alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT PAMRAYOGA UYAMA


DHANDHANGGULA

Рµρứђ ☻ 01

Hebating tyas kongsi tanpa manis, kaprabawan obahing rat jawa, wimbuh gumrah sabawane, manjing jro jaman maju, kang tinuju mung aja kongsi, rinengkuh den sawiyah, sejane anjunjung, ajining derajat jawa, sayug hiyeg gumolong anunggal budi, baya karsaning sukma.

Рµρứђ ☻ 02

Paring asik kang utama yekti, tumuwuh ing tembung: kamardikan, lumrah dadi kembang lambe, nyata sewu pitulung, lenging cipta kari mumuji, wijining kamajuan, bangkita tumuju, jumbuh lawan sang winenang, samawana kang samya pantes ngayomi, ayuning wiyah janma.

Рµρứђ ☻ 03

Tinuwuhna piwelasing galih, wit tan tan kiyan jiwa ning kawula, tinalen sih wilasane, dene kang sedya rukun, mung miliha kang mitulungi, tuduh benering marga, aja slura-sluru karana yen tan rineksa, nora wurung kadi sulung lebu geni, bareng tibeng sangsara.

Рµρứђ ☻ 04

Nora ngekul lekasing priyayi, nanging lamun wong cilik balaka, during wruh kenthang kimpule, selak melu kasusu, tanpa naker kuwating dhiri, katut gubyuking kathah, nora wruh ing rembug, mung ngebyuk ubyung-ubyungan, agung alit miwah wong padesan sami, tumekeng narakarya.

Рµρứђ ☻ 05

Daya-dayadenya mbuwang caping, salin topi kang cara ngamanca, ngewani klambi lurike, tinilar tan rinasuk, selak salin atela putih, gulon amba setebah, tur sinetik tuwuk, nyangking gitik tetepakan, kang seneja mung jajan kang sarwa aji, neng meja pesta raja.

Рµρứђ ☻ 06

Ambaruwah semben ngombe brendhi, pangrasane iku kang ingaran, majuning panguripane, tan wruh kaliru surup, kang mangkono ketemu mburi, nora susah ginulang, yen wes kuat tuku, pira angene wong nyandang, nora obat yen mung lurik salin putih, iku dudu pikiran.

Рµρứђ ☻ 07

Saya gampang salining pambukti, nora engel mangan ongklok kenthang, cinakot pira atose, nora susah rinembung, de kang kudu sami binudi, majuning pangupaya, kang supa kurup, cukupe ginawe tadhah, anglakoni panguripan kang utami, pantese tininggalan.

Рµρứђ ☻ 08

Iku ingkang kududen parsudi, bebasane; jiwa kagedhen empyak, peyok yen kurang jagake, marma aja kalimput, kudu tartib denya mawiti, sinangkan pangupaya, den ajeg asayuk, sabiyantu lan pra warga, lilimbang met pikiran kang premati, tiniti patrap sira.

Рµρứђ ☻ 09

Yen wos golong gumeling budi, aja tlompe bareng sami ngangkat, nora kena ting kalendhe, den mantep maring laku, aja dhemen anyimpang margi, lire kang bangsa kriya, den sregep ing kalbu, ambudi geyanira, marsudi mirih wuwuh enggale dadi, lawan beciking warna.

Рµρứђ ☻ 10

Apa maneh ingkang among tani, den amungkul pangolahing tanah, rineka amreh mayare, lan wuwuhing pametu, tekan tegal kebone sami, miwah para nagkodha, den sami sumungku, ambudi amrih weruha, jalane mrih enggal lakuning grami, bebathene mundhaka.

Рµρứђ ☻ 11

Luwih angel kang mangkono yekti, nangging lamun pinikir ing kathah, pasthi yen ana kaceke, tinimbang nyimpang laku, andhakane, kandheg tan dadi, upama pandhe desa, tukang kajen pacul, kepengin dadi kemasan, tuwas sayah sangune entek neng margi, pinerdi durung bisa.

Рµρứђ ☻ 12

Yen tan mungkul upama wong tani, reka-reka ngrangkep tukang rangka, tiwas ting crewing pikire, rangkane nora payu, wit wus kalah klawan mranggi, tur sawahe kapiran, nora kober matun, iku wataking slewengan, nora wurung suduk gunting tatu kalih, katuanan mrene-mrana.

Рµρứђ ☻ 13

Palambange lir carita nguni, ana janma wus satengah tuwa, rambute nyambel wijen, prandene ndadak wayuh, masih anom bojone keri, saben kang lanang nendra, uwane binubut, yen gilir mring bojo tuwa, saben turu rambut ireng den bubuti, temah gundul melenthes.

Рµρứђ ☻ 14

Mama kudu ngong bolan-baleni, nora becik wong tanpa antepan, tiwas ngeceh-eceh gawe, slamet wong ati mungkul, nora mingkuh malah ngengkoki, lulusing panguripan, mung nora ngangkah awuwuh, taken kuwating awak, aja dhemen ajangka kang luwih-luwih, yen cupet malah lara.

Рµρứђ ☻ 15

Kang wus katon obahe samangkin, sesemune kang sami jinangkah, kudu oleh sastra kabeh, iku pajangka luput, yen kabanjur angapirani, saking durung ginagas, dewaning panemu, paugeraning ngagesang, sandang pangan wetune saking wong tani, ginarap para kriya.

Рµρứђ ☻ 16

Wusing methik lan ambabar sami, tinampanan mring para nangkodha, kanug nyebar bab jongane, iku caraning laku, kang wus dadi tataning bumi, nora kene kewala, kang mangkono iku, nadyan sagung manca praja, tanah sabrang atas angina bawah angina, tatane nora beda.

Рµρứђ ☻ 17

Nora nacad wong marsudi tulis, dhasar nyata yen bisa ambuka, lawanging piwulang kabeh, marma rungsid kalangkung, nora cethek lamun binudi, yen mung bisane maca, gampang den ewuh, nanging jeroning suraso, nyamut-nyamut nora gampang den jajagi, kajaba pra pujangga.

Рµρứђ ☻ 18

Marma ana watese pribadi, yen tumprape kang ulah nagara, kudu ngugemi sastrane, dene kang bangsa bau, watesane weruh ing tulis, mung amrih rada padhang, wruh ing bener luput, supaya yen pinarentah, nuli nyandang dhangane nglakoni wajib, nora selang surupe.

Рµρứђ ☻ 19

Nanging lamun kabeh oleh tulis, nora wurung sawe kapiran, saking ngendi pituwase, aja kaliru surup, angarani wong oleh tulis, luwih aji priyangga, kang mangkono luput, kabeh-kabeh nora beda, naja kriya nagkodha miwah wong tani, yen becik pinilala.

Рµρứђ ☻ 20

Apalire kang ingaran becik, ati temen mungkul mring gaweyan, nyukupi marang wajibe, iku ugering laku, gugulangen lan pamarsudi, lamun bisamangkana, wus nyukupi butuh, kanggo sanguning ngagesang, rangkepane mung taberi lawan gemi, iku ngelmuning donya.

Рµρứђ ☻ 21

Lamun padha taberi ngupaya, anggemeni wetun pinetang, pasthi yen cukup uripe, iku retuning laku, nora nana ingkang ngungkuli, nanging tan kena pisah, laku loro iku nadyan taberi ngupaya, yen tangemi yektine nora nyukupi, kinarya ngumbar karsa.

Рµρứђ ☻ 22

Yen mung kaya ombyake samangkin, ingkang lumrah mung munggah umpaman, kasusu katon bregase, durung wruh sangkanipun, kadhisikan selak mbuwangi, wiring yen kongsi kalah, nyandhang manganipun, mangka kalamun ginggas, urip bergas wragade nora sathithik, pinetung titikelan.

Рµρứђ ☻ 23

Sandangane sarwa larang sami angungkuli darbeke priyangga, tur nora awet anggone, mung katon putih menthur, saben dhina kudu mragadi, nadhah opah putihan, yen regenda saru, nging yen kerep den setlika, nuli dhedel domdomane modhal-madhil, sarune nora beda.

Рµρứђ ☻ 24

Kang pinangan larange kapati, raratengan kang cara ngamanca, tur nora pira enake, regane tikel tekuk, yen ginagas datan pakardi, jer perlune wong mangan, mung supaya tuwuk, dudu bangsaning pameran, rasa enak dawane among sanyari, yeku pucuking ilat.

Рµρứђ ☻ 25

Aja nguja kamurkaning ati, nora wurung tumileng sangsara, ginelar mangkene lire, upamane pinetung, cacawangan tadhah sasasi, yen nuruto bregasan, wolung dina rampung, lah endi sambunging tadhah, apa baya narima mung nyisil driji, nganti rolikur dhina.

Рµρứђ ☻ 26

Dadi mundur tan maju lestari, basane kadi obor blarak, mung sakbelan gumrubuge, mbalarat nuli lampus, kinempusa tiwas ting kempis, kari bongkatan sada, mangsa ndadak murub, yeku lamun ninggal petang, wurung maju kapleset tibeng bilahi, sangsara pira-pira.

Рµρứђ ☻ 27

Ywa kasusu den sabar ing budi, yen wiweka tur nora rekasa, teka kang kinarepake, aja kongsi kaduwung, nora nyatur kang sruwa-sruwi, lire kang sarwa bisa, iku seje rembug, nanging nadyan mangkonoa, yen kalenan ninggal petung tanpa dadi, kacorok karusakan.

Рµρứђ ☻ 28

Nora susah ginacara malih, lamun sami rinasa ing cpta, wus gamblang-gamblang jablase, mene mbaleni catur, kang tinutur wosing pambudi, dadining pakumpulan, nedya ngarah rukun, rksa rumeksa mring bangsa, yen kalakon pan iku rutining becik, rukun yekti santoso.

Рµρứђ ☻ 29

Umpamane sapu den esuhi, kang sakolong gebenganing sada, pinutung tangeh cokleke, iku wujuding rukun, karosane ngebat-ebati, nanging winudharan, sadane wus mawut, luwih gampang cinoklekan, kang mangkono wujude tan nunggal budi, ringkih tur tanpa daya.

Рµρứђ ☻ 30

Marma rukune wajib pinardi, binudiya mring sakehing warga, mrih sampurna pikirane, jer watakingpenemu, kala-kala kalingan tali, tarkadhang tibeng salah, malah kosok wangsul, lir salining sandhang pangan, sasat mapas marang bangsane pribadi, kapaten panggaota.

Рµρứђ ☻ 31

Upamane tukang nenun lurik binantonan piker lan pawitan, yekti yen pitulung gedhe, utamane kalamun, sinantosan saenggaa bingkil nadyan cilik-cilikan, pasthi bisi kurup, wragade saking royoman, pranatane pinikir kang sarwa tartib, tinata mring pra warga.

Рµρứђ ☻ 32

Pra nangkoda kang kudu ndombani, angepaki sakehing babaran, kang lawan pantes regane, amrih bisa lumintu, aja kandheg anyambut kardi, dadi ben nggo bagelan, nora kongsi bubruk, lamun wus kumpul kinulak, nuli ana kang pinatah amajibi, mikir sumebarira.

Рµρứђ ☻ 33

Sakeh warga sami den ajaki, pdinane ing sabisa-bisa, anganggaoa lurik kabeh, baya ta malah mungguh, tan kuciwa wong nyandang lurik, dhasar weton masaran, kang generus alus, gilape wus sasat kaca, luwih manehtumrape para pawestri, notog pantese nyata.

Рµρứђ ☻ 34

Priyasakna ngong candrane mangkin, upamane lurahing klampisan, lungo jagong lan bojone, kang lanang rada besus, iket modhang kemada sungging, pacake cacatheman, carukane alus, bebed bathik kawung kemplung, sabuk lurik gerusan peke prekentin timange ulan-ulan.

Рµρứђ ☻ 35

Klambi beskap lurik endhog mimi, benik gulon inten seling mirah, ngapit canthel tanpa klanthe, nyothe kerise mungguh, nyangking wiron tangane kering, dhasar brengose capang, meles den lus-elus, lah apa iku kuciwa, pangrasengan dene wus pantes kepati, pakaianne wong jawa.

Рµρứђ ☻ 36

Mbok mas lurah lumaku neng wuri, tapih ijo tumenggungan, lurik abang kulambine, kekemben tuluh watu, slendhang bledhak tur latar putih, wadhuh katone jejek, sasat Sri tumurun, saben wong kapapang marga, kongsi mlengak sawaneh ana ngarasani, iku panduganing.

Рµρứђ ☻ 37

Nalika den idhamaen ing nguni, wohing anggur rujukane baya, ala nganggur sajakane, yen nyandhang sarwa patut, malah katon nyontok kapati, ingsun tan wareg nyawang, kudu ngulu idu, begjane kanca Klampisan, nora larang Mas Lurah Nglimang sukoni, nanging cacade ana.

Рµρứђ ☻ 38

Dene nora weruh nemun ngantuh, wit pipikan saking jroning nagara, mung sembagi kuline, putih potongan bandung, tapih lereng sabukan angkin, patut prigeling solah, sigrag nora sigug, tekan swarane peng-pengan, yen angudung duduk wuluh den gitari, tibane kembang kacang.

Рµρứђ ☻ 39

Kudu nyebut yen sun raseng ngati, kabag temen illaha ilallah, ketanggor padha canthase, mung yen sentor kalungkung, Ki Mas Lurah nora ngrujuki, sarwa lurik ya bregas, baya kalung usus, mulane kinong mangkana, yen anyandhang kang sembagi tipis, sadhela mowak-mowak.

Рµρứђ ☻ 40

Wong nhmanca dennya nyandhang putih, lam sembagi kang tipis ngarangan, jer iku darbeke dhewe, wus dadi wajibipun, duwek-duwek den anggo sami, marma aja kageyan, kudu melu-melu, kang patut dadi penginan, mung pintere yen kena den irib-irib, iku luwih utama.

Рµρứђ ☻ 41

Aja ngira yen tan klambi putih, nora kena den anggo wawadhah, isi kapinteran akeh, mundhak agawe guyu, pinter mono neng jroning ati, budine kang tumandang, kudu bisa cukup, yen wus kecakep sanyata, nadyan silih bnutel neng lurik teki, mangsa ndadak mbrojola.

Рµρứђ ☻ 42

Ingsun seneng yen ana priyayi, agung alit yen nuju padinan, ngagem sarwa lurik wae, dene katone mungguh, ngirid ragad tur makolehi, lamun nuli kalumrah, kaki kang winuwus, kabeh antuk kamayaran, ton kabrebet pituwase murakabi, mring bangsa kadang warga.

Рµρứђ ☻ 43

Nora beda pamikiring bukti, kurang apa pepaking ratengan, kang aran duweke dewe, nadyan wowohanipun, apa kurang kang adi-adi, regane warna mayar, nora ngaluk-aluk, tur rujuk rasaning ilat, labet saking pancene wus den panceni, saking karsaning Suksma.

Рµρứђ ☻ 44

Lawan malih aja salah tampi, sandhang pangan kang saking amanca, marmane linarangaken, nora saking pinunjul, lan rasane tan ngliwati, mung kalakone teka, akeh wragadipun, mring piranti miwah lampah, kabeh-kabeh pangetunge den tikeli, jinentolken mring sira.

Рµρứђ ☻ 45

Prelu apa dhemen mragadi, nora manjing enaking panganan, nadyan kang weton ing kene, yen ginawa mring purug, tikel tekuk regane nuli, parlune mung anguja, mring wong kang gumunggung, tur neh saben wus pinangan, mung sak lapan lamun ilat wus winalik, ilang labeting rasa.

Рµρứђ ☻ 46

Kang mangkono kudu den weruhi, aja lali mung melik sakala, elinga dina esuke, yen leno nora wurung, sesuk abot ngungkuli wingi, jer mangan sak tungkulan, bayare kumrupyuk, padha lan tadhah rong dina, tinekadan patikane ompongya wis, sasat newah sangsara.

Рµρứђ ☻ 47

Mung gumunggug kendel mbuwang dhuwit, nora nolih kang kari nang wisma, pating clengger panangis, nadyan kang sarwa cukup, ala apa wong simpen dhuwit, begja yen bisa torah, ngaraha atutulung, marang samaning tumitah, antuk labet kautaman lairbatin, aneng donya akherat.

Рµρứђ ☻ 48

Lamun nyata rukun trusing ati, yekti nganti karasa ing cipta, sunthik kaliwat enake, marga yen ngenak-enuk, sasat kolu nora melasi, mring sanak kang kasrakat, nyengka ngarah balur apamaneh jeneng iwak, adhakane mung sambel lan tempe bungkil, ginayang mementahan.

Рµρứђ ☻ 49

Iku kabeh jatining budi, nora susah klayu kakyalan, kudu salin barang-bereng, karona kang kalaku, neng sajroning jaman iki, pangrasa wus cukupan, nora aran saru, candrane Lurah Klampisan, pan wus bregas nanging nora ngluluwihi, pantes tiba mejane.

Рµρứђ ☻ 50

Den ararah pangarahing ati, pira-pira wus tekan wus tekan mejana, gliyak-gliyak yen ing tembe, bisa lestari maju, marma kudu den kawekani, golek dalan kang padhang, aja grusa-grusu, elinga basane ana, alon-alon yen kalakon kang kinapti, yekti sewu nugraha.

Рµρứђ ☻ 51

Nanging aja sungkanan marsudi, den aminter netepi kebebasan, uler kambang sak titahe, yen mogok meguk-meguk, bali kesed arane sami, aja meleng lumuhan, samubarang lumuh, den awas mring wawatesan, sakeh laku ana kena den lumuhi, ana kudu den angkat.

Рµρứђ ☻ 52

Ingkang wajib padha den elingi, nglungguhana rasaning manungsa, aja gelem den saseng, tinuntun kang tan urus, kaya kebo wus den keluhi, yen padha cipta arja, lan tan duwe luput, ngidaki benering lampah, nadyan mungsuh setan belang aja wedi, den mantheng panthelengan.

Рµρứђ ☻ 53

Kongsi nggalur nembang gula milir, kang den ulur nalising nalar, ginelar jeneliraken, rekane kaya weruh, wewerite laku utami, temene boya ninga, nanging babo lowung, wulange waleh walaka, lukukike dumunung neng kang nglakoni, kono padaha rinasa.

Рµρứђ ☻ 54

Jer tan kurang kang wajib mengkoni, kene mono nora melu wenang, nanging kudu cawe-cawe, weh pitudhing rukun, reka-reka ngurun-uruni begjane yen katampa, nora tiwas muwus, berage wong nonoman.

S I N O M

Рµρứђ ☻ 01

Marmane aja pepeka, pekaken hawaning budi, dadining sakeh sangsara, karana kalingan lali, lumuh sami ngelingi, teberi gemining laku, lekas arsa jumangkah, angangkah tindak utami, twmah pap saking luput marganira.

Рµρứђ ☻ 02

Upamane kang sumedaya, marani pucaking ardi, kudu wruh benering marga, sangsarane den wekani, lamun nora patitis, nadyan wruh tujuning purug, baya ngekol kaliwat, yen selak theyol neng margi, luput-luput kepleset tibeng jujuring.

Рµρứђ ☻ 03

Aja limut mring bebasan, si getun tekane keri, lire yan sami kalenan, ngenak-enak saben hari, nora lawas sayekti, atine kalebon getun, naning piluh getuna, wus adoh kang den getuni, binurua playune wimbuh rekasa.

Рµρứђ ☻ 04

Marma ngong bebel wewarah, miliha kang mitulangi, nadyan wong liyan balaka, kang saguh tuduh ing margi, lamun wus den titeni, katon katalanipun, sedya rumekseng sira, becik pituruta sami, wus jamake tinulungan mring sasama.

Рµρứђ ☻ 05

Watake wong pagunungan, yen ana janma kang prapti, katon bingung tan wruh prenah, nuli enggal den tampani, wineruhken kothang-kathung, layak rada rineka, den engkol-engkol sathithik, mrih aweta melu mangan sangunira.

Рµρứђ ☻ 06

Duk ingsung nguni lalampah, munggah mring puncak merapi, mangkono nora prabeda, tinampan wong kaki-kaki, kojahe warni-warni, dhasar pinter anggalembuk, nggaremeng turut marga, tan pegat ngiming-ngimingi, saanane wijiling jurang myang arga.

Рµρứђ ☻ 07

Cucuwilan walirang bang, who polong lan rasuk angin, jare sawahe prayoga, mung saking den athik-athik, nanging munguhing mami, tan ana pinginipun, mung kelut piniluta, sun tuku lan mituwasi, kongsi suwe lagi tekang selakapa.

Рµρứђ ☻ 08

Nengkono tyasingsung ngrasa, lamun rada den akali, kyaine nora prasaja, panuntune kanthi pamrih, katujune inguni, rada kandel sanguningsun, sun oso sawatara, kyaine kareseng ati, nora suwe wus ngancik puncaking arga.

Рµρứђ ☻ 09

Enggar karenana tyasing wang, mulat lalangening ardi, nedya rerem sawetara, ing bating ngiras nenetepi, kyaine duk udani, lamun wus krasa tyasingpun, miwah wus wruh ing marga, samana tininggal mulih, mung sinungan pamuji arjaning sedya.

Рµρứђ ☻ 10

Iku watake wong liyan, nadyang arsa mitulungi, pamrihe dinokok ngarsa, nisil sangu urut margi, marmane nyawa lali, sajrone samya lalaku, ing batin den wiweka, aja keh den pingini, yen kalenan ludhis sisil kewala.

Рµρứђ ☻ 11

Ngendi kang arsa sinedya, wawasen pamahireki, yen tinuntun kudu minta, margane mring enggal prapti, lir lakuningsun nguni, dupi tumekeng paran, tur tuwuh wiweka manis, tan pangiran marmane tininggal nulya.

Рµρứђ ☻ 12

Pedah apa tinunggonan, den pepenginan nora keni, iku pra lambanging lampah, ngong gelar minangka tamsil, mung kadohan sathithik, pathine lamun ginilut, lete yekti karasa, paran kakarepan mami, pamedhare badhaenan mangsa bodhoa.

Рµρứђ ☻ 13

Mbaleni tembung balaka, kadi wuwus ingong ngarsi, aja kakehan cangkriman, ambibingung raywa lit, mangkya anuntun, menetah ing satitah, bretehe mangkene iki, karep rukun iku pangareping sedya.

Рµρứђ ☻ 14

Naging aja kaya bocah, inconeden rukuni, kang ora icon jinothak, iku ngong ora ngrujuki, lire wus kang kaeksi, yen ana kang durung mlebu, gegebenganing warga, teka padha den panasi, tarkadhangan yen kacenthok pinilara.

Рµρứђ ☻ 15

Iku kang luput kaliwat, mung saking durung pinikir, yen ginagas ngendi ana, wong nora kepingin becik, lan nora dhemen luwih,

Tekan utamaning laku, nggone durung kalakyan, saking kapesaning dhiri, nanging mokal yen milih kang sarwa ala.

Рµρứђ ☻ 16

Nadyan kang laku durjana, pasthi wis weruh pribadi, selehe salahing solah, mulane nuli andhelik, dene denya nglakoni, mung kudu nambeli butuh, destun tetep ingaran, apesane kaworan lali, yen elingan mboya milalu palastra.

Рµρứђ ☻ 17

Lire iling pan mangkana, weruh parluning ngaurip, mung becik kang den upaya, karana tan wurung mati, pagene laku maling, mitenah sameng tumuwuh, dosane tri prakara, dhingin alane pribadi, kapindhone maweh susahing sasama.

Рµρứђ ☻ 18

Ping telu nora rumeksa, marang gadhuhaning Widhi, den ajak laku durjana, garumutan saben ratri, iku luput kapati, ngasoraken titipanipun, sawiyah aiya-aiya, ing benjang tekaning janji, nora wurung dadi intiping naraka.

Рµρứђ ☻ 19

Panggelaringsun mangkana, mung kinrya tandha saksi, yen yektine nora ana, wong tan kepingin utami, nggone durung umanjaning, mring warga kang mrih rahayu, mung lali lan kapesan, marma aja den cecengil, mung elingna ajaken ngankah utami.

Рµρứђ ☻ 20

Wusing dadi rurukunan, gumolong anunggal budi, iku deging kasantosan, karosone nggegirisi, apa kang den karepi, kalakone sasat tamtu, mulane kudu mulat, elinga wus nunggal budi, rusak siji rusak bareng sanalika.

Рµρứђ ☻ 21

Iku kang tansah ngong rasa, dadi sumelaging ati, begja yen tumekeng enak, yaiku kang sun pupuji, kepengin melu mukti, mung kari kendhangan dhengkul, dhuh Hyang Mahakuwasa, kang sipat murah lan asih, angarsakna titahe tibeng raharja.

Рµρứђ ☻ 22

Kabacut lacutting ucap, pancene wus ciriwanci, lir menco ngoceh micara, clewa-clewo kapiyarsi, yen karengeng rarywa lit, baya ta den ewul-ewul, lir tikus munggah paga, iku parikane sami, ra rumangsa nora pecus kok micara.

Рµρứђ ☻ 23

Nanging ta tyasingsun meksa, saking kudu ngunguruni, karana yen nora awas, tiwas ala nora olih, lir wong memet neng lali, aja butheg toyanipun, mung minane den kena, mengkono kang nong pengini, nora gupak nanging antuk ngepes iwak.

Рµρứђ ☻ 24

Iku kang kudu rinasa, binudi ing rina wengi, kapriye prayoganira, supaya tekan tumuli, nanging mungguh ing mami, bodhon-bodhon tambel butuh, yen tumpraping akathah, aja kadonan pambudi, manungkula taberi anambut karya.

Рµρứђ ☻ 25

Jer sakehing pangawalian, ana tumprape pribadi, upamane pra sarjana, kang putus marang sastra di, lan siswa kang wus mijil, saking pamulangan luhur, lan coba takonana, apa ndadak bisa ngarit, dinadara drijine buntuk sakala.

Рµρứђ ☻ 26

Marma aja kliru tampa, kasusu ngran-arani, sawijining kapinteran, kinara perlu ngluwihi, iku pandurung pasthi, aja mlepes amalupuh, kabeh kanggo ing karya, lamun wong ngingu turanggi, pasthi sira wong ngarit kang pinilala.

Рµρứђ ☻ 27

Beda lawan pra sujana, kang kudu anjana langit, lan mabur ngideri jagad, iku pancen wus pinasthi, saking karsaning Widhi, dadi las-lasing tumuwuh, nanging ta nora susah, kabeh-kabeh anglakoni, ngong narima ngrungu lan nyawang kewala.

Рµρứђ ☻ 28

Destun meling mring kang bisa, basane wong ngatas angin, poma aja kongsi tinggal, marang basamu pribadi, upama mburu sili, aja nguculake kutuk, yen siranora wikan, surasaning basa jawi, lamun arsa nununtun mangsa bisaa.

Рµρứђ ☻ 29

Dadi kapinteranira, mung sira anggo pribadi, nora asung tetempilan, marang bangsanira sami, nrima enak ndheweki, yen mangkono kurang parlu, tan mikir mring ngakathah, gampang wong urip pribadi, nora susah rinembung sakehing janma.

Рµρứђ ☻ 30

Lire sira sumurupa, mulane sira pinuruih, anggayuh mring kapinteran, manawa ing tembe dadi, bisa ngemong ngayomi, mring sagung kang sira wengku, ngegungna tepa-tepa, tutunen tuwuhing ati, mrih tumrontong rada padhang sawatora.

Рµρứђ ☻ 31

Lan aja pisan mentala, meres kringete wong cilik, prentahen kang duga-duga, kuwate padha nglakoni, miwah bisaa tampi, pituwas kang rada kurup, kena ginawe tadhah, nguripi mring anak rabi, aja sira mung mikir kanthong priyangga.

Рµρứђ ☻ 32

Nadyan wong cilik balaka, aja sira ceri-ceri, sapantese ajenana, jer aran padhaning janmi, yen sira bakal lali, mung eling marang awakmu, dadine nora beda biyen tangga kang ngguntingi, ing samengko cinukur kanca priyangga.

Рµρứђ ☻ 33

Iku ucaping ngakathah, sung penget mring pra winasis, yen kongsilimut ing cipta, pasthi padha den suraki, dene kang wus linuwih, mring wong cilik mung mumuruk, aja kakehan polah, kapengin kang luwih-luwih, angger bisa urip tentrem wus prayoga.

Рµρứђ ☻ 34

Luwih maneh wong padesan, tan susah anjaring angina, mung ngaraha rada mayar, pikulane saben ari, bisa ngaso sathithik, lan suda kapaling punuk, miwah anthuk pituwas, kang kurup sayahing dhiri, dimen bisa mangan kang rada mirasa.

Рµρứђ ☻ 35

Miwah duwea simpenan, pangganggo kang rada resik, saben selaning gaweyan, garu maluku lan dhangir, ulihe aja kongsi, leatari galupurut endhut, sawusing awak-awak, salina macak sathithik, bisa sanja golek seneng sawatara.

Рµρứђ ☻ 36

Dene kang mangka sarana, tan liyan saking taberi, ngolah tegal sawahira, lawan patrap kang patitis, ingsun ngancer-anceri, mung amek kango ran baku, lire mung arsa medhar, patrap pananduring pari, jer punika kang dadi bakuning boga.

Рµρứђ ☻ 37

Yeku panggaraping sawah, kudu den rampungken dhingin, dimen rerem sawatara, nora selak den tanduri, mrih rurungkudhing siti, kang mentas keneng waluku, wus luluh wor ing lemah, muwuhirabuk lan lemi, yen kasusu sawahe nora prayoga.

Рµρứђ ☻ 38

Wit rusaking rurungkudan, lagi wiwit ambosaki, ngemu panas mawa ama, yen kasusu den tanduri, tandure yekti gering, sundepen ghodhonge alum, lan abang pucuk sulang, yen ilang segering wiji, menthek suka tekane nusul kewala.

Рµρứђ ☻ 39

Liyan pangolahing lemah, parlu yen mikira wiji, olehe kang seger waras, iku kang perlu ngluwihi, yen wijine tan becik, saking endi dennya ngukup, wetuning wewulenan, nara liyan saking wiji, parlakona aja ngira ngarah apa.

Рµρứђ ☻ 40

Kedhokaning pawinihan, yen wus ginarap kang becik, lan tilasing rurukudan, wus dadi lemah lan lemi, ginula-nula nuli, kang sadhepa ambanepun, dawane telung dhepa, mrih gampang yen den sebari,wus mangkana nuli leren kang warata.

Рµρứђ ☻ 41

Pirantine kang prayogi, gadebog lan pring kang gilig, pamrihe papan warata, den eleb kacakan sami, yen arep den sebari, kang sedengan telesipun, mrih gabahe kreteta, aja mablas maring siti, duga-uga aneng blabage prinyangga.

Рµρứђ ☻ 42

Dene panggarape gabah, kang arsa den anggo wiji, aneng tampah tinapenan, ingkang gabug den ilangi, tumuli den enteri, kang enteng amrih ngalumpuk, jupuken dhewekena, pinangan wae prayogi, yen sinebar kurang seger tuwuhira.

Рµρứђ ☻ 43

Gabah kang wis pipilihan, mentes antep den wadhahi, neng tengok nuli pamahna, kang kekum ing banyu mili, yen ora ana kali, mung banyu seger wus cukup, lawase winatar, telung dina telung bengi, yen sinebar meh malethek thukulira.

Рµρứђ ☻ 44

Nanging yen wus telung dina, tengoke den etus dhingin, penyebare kang warata, aja kongsi tuympang tindih, rada wong sathithik, luwih becik tuwuhipun, takare yen sagulan, gabahe setengah kati, lamun turah kang karangen wuwuhana.

Рµρứђ ☻ 45

Nanging poma elinga, aja kekerepen kongsi, yen kakehen gabahira, nora turung tumpang tindih, tembe tuwuhing wiji, kang becik mung dalemok cung, sabanjure mangkana, tumeka tuwaning pari, nora bareng salong kasep panenira.

Рµρứђ ☻ 46

Sawusing wiji sinebar, wuwurane awu nuli, wratakna aneng gadhangan, keh sitheke kang nyukupi, tinimbang kehing wiji, watara tikel sepuluh, nuli leben ing toya, mrih umes telesing siti, yen wijine wis melethek nuli den satna.

Рµρứђ ☻ 47

Suwene kinira-kira, aja baceg aja garing, sabanjure gigiliran, mrih ajeg umes lastari, nurut wataking siti, mawa-mawa nora tamtu, kongsi tumekeng mangsa, bakal pandadaring wiji, iku uga tangguhen aja sembrana.

Рµρứђ ☻ 48

Watarane pirang ndina, sedhenge umuring wiji, kang rujuk jodhoning lemah, kudu nyoba den titeni, lamun wus ndungkap wanci, mangsane arsa dhinaut, eleben kang prayoga, mrih empuk rabuking siti, yen dhinaut ora tugel oyote.

Рµρứђ ☻ 49

Yen amrih resiking lemah, aja sinabetken sikil, uruten wirih kewala, nuli cinelup neng warih, miwah dennya naleni, aja pati seru-seru, reskanen aja rusak, kehe takeraning wiji, yen sabau sakati gabah watara.

Рµρứђ ☻ 50

Yen tandur kang gabah rada arang, let sakilan wus nyukupi, uger wijine prayoga, lan aja dhoyong kapati, yen kekerepen wiji, nora akeh anakipun, wulene malah suda, lah apa padahe dadi, babasane wuwuh bandha suda rega.

Рµρứђ ☻ 51

Lawan yen dhoyong kaliwat, wulune pancer katindhih, kalah lan wulen soglangan, iku luwih mitunani, lamun padha nastiti, temen miturut pitutur, abad kang kalampahan, tinemune makolehi, Insya Allah kameton kalising ama.

Рµρứђ ☻ 52

Iku pangrekaning swah, kang lumrah kena pinikir, aja mung ngugemi kojah, kang durung den sumurupi, nadyan ta ana yekti, takon kang luwih lembut, yen durung kanyataan, aja banget den wedeni, gugon tuhon sathithik rada ungkuma.

P A N G K U R

Рµρứђ ☻ 01

Kajaba kang wus kawedhar, gigon tuhon akeh kang mitunani, anut kaul ela-ela, slametan saben dhina, yen kakehan yektine nora pakantuk, tiwas ngeceh-eceh tadhah, bandha bau saben ari. Ujude kurang tumanja nora kaya ulah slameting ati, iku kang luwih pakanthuk, nadyan ora kondangan, lamun padha salamet atine mulus, wus antuk berkahing suksma, pasthi padha den ayomi.

Рµρứђ ☻ 02

Nadyan silih sidhekaha, lamun ora lawan eklasing ati, arane ning isin mundur, kudu weweh-wewehan, weh rekasa kang kapeksan melu-melu, kelu ambyoke kang bisa, kang compleng ambrebes mili.

Рµρứђ ☻ 03

Malah kebalik balaka, kang sinedyakudu amrih utami, nanging nora kuwatipun, apesemung duwea, arit bendho kang landhep lan linggis pacul, yen becik gagamanira, nununtun karep taberi.

Рµρứђ ☻ 04

Lamun ngingu rajakay, den abecik nggone padha ngopeni, saben amek gawenipun, nganggoa tepa-tepa, rajakaya iya titah lir sireku, lamun sira tanpa tepa, milara kurang ngopeni.

Рµρứђ ☻ 05

Kewane anggresah uga, weh wewelak wilalat mring sireki, lawan yen kongsi kapasuk, korut saking rekasa, temah lara saben ari saya kuru, sapa kang keneng pituna, liyane sira pribadi.

Рµρứђ ☻ 06

Sakeh kang darbe sasanggan, nora kena sinramalkaken sami, luwih maneh adol lempung, lan pari durung mangsa, nadyan adol adegan nora pakantuk, kalebu wong nggesa mangsa, maweh rekasa ing wuri.

Рµρứђ ☻ 07

Nadyan adol gegdhengan, lanbadhulan kabeh kurang prayogi, baike padha tinutu, dolen wus dadi beras, pakolehe antuk ninggal dhedhak katul, ngayemi aneng padesan, dadi gajuling rijeki.

Рµρứђ ☻ 08

Tinimbang buruh mring liyan, anggarapa darbekira pribadi, neng omah denira nutu, iya untuk pituwas, menir agal liniwet dhewe pakanthuk, kecere nora jinarang, mring pitik iwen nglemoni.

Рµρứђ ☻ 09

Mulane samektanana, angingua bebek ayam kinardi, nadhahi gogroganipun, yen kurang kang pinangan, nora sambat mung sasaba luru-luru, den eling padha parlokna, ingon-ingon aja sepi.

Рµρứђ ☻ 10

Muwuhi regenging desa, yen mangsane wus ngendhong saben ari, sapa kang sinungan lawuh, tarkadhang salong kena, sira cangking neng pasar kinarya buwuh, saat batin uga-uga, angrewangi rambut kardi.

Рµρứђ ☻ 11

Ana maneh buwuh tadhah, yen jro desa katrajang kalen mili, gawe suwakan pakantuk, saben pasar wus kena, sinambetken ing bocah pasthi gumrudug, melik mulih oleh iwak, tru antuk sukaning ati.

Рµρứђ ☻ 12

Yen ginawe pangagguran, nyuwekane suwakan cilik-cilik, yen surup den ipuk-ipuk, dhingin pyuarana dhedhak, sawatara yen ana iwak malebu, adhangana senik wong, ginobyak iwake keni.

Рµρứђ ☻ 13

Lawon gawea wiyasa, kang prayoga pinangsang wayah bengi, tetelik kalaning welut, cangkringan maring sawah, sinambia sembari ngingrih banyu, dimen kopen tan kapiran, tur ngiras nganglang ing wengi.

Рµρứђ ☻ 14

Reweke nora sapira, pura bara narik renaming ati, pakolahe loro telu, tur menek kabeneran, nujuoleh plihe wus nyangking lawuh, upama sun neng padesaan, iku rada sun miliki.

Рµρứђ ☻ 15

Reskanen sakeh wowohan, den telaten ngenteni tekeng wanci, yen gedhang kang nganti suluh, krambil kang kongsi kocak, aja pisan dhemen ngundhuh denganipun, ing mburi krambile rusak, mateni awak pribadi.

Рµρứђ ☻ 16

Ngungundhuh kang durung mangsa, yen rinasa padha katuanan sami, tunane kasusu ngundhuh, saking sudane rega, tinimbangan pitunane wong kang kuku, yen pinangan ora enak, tarkadhang malah ngalarani.

Рµρứђ ☻ 17

Nadyan enak rujak degan, mung dolanan dudu bakuning bukti, mulane aja kasusu, kanggone yen wus tuwa, nora nyatur yen nuju ginawe jamu, iku aran mangsa kala, nora dadi ngapa yekti.

Рµρứђ ☻ 18

Yeno adol lotis lan rujak, maweh lara ngiras ngamani kitri, rinontok kakehan tlutuh, ing mburi nuli rusak, tan kalalen ingsun nglilasi bijomu, yen ngidham-ngidham kawaron, nglotisa dhewe aspiring.

Рµρứђ ☻ 19

Nadyan si rong piring pisan, mangsa ndadak entek pelem sauwit, mung nuruti wong kemayu, rusake alise jwa kongsi putung, upama sun larangana, nora wurung den seriki.

Рµρứђ ☻ 20

Mbok nganten katone lantap, nora kena pinambeng maleroki, sathitik edhang ya mbakyu, ingsun ngereksa padesan, nadyan epring aja kongsi den barubuh, antinen lamun wus pendhak, kajaba yen kanggo tali.

Рµρứђ ☻ 21

Sakeh wayanganing desa, kang tetela nora nipkahi, prayoga tegoren gupuh, salinana kang nipkah, ing papager ulurana klentheng randhu, urut watesing pomahan, kanggo uger-uger benjing.

Рµρứђ ☻ 22

Kapuke kalap kaliwat, luwih saking dhadhap jarak lan metir, rangkepana tela gantung, nadyan nganti atusan, abot apa yen ngelepeh isi tinandur, ngulure nora rekasa, yen awoh sasat mamangsih.

Рµρứђ ☻ 23

Ganeping prabot padesaan, amiliha kang dadi dhukun bayi, patulunge luwih parlu, yen ana wong carandha, kang wus tuwa lan kang akeh anakipun, nadyan sabusuka neya, kulina ngopeni bayi.

Рµρứђ ☻ 24

Tunggale kang perlu uga, kudu duwe kaum kang rada becik, pira bara aran cukup, bisa nyambi mumulang, pakolehe luwung-luwung anuntun, payenggah laku maksiat, adhakan nentrmken ati.

Рµρứђ ☻ 25

Amrih asrining padesaan, papagere kudu dipun parsudi, galengan kang jejer lurung,becik kang rada amba, pira bara yen jembar sadhepa kacung, wong mikul bisa petukhan.

Рµρứђ ☻ 26

Wekasan mbaleni ujar, gedhe cilik kudu rukun lan adil, tegese kang tiba ndhuwur, ngemonggo kalerahan, yen marentah aja ladakgrusa-grusu, wong cilik budine cekak, yenkliru surup drawasi.

Рµρứђ ☻ 27

Kosok baline mangkana, ingkang ngisor kudhu miturut sami, yen wus bener prentahipun, tuli lakonana, nanging lamun ora adil denya mengku, becik lapurna kewala, pasthi nuli den adili.

Рµρứђ ☻ 28

Sigeg nggonipun micara, anunutun kanca padesan sami, samono iku yen mathuk, tan ewuh linakonan, yen orane jupuken jejering parlu, rukune ingkang den arah, mrih slamet cukup lan becik.

Рµρứђ ☻ 29

Samangko salin babagan, mrih majuning kriya lan laku grami, naging pamedaharing wuwus, nora susah ginancar, kang amoncer ricikane kongsi nggalur, kadi nggoningsun micara, carane wong ulah tani.

Рµρứђ ☻ 30

Karana pamikiring wang, sumebaring kriya lan para grami, tan patya keh ananipun, yen tinimbang kalawan, gumelaring kang ulah tani sadarum, tur ananing wong padesaan, akeh kang katunan budi.

Рµρứђ ☻ 31

Beda lawan pra nangkoda, miwah kriya samya darbe pagarti, yen miredkang wus kadulu, kabeh kang dadi kriya, mung sarana nunulad nora sinau, prandene katon tumindak, tarkadhang wus rada wegig.

Рµρứђ ☻ 32

Iku minangka pratandha, lamu padha mempan budine minter, mamane pantes binatu, mrih majuning pakaryan, lamun kena rembugana dimen kumpul, kang mikir sakehing reka, pra warga kang ahli budi.

Рµρứђ ☻ 33

Sarana mired nunulad, pirantining kriya ngamanca nagri, lamun maksih kurang kawruh, becik nuli miliha, ingkang limpad patahen dimen ngguguru, ngupaya kawruhing liyan, waragade den uruni.

Рµρứђ ☻ 34

Ing benjang yen wus sampurna, pangarwruhe pinencaraken nuli, mrih lulus bisane maju, aja mung tanpa mundhak, sakeh kudhi udhag-udheg tekan empluk, kapinina liyan bangsa, kang bisa ambakar beling.

Рµρứђ ☻ 35

Tan liya bakale lemah, nora kurang ing jagad kebak siti, dadine mung saking kawruh, iku udinen samya, yen wus ngong kukudang, anakanung ngluluwihi.

Рµρứђ ☻ 36

Kabeh-kabeh nora beda, marsudia kaundhakane sami, upama kang tukang nenun, iku kudu ngaraha, nganthi lawe kang putihe kongsi mencur, pira bara nuli bisa, niniru anenun mori.

Рµρứђ ☻ 37

Nadyan durung warna-warna, loro iku kang banget ngong pingini, baya wus sewu pitulung, kanggo neng jagad jawa, yen pinentang bathine maewu-ewe, karana tekaning tadhah, wus tanpa wragad neng margi.

Рµρứђ ☻ 38

Lawan adegining pakaryan, mung ginarap kadang warga pribadi, wiwit nandur wijinipun, tekan dadi tenunan, kang anggarap uga wong maewu-ewu, kabeh bakal kawaratan, antuk pangaweyan sami.

Рµρứђ ☻ 39

Wekasane wuwus ingwang, asung rembug kang padha laku gremi, sudagar lan liyanipun, wajib nyantosanana, mring pra kriya rewangana urun-urun, pamrayoga lan wragad, mrih mragang bisa ngadani.

Рµρứђ ☻ 40

Lir barange wong ngamanca, tinuladha aja mandheg kepingin, yen padha kenceng ing gayuh, pa gene nora bisa, santosakna kalawan tulung tinulung, sakasarekira-kira, ingkang nora ngereksani.

Рµρứђ ☻ 41

Upamane kalampahan, nora lawas urune pasthi pulih, malah mulih tikel gulung, lire lamun wus bisa, nara susah kukulak mring liyanipun, lah pira sadaning wragad, kang adapat ilang neng margi.

Рµρứђ ☻ 42

Sadurunge kalampahan, mung ngaraha rukun kulak pribadi, sanajan ingkang kalaku, wus akeh bathinira, nangiran kurang jembar jangkahipun, pa gene teka narima, binatheanan turut margi.

Рµρứђ ☻ 43

Upama wong angambil toya, yen cinidhuk maring sumber pribadi, tekaning don makasih wutuh, kurup kangelanira, yen narima mung nadhai uruh-uruh, ilang nelesi kalenan, sinesep telaning siti.

Рµρứђ ☻ 44

Sanajan maksih bathia, among mikir cukupira pribadi, yen kulak mring pokokipun, suda wragading sinjang, sira edol roda mayar reganipun, iku gedhening mupangat, kang mayar wong pirang kethi.

Рµρứђ ☻ 45

Siged pangelaring kata, mrih tetela talese sun baleni, ingkang dhingin kudu rukun, lawan adil sarasa, den ajujur mring wajib ajangka maju, wujude ingkang jinangkah, majune wong among tamu.

Рµρứђ ☻ 46

Kapindho majuning kriya, pring telune majuning laku grami, yeku kadi kang kasebut, jro pakem padhalangan, lalakone nagara kang panjang punjung, tata tentrem karta arja, gemah ripah loh jinawi.

Рµρứђ ☻ 47

Wewengkuning karukunan, mrih rahayu yogyane den tumpangi, ngawruhana sarakipun, Gusti Njeng Nabi duta, kang rinasul ing bawana salallahu, wangalaihi wasalam, iku mingka tatali.

Рµρứђ ☻ 48

Wus katon obahing jagat, yeku tandha dadi parenging Widhi, baya parek kang kinayun, kawasa njunjung bangsa mung marsudi jujure kang sedya maju, tanapi pra tuduh marga, pama kang waspada eling.

Nuwun

By Mas Kumitir

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: