alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

PRALAMBANG PRALAMBANGING NGELMU


Ing mangke anutugake urut-urute pralambnag kabeh, ananging tegese, sakehing para amarsudi ngelmu pada darbe panemu dewe-dewe, bener luput amborangake ing deduga prayogane , kaya kang kapratelakake ing ngisor iki.

1. Gigiring Panglu : tegese gigiring mimis, iku ibarat kaelokaning Dzat, dening ora arah ora enggon, ing endi saestuning panggonane, sayekti among dumunung ana Dzating urip kita.

2. Tambining Pucang :tegese ibarat kaelokane sifating Dzat, dene binasakake dudu lanang dudu woado dudu wandu, kaya apa satemening sifate, sayekti amung dumunung ana sifating urip kita. Ana kang angarani Tambining Pucang iku leng-ing grono loro, saka pangira wau bokmanawa kaliru ing sesurupan.

3. Wekasaning Langit : tegese iku ibarat wangenane soroting cahya, sumarambah tumeka ing sifat kita.

4. Wekasaning Samudra Tanpa Tepi : tegese iku ibarat wangenane pangawasing rahsa, sumarambah tumeka ing sifat kita.

5. Galihing Kangkung : tegese iku ibarat wahananing sukma, dumunung ing kahananing sifat kita.

6. Geni Sakonang Angasatake Samudra : tegese iku ibarat hawaning nafsu, wimbuh sajroning pancadriya kita.

7. Manuk Miber Angungkuli Langit : tegese iku ibarat rasaning budi, winbuh sajroning af’al kita.

8. Prau Amot Samudra : tegese, prau iku ibarating jasad, samudra iku ibarating ati sapanunggalane.

9. Angin Katarik Ing Prau : tegese iku ibarat lakuning napas metu saka ing jasad.

10. Susuhing Angin : tegese iku ibarat paleremaning napas, dumunung ing jantung. Ana kang angarani Susuhing Anging iku rambut, saka pangira bokmanawa kajupuk saka pamrayoga bae.

11. Bumi Kapetak Sajroning Lemah : tegese iku ibarating wujud kita, asal saka ing lemah, ing tembe kapendem ing lemah, iya iku wahanane dadi daging.

12. Amek Geni Adedamar : pada karo : Geni ana Sajroning Geni, utawa : Geni Binasmi ing Geni : tegese iku ibarating wujud kita, asal saka ing geni tansah andadekake geni, iya iku wahanane dadi napsu.

13. Barat Katiyub ing Angin, pada karo : Angin Anginte Prahara : tegese iku ibarating wujud kita, asal saka ing angin, anggung angingsep anging ametokake angin, iya iku wahanane dadi napas.

14. Angangsu Pikulan Banyu, pada karo : Banyu ana Sajroning Banyu, utawa : Banyu Kinum Ing Banyu : tegese iku ibarating wujud kita, asal saka banyu tansah kailenan banyu, iya iku wahanane dadi getih, mula ana kang ngarani, banyu sajroning banyu iku getih.

15. Srengenge Pine, surasane pada karo : Kaca Angemu Srengenge : tegese iku ibarat cahya kasorotan ing, utawa srengenge ana sajroning cahya, iya iku wahanane dadi pramananing netra.

16. Wiji Ana Sajroning Uwit, Uwit Ana Sajroning Wiji : tegese iku ibarating kawula dumunung ana ing Gusti, Gusti dumunung ana ing kawula, dibasakake pangleburan papan tulis.

17. Kakanganing Pambarep, Adining Wuragil : tegese iku ibarating martabat Insan-Kamil, ing nalika tanajul, tiba ana wekasan dewe, bareng tekane ing tembe dadi wiwitan, mungguh Insan-Kamil iku wahananing urip kitapribadi.

18. Busana Kancana Retna ora Amboseni, sairib pada karo : Busana WastraTanpa Seret : tegese iku ibarating jasad, busana kancana retna wahanane dadi jasad ing jero, busana wastra wahanane dadi kulit.

19. Tugu Manik Ing Samudra : tegese iku ibarat pantenging cipta terus marang pelenging paningal. Ana kang angarani, tugu manik iku kalam, bokmanawa saka pangira bae.

20. Sawanganing Samudra Retna : dadi ibarataing babu’larbab, tegese, korining Pangeran, iya iku hakekate palawanganing Dzat, dumunung ana ing babahan nawasanga sajroning jasad. Mungguh ing Kabudane, sawanganing samudra retna, iku diarani : kori sela matangkep, dadi ibarat melar mingkusing maras, utawa menga mingkeming lambe.

21. Samudra Winaton Kilat : dadi ibarating wot siratalmustakim, tegese dalan kang bener, iya iku hakekate pesating atma tumeka ing chalarating Dzat. Ana kang ngarani wot siratalmustakim iku hakekate wetuning pamicara, iku pada pakolehe.

22. Bale Tawang Gantungan : dadi ibarating ‘arasy kursi, tegesing ‘arasy : padaupan, iya iku hakekate pasewakaning Dzat, dumunung ana ing sirah utawa jaja, tegese kursi : palenggahan, iya iku hakekate palenggahaning Dzat, dumunung ana ing utek utawa jantung.

23. Wiji Tuwuh Ing Watu : dadi ibarating loch kalam, tegesing loch : papan, kasebut, lochilmakful, tegese papankang rineksa, iya iku hakekate sifating Dzat, dumunung ana ing jasad, rineksa ing malaekat Kiraman, tegesing kalam : panyeratan, iya iku hakekate wewayanganing Dzat, dumunung ana ing budi, tumuwuh ing angen-angen, rineksa ing malaekat Katibin.

24. Tengahing Arah : dadi ibarataing mijan, tegesing mijan : taraju, iya iku hakekating panimbanging Dzat, dumunung ana ing paningal, pamiyarsa, pangganda, pangrasa miwah pamiarsa.

Ing saiki amung kajujag samono bae urut-urute panunggalaning pralambang kabeh, manawa kapratelakake ing satutuge tanpa wekasan, tur ora pati andadekake perlu ing surasane, dene manawa ana pralambang elok kang kagawe cangkriman, pradikane diwawasa saka ing deduga prayoga kaya ing ngisor iki.

1. Sawarnane kang binasakake : gede, amba, dawa, duwur, luwih, sapanunggalane iku dadi ibarate Ananing Dzat.

2. Sawarnane kang binasakake : cilik, ciyut, cendak, endek, kurang sapanunggalane iku dai ngibarate wahananing sifat.

Upama unen-unen : Botok Banteng winungkus ing godong asem, kabitingan ing alu bengkong, iku pradikane : botok banteng dadi ibarat Ananing Dzat, godong asem dadi ibarat Wahananing Sifat, alu bengkong dadi ibarat Kahananing Af’al kabeh, mungguh dununge mangkene : Ananing Dzat kita awarana Wahananing Sifat kita, tanda ing solah bawa kita, nanging wardine kang sejati iku ora prayoga manawa kagawe rerasanan ing akeh, kenane kawicarakake kalayan kang wis pada tunggal ngelmu, sarta kang wis kalumuhan deduga, tegese wis liwat tengah tuwuh, manawa kawicarakake marang kang durung darbe deduga mundak kadinginan tuwuh, amarga durung dumunung wahananing tumuwuh, lire kaya wirayating para sepuh, ingatase wong urip iku awit saka lair tumeka ing sabanjure, awiyos katuwuhan iradating Dzat kaping rolas, ing dalem satuwuhan, antara nem taun, kaya kang kapratelakake ing ngisor iki.

TUWUHE IRADATING DZAT

1. Awit saka lair tumeka 6 tahun, katuwuhan lali, tegese durung enget (durung eling).

2. Awit umur 7 tahun tumeka 12 tahun, katuwuhan enget.

3. Awit umur 13 tumeka 18 tahun, katuwuhan budi.

4. Awit umur 19 tumeka 24 tahun, katuwuhan birahi.

5. Awit umur 25 tumeka 30 tahun, katuwuhan murka.

6. Awit umur 31 tumeka 36 tahun, katuwuhan wiweka.

7. Awit umur 37 tumeka 42 tahun, katuwuhan deduga.

8. Awit umur 43 tumeka 48 tahun, katuwuhan santosa.

9. Awit umur 49 tumeka 54 tahun, katuwuhan rumangsa.

10. Awit umur 55 tumeka 60 tahun, katuwuhan wirangi.

11. Awit umur 61 tumeka 66 tahun, katuwuhan jatmika.

12. Awit umur 67 tumeka 72 tahun, katuwuhan pepeka.

Dene luwihe saka iku adat katuwuhan lali maneh, tegese asring-asring kalalen, mungguh pratikele supaya aja nganti katuwuhan lali maneh, iku amung anyegaha napsu hawa, sabab sajatine kang dadi laranganing ulah ngelmu kasampurnan iku amung napsu, adat kadunungan ati awas emut, manawa tansah awas emut, tamtu nemu kamulyan ing sangkan paran, iku aku anyumanggakake ing panggalih, sarehne aku durung bisa anglakoni dewe dadi amung atur pepuji bisane kalakon oleh kamulyan.

————————————————————————————————
Alang alang kumitir
Kapetik saking buku wirid hidayat jati.

12 Comments

  1. SANEPAN PALENGGAHANE URIP NENG DONYO

    “ TITIK WANCI “
    Titik wanci menungso ono ing palenggahaning urip
    Urip kang sak becik’e urip
    Urip gemawang nang paran….parane “ AKARYO JAGAT “
    Jagat sak isine kudu ngerti pawohing pakarti
    Pakarti budi luhur soko kersa ning Allah ta’allah sing duweni singgahsana abadi

    “ MENUNGSO “

    Mulo ugo menungso sing kasembadan…Ojo tho podho rumongso
    Rumongso kang kaninggaling kawulo
    Kawulo kuwi kudu ngerti sabdyoning alam
    Alam kang katatan , sak tenanne
    Sak tenanne menungso kuwi mung kawijangan rumongso
    Kabeh kuwi kudu ngerti sak tenanne marang Gusti kang akaryo jagat
    Kang duweni gede rumongso kuwi kawijangane Gusti Allah

    “ KANUGERAHAN “

    Kanugerahan urip kuwi kudu ditoto lan diwejang
    Ojo ditonton , tapi diroso…diroso opo piwulange urip sak benere
    Sing koyok ngono kuwi jenengen manunggaling kapribaden kawulo urip neng donyo
    Mulo…tho mulo ojo paninggung tapi kudu wilantah , wilujeng ing pandongan
    Sing sak bener-benere pandongan kuwi kudu marekso neng ati lan roso karo Gusti Allah

    “ DONYO “

    Kahanan urip neng donyo kuwi wejowantahing kawulo Gusti
    Kawulo Gusti kudu duweni doyo manunggaling roso sejatining roso urip
    Sejatining roso urip kuwi doyo kanugerahaning Gusti Allah kang akaryo jagat sak isine
    Kudu piye menungso neng donyo kuwi sing ngaluyur uripe…
    Menungso ning donyo kuwi kudu malenggahing roso ning urip
    Kudu ngerti sabenere urip kuwi soko kersane Allah ta’allah…

    Nuwon sewu nek enten lepatipun pangucap sing mboten enten pangelmu….mergo kulo ngerumangsani teseh ngaluyur urip

  2. 🙂

  3. Anonymous

    `

  4. Anonymous

    ? ? ?

  5. tojie

    sae sanget..guru sejati kui Gusti ALLAH milo monggo tangsah sembahyang lan memuji ke Agungan ipun..

  6. Punika ngelmu sangkan paraning dumadi. Titah asalipun saking Gusti Allah lan badhe wangsul dhumateng pangayunaning Gusti Allah ingkang kawasa murba lan masesa jagad.

  7. dana agus suiharto

    bp ganang meniko guru besar prana jati…….
    anonymous sinten geh…….?

  8. sae mawon mas engkang sampon panjenengan serat ing nginngel puniko taksih a ngauri uri kabudayan jawi engkang adiluhong wiwet kito manungsa engkang gesang wonten alam ndonyo kathah nggendong lali mugi gusti pareng pepadang dumateng sedaya nipon mekaten engkang kulo saget aturaken menawi katah lepat nyuwon sih agunging samudro pangeksami ong wilaheng memayu hayuning bawono suwon matursuwon

  9. Indri

    Salam kenal mas.. Saking tlatah Blitar. Rahayu… !!

  10. Anonymous

    MAs_KUMITIR

  11. Anonymous

    ALhamdulillah ,tasih wonten paninggalan bongoso djawi, nuwun sewu nderek tanglet….nopo jenengan ingkang asmi Bp.Ganang Trikora Waluyo

  12. mboten namung radi, ananging saestu awrat
    awrat sanget mikul jejering wong Jowo
    kados kulo meniko

    menapa malih, anak-anak kulo, lan
    para priyantun sangandhap kulo

    seratanipun mentes, nanging ingkang maos (kulo) kopong
    nyuwun gunging samodra pangaksami

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: