alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

BEKANING NGAURIP LAN TAPANING NGAURIP


 

Mungguh bekaning ngaurip iku wiyose dadi rong pangkat, kang sapangkat, diarani bekaning jiwa, kehe limang warna.

1. Angumbar napsu hawa,

2. Ambabar suka renaning karsa,

3. Anggelar ambek angkara murka,

4. Amedar watak dora paracidra,

5. Anuruti budi pitnahpanganiaya.

Kang sapangkat maneh diarani bekaning raga, kehe iya limang warna.

1. Ulah caroba,

2. Laku nista,

3. Tingkah degsura,

4. Sarwa kesed sungkanan,

5. Lumah nastapa puja brata.

Wiyose riwayating Hadis iku, manawa kalebetan beka kaya kang sebut ing duwur mau, sadat luwange asring andadekake ora widada ing uripe, mula menawa bisa suminggah saka sakehing beka iku tamtu andadekake prayoga lulus raharja ing uripe, luwih utama menawa bisa anglakoni kang dadi kawajibane tapaning ngaurip sarta zakate pisan, kaya ing ngisor iki pratelane.

1. Badan, tapane patrap anor anuraga, zakate taberi ulah pengaweyan becik.

2. Ati utawa Budi, tapane anarima, zakate sepen saka pangira ala.

3. Napsu, tapane rila, zakate sabar ing coba bilahi sarta angapura ing kaluputan.

4. Nyawa, tapane temen, zakate ora dahwen munasika.

5. Rahsa, tapane utama, zakate meneng analangsa.

6. Cahya, tapane suci, zakate ening.

7. Atma, tapane awas, zakate emut.

Kajaba saka iku ana maneh kang wenang ditapani utawa kazakatan, kaya ing ngisor iki pratelane.

1. Netra, tapane anyegah sare, zakate lumuh aningali ing kamelikan.

2. Karna, tapane anyegah napsu hawa, zakate lumuh amiyarsa para padu.

3. Grana, tapane anyegah ngunjuk, zakate lumuh angisep alaning liyan.

4. Lesan, tapane anyegah dahar, zakate lumuh angrasani liyan (wong).

5. Parji (Kelamin), tapane anyegah sahwat, zakate lumuh panggawe zina bebandrekan.

6. Asta, tapane anyegah colong calimut, zakate lumuh amaratangan.

7. Suku, tapane anyegah lumaku pangawe ala, zakate ataberi lelaku istirakatan.

Manawa kalakon mangkono tamtu kasebut janma utama, mula ana bebasan saka wasiyate Kanjeng Susuhunan ing Ngampekdenta, kang kadawuhake marang para putra wayah kaya ing ngisor iki.

1. Turuwa yen arep napsu : tegese, menawa rumangsa arep metu napsune kasamura turu.

2. Napsuwa yen arep perang : tegese, menawa arep perang karo mungsuh diwanek-wanekna wetuning napsu.

3. Peranga yen arep mangan : tegese, menawa karasa luwe banget arep mangan, kasayutana kaya mangsah prang sabil.

4. Mangana yen arep lukaku : tegese, menawa arep lelungan adoh, asarapana dahar ing sawatara.

5. Lumakuwa yen arep turu : tegese, menawa karasa arip arep sare, sinamura kanggo mlaku-mlaku.

Menawa dek isih jaman Budha ana bebasan mangkena.

1. Sabecikane turu becik amelek.

2. Sabecikane melek becik tangi.

3. Sabecikane tangi becik alungguh.

4. Sabecikane lungguh becik angadeg.

5. Sabecikane angadeg becik lumaku-lumaku.

Ora susah mawa kategesan, tamtu wis pada sumurup liding bebasan iki, sumangga enggone angrasakake.

Dene pakolehe tapa iki amung laku kang ora kawistara iya iku tansah prayitna ing uripe, kaya ta, obahing badan kudu angarah-arah, kedaling lesan kudu angirih-irih, empane mawa papan, ptrape kanti deduga prayoga, tumanduk panimbang sawatara, tumindak kalayan reringga, tegese angon wahyaning mangsa kala, kang pantes tiba ing sambawa kalayan sambada.

Manawa bisa anglakoni mangkono, tamtu lulus ing solah bawane, kayumanan ing sakarsane, sabab ana bebasan kaya ing ngisor iki.

PANUTUP MAWA SANDI ASMA

Rangkot-rungkiding badan, kalingan dening solah susila; Garap-gangsuling lesan, kalingan dening gelem angalah wicara; Warna ala, kalingan dening ati sareh; Sifat kuciwa, kalingan dening nitya sumeh; Taliti sudra, kalingan dening ber-budi bawa-leksana; Mungguh kang binasakake rongkot-rungkuding badan iku mawa carobo demen anganggo sandangan kusut, garap-gangsuling lesan iku manwa kasaluru ing ujar saru, warna ala iku kang ora sambada, sifat kuciwa iku kang darbe cacat, taliti sudra iku tedaking wong cilik, samona iku masa borong ing pangganggo, aku drema amedarake bae, sarehne durmh bisa anglakoni dewe, dadi amung atur pepuji marang kang kasdu amarsudi, muga-muga pada bisaa anglakoni saka oleh parmaning Pangeran kang asifat murah ing dunya asih ing achirat. Allahumma istajib du’a ana bil chirati, amin amin amin amin ya rabbal alami.

Nuwun
————————————————————————————————

Alang Alang Kumitir
Kapetik saking buku wirid hidayat jati.

3 Comments

  1. LUtfi

    PAngaputen sak dereng ipun kulo bade nyuwun copyan ipun bade kulo pelajari hananing urip

  2. ("_^)

    oiya… nyadhong dawuh.. sangking Para utomo… bilih kersoho paring pitedah tumprap kawulo bab :

    “tindak tanduk solah bowo, toto kromo tumpraping satrio maguru dumateng Begawan e”

    pripum carane?
    prinsip prinsipnya, yang harus sll dipegang, tata caranya.. dll

    suwun. kulo tenggo.

  3. ("_^)

    Atur kawilujengan kang kebak karahajan.. Kangmas Alang – alang…

    byuh.. kangmas… “Bekaning Ngaurip”.. .. “bekaning ngaurip”.. yo .. “Bekaning ngaurip” … sun nandang beka kang wus sawatara ora sedelo lho kangmas.. duh Gussti… Agunging Pangaksomo… yo kangmas.. mugia atur panyeratan kang arupo pepeling arupi toya wening puniko maujudo sagunging Rohmah, hidayah, kalawan inayah.. kang mbengkasono….. sagunging olo.. sajroning nolo (kulo).. kito sedoyo.. amin.

    Suwun Kangmas.. Keep Moving And Figthing.

    Ayu, Hayu, Rahayau, kang satuhu wilujeng. Nuwun

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: