alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

WONG MANCA PRAJA SAYEKTI BAKAL ANGE-JAWA


JUDAH, MEKAH, MADINAH, JIARAH ING TANAH
ARAB, ING TEMBE WONG MANCA PRAJA SAYEKTI
BAKAL JIARAH ANGEJAWA

PRAMBANAN, BOROBUDUR, DIENG

Rukune kejayaan ana 7 yaiku tumindake para Wali lan Satriya, dene sarat-sarate sesuci banyu 8, wolung prakara, ing teku laku. Laku-lakune kaya dene prasemone lakune saka Wonosoba menyang Dieng : 1. aja nDandeng-ndandeng, 2. ayo pada ngudi Ilmu Kejiwaan, 3. kudu Semanget, 4. aja Ngalur-ngalur semaya, 5. Garung (garu) buangen alane, kasile bisa lega menjer-menjer (tlaga mejer-mejer), 6. yen Karejan jupuken sarine, 7. supaya bisa sejajar ing sepada-pada iku bisa Sakti tur Aeng. Iku aja “Kesusu Leren” dupeh wis dadi pangayoman Ringin agung, Lurunen supaya “kongsi lobang” kudu Oman (pari) kudu Kesit (sregep) kang teguh kukuh kaya dene Patak (sirah) Banteng, kudu di “Terusna”. Lukarana bungkus-bungkus ira (Bima Lukar iku lagi bisa Adi tur Aeng.

Taraf tegese mider-mider plesir mirsani candi-candi watu ireng     ana 7 cacahe kasebute ancer-ancer (manara) Medinah ya ana 7, Mekah 5.

Sangi tumekane Sofa lan Marwah tegese wong urip kudu lumaku marang wates, jepoting Roh, yen Dieng ing Pertapan gumenggeng padukuhane kaki Semar tegese kasengsem barang kang Samar ing tengen tlaga Pengilon, tegese yen sira nolih mengiwa “warna-warna kang digagas” mula iku Ngiloa, yen wruh rupane dewe, banjur rumangsa yen mung titah (kawula).

Mulane kudu tachalul tegese cukur, dene kang dicukur rambute iku mung kanggo prasemon, dene hakekate sak bener. Nglukari bungkus-bungkus bronjong-bronjong kapiyalan, kang kuwatir diarani ora sugih lan singgih, iki ajak adol pamrih (pamer).

Wukuf ana ing ara-ara Ngarfah, Wukuf tegese ngenebatake utawa ngeningake budi Hawa, Ngarfah iku artine weruh ninging sanubari Jawane eneng ening saeneng.

1.  Candi Darmakesuma, ngemu maksud raga sipat Darma, kratone ana ing Candi Kembang Gedang genepe nakula lan Sadewa, iku ana ing ati loro.

2.  Candi Arjuna, ngemu maksud raga duwe kekarepan kang nikmat kratone ana ing Candi Planangan mula garwane Sirkandi, Sembodro,  tegese Sir = karep, kandi wewadah, Sembodro, Sem = kasesem, Bodro = teguh. Kasebut ana ing Jana Loka (Baitul Mukadas) menara telu, kasebut omah pasucen, yaiku isi aer Jun = pringsilan 2, senjata konta siji, mula manungsa iku kudu ngerti marang asali, useli, nuli ana banyu Kastuli.

3.  Candi Semar, ngemu maksud manungsa duwe palungguhan bunder Samar ora lanang ora wadon, kratone ana ing Candi Peru iku tansah njaga keslametane badan “Candi Kresna” manungsa duwe jaksa agung, kratone ana ing Candi Sirah, Baitul Makmur (guruloka).

4.  Candi Werkudara, manungsa duwe kekarepan jujur kratone ana ing Maras Wahanane ngajak marang kateguhan.

5.  Candi gatutkaca, manungsa kudu duwe watak kang gawe pepadang kratone ana ing kaca wirango.

Pasemon kang diwujudi ing Dieng iku buktine lan nyatane, emper-empere, kayata Kawah Candradimuka ya panas tenan yaiku candraning Rai kita. Dadi hakekate samangsane kita bisa Jiarah Mekah Madinah (Borobudur, Dieng) iku aja mung dipriksa saklamba, iku ibarate kita meguru kang wus diwejang-wejangake, kabeh-kabeh iku didunung ana ing ilmu kabatinan saupama wong memangan aja mung kulite (buntele) kang dipangan.

Ing Dieng pralambange Sendang Banyu Janjam, dadi ngemu rasa sekabehing manungsa yen bisa kudu sarwa sarwi digawe lega, adem ayem tentrem, kaya den banyu Janjam, kang ana ing tengah-tengahing Tlaga warna lan Tlaga Pengilon, simbule garuda ya nulih manengen. Ngemu rasa supaya kita tumindak kang jujur. Mula yen pancen niyat kersa dadi Satriya, santriya, rahadi manungsa, kawula, mengawula Gusti, sarate kudu bisa bagus ati, yaiku ngirib-irib mbalang utawa mbengkas napsu 3 (telu), yaiku : 1. Laumah kang ajak mangan ora narima, 2. Amarah kan tansah dipuji-puji, diajeni di aji-aji, 3. Supiyah kang tansah kepingin unggul nggugu diri, senajan ing batine tatu arang kaya kranjang, sugih utang, nanging aksine kudu garang njenggarang, ing Dieng dipralambangi :

1.  Guwa Upas, iku pralambage cangkem (lesan) manungsa, iku uga mbebayani, bisa metu upase (wisane) utawa bisa ngentek-entekake kapercayan.

2.  Kawah Sekidang, panase nguntar-untar iku pralambange panase kuping tumeka ing jerobe nguntar-untar, yen dituruti panas aten (kemeren, kabegjaning liyan).

3.  Kawah Candradimuka, tegese candraning Rai utawa rupane manungsa, ora lanang ora wadon, rumangsane emoh kalah ayu utawa bagus, mula ditambah iki – ditambak iku, ora ketang kaya kongsi kaya dibanda-banda, bot-bote karepe dipuji-puji bagus utawa ayu, pancen abot sesanggane, yen ora kadurusan, ing batin kadiya Kawah Candramuka kinebur, sumube munggah ing Rai, dadi comong (geseng).

Gunung Prahu, tegese ragane manungsa iku kaya dene prahu, iku kari sakersane sipemegang kemudi apa arep diiseni barang ala apa becik, iku yen kersa isenana kabecikan, dene kang kapialan kurebna.

Gunung Kendil, tegese gunung pertapan, sapa wonge kang bisa ngilangi sega, tegese pasa, ngeposake rasa, tapa nata papa cintraka, iku kasiyate bisa keturunan Kitab Suci dadine pitutur becik 5 ayat, kang dipecah-pecah dadi pyrang-prang ayat. Mula Gunung Kendil iku ceritane ana Kitab Sucine saka tilarane Kanjeng Nabi Sulaeman, tegese nganggoa solah tingkah kang iman. Nabi tegese pinunjul iku mesti pinujii, senadiyan tumeka ing janji, tapak lan tilase diaji-aji, iku kudu ditiru, marga ing sajroning manungsa jumeneng  Kitab Tu-Lesan  Suci, nanging isih katutupan Kendil marga durung solah Iman.

Tlaga Suwiwi, tegese yen kita iki wis jembar pengalamane lan uga bisa nglakoni pituturing guru kang Suci, iku sayekti bakal jembar tebane, bakal diasihi ing Gustine bakal akeh pasadulurane. Dene prasemone manuk burak, tegese burak yaiku tatit, yen Tanah Jawa Kanjeng Sultan Agung lan Kaki Cinde Omah, kang menyang Mekah amung 15 menit wis tekan, kesit kaya tatit, rikat kaya kilat, liya-liyane uga akeh.

Mula jaman kuna tanah Jawa ora bisa dijajah. Bisane marga Ratu diadu Ratu, yen saiki bangsa diadu karo bangsa, tetangga dadi pecah belah, iku aja diarah. Mulane iku aja sok ngala-ala wong kuna budha balik kita iki turunan wong apa ? Kita iki dudu bangsa Londa anggepe ke-Mlonda Londa persis kaya Londa, ya isih disebut Inlander Jaman Jepang ke-Jepang-Jepangen, ya isih Jawa sentut tai dikuconi resik dadi kumak-kumik. Apa maneh dadi Arab yen pengarang saya angel, ngarani Wahid jare Ngahad, ngarani Isnein jare Senen sapiturute akeh salahe. Mula ana tembang Cik dudu Londa dudu Jawa kebatinane dudu. Ooo, Bongbai jangko-jangko gela-gelo emoh diarani bodo.

Telaga Bale Kambang, tegese manungsa duwe kekarepan tansah kemambang kemelem kaya karet mulur mengkeret.

Sumur Jalatunda, tegese manungsa yen arep keparingan kanugrahan, tansah ditunda (dianti) nganggo dicoba, dijajal, digoda bisa kuwat apa ora, yen ora kuwat wahyune sida merat mlesat, malah nyangking werna-werna gerabah binanting pecah.

Kawah Sileri, tegese sakabehe manungsa iku duwe kotoran kapialan, kejahatan, kuwatir, was-was iku kudu dibuang. Gasiran Asu-Wotama, sakabehe manungsa tansah kemalingan kalebon rasa ala, kasebut panggodaning setan, iblis, laknat, tegese ajak gonjang-ganjing, kocar-kacir kawusanane.

Kacarita R. Asuwatama ngemban dawuhe kang Rama Pandita Durna, supaya mateni R. Parikesit, marga supaya aja lestari dadi Ratu adil ing nuswa Jawa, ing tembe R. Asuwatama jumeneng Ratu nanging jabang bayi R. Parikesit kinasih ing Dewa, ngerti ana Duratmaka (maling) nangis makantar-kantar gejol-gejol mancal pusaka kang gimletak ana ing sikil kepancal kontal malesat, ngenani Duratmaka Asuwatama kecandak dadane pecah, wasana R. Asuwatama ora sida dadi Ratu ing Tanah Jawa.

Pasemon Asuwatama iku uga saemper ing tanah air kita lagi bae lahir Merdika uga kalebon Duratmaka kang anggangsir tansah malih pasang aji sirep nanging jabang bayi R. Mardika ginugah ing Hyang Widi sakehing Duratmaka (maling) malihan Sirna ngemasi. “Telaga Merdika” tegese tanah air kita iki tansah arep diperkosa (bregada) arep dirobah dening Ratu Sabrang, semono sira ya arep diperkosa dening angkara murka, supaya tumindak jahat, kejem, musrik, murtat, mungkar, iku aja dituruti, marga cadangane ing jurang kasangsaran.

SA’KABEHING WUJUD IKU
AJA MUNG DIWACA SA’LAMBA

Mekah tegese panggonan. Sakabehing titah kepengin panggonan Edi tur Aeng. Musarofah tegese kawruh. Edi aeng yen di-embat-embat dadi kawruh pitutur. Tawaf tegese mider-mider. Nutur-nutur mideringrat tuturen kautamane. Masjid tegese temen. Sapa kang temen bakal tinemu. Wukuf tegese anteng. Bisane anteng iku eneng lan sa’eneng. Chajaros tegese Watu ireng. Kayu lan watu aja dianggep Allah.

Mesjidil Kharom tegese temen-temen. Kharom tegese larangan mula wong semedi iku kesengsem barang kang Adi utawa niyat nindakake kebagusan, iku tansah warna-warna reridune, Iblis Laknat, tansah ajak kocar-kacir gonjang-ganjing.

Kacarita :

Yen ing Dieng kasebut Sikrumpyang tetesing banyu  Wi, Adi winadahan bokor Kencana, mancur dadi 4 (papat) :

1. Kang mancur Ngidul-ngulon, dadi Sirayu (Sirah Hayu).

2. Kang mancur Ngalor dadi kali Calawada.

3. Kang mancur Ngetan dadi kali Wana Raja.

4. Kang mancur Mangulon dadi kali Badra.

Ing Sikrimpuyang, yekti dadi larangan, sapa-sapa kang wani-wani nyedak sendyana temen-temen dikaya temen, sayekti ilang ora bisa bali.

Iku beda karo Masjidil Kharom ing Arab. Yen ing Dieng diwujudi tuk mili papat kalimo karo kang asli.

Mula ngger putuku kang sun-eman-eman yen lali den eling-eling, yen sira uga kepanggonan kadang 4 kalima awakira, iku kudu dirukti dieman, disambat sebut, yen Arabe Sachabat kalima, yen Padalangan kalima Sabda, iku sayektine slamet.

Penget : Pamacane dibolan-baleni, yen pancen becik kudu diudi, para kanca warahana nulis Jawa, Arab, Latin kanggo nyateti We Yoga Dhi, ing tembe kanca-kanca dadi kanca kang Adi Aeng.

Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi).
————————————
Alang Alang Kumitir

5 Comments

  1. cok.ondolanm nggau au

  2. iwan setiawan

    maturnuwun,sekarang bisa kebuka pikiran ini,tidak seperti katak dalam tempurung…..

  3. maturnuwun, mugi-mugi wonten manfaate blogipun

  4. mardi

    Terima kasih banyak mas kumitir,dari buku2 yang ada di blog ini,semoga saya bisa mengamalkan dalam kehidupan

  5. tole prasojo

    mas kumitir….dalem ngaturaken sanget nuwun. pranyoto pitutur-pitutur agung dalem panggihaken namung wonten bloger menika….mugi gusti ngijabahi budaya jawi lestari ing salami….nuwun…

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: