PITUTURIPUN TIYANG SEPUH


Bocah Bagus Anakku Lanang,

Ojo Wedi,… Golék-o Pepadhangé Dalan,

Ora Kendhat Anggonku Ngengudhang,

Duh Bocah Bagus Anakku Lanang.

Wong Tuwamu Dudu Raja,

Sing Dak Wariské Dudu Bandha Dunya,

Sangumu Mung Isi Pitutur,

Muga Dadi Titah Kang Luhur.

Anak Lanang Bagusing Ati,

Ojo Lali Anggonmu Memuji,

Marang Gusti Kang Murbéng Dumadi,

Mugo Dadi Padhangé Ati.

Urip Ing Dunyo Iku Sedhélo,

Urip Ing Kono Koyo Samudro,

Mulo Nggér…., Ojo Wegah Podho Tetanén,

Ing Kono Mbesuk-é Bakal Panén.

Bocah Bagus Anakku Lanang,

Ojo Nganti Ninggal Piwulang,

Mumpung Jembar Golék-o Pepadhang,

Ojo Jirih Ing Pepalang.

Sejatiné Ora Ono Opo-Opo…..,

Sejatiné Jagadawujud Suwung,

Ora Warno Lan Ora Rupo,

Sing Ono Mung Awang-Uwung.

Akéhing Bandha Dudu Ukuran,

Drajat Lan Pangkat Dudu Takeran,

Lan Pepujané Rasa Dudu Anak,

Pagering Jiwo Dudu Sanak.

Wong Tuwamu Dudu Dewo,

Ora Wenang Nulis Garisé Manungso,

Sangumu Mung Isi Pitutur,

Mugo Dadi Titah Kang Luhur.

33 thoughts on “PITUTURIPUN TIYANG SEPUH

  1. NUGRAHANTO

    Kula sanget nayogyani punapa ingkang panjenengan serat. Emanipun tiyang sepuh samangke, wiwit putranipun lahir, awis sanget ingkang dipun prayogekaken ngudi olah basa, ugi tata krama Jawi, mliginipun ingkang gesang ing laladan tanah Jawi, utawi ingkang kasebat SUKU JAWA

  2. Sugeng K

    Nuwun sewu, seratan Jawi “Alang-alang kumitir ” ing nginggil punika ingkang leres punapa boten mawi “layar”, kok mawi “ra” dipangku? nyuwun kawigatosanipun.

  3. ("_^)

    “i have no parents, except “wanita paling cantik di negeri indonesia raya”. thanks god, kau mengirimkan diriMu sendiri untuk menjadi Orang Tuaku…”

  4. herasamo

    Om Kumitir ^^ tulisannya sangat bagus…walopun saya kamu hawa tetapi membaca itu kok langsung mak nyesss… hiks..maap ya om…saya ga bisa boso jowo 🙂 jika semua orang tua seperti itu…meby akan terlahir putra putri bangsa yang brilian ^^

    Suwun…

  5. Kiageng Sudrominulyo

    alhamdulillah gusti,
    matur nuwun kang mas Kumitir, anggenipun mbabar ngelmu agung menika.

  6. nenotorogo

    sekolah ati iku pancene kon ngati-ati.. merga sing mulang Gustimu
    bodo lan pintere iku ana ing perkara bener luput ora bisa ngapusi awake dewe, beda karo sekolah umume sing diwulang manungsa supaya ngasah pikir pernahe bisa ngupaya sandang pangan luwih gampang.

  7. notonerogo

    weh lah.. ngelmu iku sing duwe Gusti.. awakmu mung lantaran, ora duwe opo-opo.
    yeng rumangsa duwe yo mung rumangsamu bae..
    yen wis suwung saka rasa rumangsa..
    muga bisa sumrambah ing sakojur badan.
    si muhammad bae bisa pinter najan angon wedhus ora sekolah hehehe

  8. kang mas hery noto negoro

    gumregeting ati sakjroning sukmo siji opo luput anggonku mlakuiku kang dadi pitakonku yuswo sajak tambah nanging nelmuku durung sumrambah geguyonku tanpo wektunganti lali pawiyatanku tangis ing jroning dadaku sapa arep ngrungoake durung aku ngabdi marang gusti durung aku ngabdi marang wong tuwo loro durung aku ngabdi marang sliramu pitakonku saiki opo ono rerakening wektu kanggo awaku

  9. Kriswinanto

    Pituture wong tuwo, kaibaratake gegaman sangune urip ing alam donyo, ora ono sangu sing luwih gede lan migunani kajobo pitutur lan pandongane wong tuwo. Ngelingono anane anak kuwi, biyen rikolo wong tuwo sak durunge ngukir jiwo rogone anak, nyenyuwun karo Gusti Kang Murbeng Dumadi, mugi-mugi Gusti ngijabani panyuwune, mulo sak mestine anak kudu bekti marang wong tuwo. suwun

  10. hadi wirojati

    nuwun ngapunten mas…

    mas kumitir gambare malah diganti kungfu panda .. pripun tho… malah medeni,

    nuwun…

Leave a comment