alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT CENTHINI JILID 1


 

 

PUPUH I

SINOM

01

Sri narpadmaja sudigbya, talathing nuswa Jawi, Surakarta Adiningrat, agnya ring kang wadu carik. Sutrasna kang kinanthi, mangun reh cariteng dangu, sanggyaning kawruh Jawa, ingimpun tinrap kakawin, mrih tan kemba karya dhangan kang miyarsa.

02

Lajere kanang carita, laksananing Jayengresmi, ya Seh adi Amongraga, atmajeng Jeng Sunan Giri, kontap janma linuwih, oliya wali mujedub, paparenganing jaman, Jeng Sultan Agung Mantawis, tinengran srat kang Susuluk Tambangraras.

03

Karsaning kang narpaputra, baboning pangwikan Jawi, jinereng dadya carita, sampating karsa marengi, nemlikur Sabtu Paing, lek Mukaram wewarseku, Mrakeh Hyang Surenggana, Bathara Yama dewa ri, Amawulu Wogan Suajag sumengka.

04

Pancasudaning Satriya, wibawa lakuning geni, windu Adi ansa Sapta, sangkala angkaning warsi. Paksa sudi sabda ji, ringkang pinurwa ing kidung, duk kraton Majalengka, Sri Brawijaya mungkasi, wonten maolana sangking nagri Juddah

05

Panengran Seh Walilanang, praptanira tanah Jawi, kang jinujug Ngampeldenta, pinnggih sang maha resi, araraosan ngelmi, sarak sarengat Jeng Rosul, nanging tan ngantya lama, linggar saking Ngampelgadhing, ngidul ngetan anjog nagri Balambangan.

06

Lereh dhusun Purwasata, raja Balambangan nagri, putrannya estri sajuga, ing warna tuhu linuwih, sedheng mepek birahi, kataman gerah sang ayu, madal sakeh usada, sang nata agung prihatin, kyana patih Samboja sowan mangarsa.

07

Pukulun amba tur wikan, wonten molana ngajawi, kakasih Seh Walilanang, sangking ing Juddah nagari, ing Purwasata kampir, yen pinareng tyan pukulun, prayoga ingaturan, manawi karsa sang yogi, sung usada gerahe putra narendra

08

Mangkana dupi miyarsa, aturing sang nindyamantri, langkung kapareng in driya, nulya utusing ngaturi, sapraptaning jro puri, sang nata gupuh amethuk, riwusnya tata lenggah, miwah katuran pambagi, amedharken kang dadnya rentengin driya.

09

Seh Walilanang wus sagah, nulya ingusadan aglis, gerahe sang putri mulya, ramebu sukanya ngenting, karsanya narapati, Seh Wali pinundhut mantu, ing karya tan winarna, dennira amangun kardi, atut runtut lir mimi lawan mintuna.

10

Wus lami neng Balambangan, Seh Wali matur sang aji, kinen santun agamEslam, sarengat Nabi sinelir, nata tan mituruti, seh cuweng tyas lolos dalu, kesah maring Malaka, garwa tinilar (ng)garbini, sang retna yu sakalangkung kawlasarsa.

11

Sapengkere sang pandhita, pangering agung (n)dhatengi, kawula kathah kang pejah, benduning sri narapati, maring rekyana patih, den lungsur darajadipun, ki Samboja sru merang, kesah maring Majapahit, anyuwita Sang Aprabu Brawijaya.

12

Kaanggep tur kinasiyan, tinandur aneng in Giri, nahan tan antara lama, Ki Samboja angemasi, pinetak Giru ugi, sadaya tilaranipun, lastantun ingkang garwa, kaceluk Nyi Randha Sugih, angluwihi samoaning wong dedagang.

13

Mangsuli ing Blambangan, rajaputri kang (ng)garbini, wus ambabar mijil priya, warnanya kalangkung pekik, karsanira sang aji, linabuh mring samudra gung, sinadhahan gendhaga, sawuse aneng jaladri, gya ingalap juragan kang lagya layar.

14

Binuka ingkang gendhaga, isi jabang bayi pekik, ingaturken mring nyi randha, langkung trustanireng galih, dhasar datan sisiwi, mila sihira kalangkung, lir putra (ng)gennya yoga, sinung aran Santrigiri, sawusira yuswa kalih welas warsa.

15

Nyi randha lon ngandika, dhuh kulup sira wus wanci, pisah lawan raganingwan, aywa kulineng gegramin, becik ngupaya ngelmi, sarengan Jeng Nabi Rosul, kene ana pandhita parab Sunan Nganpelgadhing, Surapringga prayoga kawulanana.

16

Sawulange Sang Pandhita, pitutuhen lair batin, poma kaki ywa pepeka, cinekak cariyosneki, Santrigiri wus manjing, nyakabat mring jeng sinuhun, siyang dalu tan pisah, lan putra ing Ngampelgadhing, kan sinuhun ran ingkang rama Santri Bonang.

17

Tulus dennira kakandan, tan ana salayeng kapti, pangaose wus widagda, sampurna sakehing ngelmi, karsanya rarywa kalih ayun kesah angelangut, ngaos mring nagri Mekah, mancal saking Ngampelgadhing. nitih palwa labuh jangkar neng Malaka.

18

Kapanggih Seh Walilanang, datan samar ing salirang. kandheg neng nagri Malaka, maguru Seh Wali Siding, sawusing (n)tuk sawarsi, sadyanira rajasunu, dumugekaken karsa, lajeng mring Mekah nagari. Walilanang sakalangkung datan rembag.

19

Kinon wansul ing ngajawa, maring wukir Ngampilgadhing, sarta pinaringan jungkat, kalawan jubah kulambi, nahan ta santrigiri, sampun sinungan jujuluk, nengih Prabu Setmata, Santribonang sinun nami, Prabu Nyakrakusuma Susunan Bonang.

20

Nulya bidhal angajawa, wangsul maring Ngampelgadhing, pinanggih sang maha tapa, wus katur sasolahneki, sang resi ngandika ris, kawruhanta iku kulup, Seh Walilanang Mlaka, mitrungsun saeka kapti, ing pangawruh lair batin tan sulaya.

21

Lah jebeng siryo muliya, maring ing ngarameng Giri, kawruhhanamu renanta, ing samengko nandhang sakit, tumekeng ngajalneki, mung nganti tekamu kulup, renanta yen palastra, kuburen aneng ing Giri, tunggalena kalawan sudarmanira.

22

Lawan sunideni sira, jumeneng Susunan Giri, jujuluk Prabu Sermata, tembe ing sapungkur mami, sira ingkang (m)bawani, jumeneng wali linuhung, sinuhun sak-rat Jawa, kabeh padha welas asih, kalengkengrat sinebut raja pandhita.

23

Nanging ywa kaliru tanpa, dudu ratu mangku nagri, sira wus tan kakilapan, obah osik donya ngakir, wus cukup wekas mami, Sunan Giri nembah nuhun, anulya ngraup pada, lengser saking Ngampelgadhing, tanpa kanthi gancangin cariyos prapta.

PUPUH II

K I N A N T H I

01

Ing Giri apan wus tundhuk, kang ibu grahe ngranuhi, rinubung sakeh juragan, rawuhe Jeng Sunan Giri, karamating waliyolah, kan ibu dipunperiki

02

Kagyat wungu nulya ngrangkul, kinuswa-kuswa kang siwi, waspa adres marawayan, sasambatnya melas-asih, dhuh lae atmajaningwang, kang dadya telenging ati.

03

Kurang sathitik katrucut, kulup tan menangi mami, nyawa dene teka lawas, (ng)goniro pruhita ngaji, lae-lae ora nyana, yen bisa katemu maning.

04

Mangkya guwayamu mancur, wenes mancorong nelahi, baya oleh kanugrahan, jeng sunan turira aris, ibu pangestu paduka wus katur sasolahneki.

05

Kang ibu suka kalangkung, kulup sampurnakna mami, umanjing agama islam, nulya sinadatken aglis, kalimah loro winejang, kang ibu padhang mampani.

06

Kulup wus padhang tyasingsun, datan sumelang ing ati, sira kariya raharja, tetepa (ng)gonmu mengkoni, batihmu para sudagar, isining asrameng Giri.

07

Tembe ing sapungkuringsun, sakehe dunyarta mami, sidhekahna kang warata, pekir miskin anak yatim, lawan tukokna amanat, kaji mring Mekah nagari.

08

Poma kulup wekasingsung, Ni Samboja nulya lalis, sawusira binersiyan, layon kinubur tinunggil, lan raka Kyai Samboja, ing mangkya titiyang Giri.

09

Lastantun pamundhinipun, ing gusti Jeng Sunan Giri, samya kapanjingan iman, nglampahi sarengat Nabi, ngibadah andarus Kur’an, kathah kang iyasa masjid.

10

Gemah arjane kalangkung, tan ana kang laku jati, samya cekap nyandhang mangan, adoh ingkang dadya miskin, tentrem ciptane raharja, wong ngamanca kathah prapti.

11

Kabanjur tan arsa mantuk, kalajeng wisma ing Giri, raja pandhita Setmana, jujuluk Sunan Giri, Gajah Kadhaton minulya, kawentar ing liya nagri.

12

Miwah wus pinundhut mantu, ing Suhunan Ngampelgadhing, dhinaupken lan putrinya, Nyai Ageng Ratu nami, atut dennya palakrama, lestantun ngantya sisiwi.

13

Wowolu estri myang jalu, Nyai Ageng angrumiyini, kondur maring rahmatolah, layon sumare anunggil, marasepuh estri priya, garwa putra gung prihatin.

14

Sigeg ganty kang winuwus, Brawijay Narapati, miring pawartos sanyata, ing mangkya Susunan Giri, linulutan sakeh janma, nungkul tan kalawan jurit.

15

Sang prabu utusan gupuh. Gajahmada kyana patih, kinen lumampah priyangga, mukul prang Giri Garesik, tan cinatur lampahira, wus prapta jajahan Giri.

16

Gegere kadya pinusus, kang katrajang samya ngili, minggah kadhaton Prawata, Jeng Sunan Giri marengi, anyerat manendhak Kur’an, kagyat miring suwaraning.

17

Tiyang alok mungsuh rawuh, sumedya ngrisak in Giri, kalam ingkang kagem nyerat, anulya binucal aglis, andodonga ing Pangeran, sinembah ing sakapti.

18

Kalam lajing dadya dhuwung, cumlorot ngamuk pribadi, pramadya ing Majalengka, kathah ingkang angemasi, sakantune kang palastra, pra samya lumayu (ng)gendring.

19

Mantuk marang Majalagnu, sawusira mengsah gusis, dhuwung wus wangsul privadya, sumeleh ing ngarsaneki, panyeratan sang pandhita, sarta akukathah getih.

20

Kagyat risan amanengkung, miyat dhuwung kuthah getih, dahat panalangsanira, dyan dodonga mring Hyang Widdhi, mugi Allah ngapuntena, solah amba ingkang sisip.

21

Sang pandhita ngandika rum, marang ing wadyanireki, kabeh padha piyarsakna, myang aneksenana sami, katgeki sun wehi aran, si Kalammunyeng prayogi.

22

Sakeh wadya saur manuk, wus samnya kalilan mulih, mring wismane sowang-sowang, lestantun asrameng Giri, jumenengnya Jeng Susunan, Pramu Setmana linuwih.

23

Gemah arjane kalangkung, saya wewah wadyaneki, tan ana kang kasangsaya, nahan wus antara lami, Sunan Giri nandhang gerah, kpareng praptaning takdir.

24

Kundur mring rahmatolahu, gumer tangis ing jro puri, wandu sandawa sungkawa, layon suwasing baresih, sinarekken nora tebah, sangking padalemaneki.

25

Sedanira tilar sunu, sadasa kakung lan putri, kang kalih sangking ampeyan, Pangran Pasirbata nengih, kalawan Siti Rohbayat, wowolu sangking pademi.

26

Kasebut Nyai Geng Ratu, putra sepuh sinung nami, Ratu Gedhe ing Kukusan, nulya Sunan Dalem nenggih, katrinira apanengran, Susuhunan Tegalwangi.

27

Catur Nyi Geng saluluhur, panca Sunan Kidul nenggih, Ratu Gedhe Saworasa, Sunan Kulon kang sumendhi, Sunan Waruju ragilnya, wau ta ingkang winardi.

28

Sasampunira pangubur, kumpul para wadya Giri, angrembag ingkang gumantya, mandhireng Susunan Giri, pra wadya wus golong rembag, Sunan Dalem kang gumanti.

29

Gya ingangkat ajujuluk, Sunan Giri kping kalih, Susunan Giri Kadhatyan, garwa kakalih pademi, tan mashur ing panjenengan, Jus Sunan wus prapteng jangji.

30

Kundur mring rahmatulahu, ugi sumare ing Giri, atilar putra sadasa, (m)bajeng Sunan Sedamargi, panenggaknya apeparab, Sunan Giri Prapen Adi.

31

Tri Nyi Geng Kuruganngurun, Nyi Geng Ngulakan kang Sukci, Pangran Lor Pangran Dheket sad. Pangran Bongkok nulya Nyai, Ageng Waru arinira, pangeran Bulu sumendhi.

32

Wragil Pangran Sedalaut, paripurna kang wus swargi, rembag kang yoga gumantya, kempal sakehe kan dasih, Sunan Parapen ingangkat, linuwih lir eyang swargi.

33

Mandhireng Giri Kandhatun, jujuluk maksih lestari, Sunan Giri Prapen dibya, suut kang wadya gung alit. kawentar ing liyan prja, tan pegat kadya ing nguni.

PUPUH III

M E G A T R U H

 

01

Ya ta wau sang parbu ing Majalangu, sampun amiyarsa warti, lamun Sunan Giri prabu, Setmana wus angemasi, mangkya wayahe gumantos.

02

Ajujuluk Sunan Prapen Giri luhung, lalajone kadya nguni, sang wiku tan arsa nungkul, marang nagri Majapahit, dadya sru bendu sang katong.

03

Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung, miwah kinanthem pra wiwi, angirid wadyabala gung, kinen ngrabaseng ing Giri, wus samapta nulya bodhol.

04

Sunan Prapen wus mireng badhe ginempur, mring sang prabu Majapait, wus budhal caraken prabu, kya patih myang rajasiwi, balane lir samodra rob.

05

Sunan Prapen sampun sanega ing pupuh, karsanira nanggulangi, mring carakeng Majalagu, tan dangu mengsah kaeksi, nulya pinapak prang popor.

06

Wadya Giri kasoran ing yudanipun, kathah ingkang nandang kanin, tanapi tumekang lampus, Sunan Prapen angoncati, sagarwa putra wus lolos.

07

Lajeng ngungsi maring sapinggirin laut, binasmenan kitha giri, sadaya wus dadya awu, rajabana denjarahi, rajaputra tindak alon.

08

Dhumateng ing astanira sang wiku, Sunan Giri kang wus swargi, ingkang rumeksa ing kubur, tyan kakalih samya dhengking, rawuhe sang priwira nom.

09

Para wadya dhinawuhan kinen (n)dhudhuk, gya tumandang sagung dasih, halate sang maha wiku, cihnaning wali linuwih, singa celak anggaloso.

10

Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus, kang kantun kalangkung giris, bramantya sang rajasunu, tumandang pribadi ajrih, merang lamun tan kalakon.

11

Dadnya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu, kinin angdhudhuk den aglis, binilaen yen tan purun, pasthi tumekeng in lalis, kinarya coban kris waos.

12

Tyang kakalih tan suwala nulnya (n)dhudhuk, dupi prapta blabak jati, tutuping tabelanipun, binuka saking sakedhik, nulya ana ingkang miyos.

13

Warni kombang tan petungan kathahipun, mabur ngebeki wiyati, maniyub lir langit rubuh, nembuh wadya Majapait, dennya naggulang pakewoh.

14

Pinarjaya tan keguh ngentub pikantuk, bingung wadya Majapait, ting bilulung rebut dhucung, dennira angungsi urip, seleh gagamaning pupoh.

15

Samya kuchung gedabikan kenen entub, sirah rapet ngroyok sikil, ngaruara sambat bingung, prapat nagri Majapait, kombang anglut datan kegoh.

16

Sang aprabu Brawijaya langkung gugup, tan kawawa nanggulangi, dadya tilar prajanipun, sawadya balanireki, gusis praja tan ana wong.

17

Nungsi tebih dupi kombang wrus wus suwung, wangsul mring nagrinya malih, siji tan ana kang kantun, sang aprabu Majapait, sawadya wangsul ngadhaton.

18

Aprasetya sang aprabu Majalangu, datan nedya malih-malih, nyiraka dhateng sang wiku, ngamungena ingkang uwis, ing tyas datan walangatos.

19

Kacariyos tyang kaling kang ngreksa kubur, kanugrahan mantu dhengkling, gagancangan lampahipun, anusul Jeng Sunan Giri, ingkang lagya amakuwon.

20

Kawlasarsa aneng satepining laut, tyang kalih marek tur uning, ing mangkya mengsah wus larut, jalaran tinempuh dening kombang ingkang mapak pupoh.

21

Mandhul-madhul palayune numbuk bentus, tilar gagamaning jurit, samya ngungsi gesang (n)jruntul, tan ana ingkang tinolih, swarane pating galembor.

22

Sampun katur ing purwa wasananipun, dalah waluyaning dhengkling, sang wiku kalangkung sukur, (d)dedonga marang Hyang Widdhi, rahayu ywa na pakewoh.

23

Nulya kundur tan cinatur laminipun, wus papirurna ing nguni, eca tyase para wadu, satengah ana kang kibir, sajeg tan na mungsuh rawoh.

24

Sunan Giri datan sama jangkanipun, lamun kraton Majapait, wus andungkap sirnanipun, jalarane sangking siwi, dyah Patah mijil karaos.

PUPUH VI

MIJIL

01

Santun sarengatira Jeng Nabi, Muhkammad kinaot, mila Kangjeng Sunan Giri Prapen, lajeng tedhak mring Demak nagari, kumpul lan pra wali, mukmin miwah jamhur.

02

Wusing bedhah nagri Majapait, mekrad sang akatong, jro kadhaton tan ana isine, Sunan Giri nyelani dadya ji, mung pat puluh ari, nenggih laminipun.

03

Anyarati supadi icaling, labeting karaton, ratu Budha gya jumeneng rajeng, musing antuk kawan dasa ari, Jeng Susunan Giri, masrahken kaprabun.

04

Maring Radyan Patah anampeni, wus jumeneng katong, aneng nagri Demak angrehake, ing rat Jawi Jeng susunan Giri, sarampungeng kardi, wus linilan kundur.

05

Sawusira risak Demak nagri, pindhah Pajang kraton, adipati Pajang kang mandhireng, mantu sultan Bintara mungkasi, ing Demak nagari, ngreh wadya sewagung.

06

Kangjeng sultan Pajang kang winarni, wusing madeg katong, karsa nyuwun idi mring Prapen, Kyai Ageng Mantaraman umiring, sagunging bupati, kebat tan na kantun.

07

Sultan Pajang sarawuhin Giri, kagyat ing tyas anon, pasanggrahan (m)banjeng aneng ngare, pra bupati kang samya sumiwi, ing Jeng Sunan Giri, pondhoke pinatut.

08

Sunan Prapen duk miyos tinangkil. Sulatan Pajang gupoh, asumewa sareng bupatya keh, lenggah jejer ngarsane sang resi, ingayap pra dasih, neng pungkuranipun.

09

Wusing pepak kang samya anangkil, sunan ngandika lon, jebeng Pajang di kapareng kene, sus alenggah caket lan sang resi, angandika aris, winor manis arum.

10

Putraningsun kang padha anangkil, ywa na walangatos, den narima marang ing papasthen, ing samengko ki Pajang dipati, ingsun wus ngideni, ing jumenengipun.

11

Sultan mengku ing Pajang nagari, sudibya kinaot, binanthara tan ana samine, babundhele ing satanah Jawi, kalipahing Widdhi, saru ajuluk.

12

Sultan Prawu Awijaya lewih, karsane Hyang Manon, neksenana pra sutengsun kabeh, atus paksi sakehing bupati, mangayubayani, dhawuhing sang wiku.

13

Nulya mundhut dhahar wus umijil, saking jro kedhaton, tinata ing pandhapa madyane, Sunan Prapen sultan Pajang tuwin, kang para bupati, wus bujanan kembul.

14

Sang pandhita angandika malih, dhuh pra siswaningong, sultan Pajang myang bupati kabeh, enggonira akekadang kaki, ywa salayeng budi, diatur arukun.

15

Raharjeng tyas sukur ing Hyang Widdhi, karsane Hyang Manon, ana kang tinitah dadi gedhe, ana kang tinitah dadi cilik, papasthening Widdhi, basane asnapun.

16

Datan luwih sun tetedheng Widdhi, anak putuningong, donya akir salameta kabih, kang sinabdan samya saur paksi, tutug dennya bukti, linorot mring wadu.

17

Sunan Giri tinarbukan Widdhi, waspadeng pangawroh, datan samar lalakon in tembe, ingkang tansah pinancer ing liring, Ki Ageng Mantawis, cahyannya umancur.

18

Angandika Jeng Susunan Giri, mring jeng sultan alon, jebeng Pajang lah ta sapa kae, baturmu kang mangan angereni, sapa araneki, kangjeng sultan matur.

19

Rencang amba patinggi Mantawis, nami karan enggon, angreh siti sadhomaskaryane, sang pandhita angandika malih, dhawuhana kaki, linggih jajar patut.

20

Lawan para siswengsun bupati, sandika kang kinon, Kyai Ageng Mantaram wus Jejer, heh sanggyaning siswengsun bupati, wruhanamu kaki, tutunne si kulup.

21

Kin Mantaram besuk wus pinasthi, angreh sakehe wong, ing satanah Jawa iki kabeh, nadyan Giri kene tempe ugi, ngidhep ing Mantawis, kyageng lajeng ngujung.

22

Konjen siti nenedha Hyang Widdhi, widadaning dhawoh, saha matur mring Sunan Parapen, sakalngkung sru nuwun kapundhi, lulusing sabda ji, tetepe kang wahyu.

23

Duh pukulun patikbra ngaturi, dhuwung wus mirantos, amung dadya pratandha yektine, sungkem amaba timbalan sang yogi, sunan ngandika ris, sun tarima kulup.

24

Nangin ingsun paringaken bali, apan kacariyos, samya resep pra dipati kabeh, aningali Ki Ageng Mantawis, raja pandhita di, gya mucung dhadawuh.

PUPUH V

P U C U N G

01

Lah ta kulup para bupati sadarum, ingsun iyasakna, talaga kang luwih adi, tur sandika pra wadya nulya tumandang.

02

Dhudhuk-dhudhuk tan pantara nuli rampung, dados kang talaga, luwih adi towa wening, gilar-gilar lir pendah kaca brenggala.

03

Wusing katur sinung ran Talagapatut, jeng sultan kalawan sagunging para bupati, wus linilan mring prajane sowang-sowang.

04

Tan cinatur nagri Pajang risakipun, pindhah ing Mantaram, ingkang jumeneng narpati, putranira nenggih Ki Ageng Mantaram.

05

Risam Sutawijaya jujulukipun, kanjeng Panembahan, Senapati ing Mantawis, lulus wirya gemah arja prajanira.

06

Panembahan Senapati ing Mantarum, ngyektekken wirayat, dhawuhe Susunan Giri, ing nalika sowannya jeng sultan pajang.

07

Panembahan Senapati nulya ngutus, abdi kinen sowan, maring Giri kanthi tulis, prapteng Giri sang wiku lagya sineba.

08

Serat katur tamating pamaosipun, mesem angandika, heh caraka ing Mantawis, pakenira matura Ki Senapatya.

09

Lamun ayun nyatakken wirayatingsung, gustimu turana, nglurung maring bang-wetan nuli, wus pinasthi karsane Allah Tangala.

10

Lamun ratu Mantaram ing tembenipun, ngrata tanah Jawa, sanadyan ing Giri iki, uga teluk marang in nagri Mantaram.

11

Lokilmakpun tan kena owah sarambut, jamane walikan, kawula dumadya gusti, ingkang gusti sayekti dadi kawula.

12

Pratandhane wus katon Pajang Mantarum, iku dadya cihna utusan wus nyuwun pamit, mantuk marang Mantaram agegancangan.

13

Wus sumiwi ing ngabyantara sang prabu, wus katur sadaya, welnga Jeng Sunan Giri, tan pantara lami sri nata Mantaram.

14

Bidhal nglurug mring bang-wetan kang jinujug, ing nagari Japan, sagunging para bupati, ing bang-wetan wus kumpul aneng ing Japan.

15

Kacariyos ing Giri sang maha wiku, wus miyarsa warta, lamun sang prabu Mantawis, ngepung Japan para bupati bang-wetan.

16

Pacak baris tutulung paguting pupuh, Jeng Sunan ing Arga utusan akanthi tulis, tyang sadasa gegancangan marang Japan.

17

Praptanipun ing Japan nulya kinampul, wong agung Mantaram, myang bang-wetan pra bupati, wusing pepak duta Giri aturira.

18

Dhuh wong agung Mantaram saha wong agun, bang-wetan sadaya, lambah kawula tinuding, ing Jeng Sunan Giri akanthi nawala.

19

Ulun waos pribadi mring terangipun, sami kapyarsakna, suraose kanang tulis, dateng Giri manengah maos nawala.

20

Layangingsun Jeng Sunan Giri dhumawuh, marang putraningwang, Senapati ing Mantawis, lan mring putraningsun Pangran Surabaya.

21

Liring layang (ng)gonira ayung prang pupuh. rebut panjenengan, ingsung pan ora nglilani, krana bakal keh pepati tan prayoga.

22

Tembe lamun ana karsane Hyang Agung, pamiyaking Sukma. andhap luhur wus pinasthi, pan tinemu ing samengko durung mangsa.

23

Balik padha nganggoa budi rahayu, lestari kekadang, sun asung babasan kaki, wadhah lawan isi endi piniliya.

24

Sung ideni salah siji pamilihmu, isi apa wadhah, sawusira samya milih, prajanjya setnya susetyaning driya.

25

Dun asukur takdiring Hyang Kang Maha Gung, singa piniliya, iku wus tan kena gingsir, pan tinemu ing wuri kaananira.

PUPUH VI

P A N G K U R

01

Yen uwis pamilihira, umantuka marang nagrinireki, ingsun sung raharjeng laku, marang ing sira padha, wus atiti kang serat nulya tinutub, Senapati angandika, lah yayi Surawesthi.

02

.Kadiparan karsanira, andikane panembahan ing Giri, mung yayi kalawan ingsun, kang tumraping nawala, kinen milih wadhah lawan isinipun, pundi to ingkang kinarsan, yayi miliya kariyin.

03

Ulun narima tampikan, duk miyarsa Pangeran Surawesthi, ing tyas samana pakewuh, wusana angandika, kakang Senapati Ngalaga Mantarum, kencenge malah kawula, ulun milih kanang isi.

04

Kakang kabageyan wadhah, Senapati Ngalaga ngandika ris, yayi kula wadhahipun, ingiih sampun narimah, duten Giri atas pamiyarsanipun, gya pamit mring panembahan, miwah mring para adipati.

05

Panembahan Senapatya, sampun kundur maring nagri Mantawis, wong agung bang-wetan sampun, umantuk sowang-sowang, tan cinatur duteng Giri lampahipun, prapteng ngarsa atur sembah, matur solahnya tinuding.

06

Dhuh gusti kawuninganan, putra tuwan Pangeran Surabanggi, kinen amilih rumuhun, mring Kangjeng Senapatya, Surawesthi kang pinilih isinipun, wadhahipun Panembahan, narimah atampi isi.

07

Mesem Jeng Sunan ing Arga, wruhanira kodrat tan kena gingsir, basa wadhah nagri iku, isine apan janma, tembe nagri bang wetan kareng Mantarum,isi yen tan manut marang, ingkang adarbe nagari.

08

Sayekti tan kena ngambah, yen ambadal sayekti tekeng pati, dadi kudu amiturut, marang kang duwe wadhah, enengena ing Giri ganya winuwus, nenggih praja-di Mantaram, Penembahan Senapati.

09

Dennira jumeneng nata, laminira pan namun tigang warsi, lajeng puput yuswanipun, ginantyan ingkang putra, Pangran Adipati Anom ing Mantarum, jujuluk Jeng Susuhunan, Diningrat Anyakrawati.

10

Amung kalih welas warsa, laminira jumeneng narapati, jeng susunan nulya surut, ginantyan narpatmaja, Pangran Adipati Anom ing Mantarum, jujuluk Kanjeng Susunan, Sultan Agung ing Mantawis.

11

Prabu Anyakrakusuma, duk punika Pangeran Surawesthi, anyedahi pra tumenggun, mancanagri bang wetan, wusing pepak neng Surabaya sadarum, ngrembag arsa manut ing prang, ngrabaseng nagri Mantawis.

12

Subiyantu abiprawa, pra bupati tan ana nhulani, enjing gya budhal gumuruh, sagunging balakuswa, kampir ngujung astana Giri Kedhatun, undure sangking astana, sowan ing Jeng Sunan Giri.

13

Wus sepuh Jeng Sunan Arga, prapteng ngarsa jeng sunan ngendika ris, dhuh babo atmajaningsun, paran kang dadya karsa, dene padha tumeka ing ngarsaningsun, apa na karya kang gatya, Jeng Pangeran Surawesthi.

14

Myang Dipati Singasekar, matur nembah mring Kangjeng Sunan Giri, apunten dalem sang wiku, amba myang para kadang wus sarembag arsa ngrabaseng Mantarum, nyuwun idi sang pandhita, miwah pangestu basuki.

15

Jeng sunan aris ngandika, ing samengko pan durung mansa kaki, para bupati umatur, kang ambrih legaweng tyas ngidenana sang wiku paring pangestu, jeng sunan aris ngandika, mokal bedhaha Mentawis.

16

Ing samengko wong bang wetan, malah padha ngnsia kang prayogi, tan wurung binoyong besuk, marang nagri Mantaram, Pangran Surawesthi tan kendhak tyasipun, myang sagunging para dipatya, wusing ngujung ing sang resi.

17

Ngandika sang wiku raja, yen mangkono padha karsanireki den ngati-ati kulup, ingsun pasrah Hyang Suksma, legi pait ing tembe pasthi katemu, sanggyaning para dipatya, wusing ngujung sang aresi.

18

Bidhal saha wadyakuswa, tan cinatur solahireng ngajurit, wasanira kaplayu, ungguling Ngesiganda, wong agunge Mantaram tan ana segu, para bupati bang wetan, palasaran undurneki.

19

Ana kang tumekeng pejah, ana kanin ana kang nungkul aris, ing Mantaram saya mashur, kadibyane sang nata, kasektene para punggawa nung-anung, winongwong karatonira, kinasiyann ing Hyang Widdhi.

20

Gemah ripah tur raharja, tata tentrem sagunge wadya alit, lumintu ganjaran prabu, sagunge pra dipatya, tyas raharja datan ana kang sakuthu, ajrih asih mring narendra, samya tuhu lair batin.

21

Nahan raharjaning praja, yen ginunggung sawengi datan uwis, ing mangkya piruweng kidung, Narendra ing Mantaram, Sultan Agung Sri Anyakrakusumeku, lagya miyos siniwaka, pepak ingkang samya nangkil.

22

Wadyabala myang santana, Panembahan Purbaya munggeng ngarsi, tan pegat tinantun-tantun, jeng sultan ris ngandika, inggih uwa Purbaya pawartosipun, Pengeran ing Surabaya, ing mangke pun sampun lalis.

23

Kang kantun mung anakira, Ki Mas Pekik pambajenge kang siwi, uwa punika kersengsun, timbali mring Mantaram, ingsun arsa uninga ing warninipun, panembahan atutrira, punika langkung utami.

24

Ulun umiring sakarsa, sri narendra pangandikannya aris, Alap-alap ingsun ututs, marang ing Surabaya, timbalan Pangran Pekik Surengkewuh, telas ingkang pangandika, jengkar anggambuh tinangkil.

PUPUH VII

G A M B U H

01

Wus lepas lampahipun, alap-alap prapteng Surengkewuh, laju maring Ngrarempah dhukuhireki, Pangran Pekik gupuh-gupuh, amethuk carakeng katong.

02

Wus ingancaran lungguh, Pangran Pekik awacana arum, paman ulun atur pambagya basuki, Alap-alap matur nuwun, (n)dhawuhken timbalan katong.

03

Jeng Pangran sowan ulun, pan ingutus rakanta sang prabu. Gusti Kangjeng Sultan Agung ing Mantawis, maringaken kang pangestu, mring andika sakaloron.

04

Jeng pangran matur nuwun, sasampng maringken pangestu, dhawuh nata paduka dipun timbali, sagarwa putra myang wadu, ulun ingkang kinen (m)boyong.

05

Jeng Pangran aturipun, adhuh paman kamayangan tuhu, dejeng sultan karsa nyaruwe wong pekir, ina papa aneng dhukuh, datan supena sajingklong.

06

Tan suwala regengsung, kadyangganing sarah aneng laut, ing sakarsa jeng sultan ulun umiring, tan nedya sawaleng kayun, lumuntur dhawuhin katong.

07

Ki Tumenggung duk ngrungu, ing ature manis amlas ayun, agresing tyas gya umatur ing sang Pekik, bilih marenken sang bagus, benjing-enjing lajeng bodhol.

08

Jeng pangran wacana rum, sakalangkung prayogi man menggung, ulun lajeng tata-tata sapuniki, paman sakanca sadarum, prayogi rereh neng pondhok.

09

Jeng pangran gya dhadawuh, marang garwa sakulawargeku, kinen samya pradadosan sadayeki, yun sumiweng mring Mantarum, ribut samya dandos-dandos.

10

Ki Alap-alap gupun, nuding wadu nimbali tumenggung, Surabaya Ki Sapanjang kang wawangi, tan dangu anulya rawuh, Ki Sapanjang dhawuh katong.

11

Jeng pangran sowanipun. mring mantaram bidhal sesuk-esuk, jengandika sawadya kinen umiring, sarta rumekso ing pungkur, kacekape kulo borong.

12

Ki Sapanjang agupuh, paparentah mring sakehe wadu, abusekan sakeh wadya Surawesthi, wus mirantos sadayeku, enjinge anulya bodhol.

13

Lon-lonan lampahipun, ing lamine lampah tan winuwuh, prapteng dhusun Butuh arereh saratri, kangjeng pangran dalu ngujung, marang ing astana Butoh.

14

(n)Dedagan amanengkung, palaling Hyang wanci lingsir dalu, Pangran Pekik miyarsa swara dumeling, uraing swara sung tuduh, lah Ki Pekik karseng Manon.

15

Wruhanta sira besuk, darbe putu jalu tur binagus, amandhireng nata gung ing tanah Jawi, ngreh wadya bacingah agung, nangin angalih kadhaton.

16

Mring tanah Pajang iku, sakulone kutha prenahipun, aran dhukuh Wanakarta tembe dadi, praja Kartasura mashur, dene jujuluking katon.

17

Jeng Susuhunan Mangku,-rat Senapati ing Ngalageku, Ngabdurahman Sayiding Panatgami, sepping swara kagyat wungu, ing wanci awaling Suboh.

18

Miyose wus pingguh, lawan juru kunci tengga pintu. Pangran Pekik wawartos mring jurukunci, denyantuk wansit ing dalu, ki jurukunci anjongblong.

19

Sinembah*) saha matur. sakalangkung bingahe tyas ulun, sukur-sukur alahamdulillahi rabil, Hyang Surya wus mungub-mungub, jeng pangeran lajeng bodhol.

20

Datan kawarneng ngenu, wus angancik ing kitha Mantarum, ki tumenggung Alap-alap ngrumiyini, atur uninga sang prabu, sigeg gantya winiraos.

21

Sang prabu ing Mantarum, ri tiningkil munggeng siti luhur, Panembahan Purubaya wus sumiwi, myang wadya bala supenuh, munggeng ngabyantara katon.

22

Datan antara dangu, ki tumenggung Lap-alap mangayun, nembah matur ulun kinen animbali, Pangran Pekik Surengkewuh, mangkya wus sumiweng katong.

23

Sagarwa putranipun, Ki Sapanjang sawadya tut pungkur, suka ing tyas sang prabu ngandika aris, lah uwa Purubayeku, kadipundi kang linakon.

24

Mangke sadhatengipun, dhimas Pekik napa bekti ingsun, utawine piyangbake ingkang bekti, Purubaya nembah matur, kinanthet lawan suraos.

*) Prayoganipun anyembah.

PUPUH VIII

K I N A N T H I

01

Sangking ing pamanah ulun, pangeran ing Surawesthi, ing kang layak ngabektiya, ing pada dalem sang aji, kawon luhur kang darajat, panjenengan dalem aji.

02

Mandhireng prajeng Mantarum, ing rat Jawi mung satunggil, kalihdene tinimbalan,d atan sawala ing kapti, sampun kalampahan sowan, ing ngabyantara narpati.

03

Asrah jiwa raganipun, kangjeng sultan duk miyarsi, aturipun ingkang uwa, kalangung trusha ing galih, nahan Pangran Surabaya, sagarwa sampun sumiwi.

04

Pepe kidul wringin-kurung, sasolahe amlasasih, duk uninga sri narendra, dhawuh kinen animbali, anggandhek tundhuk pangeran, ingirit minggah sitinggil.

05

Andhadhap amundhuk-mundhuk, cingak kang samya ningali, miyat warnanya pangeran, mirit*) kangjeng sri bupati, kantun senenge kang cahya, kantun semu kantun sigit.

06

(n)Dungkap prapteng ngarsa prabu, caket dennira sumiwi, tumungkul konjem pratala, ri wusira mangenjali, wangkinan sineleh kanan, gya mangraub pada aji.

07

Saha matur arawat luh, pegat-pegat winor tis-tis. dhuh gusti kalengkaning rat. musthikaning tanah Jawi, patut pinundhi sinembah, jumeneng kalipah Widdhi.

08

Ambeg pinandhita tuhu, santa budi mirah asih, mardikeng rat tyas kumala. ngecani manahing dasih, mrih arja ayu tan pegat, kasudarman winor manis.

09

Santana wadya lit agung, tan ana kataman bengis, winor ing sakarsanira, kinajrihan lair batin, pra wadya ing Ngeksiganda winengku pramarta ji.

10

Kasujanan ambeg sadu, linangkung kasusreng bumi, sumbageng rat pinasthika, waskitha ngreh ing patitis, kangos ing ganda angambaar, kinasihan ing Hyang Widdhi.

11

Saudibya prawireng kewuh, kinajrihan kanan-kering, ngagem agama minulya, sasat jengandika Nabi Muhakammadin angajawa, ngrenggani nagri Mantawis.

12

Dhuh jeng gusti sang aprabu, sowanipun ingkang abdi, angaturken pejah gesang, awit rumaos geng sisip, katungkul ing kawiryawan, labet mudha punggung yekti.

13

Dama kalimput tan emut, ing kanugrahaning narpati tumerah jiwangga mulya, kaecan nadhah myang guling, saanak rayat myang warga, tan lyuan barkahing narpati.

14

Lumintu salaminipun tangeh manawi kang abdi, saged ngaturi minangka, bebekti ingkang martasih o gusti satuhu mudha ceplik tangeh wruh ing becik.

15

Manawi kangjeng pukulun, tan paring aksameng dasih, yekti temah anggung papa, druwaka samineki, ing mangke amba sumangga, sakarsa jeng sri bupati.

16

Mangkana kangjeng sinuhun, ngandika sajroning galih, wong iki bugas prasaja, ing wicara tatas titis, teteg tyas sura legawa pantes tan sinungan lamis.

17

Teka resep atiningsung, dadya condhonging tyasmami, pantes rewanga wibawa. (n)darahken sri tanah Jawi, madhahi kanang nurbuwat, wasana ngandika aris.

18

Wis lungguha ariningsun, iya apa kang pinikir, dhuh yayimas Surabaya, marma sira sun timbali, sumiwi ing ngarsaningwang, wus pasthi karsaning Widdhi.

19

Sosotyadi apan kudu, tumrap ingembanan rukmi, umpama ingsun pancuran, sira talaga nadhai, yayi kang minangka wadhah, ingsun kang minangka isi.

20

Pasemon kang ingsun wuwus, tegese uwus ginaris, yen sira bakal tan pisah, melu nurunake benjing, para ratu tanah Jawa, yayi ingkang urun estri.

21

Manira kang urun kakung, ing samengko karsa mami, sira wisma na Mantaram, ana saetaning puri, sisihan lan kadipatyan, mungguh nagri Surawesthi.

22

Ingsun paringake wangsul, marang pakenira yayi, wenang anguwasanana, kadi ingkang uwis-uwis, si Sapanjang mung rumeksa, tata tentreming nagari.

23

Sira ana ing Mantarum, aywa taha-taha yayi, ing pangangep dipun padha, ya Mataram Surawesthi, Pangran Pekik lejer ing tyas, trusaning supenaki.

24

Gya sujud nembah umatur, dhuh pukulun sang dewaji, pun petik atur sandika, mundhi timbalan narpati, kadyan kabanjiran kelang, kagunturan madu gendhis.

*) prayoganipun mirib=memper

PUPUH IX

DHANDHANGGULA

01

Nulya jengkar kangjeng sri bupati, abibarang kang samya sumewa, pangran sagarwa-putrane, santana wadyanipun, wus pinarnah pakuwonireki, karan ing Surabayan, jeng pangran lestantun, mukti wibaweng Mataram, datan ana sinangsaya ing panggalih, wus lami antaranya.

02

Sang aprabu lestantun gunging sih, Pangran Pekik nulya tinariman, rayi dalem sang pamase, tunggil sayayah ibu, Ratu Pandhansari wawangi, ageng ingkang bawahan, nahan tacinatur, dennira apalakrama, atut runtut sih siniyan siyang ratri, lir mimi lan mintuna.

03

Wusing antuk kawan dasa ari, Kangjeng Sultan Agung Ngesiganda, lenggah aneng dalem gedhe, ngandika sang aprabu, heh ta lara menyanga aglis, marang ing Surabayan, ketemu riningsum, kalamung sambadeng karsa, rabinira dhiajeng ingsun timbali, waraheng ingsun gerah.

04

Nulya mentar utusan narpati, sampun prapteng ing Kusrabayan, jeng pangeran sagarwane, mijil sing dalem gupuh, samya lengah panginrat jawi, parekan matur nembah, amba pan ingutus, raka dalem sri narendra, ingkang garwa kangjeng ratu dentimbali, sarenga lapahamba.

05

Kangjeng sunan lagya gerah mangkin, ingkang weling raka dalem nata, manawa aweh lakine, malebu ing kedhatun, atinjoa ing gerah mami, yen lakine tan kuka, poma ywa lumaku, adipati Surapringga, tebah-jaja sumangga ing asta kalih, tan kenging lengganaa.

06

Dhuh jiwaku umareka aglis, sampun kerit prapteng ngarsa sultan manembah ngraub padane Ratu Pandhan umatur, kakang prabu dene wigati, nimbali aripara, kalangkung kumepyur manahulun tarataban, sru gumeter enar-enir senik-senik, kagmas gerah punapa.

07

Kangjeng sultan angandika aris, dhuh riningsun luwih sangking lara, ana ing ati enggone, sakeh usada wangsul, yen sun rasa saya ngranuhi, dene ana pandhita, ing Giri dumunung, durung gelem nungkul mring wang, iya iku kang dadi laraning ati, tambane durung ana.

08

Liya Giri wong satanah jawi, nora ana barenjul merengkeng, padha ngidhep mring sun kabeh, amung ing Giri iku, ingkang durung ingsun putusi, amungkul kalawang prang, wit wecaning dangu, kang bisa ambengkas karya, mung lakimu jalarane menang asli, luhur trah Ngampeldenta.

09

Lah wis yayi dak lilani mulih, den abisa matrapaken karya, marang lakinira mangke, selak den ayun-ayun, Ratu Pandhan mesem trunya ris, dhawuh dalem kakangmas, sandika tur ulun, nulya lengser sangkin ngarsa, dhenirekken sagunging parekan cethi, lampahnya wirandhungan.

10

Pangran Pekik nganti neng pandhapi, sarawuhe sang ratu pinapak, bhinekta mring dalem age, jeng ratu ngraub suku, snag pangeran (ng)gerjiteng galing, lah yayai ana paran, teka rada suntrut, paran gerahing sang nata, ratu Pandhan tumungkul minggu tan angling, jeng pangran anggarjita.

11

Baya nora gerah sri bupati, bokmanawa ana panggaliyan, dadya sekele pamase, jeng ratu gya sinambut, bhinekta mring ing jinem wangi, langening karasikan, apan tan winuwus, ing sawungunira nandra, Ratu Pandhan matur ing raka bibisik kang dadya karsa nata.

12

Amedharken dhawuhe sang aji, Pangran Pekik madeg suraning tyas, ngelus-elus gumbalane, alon ngandikanipun lamun ingsun weruha dhingin karsane kangjeng sultan, mundhut rusakipun, ing Giri sunanne seba, baya uwus dak cangking ing nguni-uni, sebaku mring Mantaram.

13

Pan ing Giri wus neng asta mami, yayi ingsun ingkang maluyakna, rakanta nahan rentenge, sewu wirang satuhu, yen tan bisa ngrabaseng Giri, isin anom baskara, neng donya tan arus, apa kang dak walesena, ing sih nata kajaba murdaku yayi kunjuk dadya timbangan.

14

Payo yayi sowan marang puri, nyuwun pamit ing rakanta maluyakna, rakanta sultan, mangkat ing sadina kiye, sarimbit nulya laju, sowan maring sajroning, sang nata duk tumingal, pangran sowanipun, sarimbit lawan kang garwa, gya ingawe lenggah caket lan sang aji, makidhupun pangran.

15

Kangjeng sultan angandika aris, yayi Surabaya kadiparan, kang dadya karepmu mangke, ing Giri durung nungkul. nora sarju nembah mring mami, ingsun borong adhimas, ing prakara iku, Pangeran Pekik matur nembah, dhuh pukulun amba sandika nglampahi, amundhi dhawuh nata.

16

Nadyan minta sraya Sunan Giri, andhatengken para raja sastra, kebut sawadya balane, tan ajrih manahulun, datan nedya nguciren jurit, kalamun tan kalakyan, Giri bedhaipun, suka matiya palagan, nuwun gusti ingkang abdi nuwun pamit, bidhal ing sapunika.

17

Boten langkung ingkang amba pundhi, pangestu sang nata binathara, kalampahana karsane, namung rayinta prabu, ambatilar aneng Mantawis, reh ayun mangun aprang, ing tyas langkung gidhuh, keron-keron ing satemah, tempuh ing prang enget rayi dalem gusti, milalu wande aprang.

18

Sri narendra mesem ngandika ris, karsaningsun yayi garwanira, para gawaa ing mangke, apan ta sedyaningsun, rabinira sadulur mami, pejah gesang hya pisah, lawan lakunipun, wus wiyahe wong andong prang, rebut pati manawa kasoran jurit, wadone binoyongan.

19

Pangran Pekik gumujeng turnya ris, rayi dalem gegerongan amba, tembe sarenga pecate, dhawuh dalem pukulun, tan langgana darmi nglampahi, sarimbit wus pamitan amangraub suku, kangjeng sultan anggandika, lah yayi poma sira hya gumingsir, sungkemu marang priya.

20

Kangjeng sultan (n)dedonga ing Widhi, salamete myang ungguling yuda, sarimbit anulya lengser, sangking ing ngarsa prabu, pinaringan sangu mawarni, dunya arta busana, sampet sadayeku, wus prapta ing Surabayan, lajeng ngrakit brokoh tundhan tandhu joli, myang gagamaning ngaprang.

21

Sawusira rampunging pangrakit, nulya budhal sangking ing Mantaram, brokoh neng ngajeng lampahe, datan kawarneng ngemu, lampahira sampun dumugi, ing nagri Surabaya. Ki Sapanjung methuk, wusing lerem sawatara, kangjeng pangran pinarak aneng pandhapi, andher para punggawa.

22

Pangran Pekik ngandika mring dasih, heh sakehe bocah Surabaya, padha piyarsakna kabeh, dhawuh dalem sang prabu. mula ingsun linilan mulih, marang ing Surabaya, lawan garwaningsun, ingutus kinen magut prang, angadoni bandawala rebut pati, mangrurah satru tama.

23

Panunkule Susuhunan Giri, pinasrahken marang jenengingwang, nanging karsaningsun mangke, anakmas Giri iku, lamun kene nungkula aris, sumewa sri Mantaram, tan rekaseng laku, slamet tan ana pepejah, lamun wangkot sayekti rarempon jurit, akeh pegaitn atma.

PUPUH X

M E G A T R U H

01

Para wadya manembah saha umatur, dhawuh paduka sang Pekik, mangayubagya sadarum, muji nungkulira aris, ywa nganti aprang rerempon.

02

Bilih Susuhunan Giri tan sareju, nungkul karananing aris, tan kena kinarya ayu, sumiweng aji, kekah denya karsa mirong.

03

Ingkang abdi kewala pan sampun rampung, ngrabaseng karaton Giri, amboyong susunannipun, bilih tan saget mungkasi, suka lebur aprang pupoh.

04

Nangin ulun mireng pawartos satuhu, ing mangkya Jeng Sunan Giri, kendho kawalenanipun, saprapat yun animbangi kalipah Mantaram Katong.

05

Darbe murid nagri Cini aslenipun, kabar maksih trah narpati, ing mangkya pinundhut sunu, sampun sinunggah kakasih, Endrasena tuhu katong.

06

Teguh timbul wanter wegig ing prang pupuh, kalih atus wadyaneki, kang ginala aprang pupuh, punika ingkang ngencengi pinrih (m)balela ing katong.

07

Inggih ta lah kang binujuk teka purun, istijrate eblis kapir, ngalimputi tyas rahayu, ngandel kumandel mring eblis, setan ngajak arerempon.

08

Nadyan (n)dhatengena malih rajeng kluwung, pra abdi datan gumingsir, Pangran Pekik ngandika rum, kabeh aturira sami, banget ing panrimaningong.

09

Karuhane lamun ingsun wus pinangguh, pribadi lan anak Giri, wurung sidaning prang pupuh, sawuse ingsun pinanggih, apa anane ing kono.

10

Balik padha sadhiyaa ing prang pupuh, kerigen sawadya mami, manawa dadi prang pupuh, gustimu sedya (n)jenengi, jurite wong Surengkewoh.

11

Pangran Pekik wus kundur mring dalem agung, bibar kang samya anangkil, bakda Ngisa wancinipun, jeng pangeran arsa nyilip, para wadya tan ana wroh.

12

Laju maring Giri lumebeng kadhatun, wau ta Susunan Giri, lenggah ingadep pra wadu, Endrasena tansa ngarsi, jeng sunan ngandika alon.

13

Heh ta kulup kabare sultan Mantarum, utusan mring jeneng mami, pinrih nungkul Sultan Agung, yen bangga ginepuh jurit, ngrusak ing Giri Kadhaton.

14

Kang denutus rama Pangran Surengkewuh, nanging tikel tuwa mami, amung bapak-bapak awu, garwa ratu Pandhansari, melu nangulang pakewoh.

15

Kaya priye kulup kang dadi kencengmu, ing menko ingsun mung darmi, miturut kakencenganmu, nungkul apik nora apik, sira kang nyangga bot-repot.

16

Endrasena duk tampi timbalan wiku, karma ro kadya sinebit. netra ro andik kumukus, kamejot padoning lathi, matur mring sang wiku gupoh.

17

Dhuh jeng rama ingkang minangka satuhu, pupundhen ing tanah Jawi, Waliyoloh cucu Rasul, kang wus linilan Hyang Widdhi, sadhengah kinarsan klakon.

18

Sultan Agung baya ingkan dereng ngrungu, kalamun karaton Giri, kanggonan prajurit punjul, wudhu reng Cina nagari, ngajawa andong prang pupoh.

19

Teka (n)dadak kongkon bocah isih kuncung, bojone ginawa jurit, mejanani Sultan Agung, bok iya teka pribadi, ing kono tandhing lan ingong.

20

Sampun sampun kangjeng rama karsa nungkul, pantes sultan ing Mantawis, tur bulu bekti panungkul, sowan pribadi mring Giri, kendel dennira miraos.

21

Pangran Pekik uluk salam praptanipun, sang resi kagyat mangsuli, ngalaikum wasalam, gupuh methuk gya khinanthi, wus lenggah satata karo.

22

Sunan Giri nambrama sarawuhipun, jeng rama Pangeran Peki, punapa sami rahayu, jeng pangran wacana manis, salamet sapraptaningong.

23

Sakalangkung dennira asuhun-suhun, sugata lumadyen ngarsi, sumangga sawontenipun, sumapala atur bekti, gampil anak tan pakewoh.

24

Dhuh jeng rama dene rawuh dalu-dalu, sawiji tan na umiring, kagyat ing tyas sakalangkung, punapi de awatgati, mocung mring Giri Kadhaton.

PUPUH XI

P U C U N G

01

Endrasena myang sagunging para wadu, kang ana ing ngarsa, andheku dennira linggih, samya minggu tan ana wani micara.

02

Sang pangeran mingser ngajengken sang wiku, tan ana katingal, pinendir Susunan Giri, nir wikara nir baya teteg ing nala.

03

Datan an tinaha ing galihipun, pangran Surabaya, yen sinawang (ng)gigirisi, wingwrining tyas kadya anon singa krura.

04

Solah gansa ulat manis tembungnya rum, heh heh Sunan Arga, pinarsakna*) wuwusmami, Sultan Agung iku ratuning rat Jawa.

05

Murdaningrat ing jagat pramuditeku, ambeg parikrama, sadu sudibya sinekti, putus ing reh sampeka sura marata.

06

Pambesmining kang samya tan arsa nungkul, babo praptaning wang, ing saestune tinuding, kangjeng sltan kang pinudya jayaningrat.

07

Gustiningsung jeng Susunan Sultan Agung, heh Sunan wruhanta, apa karepmu kang pasthi, aprakara kang dadi karya manira.

08

Lamun sira satuhu nedya rahayu, teteping karajan, tulus wibawa neng Giri, anembaha ing Jeng Sultan Ngeksiganda.

09

Lan gawanen garwa putra sawadyamu, miwah ngaturena donyanira peni-peni, lan sagunge sosotya retna kumala.

10

Bareng lawan sebaku marang Mantarum, yen sira ngestokna, ing pituduh ingsun pasti, tutug tetep mulat baskara sasangka.

11

Yen tan anut marang ing pituduhingsun, apa kang kok arsa, tanpa sesa prapteng lalis, nagri Giri sirna dadi karang jingga.

12

Gustiningsun Anjayengbumi satuhu, marta parikrama, ing jagad wiryawan iki, wicaksana santosa ngagem agama.

13

Ing sakehe kasukanira puniku, wiryamu neng dunya, sami lan gebyaring thathit, lah emanen aja nganti kadrawasan.

14

Lah matura prasaja ywa nganggo ewuh, rikuh akakadang, welasasih ywa kapikir, kencenging tyas iku kang dadya panutan.

15

Sunan Giri (n)dengengek wacana arum, ya wlahualam, Allah ingkang ngudaneni, amba Tuwan sumendhe karsa Pangeran.

16

Yata wau Jeng Pangeran Surengkewuh, rikala miyarsa, ngandikanya Sunan Giri, tandya medal pasilan ngarseng pandhita.

17

Sakundure pengeran ing Surengkewuh, rembag dadining prang, samekta ing benjing-enjing, Endrasena jumeneng sumadilaga.

18

Wus warata dhawuhe sang maha wiku, mring para sakabat, siswa katib kaum modim, para wadya sa-Giri wus amirantya.

19

Enjingipun sang pangeran sampun rawuh, nagri Surabaya, pinanggih garwa myang dasih, winartanan tambu mangun yudabrata.

20

Sunan Giri lumuh datan arsa nungkul, wadya Surabaya, neng alun-alun miranti, baris kepang jeng ratu nitih jempana.

21

Angideri baris mubeng ngantya kemput, maringken ganjaran mring kang ayun mangsah jurit, arta miwah busana awarna-warna.

22

Wus warading kang bendhe munya angungkung, panengran bidhalan, kang dadya cucuking jurit, wus lumaku kadya ilining narmada.

23

Nulya joli tityanira jeng ratu, jeng pangran neng wuntat, nitih kuda datan tebih, ginarubyuk sakehing kang wadya kuswa.

24

Tan petungan datan kawarna ing ngenu, prapteng Giri pura, kepung kepang pacak baris, sesaking tyas lir pendah ayun asamara.

*) prayoginipun piyarsakna

PUPUH XII

ASMARADANA

01

Sigeg kan wus pacak baris, para wadya Surabaya, angepung Giri Kadhaton, sanega kapraboning prang, gantya kang kawuwusa, wau ta Giri sang wiku, sampun ingaturan wikan.

02

Lamun Kangjeng Pangran Pekik, saha garwa ngepung kitha, anglir samodra balane, (m)blabar ngabeki papan, tiyang ing Ngargopura, jalu estri samya bingung, kadya gabah ingiteran.

03

Jeng Sunan Giri tinangkil, siniweng kang wadyabala, (m)balabar aneng ngarsandher, samya sanega ing yuda, anganti kang timbalan, wonten putranya sang wiku, mijil sangking kang ampeyan.

04

Sinung ran Dyang Jayengresmi, wotsekar matur ing rama, dhuh rama pupundheningong, paran temahaning karsa, langkung sandeyaning tyas, arsa ngayoni prang pupuh, mengsah sultan Ngeksiganda.

05

Atur kawula rama ji, lepato ing ila-ila, kamipurunipun lare, mudha punggung tan wrin ganty, yen kapareng ing karsa, prayogi sami sumuyut, mring Sultan Agung Mantaram.

06

Sampun ta asalah kardi, kula amiyarso warta, Ngesksiganda sang akatong, susileng tyas ambeg santa, tyas purna angumala, sayeksti kewala luhur, prabawa weninging driya.

07

Rahayu parikrama di, boten eca yen mingengsah, mupung ing samangke dereng, kalajeng campuh ing yuda, prayogi tinututan, panginten amba pukulun, wande ngayuni ngayuda.

08

Dene manawi tinampik, karsane caraka kedah, ngatingalken sudirane, pan dede sangking paduka, ingkang miwiti aprang, yekti sangking pyambakipun, datan awrat tinanggulang.

09

Ambekuh Jeng Sunan Giri, tan keguh aturing putra, nulya mundur sang wira nom, samarga arawat waspa, pinupus ing wardaya, papasthenira Hyang Agung, takdir datan kena selak.

10

Saundurira kang siwi, ngandika raja pandhita, Endrasena kaya priye, wong Surabaya wus prapat, ngepung ing Giri pura, Endrasena aturipun, wadya Giri wus siyaga.

11

Ngantos timbalan rama ji, dhuh sutengsun Endrasena, apa kang pinikir maneh, balik nembanga tengara, budhalna wadyanira, nglebur baris Surengkewuh, sira mangka senapatya.

12

Tur sandika kang sinung ngling, manembah mangaras pada, dhuh guru panutaningong, nyuwun pangestu putranta, paduka denpracaya, undure wong Surengkewuh, wus ana ing astaningwang.

13

Pineteg bunbunanneki, sinebul mawantya-wantya, jaya jaya andikane, mundur anembang tengara, busekan para wadya, gya budhal ingkan rumuhun, wadyane sang Endrasena.

14

Kalih atus winatawis, samya asikep sanjata, nyothe seking (ng)gendhong towok, panganggene sarwa pethak, wus samya masuk Islam, sabilollah uninipun, ing wuri sang Endrasena.

15

Sanjatanira pinundhi, pistul kalih sinangkelang, nganggar sabet Karaloke, neng kiwa tengen curiga, adire aneng wuntat, tinrapan bandera pinggul, tinulis asma Pangeran.

16

Pujinira andremimil, nyebut asmaning Pangeran, sabilollah senggakane, nulya pra kaum ngulama, katib modin santana, myang wadya Giri sadarum, pangenggene sarwa pethak.

17

Sayuk samya ambeg pati, wus samya ayun-ayunan, wadya Giri Surengkewuh, natap tengaraning yuda, bedhug bendhe myang trebang, suraking wadya gumuruh, kadya belahing prawata.

18

Rame campuh ing ngajurit, tambuh mungsuh tambuh rowang, wong Giri ampuh yudane, mawantu-wantu nyanjata, wadya ing Surabaya, ing prang tan pati pakantuk, satemah barise rusak.

19

Endrasena mobat-mabit, ngiwut kadya Raden Seta, mlantrah pisah lan wadyane, singa kang katranjang bubar, lumayu asasaran, kang celak-celak linampus, tan ana mangga puliya.

20

Prajurit ing Surewesthi, tan bisa namakken gaman, pating bilulung solahe, rumangsa kawratan mengsah, wong Giri pamukira, lir andaka nandhang tatu, ambek pejah sadayanya.

21

Dumadya kang mengsah giris, tan ana kawawa nyangga, wadya Giri pangamuke, prajurit ing Surabaya, kathah ingkang kabranan, tanapi tumekeng lampus, wadya Giri sru gambira.

22

Kang pejah mung sawatawis, yata wadya Surabya, sadaya wus kraos cape, undurira alon-lonan, ywa nganti kawistara, wadya Giri sru mangesuk, lir ngrabaseng sinoming dyah.

PUPUH XIII

S I N O M

01

Dennira aprang sadina, kasoran wong Surewesthi, mundur tansah tinututan, apan ta saputing ratri, wong Giri kang nututi wus samya wangsul sadarum, wong Giri giyak-giyak, angklung ngenthir angeleter samya emprak.

02

Endrasena saha wadya, miwah para wadya Giri, wus sowan ngarsanira sang, pandhitaraja ing Giri, manembah tur udani, lamun wadya Surengkewuh, wus mundur palasaran, tan ana kang mangga pulih, kathah pejah gustine datan karuwan.

03

Wau sang rajapandhita, langkung sukanireng galih, kalimput ing tyas angreda, ngraos karilan ing Widdhi, dennya ayun mengkoni, ing tanah Jawa sadarum sumengah ujubriya, kibir ing tyas uwus kengis, kapandhitan sirna gunging kamelikan.

04

Wasana aris ngandika, sukur alkamdulillahi, heh ta kulup Endrasena, iki ngalamate dadi, angel wong mijet ranti, rekasa wong (n)jara timun, kuciwa tan kacandhak, Jeng Pangeran Surabanggi, kacekela miris tyase wong Mantaram.

05

Enrasena matur latah, reh wau kasaput ratri, wadya dalem sampun sayah, saha rebat wektu Mahrib, ing dinten benjing-enjing, tamtu kabanda deningsun, mlajenga mring Mantaram, ulun datan nedya ajrih, sukur bage ing aprang tan mindho karya.

06

Babarpisan ulun bekta, dadya datan wira-wiri, Pangran Pekik kangjeng Sultan, sumewa ngarsa sang yogi, sang wiku ngandika ris, iya sun dongakken kulup, yen isih jenengingwang, sira kaki yawa kuwatir, ing samengko ing Giri sun wehi aran.

07

Iya nagri Sokaraja, pra wadu matur nekseni, ratri mengko kasukana, maulud dhikiran singir, (m)bungana wadya alit, ganjaren sapatesipun, kang padha mentas yuda, dimene tambah kuwaning, nanging kulup aywa atinggal waweka.

08

Manawa ing benjang-enjang, mungsuhmu kawawa bali, Endrasena saha wadya, sareng matur ing sang resi, sadaya wus malencing, miris datan nedya wangsul, gustine tan kantenan, rowange kathah ngemasi, benjang katon sareng nungkule jeng sultan.

09

Ing ratri samya bujana, wadya Giri suka ngenting, gantya wau kang winarna, ingkang kaplajeng ing jurit, Jeng pangran Surengwesthi, lawan garwanya jeng ratu, wus kumpul wadyanira, jeng pangran angles ing galih, sungkawengtyas miyat rusaking kang wadya.

10

Ki Sapanjang lajering prang, umatur marang sang Pekik, gusti atur pejah gesang, abdi dalem Surengwesthi, satuhu (ng)gigirisi. Endrasena yudanipun, miwah prajurit Ngarga, naracak kandel ing jurit, ambeg pati ngamuk lir bantheng katawan.

11

Abdidalem Surabaya, sadaya turipun sami, ngraos sampun boten bangkat, tan anedya pulih getih, ing tyas wus samya wingwrin, kanthi miris sakalangkung, jeng pangran duk miyarsa, ature panggawaneki, saya angles ing galih datan ngandika.

12

Mangkana jeng Ratu Pandhan, miyat garwanya prihatin, sumpek ing tyas tan kawengan, minggu datan kena angling, jeng taru matur aris, ngrarepa mring garwanipun, dhuh guru lakiningwang, lamun makaten ngajurit, rusaking prang amba nyuwun lilah tuwan.

13

Bilih kengin dinandosan, kula ingkang andandosi, kagyat Pangran Surabaya, mireng ature kang rayi, patanyanira aris, dhuh babo pupujaningsun, ratuning amrakatya, ratuning manis sabumi, kadiparan kang dadya ing karsanira.

14

Wadyanira wus keh pejah, kang kari wus padha wingwrin, jeng ratu manis turira, sok ugi kangmas nglinani. manawi ta manawi, saged mulihaken purun, mangkana duk miyarsa, jeng ratu rinangkul aglis, tuhu yayi jajimating Surabaya.

15

Lah apa sakarsanira, ingsun tan sawaleng kapti, ing samengko muhun darma, magondhal ing sira yayi, sakarsa-karsa dadi, wus pasrah jiwa ragengsun, ing dalu tan winarna, kunen kawuwusa enjing, Ratu Pandhan pinarak lawan kang garwa.

16

Aneng tarub sasangunan, andher wadya Surengwesthi, jeng ratu arum ngandika, heh sakehe wadya mami, (ng)geningsun mangun jurit, ingutus jeng ratu prabu, singangon busanarta, reyal wolung ewu lewih, busana keh endah-endah warna-warna.

17

Iku sun ganjarken sira, pandumen ingkan waradin, pra wadya ing Surabaya, sadaya wus samya tampi, arta busana adi, sumaringah netyanipun, bombong tyasnya sadaya, jeng ratu ngandika malih, wadyaningsun kabeh kang tampa ganjaran.

18

Wus katongton antepira, tuhu ring gusti kaesthi, melu lalana andong prang, sedya sadu ing reh ririh, saparan datan keri, papa rekasa ing laku, tan ana maweh marta, lantarane ing kamuktin, dak walesa satus mene durung mandra.

19

Yayah mamriha wiryawan, pamalesku mung papeki, paran minangka mulyakna, tan ngupakara mring abdi, gung aweh kawlasasih, asor timen jiwaningsun, bocah ing Surabaya, kulina wibawa nagri, gung ginawa ing papa kasangsara.

20

(m)Barekngkut kadya baberah, nglabuhi Gusti kaswasih, kasurang pan kasangsaya, ragengsun paran pinanggih, (ng)gagawa mring tan becik, durmala bae ragengsun, bagya wirya ing praja, seneng mulat anak rabi, teka (n)dadak dakajak panggawa papa.

21

Satemah amangih susah, angadoni jaeng jurit, pira papati tan ketang, sangking dreng kadereng ing sih, yun males maring gusti, tan tiwas sangking sireku, ingsun lan kakangemas, iku dununge kang sisip, pira bara muwuhi ing kawiryawan.

22

Mungguh ing panyaurira, wus kalakon tur ngelebi, ingsun ingkang kapotangan, kacihna nalika jurit, campuh lan santri brai, akanthi prajurit punjul, cina samya mualap, parabawane angungkuli, parabaku*) prajurit ing Surabaya.

23

Kena prabawa arebah, rumaras tipis kang ati, tan luput saka ing sira, manawa wus karseng Widdhi, ing mengko Surengwesthi, ginawa beda lan dangu, nguni ing sa-bangwetan, pangaubaning prajurit, manggaleng prang prajurit ing Surabaya.

24

Tyas ambeg satya-susatya, tan angeman lara pati, wanter tatag ing ngayuda, teguh datan pilih tandhing, babantheng tanah Jawi, mundur aran sukanipun, iku dhek jaman kuna, sarehning waktu saiki, akeh mungkur lalabuhan kuna-kuna.

*) Prayoginipun prabaweku

PUPUH XIV

PANGKUR

01

Lah sagung pra wadyaningwang, dadi luwih becik lalakon iki, tur tan sumelang yen lampus, kataman ing gagaman, nadyan kkucem nanging isih mamah-mumuh, nora keguh ing rarasan, waton (n)derbala lestari.

02

Payo lah padha bubaran, ingkang agung apuranira sami, marma mengko dadayeku, padha nuli muliya, mring wismamu dene ta ganjaranipun, gawenen sangu neng marga, ingokna mring anak-rabi.

03

Ingsun mulih mring Mantaram, manjuk marang kakang prabu Mantawis, ngaturken pati-uripku, lan kangmas adipatya, tiwas ing prang mungsuh wiku tuwa pikun, biniyanton wong mualap, Cina neneka ngajawi.

04

Gagamane mung salumrah, santri meri tarebange tinitir, teka weh uwasing kalbu, angedirken kauran, temah ura datan tumama tumangguh, akeh wutahing ludira, nandhan brana tekeng lalis.

05

Kang kari tyase garowah, lir kinebat kawanenira enting, kehkehe ingsung kang luput, anandang kawirangan, lara-pati ingsung lan kangmas tumangguh, aywa melu-melu padha, lah andung basuki.

06

Kunen jeng ratu lingira, para mantri umatur sadayeki, pansarya dres wetuning luh, dhuh gusti pundheningwang, sampun age paduka nemahi kondur, tontonen wadya paduka, bektine wong Surawesthi.

07

Lawan pamriye para wadya, angantose yen mengko tuhu sekti, didimen telas pukulun, sagung wong Surabaya, tekeng pejah wadyanta ing Surengkewuh, datan ngrempelu sadaya, yen ngeman-emana pati.

08

Kalakyaning karsa tuwan, yen kacuwan luwung tumpesing jurit, urip apa karyanipun, tan pecus karya rena, ing karsane jeng gusti teka tan dhaup, yen uripa kena ngucap, dhasar manungsa tan yukti.

09

Ewa kabeh kang tumingal, jer wong Surawesthi kang (n)jejemberi, apan nisthane kalangkung, kawruhe nora nana, mung mangkono bobote aduwe ratu, wali kalipahing allah, prandene nora nglabuhi.

10

Ya endah apa wong kompra, ceplik tangeh weruha marang becik, sadaya pating salenggruk, punggaweng Surabaya, ki tumenggung Sapanjang matur dhuh-adhuh, anjanmaa kaping sapta, kawulakna sadayeki.

11

Pejah gesang aywa pisah, ing jeng pangran kang mengku Surawesthi, wadya tumpesa karuhun, sampun age paduka, kundur nganjukaken yuswanta pukulun, pra wadya ing Surapringga, yen tiwa ngayahan jurit.

12

Aywa na kantung satunggal, einumpese mring Sunan Giri aglis, yen paduka prapta kantung, sampun age paduka, kundur ngunjukaken yuswanta pukulun, pra wadya ing Surapringga, yen tiwas ngayahan jurit.

13

Yaksiya satru kawula, saturune (n)janmaa dhateng pundi, tetepa dumados satru, yen dereng kalampahan, pulih awon dhateng paduka gustiku, Jeng Ratu Pandhan myang garwa, suka ing tyas duk miyarsi.

14

Ature para punggawa, samya madeg kasuranireng galih, prasetyanira trus kalbu, datan lamis ing ujar, sru kumruwuk nyuwun lilah magut pupuh, mangrurah kraton Prawata, rampung ing sadina mangkin.

15

Sunanne daya tawanan, amboyongi dunyarta garwa siwi, Ratu Pandhan ngandika rum, yen sira magut ing prang, ingsun arsa uning tingkahing apupuh, yen tetep asoring yuda, padha bareng angemasi.

16

Para wadya matur nembah, den pitados risaking kraton Giri, prayogi jeng gusti kantun, wonten ing pasanggrahan, nyakecakken sarira dalem pukulun, jeng ratu aris ngandika, palimarmanta mring mami.

17

Abanget tarimaningwang, sun tatedha winalesa ing Widdhi, nangging kencenge tyasingsun, tan kena sinayutan, para wadya sadaya samwa andheku, jeng ratu malih ngandika, mengko yen wis prapteng Giri.

18

Mungguh gelaring ngayuda, bocahingsun sikep ing Surawesthi, nganggoa gagaman pupuh, ana ing ngarsaningwang, kang minangka titindhih kangmas lang ingsun, kabeh padha singitana, lamun wus tempuh ing jurit.

19

Ingsun aparing tengara, yen pistulku wus muni kaping katri, sedheng kuwuring ngapupuh, aglis sira trajanga, poma padha estona pituturingsung, pra wadya matur sandika, mundur anata kang baris.

20

Pra wadyu asuka-suka, giyak-giyak marlesunira enir, pulih kapurunanipun, sareng surak gumerah, nora nana kang alit ing manahipun, sadaya samyambeg pejah, gambira wong Surawesthi.

21

Sampun anembang tengara, bidhalira wadya ing Surawesthi, kuli minangka panganjur, binusanan mawarna, abang kuning ireng putih iju wungu, mandhi watang nganggar criga, tinon lir panjrahing sari.

22

Jeng Ratu Pandhan neng wuntat, nitih joli jeng pangran datan tebih. wahana turangganipun, ingurung-urung wadya, magersari prajurit wuri sinambung, solahe lir singa krura, tan nedya mundur ing jurit.

PUPUH XV

D U R M A

01

Lampahira ing ngenu datan winarna, wadya ing Surawesthi, wus ngancik jajahan, ing Giri kagegeran, prajurit kang aneng wuri, lampahnya nyimpang, singitan tan katawis.

02

Kawarnaa Jeng Susunan ing Prawata, lagya eca tinangkil, lan sang Endrasena, ingadhep para wadya, tan liyan ingkang ginupit, jayaning aprang, jeng sunan ngandika ris.

03

Endrasena kadiparan mangsuli, apa tan nedya bali, matur Endrasana, pukulun kinten amba, kalajeng dennya malencing, boten kuwagan, nadhahi yuda mami.

04

Lamun purung wangsul netepi bebasan, lir sulung lebu geni, nadyan kangjeng sultan, Mantaram yen miyarsa, tandan ulun ing ngajurit, kasekten amba sayekti lajeng miris.

05

Dereng dangu dennira imbal wacana, kasari gegar jawi, alok mungsuh prapta, anganggo mancawarna, tindhihipun nitih joli, munggeng ing wuntat, gugup Susunan Giri.

06

Kulup payo padha nembange tengara, mungsuh (n)dadak nekani, kaki den prayitna, sun dongakken rahaja, Endrasena mundur aglis, nembang tengara, busekan wadya Giri.

07

Pradandanan ngrasuk kapraboning ngaprang, sangking kitha wus mijil, sangking rananggana, sampun ayun-ayunan, tengara paguting jurit, bedhug tinatab, surak manengker langit.

08

Sareng tandang wadya Giri Surapringga, caruk asilih ungkih, tambuh mungsuh rowang, sanjata barongongan, wadya Giri ngiak wani, pangamukira, lir bantheng nandhan kanin.

09

Wadya Surapringga kadya singa krura, manggalak (ng)gegirisi, samyambeg palastra, kang pejang ingidakan, riwut ruket ing ngajurit, tan ana nedya, ngucira ing ngajurit.

10

Pan karasa paparinge gustinira, sedya amales becik, ngetohaken pejah, wus ruket ing ngayuda, larih-linarih ing keris, tumbak-tinumbak, penthung-pinenthung genti.

11

Ana ingkang prang tangan datanpa gaman, dadya bithi-binithi, japa jinapanan, sebul-sinebul gantya, umet-umet umik-umik, ngapalken japa, pating kareses sami.

12

Endrasena pangamuke saya nengah, pedhange mobat-mabit, singa kang katrajang, ngisis datan kawawa, nanggulang pangamukneki, kathah kabranan, papati tanpa wilis.

13

Bubar-bubar ngungsi (ng)gyaning gustinira, Jeng Ratu Pangran Pekik, anuding wadya, heh bocah Surabaya, sira ayun marang ngendi, aturing wadya, ngaso ing sawatawis.

14

Wusnya ngaso sakedhap, nulya tumandang, mring pambaratan malih, risang Endrasena, sawadya sri gambira, satuhu ngebat-ebati, pangamukira, jeng ratu wlas ningali.

15

Matur maring kang garwa Kangjeng Pangeran, dhuh kangmas adipati, senapati Cina, wus wuru ing ngayuda, sedhenge tiniban mimis, manthuk jeng pangran, jeng ratu ngasta aglis.

16

Pistulira winawas mimis lumepas, mring Endrasena kanin, tanganira kanan, jumbul pedhange gigal, ngamuk dhuwung tangan kering, pinistul sigra, kabranan tangan kalih.

17

Maksih pangah ngamuk (m)bijig (n)jejeg (n)dhupak, angemah-ngemah kuping, Ratu Pandhan sigra pistulira winawas, suku Endrasena keni, sakala rebah, prajurit Surawesthi.

18

Samya mireng ungele pistul ping tiga, sigra angebyuk jurit, saking kering kanan, gugup ingkang tinrajang, wong Giri tan ana uning, yen mengsah wewah, prajurit Surawesthi.

19

Kiranira kantung kang katon kewala, jroning tyas agun kibir, dadya tan weweku, bujuke wong Mantaram, wadya Cina anadhahi, karoban mengsah, linambung nganan ngering.

20

Endrasena (n)dhoko madyaning ngayuda, mangkana wadya Giri, myang prajurit Cina, tyase wus samya growah, kemba tandange ngajurit, wong Surabaya, sadaya ambeg pati.

21

Amangrurah mungsuhe pating salayah, angilr babatan pacing, risang Endrasena, kinrocok tinunbakan, ajur luluh awor siti, wadya tumpesan, sakantune kang lalis.

22

Mawut-mawut lumayu (ng)guwang gegaman, samya angungsi urip, (ng)galundhung ing jurang, singidan malbeng guwa, ana ingkang (ng)gebyur tasik, minggah ing arga, sinurak saya giris.

23

Wadya Giri siji tan ana katingal, resik lir den saponi, wadya Surabaya, surak ambal-ambalan, pratanda ungguling jurit, Giri kinepang, tepung kinubeng baris.

24

Kawarnaa nalika ramening yuda, putranya Sunan Giri, kang saking ampeyan, titiga estri juga, tunggil sayayah sabibi, sru angresing tyas, lir mas timbul ing warih.

PUPUH XVI

MASKUMAMBANG

01

Ingkang sepuh kakasih Dyan Jayengresmi, ramening ngayuda ngupadosi rayi kalih, Jayengsari Rancangpatya.

02

Karsanira ri kalih binekta ngunsi, nangin jro kadhatyan, ingubres wus tan kapanggih, rahadyan sanget sungkawa.

03

Lolos saking Giri madosi kang rayi, tambuh kang sinedya, tan ana kang ngudaneni, lepas lambahe rahadyan.

04

Kawarnaa wau Raden Jayengsari, tan pisah kalawan rinta Niken Rancangkapti, ngupadosi ingkang raka.

05

Tan kapanggya santri Buras atur uning, dhuh lae bendara, ing Giri apes ing jurit, tan wande daya tatawan.

06

Pan binoyong maring nagari Mantawis, rakanta Rahdyan Jayengresmi sampun anis, nir dasih kang atut wuntat.

07

Duh miyarsa aturi ki Buras santri, Raden Jayengsekar, ngandika waspa dres mijil, yayi paran karsanira.

08

Niken Rancangkapti matur esmu tangis, kakang nora betah, yen pisah lawan sireki, saparan aku tut wuntat.

09

Saya ribet tyasira Dyan Jayengsari, yayi karsaningwang, anglut kangmas Jayengresmi, mati urip aywa pisah.

10

Buras matut kalilana ingkang abdi, tumutur saparan, sumangga nunten lumaris, selak tebah rakapara.

11

Payo yayi nuli pangkat ing saiki, kang rayi turira, kakang aku dandan dhisik, karo nglumpukke dolanan.

12

Mengko Buras gawanen dolalan mami, besek temantenan amben cilik rana cilik, bagor isi dhuwit wingka.

13

Cowek wajan anglo keren kendhil kwali, irus rok-erokan, solet wilah susuk cilik, bagor cilik isi beras.

14

Tenong cilik isi bumbu aja cicir lan cuwilan bata, kembang jambu ambas krambil, kunir enjet angus wajan.

15

Buras matur lehe (m)bekto kadi pundi, iya kanthongana, meh bae dhakone lali, kecik klungsu aneng keba.

16

Mantenaku becik dak gendhong pribadi, aja sira gawa, mengko mundak kok colongi, kateku gawanen pisan.

17

Ko nek kesel aku (n)juk gendhong sireki, buras tobat-tobat, dhuh bendara napa malih, kari peturon bebetan.

18

Payo Buras ewangana anjupuki, Raden Jayangsekar, myarsa surak (ng)gegeteri, kang rayi nulya cinandhak.

19

Gya ginendhong santri Buras aneng wuri, kakang udhunena, pasaranku isih keri, nek dak tinggal mundhak ilang.

20

Buras matur sedaya tan ana keri, wus pinikul berah, endi mantenaku kecik, karo cukike nek ilang.

21

Sampun lepas lambahe Dyan Jayengsari, umanjing mring wana, tumurun ing jurang trebis, gantya ingkan winursita.

22

Kangjeng ratu lawan garwa sang dipati, minggah marang Arga, jinajaran pra prajurit, ingurung-urung sentana.

23

Kawarnaa garwanya sang maha resi, miyos saking pura, lumajeng atawan tangis, miyat baris kang neng ngarsa.

24

Prapteng ngarsa mendhak-mendhak mangenjali, anungkemi pada, matur mlasasih wor tangis, lae gusti pundhen amba.

25

Karsa rawuh aneng padhekahan Giri, sewu kanugrahan, pindha kadhawahan sari, wijile nata minulya.

PUPUH XVII

MIJIL

01

Datan (n)dimpe musthikaning bumi, rawuh sakarongron, apuranen punika dasihe, abdi dalem pandhita ing Giri, ywa tumekeng lalis, sru panuwun ulun.

02

Sastunipun putranta ing Giri, katarik wiraos, keni bujuk rum manis tembunge, anglimputi utamaning resi, temah (m)bebayani, tiwas ing tumuwuh.

03

Endrasena eblis angejawi, reraton neng dhepok, teka badhe ngembari dheweke, ing sang ulun kang mengku rat Jawi, satemah ngmasi, (ng)gegawa sang wiku.

04

Putra tuwan saestune sepi, balela ing katong, lah punapa kang den andelake, dhuh jeng gusti saestu tur mami, den pracayeng galih, Gusti atur ulun.

05

Pangran Surawesthi ngandika ris, aywa walangatos, lamun mengko wus eling atine, gelem nungkul marang ing Mantawis, atur pati-urip, mring Jeng Sultan Agung.

06

Yen miturut nora sun pateni, lamun meksa wangkot, kari aran sak bjojo anake, tumpes tapis ing Giri sun radin, papak lawan siti, aja na mandhukul.

07

Nora nyana nora ngira mami, yen dadi prang popor, sadurunge kalakon mangkene, akeh-akeh manira nuturi, teka tan ginati, minggu datan muwus.

08

Aturana lakimu den aglis, yen sandeyeng batos, isih kenceng kan dadi karepe, isin mundur nglabuhi si eblis, nora ngman pati, suka tumpes lebur.

09

Baya namung sagebyaring thathit, ing Giri wus luloh, menek uwus rumangsa lupute, gelem nungkul marang ing Mantawis, nuli konen mijil, aja nganggo dhuwung.

10

Nembah mundur sang dyah prameswari, jeng ratu angantos, aneng jawi kalawan garwane, yata wau prameswari Giri, nung kemi padaning, risang raja wiku.

11

Aturira dahat mamalatsih, dhuh jawataningong, rama tuwan kalangan garwane, Gusti Kangjeng Ratu Pandhansari, rawuh wus neng jawi, (m)bekta prajurit gung.

12

Dhawuhipun dhumateng pun patik, gusti wantos, ywa kadaut paduka kasupen, bilih karsa nungkul mring Mantawis, tangel Pangran Pekik, ing rahayunipun.

13

Slira tuwan sarwa putrabdi, tulus angadahton, aneng Giri saturun-turune, bilih datan makaten wus pasthi, risak prajeng Giri, tumesan sadarung.

14

Jeng paduka tinimbalan mijil, dangu wus ingantos, yen taledhor bok dados dukane, pan dinalih ngungkebi si eblis, mangga sowan gusti, sampun ngagem dhuwung.

15

Sunan Giri wenteh angengeti, tyarsa sumedhot, gugup tanggap ngrasuk busanane, datan ngagem curiga wus mijil, atateken ecis, mangsah munduk-mundhuk.

16

Dupi prapta ngarsanya sang Pangeran Pekik, sasalaman gupoh, wusing salam angraup padane, marikelu mepes aneng ngarsi, lir konjem mring siti, ajrihe kalangkung.

17

Angandika Jeng Pangeran Pekik, pungkasaning lakon, kadiparan karepmu ing mangke, keketogan aywa mindho kardi, endi kok antepi, mati apa nungkul.

18

Lamun nungkul dak gawa saiki, marang nagrningong, sabojomu myang anakmu kabeh, rajabrana saisining Giri, sawadyanireki, aja na kang kantun.

19

Sabanjure angidhepa maring, jeng sultan kinaot, ingsun ingkang bakal nyebakake, sang pandhita aturira aris, tan lenggana gusti, andeherk sakayun.

20

Sampun ingkang dhumateng ing sakit, nayan prapteng layon tan gumingsir sumarah abdine, muhun nyadhong parenging narpati, amba angengeti, waweca ing dangu.

21

Karsaning Hyang buwana binalik, luhur dadya asor, nanging datan ngicalekn lajere, kang paran (ng)gen amba sumingkir, pangran duk miraysi, angres galihipun.

22

Ngandika lan hya sumelang kapti, ingsun kang tumanggoh, den pracaya marang Sang Murbeng reh, lah ta mara padandana aglis, lengser Sunan Giri, padandosan sampun.

23

Wus samekta tan ana kang cicir, jeng pangeran bodhol, ing kang rayi wahana joline, Sunan Giri tinandhu neng ngarsi, lan garwa myang siwi, jinagan wadya gung.

24

Wadya Suraweshti abibisik, marang sang wiranom, prayogine Sunan Giri mangke, yen sambada ing karsa jeng gusti, reh kaya papati, anggambuh prang pupuh.

PUPUH XVIII

G A M B U H

01

Kalkyan aprang pupuh, dados damel kapitunan agung, aminihi kangangsarane tyang alit, (ng)gorekken praja sewagung, abdidalem kathah layon.

02

Tetele sampun kosus, sinangsaya tumekeng ing lampus, tinumpesa sampun boen milalati, imane sampun tekiyur, ical sumengkem ing Manon.

03

Mumpuni kajengipun, jawi lebet sadyanya rinangkut, tan rumaos kungkulan, dhampar narpati, wikuning antegan estu, pathaknya jawi kemawon.

04

Ing mangkya mumpung ngumpul, wonten ngajeng kadral sangking pungkur, Pangran Pekik gumujeng angandika aris, bener kabeh ing aturmu, wus kosus tinumpes mangko.

05

Angangin saka dhawuh, dalem Gusti Kangjeng Sultan Agung, ingsun nora winenang lamun mateni, pan dudu bubuhan ingsun, luwih karsane sang katong.

06

Wirayate pra luhung, yen sumengko durung waktunipun, besuk ana kang ngremeg kadhaton Giri, darahe Jeng Sultan Agung, campur lawan darahingong.

07

Sadaya para wadu, samya (d)dheku langkung cuweng kalbu, mareming tyas tembe kalakon sadyeki, yata lajeng lampahipun, wus prapta ing Surengkewoh.

08

Pinernah pondhokipun, Sunan Giri sawadya kinumpul. myang jiagang ing prajurit Surengwesthi, kangjeng ratu karsanipun, benjang enjang dennya bodhol.

09

Cinachahaken sampun, baboyongan jarahan brana gung, sunan Giri matur mring Jeng Pangran Pekik, kauningana pukulun, kirang tiga anak ingong.

10

Jayengresmi kang sepuh, miwah Jayengsari arinipun, wuragile wasta Niken Rancangkapti, remaning prang sami mirut, lolos sangking ing kadhaton.

11

Tan wonten sanjang ulun, duka dalem menggah purugipun, tunggil biyan tiga pisan sangkin wingking, jeng pangran nulya dhadhawuh, marang wadya Surengkewoh.

12

Heh bocah den agupuh, upayanen atmaja sang wiku, Jayengresmi Jayengsari Rancangkapti, kalamun uwus kangguh, rihrihen deng nganti klakon.

13

Sabekna mring Mantarum, yen ambandakalani tan purun, aywa wangwang (ng)gonira anyantosani, yen abota sangganipun, matura ing jengingong.

14

Ki Sapanjang wus ngutus, wadya Surengkewuh ingkang ngruruh, pan sinebar ing paran datan anunggil, sigegen dennya angruruh, enjinge denya yun bodhol.

15

Sowan maring Mantarum, wus amekta punggawa nunganung, myang boyongan jarahan sampun mirangti, tinengeran bendhe ngungkung, gumuruh kanang kendhang gong.

16

Enjang budhal gumuruh, giyak-giyak tandha jayeng pupuh, kangjeng ratu neng ngarsa anitih joli, jeng pangeran tanseng pungkur, nitih turangga binarong.

17

Ingayap wadnyanipun jinajaran myang den urung-urung, kang sumambung ing wuri jeng Sunan Giri, sagarwa putra tinandhu, brana jarahan tan adoh.

18

Jinagan pra mantri nung, jinajaran myang den urung-urung, ginarubyug prajurit ing Surabanggi, samya prayitna ing kewuh, samarga-marga tinonton.

19

Ing ngenu tan winuwus, sus angancik nagari Mantarum, oreg ingkang samya ayun aningali, kondurira kangjeng ratu, ungguling prang ambaboyong.

20

Sunan Giri pinikut, sagarwa putra santananipun, jajarahan gusis rajabrana Giri, wong nongon jejel supenuh, samya ngucap ting calemong.

21

Sing endi warnanipun Sunan Giri kang mbaleleng ratu, rowangira nauri atuding-tuding, kae lo lo aneng tandhu, kang wus pikun kempong perot.

22

Lo dene uwus thuyuk, apa ingkan den andelken iku, ah wong wiku manawa dongane mandi, lan duwe saraya jadhug, Cina mualap sabagor.

23

Ing mengko wis kinrucuk, ing jeng ratu kagem sambel wandu*), pinakakken maring sakehe wong Giri, satemahe padha mupus, rajane kena binoyong.

24

Wau ta lampahipun, kangjeng ratu prapta ngalun-alun, Pangeran Pekik sawadya myang Sunan Giri, kendel nang taratag agung, jeng ratu (n)dhandang kadhaton.

Prayaginipun sambel windhu = sambel wayu

PUPUH XIX

DHANDHANGGULA

01

Kawarnaa jeng Sultan Mantawis, apan sampun ingaturan wikan, Jeng Ratu Pandhan rawuhe,s aha ungguling pupuh, Sunan Giri sampun jiodhi, binekta mring Mantaram, mangkana sang prabu, miyos madyaning pandhapa, ginarebeg sagunging pawongan cethi, sampet pacareng nata.

02

Tan pantara kang rayi kaeksi, kangjeng sultan gupuh dennya mapak, tundhuk pinengkul janggane, kinanthi lapahipun, wusing lenggah caket sang aji, arum wijiling sabda, adhuh ariningsun, lakumu myang garwanira, ingsun utus ngendhakken pandhita Giri, apa padha raharja.

03

Lakinira mengko ana ngendi, kangjeng ratu matur saha nembah, kakang prabu pangestune, mundhi dhawuh pukulun, amba miwah kangmas dipati, myang wadya Surabaya, sadaya rahayu, ingutus wus antuk karya, Sunan Giri ing aprang sampun kapilis, ing mangkya kula bekta.

04

Laki ulun ngentosi neng jawi, cumadhong ing dhawuh sri narendra, jeng sultan utusan age, nimbali ipe prabu, Pangran Pekik sampun akerit, prapta ing palataran, (n)dhadhab mundhuk-mundhuk, lenggah konjen ing pratala, gya ingawe jeng pangran majeng wotsari, mangraup pada nata.

05

Paha becik satekamu yayi, dene lagi sawatara dina, apa baya antuk gawe, jeng pangran nembah matur, dhuh gustiku kalipah Widdhi, musthikaning bawana, kinasih Hyang Agung, pangestu dalem narendra, kawula miyang abdi dalem Surewesthi, sadaya karaharjan.

06

Nuwun ampun kawula tinuding, (n)dhawuhaken timbalan narendra, dhateng Sunan Giri Prapen, supadi ywa kadaut, kajengipun ingkang nalisip, tan ayun sumuyuta, ing pada pukulun, skawit patik piyambak, tanpa kanthi pinanggih Sunan Giri, pinuju pakempalan.

07

Para kaum andher ngarseng resi, lawan wonten tyan china mualap, kalih atus prajurite, sampun Islam sadarum, lurahipun pinendhet siwi, ingaran Enrasena, saestu pinunjul punika ingkan amawa, kadauting tyasira sang maha resi, sinantosan tyang Cina.

08

Ulun paripih sanganing aris, meh sadalu meksa boten membat, gebes tan wonten ature, pegeling tyas kalangkun, ulun mantuk datanpa pamit, enjinge mapak yuda, meh sadinten muput, wadya dalem Surabaya, pan kaseser giris pangamukireki, Endrasena prawira.

09

Ing sasaged amba abolehi, meksa mopo miris ananggulang, wadya Giri pangamuke, tyas amba ngres kalangkung, sumpeg pepet kewan ing pikir, rayi dalem duk priksa, bilih amba minggu, tan wonten wenganing manah, ngandika rum dhateng amba ngasih-asih, mundhut lilah ngrarepa.

10

Karsa mulihaken tyasing abdi, sareng rayi dalem angandika, inggaring tyas amba mangke, nyumanggakken sakayun, mung sdarmi (n)dherek kang abdi, anulya mundhut reyal, cacah wolungatus, busana maneka warna, pinaringken dhateng ing punggawa mantri, pipikul Surabaya.

11

Samya enggar manahipun sami, prembik-prembik thukul kasuranya, jeng sultan asru gujenge, bacutna ariningsun, nuwun rayi dalem jeng gusti, kathah kang pangandika, nyenyes manis arum, kados majeng ngelmi nyata, agendhagan abdi dalem boten apil, panjang angandhar-andhar.

12

Abdi dalem tyang sa-Surawesthi, sareng mireng ingkan pangandika, samya madeg kasurane, matur asenggruk-senggruk, aprasetya mawanti-wanti, sadaya ambeg pejah, nadyan lebur-luluh, tan gumingsir ing ngayahan, saya suka sang aji ngandika aris, mara yayi banjurna.

13

Enjing lajeng tengara tinitir, rayidalem madeg senapatya, neng joli mangku pistule, kawula aneng pungkur, numpak kapal datan cumuwit, gelaripun ngayuda, garudha maniyup, kuli binusanan abra, dadya cucuk rayidalem dadya telih, prajurit Surapringga.

14

Kang miangka gelar nganan-ngering, alimuan datan katingalan, amuk cucuk medheng-medhen, surak mawantu-wantu, wadya Giri lajeng miyosi, nir baya nir wikara, gupuh amanempuh, senapati Endrasena, sawadyanya tyang Cina wira ing jurit, rame campihing yuda.

15

Pan kapilis wadya Surawesthi, ngungsi (ng)gyaning risang senapatya, rayidalem timbalane, lho kathik padha mlayu, aturipun boten lumaris, angencengi dandosan, Endrasena anglut, tandangnya lir. Radyan Seta, rayidalem mistul tangan tengen keni, pedangipun wus gagal.*)

16

Maksih ngamuk dhuwung tangan kering, gya pinistul tanganipun kiwa, kabranan tangan kalihe, kantun suku myang gundhul, (n)jejeg (m)bijig lir menda baring, ger ginuyu wong kathah, ping tri ing pamistul, sukunipun kang kataman, lajeng dhawah sareng kerbeting**) suwiwi, wadya ing Surabaya.

17

Angebyuki sangking kanan kering, waringuten wadya Surabaya, kadugen ing punagine, angidak ambeg purun, datan odhil wadya ing Giri, pepejah tan petungan, leseh sungsun timbun, kanthun kedhik ingkang gesang, mawut-mawut samya ngungsi jurang trebis, weneh minggah prawata.

18

Endrasena luluh awor siti, wadya Cina tumesan sadaya, rayidalem minggah age, dhumateng ing kadhatun, prapteng jawi garwa sang yogi, umareg ngraup pada, asru tangisipun, nyuwunaken pangkasama, gesangipun lakinya pandhita Giri, sampun pasrah bongkokan.

19

Tan suwala sakarsa sang aji, rajabrana saisining pura, sadaya deaturake, myang anak rabinipun, amung anak kang sangking selir, titiga estri juga, Jengresmi kang sepuh, ambeg mawiku sudibya, nuli Jayengsari taruna apekik, Rancangkapti wanudya.

20

Tiga pisan ramening ngajurit, samya lolos amba wus kengkenan, ngupadosi katigane, ing samangke pukulun, Sunan Giri saha nak-rabi, myang sagung jajarahan, wus neng alun-alun, kawula nuwun sumangga, kangjeng sultan suka amarwatasiwi, aris wijiling sabda.

21

Iya banget ing panrima mami, wiku Giri patut ingapura, ing samengko pangwasane, ing Giri sadaeku, sun paringken maring sireki, sagunge jajarahan, dadia darbekmu, jeng panran matur manembah, sakalangkun kapundhi sih paduka ji, kang dhumateng patikbra.

22

Kangjeng sunan angandika malih, seje waktu ingsun yun apanggya, lan wiku Giri Parapen, ing mengko jekken manthuk, kang miruda si Jayengresmi, karepe ayun nandha, marang jenenghingsun, amung salamet tekadnya, tembe asung patilasan ing nagari, mumpuni ing kasidan.

23

Jeng pangeran (n)dheku atur pamit, saha garwa mring Kasurabayan, wus linilan nulya lengser,s ang prabu angadhatun, kangjeng ratu kundur kinanthi, wus prapteng Surabayan, tan pisah sang wiku, sagarwa-putra pinarnah, pondhokira nglempak dadya wawiji, pan datan kawoworan.

24

Paringdalem sungata lumintir, pinisalin sakehe boyongan, samya sukarena tyase, lir jagong amamantu, dadya bawan datan pinikir, ngluhurken asma sultan, satuhu pinunjul, jeng ratu amage brana, jajarahan dhumateng wadya gung alit, kasmaran tampi kucah.

*)Prayoginipun gigal=dhawah
**) Prayoginipun kebeting suwiwi

PUPUH XX

ASMARANDANA

01

Nengena nagri Mantawis, tamat ing Giri bedhahnya, gantya ingkan winiraos, Dyan Jayengesmi wnarna, prapteng madya ning wana, santrinya kakasih nusul, Gathak Gahtuk namanira.

02

Cirebon wutahrahneki, nembah matur rawat waspa, tan saged pisah dasihe, ulun-tumuntur saparan, rahadyan lon ngandika, ingsun mangayu-bagyestu, (ng)gonira mantep sih tresna.

03

Nahan lampahira prapti, patilasaning kadhatyan, Majapait duk kinane, anon rengganing gapura, banon abrit kinarya, rapet ing pamasangipun, atose wus kadya sela.

04

Pamasang datanpa gamping, tigas ginosok kewala, lawan banon sami banon,s angking mathasing pamasang, suluhan tan katingal, lir sarimbag banon wutuh, ingukir pinatra sekar.

05

Ing sanginggilira kori, sinungsun tinumpang-tumpang, mancut remit pangukire, ing sapucaking gapura, kathukulan mandira, rompyoh-rompyoh angrambuyung, kiwa tengening gapura.

06

Binanon nglajur ngubengi, campurinira kadhatyan, radyan miyang kalih santrine, kemput dennira umiyat, nulya manjing jro pura, (n)ujug ing balumbang agung, toya wening gilar-gilar.

07

Binotrawi sela abrit, kemput tepining balumbang, tinepi sasekarane, andong anggrek argolubang, noja lan sekar nala, nagari cepaka rum, claket myang sekar rejasa.

08

Rukem ragaina tuwin, klurak kalak kanigara, kemuning kananga kaot, dlima wantah dilem ngambar, taluki sruni wungyan, wratsari landep sumusup, pacarcina pudhak ngambar.

09

Kathah winarna ing tulis kumenyut tyasira radyan, enget mring ari sang sinom, Rancangkapti kadangingwang, nguni karemenanta, wanci bangun ngundhuh santun, kakaring ing patamanan.

10

Marang ngendi sira yayi, rahadyan sabil ing nala, tyas pinupus nulya ngaler, umiyat kanang kuburan, rahadyan uluk salam, karengeng wansulanipun, ya raden ngalekumsalam.

11

Jengresmi lan abdi kalih, guyub samya rarantiban, bakdanya ratib gya lengser, tan patya tebih gya miyat, reca amuka sona, Gathak Gathuk kagyat (n)jumbul bilih ingong sengguh janma.

12

Tibane watu si anging , radyan (n)jajah jroning pura, sunya tan ana tabete, gya wangsul maring balumbang, angambil toya kadas, Gathak adan kamat Gahuk, samya prelu waktu Ngasar.

13

Wus bada anulya mijil, rarywan ngajenging gapura, nulya ana janma rawoh, nyaketi lenggahnya radyan, alon ing aturira, angger ingkang nembe rawuh, sami katuran raharja.

14

Sinten sinambating wangi, paran kang sinedyeng karsa, radyan angandika alon, paman asung kang pambagya, sanget panrimaningwang, tanpa wisma raganingsun, moyang ngupadosi kadang.

15

Nama karan Bagus Santri, paman ulun atetanya, andika sinten kasihe, nun kula nama Ki Purwa, ingkang kajibah tengga, patilasan kadhaton gung, Majapait ranning praja.

16

Yen kapareng bagus kampir, dhumateng sudhunge paman, radyan manis andika, banget ing panrimaningwang, aneng ngriki kewala, ngiras netepi katengsun, ngalap barkahing minulya.

17

Nunginggih langkung prayogi, dhasar panepen punika, lamun malem (ng)Garakaseh, kathah para manca prapta, mawarna kang sinedya, angunjung astanipun, jenengdalem Putri Cempa.

18

Panupi sampun ningali, dhaten lebeting kadhatyan, paman wus salesih ingong, kakaring aneng jro pura, umiyati pakuburan, reca miwah blumbang agung, paran gotekipun kuna.

19

Ki Purwa turira aris, punika ingkang gapura, Waringin-lawang wastane, balumbang kang kalangenan, Sang Prabu Brawijaya, putri Cempa kang kinubur, wus maning agama Islam.

20

Reca pindha narpati, Balambangan Minakjingga, dadya tirakatan gedhe, punika goteking kuna, dene sanggar pamujan, winastanan Candhi Brau, tan tebih sangking kadhatyan.

21

Punapa dereng ningali, ing mangke dalu kewala, ulun ingkang (n)dherekake, wektu Mahrib wus andungkap, Gathak Gathuk gya adan, paragat dennira wektu, Mahrib atanapi Ngisa.

22

Sedhenge prunama-siddhi, padhang bulan kakencaran, rahadyan alon lampahe, Ki Prwa lumakyeng ngarsa, Gathak Gathuk tan tebah, prapta Candhi Brau sampun, pamujan Sri Brawijaya.

23

Wanguning candi lir masjit, payon banon tatumpangan, dadya lincip pungkasane, ngandhap sinungan wiwara, Ki Purwa aturira, sumangga bagus umangsuk, maring plenggahan pamujan.

24

RAdyan myang santri kakalih, wus manjing jruning pamujan, langkung kacaryan driyane, miyat rarenggan srawendah, myang awuning kang dupa, ngandhukur lir pendah gumuk, wus tamat anulya medal.

25

Ki Purwa umatur malih, wonten malih candhi endah, Bajang ratu (ng)gih namane, anaging klebet sirikan, yen wonten kang umiyat, tan kadugen kajengipun, miwah apes kang pinanggya.

26

Prayogi boten ningali, radyan angling paman nedha, kendel ing ngriki kemawon, ulun apamitan pisan, ing ari benjang-enjang, ayun (n)dumugekken laku, ngupaya kesahing kadang.

27

Ki Purwa umatur inggih, sumangga sakarsa tuwan, dalu datan winiraos, wanci pajar gidib nulya, angambil toya kadas, para gading waktu Subuh, rahadyan aris ngandika.

28

Paman kantuna basuki, Ki Purwa aris turira, rahadyan lajeng lampahe, wamarga arawat waspa, nanedha ing pangeran rahayuning aranipun, rama miwah kaluwarga.

29

Lepas lampahnya dumugi candi Panataran Blitar, nengardi Kelut sukune, sela cemeng kang kinarya, ageng ingkang sajuga, wit ngandap tumekeng pucuk, ingukir ginambar wayang.

30

Radyan gya minggah ing candhi, tundha pitu prapteng pucak, udhunira along-alon, Gathak Gathuk barangkangan, tyas agung tarataban, tekeng ngandhap Gathuk muwus, Gathak mau gambar apa.

31

Kang ingukir pinggir candhi, lunglungan ceplok kembangan, memper wayang buta kehtek, Gathuk ing pangiraningwang, gambare Ramba tambak, katara ketheke brengkut, candi alit tininggalan.

32

Lir cungkup wanguaneki, ing sanginggiling wiwara, sinerat sastra Budane, Gathak matur inggih radyan, punika kadiparan, kajenge sastra puniku, pating penthalit tan cetha.

33

Rahadyan ngandika aris, sastra Buda papengetan, sewu rongatus etung, sangang uluh siji warsa, nalikane akarya, ing sanggar pamujan iku, manthuk-manthuk Gathuk Gathak.

34

Tapis dennira mirsani, mentar sangking Panataran, awirandhungan lampahe, ngancik pandhekahan Gaprang, miyat kang reca sela, kakalih estri myang jalu, aneng sapinggiring marga.

35

Sekar konyong amenuhi, dupanira datan kendhat, tinengga palawangane, Gathak Gathuk lon tatanya, kiyai niku napa, jurukunci lon sumaur, bagus niki panyandranan.

36

Kang jaler nama Kiyai, estri nama Nyai Gaprang, pan dadya pakaulane, kang samya aminta barkah, nyunyuwun ge susuta, sarat lenggah kalihipun, ngungkrake kyai reca.

PUPUH XXI

PANGKUR

01

Lah punika palanangan, ingkang ngadep sipat grananya kyai, ingkang samya anunuwun, sawusing adudupa, nulya matur punapa sakajatinipun, lamun nyuwun ge susuta, kalihe samnya nglinggihi.

02

Ing pucuking palanangan, kang wus klakyan tumunten darbe sisi, Gathak Gahtuk angacemut, i tobat nora nyana, ingkang jejer ngater iku dadi pelus, radyan lajeng lampahira, manjing Lodhaya wanadri.

03

Miyat wisma lit gedhegan, payon atep ing salebeting panti, egong sajuga gumandhul, nulya kampir rahadyan, tan adangu jarukuncinira rawuh, tatanya punapa karsa, Gathak Gathuk lon nyauri.

04

Kulo mung kampir kewala, kapundi dene gong neng wanandri, jurukunci sauripun, sampun kina makina, pan dumadya pupundhene tyang sadhusun, naminipun Kyai Pradhah, sinten ingkang darbe kardi.

05

Mawi anabuh gamelan, tamtu ngangge egon Pradha Kiyai, yen tan makaten saestu, bilai kasusahan,s aben dinten mila dinupan kumelun, sinekaran binorahan, dadya warni nganti kuning.

06

Rahadyan wusing miyarsa, cariyosnya kiyai jurukunci, nulya lajeng lampahipun, lumebet padhekahan, aningali wisma alit dhapur tajug, ngandika mring Gathak Gathuk, payo ngaso maring masjit.

07

Tumindak anom belikan, toya wening rahadyan miwah abgdi, samya ngambil toya wulu*), wus malbeng jroning langgar, Gathak Gathuk adan naging datan seru, tyasira tansah trataban, wusing sunat perlu Mahrib.

08

Linajengken wektu Ngisa, pragating sembahyang amiyarsi, swaraning janma gumrumung, Gathuk enggar tyarsira, ririh angling Gathak payo padha methu, nemoni janma kang nywara, baya iku ingkang kemit.

09

Kaliye medal lon-lonan, prapteng jawi sru kagyatireng ati, anom sami samya turu, ngubengi ponang langgar, angalemprak adu pathak adu bathuk, ngorok (ng)gereng sasenggoran, Gathak Gathuk wansul aglis.

10

Wel-welan matur ing radyan, dhuh bendara kawula tur udani, suwara janma gumrumung, dupi kawula medal, yun manggihi sun sengguh sanma satuhu, kang samya yun maring langgar, jebul sima kathah guling.

11

Cacahipun tan kantenan, leseh anjrah kadya babadan pacing, mangke menek samya wungu, tan wurung anembah byat, (m)barokati angemah-ngemah mring ulun, rahadyan mesen ngandika, sira ywa padha kuwatir.

12

Luwih karsane Pengeran, yen wis pasthi tan kena owah gingsir, tan kena kalamun luput, tan luput lamun kena, balik padha pasrah sumarah Hyang Agung, kawula amung sadarma, lir sarah aneng jaladri.

13

Wis Gathak Gathuk turua, ingsun ingkang ngeleki tekang enjing, rarywa kalih nulya turu, ngaringkel datan obah, datan segu radyan munajat sadalu, miminta ing karaharjan, dupi wusing bangun enjing.

14

Sembahyang Subuh pribadya, wusing bakda akaring pajar sidik, ginugah kang samya turu, tangi aremrem-ayam, miyarsakken swara sepi tandya lungguh, meh raina masemu bang, Hyang haruna ayun mijil.

15

Ningtip-intip Gathuk Gathak, anom janma titiga samya linggih, kadi mentas samya turu, dupi miyat jro langgar, ana tamu katri eca dennya lungguh, tri umentar gagancangan, tur uning mring lurahneki.

16

Dupi prapteng ngarsa lurah, atur uning ing langgar ana janmi, titiga juga binagus, respati mawa cahya, winatara sadalu munggen neng ngriku, ki lurah gawok ing driya, wus anarka yen wong luwih.

17

Parentah mring rabinira, heh Rubiyah sadhiyaa den aglis, bucu kang apik ananjung, iwak dhendheng manjangan, bayem ati gudhang pan-empon myang timun, siwalan ingkang dawegan, miwah legena hya lali.

18

Rubiyah matur sandika, wus samekta ki lurah mirah rabi, lajeng marang sanggar gupuh, umarek mring rahadyan, prapteng ngarsa matur marang sang linuhung, angger kula niakrama, sinten sinambating wingking.

19

Paman kula santri moyang, angulati kadang ingkang luna nis, saparan kawelasayun, balik ta sinten paman, lurah matur kang sotah mastani ulun, Ki Carita dadya lurah, ing dhusun Pakel punika.

20

Mila kula gupuh sowan, de rumiyin tumeka ing samangkin, tan ana janma kang purun, lumebet maring sanggar, mung paduka saestu lamun linuhung, baya trahing maratapa, wijiling andana warih.

21

kampipurun abdipara, atur dhahar lumayan ing kalantih, angsala barkah pukulun, kasawaban nugraha, wus tinata sang luhun ngcani kalbu, dhahar watara sak kluwak, dhendheng manjangan sacuwil.

22

Abtobbe ambal-ambalan, wus dumugi rampadan gya cinarik, dhaharan lumadyen ngayun, siwalan myang dresan, Raden dhahar siwalan tanapi nginum, deresaning kang siwalan, nikmat seger sarireki.

23

Gathak Gathuk ingacaran, lah suwaci (ng)ger aywa isan-isin, (n)dika nedha kang pakantuk, (ng)gih wakne ywa sumelang, Gathak Gathuk (ng)gennya nedha angathekul, kalihe wus tuwuk samya, angendhoni sabukneki.

24

Radyan ri tanya Ki Crita, kadiparan cariyosira nguni, griya myang kepek gumandhul, Ki Carita turira, inggih sangking gotekipun tiyang sepuh, griya winastanan sanggar pamujan kala rumiyin.

25

Kepek kakalih punika, kang satunggal pan isi sinjak lurik, warna-warni corekipun, miwah sinjang praosan, dhesthar tepen myang praosanipun, dene kepek satunggilnya, isi kampuh gadhungmlathi.

26

Mawi kaparaos jenar, kacariyos kagungan dalem Gusthi, Kangjeng Nyai Rara Kidul. saben taun sapisan, kulabekta dhumateng ing wismaulun, marika jangkeping cacah, sarto ngiras angsisi.

27

Sampuning jangkep kan cacah, lajeng wangsul marang ing sanggar malih, nalika pamendhetulun, tuwin wangsuling barang, sampun tamtu wonten sima kang tut pungkur, nangngin sangking katebihan, punika sima kang jagi.

28

Saben dalu tiga-tiga, blih siyang sami awarni janmi, wit pakel sangajengipun, ign sanggar kalih pisan, miwah uwit duren kakalih puniku, aneng kiwa tengan langgar, tanemanipun Jeng Gusti.

29

Panembahan Senapatya, mila saben woh katur mring mantawis, Gahtak Gathuk ririh muwus, wakane napa ingkang, den arani sima-gadhungan punika, de tyang datan mawi tungkak, (ng)gih makaten gotekneki.

30

Rahadyan manis ngandika, man Carita banget panrimamami, buja kramanta mring ulun, Allah kang malesane, reh wus siyang ulun (m)dumugekken laku, Ki Carita aturira, sumangga karsa sang pekik.

31

Kapungkur ing Pakel desa, lampahira ngaler ngetan lestari, kendel kalanireng waktu, prapta ing tanah Tuban, aso aneng ngandhap randhu-wana agung, Gathak Gathuk gawot mulat, agenging wit anglangkungi.

32

Kubenge gya pinecakan, kupengira pitung dasa kakalih, radyan utusan mring Gathuk, kinen ngupaya toya, gya umentar tan pantara tebihipun, anom sumur sela kresna, toya lebet langkung wening.

33

Wangsul matur ing rahadyan, pinurugan lawan santri kakalih, sumur watu kebak banyu, malah kongsi (m)baludag, nulya ngambil toyastuti.

34

Rampung dennya samya kadas, toya mendhak pulih lir nguni-uni, wangsul wektu ngandhap randhu, bakdane salat Ngasar, gya tumindak gandrung-gandrung kapirangu, enget mring kakalih kadang, sira yayi marang ngendi.

35

Anon sumber binalumbang, toya wening winastanan ing Bekti, Rancangkapti ariningsun, nguni karemenanta, adus marang balumbang ingkang binatur, radyan kendel sawatara, anulya lumampah malih.

36

Ngidul ngilen prapteng wana, langkung werit andungkap wektu Mahrib, kendel ngandhap mandera gung, aneng tepining sendang, binotrawi pinageran sela pingul, sawusing tetoya kadas, ngrarasati wektu Mahrib.

*)Prayoginipun wudhu

PUPUH XXII

M I J I L

01

Paragating Ngisa lawan Mahrib, pitekur sang anom, ngluhuraken asmane Sang Angreh, Gathak Gathuk wus dangu agulingna, swara kapyarsi, lir mriyem jumegur.

02

Lir kalindhon bumi gonjang-ganjing, Gathak Gathuk mbengok, gurawalan ngarukert rahadyan, saya rame swara kapiyarsi, sireping swareki, Gathak Gathuk ngantuk

03

Tan pantara rahadyan udani, wanodya kinaot, makidhupuh lingguh ing ngarsane, mangenjali matur nora krami, dhuh risang linuwih, ruwaten pukulun.

04

Ing munajat satuhu karya gring, marang wadyaningong, radyan mesem aris ngandikane, bbo rara sapa kang wawangi, lan wismanta ngende, de prapta ngarsengsun.

05

Kawruhana sang luhun wakmami, nguni putri katong, Brawijaya pungkasan pamase, kang mandhireng kraton Majapait, rusaking nagari, salin srengat Rosul.

06

Ulun datan kaduga nglakoni, ing agama kaot, banjur maring wana Bagor kene, atatruka karsaning Hyang Widdhi, kinen angratoni, sagungin lelembut.

07

Ingkang manggen neng Bagor wanadri, de kekasih ingong, Jeng Ratu Mas Trangganawulane, sendhang iki apan sunarani, Sugihwaras nenggih pasiramaningsun.

08

Amung saben ari Sukra Manis, (ng)goningsun lalangon, sapa wonge kang mantep atine, yun kateme marang jeneng mami, saranane mawi, tirakat sadalu.

09

Ing maleme ari Sukra Manis, pasthi ingsun rawoh, sarta asung apa sasedyane, ing samurwat sarta bener becik, mriyem ingkang muni, saben ratri iku.

10

Pratandhane karaton arja-di, mupus ing tyasingong, bawa uwus ginaris papasthen, takdiring Hyang tan kena wah gingsir, rasengsun sdarmi, sumarah sakayun.

11

Paran karsa sira prapteng ngriki, jarwaa sayektos, Jayengresmi alon andikane, angulati kadangong kang anis, jalu lawan estri, wus lawas tan pangguh.

12

Jeng Ratu Mas aturira aris, babo sang kinaot, den-narima pandurung mangsane, tembe panggih yen rahaden uwis, kaukum ing nagri, linabuh ing laut.

13

Neng Tunjungbang kono (ng)gonne dadi, banjur atatemon aywa kemba lakunira raden, nyanyaloni dadining ngaluwih, raden Jayengresmi, ana maremipun.

14

Lah Ratu Mas buron apa iki, kang padha mathangkrong, aneng epan tan kato raine, kaya munyuk buntute tak keksi, Ratu Mas lingnya ris, tukang arannipun

15

Heh Ratu Mas sapa kang sung uning, ing satekaningong, Sri Trengganawulan lon ature, peksi dhandhang sung ngalamat muni, kena dentiteni, kandhane wong sepuh.

16

Lamun ana paksi dhandhang muni, sangking kidul kulon, iya iku ala ngalamate, arsa padu rebut sapaleki, lamun dhandhang muni, kulon sangkanipun.

17

Yeku becik ing alamatneki, barang karya dados, lamun ana dhandhang munya mangke, saka kidul bener prenahneki, ngalamate rejeki, ingkang karsa rawuh.

18

Lamun ana paksi dhandhang muni, sangking kidul kulon, iya iku ala ngalamate, arsa padu rebut sapaleki, lamun dhandhang muni, kulon sangkanipun.

19

Ngalamate apan arsa rabi, yen sangking lor kulon, dhandhang muni ala ngalamate, apan arsa kageringan ati, den angati-ati, awas lawan emut.

20

Atobata maring ing Hyang Widdhi, poma dikalakon, dhandhang muni lor bener sangkane, yeku ala ngalamatireki, yekti arsa manggih, kawirangan agung.

21

Yen amuni ing lor wetan sangking, ngalamate tan awon, yun katemu ing prasanakane, miwah kadang ingkang wisma tebih, lamun dhandhang muni, mencok wuwungipun.

22

Ing wismane kang nginggil pribadi, swaranira alot, yun katekan susah ngalamate, tamat ngalamate dhandhang muni, gurune wismeki, ngendi sangkanipun.

23

Wangsiting Hyang lamun prenjak muni, iku den waspaos, kang ngalami becik lan alane, wus pinasthi carita ing nguni, semune kang peksi, prenjak uninipun.

24

Lamun ana peksi prenjak muni, sareng sakaloron, aneng kidul ing wisma prenahe, ngantya dangu pan ngalamatneki, tamuwan priyayi, becik sedyanipun.

25

Lamun ana peksi prenjak muni, kaprenah neng kulon, pantinira ala ngalamate, guru prapta karsane sung wangsit, sadhiyaa nuli, kang suci kang patut.

26

Lamun ana peksi prenjak muni, kaprenah aneng lor, pantinira becik ngalamate, arep ana tetamu kang prapti, sedyanya tan becik, ngajak tukar padu.

27

Lamun ana peksi prenjak muni, wetan panti mangko, mencok payon kandhang gedhogane, nglamat ala yun kabesmen yekti, den angati-ati, ywa lena ing kalbu.

28

Peksi prenjak munya angideri, wisma tepung golong, pan prayoga iku ngalamate, bakal antuk donya ingkang suci. myang arta kalali, mujia Hyang Agung.

29

Titi tamat ngalamating peksi, kang becik kang awon, iku ingkang ingsunestokake, bener luput karsanging Hyang Widdhi, ingsung darma manggih, ing kaol rumuhun.

30

Raden Jayengresmi ngandika ris, sang ratu kinaot, buron apa kang na paedahe, jeng Ratu aturira aris, sato tukang adi, mengko ingsun tutur.

31

Murweng satu muka kang linuwih, tukang winiraos, iku akung sawabe adene, wus mutamat para nabi wali, miwah para mukmin, poma denlestantun.

32

Den agemi aywa ge denwadi, yen tan tunggal batos, tukang iku pinetta serahe, salehena bun-embunanneki, panganggone nenggih, lamun ana mungsuh.

33

Datan tedhas ing sanjata dening, uteke denuwor, barang lenga dene panganggone, ana gawe cinampur ing dhiri, watek teguh nenggih, luput senjateku.

34

Lambe ilat den (ng)ngo jimat nenggih, kalis gelap reko, apan siung kalawan kukune, pan kinarya ngukur janma guling, insa Allah mati, nenggih wong puniku.

35

Utawa denkosokaken janmi, dadi kaku kang wong, den (ng)go sipat nenggih gegetiye, barang ingkang aningali asih, lamun denwor warih, nenggih banyu susu.

36

Nuli denusapaken ing kendhil, ujare pawartos,d atan mateng nenggih liwatane, wulunipun densebar ing panti, paedhake malih, durjana tan weruh.

37

Anadene wewudelireki, den (nggo)g tampa kang wong, lara busung kang tengen matane, denwor lawan getih serut nengih lan luke wong nangis, den (ng)go sipat iku.

38

Insa Allah wong liyan ningali, pasthi datan weroh, lamun lungan pan denusapake, daka omah paedahe nenggih, tan keneng denambil, duweke wong iku.

39

Mata kiwa denwor lan kasturi, miwah kapur-baros, apan den (ng)go nenggih sa Allahe, denkasihi wong lanan wong estri, wus titi nikmati, sato muka lutung.

40

Ana maning sarah ingkang paksi, platukbawang kaot, luwih akeh tinimbang tukange, wulu daging galungneki, kabeh mupangating, kanthi pedah luhung.

PUPUH XXIII

K I N A N T H I

01

Lah pirengna radyan ulun, amama sarahing peksi, saking Jeng Nabi Suleman, nenggih ingkang anjarwani, kang peksi pelatukbawan, keh manpangatnya winilis.

02

Yen kang rumiyin dinunung, susukipun ingkan nginggil, karya sepuhing gagaman, gagaman sakalir-kalir, sawabipun datan ana, wong teguh tan pasah titis.

03

Yen tan pasah kang tinanduk, dadya sakti geng (n)dhatengi, tan waras prapta ing pejah, ilating peksi winarni, dhinahar ingkang paedah, ing pamicara patitis.

04

Netranira kang ginantung, munggeng saluhuring kori, tebih saking duratmaka, wuluning murda kinardi, sumping rarywa lit sawabnya atebih saking panyakit.

05

Polo pan kinarya pupuh, ing netra pan datan keni, ing lalamur sawabira, jajantungipun binukti, sawabira sarwa gampang, sabarang ingkan kinapti.

06

Lan kabuka ngelmunipun, aperuninpun upami, winor lan minum-minuman, miwah winor lawan jampi, sawabe rikat lumajar, pringsilanipun binukti.

07

Kinasiyan sawabipun, mring wanodya lawan malih, kinasiyan mring pandhita, miwah maring para wali, dhandhaning peksi dhinahar sawabipun lamun sakit.

08

Enggal ing waluyanipun, brotol binukti pawestri, sawabipun kinasiyan, dyah ika maring ing laki, buntut winor lan gulunya, binasmi nulya binukti.

09

Ing pawestri sawabipun, linuwih samining estri, laripun kenarya gelang, elingan sabarang kardi, lawan malih ingkang elar, winor ing sabuk prayogi.

10

Kinasiyan sawabipun, lamun suwiteng narpati, yen sineleh sorring bantal, patileman sawabneki, titingalan sarwa endah, tur rineksa ing Hyang Widdhi.

11

Sawabe ingkang babalung, akuwat yen densimpeni, myang balung suwiwinira, sinelehaken ngisoring, pasareyan datan liyang, sawabe akuwat malih.

12

Atinipun pan ginantung, luhure dennira guling, sawabipun betah sahwat, yen winor lisah kalentik, myang waedhak ingkang sahwat, sirna sagunging sasakit.

13

Suku kalih sawabipun, lamun pinendhem ing sabin, myang sakehing tataneman, tulus wohipun andadi, lamun malih ingkan manah, ginelangaken ngasteki.

14

Wisa tawa sawabipun, isining wisma sakalir, tebih sangking ing lalara, nenggih atinipun malih, ingusapaken ing dakar, betah sahwat sawabneki.

15

Ingkang ilat kinaryeku, jimat sawabe tan kengin, ing luwe betah alapa, lawan kulitipun malih, tinalekaken padharan, yeku betah luwe malih.

16

Kapalanira kang manuk, kinarya jimat ngajurit, kinajriyan marang mengsah, yen wonten wisma upami, panas tan kena kanggonan, pinendhemen elarneki.

17

Panjawat kang tengenipun, wolung lembar aja luwih, pepadonipun lor wetan, dadya tawa panasneki, getih denakingken ika, winor lawan bawang abrit.

18

Lawan adas nulya kinum, ing toya neng pinggan putih, karya jampi lare netra, pinupuhaken tumuli, insa Allah dadya waras, yen wonten sasakit kuping.

19

Pinupukaken pan mantun, lamun arsa denkasihi, lan wong akeh myang yen arsa, sugih lan yen arsa dadi, barang ingkang tinaneman, puwasaa tigang ari.

20

Den Kadya puwasa agung, winateka donganeki, punika melekang donga, Allahuma barkat saking, Gusti Bagendha Suleman, mung iku tan ana malih.

21

Kang pingan atinipun, ingolah sakalir-kalir, yen wus dennira puwasa, matek donga sarwi bukti, yen adagang myang ngawula, den tetep hya walanggalih.

22

Kalamun arsa sireku, siniyan wong katha malih, tyas lan ilat winor barang, olah-olahan binukti, lamun arsa matenana, ing wong durjana mamaling.

23

Ingkang kiwa tapakipun, dinundep ing cucuk nenggih, insa Allah pesthi pejah, lamun arsa sugih ngelmi, tyas binukti lawan uyah, goreng wus titi kang paksi.

24

Rahadyan ngandika arum, Ratu Mas Trengganasasi, banget ing panrimaningwang, sira sun pitutur jati, ngalamateng paksi dhandhang, miwah peksi prenjak muni.

25

Sarahing tukang linuhung, myang palatubawang paksi, apa kang dak walesena, Ratu Mas turira aris, luwih karsaning Hyang Suksma, ingsun iku mung sadarmi.

26

Kabeh kang wus ingsunwuwus, iku darbekmu pribadi, amung kang medharken ingwang, sarehne wus lingsir akir, sun pamitan tan lilanana, mantuk mring kahyangan mami.

27

Wus tan katon kangjeng ratu, Gathak Gathuk nuli tangi, sarya matur mring rahadyan, kawula satengah ngimpi, mireng swara tanpa rupa, amung ganda mamrik minging.

28

Lir tindhien raosipun, sruwing-sruwing kapiyarsi, tukang platuk lunjak-lunjak, sarah-sarah denadhangi, punika ginem punapa, sinten rencang paduka ngling.

29

Rahadyan ngandika arum, kawruhanamu kang prapti, anemoni jengingwang, iku ratuning dhedhemit, ngadaton ing Bagor wana, ing nguni putri narpati.

30

Sang Aprabu Majalangu, Brawijaya kang sisiwi, anggentur amatiraga, tan sarju salin agami, katrima panedhanira, bisa jumeneng narpati.

31

Ngratoni sagung lelembut, sajroning Bagor wanadri, saben bengi mariyeman, Gathak Gathuk duk miyarsi, marinding githok mangkarag, wus awanci pajar sidik.

32

Samya wulu wektu Subuh, paragat dennya ngabekti, linggar sangking Sugihwaras, ngancik suku Pandhan wukir, manjar manginggil wus prapta, ing dhusun Kadhaton nami.

33

Nyabrang lepen mili ngidul, toyanya nyarong awening, miyat balung langkung kathah, ageng-agenge nglangkungi, lajeng lapahira radyan, wus prapteng sukuning ardi.

34

Ing Gambiralaya gunung, nulya umanjat manginggil, prapteng pucak non prapatan, tanggul siti angubengi, tinaneman sasekaran, argulo gandanya amrik.

35

Pinecakan kubengipun, tigang dasa langkung kalih, (n)jawi tanggul kidul witan, wonten reca sela langking, patrape lir janma priya, mangku palanaganneki.

36

Wus pisah lan badanipun, mung sapucan agengneki, Gathak Gathuk latah-latah, ana maneh angungkuli, duwke reca ki Gaprang, kalah dawa gedhe iki.

37

Rahadyan nulya tumurun, ngaler ngerem-erem wukir, anon balung ageng panjang, tikel pat lan kang rumiyin, prapteng ngare angandika, lir mas tumimbul ing warih.

PUPUH XXIV

MASKUMAMBANG

01

Lah ta Gathak sira umentara aglis, maring padhusunan, katemua kanca bumi, angilenena dawegan.

02

Wus umentar (n)jujug wismane patinggi, gupuh ingacaran, lah panten karsa punapi, kula yun ngileni degan.

03

Anak kula kalantih neng suku wukir, ki patinggi lingnya, boten susah angileni, nulya ngambil kang dawegan.

04

Patang iji sampun pinarasan sami, lah panten sumangga, kula bektane pribadi, kerit lapahira Gathak.

05

Prapteng ngarsa mundhuk-mundhuk ki patinggi, Jengresmi ngandika, kaki sun tanya sirek, wisma miwah kang sinambat.

06

Nama karan dhusun kang kula enggeni, punika padhangan, katelah sami mastani, dhateng kula kaki Padhang.

07

Sumapala kamipurun, ingkang abdi, ngaturi sugata, lumayan jampi kelantih, saceret wening dawegan.

08

Iya kaki banget panarimamami, pasihanta mring wang, Allah ingkang ngudaneni, ing sakaletheking manah.

09

Radyan ngunjuk ing wening nyu sawatawis, telesing gorokan, karaos nikmat ing dhiri, ngandika alkamdulillah.

10

Linorotken marang santrinya kakalih, we-nyu papat bebas, dawegan gya den klothoki, ngalih sewang samya telas.

11

Radyan angling kaki ingsun minta uning, mau ingsun ngambah, padhukuhan suku ardi, myat balung keh ageng panjang.

12

Nulya manjat malih mring pucaking wukir, anon patilasan, kidul ana reca siji, mangku kadya palanangan.

13

Mudhun maring ngereng-ereng uning malih, balung gedhe dawa, ngungkuli kang mau kaki, kadiparan critanira.

14

Kaki Padhang tumenga matur sang pekik, dongenipun kina sukunipun Pandhan wukir, dusun Kadhaton namanya.

15

Kala jaman purwa kadhaton raseksi, Sang Prabu Arimba, rikala amangun jurit, mengsah panenggak pandhawa.

16

Arya sena ingkang unggul ing ngajurit, raksasa keh pejah punika bablungneki, Sang Prabu yaksa Arimba.

17

Pejahipun aneng ngereng-ereng wukir, ing Gabiralaya, ingkang paduka tingali, anglangkung ageng panjang.

18

Tiyang satus bokmanawi tan kuwawi, lepen alit ingkang ngidul ilinireki, winastan lepen Jeroang*).

19

Sri Arimba sasampune angemasi, pancanak mangsah, ing wadhuk Jeroan mijil, binucal lepen punika.

20

Pan katelah namane prapta ing mangkin, ing lepen Jeroan, pratapan sapucak wukir, ingaran Gambiralaya.

21

Duk rumiyin wonten putri amartapi, warna ayu endah, nami Dewi Gendrasari, wus medal istijratira.

22

Wonten tiyang jaler asru mangunteki, anama Ki Drepa yun mangangkah mring sang putri, duk ayun mangkat prasetya.

23

Yen tinampik amalipun denicali, wasana sang retna, lumuh dhateng Drepa kaki, planangan gya pinagas.

24

Bali lenggah ki Drepa nulya ngmasi, nanging dados sela, lestantun ngantos sapriki, dora lerese sumangga.

25

Gathak (n)jawil lah Ki Drepa iku sigit, netepi prasetya boten kaya wong sakiniki, setyane lamis kewala.

26

Raden Jayengremsi angandika angandika aris, kaki pasihanta, sanget panarima mami, kaki kantuna raharja.

27

Ingsun nutugake tumindaking sikil, (n)dheku Kaki Padhang, rahadyan tandya lumaris, tan pisah ki Gathuk Gathak.

28

Ngaler ngilen prapta ing Bojanagari, myat kukus magnampak, rahadyan nyulya nyelaki, kang murub warni balumbang.

29

Pinecakan kawan likur wiyarneki, dene panjangira, tigang dasa langkung kalih, elbete sahasta wrata.

30

Tanpa toya dangu dennira ningali, nahan tan pantara, murub lir wisma kabesmi, latu sumundhul ing mega.

31

Isthanira kadya ngurmati kang prapti, Gathuk Gathak waswas, giris maras miris tistis, tyas lir tatas anaratas.

32

Kepalane dhusun Dhandher gupuh prapti, mariksa pawaka, kagyat anon janma katri, pinarak tepi balumbang.

33

Nglocciteng tyas aneh teman uwong iki, yen dudu trah tama, mangsa waniya nyelaki, ing balumbang Pakayangan.

34

Ki patinggi anyaketi ing sang pekik, rahadyan tetanya, baya sireku kang (n)jagi, balumbang isi dahana.

35

Palang matur leres timbalan sang pekik, mila gupuh amba, mariksa balumbang api, awit dadya panengeran.

36

Lamun murub delajat kathah sesakit, dhusun ingkang celak, kang uning urubing agni, apes lir mendem pocungan.

*) Prayoginipun Jeroan kadosdene ing pada 19 lan 20

PUPUH XXV

P U C U N G

01

Murub agung tan wonten tiyang andulu, mung amba priyangga, kang wikan urubing agni, sampun tambu kadhatengan janma tama.

02

Isthanipun lir tur urmat asusugun, punika winastan, Pakayangan latu nenggih, criyosipun prapene empu duk kina.

03

Gathuk tanya marang Ki Kapalang gupuh, baya kang Kepalang, tedhaking empu rumiyin, ingkang darbe petilasan Pakayangan.

04

Apesipun saged pandhe damel dhuwung, Ki Kapalang mojar, o (ng)ger dede tedhakneki, nanging yektos pancen pandhe damel kula.

05

Gathuk muwus lah apa bener bethekku, yen damel curiga, punapi (ng)gih denukiri, panjangipun punapa sakarsa-karsa.

06

Myang landheyan waos punapa ingukur, napa manut bakal, Ki Kapalang anauri, dhawuh miwah landheyan wonten ukurnya.

07

Wotanipun kalamun adamel dhuwung, panjangipun ganja ingkang kaukur rumiyin, lajeng kangge ngukur panjangang curiga.

08

Awit bongkot kajawine pesinipun, dumugi pucuknya, nenem wewilanganeki, kang rumiyin cakra kapindho gundhala.

09

Tiga gunung ping sakawanipun guntur, ping gansal sagara, kaping nenem madu nenggih, ingkan sae tekeng pucuk dhawah arga.

10

Tuwin dhawah sagara utawi madu, titiga prayoga, utawi dhawah jaladri, gya winalik sangking pucuk pangukurnya.

11

Tekeng bongkot kajawining pasinipun, kang langkung utama ing pungkasan dhawah ardi, lah punika ingkang pantes pinilala.

12

Lamun damel landheyan waos ingukur, kepelnya priyangga sakawan etanganeki, sangga runggi sarah watang kang prayoga.

13

Den dhawahna sangga ing pungkasanipun, Gathuk (n)dheku lingnya, paringe kakang kapundhi, Ki Kapalang noraga matur rahadyan.

14

Dhuh sang luhung bilih marengi ing kalbu, kampir wisma-amba, ing Dhandher tan pati tebih, dhusun ingkang katingal ngajeng punika.

15

Apuntenta paman ingsun arsa laju, (n)dumugekken lampah, (m)bungkuk Kapalang tur inggih, boten langkung kula (n)dherekken raharja.

16

Pakayangan latu Dhandher wus kapungkur, lajeng lampahira ngambah ara-ara wradin, tanah Dhandher ngilen nulya anon toya.

17

Medal sangking sumber ngalirab dinulu, Gathuk tan saranta, ngokop toya ingkang mili, prapteng tenggok wangsul mutah bulakeran.

18

Gathak tanya lho kepriwe iku Gathuk, teka mutah-mutah, Gathuk angling mbrebesmili, dudu banyu iku lenga latung blaka.

19

O ya Gathuk aku krungu critanipun, iku banyu kena, kanggo didiyanan sami, wong padesan mung kkuse ngubudilah.

20

Radyan mesem angandika marang Gathuk, iku kang pinanggya, janma tan sareh ing budi, kaya-kaya mesthi manggih kasangsaya.

21

Ya ta wau rahdyan ing lampahipun, nalasah galagah, ketel rumput mendhong wlingi, nabrak lepen ngantya rambah kaping gangsal.

22

Anon dhukuh aneng tengahing wana gung, rahadyan ngandika, payo Gathak Gathuk mampir, yun tatanya tanah ngendi iki baya.

23

Gya kapangguh suanma amikul bumbung, isi legen klapa, santri kalih anyelaki, nedha ngileni legen kalapa.

24

Lah ta bagus (n)dika ngombe ingkang tuwuk, ngileni tan susah, (n)dika badhe dhateng pundi, kamayangan teka maring dhekahingwang.

25

Kula (n)dherek janma luhung ingkang nglangut, sukanira mahas, panggenan kang sepi-sepi, amurugi kang singit tan kambah janma.

26

Nika ingkang neng ngandhape pandhan arum, bagus yen sembada, pareng kampir wisma mami, kula mantuk (ng)gelar-(ng)gelari ing wisma.

27

Gathak Gathuk matur wit panyuwunipun, kyai ingkang ngrembat, paduka katuran mampir, mring wismane rehning sampun ngangger lampah.

28

Tan pantara dangu ki wisma amethuk, wus kerit rahadyan, Gathak angupaya warih, ki wisma ngling anak ngupados punapa.

29

Kulo pados toya badhe kagem wulu, o anak tan ana, ing ngriki toya kang sukci, meh sadaya pakungkumangin wahara.

30

(n)Dawek kulo padosken tirta kang luhung, ki wisma gya mancas, pang wet jembul toya mijil, lir pancuran wening asrepe sedhengan.

31

Gahtak matur punika toyaning jembul, manther lir pancuran, kaagem wulu prayogi, radyan miwah Gathak Gathuk samya kadas.

32

Wusing rampung pampet ingkang toya jembul, Gathak eram ing tyas, wakne iki nyata luwih, nora nyana yang metu kramatira.

33

Prapteng wisma Gathak adan tumalawung, nulya samya sunar bakda sunak kimati, waktu mahrib myang ngisa sampun paragat.

34

Lenggah salu sunggata lumadyeng ngayun, kang legen kalapa tela gamblok mateng ing wit, aturira manis wedaling wicara.

35

Dhuh sang bagus kumedahe atur-atur, sunggata tan mandra, sawontene tiyang langip, aneng wana tanpa rowang data pakra.

36

(ng)Gih kiraka sanget ing panrimaningsun, langkung resep ing tyas, radyan dhahar tlas salining, ngunjuk legen watara tigang cegokan.

37

Kraos tuwuk atob kaping kawanlikur, Gathuk Gathak nadhah, miwah ngombe legen krambil, sakatoke tan ana tinaha-taha.

38

Wacana rum rahaden mring ki wisma rum, kiraka sun tanya ngriki niki tanah pundi, lawan sinten sinambutik kiraka.

39

Aturipun kula pun Jatipitutur, asli saking Sela, ing Kasanga jurukunci, pan ing ngriki talatah siti Grobogan.

40

Ing Kasanga kathah panunggilanipun, Bledhuk Kuwu miwah Crewek kalawan Mandhikil, myang ing Sendhang Ramesan toya mawarna.

41

Kakang Jatipitutur ulun ayun wruh, paran mulanira, yen wonten cariyosneki, kang jinarwa kiraka niku sadaya.

42

Alon matur kula enget boten urut, lumayan kinarya, sasamben cagaking arip, kala kina wonten panjenengan nata.

43

Prabu Jaka punika jujulukipun, ing Mendhangkamulan, karemeng-ameng wanadri, anunumpu bantheng sangsam kancil kidang.

44

Tanpa wadu amung sabat kang tumutur, nuju ri sajuga, uning sarpa mangunteki, langkung ageng sisikira mancawarna.

45

Prabu bendu bantering tyas sakalangkung, ula apa karsa, de banget amatiragi, mengko sira tan wurung rampung dening wang.

46

Sang aprabu nulya menthang langkapipun, jemparing lumepas, cumundhuk sawer ngemasi, wonten swara kapiyarsa ing sang nata.

47

Eh sang prabu tuhu sikara sireku, yekti bakal tanpa, paukumaning Hyang Widdhi, datan bisa mujadahi hawanira.

48

Nenging swara sawer musna tan kadalu, gara-gara prpta, jawah lesus kilat thathit, aliweran baledheg dhar-dher tan pegat.

PUPUH XXVI

M E G A T R U H

01

Tranging jawah lagya mangkya sang aprabu, angraos sanget kalantih, thedak mring karandhan ngaub, tuwin karsa anuweni, duk nguni sri nata anom.

02

Anakipun nyi randha Kasiyan dhukuh, ing Sangkeh tuhu linuwih, rarasati maksih timur, reh sampun antawis lami, kakinten wus jonggrong jongrong.

03

Prapteng dhukuh nganti neng dhadhah sang ulun, wedaling dray Rarasati, nyai randha lagya nuju, nenggani (ng)gentang pra estri, gagendhingan dhumprong-dhumprong.

04

Rarasati mijil sangking wismanipun, asinjang pathola abrit, konyoh jenar slendhang kawung, tinepi parada kuning, wimbuh ayu melok-melok.

05

Tangseng pungkur kalangenanya sang ayu, juga babon kate adi, pethak mulus cnggeripun, sanggardalima respati, sapraptanira sang sinom.

06

Panggentangan nulya tumut (ng)gentang pantun, sukunira kang sasisih, angidak sirahing pantun, angikis sinjangireki, kakempol katon mancorong.

07

Gebyar-gebyar anglir pendah thathit barung, dupi miyat sri bupati, gandrung-gandrung amangun kung, ngandika jroning panggalih, pantes dadya garwaningong.

08

Sigra tedhak nyaketi kang samya nutu, matek asmaragama di, para dyah kang samya nutu, tan ana ingang praduli, katungkul dennira gerong.

09

Sruning cipta korut nutpahira prabu, datan prabeda sang dewi, ugi korut nutpahipun, samya tumetes ing siti, tandya kate pethak gupoh.

10

Anucuki nutpah kalih-kalihpun, wus nunggil dadya satunggil, Prabu Jaka dahat ngungun, sanget lingseming panggalih, nulya kondur angadhaton.

11

Gathak Gathuk samya gumujeng anguguk, radyan mesem ngandika ris, kiraka jatipitutur, nedha kalajengna maning, cariyosipun kang babon.

12

Kyai Jatipitutur nglajengken atur, dupi wus antara ari, amanigan kate pingul, nyi randha dupi udani, antigan pinendhet gupoh.

13

Gya dinekek aneng padaringanipun, tinunggilken tigan katri, winor uwos kang lumintu, saben ari denedangi, nanging boten katon kalong.

14

Malah wuwuh nyi randha graiteng kalbu, baya iki kang marahi, atigan geng pedahipun, beras dakdang saben ari, nora kalong malah wuwoh.

15

Gya pinendhet ingelih maring ing lumbung, dupi uwosira enting, nyai randha mendhet pantun, mring lumbung ambuka kori, mendhet sabelah ginendhong.

16

Tigan ingkang dipun dekekakan lumbung, sampun netes nanging warni, taksaka ageng kalangkung, ngaleker pinuju guling, kagyat nulya tatanya lon.

17

Paran karsa nini sira marang lumbung, nyai randha nulya nolih, anon sarpa nulya gugup, gya dhawah bali anjelih, lumajeng aketol-ketol.

18

Arsa lapur dhumateng sing sang nindya nung, taksaka suka ningali, wus medal saking ing lumbung, mring grannya dyah Rarasati, sarwi ngling dhuh ibuningong.

19

Dewi Rarasati gumuling akantu, wungu nututi bok nyai, sakaliyan prapta sampun, ngarsanira kyana patih, naga wus neng wuri (n)jongok.

20

Nyai randha myang Rarasati duk (n)dulu), samya gumuling ing siti, kya patih arsa lumayu, naga gumujeng sarya ngling, kaki aja jrih maring ngong.

21

Kene payo padha lungguh kang pakantuk, kyai patih ngoplok lingnya ris, lah ula apa sireku, tanpa sangkan (ng)gonmu prapta, sang naga sauriro lon.

22

Kaki ingsun unjukna mring rama prabu, kyana patih anauri mung manthuk lumaris gupuh, risang naga aneng wingking dupi prapta ngarsa katong.

23

Kyana patih dereng munjuk sang aprabu, naga wus neng wurineki, Prabu Jaka gya angangu, eh ula apa sireki, de bisa clathu lir uwong.

24

Naga matur ngaken putranya sang prabu kalangkung dennira runtik, eh ula kawruhanamu, ingsun iki durung rabi sira teka anyalemong.

25

Lah lungaa yen kasuwen tekan lampus, naga karuna lurnya ris, (ng)gelarken nalikanipun, sri papara ing wanadri tumekeng kundur ngadhaton.

26

Lan umatur sakawiting babon pingul, nigan tekeng netesneki, sang prabu miyarsa atur, dahat ing linseming galih, nulya jengkar angadhaton.

27

Kyana patih tinimbalan mring kadhatun, dhawuh timbalan narpati, ponang sawer kinen nantun, madosi pacangan aji, lan mejahi satru katong.

28

Baya putih telening sagara kidul, punika yen antuk kardi, ingaken putra satuhu, patih wus (n)dhawuken maring, sarpa matur arawat loh.

29

Sru praseca*) yen tan kalakyan satuhu, karsane sri narpati, suka tumekeng ing lampus, kya patih welas ningali, punang sarpa mesat gupoh.

30

Ngidul terus singa kang katrajang gempur, amrih aglisira prapti, ambles bantala jumedhul, telenging kanang jaladri, susumbar anguwuh mungsoh.

31

Angungasken armaja Sri Jaka Prabu ing Mendhangkamulan adi, Sang Dewatacengkar Prabu, kang awarna baya putih miyos sangkinging kadhaton.

32

Mpag yuda remaning prang tan cinatur, ngantya pirang pirang ari. sri dyah lami laut kidurl, nama Prabu Anginangin, sukaning tyas dennira nom.

33

Amiminta sirnani sang baya pingul, jaladri akocak-kacik, toya benter kalangkung, mina kathah angemasi, baya pethak yudanya sor.

34

Kabuncang mring dharatan tepining laut, sirnaning angga pan dadi, Argalima wastanipun, sarpa sukane angenting, wus pasthi inganggep katong.

35

Kacariyos Prabu anginangin wau, suka amarwata siwi, satru nira baya pinggul, mangkya wus tumekeng lalis, naga tinimbalan gupoh.

36

Malbeng pura prapta ngarsane sang prabu, natadesi ngandika ris, eh sarpa kang jayeng pupuh, ingsun nguni pasanggiri, sapa kang agambuh pupoh.

*)Prayoginipun prasetya

PUPUH XXVII

G A M B U H

01

Sang sapa unggul pupuh, amateni mring si baya-pingul, gentenana sadhela jumeng aji, luwarana punagiku, sarpogung turira alon.

02

Tan lengganeng ragengsun, anglampahi pasang giri prabu, nanging lampah amba punika tinuding, wusing nyirnakaken satru, ngulati pacangan katong.

03

Rehning dereng kapangguh, Prabu Rara angandika arum, pacangane ramanta pan ingsun iku, sira munjuka sang prabu, ngulati pacanganingong.

04

Yawa krama liyaningsun, nanging andadekna kawruhamu, ramanira tan widada madeg aji, namung tigang warsa puput, ginantyang kang darbe kraton.

05

Ing ari Budha besuk,lek purnama Galungan kang wuku, dak aturi tedhak mring kadhatuon mami, sira sun rabekken kulup, oleh Balorong yu anom.

06

Dhaubnya tan cinatur, langkung rame ing wahawipun, ing dharatan pageblug ageng (n)dhatengi, wusing dhaub madeg ratu, sapta ri gya pamit gupoh.

07

Linilan pamitipun, myang winisik kang badhe tinemu, ing sarira miwah jangkaning nagari, purwa madya wusaneku, welingira wantos-wantos.

08

Sri putri malih muwuh, Linglung Tunggulwulung jujulukmu, tembe sira karsaning Hyang angratoni, lelembut ing gunung-gunung, mring sira angangep katong.

09

Kala patembenipun, sira dadya ngalamat satuhu, dauruning jaman myang kertaning nagri, wis mangkala sira kulup, garwamu rara Balorong.

10

Menek ngrebeti laku, lah tinggalen neng kene rumuhun, sira aja metu marganira lami, teleng saodra kapungkur, ambles ing pratala gupoh.

11

Neng Pasundhan anjebus, ambles malih (n)jebus wonten Kuwu, ing Carewek Mandhikil jebusnya malih, sampun celak nagrinipun mlampah dharatan nalosor.

12

Dumugi praja (n)ujug, kapatiyan wus kerit lumebu, dupi prapta ngarsa nata mangenjali, kyana patih makidhupun Tunggulwulung analosor.

13

Lampahiro ingutus, sampun katur purwa wasaneku, Prabu Jaka langkung trusthanireng galih, wus inganggep putra prabu, ginanjar makutha kaot.

14

Agemira sang prabu, buntut untu atanapi siyung, binrongsong mas tinaretes sosotyadi, sisik linapis mas murub, kalung sosotya mancorong.

15

Myang pinaringan cupu, asthagina isi lisah kayun, kuwasanya yen wonten sarpa ngemasi, tinetesan lisah cupu, gisan malih lenggak-lenggok.

16

Sinimpen wonten buntut, myang musthika naga kwasanipun, sinuyutan sakehe sarpa sabumi, dumunung ing cehtak murub, dhawuh dalem sang akatong.

17

Eh sakeh wadyaningsun, piyarsakna samengku si Linglung, ingsun junjung pangkat pangran adipati, manggon ana Tunggulwulung, wus kulup mundura gupoh.

18

Aywa kusiweng laku, lah araken lakumu si Linglung, lan reksanen sacara-caraning janmi, pangran dipati wus mundur, ing marga tan winiraos.

19

Mandhireng Tunggulwulung, dupi antuk sawarsa sang Linglung, anelasken iwen wus katur sang aji, gya ingelih dalemipun, myang winulang rama katong.

20

Ing ngelmi agal-lembut, wus kacekap tan ana kalimput, Tunggulwulung tapa mangap neng wanadri, awit sangking laminipun, badan kathukulan bondhot.

21

Nglenggirik kadya gumuk, ical sipatira taksaka gung, tutuk kadya wiwaraning guwa wingit, wus mateng int tapanipun, manungsa tan ana weroh.

22

Karsane jawata gung, nuju deres jawah gumarubuh, wonten rare angon sasanga kehneki, kajawahan samnya ngaub, neng tutuk sang naga kinaout.

23

Kang wolu wus umangsuk, kang satunggal sinikang tan antuk, gya minggah ring kleres gigir ngangking kudhi. memrang siti marengkul, guwa mingkem kadya angob.

24

Rare wolu kang ngaub, sareng samya pejah tanpa muwus, kang satunggal wonten jawi merang gigir, ingal lumajeng umantuk, mring sudarma awawartos.

25

Tandya kunjuk sang prabu, sri narendra sakalangkung bendu, gya adhawuh kinen mantek wesi gilig, angkemira Jaka Linglung, supadi pejag ing ngenggon.

26

Wus pinantek kang tutuk, Jaka Linglung tumeka ing lampus, lah punika cariyosipun muni, atatanya Gathak Gathuk, athik ula kaya uwong.

27

Le nyembah niku prehpun*), Rara Blorong kacariyos ayu, pinaesan saya wimbuh amrakati, Jaka Linglung sigit bagus sinewahan mawi topong.

28

Wong gepeng sirahipun, kados pundi kekahe punika, ah wong criyos wikana nyatane nguni, tamating cariyos bangun, Gathak Gathuk adan Suboh.

29

Wus samya wektu Subuh, sabakdanya Subuh ngandika rum, lah kiraka wawi ulun ayun uning, patilasan Tunggulwulung, inggih sumangga sang anom.

30

Kula gadhah panyuwun, mrih lestantun tan sansayeng laku, kaparenga miturut sacaraneki, kiraka hywa walang kalbu, datan nhyuwalani ingong.

31

Wus kerit lampahipun, praptaing Kasanga tepinipun, sisi lebu kadi awu warnaneki, tan wonten taru kang thukul, ngilak-ilak lir sinapon.

32

Ambanon ingkang wangun, nangin mawi malengkong mangidul, kathal bolong kadya lenge yuyu nenggih, katutub ing lebu lembut, tiniyub maruta katon.

33

Sadaya sami ngempus, lir tutuban dene telengipun, wonten eleng sadandang wirarireki, akumrangsang ungelipun, tinindakan alon-alon.

34

Wus celak mendhak sampun, lambah bocong ngambah krikil alus, warna abrit pethak jene anelasih, kendel sila dennya lungguh, rahadyan anulya jongkok.

35

Mariksa lebetipun, kileng-kileng kinclong warnanipun, kadya lingsah ingkang sakalangkung wening, swara kumrangsang saya sru, wusing anom ngandika lon.

36

Punapi marmanipun, lampah bocong Ki Jatipitutur, matur kurmat reh wus celak dunungneki, Prabu Anom Tunggulwulung, kadinanan ngelmi kaot.

*)Prayoginipun pripun

PUPUH XXVIII

ASMARANDANA

01

Kang keling-keling kaeksi, gih punika netranira, lebu lir awu warnane, tilas Linglung duk samana, pinantek tukukira, badan polah siti (m)bledug, nanging boten saget kesah.

02

Krikil warangan punika, kinarya nyemeng gegaman, toyane jram pecel winor, paedah ambuhe mindhak, rahadyan sampun linggar, tan pati doh nulya (n)dulu, sumber alit isi toya.

03

Nyemek-nyemek raos asin, kidul teleng kawistara, wonten gumuk mujur ngilen, kilen gumuk datan tebah, rawa lit kebak toya, ugi asin raosipun, ler kilen teleng Kasanga.

04

Ara-ara tinon asri, sitinipun bulak pethak, barenjul samya inggili, turut pinggir pupundhungan, dumugi ing ler wetan, mathuthuk lir wisma pinggul, benggan ajeg lir tinata.

05

Wetan teleng tinon asri, waradin penuh thukulan, rumput merakan myang mendhong, tekeng kidul totok arga, tinon asri kawuryan, nglilipur ing tyas margiyuh, Ki Jati malih turira.

06

Ingriki bilih marengi, mangsa katiga akathah sima sawer samnya manggon, asring-asring ing Kasanga, sawiyaring telengnya, (m)bledhos swara kadya gludhug, inggilnya ngungkuli arga.

07

Tinon yektos (ng)gigirisi, gih punika kruranira, Tunggulwulung ingkang manggen, ing sangadhaping Kasanga, ri wusnya mangun krura, kula gya mariksa gupuh, punapa kawontanannya.

08

Yen katinggl sanepaning, maryem badhe wonten perang, yen katingal kados layon, badhe kathah tiyang pejah, sampuning amariksa, nunten lapur lurah ulun, dhateng Methakan ing Sela.

09

Kang nglajengken mring Mantawis, dene lepen cacah gangsal, kalamun rendheng mangsane, punika dados satunggal, tinon wus kadya rawa, ila-ilane rumuhun, para priyantun ing praja.

10

Saestu yen boten kenging, anon telenge Kasanga, kilap panika wadose, yen tinrajang kadrawasan, linungsur kang darajat, apes nandhang ing papa gung, kinebat kang sandhan pangan.

11

Wus tapis dennya ningali, Ki Jatipitutur lingnya, suwasi angaler ngilen, punika tilas kadhatyan, nagri Mendhangkamulan ing Kasanga wus kapungkur, praja tilasing kadhatyan.

12

Wujud kantun siti mengir*), wus dumadya wanawasa, linajengken ing lampahe, prapta ing sendhang Ramesan, wawengkoning Kradenan, caket satepining ranu, tan patya lebet kang toya.

13

Kalangkung gowaking galih, de toya sadendhang wrata, kadidene wedang umob, lir umbul modal ing toya, gumledheg kang suwara, mancawarni toyyanipun, pindha kukuwung wang kawa.

14

Ijen jene wungu abrit, dadu jambon cemeng pethak, inginum anta raouse, semune kaworan lirang, bentere sawatara, tan nailen-ilenipun, pindhane kadnya balumbang.

15

Ki Jati turira aris, punika sendhang Ramesan, lajeng tindak mring Carewek, aningali gumuk karang, sanginggil gumung ingkan, eler miwah kilenipun, wonten sumberipun samya.

16

Asin raosing kang warih, punika kenging kinarya, sarem alembut warnine, semu abrit asing kirang, wus terang pinariksan, lajeng mangaler sang luhung, ing Mendhikil kang sinedya.

17

Prapteng gumuk datan inggil, nulya samya inginggahan, sampun rawuh ing tepine, lir sumur bunder apapak, nanging tan isi toya, endhut cuwer ngantya penuh, papak lambe ambaludag.

18

Lir pendhah umob swareki, benter namun sawatara, wonten ilen-ilenane, mili we asin raosnya, gya anon sumur tiga, lir wedang panas wenipun, kang kadya sumur lit kathah.

19

Toyanipun ugi asin, sadaya kenging kinarya, sarem kadi ing Carewek, kawratan wus pinariksan, ing Bledhug tinindkan, saking mandrawa kadulu, anon ara-ara wiyar.

20

Ki Jati turira aris, punika kang katingalan, ing Bledhug Kuwu wastane, kalangkung ageng tinimbang, lawan kang kathah-kathah, mawi suwara jumegur, tan kendhat dalu raina.

21

Kiraka suwawi kampir, nedha andika aterna, Ki Jati sandika ture, saking Mandhikil wus linggar, tan dangu lampahira, prapteng talatahing Kuwu, katon trang umbuling lahar.

22

Ra-ara wangun pasagi. kandeg ing tep rahadyan, milih siti ingkang atos, kang empuk tan kenging kambah. rahadyan kagawokan, miyat ing tengahin Bledhug, malembung kadi plembungan.

23

Palendhungnya langkung inggil, dupi wus katon gya pecah, jumegur asru swarane, kadya maryem kapiyarsa, medal kumukus pethak, wusing (m)bledos ngandhap mlendung, kadya ing suwaunira.

24

Lumintu datan sarentil, swaranira nora kendhat, ki Jati umatur alon, malendhung tuwin nyuwara, tan lereh dalu rina, katiga rendheng keh jawuh, tansah makaten kewala.

25

Punika kang alit-alit, ungelipun datan sora, ugi makaten patrape, upami wonten kang ngambah, lajeng ambles kewala, sangking lebete kalangkung, sampun estu lajeng sirna.

26

Ki Jati ngupados deling, tinalorongken manengah, deling ambles datan katon, lah punika deling ical, tri ari yen kleresan, deling mumbul katut lumpur, malesat dhawahnya tebah.

27

Kadhang kalajeng tan mijil, sadaya kang kauningan, punika patilasani, Tunggulwulung Linglung Jaka, pramila ingaranan, Kuwu nalika menthungul, wonten ngriki kantos**) lama.

28

Siniweng naga sabumi, kacariyos ngantos krama, ugi angsal putri Blorong, rahadyan kasengsem miyat, kaelokaning Sukma, sru nalangsa mring Hyang Agung, dene sipate kang ula.

29

Maweh tilasing nagari, kalimput ngulati kadang, dadya gandrung ing Hyang Manon, katongton murah asihnya, aris wijiling sabda, kiraka Jatipitutur, punapa sun walesane.

30

Tanduk tanggaping kang esih, dhumateng badan kawula, datan mantra lagya nembe, de arsa asung carita, nedahken kanyataan, patilasaning ngalung, lalakyan jaman kadewan.

31

Mila sru panuwun mami, winantu ing suka rena, myang den agung aksamane, ing mangkya ulun paliman, andumugekken lampah, kantun manggiya rahayu, jinurunga ing sakarsa.

32

Tur wangsulan sami-sami, kula sakalangkung bingah, de paduka karsa nyruwe, mugi raharja ing lampah, anulya sasalaman, Ki Jatipitutur mantuk, radyan lajeng lapahira.

33

Kadalon anulya mampir, dhumateng ing dhusun sela, (n)ujug ing pajurukuncen, ki jurukunci atanggap, manggih kang dhatengan, alon wijiling kang wuwus, rehning wus ciklu manira.

34

Aywa dadi tyasireki, manira datan akrama, marang sariranta angger, mangkya ingsun nilakrama, ing endi kang pinangka, lawan sapa kakasihmu, mring ngendi kang sira sedya.

35

Rahadyan umatur aris, jeng kyai dhawuh paduka, saestu sampun lenggahe, ngasepuh maring ngamudha, ngoko tan mawi krama, de lamun adangu ulun, pun santri mg dhukuh wetan.

36

Kula mangkya nyuwung uning, ingriki namaning dhekah, jeng kyai lon andikane, eh kulup kawruhanira, ing kene krajan Sela, kabawah marang Mantarum, ya ingsun ingkang rumeksa.

37

Luluhurira narpati, paparab Kiageng Sela, ingkang sumare ing kene, aranku Ki Pariwara, kaprenah buyut lawan, Kyageng Getaspandhaweku, mamanising tanah Jawa.

*)Mengir, saking menger = katingal ageng inggil kados redi.
Kadadosaken mengirsupada wanda pungkasanipun i kangge netepi guru lagunipun tembang Asmaradana.
**)Prayoginipun ngantos

PUPUH XXIX

DHANDHANGGULA

01

Lah ta kulup sira ywa kuwatir, sayektine ingsun nora samar, marang lalakonmu angger, reh ginadhan sireki, cacalone janma luwih, kang jenjem manahira, aneng wismaningsun, upama sira babakal, karya wisma ingsun amunjurung tali, rahadyan duk miyarsa.

02

Asrep ing tyas aturira aris, dhuh pukulung ragengsun sumangga datan lenggana dasihe, mangkana sang abagus, ngantya lami neng Sela kampir, anujwari sajuga, sabakdaning Subuh Kyai Ageng Pariwara, lenggah srambi rahadyan tan kenging tebih, jeng kyai angandika.

03

Eh ta kulup den kaparang ngarsi, kawruhanmu nora endah-endah, ngelmu kan sun imanake, amung piwulangipun, eyang Kyageng Sela linuwih, nyatane wus anyata, cihnane linuhung, kang mengkoni tanah Jawa, datan liya tedhake Jeng Sela Kyai, lan iki piyarsakna.

04

Papali ki ajinem (m)berkahi, tur salamet seger kawarasan, pepali iki mangkene, aja agawe angkuh, aja ladak aja ajail, aja manah surakah, lan aja calimut, lan aja guru-aleman, aja jail wong jail pan gelis mati, aja amanah ngiwa.

05

Aja saen den wedi ing ngisin, ya wong urip hya ngegungken awak, wong urip pinet baguse, aja lali abaguse, bagus iku dudu mas picis, pan dudu sesandhangan, dudu rupa iku, wong bagus pan ewuh pisan, sapapadha wong urip pan padha asih, perak ati warnanya.

06

Aja mangeran ing emas picis, aja mangeran ing busanaendah, ja mangera kabisane, aja mangeran ngelmu, aja mangerah teguhreki, aja mangeran japa, aja (ng)gunggun laku, kabeh iku siya-siya, aja sira (ng)gugoni kawruhireki, lah iku mundhak apa.

07

Angkuh kang jujur arahen kaki, aja sira angarah keringan, saidhep-idhepe dhewe, ewuha wong tumuwuh, dipun bisa ngenaki ati, atine sapepadha, nepsumu ja turut, iya nepsuning manungsa, kudu kedhep iya sapadhaning janmi, iku sira sirika.

08

Aja sira padhakaken jalmi, aparentah marang sato kewan, kebo sali lan ayame, aja sira prih weruh, kaya uwong pan nora bangkit, aja kaya Samerta, kebone pinupuh, kinen sinau memaca, wus pasthine kebo sapi nora bangkit, mulane awuwuda.

09

Ayam giusah munggah ing panti, atanapi yen amangan beras, kebat ingadhangan bae, iku wong ngolah semu, yen tetangga sarate kaki, yen layak ingaruhan aruhana iku, yen tak layak enengena, apan iku mangan segane pribadi, pan dudu rayatira.

10

Yen mungguha rayate pribadi, kapenakna ya rayate ingkang, nglarakena ing atine, aja sira mumuruk, tuduhena yen dereng sisip, yen usiw katiwasan, aja sira tutuh, kelangan wuwuh duraka, aja sira ngumpah-umpah iku kaki, lah iku mundhak apa.

11

Den aolah mungguh ing ngaurip, aja nganggo ing sadaya-daya, wong urip pan akeh lire, dipun ngidhep pakewuh, weuh iku tgang prakawis, pakewuh ing pangucap, ewuh ing pandulu, ana ewuh jroning nala, yan katara alane sajroning ati, pan dadi pangraita.

12

Dipun wuruk lan idhep ing ngisin, isin iku pan kalih prakara, dhingin isin Pangerane, dene ping kalihipun, dipunisin padhaning janmi, en kalakona wirang, isin temahipun, dipun atu akakadang, pawong sanak aja pegat ngati-ati, yen cala dadi ala.

13

Aja sira wani-wani, maring sanak pawong kandangira, aja sira watak dahwen, aja watak akmingsun, aja watak ngaruh-aruhi, aja awatak ngiwa, ala kang tinemu, sing sapa atine ala, nora wande ing benjing ing nemahi, wong ala nemu ala.

14

Sing sapa andhasaraken becik, nora wurung benjing manggih arja, miwah saturun-turune, yen turune dadya gung, amarentah wong cilik, aja sadaya-daya, dadi nora tulus, saenggone dadi cacat, aja nacah parentah marang wong cilik, aja sawiyah-wiyah.

15

Aja sira watak wani-wani, aja sira watak ngajak tukar, aja ngandelken ngelmune, aja sira anguthuh, aja ladak aja ajali, aja doyan sembranan, dadi wong katutuh, niniwasi dadenira, lamun ana wong patrap dipun awedi, malati iku uga.

16

Balik iku lah tirunen kaki, janma patrap sira kasihana, sira arahe sawabe, amberkati wong iku, nora kena yen dipun aji, tirunen lagi wenang, pambekane alus, yang angucap ngarah-arah, yen alungguh nora pegat ngati-ati, nora sawiyah-wiyah.

17

Aja sira watak suka singgih, aja sira kapengin kedhotan, kukuwasan*) apadene, aja sira madhukun, aja (n)dhalang aja agrami, aja budi sudagar, aja budi kaum, janjine jakat lan pitrah, dipun suda padune cukeng abengis, iku kaum kang nyata.

18

Kumbah surahkah cukil adulit, iya jajal melanten amerna, iku nora dadi gedhe, siriken ujar iku, iku wong urip dipun taberi, mapan katemu basa, pan katemu semu, mapan katemning ulat, atining wong kang ala lawan kang becik, kang jujur anteng cahya.

19

Kawruhana janma kang kakiki, iya iku guruning pandhita, nora katara lakune, tan cegah tan asaum, nora tapa nora amutih, sangkig prayitnanira, ing ngawake iku, prayitna ing ngawakira, mung sanake punika kan denwedeni, sanake iku jagat.

20

Banyu bumi agin lawan langit, srengengene kalawan rembulan, punika sanake kabeh, janma kang salah iku, iya iku strune nenggih, mulane ana lara, walat kang tinemu, janma kang jujur punika, lanang wadon punika sanake nggih, mulane ana sawab.

21

Kang satengah kang durung sayekti, dennya amrih budi kapandhitan, pijer wayang-wuyung bae, tansah ngalor angidul, mendhak-mendhak saba wong sugih, ngelmu ginawa kasab, angucap (ng)gadebus, angincih darbeking liyan, nora weruh awake kalebon eblis, dadi wong ngayawara.

22

Apan cegah jenengi ing ngelmi, kang asaba omahe nangkoda, miwah matri apadene, lumuh kena ing siku, dennya amrih budi lestari, budi marang kararjan, ing beka tan keguh, bekane ing wong ngulama, pan kapencut marang ingkang melik-melik, dadine ngandhap-andhap.

23

Yen ngantiya kasor ingkang ngelmi, pan duraka jenenenge ngulama, wus awak buta ragane, wus linglung kadalurung, nora weruh kena pirangi, tansah karya paekan, dennya anjejaluk, datan etang jewa raga, (m)bagentusi dennera amrih, pakolih sumrenuh lakonira.

24

Anglakoni karyane kang den prih, iku sing wong tan welas ing badan, tan asih maring jisine, dadi banjur kalurung, nora antuk wahyuning ngelmi, lakune lalawora, tansah wayang-wuyung, mung melik ingkang denancab, durung weruh ing laku sikuning ngemi, polah sadaya-daya.

25

Pangrasane wus bener kang ngelmu, tan angrasa lamun ingeseman, marang sujanma kang luweh, iku wong kumprung pengung, nora wikan kena piranti, sabab wus ati setan, lakune wus liwung, pangrahe tan riringa, wus kalulun atine kalebun eblis, wus tan wruh isin wirang.

26

Apan katah pan bekaning urip, dennya amrih pakolihing badan, amrih kuncara,ngelmune, meleke saben dalu, tansah agung acegah bukti, andhap-asor kalintang, eseme lir dhuyung, ulat manis ati sabar, dadi gendam eseme guna piranti, enenge salah cipta.

27

Tan mangkana ingkang sampun yekti, badan iku ingkang kadi sarah, aneng lautan pamane, apa umbaking banyu, sarah anut umbaking warih, iku jeneng kawula, tan darbe kersaku, angin purbaning Pangeran, tanpa karsa kalimput marang sawiji, wus kerem ing sagara.

28

Nora nana denparani ati, pan wus liwung tan darbe Pangeran, pan suwung jati kawruhe,d atan dulu-dinulu, tan tumekeng suwung, sasolahe pan asamar, nora nana kang kaduga anampani, liwung kadya wong edan.

29

Wusing tamat radyan anungkemi, paadanira Kyageng Pariwara, waspa dres alon ature, dhuh babo sang awiku, karsa paring pituduh jati, asru panuwun amba, kapundhi ing ngembun, amung pangestu paduka, kasawaban ing sabda ri sang linuwih, tumancepe ing nala.

30

Kyai agen angandika malih, patilasani dibyane Jeng Sela, teka ing samengku iseh, deongenge dung ing dangu, panamare laku tatanin, sasawah nanem gaga, ing sawiji wektu sabadane salah ngasar, marang sawah papculira cinangkung, praptaning pasabinan.

31

Gya tumandang wus adatireki, lajeng mendhung riwis-riwis jawah, kagyat gebyaring caleret, kiyageng maos gupuh, subganalah nulya kaeksi, kaki-kaki lumarap, jeng kyai tan keguh, tan samar marang kang prapta, pinurugan pandhapan dennya lumaris, si kaki wus cinandhak.

32

Wus kaasta jumegur swareki, ingkang pindha kaki-kaki ika, apan gelap satuhune, ingerut gandri gupuh, kyai sangsul anambut kardi, si gelap gedabigan, datan bisa ucul, sabanjure katur sultan, ing Bintara bajur kinunjara wesi, tan lami ana prapta.

33

Nini nyangking beruk isi warih, amurugi maring pakunjaran, toya gya siniratake, wus sirna kalihipun, tinggal swara anggegetari, kuncara wesi rusak, mawut anggalepung, dadya kondang sanagara, Kyageng Sela sanyata lamun linuwih, bisa anyekel gelap.

34

Uwit gandri kang kaanggo (ng)godhi, suwisa gelap katur nata, dadya murub menter-menter, kiyaging adhadhawuh, marang putra wayah myang abdi, padha sira (n)jupa, geni gelap iku, anggonen dadamar omah, insa Allah kinajrihan gelap yekti, marma ywa pejah-pejah.

35

Ing saiki geni gelap maksih, ingkan durung katular-tumular, aneng pasareyan (ng)gone, apan ta saben taun, manira tur tularan api, kuncuk jeng sri pamasa, maring ing Mantarum, sawah kang ginarap swarga, mung sabau catur kedhok den arani, si Mendhun mula aran.

36

Awit saben (ng)garap kangjeng kyai, banjur mendhung orng kedhokan aran, Subganalah katelune, Pandhapan arannipun, pate kedhok ing Gelap nami, katelah tekeng mangkya, gandri kant katanu, sirna namun lemahira, ngilak-ilak tan thukul katang myang teki, iku caritanira.

37

Anjabane ngolah tegal sabin, marang kulawangsa amumulang, agawe bleng myang uyahe, gawe nila nanandru, kembang pulu kalawan maning, anandur kang jujutan, marna benang alus, sutra kang bakal kinarya, cindhe gedhog ngadani yasa dhapuring, omah joglo limasan.

38

Nganggit-angit coreke kang lurik, tuwuhsela telu lema lawan, badra sapanunggalane, abah-abah pinatut, winuwuhan wangunaneki, anguripken petungan, sing pasiten iku, nguni kang miwiti etang, sri Manuhun nanging tan ana pradali, dadi wite kalakyan.

39

Eyang Sela tumeka saiki, lemah dadi sanggane wong juga, ingaran sabau kae, gawene wong ro iku, diarani cacah cakikil, gawene uwong patap, ngaran cacah sak-jung, piridan petungan jagal, sampil siji sabau swi sampil kikil, sampil pat sak-jung rannya.

40

Dhasar sugih kawigyanyan myang lantip, ya Ki ngadurakhman Kyageng Sela, prayoga predinen jebeng, grendanen tyasireku, sukur bage bisa nyeplesi, orane mung mirida, lalabuhanipun, kajabeku patilasan, angratani dadi wasiyat narpati, sri nata Ngeksiganda.

*)Kukuwasan, bokmanawi sami kaliyan kumawasa

PUPUH XXX

S I N O M

01

Mangkana tyasira radyan, dupi myarsa andikaning, Kyai Ageng Pariwara, dadya supe dhahar guling, ing nala kang kalingling, amung shira Hyang Agung, rum manis aturira, kiyageng lamun mareng, dasihipun arsa dumugekken lampah.

02

Paduka kantuna arja, kawula anyuwun pamit, iya kulup kywa pepeka, ingsun nyangoni basuki, sausnya mangenjali, sasalaman nulya mundur, Gathuk Gathak pamitan, wus linilan kalihneki, ruruntungan tan pisah lan bendaranya.

03

Nagel ngilen lampahira, wanci ngajengaken Mahrib, prapteng Gubug padhekahan, anon urube kang api, neng satengahin sabin, kinubeng ing mandera gung, ana panti kang celak, dhapur masjit caket api, Dhatuk Bahni ing Marapi kang atengga.

04

Wikan lamun kadhatengan, gya mijil sangking ing panti, wus pinanggih lan rahadyan, samya sasalaman katri, Ki Dhatuk ngandika ris katabetan ingkang rawuh, sru begja kemayangan, de ana kan sudi kampir, mring asonya mas putu pundi pinangka.

05

Lawan sinten kang sinambat, paran kang sinedyeng kapti, rahadyan matur prasaja, kula nama Jayengresmi, de rencang kula kalih, pun Gathak lawan pun Gathuk, ing Giri kalairan, tan ana sinedya ngati, ambalayang ngupadosi dwi kakadang.

06

Mankya pados pasipengan, pramila bilih marengi, nyukeri jogan paduka, ki Dhatuk latah dennya ngling, dhuh babo wong asigit, sampun kang sipen sadalu, sanadyan salaminya, kepareng dhdhekan ngriki, iba-iba pun kaki bingah ing nala.

07

Wawi ngambil toya kadas, sedheng wancinira Mahrib, wusing kadas Gathak adan, paragat wektu Mahribi, pujiyanira ngenting, sampet wektu Ngisanipun, wusing bakda salaman, lajeng lalenggan sami, wus ambanjeng sugatanira ki wisma.

08

Liwet ketan panggang ayam, cinocoh ing santen kanil, winadhahan panjang ilang, sambel windu saking miri, linemeng bumbung peting, gula siwalan neng ngempluk, wedang sekar sridenta, Ki Dhatuk wacana manis, wawi bagus pun kaki atur sugata.

09

Supala amung kinarya, lumayan aywa kalantih, pikantuk denira dhahar, linorotken marang abdi, rahadyan matur aris, ing waku kula andalu, siti resik arata, gumrebeg umedal agni, urubing ingkang acelak bantala.

10

Warni ijen biru jenar, kadya sekaran tinepi, inggiling urub saasta, wiyarira sawatawis, caket lawan Marapi, wonten sela alus bagus, kadnya umpaking wisma, Ki Dhatuk ngandika manis, ing marapi kang murub mangalat-alat.

11

Wawi bagus pinurugan, wus medal sangking ing masjit, kerit ki Dhatuk lampahnya, prapta celaking Marapi, Ki Dhatuk malbeng geni, inguseg suku wus lampus, peteng dhedhet limentan, tan dangu gya murub malih, Dhatuk Bahni wacana lah Gathuk Gathak.

12

Usegken suku lir ingwang, lamun mengko uwus mati, suleten sadhengah-dhengah,pasthi banjur murub maning, Gathak Gathuk turneki, dede pabenan (m)bah Dhatuk, latu kangge mainan, jabakneya yen kiyai, bilih kula yekti kobar dadi wangwa.

13

E ta mara lakonana, Gathuk jinorogken aglis, mring Gathak dhawah kalumah, cakekalan dennya tangi, tan ana raosneki, wus inguseg suku lampus, sinulet nulya gesang, nahan toyanira sabin, gya ngelebi sadhengkul lebeting toya.

14

Latu maksih kantar-kantar, aneng sanginggiling warih, rahadyan asru kagagas, kaelokaning Hyang Widhi, kadiparan kiyai, mila bukani rumuhun, ki Dhatuk Bahni lingnya, wikana ulun tan ungin, watu umpak punika duk jaman Demak.

15

Adegen mesjid ing Demak, para wali kang ngadani, Jeng Susunan Kalijaga, kabageyan umpak siji, pambekta prapteng ngriki, sampun wanci bagda Subuh, ing kangka datan kena kebyaran adeging mesjid, gya tinilar mangkya dadya panengeran.

16

Sinten wonge kang kuwawa, anjunjung sabari linggih, kalakyan sasedyanira, suwasi yen badhe nyobi, rayadyan turireki, amung ngalap berkahipun, linuhung waliyolah, kaecan dennya ningali, ing Marapi dadya tan wangsul mring wisma.

17

Rahadyan matur tatanya, kula mireng caritaning, ing nagari Ngeksiganda, telenging karaton Jawi, yen arsa mangun kardi, amikramaken sunu, deging tarub ingetan, myang wulannya kedah milih, ing karesmen pados dinten kang prayoga.

18

Inggih bagus dhasar nyata sanadyan ing dhusun ngriki, saben ayun darbe karya, sami tatanya mring mami, wulan ingkang prayoga, kangge andhaupken sunu, priridan sangking Arab, miwah etangipung Jawi, pan kinumpul supadi manggih widada.

19

Adeging tarub punika, pepitu etanganeki, awite tanggal sapisan, tarub-tarub den wastani, tanggal kapindho nenggih, selumang-lanang, rannipun, ping tiga saluman-dyah, ping pat rahayu basuki, kaping lima rahayu salamet tama.

20

Kaping nemme pati-lanang, kaping pitu pati-estri, ping wolu sami sapisan, tekeng sapiturutneki, mangkya ingetan sami, kaping sapisan ping wolu, limalas rolikur lan, sangalikuripun nenggih, pan ingaran tarube sri naranata.

21

Pindho sanga ping nembelas, telulikur tridaseki, salumah-lanang ingaran, ping tiga sadasa tuwin, seluman-wadon puniku, kaping pat ping sawelas, wolulas salawe nenggih, apan sami rahayu kawilujengan.

22

Kaping lima kaping rolas, sangalas nemlikur sami, rahayu tur karaharjan, ping nem ping telulas, tuwin, dwidasa saptakuring, ngaran pati-lanang iku, ping pitu ping patbelas, slikur wolulikur sami, ingaran pati wadon tan prayoga.

23

Samonoku nyingkirana, sangar naas gung myang tali, wangke sampar-wangke miwah, dhendhan-kukudan lan mawi, sangat adegireki, ingkang saka awitipun, sarat nganggeya saka, dhadhap srep teka satunggil, kang prayoga prayogine den anggeya.

24

Satunggal tarubing-nata, ageme jeng sri bupati, kalihe seluman-lanang, tri seluman wadon nenggih, sami datan prayoga, kaping sakawan rahayu, kaping gangsal raharja, punika sami prayogi, kaping nenem pati-jaler tan prayoga.

25

kaping sapta patining-dyah, ugi tan sai pinanggih, petang sapta yen sri nata, kang kagem petang stunggil, snese narapati, petang sakawan puniku, kalawan etang gangsal, punika salah satunggil, kang kinarsa dene wulane kawinan.

26

Wonten sabdaning Utusan, adhawuh ing para mukmin, den padha angawruhana, ing wong salaka-rabi, amanggih papa nengggih, lamun awon wulanipun, raharja manggih suka, lamun sasinipun becik, prayogine den sami nyumerepana.

27

Lamun Mukaran dohane, tyang akawin laki-rabi, utangan nglamatira, wulan Sapar tan prayogi, wikana kang pinanggih, Rabingulawal kang tensu, pejah salah satunggal, yen wulan Rubingulakir, manggung runtik tansah arebat suwala.

28

Ing wulan Jumadilawal, antuk druhakeng Hyang Widdhi, tur akerep kapandungan, jinahan pakartineki, yen kawentara yekti, anandhang wiwirang gung, jumadilakir wulan, sugih emas lawan picis, wulan Rejeb kadaden anak lan dunya.

29

Ing wulan Sakban raharja, sakgawene nemu becik, wulan Ramelan duraka, kathah pandameling eblis, wulan Sawal tan becik, geringan pakantuking, ing wulang Dulkangidah, asring susah ngliliwati, wulan Besar raharja sasolahira.

30

Ing karesmen winarna, kang pangandika Jeng Nabi, salalah ngalehi salam, rikala amituturi, dhateng kang putra estri, Siti Patimah kang luhung. lawan dhadhawuh marang, putra mantu Sayit Ngali, rayiyalahu ngnhu babing masalah.

31

Ing wong karesmen lang garwa, eh Ngali pitururmami, aja sira asanggama, tanggal pisan lawan malih, ing wekasaning sasi, nora becik karonipun, iku kalamun dadya, anake metoni cilik, lawan aja asanggama tanpa damar.

32

Lamun dadi sutanira, balilu kurang kang budi, lawan aja asanggama, dina Akat lang wengining, iku kalamun dadi, pan durjana larenipun, lawan aja sanggama, ing dina Rebo tan becik, lan wengine yen dadi bocah cilaka.

33

Lawan aja asanggama, wektu pajar nora becik, lamun dadi larenira, tuna-liwat lareneki, lan aja karon resmi, nalika tangangeiku, kalamun dadi bocah, dadi juru teluh ugi, lawan aja sanggama malem riyaya.

34

Wit ri lamun dadi bocah, duraka mring bapa bibi, lawan aja asanggama, maleme riyaya iki, Besar kalamun dadi, bocah siwil adatipun, lan aja asanggama, ingkang katlorong Hyang Rawi, lamun dadi bocah adoh begjanira.

35

Lan malih ada sanggama, sambi ngadeg datan becik, mangka lamun dadi anak, duwe lara beser benjing, lan aja karon resmi nalikane dina saptu, miwah ing wengenira, iku lamun dadi bayi, balaine adate kalebeng toya.

36

Lan aja sanggama sira, sambi ngusapi pareji, miwah dakar iku aja, ngusapan lawan jejarik, mangka kalamun dadi, bocah kurang budinipun, lan aja asanggama, sambil rarasan tan becik, mapan bisa adate yen dadi bocah.

37

Lawan aja asanggama, kalawan nginali parji, lamun dade larenira, wuta adate punika, lawan aja karesmin ning ngisor wit-witan iku, kang piangan wohira, yaiku kalamun dadi, larenira panggaweyani niaya.

38

Lawan aja asanggama, malem Barahat tan becik, lamun dadi larenira, anandhang lara tan mari, iya kalawan malih, aja sira karon lulut, ana ing panginepan, puniku kalamun dadi, larenira abanget cilakanira.

39

Lan aja sanggama sira, anuju kelling pawestri, lamun dadi larenira, budhug adate kang sakit, poma Ngali den eling, imanena tuduhingsun, eh Ngali sanggamaa, malem Senen iku becik, myang rinane apan iya becik uga.

40

Lamun dadi larenira, wateke saregep ngaji, lawan sira sanggama, ing malem Salasa becik, lawan raina becik, lamun dadi bocah iku, akeh wong ingkang tresna, lawan sanggama Ngali, malem kemis miwah arainanira.

41

Lamun dadi sutanira, pan akeh begjanireki, lawan sira sanggama, ing malam jumungah becik, nadyan raina becik, lamun dadi sutanipun, apan sugih kabisan, lan sanggamaa sireki, sadurunge lingsire dina Jumungah.

42

Utawa ing Kemis dina, karone iku ta becik, yen dadi atmajanira, dadi pangulu lan malih, sinunataken ugi, ing wong asanggama iku, yen amaca bismilah, hirahman ya nirakimin, lan amaca tangawut pan sunat uga.

43

Yen tan amaca bismilah, nalika arep sahwati, lamun dadi sutanira, balilu tuna kang budi, mila yen arsahwati, derenge (ng)genne tangawut, menek ana panjanmaning, satru kang den kawruhi, dipun sami ngestokken Kadis asmara.

PUPUH XXXI

ASMARANDANA

01

Lan wonten kaol mengeti, lamun arsa sacumbana, lan garwa miwah salire, anyingkirana ing dina, Sabtu Legi ya aja, akaresmen dina iku, awon adate yen dadya.

02

Larene agadhah sakit, edan kang wus kalampahan, ana dene panyirike, namun sadalu sasiyang, lan maningge ya aja, acumbana wengenipun, ingkan garebeg titiga.

03

Punika pan boten becik, lamun dadi larenira, sok gadhah ayan sakite, lan malih lamun cumgana, lan wanodya kel aja, lamun dados putranipun, sok (ng)gadahi sakit barah.

04

Poma den sirika ugi, yen wong wadon lagi tarab, aja sok gramah-gurameh, yen durung adus-kel aja, den ajaka cumbana lamun sanget karsanipun, pan angur goleka liya.

05

Dene ta ing Tumpak Manis, lan bengi garebeg tiga, singgahana aywa supe, kalamun sangeting karsa, teka den betahena , kadar pira mung sadalu, yen wis bakda cumbanaa.

06

Kadi ta ing Tumpak Manis, sadalu lawan sasiyang, betahena aywa supe, kadar pira mung sadina, sawengi ngarah apa, ujubena tapa iku, acacegah lan wanodya.

07

Poma den enget hya lali, hywa na ingkang sembrana, ing wong tuwa wawalere, lan wajib ingestokena, mangsa silih doraa, lan wonten utaminipun, lamun arsa acumbana.

08

Mapan ta kedah amilih, nujua dina Jumungah, kan tan sangar taliwangke, miwah naas singgahana, kresmena bakda Luka, yen wus kremen banjur adus. lajeng metoni Jumungah.

09

Punika kalamun dadi, tuture wong tuwa-tuwa, kathak kang dadi masaleh, miwah ta dadi ngulama, tanapi keh kabegjan, titi tamat serat pemut, prayoga den estokena.

10

Gathak Gathuk angaligik, ngacemut ririh rarasan, Gathuk Ki Dhatuk ature, mring bendara bab ngononan, gek basa banjur ora, Gathuk ririh sauripun, ah wong tuwa iku lumrah.

11

Cobak dak matur kiyai, kajaba kang wus kawedhar, apa iya ana maneh, sirikan anon-anonan, Gathak majeng manembah, rereh ririh dennya matur, dhuh jeng kyai apuranta.

12

Kamipurune pun patik, anyuwun ing sarerepan, kajawi kang wus kawiyos, sirikanipun sanggama, Ki Dhatuk mesem nabda, kacung sireku amencul, ana maning linarangan.

13

Wong tuwa kang duwe peling, pan kinon anyinggahana, sacumbana lawan lonthe, miwah lan taledhek apa, den ajak sacumbana, apan awon tilasipun, akathak kang sakit bengan.

14

Lan kaping kaliye malih, asring sakit rajasinga, tin cramumuh tin panyenyh, yen munjuk dhateng ing grana, sak piseg aditira, yen mring netra dennya munjuk, akathak kang sakit wuta.

15

Ana malih den singgahi, sacumbana lan wanodya, ingkang awon pratingkahe, sanadyan silih ayune, tan pantes kinedanan, yen wus lara keh kung nutuh, nora nana wong ngalema.

16

Nadyan awona sathithik, kalamun antuk parawan, mundhak ngencengake otot, pae lan randha walunjar, tan mundhakake kuwat, namun mirit sampun gambuh, nora susah ajar-ajar.

17

Ewa mangkono tan keni, sasenenganing manungsa, pan septane dhewe-dhewe, ana kang septa mring randha, saweneh septa wlanjar, saweneh ana wong iku, aremah rabi planyahan.

18

Ciptane sajroning ati, rina wengi digarapa, pradene yen ngadeg puleh, nyambuta-gawe sadina, sak jampel mangsantuka, naledhek bae sabedhug, oleh kaya telu tengah.

19

Miwah lamun sanja bengi, tan susah nganggo pawitan, mung kembang pupur lan borehe, tapi kemben sok gantraa, prandene keh kang tumbas, pan ora nganti sabedhug, oleh opah limang uwang.

20

Mulani ana nglakoni, ambuwang isin lan wirang, arabi tledhek myang lonthe, pan ora kena den wora, karepaning manungsa, apan ta sampun asnapun, warna-warna beda-beda.

21

Warna-warna rupuaneki, beda-beda karepira, nora kena den worake, seje badan seje nyawa, yen kena den wor-wora, kang tunggal badan nyaeku, prandene tan rujuk karsa.

22

Kaya mata lawan peli, miwah weteng lawan badan, duse karep dhewe-dhewe, matane arsa anendra, wetenge arep mangan, badane banget alesu, peline angajak sahwat.

23

Lawan ana peling maning, yen marengi acumbana, mring garwa miwah selire, aja ngakehken gendhingan, tan becik lamun dadya, anggalidig larernipun, adate kang wus kalakyan.

24

Lan kaping pindhone maning, kalamuning jroning cumbana, aja sinambi calathon, guguyun kang tan prayoga, tan becik lamun dadya, larene juweh punika, wartane wong tuwa-tuwa.

25

Mulane lamun katermin, aja ngakehken guguyan, balik den resik badane, miwah to ingkang sandhanan, wewangi angganggoa, lamun dadi larenipun, resikan penet kang warna.

26

Lan maneh jroning sahwati, kalamun kapentut ala, yen dadi nyengit anake, mulane kalamun sahwat yen ngentut den pocota, lamun entut uwis metu, nggal nuli balekena.

27

Mula aja akaresmin, yen durung resik kang badan, tangi turu banjur nyemplo, nora nganti mring pakiwan, yen dadi tan prayoga, larene warnine kethuh, caroba ala kang warna.

28

Lawan ana peling maning, kalamun mentas amangan, aja sok banjur karesmen, yen durung medhun kang sega, ala maring sarisa, anduweni lara watuk, punika kang wus kalakyan.

29

Dene ta gampanganeki, kalamun mentas mamangan, maksih karasa warege, aja wani-wani sahwat, yen weteng durung lega kalamun dreng karepipun, teka betahna sadhela.

30

Gathak Gathuk duk miyarsi, gumuyu alatah-latah, kapingkel atos wetenge, tahadyan mesem kewala, Dhatuk Bahni lingira, kacung niku pancen saru, apan (ng)gunem calemetdan.

31

Rahadyan ngandika aris, punika langkung prayoga, wantah datan mawi tedheng, dados gampil linampahan, suwasi linajengna, rehning ing ngagesang tamtu, Ki Dhatuk (n)dheku turira.

32

Utami bilih nyingkiri, naas Nabi wulan Wura, tanggal kapng triwelase, punika nalikanira, Nabi Brahin binakar, kaping tiga wulan Mulud, tinurunken Nabi Adam.

33

Nembelas Rabingulakir, Nabi Yusup nalikanya, linebetaken sumure, Jmadilawal ping gangsal, Nabi Nuh nalikanya, kinelm ing jagadipun, ping salikur wulan Siyam.

34

Kalamolah Musa Nabi, kala kalebeng samodra, Sela kaping pitulikure, Nabi Yunus nalikanya, inguntal ulam lodam, Besar ping salawe nuju, Jeng Nabi kakashing Hyang.

35

Muhkamad ingkan sinelir, kunrutug sela wong kopar, rentah kakalih wajane, dene kang kikrik ing petang, saben wulan kewala, asal tanggalnya panuju, kaping tiga kaping gansal.

36

Triwelas nembelas tuwin, salikur patlikur lawan, tanggalipun ping salawe, sami cinegah sadaya, kalawan sangar wulang, sataun pinara catur, Pasa Sawal Dulkaidah.

37

Jumungah sangaraneki, Besar Sura lawan Sapar, Saput Akad sangarane, Mulud Rabinulakir myang, wulan Jumadilawal Senen Slasa sangaripun, Madilakir Rejeb Ruwah.

38

Sangaripun Rebu kemis, Rahadyan aris ngandika, kathah temen petange yen makaten kedah tamban, datan kenging dinadak, o bagus (ng)gih-enggihipun, kendel dennira raosan.

39

(n)Dungkap wanci pajar gibid, samya ngambil toya kadas, nulya prelu wektu Suboh, paragat dennira wekdal, rahadyan ngaraspada, dhuh Ki Dhatuk Bahni tuhu, asung kakanthining gesang.

PUPUH XXXII

K I N A T H I

01

Kalangkung gungin panuwun, paduka sung tedah jati, penet awoning pakaryan wenang, mokaling sanggami, kang sayogya linampahan, patut linaluri-luri.

02

Ing mangkya kawula nyuwun, lilahipun sang linuwih, pamit (n)dumugekken lampah, kyai kantuna basuki, muhung pangestu paduka, rahayune lampah mami.

03

Dhatuk Bahni ngandika rum, dhuh mas-putu wing asigit, ampun kirang pangaksama, ulun puja basuki, ing lampah ywa kasangsaya, miwah ingkang den padosi.

04

Sami manggiha rahayu, ramanta kang neng Mantawis, antuka nugraheng nata, wangsul (m)bawani ing Giri, sinuhung ing kulawarga, tetep kadi nguni-nguni.

05

Radyan (n)dheku matur nuwun, ru wusira manganjali, atur sinungan salam sang tapa, Gathuk Gathak angabekti, sausing sinungan salam, katri mundur sangking ngarsi.

06

Kyai Dhatuk ingkang kantun, kumembeng waspanya mijil, kaya-kaya nututana, labet sru trestaning galih, tan cinatur kang kabyatan, asruning sih mring tatami.

07

Radyan lampahira laju, ngaler ngetan sawatawis, Hyang Surya wus nunggang arga, mungup arsa amadhangi, ing saisining kanan rat, maweh enggaring panggalih.

08

Ing papagan wus kapungkur, tumameng ing wana werit, keh rawa kang kaliwatan, ngancik sukune kang wukir, talatah krajan Undhakan, dhukuh Prawata kaeksi.

09

Raden ngandika mring Gathuk, payo pada den parane, padesan kang katon ika, lajeng lampahira katri, prapteng sajawining dhadhah, kendel satepining beji.

10

Kayoman ing nagasantun, pinageran ing wratsari, winengku ing sela kresna, radyan ngambil toyastuti, wektu Ngasar wus paragat, salaku sepining beji.

11

Gathak Gathuk manthuk-manthuk, meteki sampeyan kalih, rengeng-rengeng sasingiran, tan ana tinaheng galih, tentrem raosing sarira, wauta ingkang winarni.

12

Lurah ing Prawata dhusun, kakasih Ki Darmajati, Darmawati nyainira, atmaje estri satugngil, paparap Wara Surendra, ing warna tuhu linuwih.

13

Wingit ing pasemonipun, kuning wenes amrakati, enteng ruruh tur jatmika, lantip ing weweka titi, susila tyase ngumala, ujwala manther nelahi.

14

Ngrerompyoh sesinomipun, rema ngendrawila wilis, jangga lumun asembada, welar pranajanireki, maya-maya sinatmata, lir pendah cengkir pinginit.

15

Awijang bebaunipun, asta anggandhewa gadhing, wiraga nenangi brangta, yen lumampah ngati-yati, ririh alon membat madya, lambung memes kadyangganig.

16

Tujung lumembang ini ranu, kasilir ing angin-angin, wasis saliring pakaryan, kang winajibken pawestri, sang dyah tumutur ing rama, mring tegal arasa ngundhuhi.

17

Lombok terong pare timun, kacang ceme myang kacipir, lumampah aneng ing ngarsa, kasorot ing Sang Hyang Rawi, mangu-mangu Sang Hyang Surya, denyarsa tumameng wukir.

18

Kasengsem miyat sang ayu, dumadya mandheg timolih, sang dyah rara kampir sendang, tekeng satepining warih, cangkelak wangsul trataban, enar-enar senig-senig.

19

Kapanggih ing ramanipun, sarya awacana manis, rama aku tur uninga, ing kono tepining beji, ana wong anyar kawuryan, linggih slonjor dipeteki.

20

Baneke kang metek ngidung, Kinanthi siji ngenngaki, Ki Darmajati tatanya, dhenok jalu apa estri, embuh rama ora tamat, ki lurah (ng)guguk lingnya ris.

21

Heh bokne Nok den agupuh, maranga tegal pribadi, kalawan atmajanira, sawuse sirau ngundhuhi, apa saisining tegal, banjur olahen kang becik.

22

Menuok angundhuha jambu, dersane kalawan manggil, kepel kokosan rambutan, dhuwet pulih aja kari, lan dalima ingkang tuwa, jeruk keprok salak medhi.

23

Pelem santok sengir madu, pilihana kang mateng wit, alaha jangan beningan, sambel jagung jangan menir, pecel ayang kang kumanggang, lalaban cambah kemangi.

24

Berutu ayam ywa kantun, lan gorengan ayam estri, gesek-kutug gegpukan, sambel brambang lalab sledi, kekecutan sungthi bawang, lawan ketimun sumerit.

25

Wedang kahwa gula tebu, saringan tepas kang resik, nyanyamikan puthu-tegal, carabikang mendut koci, semar mendem buntel dadar, kinoplok ing santen kanil.

26

Sambel goreng kring ywa kantun, urang campuraen lan ati, rambat kulita kang ayam, petis kang wus kok bumboni, sega lemes sega akas, jiwet pitik jago biri.

27

Wedan ronning blimbing wuluh, sing anyep rendhemen warih, reremikan dhaharan, criping kaspe criping linjik, pisang goreng nganggo gula, creiping tela karag gurih.

28

Wis mangsa bodho sireku, pikiren lan bokmu nyai, aywa na ingkang kuciwa, Ki Darma lajeng mring beji, wau rahadyan kang lagya, pinetekan abdi kalih.

29

Ngandika mring Gathak Gathuk, mira mau muni tobil, banjur mlongo kadhep tesmak, Gathuk mator wonten janmi wanodya warna yu endah, arsa tumameng ing beji.

30

Tan dangu cangkeluk wangsul, kilap wau purugneki, amung tilase lumampah (ng)gantheng kadya lintang ngalih, kinten kula waranggana, apesipun putraning jim.

31

Kendel dennira umatur, praptane Ki Darmajati, nyaketi lenggahnya radyan, saha aturura aris,dhus risang nembe kawuryan, kula anggger nilakrami.

32

Pundi pinangka sang bagus, sinten sinambating wangi, rahadyan arum ngandika, kula aran Jayengresmi, satri nagri surapringga, saking umiyat Marapi.

33

Paman punapi pilingguh, lan sintan ingkang wawangi, Darmajati nama kula, lurahing Prawata ngriki, bilih kaparenging karsa, kawula aturi kampir.

33

Dhumateng ing sudhung ulun, paman kalangkung prayogi, menggah dhepokipun paman, gapura ingkang keaksi, o raden dede punika, tilas karaton Jeng Gusti.

34

Sultan ing Demak karuhun, paman ulun ayun uning, patilasani ngawirya, wawi kula kang umiring, linggar saking in patirtan, Ki Darma lumakyeng ngarsi.

35

Minggah prapteng alun-alun, lir ara-ara waradin, kantun wringih kalih jajar, nulya minggah mring sitinggil, mangidul anon gapura, angongkang tepining wukir.

36

Munggul sela gamping bagus, ingukir pinatrap remit, margi minggah dhauk-undhakan, gela gamping kang kinardi, prapteng lebeting gapura, Ki Darma atunya mijil.

PUPUH XXXIII

M I J I L

01

Lah punika wujuding kang puri, ing Demak sang katong, dados kalih jeng sultan kithane, bilih rendheng linggar dhateng ngriki, wit Demak nagari, kalebeng we jawuh.

02

Yen katiga wangsul mring nagari, nunten kang ngadhaton, Susuhaning Prawata namine, akatelah tumekeng samangkling, karane kang ardi, Prawata puniku.

03

Ascaryambeg rahaden ningali, ingkang tembing elor, rawa wiyar ngandhaping pareden, lir samodra sinaba ing peksi, pel-opel lan mliwis, blekok cangak kuntul.

04

Bangothonthong pecuk cabak trinil, ruang-urangan abyor, andon mangan mangsan mina myang urange, panjrah kadi sekar tinon asri, wus slesih ningali, rahadyan tumurun.

05

Amangilen mring pinggiring rawi, anon sumber ayom, binalumbang binatur pinggiri, sela pethak kukubuk pasagi, sajroning botrawi, ingkang pojok catur.

06

Pinansangan sela-gilang langking, winangun ambanon, boten kaclop we tebah kaote, jroning blumbang bulus ageng alit, samya belang putih, ngambang ttata turut.

07

Isthanira nambrameng kang prapti, Gathak Gathuk gawok, kathik bulus samono akehe, gedhe cilik padha belang putih, iku kang nglurahi, endhase sak genuk.

08

Darmajati aturira aris, punika sang anom, wasta Grudha tilas siramame, sultan adi ing Demak nagari, sela-gilang langking palenggahanipun.

09

Miwah saben wedal aneng ngriki, nadyan salat Lohor, datan beneter kayoman errnne, gayam nyamplung karebet waringin, saben (ng)Garakasih, Jumngah malemipun.

10

Kathah ingkang tirakat mariki, dupa sekar konyong, neng ngandape kakajengan (ng)genne) mangga radyan mariksa ing beji, wastanipun Jibing, pasiramanipun.

11

Para arum kang samya umiring, ing jeng sang akatong, wus dumugi ing Jibing tepine, gasik resik ayom silir-silir, ri-wusnya udani, Darmajati matur.

12

Sampun tapis ingkang dentingali, sumangga sang anom aso dhateng pun paman wismane, antentremken rapuhing kang dhiri, radyan mituruti, kerit lampahipun.

13

Ing pandhapa sampun dengelari, pandamira abyor, ngandhap talang lenggahe rahaden, Gathak Gathuk neng emper pandhapi, Ki Darma mring panti, sanjang rabinipun.

14

Sira dhewe ngadenana nyai, lan anakmu dhenok, ganten eses wedhang dhahrane, mengko bada Ngisa wissa ngrakit, dhahar kang prayogi, dhayohmu linuhung.

15

Darmawati sandika turneki, sadaya wus mrantos, Darmajati mijil ngarsa raden, datan dangu sugata lumadi, nyai aneng ngarsi, rara Menok pungkur.

16

Gupuh matur sarwi ngacarani, punika ingkang bok, nyai amba Darmawate ranne, ingkang wingking anak amba estri pambajeng (ng)gih ragil, tan na kadangipun.

17

Pun Surendra naminipun yekti, nanging karan Menok, kidhung wagu tur awon warnine, labet kogung wah tebih nagari, bodhone nglangkungi, amung lothung-lothung.

18

Nyai sira ngaturna pambagi, marang ing sang anom, ingkang embok atur basukine, rawuhipun angger wonten ngriki, pangestune bibi, pan inggih rahayu.

19

Nyai Darma anolih mring wuri, babo sira Menok, ngabektia ing suku nah angger, anyuwuna pangestu glis laki, (n)tuk jodho permati, slamet panjeng umur.

20

Rara Menok tan wawang ngabekti, ing pada sang anom, tatag teteg tan sedheng driyane, ngandikeng tyas Raden Jayengresmi, edi bocah iki, ayu trus rahayu.

21

Nora nana cacade samenir, pantes abeg tanggon, kembar warna amung polatane, ruruh iki lan si Rancangkapti, wusing angabegti, rara Menok mundur.

22

Darmajati aturira aris, sumangga sang anom, kaparenga ngunjuk sawontene, myang nyanyamik wedalaning ardi (n)dheku Jayengresmi, wedang wus ingunjuk.

23

Sarwi dhahar cariping kaspei, telas tigang kethok, Gathak Gathuk tan beda suguhe, kacung ngriku nedha den rahabi, bikt rarywa kalih, ngombe srupat-sruput.

24

Angethamil nyamikan pat piring, gasik lir sinapon, manjing Mahrib alinggar rahaden, maring langgar ki wisma umiring, dumuginya masjit, Kyai Darma wangsul.

25

Tata dhahar neng bangku sinamir, tinutup ing lawon, dilah thonthot brenggala liline, rara Menok ingkang ngrakit-ngrakit, rampunging pangrakit, (ng)ganten celak bangku.

26

Darmajati tatanya mring siwi, uwis rampung Menok, rama uwis mung kari liwete, lan ngngeti ingkang gajih-gajih, mengko lamun uwis, lenggah (ng)gonku ngedhuk.

27

Kawrnaa kan ana ing masjid, Gathuk adan gupoh, bakda sunan kimatan age, nulya parlu usali Mahribi, bakda apupuji, tekeng Ngisa-nipun.

28

Bahda Ngisa radyan ngandika ris, Gathuk bocah wadong, kang den ujungaken mau kae, ayu endi lan kang marang beji, Gathuk matur sami, tan geseh sarambut.

29

Eram kula leganing sudarmi, datan walangatos, lan bocahe teka tatag teteg, iya Gathuk ing panyawangmami, kana kene sami, ngena-ngene suwung.

30

Raden Jayengresmi ngandika ris, iku nora linyok, wus mangkono wong ngaurip, kiye, kacihnaning tandhane sawiji, ngaurip puniki, tan na bedanipun.

31

Kyai Darma mring langgar ngaturi, ing sang prawira nom, bilih sampun paragat perlune, bok-paduka (ng)gennira sasaji, dhaharnya sang pekik, mangkya sampun rampung.

32

Jeng paduka ngatuan mring panti, radyan tindak alon, lajeng lenggah caket lan mejane, liwet anget lan uma kang (ng)gajih, wus lumadyen ngarsi, sadaya kumebul.

33

Niken Darmawati matur aris, angger ingkang embok, tur sugata sakawontenane, radyan (n)dheku angandika aris, mangga paman bibi, prayogine kembul.

34

Katri sareng dennira abukti, bikut rara Menok, angimbeti ngladosken janganne, sambel ulan tan kendhat linarih, Raden Jayengresmi, kang dhinahar agung*).

35

Sekule liwet sakluwak tan luwih, gesek tlas sajempol, lalap sunthi rong iris tan luweh, wus sumugi dennira abukti, atob wanti-wanti, Ki Darma angungun.

36

Wus cinarik wowohan mangarsi, radyan mendhet gupoh, dhuwet pehak akakalih cacahe, gung ginlintir dhinahar sawiji, Gathak Gathuk bukti, angendhoni sabuk.

37

Dhadhaharan sawusi dumugi, mingser lenggah ngulon, Kyai Darma matur mring rahaden, bilih pareng aso dhateng panti, rehning lir mas kentir, rahadyan umatur.

prayoginipun amung

PUPUH XXXIV

MASKUMAMBANG

01

Sampun paman sakeca wonten ing ngriki, ndheku Kyai Darma, ngandika marang ing siwi, ganten eses ladekena.

02

Wedang dharan lan-olahan saananing, rara Menok tanggap, angladosi aneng ngarsi, sarbet sinampirken pundhak.

03

Wus tinata Ki Darma angacarani, sumangga kadhahar, pun Menok mangunahneki, sisinaon olah-olah.


04

Raden mesem pangandikanira aris, klebet wajibing dyah, saged lah-olah sakalir, tegen rigen minta-minta.


05

Wasis salir pakaryanipun pawestri, raratus myang wedhak, parem tapel pupur wilis, konyoh jajampi racikan.


06

Nyumerepi samuwaning anggi-anggi, pon-empon babakan eron ingkang maedahi, ngyektosi kanggening karya.


07

Nganti nenun nyulam nyongket adondomi, angraronce sekar, (m)batik nyoga (b)babar adi, mamantes isinin wisma.


08

Ngati-yati nastiti gemi ing wadi, tan kirang tuladha, utaminipun pawestri, nulad panengen pangiwa.


09

Ingkang lebda dudugi lawan prayogi, watara riringa, sirang dalu kang kaesthi, anut tuduhing sudarma.


10

Bilih saged kadya ingkang ulun angling, winiwitan mangkay, sinau wisma pribadi, piniha ngladosi priya.


11

Bokmanawi wilujeng ing donya ngakir, punika paitan, tembe angladosi laki, kantun pados kalangkungan.


12

Manthuk-manthuk Ki Darma kalawan Nyai, Menok rasakena ngandika raden iki, tanjebena ing wardaya.


13

Iya rama antuka pangestu yekti, sabdanin utama, nyawabana lair-batin, bisane tampa nugraha.


14

Kasususa saratri tan ana guling, eca lelengahan, sasamben dhahar nyanyamik, wus wanji pajar gidiban.


15

Radyan matur mring ki wisma Darmajati, paman (m)bujeng enjang, mangkya kula nyuwun pamit, ayun (n)dumugekken lampah.


16

Paman bibi sami kantuna basuki, ing sapengkeringwang, kang sinung ngling matur aris, kula (n)dherekken raharja.


17

Gra salaman Ki Darma ngatag ing siwi, Menok ngabektia, sang dyah gupuh angabekti, radyan arum angandika.


18

Rara sira sun dongakaken ing Widdhi, tumulia krama, oleh jodho kang premati, kang tulus trahing ngawirya.


19

Kang dalajat respati sudibyeng ngelmi, bisa momong ing dyah, nyenengken tyasing sudarmi, sira kantuna raharja.

20

Rara Menok matur nuwun sru kapundhi, pangestu paduka, Gathak Gathuk samya pamit, linggar saking palenggahan.

21

Kyai nyai andherekken prapteng jawi, wus wangsul mring wisma, rara Menok agnukudi, nahan lampahira radyan.


22

Kampir beji wekdan sembahyang Subekti*), bakda pupujiyan rahadyan lajeng lumaris, ngaler ngilen anir pringga.


23

Kedyating tyas kapencut arsa udani, ing masigit Demak, iya saning para wali, tan cinatur laminira.


24

Wus umangsuk prapteng palataran masjid, tan ana kang nyana, yen punika putra Giri, kinira santri balaka.


25

Minggah srami, wowolu sakanireki, ingukir pinatra, betan saking Majapait, sangkalanira pinirsa.


26

Kari roro gawening wong **) ungelneki, wiwara kang marang, mesjit ingukir taya sri, gambar gelap pinarada.


27

Tumapk kori sinerat sangkalan muni papatra kinarya rupa gelap ***) tungal nenggih, radyan manjing sigra-sigra.


28

Dupi prapta aneng sajroning masigit, kalangkung anikmat, mupangat raosing dhiri, enget mantheng nungkul ing Hyang.


29

Saka guru sakawan agengnya sami, inggile sembada, gilig memet ragi methit, agenngnya kalih rangkulan.


30

Ingkang eler wetan sanes lan kang katri, nenggih wujut tatal, kinempel dados satunggil, gilig aluse warata.


31

Yasanira Kangjeng Susuhunan Kalijaga kang minulya, maweh tilasan nagari, karamating waliyolah.


32

Saya gambuh rahadyan dupi udani, sinungan umiyat, kaelokaning Hyang Widdhi, sangandhaping panti kutbah.


33

Rompyok-rompyok kathukulan glagah-wangi, lintange rahadyan, tan ana janma udani, pratandha calon nugraha.


34

Sampun medal saking campurining masjid, lajeng lampahira, tan cinatur lamineki ngancik laladan Japara.


35

Prapteng suku wukir Murya ngankong tasik, ing Sagara Jawa wus manjat arsa udani, puncaking kang ardi Murya.


36

Margi (n)deder rumpil kapit jurang terbis, rekaseng lumampah, Gathak Gathuk kempis-kempis, sakedhap-kedhap araryan.


37

Dalu aso enjinge umangkat malih, tri ari tumeka, aneng sapucaking wukir, bawera anon samodra.


38

Ing lampahe baita layar gagrami, ana labuh jangkar, ambedhol jangkar lumaris, langkung asri tiningalan.


39

Ing karajan padesan ngandhaping wukir, tinon karya rena, rahadyan kagyat ningali, astana teja sumunar.


40

Pinarpekan uluk salam densauri, tahlil sanalika, radyan myang santri kakalih, bakda tahlil ana prapta


41

Kaki-kaki marpeki dyan Jayengresmi, alon angandika, kyai kula nilakrami, paduka napa kang tennga.


42

Lawan sinten ingkan sumare ing ngriki, alon sauriria, inggih kula ingkang jagi, nami Buyut Sidasedya.


43

Kang sumare Jeng Sunan Murya wawangi, karaning astana ing Muryapada puniki, namaning ardi ing Murya.


44

Lah punapa paduka karsa nenepi, dhuh ki Buyut baya, ing sedya amung yun uning, pucaking kang ardi Murya.


45

Reh wus uning mangkya ulun nyuwun pamit, mandhap saking arga, Buyut Sidasedya angling, piniki tanggel ing lampah.


46

Babo lamun kapareng karsa kang pekik, kampir dhepok ingwang, prayogi ing benjing-benjing, dinten sangete prayoga.


47

Watekipun kalayan sasedyaneki, tur manggih raharja, rahadyan dupi miyarsa, dumadya dhanganin nala.


48

Sampun kerit dupi wus prapta ing panti, ki Buyut parentah, marang Gathak Gathuk santri, kacung aja taha-taha.


49

Angambila pribadi sugata mami, otek cangthel boga, jepen tales wi gembili, gembolo pohun katela.


50

Gathak Gathuk tan lenggana gya lumaris, maring pategalan, suka dennya ngengunduhi, rampung gya tumameng wisma.


51

Ambakari jagung pohun uwi legi, wedang ronning kahwa, rinakit lumadyeng ngarsi, ki Byut suka tumingal.


52

Swawi bagus krana-lah sami nyenamik, kedahe nyunggata, sawontene tiyang wukir, ijen wus tridasa warsa.


53

Jayengresmi mesem wus adhahar uwi, mesem atatanya, wusing angundhuh sakalir, punika kagem punapa.


54

Kula angge sedhekah mring pekir-miskin, awise kant tedha, smai dhumaten mariki, sasukane dennya mbekta.


55

Kula amung angengehken kangge wiji, makaten lampahnya, tan saged sidhekah picis, mamanise mung kwowodan.

*)Prayoginipun Subeki = Subuh
**)Taun Jawi: 1429
***)Taun Jawi: 1441


By Alang alang kumitir

8 Comments

  1. andi

    kalo ada serat centhini yang 12 jilid, yang ada terjemah bahasa indonesianya, saya mau beli..2 paket..segera hubungi saya di 081914702332..trims

  2. arya

    ada ga yg sudah diterjemahkan kedalam bahasa indonesia?

  3. Dhika

    siiipppp….bgt.kepengen bgt bs paham ne buku..tp kuq kata orng tua daerah w,”po utekmu jik nyandhak??wes kebak kui”

  4. ngabehi kilenkali

    Maaf mass, serat centhini jilid 1 ini belum selesai, masih ada 50 lebih pupuh yang tersisa. Karena keterbatasan waktu saya, beberapa bulan ini saya fakum nulis di http://serat-centhini.blogspot.com.

  5. adbm2

    SUdah lama saya penasaran dengan serat centhini. Kata orang2 sih termasuk mahakarya, tapi nyarinya tuh susahnya bukan kepalang. Jadi tengkyu banget. Sependengaran saya sih bukunya tebal. Apa masih panjang lanjutannya. BTW, saya menunggu.
    Bagi para kadang yg suka API DI BUKIT MENOREH, silahkan mampir ke gubug saya di adbmcadangan.wordpress.com.

  6. Jo3

    Terima kasih atas posting serat Centhini.
    Saya baru bisa membuka buka buku serat Centhini setelah berada di luar Indonesia. Sungguh harta karun yang berharga tetapi justru tidak mudah ditemui di negeri sendiri.

  7. sukolaras

    Oleh Kestity Pringgoharjono alumnus FE UI sekarang berdomisili di London dan Singapura, serat Serat Centhini telah ditulis ulang dalam versi bahasa Inggris dengan judul The Centhini, the Javanese Journey of Life Story.

  8. mita

    pengen banget tau buku ini, ada yang bahasa indonesia g?🙂

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: