alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT ANG DOK


Serat Ang Dok,
Kasekaraken pupuh nganthi gading

Kawula ngrumpaka kidung sinambi tembang kinanthi.

Wonten koran saking cina, carita lare linuwih, prawira sik wecana, titise jalma luwih, Raden Ang Dok kang jejuluk, nyata lare pilih tanding.

Wayah pangon dereng mentas, nuju kathah lare alit, kumpul geguyon neng ratan, Ang Dok kumpul sami alit. Lare guyon ting gadebug, mung Ang Dok nora nglanggati.

Nadyan kumpul ting gedandap, mung Ang Dok anteng kepati, klumpuk-klumpuk gentheng pecah, rineka beteng neng margi.

Ganti wau kang winuwus, wonten jalmi nitih bendhi, Gong Hu Cu jejulukira, Gong boh namane pribadi, wonten Lo kok adek langgar, netepi muja semedi.

Kinasiyan mring yang agung, Gong Hu Cu besus ngliwati, pakaryane mulang jalma, kathah putra-putra ngaji. Nadyan bangsa alit rucah, yen sumungkem genya ngaji.

Yen madhep genya meguru, datan beda anggep neki. Anenggih wau kocapa, Gong Hu Cu arsa cangkrami, nganthi sekabat lumampah, mung sang wiku nitih bendhi.

Lintang radinan Gong Hu Cu, lare angon jejel maregi, samya guyon kebo rikel. Wonten guyon jumprit, amung Ang Dok anteng panggah, ngreka-ngreka beteng alit.

Kandhek bendhine Gong Hu Cu, dulu lare obak jumprit, Gong Hu Cu aris ngandika, heh, bocah anteng kepati, kancamu padha merusal, sira anteng pijer linggih.

Kreweng sira tumpuk-tumpuk, teka aneh nora nglenyit.

Ang Dok sumaur wecana, wong guyon angsal punapa? Busananing suweka, sinten ingkang ngrumat malih?

Ngisinaken rama ibu, ngisinaken sanak batih, suka-suka nemu duka. Wong guyon rebutan julik, datan wande yen tukaran, mundhak sayah angsal napi.

Angur minggu mundhak lemu, melu guyon tanpa kardi. Gong Hu Cu sareng miyarsa, ngandikane semu runtuk, gunemmu crewet kewala, nora kena den selani.

Yingkira bendhiku mlaku, pijer crewet anyeriwis. Ang Dok mengsem sarwi mujar, panembahan ingkang sisip. Nadyan mangke nadyan kina, napa wonten beteng nyingkir.

Nadyan kula lare timur, kula tumon bendhi nyingkir, dereng tumon beteng nyimpang, punika pamanggih mami. Paduka deksura menang, akeng nyingkir beteng mami.

Gong Hu Cu miyarsa catur, sigra mudhun saking bendhi, ngandika ing parimona, nora talah bocah iki, gedhemu amung sakmrica, dene bisa langguk lirih.

Gong Hu Cu nglingira arum, heh, kacung, ingsun takoni, bisamu pasang jurjana, teka banjur langguk lirih? Umurmu durung sepira, dene mejanani mami.

Ang Dok sumaur gumuyu, pundi wonten mejanani? Jalma lair tigang dina, mubeng-mubeng wona adri. Mina lair tigang dina, ngideri kedhung benawi.

Tibahe bethara gung, kareja tan wus pinesthi. Gong Hu Cu sareng miyarsa, ngandikane pait gendhis, nora talah sira, bocah, pintermu kepati-pati.

Nyata sira bisa catur. Sapa, kacung, araneki? Lawan ngendi wismanira? Apa wis duwe sesilih? Ang Dok nauri wecana, amung Ang Dok aran mami.

Pan dereng silih jejuluk, dhusun dhukuh wisma mami, Gong Hu Cu aris ngandika, adhuh, nyata bocah lantip. Ingsun arsa nganthi sira cangkrama ngelaya bumi.

Raden Ang Dok aris matur, kula gadhah rama bibi, mesthi lumados ing ngarsa, kados pundi tumut reki? Wisma kula gadhah raka, pesthi tumut kakang mami.

Wisma wonten dulur timur, pesthi mulang adhik mami. Wisma wonten guru wiknya, injing sonten kula ngaji, napa kober yen cangkrama?

Gong Hu Cu ngandika aris, cobi, sira, bocah besus, payo macanan lan mami. Ang Dok matur sarwi mojar, yen ngrengkel dolanan cuki, niku dede wong utama.

Yen prabu kasengsen cuki, siniwaka tan keplaur, ngapiri karya negari. Yen bopati kerep dolan, ngapiri pranata adil. Wadya santri karem dolanan, supe ngaji kitap lali.

Bongsa alit keplék dhadhu, butuh wisma pesthi lali. Céthi emban karem dolan, datan wande tampi gitik. Bongsa tani karem dolan, pesthi lali mluku dhangir.

Milané kula tan purun, yen kinen dolanan cuki. Gong Hu Cu méngsem ngandika, nyata lantip bocah iki. Kacung, payo mider ing rat, ing rat jagat ing abumi.

Raden Angdok sigra matur, ing rat jagat kadi pundi? Jagat tan kena rinata. Wonten labak wonten wukir, wonten semodra begawan, wonten céthi myang bopati.

Yen angrata punang gunung, sarta peksi manggon pundi ? yen ngerata nginggil toya, yen nun pesa pra bopatya, wadya alit rebut bumi.

Gong Hu Cu ngandika arum, iya menang ujar reki. Sira wruh isine ngalam ? tanpa kukus geni napi ? banyu apa tanpa mina ? gunung apa tanpa krikil?

Kebo apa tanpa sungu ? wadon apa tanpa laki ? uwong apa tanpa wisma ? lanang apa tanpa rabi ? wite kayu tanpa epang, inggih niku kayu napi?

Apa kang aran priyagung ? apa kang aran wadyalit ? nora cukup kadya paran, bisa luwih kaya napi ? béténg apa tanpa pasar ? wong apa tan silih nami.

Kuda tanpa tracak suku, badhenen kabeh puniki. Raden Ang Dok méngsem mojar, inggih kula kang jarwani. Tanpa kukus geni konang. Tanpa mina sumur belik.

Gunung lempung tanpa watu. Yen wonten wit kayu garing, wus kari progok brundhulan, napa wonten pange nenggih ? Inggih malih wite klapa, napa wonten epang néki?

Kebo dhungkul tanpa sungu. Yen pawestri tanpa laki, wodon rondha tanpa priya. Kakung dudha tanpa rabi. Kuda kayu tanpa tlacak. Wong binto dadi wadyalit.

Wong pinter dadi wadyagung. Yen redhi paceklik pari, nora cukup yen pinangan. Yen panen luwih binukti. Yen béténg sakjroning pura, napa wonten pasar néki.

Wadya rucah tan dumunung, napa gadhah silih nami ? Gong Hu Cu sareng miyarsa, neges-neges tanya malih, iya menang ujarira. Rat jagat sira udani.

Bumi langit lungguhipun, rina wengi dunung néki, endi jero ngendi jaba ? endi kanan endi kéri ? ngendi bapa ngendi biyung ? ngendi laki ngendi rabi?

Batangen ingkang dumunung, nyata bocah pilih tanding. Sangkane ingkang maruta, saking pundi wite néki  lan malih sangkane udan, mega mendhung saking pundi?

Apa maneh ana pedhut, ngendi wijile kang yekti ? Ing rat jagat pramuditya, pirang epal adok néki ? jarwakna ingkang truwela, yen nyata bocah linuwih.

Raden Ang Dok lon sumaur, iya wolung puluh siji, lungguhe ing rat buwona. Wit rina wekasan wengi. Pitung puluh loro gangsal, dununge raina wengi.

Yen jaba prakara padu. Anggitan sakjroning ati. Kulon tengen wetan kiwa. Rama langit Ibu bumi. Yen laki pengawak surya, yen rabi pengawak sasi.

Sangkane maruta lesus, sangking dhongka atas angin. Sangkane udan yen prapta, sangka ing jabal katsuji. Sangkane mega ketingal, sangking wukir wijil néki.

Dene sangkane kang pedhut, kumutuk sangking jro bumi. Doh parake ing rat jagat, sewu-sewu leksa kethi, punika cacahe epal. Cubi panduka ngijir.

Wetan kulon elor kidul, wonten watesipun bumi. Cengkalipun ing rat jagat, ing ijir wonten punika. Gong Hu Cu sareng miyarsa, kasmaran sajroning ati.

Gong Hu Cu micoreng kalbu, dhasar wasisi bocah prawira. Yen ingsun nora madhani. Nulya malih alon mujar, iya, raden, sun takoni.

Ingkang manungsa punika, ruket endi rama bibi ? lawan sikep garwanira, iku, raden , ruket endi ? Ang Dok sumaur wecana, inggih ruket rama bibi.

Lawan sikep garwanira, sikep garwanira, iku raden, ruket endi ? Ang Dok sumaur wecana, inggih ruket rama bibi. Gong Hu Cu nauri mojar, iku geseh ujar réki.

Garwa tunggal dhadar nendra, yen mati awor sakcandhi. Rama Ibu datan kumpul. Yen garwa awor sakpati. Priye ruket ibu-rama ? pesthi ruket laki-rabi.

Ang Dok nauri wecana, manungsa kwpaten rabi, Rabi malih inggih antuk, wuwuh batih anyar malih. Sak upami rodha cikar, lamun bejat yasa malih, malah dadi rodha anyar.

Punika ewet punapi, yen kaijir ruketipun, kang madhani rama bibi, satriya jodho wanudya, yen putra jodhone putri, kaijir ruket punapa ? pandu mane ing Yang Widi?

Yen yasa dalem winangun, dados blandar saka mesthi, mangsa dadak kurang blandar ? nadyan jendhelane mrapit, napa ngungkuli gapura, margi manjing margi mijil?

Gong Hu Cu ngandika arum, angesah ngendika ririh, nora talah, bocah, sira, wong tuwa nora ngungkuli. Nyata bocah besus wiknya. Lantipe ngungkuli jalmi.

Raden Ang Dok sigra matur, panembahan tanya mami, kula inggih tumut jarwa, sakwiji-wiji dumeling. Mangke kula nuwun wulang, panembahan mugi paring.

Bébék banyak waget timbul, punika sawap punapi ? cangak sandhang lawe munya, ungele banter ngliwati, punika sawap punapa?

Yen kayu kayu weringin, dene langgeng ijo muput, tiga rendheng apan sami, punika sawap punapa ? nuwun panduka jarwani. Gong Hu Cu sigra ngandika, bébék ngambang warih.

Mulane ya bisa timbul, cakare omba melahi, cangak sandhang lawe munya, gulune dawa ngluwihi, mulane banter yen munya. Sira tanya wite ringin.

Langgeng genya ijo subur, ketiga rendheng pan sami, wit buntet gedhe ngepal, mulane tan owah gingsir, ijone rendheng ketiga, iku, raden sawap néki.

Raden Ang Dok gya sumaur, niku geseh ujar néki. Mina uling ngambah toya, napa ngangge welah sikil ? kodhok kongkang munya ngangkang, bantere inggih ngliwati,

Napa inggih nyambung gulu ? wonten malih epring ori, ijone rendheng ketiga, napa buntet wite epring ? punika geseh paduka, kula nuwun wulang malih.

Ing langit lintang supenuh, wonten pinten cacah néki ? Gong Hu Cu nauri mojar, aja sira nyatur langit, mung nyatur langit, mung nyatur ngisor-ngisoran.

Ang Dok sigra takon malih, Panembahan, kula matur, bumi rat jagat puniki, wonten griya pinten somah ? Gong Hu Cu aris nauri, aja nyatur rat buwana, aja nyatur bumi langit, mung nyatur sira lan ingsun.

Anggere parek pribadi, iku patut dipunjarwa. Ang Dok lajeng mojar malih, yen jarwa badan piyambak, alis panduka puniki,

Sepinten kathahing wulu ? cobi paduka jarwani. Gong Hu Cu sareng miyarsa, gumuyu datan nauri, ngendika mring sabatira, heh, kabeh sekabat mami,

Nadyan iki lare timur, aja wani mejanani. Nadyan ingsun kaungkulan, mangke patut denajeni, tan mirsa besuk dadinya, maknane ingsun kejothi.

Anenggih wau Gong Hu Cu, nitih bendhi mundur aglis, tanpa pamit kesahira. Lare angon anyuraki, ana guyu latah-latah, ana ingkang banting topi.

Nuju lare kang merusul, sangking bungahe kang ati, mirsa panembahan kalah, bantah marang kancaneki, panembahan banjur lunga, nunggang bendhi tanpa pamit.

Rerasan sedina nutuk, sapi kebo wayah giring. Sedaya wus sami bubar, lare angon padha giring, ana ngulon ana ngetan. Wus cuthel carita néki.

Tobil, getun aku, getun, cacate kok banjur mari. Layang iki yen tutuka, kena dentiru sethithik, sebab kena denrungokna, dene caritane becik.

Cobak iki bisa nutuk, pesthi akeh wong kang melik. Owel temen atining wang, durung genah banjur mari. Tobil, tobil, dadak lebar, getunku lir brangta kinkin.

Alang alang kumitir.

4 Comments

  1. Srikandi

    Halo… bisa diterjemahin ga Mas/Mba artinya apa?
    Makasih ya..
    Salam

  2. Ikhwanuddin

    Mohon maaf mas, artikelnya sekalian bahasa indonesia donk… Biar aku jg ngerti. Thx

  3. Hello there.. Nice blog🙂 salam kenal ya, lagi blogie walking neh sambil woro-woro Ada Lumpia 1000 Di Lawang Sewu

  4. Bagus Samiaji

    samar-samar saya menangkap isi artikel ini, jalmo tan keno kiniro. Sungguh sebuah pelajaran hidup yang sangat pantas untuk disebar luaskan,,,,,,,

    tansah anyranti lumebering galih priantun sidiq, matur sembah nuwun tiang Agung Kumitir,,,,,

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: