alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT MUDHA KARANA


Pupuh I
Dhangdhnggula

  1. Raras ingkang sarkara mintasih, mring sanggyaning kang samya punikas, lawan ingkang nyarsakake, menggah suraosipun, Serat Mudha Karana di, den agung aksamanta, nulus sabek sadu, yen wonten cingkranging wanda, myang kithaling tetembungan sawatawis, lan kalintuning sastra.

  2. Paringa pangapura yekti, angrerakit basa gitadi, dahat dera tan ngrasa, lamun maksih kuthung, walaka niring weweka, sepen kawruh cubluk tuna ing pambudi, cupet mring panggraita.

  3. Mboten sande kathah kang ngesemi, awit saking luputing panindak, datan pakoleh tanduke, tyas berung kadalarung, kebut kliwat nora nyukupi, sasar kurangan nalar, lalabete tan antuk, ing wuwulang prasarjana, kang wus putus mumpuni saliring kawrin, marma sanget kuciwa.

  4. Pamenipun kula anyingkiri, nyelaki kanisthaning budaya, sangsaya ginuweng akeh, nging puntoning tyas ulun, meksa adreng kumedah nganggit, mung kinarya panggrenda, mrih mempaning kalbu, linantih saking lon-lonan, pamintamba antuka berkah pamuji, sabdaning prasiyaksa.

  5. Lawan malih kula suwun ugi, jinampuwa dening Hyang Wisesa, paringa kanugrahaNe, amrih sageda lulus, anggen kula mawanung tulis, samben selaning karya, mung katimbang nganggur, neng wisma mengku sungkawa, labet saking kacombrengan samukawis, tanana kang tinengga.

  6. Mangka purwaning wasita gati, kang supaya dadya pralampita, sagung pra mardi budine, kang sengsem ngisep kawruh, keparenga nulati mirit, tindaking kang mrih arja, myang watek kang bagus, supyantuk kanugrahan, dingapura sakehing dosa nireki, ingkang wus linakonan.

  7. Kawuwusa kang winarneng tulis, nenggih wonten sajuga pandhita, putus sampurna kawruhe, titis prastawa teguh, wicaksana limpat ing budi, agal rempit tan wawasa, gentur tapanipun, ginajar panjang yuswanya, ajejuluk Sang Pandhita Yatnajati, asramen pucak arda.

  8. Winastan Wahmaya kang dhiri, ardi luhur tanana tumimbang, menggah ageng myang inggile, lan ngokang samodra gung, kanan kering pepereng curi, gawat kaliwat-liwat, arang ingkang wantun, angancik pucaking arda, sajejege tanana liya kang wani, saking sru gawatira.

  9. tarlen amung ri sang maha yogi, lan pra cantrik manguyu jajangga, gangsal cacahipun, juga Wasta pun wiwita, kang kakalih aran pun Rahsaya cantrik, katiga pun Citaya.

  10. Kapatiya Budaya wawangi, kang kalima Karsaya parapnya, limeku kinasih kabeh, wau ta kang cinatur, amarengi sajuga ari, wanci hyang bagaskara, wus meh tunggang gunung, yeku bakda salat Ngasar, duksamana Sang Pandhita Yatnajati, karsa lenggah ing langgar.

  11. Den adhepi cantriknya kakalih, pun jiwita kalawan Rahsaya, caket tumungkul lungguhe, Sang Wiku manah darum, marang cantrik ingkang ngadhepi, “Heh cantrik sireku, apata padha wus lama, sakarone anggonmu pada ngadhepi, aneng ngarsa manira”.

  12. Pun Jiwita andheku sumaji, mring Sang Djiwa makaten aturnya, “Dhuh Sang Widra saestune, wau saderengipun, sang pandhita pinarak munggwing, madyaning pacrabakan, pun cantrik wus ngantu, maera rawuh andika, anyenyambi anata mangrasikani, bale kang kagem lenggah”.

  13. Sang Awiku angandika malih, mring Rahsaya mangkana sabdanya, “Lah cantrik paran wartane, nggonmu padha nenandhur, palawija apa lestari, myang tanduranmu gag, apa bisa metu”. Rahsaya matur ngrerepa, “Estunipun angsal pangestu Sang Yogi, sagung taneman kula.

  14. Subur genjah tan wonten kang gering, kang makaten tarlen sing berkahnya, pamuji ndika yektine, lan pangestune Sang Wiku, kang sumebar nyamati wiji, temah saged widada, thukulnya ngrembuyung, lulusa datanpa sangsaya, kang minangka dados rarabuking siti, tegal-tegal sadaya.

  15. Nggih punika wawatek Sang Yogi, dennya tansah ambek paramarta, mamayu amrih ayune, sadina-sadina manggung, lumuh sungkan yen nacad, ala becik sanityasa ing ngalemi, met susukaning liliyan.

  16. Dene ingkang siraming, tataneman ing tegal sedaya, punika saking dayane, sih kadarmaning Sang Wiku, dera manggung dadana mintir, mring janma kang kasrakat, ri ratri lumintu, salami datanpa kembat, anenuju sakarep-kareping janma, tan arsa karya cuwa.

  17. Sang Pandhita manambung sabdanis, mring Jiwita tanapi Rahsaya, makaten pangandikane, “ya bangetira meng sun, nggonmu njunjung kluhuran kami, sapata kang kuwawa, junjung prawirengsun, kajabane amung sira, ing samengko seje kang dakwuwus genti, kadangmu kang titiga.

  18. Ana ngendi tan angadhepi”, pun Jiwita umatur prasaja, mangkana cantrik umature, “nuwun ndika ndangu pun cantrik, kadang kula tetiga, neng tegalan macul, samya andamel gadhangan, badhenipun kataneman kacang ruji, kenthang miwah katela”.

  19. Sang Awiku angandika malih, mring dwi cantrik sabdanya mangkana, “sira sun duta ge-age, nulatana kadangmu, si Citaya Budaya, katelune Karsaya, mengke yen wus pangguh, tutura lamun sun duta, bocah telu mangko wanci madya ratri, padha kinen sumewa”.

  20. Matur nuwun sandika cantrik dwi, gya lumengser sira ngarsa Sang Dwija, sumedya nuruh kadange, njujug mring tegilipun, katon maksih sami ndhangiri, taneman palawija, samana dupi wus, perak nulya awawarta, ring kadang tri makaten denira angling, “dhuh kadang tri sadaya.

  21. Den pirengna wuwusku kariyin, ywa katungkul dhangiri tanduran”. Wau tau cantrik katrine, dupi miyarsa wuwus, sigra noleh bareng tumoleh, sareng samya tumingal, yen kadangnya sepuh, kakalih angulatana, pun Citaya, Budaya, Karsaya sami, merak nungsung pawarta.

  22. Pan makaten Citaya derangling, “ lah ta kakang paran wigatinya, de sira nusul marene”, Jiwita nambung wuwus, “aywa dadi kageting ati, nggonku katemu sira, ana parlunipun, manira ngemban dhawuhnya, Sang Pandhita tekaku kinen animbali, bocah telu prasamya.

  23. Mengko yen wus wanci tengah wengi, jeneng sira padha didhawuhana, mrih ngadhepa neng ngarsane, mungguh ing parlunipun, aku tan wruh kurang mangerti”, Citaya lan budaya, Karsaya trinipun, dupi ngrungu ling mangkana, saur manuk mangkana dennya mangsuli, “dhuh Kakang mengko sira.

  24. Umatura ri Sang Maha Yogi, yen wong telu umatur sandika, ri Sang Dwija timbalane, mangke kewala dalu, kula mreg sowan Sang Yogi”, wauta pun Jiwita Rahsaya dwinipun, reh wus trang wangsulanira, gya pamitan wangsul yun matur Sang Yogi, dennya samya dinuta.

  25. Tan wibawa lampahnya neng margi, mung pinunggel mrih gancanging crita, wus prapta ngabyantarane, Sang Yatnajati wiku, marikelu denira linggih, anekeri Sang Jati, meh anguswajengku, Sang Pandhita angandika, Mring Jiwita makaten sabdanya Yogi.

  26. “Paran wusananira, sakarone anggonmu ngulati, baya bisa pinanggya sadaya, kadangmu tetelu kabeh”, pun Jiwita umatur, “saking antuk barkah pamuji, paduka Sang Pandhita, duk wau amba wus, tiga pisan lagya dhedhangir neng tegil, nulya kawula undang.

  27. Dupi sampun sami anyelaki, kadya kula dhawuhken timbalan, dene mangke dalu, badhe sowan ngadhepi”, ya ta ri Sang Pandhita, duk miyarsa atur, kacaryan jroning wardaya, Sang Awiku anulya ngandika malih, mangkana sabdanira.

  28. “Lah ta payo wus bubaran cantrik, ingsung arsa angasoken badan”, “sumangga” cantrik ature, laju linggar Sang Wiku, pun Jiwita Rahsaya tuwin, maksih neng pacrabakan, anata dudunung, kang badhe kangge lungguhan, ngadhepi ri Sang Wiku Yatnajati, aywa nganti kuciwa.

  29. Kuneng gantya amangsuli, cantrik tiga kang sami ngandika, dupyantara wus wancine, timbalan kang tinamtu, cantrik katri angumpul sami, Citaya myang Budaya, lawan Karsayeku, laju budhalan asarengan, sru ginelak wonten tri dera lumaris, anyipta daya-daya.

  30. Prapteng ngarsanya Sang Maha Yogi, duk samana tan kawarneng margi, wus prapta pacrabakane, Citaya gya amuwus, “Kakang kula aminta kori”, wauta pun Jiwita, dupi angrungu wuwus, wiwara nulya binuka, cantrik katri sakala samya umajeng, laju lungguh sata.

  31. Jajagongan ngiras angentosi, rawuhipun Sang Maha Pandhita, datan dangu aturane, dera sami alungguh, pan kasaru rawuh Sang Yogi, nulya pinarak lenggah, duksamana sampun, eca Sang Wiku lenggahnya, tan adangu imbal wacana Sang Yogi, mekaten sabdanira.

  32. Heh ta kabeh bocah telu cantrik, marma sira sun timbali samya, jatine ana gatine, bocah lima sadarum, ing samengko arsa sun wangsit, dimen padha mangertiya, lan supaya weruh, tindak becik miwah ala, awit kabeh manuswa tumitah urip, wajib nampik miliha.

  33. Ingkang becik wajib denarepi, ingkang ala pantes ginuwanga, amrih rahayu uripe”, cantrik lilima wau, samya matur asaur peksi, makaten ature, “dhuh Sang Maha Wiku, sadaya dhawuh andika, mugi-mugi kula sageda nglampahi, lulus salaminira”.

  34. Sang Awiku ngandika malih, mring pra cantrik mangkana wuwusnya, “lah cantrik tanggapen age, kabeh pituturing sun, aywa ana nganti kang cicir, manira yun wedharna, ngelmuning ngidhup, kang nuntun mring karaharjan, kang supaya raharja sajroning urip, lulus tanpa sangsaya.

  35. Cacahana limang kawruh kaki, den anastiti panampanira, ywa nganti ana kang cewet, cantrik sareng umatur, “dhuh Sang Dwija pupundhensih, amba amituhu jarwa, mung sumedya nungkul, ajrih lamun anglirwakna, sakathahing warsitaning Sang Yogi, tan pisan yen nyingkura”.

Pupuh II
Pangkur

  1. Sang Pandhita malih nabda, marang cantrik lilima kang neng ngarsi, mangkana sabda Sang Wiku, “heh cantrik pirengenta, dene gemi mrih trewaca pananggalmu, saiki ingsun amurwa, anglairake wawangsit”.

  2. Makaten pamarsitanya, “lah ta cantrik padha ingsun tuturi, wajibe manuswa iku, manembah mring Pangeran, awit kabeh kabeh obah osiking pramakluk, atas karsaning Pangeran, kang kwasa sung pati urip.

  3. Brgya cilakaning janma, kojur-mujur tarlen karsaning Widdhi, titah mung darma lumaku, tan bangkit karya muga, marmanira samengko padha den emut, angelingi mulanira, purwanta nggenira urip.

  4. Dumadi neng ngalam donya, wineruhke lelakon ala becik, lan sira kinen dudulu, gumlaring ngalam donya, wit urip puniku wis ginawe punjul, timbang sarananing gesang, titah liyane sujanmi.

  5. Mulane wajib manuswa, analangsa sumungkem ing Hyang Widdhi, ywa pegat ing siyang dalu, supyantuk nugraha, dingapura sakabehing dosa nireku, dene teranging panembah, mangke padha dieling.

  6. Ana sembah catur swanta, yeku sembah kang konjuk mring Hyang Widdhi, catur papat tegesipun, swanteku kaweningan, awit sapa sumedya nembah Hyang Agung, mrih bisa konjuk Hyang Sukma, kanggo budi sukci.

  7. Mangkene menggah terangnya, tumanjane sembah kang catur warni, mring trape sajuru-juru, kapisan sembah rasa, kapindhone sembah cipta aranipun, tri sembah jiwa ranira, kaping pat sembah ing dhiri.

  8. Tegese sembah ing rasa, dina-dina netepna yeming ati, aywa dhemen ngumbar napsu, ajegna ayeming tyas, iku wus wajibing panembah, marga ayemu nuntun padhanging kalbu, sembah ing rasa sayekti.

  9. De sembah rahsa kumangka, kanggo minta amrih ungguling jurit, supaya manggya rahayu, aneng jroning payudan, aywa nganti tumekaning lara lampus, kapindhone sembah cipta, mengkene patrape kaki.

  10. Sadina-dina den bisa, anetepke amrih sengsemingati, ywa ngumbar hardaning kayun, dikukuh ing panancang, awit yen wus bisa sengsem jroning kalbu, kawawa asung papadhang, neng jroning pangraseng urip.

  11. Iku wus dadi panembah, pikantuke kanggo manggayuh mamrih, katekana sedyanipun, sedya kang mrih utama, katekane sembah jiwa patrapipun, sadina-dina den bisa, ngesema rarasing ati.

  12. Katamanan lara penak, bener luput ala tanapi becik, tanggapen lan sukeng kalbu, ngidiya eseming tyas, aywa nganti darbe pangresula kulup, karana eseming nala, iku bangkit maweh wening.

  13. Neng jroning pangraseng gesang, weninging tyas dadi sembah sayekti, panembah ingkang kadyeku, kinaryanya amiminta, utamane ing tembe praptaning layu, muga-muga amanggiya, rahsa sudibya ing ngakir.

  14. Kaping pat sembah raga, de tegese sembah raga puniku, wekel kas sing badanipun diajek ing panindak, kang saregep tingdak kang jujur, iku wus wajibing panembah, sembah ing raga sejati.

  15. Pikantuke sembah raga, pan kinarya anjangka mring rijeki, kadonyan saminipun, kang kanggo jroning gesang, kabeh mau margane bisa pikantuk, mrih katekaning panjangka, kanthi nganggo watek kadwi.

  16. Siji temen lan antepan, lamun bisa nganggo watek kadyeki, manawa inggal tinemu, ing amupakatira, katimbalan atase sakeng darbe kayun, marmanya padha den taha, ywa nyerang saliring kapti.

  17. Lan cantrik rehning wus terang, bab panembah konjuk ing Hyang Widdhi, samengko gantya cinatur, sun arsa miterangna, utamaning watek kang bisa nununtun, widada dumadinira”, cantri gangsal matur inggih.

Pupuh III
S i n o m

  1. Wajibe janma taruna, tumitah neng donya kaki, sabisa-bisa den arah, nganggo watek nem prakawis, mangkene trangireki, mungguh wawatek nem iku, kang sapisan istiyar, mantep ingkang kaping kalih, telu temen dene kaping pat tetepa.

  2. Kalimane angapura, kanenem narima kaki, mangkene katranganira, wijange sawiji-wiji, den titi ing panampi, ywa nganti ana tumpang suh, tegese tembung istiyar, ngaurip iku wus wajib, angupaya apa kang dadi butuhnya.

  3. Kapindhone mantep tegesnya, sabisa-bisa ngaurip, ngesthiya anteping budya, budi kang amrih basuki, aywa pisan ngendhoni, yen durung bisa kacakup, wit kodrating Pangeran, sapa kang darbe pangethi, lamun mantep lawas-lawas kaleksanan.

  4. Katri temen tegesira, utamani neng ngaurip, nganggo watek temen ika, ywa dhemen tumindak juti, palacidra gorohi, murka candhala laku dur, awit kodrating sukma, sakehing tumitah urip, sapa darbe watek temen tinemenan.

  5. kapingpate tembung tepa, mangkene tegesireki, sayogyane ing ngagesang, sabisa-bisa mangudi, ngegungna tepa kaki, tepa mring samining ngidhup, ywa dhemen tindak siya, aja nganggep lawan edir, nglegutakna asih tresna mring sesama.

  6. Lima tembung ngapura, mangkene tegese kaki, ngaurip sayogyanira, kabeh tindak sumengka, iku nir prayitneng batin, marma samya den ageng paranimanta.

  7. Wateke budi narima, unggul wekasaning wuri, seje budi kang nyerang, tangeh yen bisa lestari, marma welingku kaki, den abanget panganggepmu, aywa sira nyingkura, marang pitutur kang becik, sayektine bakal ana paedahnya.

  8. Yen sira mituhu jarwa, warsitaku kang kawijil, mbokmanawa tembe sira, anemu kamulyan kaki, lulus bisa basuki, tanana sangsayanipun, mangkeneku wus dadya, pranatan adiling Widdhi, sapa becik bakal antuk kabecikan.

  9. Kadiparan cantrik sira, nggonmu tampa wangsit, apa wus bisa trewaca, pun Jiwita amangsuli, dhuh-dhuh Sang Maha Yogi, yen andika dangu ulun, sadaya warsitanta, sampun cumanthel mbokbilih, amung kantun kadang kula kang sakawan.

  10. Punapa wus saged pana, punapa dereng tan uninga, mbok kadanguwa priyangga, wauta sakawan cantrik, nambung umatur aris, dhumateng Sang Maha Wiku, makaten aturira, dhuh sang pupundhen dasih, estunipun kula ugi wus trewaca.

  11. Sang Pandhita malih nabda, semu kacaryaning galih, mangkana pangandikanya, “heh cantrik lilima sami, sarehning sira wus, bisa anyakup pitutur, tutur kang kawahya, samangko ingsun aganti, sumedharnya saha nglairake piwulang.

  12. Utamaning gagayuhan, kang pantes gagayuh dhingin, mung ana patang prakara, anggepen ingkang nastiti, tancepna sanubari, cacangen kenceng ing kalbu, mrih ywa nganti katriwal, kanggowa salami-lami”, pan cantrik sareng umatur sandika.

  13. Ngandika malih Sang Dwija, “lah saiki sun murwani, amedharake warsita, prakara pangayuh becik, padha kapareng ngarsi”, cantrik gya mangsah umaju, tumungkul pasang karna, manggliling wisik Sang Yogi, Sang Pandhita manabda malih mangkana.

  14. Mangkene katranganira, “silahnya sawiji-wiji, panggayuh patang prakara, kang tumrap kanggoning ngaurip, supaya angindhaki, ngancik lalakon kang bagus, lah padha wiyarsakna, wijanging panggayuh kaki, lakonana kalayan karsaning tyas.

Pupuh IV
Asmaradana

  1. Juga kena den ranira, kawiryan den kapindhonya, artawan kaping telune, kagungan kaping patira, guna kawiryan ranira, papat iku pedahipun, mangkene katerangannya.

  2. Kawiryan tegese kaki, kagem ratu lan parentah, yeku drajat katya yen, marga wong kagem Sang Nata, tanapi pamarentah, gedhe cilik sor unggul, nanging wis mengku wibawa.

  3. Tegese wibawa kaki, den ajeki ing sasana, lamun wus darbe papasthen, balanja sapantesira, tinampan saben candra, dene pahargyan amung, mayar nora ngrekasa.

  4. Marmanya den sami ngudi, mamrih kagema Sang Nata, kanggepa ing salawase, kagema pamarentah, kaparenga anggegadhuh, nindakake panguwasa.

  5. Mangkoneku pan keni, kinarya pikuwatira, uripe neng donya kiye, sanadyan orane bisa, sugih nanging wus mayar, bisa ajeg panganipun, lumintu sadina-dina.

  6. Dene artawan kaping dwi, mangkene mungguh terangnya, yogane ngaurip darbe, panggayuh mring kasaguhan, mrih bisa rawat bandha, ngungkuli sasaminipun, dadi aran urip mulya.

  7. Amarga janman samangkin, sapa kang wus sugih bandha, muktine meh lir Sang Katong, barang kang sinedya teka, ingkang cinipta ana, linulutan sameng ngidhup, labed dayaning sang arta.

  8. Marma welingku dieling, ywa lumuh nggayuh arta, udinen mrih bisane, awit lamun nora bisa, kalakon rawat bandha, uripmu nistha kalangkung, sinatru sapadha-padha.

  9. Katelune dipun nastiti, tegese tembung gunawan, mungguh terangnya mangkene, ngaurip sabisa-bisa, mangudi mrih sampurna, tegese sampurna putus, mumpuni saliring guna.

  10. Kasusastran miwah ngelmi, ywa nganti dhagel tan yogya, nora pakewuh, anggone angupaya boga.

  11. Wit manungswa kang wus  ngenting, sakridhaning kasusastran, kawruh gaibe apadene, iku dadi pangungsenya, janma kang tuneng sastra, lan janma sepen kawruh, tekane kanthi weh ruba.

  12. Marmanya weh ruba awit, arep minta pitulungan, apa sing dadi butuhe, kang supaya tinuduhan, barang kang durung wikan, kang wus dadi wajibipun, ingulat tan mrih pinanggya.

  13. Kamangka sira wus bangkit, maweh tuduh kang sanyata, yekti gedhe tarimane, kajaba gedhe trimanya, aweh bungah mring sira, mangkana liruning pitutur, ruru basa kuwasanya.

  14. Awit bakuning wong Jawi, duk kuna prapteng samangkya, kuda weruh ngelmu gaibe, gaib kodrat tegesira, marma den bangetsira, mangudi mrih lebdeng kawruh, kanggo pikuwating gesang.

  15. Ganepe kaping pat kaki, diyatna lan den prastawa, tembung guna kawignyane, pang mangkene tegesira, sabisa-bisa janma, andarbenana panggayuh, mumpuni saliring karya.

  16. Kang dadi praboting ngaurip, kalumrahe ing akathah, udinen awit amrih wignyane, wit manungswa kang wis lebda, mumpuni liring karya, akeh wong kang minta tulung, kinen garap pakaryannya.

  17. Apa sing kang den senengi, ing mangka sira wus bisa, nuruti apa karepe, sayekti dahat sukanya, agung pangalemira, mring sira dene wus besus, bisa anuju sakarsa.

  18. Apa maneh yen wus dadi, barang ingkang sira garap, pasthi ana lilirune, dhuwit ing sapantesira, tinimbang keh ing karya, wus jamak mangkono iku, mangkana tinimbanganira.

  19. Kang mangkana iku kaki, manawa uga wus kena, kanggo pikuwat uripe, sanadyan nora sugiha, nging uripe tan nistha, wit pangane wus kacakup, nora nganti kakurangan.

  20. Bogan yen sira tan ngudi, lawan nora manggayuha, mrih cukup salah sijine, sokur-sokur lamun bisa, papat kacakup pisan, orane siji wus lowung, ugere bisa katekan.

  21. Yen tan kacakupa kaki, salah siji mbokmanawa, uripmu tiba nisthane, wit tuna pambudidaya, akale tanpa guna, tanapi piyandelipun, uripe temah sangsara.

  22. Dadine banjur netepi, ana paribasan ika, aji godhong jati amoh, upamane bangsa ganda, ambune arum jamban, tanana kang dadi wanuh, labet samar yen kakenan.

  23. Lah cantrik rehning uwis, titi terange warsiteng wang, kira tanana kang cewet, saiki manira arsa, paring pitutur sira, nerangke sihing Hyang Ngagung, kang tumrap marang manuswa.

  24. Rahsaya matur umaris, “dhuh Sang Dwija pepundhen kula, kang tuhu wicaksanane, sayekti prakadang kula, agung mangayam-ayam, ganjaraning Sang Wiku, pamarsita kang utama”.

  25. Sang Pandhita nabda malih, makaten dhawuh Sang Dwija, “heh cantrik lilima kabeh, sira padha angrugokna, saliring warsiteng wang, samengko wiwit sun catur, pocung samya kaestokna”.

Pupuh V
Pocung

  1. “Kaya kang wus dakwejangke mring sireku, salah sajuganya, aywa nganti tuna kaki, dene yen wus kacakup salah sajuga.

  2. Sira laju rina wengi den sujut, manembah Hyang Suksma, sajroning sujut sireka, nunuwuna wahyu nugrahaning Suksma.

  3. Kang sibebut sastra jendra yu linuhung, awit sastra jendra, mengku rahmat kang linuwih, kang kawawa sung papadhang donyakerat.

  4. Yektine pun kalamun sira wus antuk, nugrahaning Suksma, ingaran sastra jendra di, jroning ngurip tanana sangsayantra.

  5. Marmanipun tanana sangsayen ngidhup, awit kodrating Hyang, sapa manuswa kang bangkit, gayuh marang sastra jendra ayuningrat.

  6. Bakal antuk kanugrahaning Hyang Agung, ana catur warna, wijangemangkene cantrik, kang kapisan kaparingan kanugrahan.

  7. Kadwinipun kayuwanan kang tumurun, dene katelunya, kabrayan ingkang wus mesthi, kaping pat ganepe iku kayuswan.

  8. Tegesipun catur bab mangkene kulup, tembung kanuragan, iku pinaringan gaib, lwih teguh lan nganggo meguru sira.

  9. Dene tembung kayuwanan tegesipun, pinaringan kodrat, dening Hyang Kang Maha Luwih, keslametan lulus sajroning ngagesang.

  10. Kang katelu de tembung kebrayan kulup, mengkene tegesnya, junampu dening Hyang Widdhi, pinarengke lulus mengku kluwarga.

  11. Tegesipun bisa tumerah tumuruntun, uripe tan cuwa, bisa mencarake wiji, tutug nggone amengkoni anak rayat.

  12. Kaping catur tegese kayuswan iku, antuk kamurahan, palimirmaning Hyang Widdhi, uripira pinaringan urip dawa.

  13. Bisa tutug anggonmu ngemong anak putu, janma kang mangkana, iku kena den arani, urip mulya siniyan dening Hyang Suksma.

  14. Heh ta puthut dadi kawruhananmu, sarehning smangkya, wus titi terang baresih, pituturku mring sira kang wus kawahya.

  15. De pikirmu apa carem apa durung, yen durung matura, mupung ana ngarsa kami, lamun durung pan ingsun maksih kaduga.

  16. Weh pitutur mrih bisa carem pikirmu, ywa sumelang sira, uger aku misih urip, nora kewran yen sira mung minta wulang.

  17. Nulya matur Budaya sarwi tumungkul, makaten aturnya, mring Sang Wiku Yatnajati, mugi-mugia andadosna uningan.

  18. Manah ulun tanapi kadang sadarum, samangke wus padhang, datan wonten kang ngalingi, dupi sampun nampi warsita andika.

  19. Ingkang kantun raosing tyas lir ginrujug, kang tirta nirmala, panggesangnya wong sabumi, adhem asrep sumyah rasanira.

  20. Pindhanipun kadyangganing wit kang alum, duk mangsa katiga, ngaretek ronya barindhil, dupi sampun kataman kataman dresing sang warsa.

  21. Uwitipun seger waluya tan alum, wus rumaos gesang, wit pantuk dayaning warih, kadya tangi garegah saking kantaka.

  22. Nambung wuwus ri Sang Yatnajati wiku, tujuning kang sabda, dhawuh mring Karsaya cantrik, pan makaten dhawuhnya Sang Maha Dwija.

  23. “Heh puthut paran panampi nireku, warsita manira, bab gancaraning Hyang Widdhi, sakirane apapawa wus trewaca.

  24. Dene yen wus bisa cumanthel sadarum, dahat sukaning wang, de padha mengku lulungit”, pan Karsaya mangsuli matur makaten.

  25. “Dhuh-dhuh adhuh Sang Dwija jijimat ulun, saliring warsita, andika kang ulun tampi, kados-kados tan wonten ingkang katriwal.

  26. Mbok bilih wus kinodrat dening Hyang Ngagung, kula lan pra kadang, jer wus pinasthi nanggapi, warsitanta sadaya ingkang kawahya”.

  27. Yata wau Sang Wiku dupi myarsa tur, wimbuh sukaning tyas, makaten ngandikan malih, mring pra cantrik makaten andikanira.

  28. “Saiki wus lega rasaning tyasingsun, mung kari sajuga, pituturku mring sireki, miterangke jejering Gusti Kawula.

  29. Siji iku tanggapen ywa kongsi kisruh, lan mara rungokna, dakterangne ing samangkin”, cantrik gangsal umatur nuwun sandika.

  30. Sang Awiku malih ngandika arum, samengko sun murwa, nerangke Kawula Gusti, piyarsakna amrih timbuling wasana.

Pupuh VI
Maskumambang

  1. Kang kasebut Kawula iku ta kaki, panca driya gesang, raraketan lawan dhiri, cinancang sariningwanta.

  2. Wahanane napas sira kang sajati, de sarining tirta, wahanane yeku getih, kang nyrambahi angganira.

  3. Kang katelu ingaranan sarining agni, dene wahanane, rasa karsa sejati, dupi talinya wus wudhar.

  4. Pancadriya gesang pisah lawan dhiri, laju bali marang, asale purwa kang nguni, manjing alam langgeng laya.

  5. Nora owah tetep ing salami-lami, tan kena cinandra, dunung panggonanireki, ananging uga karuhun.

  6. Kang mangkono wus tetep Kawula-yekti, kena ingaranan, mawor roroning ngatunggal, lan kang murba jiwanira.

  7. Kapindhone ingkang ingaran Gusti, Hyang Maha Kawasa, iku menenging Sang Urip, lan menenging pancadriya.

  8. Satelenging meneng pan jumeneng ening, eling dumeling tan lali, mobah rasaning Hyang Suksma.

  9. Myarsa ganda wuninga tanpa piranti, sugeng salawasnya langgeng sukci nora gingsir, ngebeki rat angganira.

  10. Anguripi sakehing titah donyeki, bisa nukseng malembat, cilik tan kena tinitik, cedhak tur nora singgolan.

  11. Anira dhingini sagung dumadi, kawawa manuksma, nora sesek ing ngarempit, datan logro ing ngajembar.

  12. Yen wujud dalem buta tan kena jinimpit. Adoh tanpantara, cedhak rumaket neng dhiri, yeku Pangeran sanyata.

Pupuh VII
Kinanthi

  1. Kapriye kanthine puthut, nggonira padha nanggapi, warsita kang limang ebab, baya wus samya nyakupi, yata wau pun Jiwita, mangsuli umatur ris.

  2. “Dhuh-adhuh Sang Maha Wiku, mugi andadosna uning, pan dasih lawan pra kadang, dupi anampeni wangsit, andika ingkang pungkasan, raosing tyas ulun kadi.

  3. Siniraman tirta SaWiNdHu, adem asrep anyrambahi, marang saranduning angga, sandyan pra kadang ugi, pan makaten ciptanira, cocog sami tan nalisir.

  4. Ingkang makaten puniku, wau tetela yen antuk sih, kanugrahaning Pangeran, tinurunan wahyu gaib, kinodrat dening Hyang Suksma, kula lan pra kadang sami.

  5. Wus tinakdir ing Hyang Agung, kalamun saged nampeni, warsita ndika Sang Dwija, mboten langkung mugi-mugi, angsala barkah andika, lulus ing salami-lami.

  6. Sageda awet lestantun, nggen kula ndherek Sang Yogi, neng donya prapteng delahan, tan sumedya angoncati, makaten ubayeng driya, kadang-kadang kula sami”.

  7. Yata wau Sang Wiku, duk myarsa turira cantrik, sumedhot jroning wardaya, wasana ngandika aris, “lah cantrik lima sadaya, aturmu kang wus kawiji.

  8. Banget panarimaningsun, de sira pada darbeni, tyas setya kaya mangkana, yekti bakal dak timbangi, asih tresna marang sira, timbange setyanireki.

  9. kajaba ta iku puthut, rehning wus antara lami, nggonmu ngadhep neng ngraseng wang, lahya yo bubaran sami, wis padha sira ngasoa sun arsa nungku semadi”.

  10. Pra cantrik bubaran sampun, sosowangan samya mulih, wau ta Risang Pandhita, gya mangsa muja semedi, miminta sihing Bathara ywa ana sangsayeng dhiri.

  11. Kandhane prasarjana nung, kabeh manungswa yen mamrih, rahayu gesangira, ngantepna mulyaning budi, nindakna alusing tingkah puntoning tyas ywa gumingsir.

  12. Rasakna sajroning kalbu, den prastawa bab kang titi, angger-anggering Pangeran, ngadat wataking dumadi, beraten budi kang nistha, ijolan kang utami.

  13. Kipatna den kongsi jauh, rong bedahat mrih ywa bali, galo keh tuladhanira, warnane janma kang nyingkir, sinau mulyaning budaya, tangeh lamun bisa becik.

Nuwun

Alang alang kumitir

1 Comment

  1. mas kumitir mbok nyuwun serat sing pendek pendek.”(maturnuwun)

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: