alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT WEDHAPRADANGGA


 

Riwayat wiyosipun gamelan, badhaya, lan gendhing

Serat Wedhapradangga seratanipun Raden Tumenggung (RT) Warsadiningirat aslinipun wujud buku nenem jilid kaserat ngangge aksara Jawi carik.

Warsadiningrat punika salah satunggaling empu karawitan ingkang sanget misuwur wonten ing Karaton Surakarta Hadiningrat. Tembung Wedhapradangga makaten kados sampun kaprah wonten ing jagating karawitan. Serat Wedhapradangga hangewrat bab-bab ingkang magepokan kaliyan jagating karawitan. Ingkang makaten serat minangka salah satunggaling sumber seratan tuhu ageng paedahipun, mliginipun bab cariyosing leluhur anggenipun ngonceki babagan karawitan.

Ing dhudhahan buku punika, Serat Wedhapradangga ingkang dipundhudhah sanes buku aslinipun, seratanipun RT Warsadiningrat, ingkang awujud nenem buku seratan aksara Jawi carik. Dhudhahan buku Serat Wedhapradangga punika lelandhesan tedhakan dening para nimpuna karawitan ing Sekolah Tinggi Seni Indonesia (STSI) Surakarta ingkang sapunika katelah Institut Seni Indonesia (ISI) Solo. Tedhakan Serat Sujarah utawi Riwayating Gamelan Wedhapradangga (Serat Saking Gotek) punika dipunwedalaken dening STSI Surakarta ndalem taun 1990. Serat sujarah lan riwayating gamelan ingkang kawrat ing buku punika, mligi amung nyariyosaken kawontenan, boten nyariyosaken kadospundi menggah teges saha maksudipun gamelan utawi gendhing, punika boten. Karana bab maksud lan tegesipun punika ingkang langkung dhamang inggih ingkang damel piyambak. Serat Wedhapradangga jilid I amratelakaken wiwitipun ing Tanah Jawi wonten gamelan, wiwitipun wonten badhaya saha wiwitipun wonten gendhing tuwin wiwitipun wonten beksan sarimpi, pethikan Serat Pustakaraja utawi Sasadara tuwin waton-waton warni-warni saking pangandikanipun para luhur, para sepuh lan para marsudi kawruh karawitan.

Miturut andharan ing Serat Wedhapradangga, wiyosipun wiwitanipun wonten gangsa (gamelan) punika ingkang nganggit Sang Hyang Guru nalika ngejawantah, jumeneng nata wonten ing Tanah Jawi, akadhaton sapucaking Wukir Mahendra, winastan Nagari Medhangkamulan. Panganggitipun amarengi ing taun 167 tinengeran Swara Karengreng Jagat, winastan gamelan Lokananta utawi Lokanata. Ricikanipun Lonanta namung gangsal, inggih punika gendhing (kemanak), pamatut (kethuk), sauran (kenong), teteg (kendhang, kendhang ageng) lan maguru (gong).

Dene ingkang minangka laguning gendhing, saking kidung, sekar kawi utawi sekar ageng. Ingkang dipunwastani gamelan Lokananta punika sajatosipun gendhing kemanak, utawi gendhing kethuk kenong ingkang binarung ing kidung. Dados sanes gangsa Kodhok Ngorek. Ing salebeting taun Isa 256, taun Suryasangkala utawi 264, ing taun Candrasangkala Amarengi Masa Manggasri, ing Kaindran kadhawuhan mulat, tegesipun cahya pindha sasotya adi.

Werdinipun badhaya nglimputi bab kabudayan lan pulitik

Serat Wedhapradangga punika kejawi asumber saking Serat Pustakaraja utawi Sasadara ugi asumber waton-waton warni-warni saking pangandikanipun para luhur, para sepuh lan para marsudi kawruh karawitan.

Kawruh sujarah utawai riwayating gamelan sapanunggilanipun wau lajeng kaimpun dening RNg Warsapradangga II, abdi dalem mantri niyaga kapatihan. Ng Warsapradangga II wau lajeng kapundhut ngarsa dalem Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Susuhunan Pakubuwana X, kadadosaken abdi dalem menteri ordenas (oredenans), nama RNg Atmamardawa. Lajeng kakarsakaken dados abdi dalem panewu niyaga kasepuhan, nama RNg Pradjapangrawit. Awit saking punika, Serat Wedhapradangga katelah serat saking gotek, tegesipun kaimpun saking katrangan tiyang-tiyang ingkang dhamang utawi marsudi kawruh karawitan. Amargi punika, Serat Wedhapradangga ugi hangewrat cariyos-cariyos ingkang dipunwernani kaprecayan mistik.

Serat Wedhapradangga Jilid I hangewrat cariyos wiyosipun gamelan, kawiwitan saking jaman taun Jawi 167 ngantos dumugi taun 1557, nalika jumenengipun Kangjeng Susuhunan Adi Prabu Anyakrawati (Sunan Krapyak), ing Nagari Mataram. Dene wonten ing Serat Wedhapradangga Jilid II antawisipun dipunandharaken nalika taun 1566, Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Agung Prabu Hanyakrakusuma ing Mataram, kagungan karsa iyasa gangsa sekaten. Dene gangsa sekaten ingkang lami, iyasan ing Demak, punapa kalebur lajeng dipundamel gangsa sanesipun malih punapa kadospundi, dereng wonten katranganipun ingkang cetha. Wonten ingkang nyariyosaken bilih keceripun gangsa Sekaten wau sapriki salong taksih wonten ing Kabupaten Demak.

Kala ing taun Jawi 1565, Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Agung awit saking osiking panggalih dalem lajeng badhe iyasa lelangen badhaya. Saking kupiyanipun para empuning karawitan, inggih punika Kangjeng Panembahan Purubaya, Kyai Panjangmas, Pangeran Panji Mudhabagus lan RT Alap-alap katambah pangestunipun Kangjeng Sunan Kalijaga kasil nata gendhing Katawang raras pelog pathet gangsal. Gendhing punika pantes sanget manawi kagem pahargyan jumenengan nata, utawi tinggalan jumenengan. Gendhing Katawang punika ugi kabiji ageng sanget sawabipun minangka dados tetumbaling nagari. Andayani tata tentrem loh jinawi karta raharja, ing sapanginggilipun turun-temurun boten kaselan amengkurat Tanah Jawi.

Legawing panggalihipun Kangjeng Sultan Agung, dening pikantuk sabdanipun wali linuhung lajeng karsa iyasa kemanak sapanunggalanipun. Lajeng kagungan karsa mundhut kenya putranipun para priyagung bupati wolu, kapundhut satunggal-satunggal, kapilih ingkang endah ing warni saha prigel ing solah kinarya badhaya. Karsa dalem amiwiti iyasa lelangen badhaya cacah sanga. Jangkepipun sanga mundhut putra utawi wayahipun pepatih dalem salah satunggal ingkang prigel saha endah ing warni sinartan wasis wiramaning gendhing, minangka tetindhih dados pambataking beksa badhaya.

Dene kawigatosanipun wontenipun badhaya cacah sanga wau kangge ngawuningani kabudayan Jawi bab beksan badhaya, ingkang anuntun dhateng patrap samadi. Ugi kangge ngawuningani dhateng gelaring prang, kadosta gelar prit-neba, garudha nglayang, wulan tumanggal, cakrabyuha sapanunggilanipun. Ingkang ugi dados kawigatosan inggih kangge ngawuningani dhateng karawitaning gendhing ingkang mengku raos lebet utawi adiluhung. Sanesipun punika, karsa dalem murwani badhaya Karaton Jawi ing jaman kaislaman, punapa dene minangka reraketan dhateng para manggalaning praja, nayaka wolu, sanga pepatih dalem ingkang minangka sakaguru, tansah gegandhengan kaliyan karaton. Saben badhaya temtu enget lelabetanipun para manggalaning praja wau.

Pakubuwana IV tansah anggegesang pangawikan kina

Sareng taun 1650, Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana Kaping II ing Nagari Surakarta Hadiningrat, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Kombul, utawi Ingkang Sinuhun Sumare Lawiyan, kagungan karsa iyasa gangsa salendro tuwin pelog. Ingkang anggarap damel gangsa Ngabehi Nong-nong.

Sareng sampun babar lajeng kaparingan nama ingkang salendro Kyai Semarmendem, ingkang pelog Kyai Sekargadhing. Lajeng kagungan karsa iyasa lelangen beksan wireng, inggih punika Laras Panji, Laras Panji Nom, Dhadhap Kareta, Dhadhap Kanoman. Tameng Badhung lan Tameng Gleleng. Kacariyos saben lenggah siniwaka ing dinten Senen-Kemis, manawi bonten wonten wisudhan, meh kenging katemtokaken mundhut Gendhing Prawirakusuma. Gendhing punika kaanggep pusaka. Sanadyan nagari dalem ing Kartasura Adiningrat sampun wangsul tentrem, saksampunipun dipunjegi mengsah, ananging panggalih dalem taksih sakalangkung sengkel angraosaken risaking nagari saha risaking karaton dalem saisinipun, prasasat sirna sadaya. Wusana badhe pindhah karaton saking Nagari Kartasura Adiningrat tumuju Dhusun Sala, ingkang lajeng kaparingan nama Nagari Surakarta Adiningrat. Pindhah dalem dhumateng Nagari Surakarta Adiningrat lajeng kagungan karsa iyasa gendhing Boyong, Kadhaton Radya lan Hasrikaton. Lajeng kagungan karsa iyasa lelangen beksan wireng Jemparing Ageng, Dhadhap Karnatinandhing, Dhadhap Alus, Lawung Alit lan Jemparing Alit.

Sareng taun 1693, Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana III ing Nagari Surakarta Adiningrat, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Swarga, kagungan karsa iyasa gangsa pelog utawi salendro. Sareng sampun babar sadaya lajeng kaparingan nama Kyai Pangasih (pelog) lan Kyai Rarasati (salendro). Sareng ing taun 1718, Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana IV, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Bagus ing Surakarta Adiningrat, kagungan karsa iyasa gangsa Sekaten, kadamel langkung ageng saha kandel, angungkuli kagungan dalem gangsa sekaten iyasan Mataram. Kagungan dalem gangsa sekaten kalih wau lajeng kaparningan nama Kangjeng Kyai Gunturmadu (Sekaten ageng, ingkang suwau nama Kyai Nagajenggot) lan Kangjeng Kyai Guntursari (Sekaten alit). Kajawi iyasa gamelan lan anganggit gendhing, Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV ugi iyasa lelangen dalem beksan, antawisipun Beksan Badhaya, Badhaya Gendhing Daradasih, Badhaya Gendhing Ela-ela lan Beksan Wireng Gelas Alit. Ingkang sinuhun kala wau ugi nampeni pisungsung beksan badhaya Gendhing Hanglirmendung. Gendhing kemanak saking Mangkunagaran.

Badhaya Mangkunagaran punika sami kaliyan badhaya ing kasentanan, inggih punika badhaya cacah pitu. Dene ingkang nganggit Gendhing Badhaya Hanglirmendhung wau Kangjeng Gusti Sambernyawa. Ingkang angladosi nganggit gendhing Kyai Demang Cakarma, demang niyaga Mangkunagaran. Mendhet saking laguning Gendhing Gadhungmlathi Badhaya, ingkang ugi winastan Gendhing Handuk, iyasan dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Agung ing Mataram. Gendhing Hanglirmendhung wau lajeng kaparingaken putra dalem, Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Angabehi. Lajeng kagem wonten ing Ngabehan. Ingkang sinuhun wau sanadyan sampun karsa nganggit gendhing beksan sapiturutipun kasebut ing nginggil wau, ewadene boten kasupen taksih amarsudi anggegesang pangawikan kina, kadosta anggegesang beksan badhaya, wireng, sekar ageng, ngupakara gendhing-gendhing murih prayoginipun. Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana IV wau kagungan abdi dalem miji panggender estri, nama Nyai Jlamprang.

Sinuhun Susuhunan Pakubuwana V iyasa lelangen Sarimpi

Wiwit dereng jumeneng nata, Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana V, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Sugih, sampun kathah iyasan-iyasan utawai anggitan dalem. Langkung-langkung bab gendhing Jawi, gendhing alus, gendhing prenes, endhing gecul. Lajeng kagungan karsa amiwiti iyasa lelangen dalem beksa wanita, mirip beksa laguning badhaya, kawewahan wileding ukelipun. Katindakaken para kenya cacah sekawan, pinilihan ingkang dedeg pangadegipun sami pasariran ngronje, parigel ing solah. Inggih punika ingkang lajeng winastan lelangen dalem Sarimpi.

Gendhingipun Ludira Madura dhawag Kinanthi, suwuk lajeng celuk Mijil Wastrangangrang (ladrangan), gendhing kemanak, laras pelog pathet barang. Beksan Sarimpin wiwit nyembah (dhawah gong) sampun dipunkepraki. Beksan ngadeg dumugi ngajengaken gong, lajeng dipunsenggaki saha keplok alok. Beksan pecat miring lajeng genjot pinjalan utawi prenjakan, dipunsenggaki keplok imbal angadhasih. Manawi badhaya boten mawi kakocapaken lan boten dipunsenggaki. Anggenipun ngepraki yen gendhingipun sampun minggah, utawi dhawah ladrangan saweg dipunkepraki, terkadhang babar pisan boten mawi keprak. Karsa dalem pancen kagen ambedakaken rerengganing beksa badhaya kaliyan beksaning Sarimpi.

Inggih punika mula bukanipun ing Surakarta wonten lelangen dalam Sarimpi. Wiwitipun wonten beksan Sarimpi punika, manawi miturut Serat Sastramiruda, anggitanipun swargi Kangjeng Pangeran Arya Kusumadilaga, ingkang misuwuring asma Kangjeng Pangeran Kusumadilaga Tinjomaya, kados ing ngandhap punika. Prabu Suryawisesa, nata ing Janggala, anganggit beksan dhadhap, lawung lan sapapadhane, ginawe ajaring prang, tinabuhan gendhing warna-warna. Sarta prameswaru nata Dewi Candrakirana anganggit beksane badhaya lan sarimpi, tinabuhan gamelan raras surendra, sinangkalan Katon Beksa Putrining Nata (1263). Kacariyos Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana V wau widagda dhareng saliring pangawikan lahir batos, agal alus, kasusastran, basa utawi tembung kawi, tuwin gendhing-gendhing miwah beksa, malah ngasta nabuh inggih baud. Sadaya ingkang dipuncaki sarwa sae, sarwa alus tur miraos. Peng-penganipun manawi angasta rebab (ngrebab). Saking saenipun ngantos binasakaken, angin mandheg, dados sanadyan angin inggin mandheg dening katarik daya panggendenging cengkok wewiledan ingkang adiluhung wau. Kacariyos kala taksih jumeneng Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom, saben pasewakan ing dinten Senen miwah Kemis, saderengipun miyos dalem, Kangjeng Gusti wau kapareng lenggah ing bangsal pradangga, nunggil abdi dalem niyaga, lajeng angasta rebab utawi sanesipun ingkang dados kapareng dalem. Cakipun alus angrawit sarwa miraos. Ananging manawi ingkang rama (Sinuhun Pakubuwana IV) sampun katingal lenggah ing kajogan prabasuyasa, Kangjeng Gusti wau anggenipun angasta (nabuh) lajeng kadamel-damel radi kaduk sembrana. Yen nuju angasta bonang lajeng dipunimbal, dipuncara imbaling saron paringgitan (saron wayangan), kacengkokaken ngantos gobyog sanget, adamel cingakipun ingkang sami sowan ing plataran, sami noleh tumuju ing bangsal pradangga. Sareng mangertos yen ingkang ngasta bonang Kangjeng Gusti, lajeng sami tumungkul ajrih. Saking gobyoging tabuhan, kamirengan ing ngarsa dalem ingkang sinuhun taksih lenggah ing kajogan prabasuyasa, laheng utusan andangu,”Sing mbonang iku sapa, teka anggecul kata mangkono?”. Kaunjukaken yen putra dalem Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom. Dhawuh dalem,” Ya wis yen si thole”.

Gendhing Larasmaya lestantun wiwit PB IX ngantos PB XI

Lelangen beksan sarimpi iyasan Sinuhun Pakubuwana (PB) VIII wonten ingkang gendhingipun mawi binarung ing sindhen tuwin wonten ingkang boten mawi binarung ing sindhen (kados kalenengan limrah). Ing antawisipun lelangen beksan sarimpi ingkang gendhingipun mawi binarung ing sindhen inggih punika, Beksa Sarimpi Gendhing Ela-ela, Beksa Sarimpi Gendhing Merak Kasimpir lan Beksa Sarimpi Gendhing Ladrang Manis.

Ewadene lelangen beksan sarimpi ingkang gendhingipun boten mawi binarung ing sindhen antawisipun Beksa Sarimpi Gendhing Bondhan, Beksa Sarimpi Gendhing Raranangis, Beksa Sarimpi Gendhing Glondhong Pring lan Beksa Sarimpi Gendhing Gandakusuma. Kejawi iyasan lelangen dalem beksa badhaya tuwin sarimpi, Sinuhun Pakubuwana VIII wau, nalika dereng jumeneng nata (taksih jumeneng Kangjeng gusti Pangeran Angabehi) iyasa lelangen beksa wireng. Jumeneng dalem nata Sinuhun Pakubuwana IX ing Surakarta Adiningrat, amarengi ing dinten Senen Legi, tanggal kaping 22 wulan Jumadilakhir ing warsa Je, angka 1790, utawi 30 Desember 1861. Ingkang Sinuhun Pakubuwana IX wau wiwit dereng jumeneng nata ngantos jumeneng nata tansah kapareng amarsudi dhateng saliring pangawikan lan kabudayan karawitan, bab gendhing-gendhing miwah beksa. Kapareng nindakaken piyambak beksa, punapa dene ngasta nabuh gambang, rebab, kendhang, kapareng ambawani (buka celuk) Gendhing Katawang Ageng Badhaya.

Kacariyos manawi anjenengi ajar-ajaran beksan badhaya tuwin sarimpi, Ingkang Sinuhun lenggah ing dhampar. Ing kanan kiringipun dhampar palenggahan dalem dipunsudhiyani rebab, gambang tuwin kendhang. Inggih punika tetabuhan ingkang dados kaparenging panggalih dalem, ingkang badhe kaasta ing ngarsa dalem. Tuhu winasis ing saniskara, ngantos misuwur. Wasising gendhing ngantos kondhang, mumpuni kidung palupi. Makaten misuwuring asma dalem. Gendhing Katawang Larasmaya iyasan Sinuhun Pakubuwana IX sareng jaman Ingkang Sinuhun Pakubuwana X wau kagem pakurmatan kondur dalem saking sitinggil (manawai miyos bakda ing sitinggil), ingkang kurmat Larasmaya wau gangsa ingkang wonten ing paningrat. Manawi sampun lenggah, gangsa suwuk. Lan jengkar dalem saking pandhapa sasana sewaka, kaurmatan Gendhing Durkajongan (Undur-undur Kajongan). Gendhing Larasmaya wau kajawi kagem pakurmatan kondur dalem saking tedhak papara utawi ameng-ameng padintenan. Mila ngagem Larasmaya, amargi jaman kaping sadasa wau dereng wonten Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom. Gendhing Larasmaya wau lestantun kagem pakurmatan kondur dalem, ngantos dumugi jumeneng dalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana XI, taksih anglestantunaken ngagem. Ingkang Sinuhun Kaping IX wau taksih amarsudi saliring pangawikan, makaten ugi dhateng bab gangsa. Kala samanten kagungan karsa anyantuni gendhing ingkang kagem ing beksa badhaya, Badhaya Bontit (badhaya Gendhing Bontit). Bontit kalajengaken Turirawa, lajeng Katawang Srepegan, raras pelog pathet nem.

Jaman rumiyin saben pasamuwan sekaten ing wulan Mulud, wiwit tanggal 5 dumugi 12 (malem bakda), kagungan dalem gangsa sekaten ingkang kaungelaken wonten ing Bangsal Pradangga namung sarancak; Kangjeng Kyai Guntursari (sekaten alit iyasan dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Agung ing Mataram. Sareng jumeneng dalem Pakubuwana IV (Sinuhun Bagus) ing Surakarta, iyasa gangsa sekaten (sekaten ageng, asma Kangjeng Kyai Gunturmadu). Sanadyan gangsa sekaten sampun kalih rancak, nanging amung malempak dados satunggal, wonten ing Bangsal Pradangga sisih kidul. Dene bangsal ingkang ler kangge pasowananipun abdi dalem jaksa. Awit saking kaparenging karsa dalem Sinuhun Pakubuwana IX, kagungan dalem gamelan sekaten Kangjeng Kyai Guntursari (Sekaten alit iyasan Mataram) ingandikakaken nata wonten ing kagungan dalem bangsal ingkang sisih ler. Dene Kangjeng Kyai Gunturmadu (Sekaten ageng iyasan Pakubuwana IV) lestari wonten kidul kados ingkang sampun, saha katemtokaken mungel rumiyin. Dados kagungan dalem gamelan sekaten lajeng dados kalih panggenan (ler-kidul).

Sinuhun Pakubuwana X amumpuni saliring pangawikan

Esuk wiwit tangi turu, Kang Soma dheleg-dheleg ana lincak ngemper omah. Sirahe krasa mumet mikirake uripe sing tambah ruwet. Atine judheg gaweyan mandheg, butuhe tambah suwe tambah seabreg. Nalika jumenengipun Sinuhun Pakubuwana X, amarengi ing dinten Kemis Wage, tanggal 12 wulan Ramelan ing taun Je 1822, utawi kaping 30 Maret 1893, kawontenanipun ing karaton sarta praja dalem ing sawewengkonipun sadaya ing Surakarta Adiningrat kathah indhaking kamajenganipun.

Kawontenan kabudayan karawitan inggih nengsemaken. Tetabuhan gangsa alus, thuthukanipun nengsemaken. Gendhingipun kathah warni-warni. Kadosta gendhing kina, gendhing baku karaton, gendhing prenes, gendhing gacul utawi gaculan dalah gendhing manca utawi pasisir inggih kacakup.Kathah pakempalan tabuhan utawi sinau nabuh gangsa, sinau gendhing-gendhing. Malah kagungan dalem Musium Sriwedari ugi ngedegaken pasinaon nabuh gamelan, inggih punika KK, cekakan saking tembung Kawruh Kaniyagan, tuwin ngawontenaken pasinaon dhalang, inggih ingkang winastan Pa-Dha-Su-Ka saking cekakaning tembung Pasinaon Dhalang Surakarta, kaayoman Radyapustaka. Makaten ugi bab sekar-sekar utawi tembang, ingkang dipunajangi pakempalan Mardiguna, manggen ing Kusumayudan. Tuwin bab beksa utawi joged. Ing karaton ngantos dumugi ing njawi, meh pundi-pundi panggenan tansah sami amarsudi, temahan andayani luhuring karaton dalem. Sajumeneng dalem Sinuhun Kaping X wau tansah anampeni pisungsung bintang saking manca nagari ngantos kathah, andayani saha tambahing kaluhuran dalem.

Panembrama
Saben mentas tampi lajeng dipunpengeti, inggih punika wonten ing Serat Panembrama, ingkang tinrap ing geronging gendhing. Nanging kala samanten dereng dipuniyasani gendhing. Dados panembrama wau lajeng tinrap ing gendhing ingkang sampun wonten, utawi gendhing lami.

Antawisipun inggih punika panembrama nalika rawuhipin sri narata ing Nagari Siyam, Kitha Bangkok, ingkang ajejuluk Sang Maha Silalon Prabu Koren Praculasom Klowa, tangga 25 wulan Sura ing warsa Jimakir angka 1826, tinrap ing gendhing Ladrang Asmaradana, raras pelog pathet barang, padhetan saking Sekar Asmaradana, salendro manyura, inggih gendhing langendriyan. Panembrama amengeti pisungsung bintang Kumandur Orde Nederlanse Leo, dinten Jumuah tanggal 20 wulan Sapar, taun Jimakir 1826, tinrap ing Gendhing Gambirsawit, raras salendro pathet sanga. Panembrama amengeti jumenengipun nata Kangjeng Rajaputri Wilhemina ing Nederlan (Nagari Walandi), tanggal 31 Agusrus 1898, amarengi Sinuhun Pakubuwana X anampi bintang Groot Ufesir Orda Oranye Nasau, tinrap ing Gendhing Kinanthi Ludira, pelog barang. Lan taksih wonten panembrama sanesipun ingkang tinrap ing gendhing lami sanesipun. Sareng jumeneng dalem Sinuhun Pakubuwana XI, sadhatengipun Nipon utawi Jepang nguwaosi Tanah Jawi, sadaya ungel-ungelan utawi pakecapan ingkang mawi basa Landi, boten kapareng. Awit saking punika, cakepanipun Gendhing Ludira wau dhawuh dalem ingandikakaken anyantuni cakepanipin Gendhing Ludira piyambak, inggih punika “Mideringrat angelangut” sapiturutipun. Mijil-ipun “Wastra ngangrang tebenging patani” sapiturutipun.  Dene Gendhing Ludira   minggah   Kinanthi  lajeng   Ladrang   Mijil  dalah sacakepanipun wau,  iyasan  dalem     Pakubuwana V.

Sampeyan Dalem Ingkang Minulya Saha Wicaksana Pakubuwana X wau kalebet amumpuni saliring pangawikan, kadosta dhateng ngelmi sepuh utawi ngelmu kasampurnan, malah sampun kapareng amaringi barkah dhumateng para putra santana saha abdi dalem (jumeneng guru). Manawi mejang wonten ing Bandengan, apal dhateng sujarah. Apal dhateng padhalangan saha wayang dalah wandaning ringgit. Kerep paring piwulang dhateng abdi dalem dhalang. Ahli dhateng tosan aji. Kagungan aji panggandan, saking katebihan saged mirsa, manawi wonten ingkang ngangge dhuwung sae. Makaten kalangkunganipun. Punapa malih dhateng bab beksa tuwin gangsa, malah inggih saged ngasta rebab. Ingkang nyerat Wedhapradanga (Prajapangrawit) nate nyumerepi piyambak, Sampeyan Dalem angasta rebab, rebab pusaka dalem Kangjeng Kyai Grantang, kala samanten gendhingipun Gambirsawit, salendro pathet sanga.

Nut angka dipunanggit jaman Sinuhun Pakubuwana X

Sajumeneng dalem Pakubuwawa X wau, kawontenanipun tindhih kamisepuh abdi dalem niyaga kasepuhan gantos-gumantos, antawisipun, Raden Riya Ngabehi Gunapangrawit, Raden Ngabehi Gunamardawa, Kyai Demang Gunasentika, Kyai Demang Mlaya, Mas Ngabehi Gunadipraja tuwin Mas Lurah Purwapangrawit inggih Mas Ngabehi Purwapangrawit.

Tetindhih abdi dalem kamisepuhipun abdi dalem gendhing pandhe gangsa antawisipun, Mas Ngabehi Gunapradangga, Mas Lurah Karyapradanga tuwin Mas Ngabehi Gunapradangga (III). Wontenipun nut angka (nut gendhing Jawi nut angka Eropah) inggih jaman Pakubuwana X wau, anggitan ing kapatihan. Dene mula bukanipun wonten nut angka wau, kacariyosaken kados makaten. Kyai Demang Karini, abdi dalem demang musik ing Mangkunagaran (Mangkunagara IV) asli saking Kamlayan. Kacariyos taksih kaleres nak-sanak kaliyan Kyai Demang Gunasentika, abdi dalem panewu niyaga kasepuhan golongan tengen.

Mila boten langka manawi Kyai Demang Karini wau saged nabuh gangsa, sinartan sugih gendhing Jawi. Lajeng gadhah anggit damel nut gendhing Jawi. Sareng sampun dados nut wau, winastan nut rante. Nut Rante wau lajeng kasukakaken kaliyan Demang Gunasentika; Kyai Demang Gunasentika nalika taksih nama Mas Lurah Sudiradraka, abdi dalem lurah niyaga Mangkunagaran (Mangkunagara IV), nama Mas Lurah Sudiradraka (karanipun Mas Lurah Dari).Nut wau sareng sampun wonten ing Gunasentikan lajeng kababaraken ing anak putu. Wasana lajeng kaaturaken ing nagari, konjuk ing pepatih dalem, minangka pratandha sumungkem saha bingahing manah anggenipun mentas kakarsakaken dados abdi dalem panewu niyaga kasepuhan golongan tengen. Kajawi ngonjukaken nut rante, gendhing-gendhing lami utawi kina, kaliyan ngonjukaken pisungsung gendhing anggitanipun, gendhing bonang salendro nem.

Nut rante wau sareng kawulangaken para putra santana ing kapatihan radi angel ing panampinipun. Awit saking punika lajeng dipun rekadaya murih gampiling panampi, dening Bandara Raden Mas Jayasudirja, inggih punika Raden Mas Tumenggung Wreksadiningrat (I). Dipunreka kaliyan prasaja, inggih punika saron pelog wilahan pitu lajeng dipunangkani, saking ngandhap manginggil, utawi saking ageng dumugi alit: 1 (panunggul), 2 (gulu), 3 (tengah/dhadha), 4 (pelog), 5 (gangsal), 6 (nem) lan 7 (barang). Manawi salendro, tanpa angka 4, nanging makaten: 1 (barang), 2 (gulu), 3 (tengah/dhadha), 5 (gangsal), 6 (nem) lan 7 (dados gembyanganipun angka 1). Sareng kadadosaken nut lajeng kalimrahaken ing saknagari Surakarta, lestari dumugi sapriki, lajeng dipunangge para abdi dalem niyaga ing Surakarta. Sarta para pamarsudi inggih kathah ingkang sami amigunakaken nut kapatihan wau.

Wontenipun kenong pepak miturut wilahan, inggih punika gulu, tengah (dhadha), gangsal, nem, barang, panunggul tuwin kenong manis. Mila winastan kenong pepak, amargi ingkang kalimrah kenong punika namung tiga, raras: 5, 6 lan barang. Wontenipun gangsa calempungan ngantos kathah warni-warni, punapa dene siter (calempung Eropah) dipun-stel kaliyan gangsa Jawi, saha wontenipun slenthom utawi slenthong, inggih punika slenthem ageng (gembyanganipun slenthem) saking gangsa, wonten ingkang saking kawat (calempung ageng sanget). Sampeyan Dalem Sinuhun Pakubuwana X anyinaokaken beksan golek Ngayogyakarta, Gendhing Montro dhawah Ladrang Asmaradana, salendro pathet manyura. Majengipun Ladrang Prabuanom, salendro manyura. Dene unduripun Giyar-giyar, pelog barang (manawi Surakarta Ayak-ayak Rangu-rangu).Lajeng anyinaokaken abdi dalem badhaya dhumateng ing Tejakusuman, Ngayogyakarta, ingandikakaken nyinau beksa sarimpi gendhing Merak Kasimpir minggah Ladrang Kembangpepe, kalajengaken Katawang Cendhaniraras (manawi Surakarta Katawang Martapuran utawi Srepegan Martapuran). Dene kapang-kapangipun majeng saha munduripun sami Ladrang Langenbranta, raras pelog bem (manawi Surakarta raras pelog pathet nem).

1 Comment

  1. uut beni a

    tlg sajikan hal-hal tentang sekaten, mulai dari asal usul terbentuknya hingga pelaksanaannya. tapi dalam bahasa jawa
    terimakasih

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: