alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

APA KANG BAKAL KALEKSANAN ING JAMAN KARAMATULLAH


Iki wangsite Kanjeng Susuhunan Kalijaga, amratelakake kang bakal kaleksanan ing sajroning jaman Karamatullah, kaya mangkene.

Ing atasing aral basariyah kabeh, yekti pada anandang jawaliyah, tegese pepalanganing manungsa iku pada kena owah gingsir, iya iku dadi pratandane apesing kawula, kayektenan ing dalem adam kukmi, katon saka pangrasa kaya ing ngisor iki :

1. Alam Rochiyah.

Kang dingin, awit katon alam Rochiyah, tegese alaming nyawa, apadang dudu padanging rahina, tanpa keblat wetan lor kulon kidul ing tengah ing ngisor ing duwur, ing kono aningali sagara tanpa tepi, iku wahananing ati kawimbuhan cahyaning utek, satengahing sagara katon ana duryat pancamaya warna kaya teja gumawangcahyane, iku wahananing jantung kawimbuhan cahyaning johar awal, iya iku manik, kang pancamaya anglimputi jatining ati, dadi pangrasaning sarira, empane dumunung ana ing cipta papane ana ing paningal pamiyarsa pangganda pangrasa pamirasa, diarani muka sifat, kawasane amung anuntun sakaliring sifat kabeh, ing nalika iku aja nganti kasamaran marang panengeraning rupa kang sajati, iya iku rupa kita pribadi.

2. Alam Siriyah.

Kang kaindo, sasirnaning alam Rochiyah, katon alam Siriyah, tegese alaming rahsa, padange angluwihi padanging alam Rochiyah, ing kono tekaning cahya patang warna ireng abang kuning putih, iku wahananing budi, ametokake kahananing napsu patang prakara, kang pada dadi durgamaning ati, katone tumurun siji-siji, kang wiwit katon dingin, cahya ireng, iku kahananing napsu Luwamah, hawane ing nalika urip amarakake dahaga arip luwe sapanunggalane, wahanane ing waduk, wahyane saka lesan, kadadiyane ing sajroning cahya ireng katon sakaliring sato kewan miwah gegremet, pada angragada kaya anganggep Pangeran, prabawane bumi ganjing, alaming napsu diarani alam Nasut, tegese lali, ing nalika iku panggonaning lali, poma dienget, sarta santosa, aja nganti korup ana sajroning cahya ireng, bokmanawa anitis marang sato kewan miwah gegremetan.

Ora antara suwe cahya ireng sirna, nuli katon cahya abang, iku kahananing napsu Amarah, hawane ing nalika urip amarakake angkara, panaten deduka sapanunggalane, wahanane ing amperu, wahyane saka karna, kadadiyane ing sajroning cahya abang katon sakaliring budi srani brekasakan, iya pada ngragada kaya anganggep Pangeran, prabawane geni murub gede angalad-alad, alaming napsu diarani alam Jabarut, tegese asreng, ing nalika iku panggonaning rekasa, poma disareh sarta santosa, aja nganti korup sajroning cahya abang, bokmanawa anitis marang brakasakan.

Ora anatara suwe cahya abang sirna, nuli katon cahya kuning, iku kahananing nafsu Sufiyah, wahanane ing nalika urip amarakake murka, pepinginan pakareman kabungahan sapanunggalane, wahanane ing lelimpa, wahyane saka netra, kadadiyane ing sajroning cahya kuning katon sakaliring manuk miwah bangsa iber-iberan, iya pada angragada kaya anganggep Pangeran, prabawane angin pancawara gede, alaming napsu diarani alam Lahut, tegese gingsir, ing nalika iku panggonaning renggang saliring anggaota, poma ditetep, sarta, santosa, aja nganti korup ana sajroning cahya kuning, bokmanawa anitis marang manuk miwah bangsa iber-iberan.

Ora suwe cahya kuning sirna, nuli katon cahya putih, iku kahananing napsu Mutmainah, hawane ing nalika urip amarakake lobaning kautaman sapanunggalane, kaya ta anglakoni puja tapa brata kang kalantur-lantur, ora mawa watara, kahanane ing balung, wahyane saka ing grana, kadadiyane ing sajroning cahya putih katon sakaliring iwak loh, miwah bangsaning beburon banyu, ana ing sagara rahmat, iya pada angragada kaya anganggep Pangeran, prabawane banyu wening tanpa sangkan, alaming napsu diarani alam Malakut, tegese karaton, ing nalika iku panggonane uninga ing karaton kang rinakit Maha Mulya, aja nganti korup ana sajroning cahya putih, bokmanawa anitis marang iwak loh miwah bangsaning beburon banyu.

3. Alam Nuriyah.

Kang kaping telu, sasirnaning alam Sariyah, katon alam Nuriyah, tegese alaming cahya, padange angluwihi padanging alam Sariyah, ing kono tekaning cahya amancawarna, ireng abang kuning putih, ijo gumelar bareng pada katon karaton sarwa raras kabeh, iku wahanane pancadriya, kawimbuhan cahyaning pramana, alaming pancadriya diarani alam Hidayat, tegese pituduh, dening anuduhake panggonane ing nalika gumelaring karaton, anaging dudu sejatine karaton kang rinakit Maha Mulya, iya iku karatoning panasaran, kaya ta, karaton kang katon ana sajroning cahya ireng, iku dzating sato kewan miwah gegeremetan, kang katon ana sajroning cahya abang, iku karaton dzating brekasakan, kang katon ana sajroning cahya kuning, iku karaton dzating manuk miwah bangsa iber-iberan, kang katon ana sajroning cahya putih, iku karaton dzating iwak loh miwah bangsaning beburon banyu, kang katong ana sajroning cahya ijo, iku karatong dzating tetuwuhan, ing nalika kapiyarsa swara kaya anuduhake karatong kang agung kang Amaha Mulya, poma dijinem sarta santosa, aja nganti anyipta milih salah sawiji, bokmanawa kalebu ing karaton panasaran.

4. Alam Nuriyah Luhur.

Kang kaping pat, isih ana sajroning alam Nuriyah, ing kono katon cahya wening, sajroning cahya ana murub sawiji angadeg sasada lanang gedene, darbe sorot wolung warna, ireng abang kuning putih ijo biru wungu dadu, gumelar pada katon swarga asri kabeh, iku wahanane warnaning pramana, kawimbuhan dening sukma, alaming pramana diarani alam Iskat, tegese birahi, dening panggonane rumasa brangta marang gumelaring swarga, ananging dudu sajatining swarga kang amaha suci, dudu panggonan kang nikmat manpangat rahmat, iya iku kahyanganing jin kabeh, amung panggonan kamukten bae,kaya ta :

a. Kang katon swarga sarwa ireng meles meleng-meleng mimba mustikaning bumi, iku kadadiyan saka kanistaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin ireng.

b. Kang katon swarga sarwa abang abra marakata mimba sesotya geniyara, iku kadadiyan saka dustaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin abang.

c. Kang katon swarga sarwa kuning sumunar mimba retna dumilah, iku kadadiyan saka doraning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin kuning.

d. Kang katon swarga sarwa putih maya-mayawenes mimba manikmaya, iku kadadiyan saka setyaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin putih.

e. Kang katon swarga sarwa ijo angenguwung mimba manik tejamaya, iku kadadiyan saka santosaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin ijo.

f. Kang katon swarga sarwa miru muyek mimba manik nilapakaja, iku kadadiyan saka sambawaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin biru.

g. Kang katon swarga sarwa dadu muncar mirah pusparaga, iku kadadiyan saka sambadaning cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin wungu.

h. Kang katon swarga sarwa dadu muncar mimba mirah dalima, iku kadadiyan saka owah gingsiring cipta, yen jumeneng ana ing kono, bokmanawa dadi ratuning jin dadu, ing nalika iku kambu gandane sakehing kahyangan mau amrik arum angambar kaya anarik rahsa, poma aja nganti karasakake, bokmanawa kalebu ing swarga panasaran.

5. Alam Uluhiyah.

Kaping lima, sasirnaning alam Nuriyah, katon alam Uluhiyah, iya iku alam Ilahiyah, tegese alaming Pangeran, padange angluwihi padanging alam Nuriyah, ing kono katon cahya mancur, sajroning cahya ana sifating rerupan kaya tawon gumana, jumeneng ing makam pana, iku warnaning sukma kang amimbuhi ing saliring warna kabeh, anglimputi saubenging jagad cilik jagad gede ing saisen-isene, ananging uripe saka pramananing rahsa, ing nalika iku tekaning malaekat awarna bapa kaki, sapanunggalane leluhur lanang, angaku utusaning Dzat Kang Amaha Suci, kinen angirid marang chalaratullah, poma disantosa aja nganti angimanake, sabab iku afngaling suksma kita pribadi.

6. Alam Uluhiyah Luhur.

Kang kaping nem, isih sajroning alam Uluhiyah, sangsaya wuwuh padange, ing kono katon cahya mancorong, sajroning cahya ana sifating rerupan kaya golek gading asawang peputran mutyara, dudu lanang dudu wadon, dudu wandu, jumeneng ing makam baka, iku pramananing rahsa, kang amurba amisesa ing alam kabeh, ananging uripe saka dzating atma, ing nalika iku tekaning widadari awarna biyung nini, sapanunggalane leluhur wadon, angaku utusaning Dzat Kang Amaha Suci, kinen angirid marang chalaratullah, poma disantosa aja nganti angimanake, sabab iku afngaling rahsa kita pribadi.

7. Alam Uluhiyah Luhur Dewe.

Kang kaping pitu, isih sajroning alam Uluhiyah, tanpa kira-kira padange, ing kono ora katon apa-apa, amung cahya gumilang tanpa wewayangan, iku Dzating atma, anunggal sajatining Dzat Kang Asifat Esa, ora jaman, ora arah, ora enggon, tanpa warna, tanpa rupa, kadim azali abadi, kang amurba amisesa, kang kawasa anitahake sakaliring alam, anglimputi ing alam kabeh, apranawa mengku saliring makam sampurna, urip dewe ora ana kang nguripi, dibasakake : chayun bila rochin, tegese urip tanpa nyawa, iya iku Tajalining Gusti Kang Amaha Suci Sajati, kang Agung Dzate, kang elok sifate, kang wisesa asmane, kang samprna afngale, dumunung ing urip kita pribadi, ing kono tanpa antara pamoring kawula gusti, iya iku urip kita mulih dadi Sajatining Dzat mutlak kang kadim azali abadi, dibasakake : chayun pitdareni, tegese urip ing kahanan loro, ana ing alam Sahir kita urip, ana ing alam Kabir iya urip, pada sanalika banjur enget ing wentehan saniskaraning purwa madya wasana kabeh. Aja uwas sumelang maneh, ing wekasan sumelang maneh, ing wekasan sumangga, anggon-anggon ana ing karsa, katarima ing sarira, aku mung drema angimpun sakaliring ngelmu saka wewejanganing guru sawiji-wiji, pangrasaning ati wis genep, kuranga kaya ora akeh, anjaba amung wejangane Kyai Ageng Liman, iku pakewuh enggonku matrapake, sabab unine kaya ngelmu Kabuddan, mangkene pamejange.

“Hyang-hyang jawata yoganing ngulun, kawidekna kapiya karep, gunung lawu sap pitu iku kabeh”. Saka pamikirku iya prayoga ing surasane, kaya amemuji aja nganti mati ing saenggon-enggon, bisaa mati kaulesan lawon lapis pitu, ananging pakewuhing patrap dening unine kang andadekake ora pakoleh.

Ing wusana aku matur ambodoni, ana kang durung pati terang ing sesurupanku, iya iku pambirating ganda ala bisaa angganda becik, menawa ing buri ana kang wis oleh katerangane ing sesurupan, anyumanggakake patrape pangganggone.

Dene pemutku Wirid iki ora kena kapariksa marang kang durung tunggal ngelmu, bokmanawa kawancenan mundak apa pakolehe, destun amung bebantahan bae, mulane banget-banget ing welingku, aja nganti para bantahan, muga kagaliha ing sayektine.

WUWUHAN
BAB PAMBIRATING GANDA ALA
BISAA ANGGANDA ARUM

Bab pambirating ganda ala, bisaa anganda becik, saiki aku wis oleh sesurupane, saka pamejange sawijining guruku, samengko ngelmu mau kagelarake ing kene, katambahake nunggal ana sajroning Wirid iki, manggon ing pungkasan.

Dene asale ngelmu mau, kacarita ing kuna saka wasiyate Kanjeng Susuhunan Kalijaga, kang kawasiyatake marang putra wayah kabeh.

Saka pituduhe Kyai Guru, mungguh kang katembungake Kanjeng Susuhunan Lepen, tumrap surasane ngelmu iki, sajatine iya Banyu Urip, iya ananing urip kita pribadi.

Wondene patraping pangonane, surasane ngelmu ikikaesti ing dalem cipta, ing nalika anyipta cancuding amatrapake psnjenenganing Dzat, utawa kawisikake marang wong kang wis ngangkat sakarat.

Para kang pada nganggo ngelmu iki, kang wis katatan (kalakon), jisime banjur bisa anggando arum, dadi kang pada ngupakara pada rahab kabeh, resep enggone ngrukti.

Iki Ngelmune Kang Kaesti :
²
Bismillahi-rrahmani-rrahim, Sabda angin, tansah murba wisesa, sah ganda kari rasa, badanku arum, selehku arum, rak-lap tan ana karsa, dong ginendong saking karsane Gusti Sunan Lepen, radia Allahu anhu alaihi salam². (R.Tanoyo)

————————————————————————————————————————————————–
Alang Alang Kimitir
Kapethik saking Buku Wirid Hidayat Jati.

15 Comments

  1. hamdi

    Mas Kumitir, mohon kiranya dapat diterjemahkan ke bahasa Indonesia agar supaya dapat bisa dimengerti dengan jelas. Terima kasih

  2. hamdi

    alangkah baikny kalo di tulis dengan bahasa indonesia…
    karena ini smua bentuk daripada pencerahan. terima kasih

  3. Mas kumitir: kenapa gak dijelasin dan dibabar pakai bahasa indonesia?

  4. chamdi

    mohon ma’af….. bagaimana kalo diterjemahkan ke bahasa Indonesia aja
    terima kasih.. bisa di kirim ke email saya ga.
    terima kasih mas Alang-alng Kumitir

  5. baroto

    matur nuhun mas kumitir …

  6. aris munandar

    mas, agar bisa manfaat utk seluruh umat boleh kiranya tulisan menggunakan bhs indonesia. trims

  7. deva pratama

    semua dari yang maha suci kembali ke yang maha suci lagi

  8. Salut dech buat mas kumitir. SIRRULLOH DZATULLOH SIFATULLOH WUJUDULLOH ASMA’ULLOH AF’ALULLOH tetep langgeng tan kenane owah. Salam alaikum salam.

  9. Djakalinglung

    Assalamu’alaikum Wr Wb,
    Mas Kumitir saya minta tolong agar bahasan tulisan ini di bahasa indonesiakan sayang sekali tulisan yg bagus ini jika terkendala oleh bahasa.
    Ma’af ya Mas Kumitir semoga ndak ngerepotin.

  10. koko

    kula nggih gadhah krenteg mekaten, kepanggih jenengan. Jenengan wonten pundi mas kumitir?

  11. semar

    pak Kumitir, saya ingin sekali bertemu Anda, peripun carane njih…… matursembah nuwun

  12. guruh Adiwijaya

    pak napa enten suluk sing namine suluk wikukukilo ” sing isine wonten sangkut paute kalih sunan kali jogo “

  13. Makasih mas Tri, silah dibaca ditulisan dengan judul : ANGETRAPAKE PARABOTING NGELMU KASAMPURNAN.

  14. tri yunianto nugroho

    mas alang2🙂 saya pernah baca di sebuah media cetak (jogja) mengenai wiridnya laksita jati, menurut tabloid itu, konon “mantra” ini dimilliki oleh (kalo ga salah) prabu joyoboyo ketika hendak moksa, dan memang untuk itulah mantra tersebut. tapi bagaimana bunyinya saya tidak begitu jelas, karena sepertinya hanya diambil tengah2nya saja. “…… bla bla bla…” seperti itulah, namun sekilahs bisa saya rangkumkan bahwa itu semacam merangkup jagad gede ke jagad alit, setelah itu menggulung jsad ke roh, roh ke nyawam nyawa ke rahsa dst. mungkin mas alang2 tahu bagaimana bunyinya. nuwun

Trackbacks

  1. KItab Negara Kertagama « ANGKERS

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: