alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

DERAH WAHANANING DZAT


 

Ing ngisor iki amratelakake urut-urutane Wahananing Dzat kabeh.

derah1

Dzat mutlak kang kadim azali abadi.

1.Chayu, tegese urip, kasebut atma.

2.Nur, tegese cahya, kasebut pranawa.

3.Sir, tegese rahsa, kasebut pramana.

4.Roh, tegese nyawa, kasebut sukma.

5.Napsu, tegese angkara.

6.Akal, tegese budi.

7.Jasad, tegese badan.

Dene Dzat iku tanpa tuduhan, amung dumunung ana rambahi ana sajroning urip kita, ananging akeh kang pada katambuhan, awit dening binasakake ora mawa jaman makam, tegese ora arah ora enggon, akanta tanpa warna tanpa rupa , asifat elok dudu lanang dudu wadon dudu wandu, dipralambangi : ”Kombang angajap ing tawang”, tegese : kombang angleng ana ing awang-awang, mula ing dalem martabat kasebut : la takyun, saka durung sanyata ing kahanan.

Dene Cahyu iku minangka tajalining Dzat, awit kasorotan saka purbaning Dzat sejati, dipralambangi : ”Kusuma anjarah ing tawang”, tegese : kembang tuwuh ana ing awang-awang, mula ing dalem martabat kasebut : takyun awal, dening wiwit sanyata ing kahanane.

Dene Nur iku minangka tajalining Chayu, iya iku dadi sesandaning urip, awit kasorotan saka wisesaning atma sajati, dipralambangi : ”Tunjung tanpa talaga”, tegese : kembang terate urip ora mawa banyu, mula ing dalem martabat kasebut : takyun sani, dening wis sanyata kahanane.

Dene Sir iku minangka tajalining Nur, awit kasorotan saka wisesaning pramana sajati, dipralambangi : ”Isining wuluh wungwang”, tegese : ora kawistara isen-isening wuluh wungwang iku,mula ing dalem martabat kasebut : akyan sabitah, dening sanyata tetep ing kahanane.

Dene Roh iku minangka tajalining Sir, awit kasorotan saka wisesaning pramana sajati, dipralambangi : ”Tapaking Kuntul anglayang”, tegese : ora mawa labet tapaking manuk kuntul anglayang iku, mula ing dalem martabat kasebut : akyan kajariyah, dening sanyata metu ing kahanane.

Dene Napsu iku minangka tajalining Roh, awit kasorotan saka wisesaning sukma sajati, dipralambangi : ”Geni murub ing teleng samudra”, tegese : kaelokan urubing geni ana sajroning banyu iku, mula ing dalem martabat kasebut : akyan mukawiyah, dening sanyata urip ing kahanane.

Dene Budi iku minangka tajalining Napsu, awit kasorotan saka wisesaning angkara sajati, dipralambangi : ”Kuda ngerap ing pandengan”, tegese : jaran anyander isih kinarung ana sajroning jajaran dadi upacara, surasane pada karo pralambang : lumpuh angideri jagad, mula ing dalem martabat kasebut : akyan maknawiyah, dening sanyata kawedar ing kahanane.

Dene Jasad iku minangka tajaline Wahananing sifat, dadi embane para mudah kang wis kasebut ing ngarep mau, awit kalimputan dening pakumpulaning sorot, pada sumarambah amaratani salir anggaotaning badan jasmani kabeh, mula manawa isih jamaning sifat, dipralambangi : ”Kodok kinemulan ing leng”, tegese : kodok iku ngibarating mudah kang ana sajroning jasad, eleng ing ngibarating jasad sajabaning mudah, iya iku kahaning Dzating Gusti isih kalimputan dening sifating kawula, dene manawajamaning Dzat ing delahan, dipralambangi : ”Kodok angemuli ing leng”, tegese : jasad genti dumunung ana ing jero, iya iku kahanane sifating kawula wis kalimputan dening Dzating Gusti, dadi pada tarik-tinarik, tetep-tinetepan, kaya ing ngisor iki dasare.

DERAH KAHANANING DZAT ING DUNYA LAN ING DELAHAN (ACHIRAT)

Kodok kinemulan ing Leng —— Kodok angemuli ing Leng

dwrah1

Kahanane ing Dunya —– Kahanane ing Achirat


DZATING GUSTI KANG NGUWASANI
ING ATASE TURU TANGI LAN PATINING JSAD KITA

Balik mungguh Dzating Gusti iku kaceke karo kawula dening adanbeni pangawasa, wenang ambabar prabawa sarta anarik wedaring gelar kukudan.

Kaya upamane manawa karkating jasad katarik ing pangrasaning budi, pangrasaning budi kairup ing hawaning napsu, hawaning napsu kasirep dening wisesaning suksma, rerem sajroning Bait al makmur, banjur amuntu ing wiwaraning pramana, anglerep saniskaraning pancadriya, mangka kaprabawa dening pangawasaning suksma anggelar pangrasa, wahanane dadi turu kahananing jasad kita, ing kono saka pangrasa katonton alaming ngimpi, kalaksanan saliring saloh bawa kabeh.

Manawa pangawasaning suksma wis ambabar pancadriya sarta ambabar wiwaraning pramana, banjur angredakake hawaning napsu, anuwuhake pangrasaning budi nganti sumarambah ing jasad kabeh, ing kono wahanane dadi tangi kahananing jasad kita, banjur weruh maneh marang saniskara kang katon ing alam dunya, mula dipralambangi : anenun senteg pisan anigasi tegese : lagi sadela ing paningaling alam ngimpi banjur bisa weruh kang katonton ing alam dunya maneh.

Kaya mangkono uga umpamane manawa karkating jasad katarik ing pangrasaning budi, pangrasaning bbudi kairup ing hawaning napsu, hawaning napsu kasirep dening wisesaning suksma, wisesaning suksma kakukud marang pangawasaning rahsa, banjur luluh manjing ing dalem pranawaning cahya, anunggal karo purbaning atma, mulih dadisajatining Dzat mutlak kang kadin azali abadi, ing kono wahanane diarani matri kahananing jasad kita, ananging satemene ora mati, amung ngalih panggonan bae, malah waluya uripe langgeng ana ing kahanan kang maha mulya, mula dipralambangi : tanggal pisan kapurnaman tegese : durung suwe tumitah ana ing alam dunya, banjur bisa bali maneh dadi manungsa kang sampurna sarta waskita ing saniskara.

————————————————————————————————-
Alang Alang Kumitir
Kapethik saking buku wirid hidayat jati.


31 Comments

  1. Mas kumitir salam kenal…..ag ingin belajar ilmu2 jawa, boleh minta alamat no.tlp nya, sebelumnya sy ucapkan terimakasih.

  2. b4d_b0ys

    mas, kulo saged nyuwun copy an buku “SALAT DAIM MULAT SALIRA” punopo mboten?
    suwun…

  3. Anonymous

    Rahayu.

  4. juni setiyadi

    mas kumithir, kalau aku minta WIRID HIDAYAT JATI yang masih lengkap bisa pa ga ya? gimana caranya? nuwun

  5. gandrung21

    salut kanggo kang kumitir….. mugo2 blog iki biso kanggo sarono musyawarah dulur2 kang kpengen blajar lan ngurip2i ajaran islam kang sak benere.
    milu takon kang, riko manggon nengdi?

  6. @cah Semarang, matur nuwun mas sampun kerso pinarak wonten gubug aak, menawi badhe ngersakaken kawula sumanggakaken. rahayu.

  7. CAH SEMARANG

    Dumateng mase : alang – alang kumitir,,, kulo bingung meh ngomong piye
    isone mung ngoko….pangapuntene nggeh.
    bade nderek nyuwun salah setunggil buku ingkang sampun pun tulis…

    angsal nggeh mas…….?

  8. Silorawikan

    Mas Jembrax, leres agama niku pek-pekane wong ngkono. penuh intrik ujung2e akal2an. WEWARAH JOWO niku dudu urusaning kadunyan, dudu urusaning kanuragan lan dudu urusaning kebatInan nanging pangudi lan pamarsudi dhateng KALUHURAN. bedaning pangertosan yen jare agama lair, tuo, loro terus mati. yen WEWARAH JOWO ORA MATI NANGING LUHUR. nanging jejering satrio kang wis JOWO ora nganggo woro2. mulo kahanane SATRIO KANG WUS JOWO, MUKSO tan kasumurupan ing kathah. Mas Jembrak nggih saged mukso lho,…..

  9. Silora

    Ngendiko nopo to pean? ngelmune monco pean gondheli dadi dhasar, ketemune nggih mung apalan. Babaran nginggil wau senajan dereng bontos nanging sampun nyedhaki lan leres tumuju dateng JATI. Niku dinomo KAWRUH, sanes ngelmu sing olehe soko babagan kelairan. Sepuntene nggih mas, pancen yo kebo!!!!!

  10. menwi makaten taksih luhur wong jowo/agami jowo tinimbang lintunipun,amergo piyantun jawi saged murco/ilang sak rogonipun.tingkatipun nggih luhur.tinimbang liyane to eyang

  11. jaka.susanta

    selamat belajar moga ngerti

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: