri, sabangsane kutu-kutu walang taga.

Sebab kula dereng pirsa, wujude bangsa dhedhemit, sarta dhereng sapocapan, ewa dene kang udani, napa empun udani, wujude ingkang lelembut, lamun sampun uninga, kadi punapa kang warni? Ki Ageng gumujeng aris aturnya.

Kula inggih dereng pirsa, pribadi warnaning dhemit, saha dereng apocapan, bilih wilujeng puniki, badhe pirsa utawi, mirengaken cantenipun, benjing bilih kawula, paduka utus mirsani, saksi ingkang manggen wonten randhu wana.

Ki Ageng Darmawidya, gumujeng ngandika aris, Benjang sami kapiyarsa, dhateng sagunging pulisi, camten kados pundi, lan punapa wujudipun, lah kakang Kartikasastra, samangke dika teng goning kayu randhu, benjang ing ari Soma, andangu dhumateng saksi, Candranala Suryanala umiringa.

Andika parentah karya, pakuwon aneng ing tegil, goning pendheman kang murca, sarta dika sendhiyani, kayu obong kang garing, kasingitna enggonipun, Sagung panewu rangga, demang dhatenga kang enjing, dina Soma ngumpul aneng pasanggrahan.

Ki Ageng Kartikasastra, matur sandika gya mijil, sapraptaning paregolan, sigra angandika ris, Candranala sireki, lan Suryanala sireku, dhawahe Dyan Wadana, sira padha kares kalih, Suryanala kares aneng ing pandhapa.

Aja sira lunga-lunga, dene si Nalawaseki, kares ing Ki Ageng, dina Soma nindaki, andangu marang saksimu, kang manggon ngrandhu wana, sireku kinen umiring. Suryanala tur sandika.

Naladhustha duk miyarsi, andikanira ki Ageng, atas pamiyarsanira, ing dina Senen mirsani, saksi dhateng wana dri, Naladhustha angles mundur, gancangan lampahira, badhe malebeng piranti, tan kawarna solahira Naladhustha.

Ki Ageng Kartikasastra, sawusira marentahi, Candranala kondur sigra, gancangan lampahireki, datan kawarneng margi, sapraptaning dalemipun, nulya karya nawala, parentah sagung pulisi, kinon karya pakuwon kareka pura.

Aneng patalunanira, Suryanala saha malih, para pulisi ngumpula, Dina Soima ingkang enjing, lan sagunging pulisi, padha anggawa kayu, kumpulna aneng wana, kang dhelik tan pati tebih, sangka goning kayu randhu wana.

Wusnya srat parentah dadya, kasebar dhateng pulisi, tan kawarna solahira, para pulisi wus kardi, pakuwon langkung asri, mawi regol bale mangu, pandhapa sri krengga, kinubeng pondhok pulisi, amiranti sagungnya panewu rangga.

Sapraptaning ari Soma, pepak sagunging pulisi, aneng tegal wewangunan, kathah jalma, aningali, jali estri anggili, sangking kanan kering dhusun, miwah tiysng wadeyan, langkung kathah warni-warni, kawuwusa rawuh nya Raden Wadana.

Pinethuk panewu rangga, oreg sagungireng janmi, jalu estri suka miyat, rawuhnya Raden Ngabehi, tedak saking turanggi, malebet pandhapi agung, gya lenggah madyanira, pandhapi pura pulisi, rangga demang panewu aglar ing ngarsa.

Dyan Behi Darmawidya, tatanya dhateng Ki Ageng Kartikasastra : Lah punapa, pepak sedaya pulisi? Ki Ageng matur aris, Sadaya pulisi sampun, sami sowan sadaya, satunggil tan wonten pamit, lon ngandika Ki Ageng Darmawidya.

Lah kakang andika pirsa, pun Candranala mitreki, kang dadya saksi punapa, sampun kenging den takoni, sandika Ki Ageng, Kartikasastra sigra ndangu, heh sira Nawlawasa, mitramu kang dadi saksi, apa wis kena lamun kapariksa?

Candranala aturira, sumangga tuwan pirsani, mangke bilih tan pirsani, mangke bilih tan matura, kawula ingkang ndorani, dhateng parentah nagari, sakarsanipun angukum. Ngabehi Kartikasatra, nulya matur Ki Ageng, kula sampun paduka utus mariksa.

Dhumateng pun Candranala, sumangga aturireki, mangke bilih kapariksa, mitranipun tan nauri, Candranala kadugi, nyanggemi ukumanipun. Raden Lurah ngandika, Lah inggih kakang Ngabehi, ndika pirsa mitrane pun Candranala.

Sakanca panewu rangga, mirenga aturi saksi, kula neng wuri kewala, mirengake saking tebih, sandika Ki Ageng, sigra lengser saking ngayun, miwah panewu rangga, demamng panatus umiring, angubengi witing kayu randhu wana.

Miwah sagungireng janma, kang ningali jalu estri, angubengi randhu wana, saengga wong adu tandhing, kumacelu miyarsi, wicantenireng lelembut, Nagbehi Kartikasastra, aris denira nakoni, Heh mitrane Candranala : randhu wana.

Sira kadangu nagara, matura ingkang sayekti, enceh isi raja brana, kapendhem neng kene iki, sapa ingkang ndarbeni, lan samangko enceh mau, aneng ngendi nggonira, lamun kaalap ing jalmi, sap ingkang ngalap sira pajarena.

Kang mindha setan nyuwara, cumengkling swara cilik, ginawe kadi wanita, mangkana denya nauri, Enceh duwekireki, si Candranala mitraku, titip marang manira, samengko kaambil maring, Suryanala mitrane Ki Candranala.

Kaget sagung kang miyarsa, panewu rangga pulisi, miwah agungureng janma, atas denira miyarsi , wangsulanireng dhemit, asanget denira ngungun, dangu tan ngunandika, Candranala asru angling, Lah mungkira sira adhi Suryanala.

Tumungkul Ki Suryanala, sarta amangsuli ririh, Nadya rubuhana arga, Semeru ngong tan gumingsir, tekan ing lara pati, suwarga ginawe ayu, nggoleki pati apa, janji ingsun bener becik, kudu kena ing pati bekja manira.

Wau Raden Wadana, sadangunira ningali, pulisi jetung sadaya, tansah ginagas ing galih, Suryanala kalirik, nulya angandika arum, Lah kakang Wignyasasra, andika mundur kariyin, mangke kula priyangga ingkang tatanya.

Ki Ageng Darmawidya, sigra majeng mungging ngarsi, Ki Ageng kartikasastra, mungging wurinya tan tebih, Dyan Behi ngandika ris, Heh lembut kang aneng randhu, enceh kajukuk sapa, sapa rewange ngambil, lan samengko aneng ngendi pandelehnya.

Kang mindha dhayang kamengan, margi ngajeng tan kaweling, mring kadange Candranala, wusana gugup mangsuli, Pangambile pribadi, wayahira bocah ngucul, samengko aneng wisma, kaseleh senthongireki, Nalasastya. Ki Ageng trang mirengira.

Tan samar swaraning janma, nulya angandika malih, aturmu apa tan dora, sarta sira apa wani, nyangga panyumpah mami, kang mindha dhemit sumaur, Apa sakarsanira, ingsun ora ngarah asil, among tutur sabakane kewala.

Candranala duk miyarsa, ature kang midha dhemit nalanira tarataban, gumeter kalangkung wanter, ngraos badhe bilahi, kajodheranakalipun, wau Raden wadana, ngandika dhateng ngabehi, Kartikasastra; Lah kakang age mentara.

Anggawa catur rangga, sapanekare pulisi, santa langsir rumantia, galedhahen wisma neki, Suryanala den aglis, poma den nganti katemu. Ngabehi Kartikasastra, sandika umatur aglis, gagancangan lampahnya tan dangu prapta.

Karangsari dhukuhira, Suryanala den leboni, ginaledhah jroning wisma, kang enceh datan pinanggih, loteng den osak-asik, ameksa datan kapangguh, senthonge binalengkrah, sangking gemeting pulisi, dome buntung kang ilang sami kapanggya.

Sawusnya kang sepi kang wisma, gandhok pawon den goleki, kebon blumbang miwah kandhang, sadaya den osak-asik, suwung datan pinanggih, Ki Ageng prentahipun, kinen gledhah wisma, sadhusun aja na kari, ginaledhah sadaya sepi kewala.

Sawusnya terang tan ana, Ki Ageng sigra mulih, ingiring panekarira, ing marga datan kawarni, prapta ngarsanireki, Ki Ageng gya ndangu, paran ing lampahira, panupa ta angsal kardi, Ki Ageng Kartikasatra aturira.

Pukulun lampah kawula, sakanca paduka tuding, nggaledhah ing wismanira, Suryanala, tan kapanggih, dalah wismanireki, tiyang sadhukuh sadrum, enceh malih manggiha, wingka kewala tan manggih, Candranala sareng miring aturira.

Ki Ageng Kartiksastra, kumesar tyasira kadi, sinamber ing gelap tuna, bayu kadi den lolosi, marasira tan sipi, tumus mring guwayanipun, payus biru abiyas, kadi murus tigang sasi, Ki Ageng Darmawidya waskitha.

Aninggali ulatira, Candranala wus kadugi, wusana lajeng ngandika, dhateng wau Ki Ageng, kakang andika bali: galedhaha wisnanipun, Candranala manawa, guna-gunanireng janmi, gawe reka akarya sandi upaya.

Ki Ageng Kartikasastra, sandika sigra lumaris, ambekta panekarira, rengga demang samya ngiring, datan kawarneng margi, sapraptaning wismanipun, Candranala tumulya, rangga wisma anggaledhahi barangira.

Wenehdhateng senthongira, sjuga rangga udani, Ngandhap salu patleman, wonten buntelan kaeksi, sigra den parepeki, binuka bebungkusipun, bagor linapis tiga, kang kabungkus enceh nuli, ingaturaken Ki Ageng Katikasastra.

Kang enceh tutup tembaga, suka saguireng janmi, tuwin para demang rengga, enceh nulya dan ungkabi, tutupira tembagi, katinggalan isinipun, akathah waminara, sadaya sarwi emas adi, demang rangga pulisi surak sadaya.

Ki Ageng kartikasastra, sapanekirira sami, wangsul dhateng wewangunan, prapta ngarsanya Dyan Behi, Kartikasastra wotasari, kawula paduka utus, galedhah wismanira, Candranala. Rangga manggih, enceh saha mawi katutup tembaga.

Wau sampun ulun buka, estu isi brana adi, lah punika encehira. Raden Wadana nabda ris, kakang binuka tutupipun, isi kinen medalna, sadaya dipun tingali, cocok kalih gugatipun candranala.

Raden wahan ngandika, Heh Suryanala sireki, majua kapareng ngarsa, tinggalana batang iki, apa sira udani, kang duwe barang puniku, Ki Suryanala sigra majeng, majeng sarta awotsari, ndulu barang saha alon aturira.

Pukulun inggih punika, enceh ingkang ulun panggih, awetan ingkang ulun pamggih, awetah saisenira, dereng wonten ingkang cicir, dene ingkang ndrabeni, kawula anuwun bendu. Ki Ageng ngandika, Wis mundhura sira dhingin, ingsun arsa tatanya si lelembut cidra.

Heh lelembut ing randhu wana, kabeh aturmu tan yekti, ing mengko sira tanpaa, paukamanireng dhemit, Lah kakang Angabehi, Kartikasastra dipun guguh, wite kang kayu garing, saubenge randhu urugana wreksa.

Tigang cengkal ibengira, kandeling tumpekaniki, pitung kaki nuli ndika, obong maju pat sing pinggir, sandhika Ki Ageng, gya parentah demangipun, trangginas para demang, parentahkinen ngusungi, kayu ingkang sinigidake akiwa.

Tangginas panekarira, pulisi kang wus winangsit,ngusungi kayu simpenan, tan pantara dangu prapti, kayu katumpuk mungging, witing randhu ngundhung-undhung, eram sagung tuminggal, kang datan wuningeng wangsit, angrasani: kapan nggone aspek wreksa.

Wau witing randhu wana, ingebyukan kayu garing, inggilira kalih depa, tri cengkal ubungireki, Candranala undeni, kayu tumpuk ngundhung-undhung, sumelang nalanira, mangkana osikireki, paran baya solahe si Naladhusta.

Lamun kayu kaobongo, pasthi sadhulurku mati, dadi areng aneng kisma, manira tan wurung keni, ukuman laku juti, sabab barange katemu, aneng ngomah manira, paran nggoningsun mengkiri, padha-padha ngur manira ngatuma.

Pati urip abalaka, sadhulurku aja mati, sebab yen kukum dursila, kabuang sangka nagari, lawas-lawas ya mulih, janji selamet tan lampus, kalebu rawa tuntang, kocapa para tuntang, kocapa para pulisi, ingkang ngusung rampung denya nata.

Gya ingobong maju papat, Candranala anungkemi, padane Radyan Wadana, saha sru denya anangis, sasambut ngasih-asih, atur pejah gesangipun, nyuwun kasandekana, pangobongipun dhedhemit, yektosipun punika sadherek kula.

Candranala wus balaka, katur satarekah neki, ing purwa madya wusana, suka Rahadyan Ngabehi, Darmawidya nuli, adhawah majehi latu, sirep Wadana ris, Candranala lah undangen kadangira.

Sigra mentar Candranala, datan dangu wangsul ngirit, Naladhusta prapteng ngarsa, sigra denya anungkemi, ing pada Dyan Ngabehi, sagung pulisi agunggun, demang panewu rangga, anjenger gumun tan sipi, datan ngira yen dhemit dadi manungsa.

Ing batin tan darbe kira, yen dudu dhemit sayekti, kang nyuwara aneng wreksa, randhu alas den arani, gandarwo nyobot janmi, kang saweneh ngungunipun, bangkite Candranala, denira akarya sandi, remitera nggone gawe akal dhusta.

Kang saweneh ngungunira, marang raha Ki Ageng, Wigna pradata denira, akumpul kayu kinardi, ambesmi dhemit saksi, baya uwis mau-mau, ginalih pepulasan, ananging kinarya wadi, datan arsa medharake marang janma.

Gumune ati manira, remite Ki Ageng, nyata lamun wicaksana, bisa anrjing angin, sajuga rangga angling, dhateng Demang kancanipun, Candranala punika, wau sadrengireki, kababaran, pripun pangira andhika?.

Anauri kang tinanya, rehning kula dereng uning, alitipun miring warta, wonten tiyang nyolong mawi, anggugat dhateng janmi, kang cinolong barangipun, utawi tiyang utang, gugat ingkang den utangi, serta mawi seksi memedi wahuna.

Saestu nunten kawula, tetepaken awoneki, kalenet sepir kawala, wangsul eram kula naming, Ki lurah, Ki Ageng, prakawis gawat kalangkung, teka saget ngupaya, wiyasa kalangkung rungsit, serta alus boten mawi kabrabean.

Samanten Raden Wadana, lajeng karsa angrampungi, gugatipun Candranala, tam dados gugatireki, malah katipun dadi, dursila pitenah iku, akarnya bodjo marang, parentah ageng nagari, kokum bucal kenging pandamelan peksa.

Laminipun sagang warsa, mawi tandha kalung wesi, kadangira Naladhusta, kabucal mung kawan warsi, tan mawi kalung wesi, pinamahken pulo krimun, nyambut damel kapeksa, nulya ingangetken kalih, ganatya Candranala tampi karampungan.

Dene karampunganira, kanthi pranatan nagari, wau enceh isinira, tetep Sulyanala manggih, barang naliya ringgit, kalelang sadayanipun, kadadosaken arta, sawusira dados picis, pnartiga kanthi rukuning nagara.

K I N A T H I

Kabage pinara telu, dalah ingkang warna ringgit, sadarum katur negara, kang sadumanipun maring, pekir miskin jompo tuwa, anak yatim sadayaki.

Dene kang sadumanipun, kaparingaken kang manggih, Suryanala langkung suka, antuk kucahing narpati, wus kalilan mulih marang, ing wismanira pribadi.

Suryanala nulya mundur, mbentoyong amanggul anggris, neng marga tan kawursita, sapraptaning wismaneki, panggih anak rayatira, sami ngurubung anangisi.

Miwah pawong mitranipun, tangga sadesa gya prapti, sadaya anglut karuna, taken warta karuna, taken warti ganti-ganti, jinarwan saking purwanya, tekeng madya wusaneki.

Sadaya sami gegetun, wusana suka tan sipi, mumuji dhateng nagara, saking adiling narpati, luhura karatonira, tulusa mengku rat Jawi.

Kasigeg kang sukeng kalbu, kocapa Ki Ageng, Wigya pradata sineba, sagung kang para pulisi, taksih mungguwing wawangunan, Dyan Behi ngandika aris.

Sagung kanca-kancaningsun, manira tanya sayekti, dhateng prikanca sadaya, wau kalane miyarsi, kayu bisa anyuwara, parandenira andalih.

Sagung pulisi sumaur, subiyantu atur neki, kawula mboten angira, lamun dede dhemit yekti, amargi kabaring jenma, ingkang sepuh-sepuh nguni.

Lamun janma gentur laku, cegah guling, lajeng saged pawong mitra, kalih dhemit peri ejin, sapocapan kadi janma, naming wujud tan kaeksi.

Damelipun among tutur, bilih den raosi janmi, awon sae tuwin seja, angawoni ngangkah pati, mitra wau lajeng sanjang, makaten damelireki.

Raden Wadan gumuyu, kalih angandika aris, Yen makaten among kula, priyongga ingkang nggesehi, mulane si Suryanala, kadakwa dursila maling.

Boten nganggo kula trungku, sebab empun kula piker, gugate si Candranala, basa nganggo saksi dhemit, kula nuli duwe kira, gugat pitenah sayekti.

Sabab Suryanala busuk, sarta temen lamun tani, ketara aturanira, nalikane den takoni, kakang Behi Wigyasastra, cocog lan aturing langsir.

Basa kature teng ulun, gugat jawab kula liling, teranging pangliling kula, meh kawetu kula runtik akon negor randhu wana, nuli tyas kula sabili.

Nggih si Candranala niku, wong pinter kablingger yekti, paribasan dalan rupak, alumuh dipun dhisiki, rasa risi nalanira, kena alate wong becik.

Punika wewelehipun, ing Allah kang Maha Suci, wong ala kudu ketara, wong becik pasthi ketitik, kilap enggal laminira, saestu sami katawis.

Nggone gawe saksi iku, panggrasane luwih becik, boten ngira dadi ala, nuduhake goroh neki, panitikaning manungsa, enten solah muna-muni.

Si Malawasa puniku, sasolah tingkahireki, kena ginawe tuladha, pangeling-eling ing buri, kinarya warah teng putra, wayah ingkang kari-kari.

Supaya ngedohna niku, budi akal tan basuki, dadi janma mati murka, kurang panarimaneki, katarik ati sarakah, lali pawong mitra becik.

Kandhutane jroning kalbu, wong ajeng urip pribadi, wusana mati priyangga, golek bener dadi sisip, gawe saksi tan prasaja, satemah dadi mateni.

Balik si Nalasayeku, wong ngantepi bener becik, temen mantep pawong mitra, teka arep den pateni, Gusti Allah Kang Kuwasa, iku ora anglilani.

Marmane manungsa iku, lamun temen seja becik, ora seja gawe ala, lamun arsa den alani, sayekti ora tumeka, ambalik mring kang ngalani.

Samargane kudu kliru, ndilalah karsaning Widi, kawalik engetanira, ngendi ana manungseki, duwe sanak pawong mitra, setan thethekan memedi.

Niku anglengkara tuhu, kula boten anyampahi, entene kang bangsa setan, sapadhane bangsa iblis, jer kasebut enten kitab, nanging yen kula pribadi.

Sabangsanireng lelembut, kula padhakake kalih, sabangsane sato kewan, kutu-kutu buron warih, buron warih, buron dharat ingkang nyawa, gumreget sapadhaneki.

Manungsa pasthi tan weruh, basane sarwa kumelip, pripun nggone cecaturan, lan pripun pundhuhireki, anjaba kewan omahan, kang lumrah kaingu janmi.

Nadyan kewan ingon pundhuh, uga tan wruh basaneki, mulane yen enten jalmi, tutur percaya mami.

Lah punika nyatanipun, Candranala mitraneki, dhemit malih Naladhusta, trange wong kang padha muni, apek setan kasurupan, kinawongake ing iblis.

Nuli padha dadi dhukun, lan teka kang nyurupi, salin tingkah solahira, dalah suwarane salin, nuli meca lara-kena, wiyasa piranthi.

Cature kaya wong ngelindur, ngaku bisa karya sugih, mring wong miskin tanpa karya, ngansur datan nambut kardi, sarta bisa gawe wirya, wong bodho cupet ing budi, agawe bodho nagara, pantes den kalungi wesi.

Ing mangke kula pitutur, dhateng sagung kanca mami, pulisi nagari desa, kang nyepeng prentah alit, yen nindakake prakara, kang resik budinereki.

Sarta pangabdining ratu, kang temen-temn ing ati, nggonira jago rumeksa, marang prajaning narpati, amurih agemah harja, ngenaki tyase wong cilik.

Wewalesing kawulaku, marang Gusti Sri Bupati, denya kinula wisudha, sinung pangkating priyayi, sabobote dhirinira, kang dhingin narima ing sih.

Ira kanjeng Sang Aprabu, paring kamulyaning dhiri, ngangsari anak rabinya, walese ngesrahken dhiri, , sumarah ing ngarsa nata, tan gumingsir tekeng pati.

Ingkang kaping kalihipun, sabisa-bisanereki, pametune ing nagara, tambah tegal sawahneki, aja gawe kapitunan, nggonira rumeksa bumi.

Rupane rumeksa iku, ngeman suda rusakneki, taberi angiderana. Mring desa bawahireki, mirsani kuranganira, saben sasi kaping kalih.

Sarta takona sireku, apa anira bumi, salamet lan oranira, lamun wis takon prakawis, nuli sira warahana, laki ingkang bener becik.

Budi kalakuanipun, ala kasingkirna sami, panggawe mrih kapitunan, lah gawe rusaking dhiri, utawa gawe cilaka, iku aja den lakoni.

Rehning empun adatipun, wong cilik cupet ing budi, kurang sesurupanira, gumunan dhateng pawarti, gugon tuhon manahira, kadi catur kula ngarsi.

Bab dhateng bangsa pitutur, ingkang mokal den gugoni, niku pada amulanga, dhateng pawong rehireki, dhewe-dhewe kang supaya, wong cilik padha mangerti.

Wong padesan gunung-gunug, ngilangna pikirireki, gugon tuhon ngandel warta, ingkang mokal-mokal sami, tegese pawarta mokal, setan bisa gawe sugih.

Loro bangsa pethek etung, mesthekake durung lair, iku aja den pracaya, kaping telu guna sekti, ngaku awas sarta bisa, andadekake priyayi.

Wong bodho kang isih ngidhung, iku mokal satus kethi, mangkana sapadhanira, iku aja den parduli, kang sarana dhesti jimat, iku akal ngapusi.

Sarana jimat kang tuhu, wasis sastra; Sundha-Landi, Jawa-Mlayu sabasanya, budi klakuwane becik, suwita ing Kanjeng Tuwan, temen mantep maju kardi.

Semono during kinaruh, bisane dadi priyayi, yen nora katunggu beja, apa maneh bodho tuwin, sungkanan lumuh ing karya, budhune nganggo penyakit.

Mokal ingkang kaping catur, pituturira ing janmi, ana panggonan utawa, kayu watu kewan tuwin, buron banyu buron wana, ana ingkang angker singit.

Sebab ana dhemitipun, bisa gawe lara pati, bisa aweh kaluhuran, sarta bisa gawe sugih, iku banget mokalira, poma aja den gugoni..

Anjani saking puniku, sugenge pri kanca mami, ing wingking sami engetna, lelepian ing prakawis, lampahe pun Candranala, kali Naladhusta saksi.

Puniku tetela sampun saking inaning pulisi, nalika pun Candranala, kadangu dipun lilani, ambekta rewang sajuga, ngrungu saliring pakarti.

Naladhusta wus ngrungu, nulya angles amiranti, upami pun Naladhusta, tan miring parentah mesthi, tan saget amesthi dina, Senen dhangu dhateng saksi.

Ing buri kari kalamun, adangu barang prakawis, sampun kalilanan nggawa, rewang siji kang nyedhaki, sarta lungguh ora kena, cedhakan kalawan saksi.

Sarupane janma padu, gugat ginugat prakawis, kapisahna lungguhira, wetan kulon ingkang tebih, pandangunira kawitan, ganti maju siji-siji.

Apa dene saksi iku, sapira akehing saksi, sadurunge kapariksa, sabab nggone angawruhi, apa ananing prakara, kudhungana imbar dhingin.

Imbar temenira weruh, loro imbar atur neki, ingkang temen aturira, aja matur dora sandi, lamun matur datan nyata, kenoa ingimbar iki.

Lamun wis kaimbar iku, sakathahe para saksi, kapisan lungguhira, aja paguneman pikir, ing rujukake paturan, apa dene saksineki.

Mungsuhira lawan padu, kapiah siji-siji, tunggalna lan saksinira, mungsuhira padha siji, lamun arsa amariksa, sapisan aturing saksi.

Masiha panggenanipun, kang sakira tan miyarsi, ature mring kancanira, saksi naliyanereki, aturane tulisana, aja kurang aja luwih.

Saksi kang uwis kadangu, singkirna denira linggih, tan kena parekan janma, mangkana saurut neki, darapon saksi wedi, tutur kang nora sayekti.

Kang sarta pandangunipun, saksi aja sapisan thil, rambahana kaping tiga, seje-seje kang nakoni, saben takon tulisana, apa saaturing saksi.

Mangkanoa sapandhuwur, kalamun ndangu prakawis, pamurihira supaya, yen saksi tan wruh sayekti, pasthi wedi supata, lan geseh paturaneki.

Lamun kawor lungguhipun, lan rewange padha saksi, kang nunggal prakaranira, sarta bareng den takoni, pasthi nunggal aturira, aku saksi peteng yekti.

Kapindone saksi iku,lamun tan kaimbar yekti, sadurungira kapirsa, yen tan nyata angrawuhi, pasti wedi supata, datan sida anekseni.

Mangkana panemuningsun, daropan rsik kang saksi, kang uwis datan mangkana, sumpahe mung den agagi, tan kasumpah temen dadya, kurang resikireng saksi.

Pramila saksi puniku, kadangu rambah kaping tri, sarta kapundhut tekennya, utawa dumukireki, mengko nuli cocogena, apa geseh apa sami.

Dene kuwajibanipun, wong dadi rangga pulisi, rumeksa marang nagara, sarta rumeksa wong cilik, kapurih padha raharja, sabawahira pribadi.

Aja pegat pitutur, marang wong bawahireki, weruhna ing tata krama, adat caraning nagari, laku bejik laku ala, panggawe kang ngrusak dhiri.

Kang dhingin ngelingna iku, marang janma karem main, kang nganggo totohan arta, lanang wadon gedhe cilik, iku poma walerana, sing prentahireki.

Kaping kalih apemut, marang janma kang madati, sineret sarta inguntal, sinaruput den larangi, marga iku gawe rusak, marang dhiri anak rabi.

Pitutur kang kaping telu, madon jina den larangi, iku gawe rusak uga, lawan sarak den larangi, kaping patira wong mangan, minum iku den larangi.

Karana panggawe catur, iku padha ngrusak dhiri, dalah anak rayatira, padha milu rusak sami, marma iku winaleran, angeman badanireki.

Ana maning kang pitutur, marang lurah bekel niki, utawa kaum kabayan, para kamituwaneki, kampung-kampung tuwin desa, prentahana amiranti.

Gegamanireng prang pupuh, tumbak keris pedhang bedhil, anjagani mbok menawa, ana muk kecu maling, tandang tulung rumantia, jaga diri lan nagari.

Kapindho pratia iku, tong kopoh lan ganthol wesi, cuwak andha sapandhanya, kang bakal kanggo kinardi, tandhang tulung mbok menawa, ana wisma kang kabesmi.

Piranti bab kaping telu, pacul linggis pecok kundhi, sapadhane kang kinarya, negor kayu ndhudhuk siti, mbok menawa ana karya, parentahireng nagari.

Negor kayu ngelih lurung, utawa kencana cilik, ingkang meskin kasripahan, lurah wajib anulungi, marang kasusahanira, pawong rehira wong cilik.

Bab kaping nem : lurah kampung, parentahana mbeciki, dalan laren njabanira, ing desa wajibireki, utawa sajroning desa, padha becikna sami.

Sawise mbeciki lurung, sakalane pinggir margi, sarta dalane simpangan, nuli becikana, maring pager dhadhah ingkang jaba, saubenge desaneki.

Iku kang santoso kukuh, karya pakewuhe maling, yen wis becik pager jaba, nuli mbecikna maring pager cepurining wisma, anganggoa lawang kori.

Inebira ingkang bakuh, jroning pager ingkang resik, karya pekewuhira, marang wong kang laku juti, mangkonoa sakehira, janma kang wisma pribadi.

Sarta ingkang rukun guyup, janma sadesa puniki, gawea enggon patrolan, kang sakira kiwa sepi, kang patrol angubengana, ing desa ping pat sawengi.

Jam sanga sapisanipun, jam sawelas kaping kalih, jam siji ping tiganira, jam telu ping patireki, murih selameting desa, kalis dursila maling.

Pitutur bab kaping pitu, para lurah bekel sami, ngencengna parentah marang, kancanira among tani, ambecikana bendungan sarta wangun dalan warih.

Ingkang maring sawahipun, pribadi sarta sarta mbecik, galenganganing sawahira, lawan kinon angrabuki, tegal sawah saben mangsa, iku aja lali-lali.

Supaya tanduran lemu, lan sagunge para tani, kang padha akas adhangan, sarta ingkang ataberi, ngati-ati ping tiganya, kaping catur : wekel gemi.

Ngati-ati dennya mluku, kang jero sarta kang napis, adhayung gadhanganira, lamun uwis den tanduri, kang taberi marang sawah, ngopeni banyunireki.

Aja asat aja agung, lamun nganti asat garing, gelis thukul suketira, lamun agung lodhoh mati, yen wis urip tandurira, utawa gumadhung nuli.

Kawatana tanduripun, kang sregep marang sabin, manawa kena ing ama, utawa dipun pageri.

Makaten wong dadya sepuh, angerehaken wong cilik, tan kendhat sung warah, ing pratikel ingkang becik.

Denya pamariksa rehipun, kapesthia saben sasi, sapisan lan asung warah, angosiknaingkang lali, ngelingana panggawe harja, kang bakal dadi prayogi.

Cekap semanten Rumiyin

Nuwun

MAS KUMITIR

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: