alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT MADURASA (I)


PURWAKA
Layang MADURASA iki jangkepe layang JATIMURTI lan MADURASA, kang wis nate katerbitake dening Toko Buku Tan Khoen Swie ing Kediri, seket tahunan kapungkur, wujude cap-capan nganggo aksara Jawa, saiki katedhak mawa aksara Latin, supaya tebane luwih omber.

Sarehne isi bab RASA, dadi ya wis samestine yen rinasakake klawan weninging ati. Mula sadurunge maos buku iki, prayoga nyatitekake pamrayogane sing yasa layang iki.

Penerbit Yayasan Djojo Bojo
Surabaya

PENGET

  1. Saben nembe kawaos, kasinggahna, sampun kaselehaken saenggen-enggen.

  2. Sampun kawaos dening sok tiyanga, ngemungna ingkang remen saestu ngudi kawruh kabatosan.

  3. Ingkang sampun maos, sanajan mangretosa sarta remena, sampun ka-angge ngendikan kaliyan sadhengah tiyang.

Sinten ingkang kersa netepi pepenget punika, kalebet nama mundhi utawi ngluhuraken kabatosanipun piyambak.

PAMRAYOGANE KANG GAWE LAYANG IKI

  1. Dhisike diwaca granbyangan satamate.

  2. Di baleni saka wiwitan kanthi alon lan sareh.

  3. Yen wis tamat kapindhone, disinggahake.

  4. Pamacane kang kaping telune lan sabanjure : ora prelu urut.Sanajan wis tamat ping telu ping pat, disinggahna kanggo simpenan.

Wiwitane ora terang swasanane. Nanging yen kerep disinggahake lan diwaca titi sarta lestari pamarsudine, sangsaya lawas sangsaya mundhak terange. Sinengkalan : kaweruh Raras Basuki Tyas.

Perangan 01
PAEDAHE NGUDI KAWRUH KASAMPURNA.

Ngudi kawruh kebatinan iku aja digalih mung kanggo mbesuk bae, nanging kalane ana ing alam ndonya ya perlu, supaya oleh pandom lan diyan (obor) ing sajroning ati, kang bakal nuduhake dalan kang bener lan padhang, tumrap panggawe apa bae.

Ngudi kawruh kasampurnan manawa temen ing pangudine ing saselot-selote bisa oleh sasmita ing rasane, adoh rubeda ing atine. Rubeda ing ati iku, kayata :

  • Geleme tetulung kagawa ing pamrih dialembana utawa sebab oleh kasil.

  • mBuru bandha, lali marang Iman.

  • Golek bener, kliru golek menang lsp.

Wong adoh angkarane : akeh adheme, kepenake lan tentreme. Ragane ora enggal rusak kang jalaran kakehan geni (nafsu), lan ora engga rusak kagawa pambandhanging jaran (pancadriya).

Wong ngudi kawruh kasampurnan, kekarepane kang linakonan salawase, tansah gumolong NUJU MARANG TEKADE.

Arang pradondi sajroning atine kaya kang dhemen solan-salin karep kang siji-sijining karep ora nunggal tuju (nunggal laras). Ilining cipta ora kakehan enggok, lan ora pating sareweh, lan ora kuwur kaya banyu kerep diubak-ubak sarta ora mambeg.

Wong kang temen-temen pangudine marang kawruh kasampurnan, apa kang linakon kerep benere, akeh becike, cepak rahayune, adoh bilahine, marga : wis cedhak kang ajak rahayu, iya kang ora tau luput.

Mungguh yektine, kareping manungsa iku, ana kang thukul saka nafsu kang becik, ana kang thukul saka nafsu kang ala, ana kang thukul saka : Rasa.

Mula banjur ana karep kang manut pituduhing Budi, ana kang manut pituduhe angen-angen kang lagi peteng, katarik dayane roh peteng (roh kewani), ana maneh panggawe kang tumindake saka dayaning roh kewani thok-thok (ninggal angen-angen), iku kabeh tumraping wong kang ngudi kasampurnan : dirasak-rasakake lan dititeni.

Penget : Angen-angen iku dadi ratuning pancadriya, iku kang kuwajiban mbedadkake ala lan becik bener lan luput.

KAREP kang becik iku pangajaking nafsu Mutmainah, nanging kabeh nafsu ora kabageyan sumurup marang BENER, awit bener iku bageyane BUDI ( kang tuduh marang bener).

Karep kang becik kanthi wewaton kang bener mau : iya durung mesthi perlu linakonan utawa bakal rahayu (widada), dadi kudu prayitna marang sasmitaning RASA (tukang tuduh rahayu) nuntun marang kawidadan sarta perlune linakonan, apadene ngrasa marang wewengkone (wajibe).

Mangkono uga, bisane manungsa weruh ing : deduga, prayoga, watara, kira-kira, riringa, subasita, awas ing semu, prayitna, weweka, eguh, tangguh, sapanunggalipun. Ya saka panuntun RASA.

Saya cedhak karo Rasa, saya mumpuni ing duga prayoga, sarta saya sathithik malesete anggone kira-kira.

Ringkese mengkene :
Ora mung akherat bae kang ana panasaran, ing ndonya uga akeh panasaran, begalan sarta rubeda, kang dunung ing atine manungsa. Mula saka iku perlu nganggo pandom lan diyan. Wujuding pandom : RASA, wujuding diyan : BUDI. Bisane weruh pituduhing Budi lan Rasa, yen manungsa ngudi kawruh kasampurnan, sabab ngudi kawruh iku wataking BUDI lan RASA.

ΘΞΘ

Dipunsami ambanting sariranira, cegah dhahar lang guling, darapon sudaa, nepsu kang ngambra-ambra, rerema ing tyasireki, dadi sabarang, karsanira lestari.

Perangan 02
AWAD-AWAD karo IYA.

Kang dadi cacading wong urip iku kang adhakan : alehe awad-awad utawa : nggorohi atine dhewe.

Padune dhemen nyandhing bandha, banjur gawe weweton mangkene : “Wong urip wis wajibe ikhtiar golek pangan, ngopeni kaskayane, kanggo rumeksa marang ragane, sarta anak bojone. Ngendi ana wong emoh duwit, ngendi ana wong nrima. Wong kang koncadan bandha mesthi kuwur pikire, thukul pikire kang ala”.

Wewaton kang mangkono iku dhasar bener banget, nanging apa ora ana bedane : awad-awad karo sejati. (Seksi, katrangan apa ora ana?).

Nadyang wong urip diwenangake ngopeni kadonyan, nanging wong atine madhep marang donya karo kang madhep marang Allah iku, katon banget bedane :

  • Wong madhep marang Allah, akeh tumakninahe, wong kang madhep marang donya akeh pangangsa-angsane.

  • Wong madhep marang Allah akeh sabare, wong kang madhep marang donya akeh nepsune prakara bandha.

  • Wong kang madhep marang Allah akeh eling marang panggawe becik lan rembug becik. Wong madhep marang donya akeh laline, akeh emohe.

  • Wong kang madhep marang Allah akeh sumeleh, panarimane lan sukure. Wong madhep marang donya akeh panggrangsang lan pangresulane.

  • Wong madhep marang Allah akeh adhem kepenake, wong kang madhep marang donya akeh sumuke lang panguneg-uneg.

  • Wong madhep marang Allah akeh asihe marang sapadha-padha. Wong madhep marang donya akeh gething lan drengkine. Yen dhemen lan asih, marga ana pamrihe.

  • Wong madhep marang Allah, pilih mlarat katimbang rusak Imane. Wong madhep marang donya pilih sugih ora perduli marang Iman.

Mangkono sapiturute.

Wose : becik kang eling, sawiji tekade (ora goroh). GOROH iku ana lair ana batin. Goroh batin iku : awad-awad, akudhung wewaton. Iku kang nggorohi marang uripe dhewe.

Muga-muga wong urip dibisa ngrasa : isin lan wirang marang uripe dhewe. Amin !!!!!!!!!

ΘΞΘ

Yen wis bisa mbedakake rasa rupa-rupa,
jalaran saka sregep ngrasakake,
karo NITENI iku diarani : PRAYITNA.
Sawise bisa mangkono, banjur misah-,
misahake kang ala lan kang becik,
Kang ala ora kanggo sarana dilalekake,
dene kang bener diurip-uripake,
dene kang bener diurip-urip,
yen wis bisa misah mangkono iku,
arane : WEWEKA.
Sawise kapisah-pisah, kang becik
lan kang bener ditata
diempakake dayane
yen wis bisa ngupakara
kang becik lan kang bener manut
mesthine, karan : WIRAGNYA.
(Serat Madurasa)

Perangan 03
AJA LALI MARANG JEJER

Purwokanthi (lagu dolanan)
E, dhayohe teka
E, gelarna klasa
E, kasane bedhah
E, jadahe mambu
E, pakakna asu
E, asune mati
E, buwangen kali
E, kaline banjir
E, buwangen pinggir.

Lagu dolanan kasebut dadi pasemoning manungsa kang lali marang jejere. (Wong jejere nemoni dayoh, bareng weruh jadah mambu, lali dhayohe, sing dipikir : jadah. Bareng weruh asu mati, ka-elingane mung marang asu, lali marang jadah).

Manungsa kang uripe suwung tanpa tekad, ya ora sumurup marang jejere, enggone urip ing alan donya. Temahan ora ngerti marang tegese kang linakon ing salawas-lawase.

Lire : enggone solan-salin kekarepan, ora nganggo eling marang kekarepan kang dhisik, ketumpangan karep anyar banjur ketumpangan maneh, dudu teruse kang dhisik…………..!!

Mula dibiso nggoleki jejering urip ana ing alam donya sarana tekad. Sabanjure sabarang kang kinarepake, tujokna marang tekad mau. Jer tekad mono poking karep. Iku gandhulana kang kukuh, oja kalah karo karepmu, aja kelu dayaning donya (aja kagetan, gimiran, slewang-sleweng). Sanajan raga katuta ombaking jaman, rosing rasamu dikukuh tansah elinga marang jejer.

Arang wong temen wong kang kelar nanggo kekencengane dhewe.

Kang akeh : kagetan, gemiran, slewang-sleweng, dupeh kudu manut ombaking jaman.

LELAKONE manungsa, nggone urip ngalan-alam lan nggone lali marang ajal kamulane, temen agawe ngungun (nggumunake) dak gawe pepindadhan kaya mangkene :

KANG maca layang iki dak upamake nitih sepur, bakal kondur ing ndaleme (upama : Madiun). Ana ing sepur bebarengan sanak sadulur kang padha asih, nuli midhanget rembug warna-warna.

Ana sagolongan kang ngrembugi mangkene :
“Mas, ayo padha mudhun ing anu bae bareng lan kita kabeh nonton wayang, dalange saka kraton, apa maneh kangmas diarep-arep para mitra liyane………….”

Nuli ana golongan ngajak mangkane :
“Menyanga Purwareja bae Mas, nakal akeh banget bathimu kawruh, jalaran bisa ngstreni sapatemon karo para jamhur ing babagan kawruh batin, kaya kang kok karepake”.

Sagolongan maneh, mangkene :
“Prayogi mandhap ing Surakarta kemawon, mriksani Sriwedari, wonten bioskop, ringgit tiyang, gedong museum ingkang isinipun sarwi endah………”

Ana siji maneh sing ngandika mangkene :
“Dhimas, kabeh ojo kok galih, mundhak gawe bingung, luwih becik nuruta rembugku, mudhun ing…….., dene perlune…….. aja mundhut priksa dhisik, mengko dakbisiki sajatining sid…………”

Nuli ana maneh, ana maneh kang luwih ndudut ati lan sapiturute.

Yen upama ana lelakon kang mangkono, kang endi kang diturut? Prakara ngrungokake lan ngladeni caturing wong, wis wajibe kanggo netepi tatakrama, nanging aja nganti lali marang jejer, yaiku kondur menyang Mediun. Ora kena nyaleweng.

Golek kapenak lan seneng sawatara ana ing sepur, ya diwenangake kayata : nata palungguhnan, pasendenan, nanging aja kongsi kebanjur yasa (gawe) pasareyan ana ing sepur.

Enggone manut pranataning sepur, marga wis kebanjur ana ing sepur; enggone golek kapenak seneng SAWATARA ana ing sepur, sabab dadi pikuwat kalane isih ana ing sepur, nanging enggone ngrasakake kabeh mau kudu kumambang. Lenging ati mung arep menyang Madiun, thok.

Netepi pranataning sepur lan golek seneng sawatara, iku kadadekake pipindhan, anggonmu urip ana ing ngalam donya, diwenangake golek bandha, kapinteran, pangkat golek kapenak lan seneng, ngopeni anak bojo, kudu kumpulan, duwe dewe, nata omah nyandhang patut, mara dhayoh, nyenengake dhayoh……. salawase ana ing ngalam donya (pirang taun, apa lawas?) kang sawatara mangsa engkas bakal ganti alam, ninggal alam donya. Kaya wong nyepur, ninggal sepur.

Ninggal palungguhan (pasarean) kang ditinggal ana ing sepur.

Yagene ana ing alam donya kok kliwat dhemene marang kadonyan? (kaya bungahe wong ngimpi oleh duwit, bareng nglilir, digagapi tangane kothong).

Wong kang lali marang Allah (kenceng panyekele marang donya) iku kaya wong kaya ana sajrone sepur kang lali bakal medhun negendi?. Iku isih becik, isih klebu wong gelem golek ngelmu, balik wong kang babar pisan ora eling prakara sukmane, iku padhane wong numpak sepur kang lali yen mengko kudu medhun, bungah-bungah disengguh sepur iku bakal omahe (Alame). Wong-wong kang ana ing sepur disengguh kancane nunggal saomah (dadi lali wiwitan, ora mikir kapriye pamburine). Iya bener wong-wong padha amor dadi sak enggon kaya batin tunggal sak omah, nanging ancase (lenging atine) ora padha, ana kang arep mudhun Yogja, ana Sala ana kang arep menyang Semarang lan sapiturute. Dadi enggone awor mung sadhela, bareng pisah ora temu-tinemu maneh (tangeh bisane ketemu) kaya ana ing sepur kaya iku, lan pepake kang kepethuk kaya iku, sawise padha pisahan lawas, tangeh kepingine marang sepur maneh. Saya tangeh maneh kapingine kepethuk ana ing sepur kang pepake kaya iku maneh. Dadi ya mung kalane kami sspuren bae kang karepa kumudu-kudu kaya iku.

WONG sajroning sepur anggone padha duwe ancas, kaprayitnan lan weweka, dadiya tuladha wong ana ing alam donya, ya kudu duwe tekad, kaprayitnan lan weweka, aja kongsi ketungkul kedonyanen.

ENGGONE padha kumambang ngrasakake kahanan sajrone sepur uga dadia pipindhan : wong ana ing donya kudu mung kumambang enggone ngrasakake kahanan donya. Kayata : wong nuduhake kabregasaning awak ana ing sajroning sepur marang kancane kang padha kumambang atine, iku enggone ora paedah uga kaya wong donya ngegungake pangkat, pangaji-aji, pangalembana, marang kancane kang bener bebarengan nunggal jaman, ora mupangati apa-apa, sawise ninggal ALAM DONYA.

SADHELANING wektu ana ing sepur lan adohing pisahe, saungkure saka sepur : uga dadi pepindhan gelise ana ngalam donya lan enggone ora ketemu-tinemu saungkure ing donya.

Wong kang lali udhune saka ing sepur, iku samangsa mudhun mesthi klereu, kayata : mudhun sadurunge tekan ing MADIUN.

Satekane ing stasiun kang dudu Madiun, tindak nggoleki dalem lan barang kangungane : tangeh lamun pinanggiha.

Wong numpak sepur lali yen bakal mudhun, ora mung kesasar bae, udhune nganggo kaget. Lagi dhemen-dhemene yasa pasarean lan tetemon karo bathine : dipeksa mudhun dening kondektur. Mudhun saka sepur, isih kumudu-kudu nggoleki pasareane lan kancane mau (sepure wis budhal adoh) : tangeh lamun kapethuka, nadyan sakiwa tengening stasiun diubres karo brebes mili.

Sarehne wis lali karo jejere lan ora prayitna bakal pamburine, tangeh yen nggolekana daleme ing Madiun.

Apa tegese kang linakonan ing wektu iku lan kapriye dadine lelakon kang mangkono : ora sumurup lan ora nggraita, ewa dene : ora kepingin sumurup lan ora golek panggraita. Sarehne pasarean lan kancane digoleki lan ditangisi meksa ora ketemu, kapriye maneh, iya kluyar-kluyur embuh parane. Dak upamakake : banjur priksa wong akeh pirang-pirang golongan padda rame-rame, banjur nyedhaki, priksa wong bungah-bungah, ana kang main, ana kang rembungan, padha golek butuhe ddewe-dhewe.

KANG rawuh saka sepur : kelu marang salah sawijining wong gegolongan, kayata : melu ngrasakake seneng wong nguthut kertu, nyemak ana mburine (ora niyat ngalih saka kono, dening kecancang senenge nyemak kartu lan ngrungu swaraning wong gumuyu ger-geran), kaya-kaya sajagad ora ana seneng kaya iku. Ora ana panggonan kang ngrasakake kajaba mung ing kono (wis supe pasareane lan kancane dhek mau, lan wis supe jalarane ana ing kono, dadi lali sangkan miwah paran), lali ngendi daleme, disengguh iku daleme, ora ngraita : apa iya apa dudu, ora ngrasa yen cilaka. Mangkono gambar kahanane wong ana ing alam donya.

Dhuh sedulur kang lagi lali, miyarsakna sindhen : eman-eman (dhuh kusuma) asaling manungsa iku luwih dening luhur (eman).

ΘΞΘ

Perangan 04
ANCER-ANCER SATHITHIK

WRUHANIRA ing angganing manungsa ana kang tansah eling ngrasa marang jejer; yaiku : rosing rasaning manungsa, kang aran : RASUL. Iku kalimput katutupan nafsu, kang wujud pancadriya.

Tekaning pancadriya (angen-angen, nafsu, kekarepan) iku bareng karo laire manungsa. Iku kang ngajak kerem marang donya, ngajak lali. Yen kasucenan, kalalantih bisane meneng, manut marang rosing rasa, iku rosing rasaning manungsa sangsaya lawas sangsaya krasa, kaelingane marang manungsa sangsaya terang, ing wasana bisa eling lan ngrasa marang purwa-wasana, ing kono manungsa kadunungan rasa nem-warna : 1. Ngungun, 2. Getun, 3. Keduwung, 4. Nalangsa, 5. Sukur, 6. Tresna.

NUNGUNG : dene kok mung sepele bae kang diburu manungsa iku.

GETUN : dening kalimpute manungsa sarta cidrane kang dirungkebi.

KEDUWUNG : dene ngrasa banget lawase anggone lali, lan anggone nerak wewalering uripe dhewe, anggone sereng duraka marang uripe, lsp.

NALANGSA : dene lawas nandhang papacintraka ana ing pepeteng lan panggonan asor.

SUKUR : dene wis eling marang uripe, rumangsa yen dheweke iku satemene luwih dening luhur. Kawasa lan sugih tanpa timbang.

TRESNA : marang date, ya uripe kang satemene, ya kang nguripi jiwa ragane, iya BAPA BIYUNGE NYAWANE KANG SABENER-BENERE, iya ANANE DHEWE KANG SATEMEN TEMENE.

Ing kono ngrasakake tresna kang ora kena kinaya ngapa, rasa liya-liyane larut kabeh, kendhih dening TRESNA, jagad sap pitu kebak dening TRESNA.

Mulane den eling marang JEJER.

Dalan marang kaelingan :
1. nyunyuda tumangkare nafsu hawa.
2. taberi ngupaya undhaking pangerti.
3. nggegulang rasa tresna.

ΘΞΘ

Perangan 05
BEDA-BEDANING DHAYOH
karo sing duwe omah

RASANING manungsa warna-warna : lara, kapenak, bungah, susah, dhemen, gething, legi, pahit, linu, pegel, asin, wangi…… kehe tanpa wilangan.

Iku kabeh rasa kang lunga teka, lire : ora ana, ora manggon.

Rehne lunga teka, kena diumpamakake dhayoh. Dadi manungsa kedhayohan ing sajroning atine sadina-dina. (E, dayohe teka).

Rehne ana kang lunga teka, iya ana kang tansah manggon, ajeg anane (yaiku kang duwe omah) kang nekseni sawarnane kang lunga teka mau.

RASAKNA (ematna) bedane kang ajeg anane karo kang teka, ing sajrone melek utawa turu. Yen rada katemu karo sing ajeg anane mau, cekelan kang kenceng. Gandhulana kang kukuh, etutna, aja nganti kelangan lari. Yaiku kang wajib kok tut saiki lan mbesuk. Marga yaiku kang tuduh marang rahayu lan kang perlu kok lakoni, tur ora tau luput. Yaiku kang tukang ngajak : eling bener, rahayu, nikmat, mumpangat ing donya lan akherat.

Kepriye enggone nggoleki? Yaiku kang ora gampang, awit kudu tlaten ngruruh sangkaning ririh, sarana taberi ngrasakake, nandhing-nandhing lan niteni, kanthi titi, surti, ngati-ati.

Uger-ugere : santosa ing budi.

Oleh-olehe niteni dianggo gegeran mbanjurake pangudine. Yen wis oleh pawitan samenir : diurip-urip murih mundhake dadi saklentheng, sabanjure diurip-urip dadiya sajagung, saklungsu lan sabanjure.

LAKUNE : taberi ngenebake banyu, kang nguripi sakehing rahsa kang pating sliwer pating gronjol kaya iwak ing siwakan (nentremake ati).

Sok uga kerep menebe, siji-sijining kahanan sajrone banyu katon silah-silah. Saya bening, saya terwaca, kang ing kono banjur bisa nandhing-nandhing lan niteni, endi kang dudu lan kang iya.

Saya lerem ubaling nafsu, saya katara. Salereming nafsu kari PRAMANA.

Manungsa kang sregep nggoleki pramanane, nadya durung nganti ketemu, ewa dene nadyani marang lelakone kerem benere, akeh elinge, cepak rahayune.

ΘΞΘ

Perangan 06
ORA ANA PANGLIPUR KANG ADEME
KAYA NGADHEPAKE ATI MARANG ALLAH

WONG kang nafsune lagi ngambah dalan saka mlarat marang sugih, kang dirasa mung prakara : mlarat karo sugih.

Bungah lan mareme yen bisa sugih, susah lan nggrangsange yen isih mlarat.

KANG isih mlarat ngunandika : O…, aku kok ora sugih kaya si anu, omahe gedhong kebak isine, seben dina nunggang montor, plesir karo anak bojone, panggone sarwa endah, nggembol dhuwit akeh, parine pirang-pirang lumbung, sawahe pirang-pirang bau, pekarangane amba, akeh karang kitri karang-kirnane, ndhadekake kajen-keringane ing saenggon-enggon………….. Ah, mangsa ana kabegjan kaya wong sugih.

Dak upamakake : kang ngresula lan meri wau wis klakon dadi sugih, sawise menganggo sarwa endah banjur jagong ing omahe penggedhe, kumpulan karo priyayi, nanging lungguhe ana ing papan kang seje, sarta ora pati digape, marga asor pangkat lan asline. Ing saiki apa kang katon ing nafsune?

Dalan saka mlarat marang sugih wis diungkurake dening atine, wis ora katon ing pangangen-angen maneh, mung dalan saka asor marang luhur, katon nyolok mata. Iku kang dadi gagasan, thukul pangresulane : O, Allah, puluh ngangoa benik mas, tretep jalebrah, pendhok sinelud, sawitan babaratan Sala, wong papanku ana ngisor awor lurah desa. Gek para priyayi semune ora ana kang merduli marang aku, kabeh-kabeh padha nyingkur.

Dak upamakake kang mesgul mau lakining napsune salin dalan. Kang diambah saiki dalan saka asor marang luhur, tegese : ngudi marang kaluhuraning pangkat, satekane ing kaluhuran (dhuwur pangkate), dalane trajangan karo dalan saka bodho marang pinter. Kang katon mung prakara bodho karo pinter, prakara luhur karo asor wis ora dirakake maneh, awit ing kono rumangsa dianggep bodho dening para mudha kang padha mateng pasinaone, ing pamulangan luhur. Ing kono malah dicampahi enggone mendem pangkat lan pakurmatan. Banget wirange, sarta ngrasa cubluke bareng kumpul karo para ulah kawruh, ora bisa urun rembug, dene sarwa ora ngerti, wekasan isin enggone mung dhemen marang pangalembana lan pakurmatan thok.

Dak upamakake maneh, kang isin mau salin dalan maneh, ngudi kapinteran. Sawise pinter, banjur ngresula sarta isin, marga dicacad : ora bregas, ora luwes, ora ngresepake, ora diluluti, utawa dicacad : kidhung, kaku, kumel, wagu, lan sanunggalanipun.

Dak umpamakake maneh : wong mau ngudi maneh kongsi bisa : bregas luwes, mrakati sapanunggale. Sawise katurutan, banjur ngresula maneh marga kacacad ora anu ora anu. Mangkono sateruse, dadi kaya wong bingung, tansah solan-salin kang diangkah, kagawa saka enggone ora duwe : tekad kang sawiji.

Dalan-dalan mau dak umpamakake, enggone trajangan mubeng bisa temu gelang, ngubengi palemahan jembar.

Tengah-tengahing palemahan jembar dak umpamakake : ana omahe aran : katentreman, yaiku omahing atine si-bingung kang lumaku urut pinggir mau (dalan warna-warna, ngibarat : rahsaning manungsa kang warna-warna. Omah , ngibarat : rasajati, rasa ketentraman).

Upamane lakune gelem saya manengah, saya suwe cedhak karo omahe. Ora pijer nonton dalan kang nggimirake (mareni watake kang kudu nandhing sugih miskin, luhur asor, ala bagus, bodho pinter, sapanunggale, kang ancase kanggo nggunggulake dhiri). Wasana salin dadi ayem tentrem nrima, sirna tetandhingan dhiri sajroning atine, gumulung marang pribadi kang tunggal.

URUT pinggir dalan kang diambah mau, saenggon-enggon ana trabasane marang omahe, nanging akeh eri lan grumbul. Upama sumurupa omahe ana satengahing papan jembar, lan keconggah nrajang eri lan grumbul, enggal bisa tekan ing omahe, nanging arang banget kang bisa, kang akeh keblasuk, kesasar, ora bisa mulih, mulane panuntuning para Nabi : manungsa enggone ngudi kasampurnan, ora dipurih nrabas (tanpa marang gunung, utawa majnun), dipurih ngambah dalan, nanging kudu :

1. ajo kongsi keplantrang.
2. lakune dipurih manengah.
3. dipurih kerep ndeleng pernahing omahe.

Jlentrehe makaten :

  1. Aja keplantrang, lire : aja kelancutan enggone golek kasugihan, kapinteran, pangalembana, cukup : saperlune bae.

  2. Dipurih saya manengah, lire : saya nyedhakana omahe (maju ngiras manengah), dadi sajroning nggoleki kasugihan, pangkat, kapinteran lan sapanunggale nyambi ngudi kawruh kasmpurnan.     D

  3. ipurih karep madhep pernahing omahe, lire : saben dina nemtokake mangsa, kanggo nglalekake kadonyan, perlu kanggo enget marang Pangeran. Upama ing wayah surup srengenge, ngadhepake atine marang Allah. Dadi dalan saka mlarat marang sugih, saka asor marang luhur, sapanunggalane, kang dununge ana ing lair, kaungkurna.ATI ngungkrake LAIR, ngadhepake BATIN (nganggep sawiji mung pribadi kang ana).

Dene paedahe ora enggal sayah dening kebanteran lakuning pancadriya, mbudi marang kelairan. Ping pindhone : akeh lipure, dening nalika madhep marang Allah mau, ora nonton dalan marakake : kenyut, kaget, meri, ngresula sapanunggalane.

Kang katon ing ati mung dalan marang katentreman (lagi katon dalane bae, wis krasa adhem).

Adheming ati ngenger marang Pangeran, manawa katimbang ngegere donya, kaya wong ngenger marang bapa biyunge dhewe katimbang karo ngenger marang wong liya.

Wong kang kandel piyandele marang,
Allah ndilalah sirna uwas sumelange.
Wong kang tresna kanthi wedi
nerak wewalering Allah,
ndilalah sandhang pangane kekinthil,
adoh sang sarane,
cepak rahayune.

ΘΞΘ

Perangan 07
WAYAH NGASO (MENENG)

Kira-kira :
Jam 7        –     8 sore.
Jam 4.30   –     5.30 esuk.
Jam 12    –    2 bengi.

Perlune : I : Ngleremake urat kang alus-alus, menenga kedhere. Upama kawat clempung, ora tansah dijawali.

Perlune : II : Ngaringake angin, kaya pindhane diyan kang maune kanginan mobat-mabit, banjur didokoki semprong. Dadi padhang, kukuse suda, lakuning angin sarenti saka ngisor mandhuwur.

Perlune : III : Ngenepake banyu, mapanake cipta ripta, murih mapan sarta katon silah-silahe, kepilihan kang becik, kaya sada kang morat-marit diejumi (ditata). Diesuhi, karosane didakekake siji. Banjur mantheng nuju kang sawiji, ngetut rasa sawiji.

Angka III, iku mesthine ing wayah esuk karo bengi, yen sore angka I lan II. Sing wigati, mangkono mau digawea ajeg, dianggowa laku, didadekna : cara, kaupamakna wong adus, jungkatan, nyapu, umbah-umbah, kang padha linakonan ing saben dina.

Dene prakara kang ngajak metu saka wewengkoning kawruh kabatinan, kang adhakan yaiku :

1.     Prakara butuh (dhuwit, pari, utang , lsp).
2.     Karameyan (kabregasan, duwe gawe, lelungan).
3.     Prakara panggaweyan (ing kantor, ing sepur, ing alas).
4.     Prakara kasusahan (lara, kepaten, pakewuh).
5.     Prakara kanafson sapanunggale.

Kabeh mau ngajak mlesat saka wewengkoning kawruh kabatinan. Mula yen ora nganggo pranatan meneng ana ing wektu kang katamtokake, kaya kang katulis ing dhuwur mau, saya lawas saya adoh nyamut-nyamut. Upama dhek biyen wis oleh bibit sathithik meksa rekasa enggone nggoleki. Mula kudu ajeg. Bisane ajeg wiwitane saka dipeksa, lawas-lawas lumaku dhewe.

ΘΞΘ

Perangan 08
BENER KARO BECIK ORA BISA TINEMU
SAJRONING REREBUT ORA KATON SAJRONE LELAMUK

Manawa ratu nibakake paukuman kanthi duka, iku ora bakal adil paukumane.

Yen wong calathu karo nafsu, ora bakal pratitis calathune.

Yen wong ngandhakake beciking liyan katarik saka dhemen, ora bakal resik pangucape.

Yen wong ngandhakake alaning liyan katarik saka gething, ora adil pikirane.

Wewaton ing dhuwur iku dadi tanda yekti, yen manungsa arep sumurup bener lan becik kanthi patitis, kudu ngleremake dhisik nafsune kang lagi seru kedhere, utawa ngenebake banyune kang lagi kocak sarta buthek.

Yen banyu wis rada meneb, utawa nafsu wis lerem, pangucap, panemu lan kira-kirane lagi bisa bener.

Aja kleru tampa : wong dosa di ukum, wong becik dikandhakake becike, barang ala dikandhakake alane, nanging bisane sumurup marang bener manawa ora kaling-kalingan ing lumuk. Bisane tumindak bener, mung yen lakuning pancadriya ora diplesedake saka garising bener, dening obahing napsu.

Sarehne manungsa iku gedhe cilik padha nggoleki BENER, mula BENER IKU MUNG SIJI MULA NGANTI DADI REBUTNE WONG SAJAGAD. Mulane saben manungsa kabeh bae, kudu sumurup marang DALANE BENER.

Dalane, yaiku : mbeningake banyu, utawa ngleremake nafsu, supaya tukang tuduh marang bener kang ana ing sajroning atine.

TUKANG TUDUH MARANG BENER ANA ING SAJRONING ATINE SADHENGAH MANUNGSA KETARA CETHA, ora ketutupan ing butheking banyu utawa disimpangake ing pancadriya.

Saweneh manungsa sok ngalem marang agama iki, nacad agama iku, mbecikake Nabi kiye, ngalakake Nabi kae, mbenerake ngelmu iki, ngluputake ngelmu ika, sapanunggalane.

Kang nganggit layang iki, ora nandhing agama, Nabi utawa ngelmu. Semono uga ora ngluputake lan ora mbenerake marang kang nandhing agama, Nabi utawa ngelmu, mung atur rembung mangkene : Manawa anggone nandhing agama Nabi utawa ngelmu mau temen-temen sumedya golek bener sarta pratitis, aja kongsi ora taberi ngleremake pancadriya nganggo mangsa kang wis katamtokake, supaya tukang tuduh marang bener (budi lan rasa) ora katutupan lamuk kandel, jalaran diubek-ubek rina wengi tanpa leren, sarta pirang-pirang taun.

Upama ora kersa ngulinakake meneng (luwih-luwih upama ora kersa ngleremake geneping telu), mangka nandhing agama, nabi utawa ngelmu, iku ora susah sumelang maneh yen ora bakal bener, jer ora bisa selak maneh anggone ngawag, yaiku mung manut obahing nafsu, kaya lakuning tunggangan, ora saka pituduhe kang nunggang.

Saweneh manungsa ngalem utawa nacad, mbenerake utawa ngluputake marang pakumpulan Theosofie, ngelmune kayai anu, bendara anu, tuwan anu, panemune si dhadhap, panemune dhewe, layang anu, kitab anu, lakune si Suta, lakune dhewe………. lan liya-liyane, banjur netepake : kae bener, iku luput, kiye bener, kuwe kesasar, iki becik iku ala.

Kang nganggit layang iki, ora ngluputake wong nandhing, ngalem utawa nacad, mung atur pamrayoga kanthi wanti-wanti : Sarehne prakara iku banget ing rungside, ora kena pisan-pisan sajak gumampang/kaselak kumudu mbenerake pangandikane dhewe, nanging kudu surti, titi, ngati-ati, tlaten ngrasakake sajroning pancadriya lagi lerem, lantaran taberi ngangkah lereming pancadriya.

Dene kang minagka saksi yen tlaten ngempakake rasa lan ngleremake pancadriya, yaiku enggone nemtokake wektu kang dienggo meneng, murih pancadriya selawas-lawase ora bisa tumangkar, marga tansah jinaga, kagocekan kendhaline rina wengi.

≈∆≈

Sawise eling, aja mung,
eling thok, kudu dikantheni tresna.
Eling wajibing budi,
tresna wajibing rasa.
Enggone tresna nganggo ati sanubari.

ΘΞΘ

Perangan 09
PAEDAHE ELING TRESNA
MARANG ALLAH RINA LAN WENGI

WONG kang ka-elingane marang Allah mung yen dhong lara utawa dhong kesusahan bae, iku panangise ing atine, ora pati katrima, sabab yen mangkono, enggone eling iku, sejatine saka kapeksa. Upama ora lara/susah, iya ora gelem eling.

Kang mangkono iku, pratandhane, yen ora kadunungan tresna. Upamakna : ana wong, geleme becik marang kang maos layang iki, mung yen nuju ana perlune bae, lah apa maos iki tresna marang wong kang kaya mangkono.

Kang gumelar iki dadi tuladha : sapa asih ingasihan, sapa weruh wineruhan, sapa temen-tinemenan. Kabeh mau mung mbalekake panggawene dhewe-dhewe.

TRESNA

Sawise eling, aja mung eling thok, kudhu dikantheni tresna.

Eling wajibing budi, tresna wajibing rasa. Enggone tresna nganggo ati sanubari. Yen mung nganggo ati puat, durung tresna temenan, isih tresna-tresnanan, panthenge isih marang butuhe dhewe (butuhe : wong).

Tetanginen panggalihmu, aja bosen ngupaya ngerti, murih MANGERTI lan NGRASA : ALLAH iku sapa, lan kepriye trape mungguh wujudmu lan rasa pangrasamu.

Sok uga mangerti temenan, iya ngrasa, banjur kathukulan tresna, sanajan mung sapucuking tugi (sunguting gabah).

Saweneh wong madoni : wong durung weruh kok kon tresna, iku tumandanging pikir atinggal budi.

DAYA KANG GEDHE DHEWE

Kandel-kumandel marang Allah iku sawijining kekuatan kang ora kena diukur manungsa, mungguh gedhene lan paedahe.

NIKMAT KANG GEDHE DHEWE

TRESNA marang ALLAH, asih marang sipat (dumadi), iku sawijining kanikmatan kang ora ana pipindhane, wot marang sagara rahmat kang langgeng.

Apa tengere tresna nganggo sanubari :
KADUK RASA, KURANG LEASAN (ucap, gunem).
KADUK ELING KURANG LALI.
WEDI NERAK WEWALER LAIR BATIN.

Prakara kang perlu dipengeti.

Sumelang marga kurang mangan, uwas dening kasangsaran iku sababe saka tipise pangandele marang Allah, sarta saka ora duwene tresna marang Allah babarpisan, tibane banjur doyan nerak wewalere Allah ing lair lan bati.

Wong kang kandel piyandele marang Allah, dilalah sirna uwas sumelange. Wong kang tresna kanthi wedi nerak wewalering Allah : dilalah sandhang pangane kekinthil, adoh sangsarane, cepak rahayune,

mBok manawa saiki bisa nggoleki
sababe kang kasebut ing
ngisor iki.

Saweneh wong sregep puji dhikir lan nyebut asmaning Allah saben dina : kok kanggonan uwas lan sumelang, sarta isih cepak sangsarane.

Si Suta lara lan susah, nuwun marang Allah, ora mari-mari larane, ora sumingkir susahe.

Si Dhadhap pasrah marang Allah, kadadeyane malah katiwasan, ngalah malah di idak-idak.

Si Waru pinter, Baud mumpuni ing guna srana, akale memet kaya kancil, ewa dene nemu sambekala/kacilakan bae.

Sok uga bisa nitipriksa kang titi, ing kono ketemu suwadine :
1.     Sabab ucape mung ana ing njaba bae.
2.     Sabab panuwune mung dhong lara lan susah bae.
3.     Sabab doyan nerak wewalering Allah, ora rumangsa.

Begja cilaka saka panggawene dhewe, ujar mangkono mau mula bener banget, mung manungsa kang ora gampang bisane ngrasa marang ala lan lupute, marga banget kasar lan petenge.

Allah iku adil : uga ora gorohan. Temenan. (WONTEN CANDHAKIPUN….)

ΘΞΘ

Sumber :
Kapethik saking Serat Madurasa, Ca-capan I. Penerbit : Yayasan Djojo Bojo Surabaya, tahun 1985.

Amit pasang kaliman tabek, kawula pun Kumitir nyuwun idi palilah dumateng priyagung tanah Jawi ugi para sarjanadi, bilih kawula namung sadermi ngelingaken kemawon lan angleluri kabudayan Jawi supados mboten kasilem ing jaman, boten sanes namun rasa tresna kawula dumateng budaya lan sastra tilaranipun para leluhur Agung Tanah Jawi. Wusananing atur, mugya saged migunani dhumateng para maos ugi sutrisna budaya Jawi, bilih wonten galap gangsuling tembung, para winasis lan sarjanadi kaparenga paring angunging pangaksami dumateng pun Kumitir. Nuwun.


17 Comments

  1. nyuwon sewu engkang katah…………
    kulo empon maos lan empon kulo resapi…nangeng kkulo anggep sedoyo taksih kulitipun!!!!!!
    la ISI dipun deleh teng pundi/nopo bap pinten?
    nyuwon sewu lek mbok menawi kulo lancang!……………….

  2. Man Sengkuni

    Nderek sinau mas, nyuwun palilahe nderek sinau….

  3. munadi

    Derek nguri-nguri bokmenawi ing mangke dados seserepan ingkang sanget migunani. Matur sembah nuwun Mas Kumitir.

  4. wila

    terimakasih sekali mas, meski sedikit sekali yang bisa saya mengerti krn bahasa jawa pas pasan tapi cukup menambah wawasan saya, akan lebih menyenangkan barangkali kalau ditulis juga dlm bhs Indonesia biar anak saya jg bisa mempelajari budaya nenek moyangnya, krn setiap saya suruh baca ‘mana aku ngerti’ katanya he he he…suwun

  5. mBejujag

    matur nuwun sanget mas Kumitir, kanti serat MADURASA meniko nggugah tilem lan pedhut sumingkir mergi dados padang. mugi GUSTI tansah paring pangayoman ugi karaharjan dumateng panjenengan sagotrah sumrambah kadang2 sedaya. mtr nuwun

  6. SUNARYO

    Top markotop mas!

  7. soedjono

    Mas Kumitir, kula saweg ngungun pinanggih panjenengan, kok wonten priyantun ingkang tlatos ndudhah pustaka aji kados ingkang sampun kawedar. . .ngedap-edapi saestu . . .mugi Gusti Allah tansah paring hidayah mring panjenengan nglajengaken lampah utami puniki . . . Amin!

  8. angon

    kuncine ngaji rasa iku niteni kanti teliti lan ngrasakake kanti nyawiji, itulah yang bisa saya petik dari tulisan di atas. nuwun mas kumitir, awit seratan puniko saged dados pepeling kangge awak kula piyambak

  9. Kanthi lantaran rasa tresna dateng budaya lan sastra agung ing tanah Jawi, kula ngaturaken pangabekti dumateng Mas Kumitir saha para sutresna budaya lan sastra jawi ing Alang Alang Kumitir puniki. Mugi tansah kasinungan pepadang lan karahayon wonten ing alam dunyo dumuginipun akherat, nuwun ……

  10. pranawa

    Katur dumateng Mas Kumitir, kawulo ngaturaken gunging panuwun… menawi wonten candakipun kawulo tansah nenggo.

  11. sururi arumbani

    matur nuwun sanget mas kumitir….ini naskah yang simple tapi dalem….membumi…semoga kita semua bisa mengambil hikmahnya….

  12. Mas aku ijin share ya… candakipun kapan tho… nuwun..

  13. djamaludin

    nuwun

  14. om budi

    sugeng dalu mas kumitir, kulo namung saget matur gunging panuwun, mugyo panjenengan tansah sabar anggenipun mbabar seratan2x pituturipun, salam taklim saking kulo, kulo tengo lajenganipun nuwun

  15. codot

    mas kumitir, aku kok ga begitu mudeng! tp ada beberapa yang ” dapet “. masih butuh banyak belajar lagi bahasa jawa terutama jawa alus ‘ kromo inggil ” padahal aku wong njowo asli. hehehhe. ty mas.

Trackbacks

  1. Pohon Baobab, Pohon Besar Yang Kelihatan Terbalik - Info - Artikel Unik, Lucu, dan Menarik
  2. 12 Gambar Mikroskop yang Menakjubkan - Info - Artikel Unik, Lucu, dan Menarik

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: