alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SERAT MADURASA (III)


Perangan 20
Bab mratelakake :
KAREP, SIR, TEKAD SARTA GAGAYUTANE

(A)

Gumolong karep katarik ing S I R.

Runtuting “sir” katarik ing T E K A D. (x)

Manawa wong ora duwe pangaweyan, atine sok krasa kasumpet, sarta bingung kewuhan lakon, kayata :

Sadhela-sadhela mikir apa kang dikarepake. Terkadhang krasa nyut arep mangkene, nanging ora pati mantep, banjur nyut arep mangkene, ya ora mantep ora gumolong, iku apa sababe. Sababe yaiku PERANGANING KAREP (ADON-ADON) padha pradondi. Saperangan ngajak mangkene, perangan liyane uga ora gelem diajak, ora sarujuk.

Adon-adon kang pradondi utawa ora sarujuk lumrahe, kaya dene ubak-ubak, awit agawe mubaling adon-adon kang akeh-akeh, kang maune ora obah, banjur nglimputi RASA ngaling-alingi padhanging budi. Saya kesuwen anggone pradondi, saya gawe petenging engetan, lan saya rupa-rupa thukuling kenyut.

Manawa wis ana SIR kang kenceng, sarta banjur NGLAKONI sawijining pagaweyan, lah iku lagi gumolong, adon-adon sarujuk, padha lumaku nunggal paran, awit kabeh LAKUNE NGENUT MARANG SIR. Dadi kaya banyu kang MILI, ora kaya di ubak-ubak maneh.

————————–
(x)

Kakrepan saka dayaning : nafsu.
Sedya utawa ancas, saka : sir.
Tekad, saka dayaning : Rasa (rasul).
Papadhang ing nafsu : manas asor (roh kewani).
Papadhang ing sir : pikir (roh rohani).
Papadhang ing rasa : budi (roh ilafi).
Tekad ….. upamakna : pokok = (deleg).
Sir upamakna : dahan = (epang gedhe).
Kakarepan upamakna : cabang = (epang cilik).
Bendana (lageyan) upamakna : ranting = (epang cilik banget).

Sasuwene durung tumeka marang prakara kang diesir (sasuwene durung katekan ancase) adon-adon isih sarujuk gumolong padha ngetut lakuning sir, dene yen wis katekan ancase, iku sing banjur mandheg, ing kono adon-adon kang mujudake karep asring pradondi MANEH, sabageyan ngajak mangkene, sabageyan ngajak mangkono, kena kaupamakake : kewan warna-warna dicancang dadi siji, ora bisa pisah nanging sulaya padha eneng-enengan, watake siji lan sijine banget sulayane, sarta padha duwe karasan dhewe-dhewe, kang dietut ing adon-adon. Mengko yen wis kaleksanan maneh kang di esir, bingung maneh, sabab adon-adon pradondi maneh. Kaya mangkono bola-bali : tansah pradondi, gumolong, pradondi, gimolong……….

Olehe pradondi yen wis ketulungan ancase, gumolong yen durung katutugan, (iku yen rinasa rak iya aneh ta, dene katekan sire mung marem sadhela, banjur nganakake pradondi, sarta bingung maneh dupeh wis katutugan. Aluwung nalika isih lumaku, (durung katekan sejane) ora ana pradondi utawa bingung, ati kapenak, engetan padhang).

Mara, pitakon ing ngisor iki pinikira wangsulane kapriye :

1.     Sarehning saben katekan sire banjur nganakake bingung gumolonge yen durung katekan — samengko katakokake : APA MILIH ORA KATEKAN ESIRE BAE, supaya ora pradondi utawa bingung?

2.     Sarehning saben lakuning pancadriya leren nganakake pradondi, enggone rujuk mung yen saben lumaku, katakokake APA MILIH LUMAKU BAE ORA LEREN SALAWAS-LAWASE? (Emoh ngaso, mundhak pradondi).

3.     Kapriye lakuning pancadriya murih salawase tansah gumolong, ora kerep kaseselan ing pradondi, bisaa kaya banyu kang ajeg iline?

4.     Kapriye bisane pancadriya leren utawa ngaso kanthi ayem tentrem, tanpa diregoni ing pradondi (apa pancen wis kudu mengkono, ora bisa yen ora mangkono)?.

Mungguh sababe kakarepan sok ora gumolong ora liya marga KAONCATAN ING SIR, awit sir iku kang dadi panuntuning kakarepan, dene kang dadi sababe sok kaoncatan ing sir yaiku : sok solan-salin sir kang nunggal tuju (maksud), kaupamakna : khewan warna-warna kang kacancang dadi sawiji mau panuntune tansah solan-salin, marakake asring kandheg, kandege saben ganti kang nuntun (ganti sir). Sasuwene mandeg, khewan warna-warna kapiran, polahe tanpa pranatan, dening tininggal ing panuntun. Dene sababe sir sok solan-salin, sarta ora nunggal tuju, awit sir sir mau uga ora padha watake (ora padha esire) ndhadekake menggak-menggoking lakune khewan warna-warna kang katuntun, kena kaupamakake : punggawa kang lurahe solan-salin sarta watake dhewe-dhewe. Ana dene kang kang dadi jalarane sir ora sarujuk yaiku : sir warna-warna mau ORA KAPARENTAH ING TEKAD. Yen manungsa kadunungan tekad, mesthi duwe PANGUDI ora kena ora SAKEHING sire LAKUNE MANUT MARANG TEKADE, awit tekad iku PANUTANING SAKEHING SIR. Dadi ringkese, kabeh mau : SABAB URIPE SUWUNG TANPA TEKAD, dadi TANPA PANGUDI, temahan sire padha pating blasak, nganggo watak dhewe-dhewe, dening tanpa panuntun iku mau, ndadekake solan-saline kang diancas, (solan-salin kakarepan kang ora nunggal maksud). Saben salin kang dituju, ana wektu prodadining pancadriya lan laraning adon-adon kang kasasar.

Wong kang duwe pangudi marang kasampurnan, kang temen pangudine, kakarepane salawase ora tau ora gumolong, kaya banyu kang mili saka ing etuk bakal wutah ing sungapan, ora kaya banyu kang diubak-ubak mangiwa nuli manengen, mangetan nuli mangidul, lan ora kaya banyu kang pating sareweh (kerep kang enjah-enjahan) uga ora kaya banyu mambeg (matuh marang bodho.

Yen dirasa bola-baliya pancen kliru banget wong kang ora duwe pangudi marang sangkan paran iku. Gek kepriye wong kang dilakoni ora mangerti marang tegese, dadi lakune mung janji lumaku. Satekane ing enggon kang jinujug, dadak ngulari parlu golek-golek kang endi kang prayoga diparani, dadi : SAKA NGENDI AREP MARANG NGENDI : ora dirasa-rasaa. Sing sapa bisa ngrasa kanthi rasa, ing kono krasa lan rumangsa yen lalakoning manungsa ana ing ngalam donya (alaming maya) padhaning wong ngimpi utawa nglindur.

Wong kang ngudi kasampurnan, mulane karepe tansah gumolong, awit sakabehing SIRE ngetut marang TEKAD sarta sakabehing karepe manut marang SIRE. Dadine kakarepane kabeh nuju marang tekade. Dene tekad iku : SAWIJI TANPA PEDHOT tartamtu bae lakuning pancadriya tansah ajeg, ora pijer kasalinan ing pradondi.

Kajaba saka ajeg gumolonge, samangsa-mangsa yen pancadriya diajak leren, utawa ngaso (esuk, sore utawa bengi), adon-adon ora sugih polah, awit kewan warna-warna mau tansah dilalantih ORA NGANGGO watake dhewe. Dikulinakake manut watake kang nuntun, dadi samangsa kang nuntun meneng, uga gampang dipurih menenge, nadyan ora bisa meneng temenan, nanging katimbang sulayane : akeh runtute. Katimbang obahe : akeh menenge. Malah yen wus banget miturute, ana kalane MENENG BABAR PISAN. Apa maneh yen ngasone wis ana ngomahe (alam katentreman) kang nuntun wis mari nyekel kendhali lan pecut, kari ngrasakake RASANE DHEWE.

Eleding catur mangkene : ngupaya wisma kang sajati, nuruta dalan kang bener, nglebura tapak tilase wong kuna kang wis bisa, nungganga pancadriya, dibisa ngereh. Kendhaline cekelan kenceng, sambuke tamakna saprelune, arahen sarujuke, lan manut miturut, supaya kena di prentah, sarta yen pinuju ngaso sugih polah.

ΘΞΘ

Perangan 21
KAKEPAN KANG MANUT SIR

(B)

Wisuh, lungguh, njupuk piring, njupuk sendhok, nydhuk sega, njupuk lawuh sapiturute, iku siji-sijine awujud karep cilik, (katembungake : kekarepan) siji-sjine nuju marang SAWIJI, yaiku MANGAN.

nJupuk slepi, metokake bako, nggunting klobot, ngegarake lading, muwur menyan, nglinting rokok, ngrogoh erek, ngerekake, ngempakake geni, sapanunggalane, kabeh nuju marang sir SIJI, yaiku : U D U D. Sapanunggalane.

ΘΞΘ

Perangan 22
SIR WARNA-WARNA TUMUJU MARANG TEKAD SIJI

(C)

1.     Mangan kanggo pikuwating badan (ora kanggo enak-enakan). Gunane pikuwating badan kanggo ngupaya pangreti dalan marang papadhang, kanggo netepi wajibing urip, golek kasil kang dadi lantarane bisa ngleksanani tekade (diprayitna lo aja goroh batin).

2.     Srengen utawa ngukum marang wong kaluputan, murih marenana, dadiya becike, iku mbeciki sipating Allah, kalebu wewengkoning tekad (diprayitna : aja goroh).

3.     Tatanen, dol tinuku, prelu kanggo kaslametan sarta tetulung, (ora kanggo sugih-sugihan, utawa bungah-bungahan) rumeksa kaslametan sarta tetulung, iku wewengkoning tekad. Diprayitna : (aja goroh).

4.     Gawe kabecikan kang ora ngarah pangalembana, ngudi kapinteran kang ancase ora ngarah diarani pinter, golek asil kang nacase ora golek bungah, nyandhang patut kang ancase ora ngarah kapriye-kaproye, sapanunggalane, iku kabeh sir kang nuju marang tekad.

Saben ana sir, becik dirasa, maksude apa, nuju marang tekad apa ora. Yen ora, aja sida, pratandha yen simpangan. Yen nuju marang tekad, katindakna kalayan duga-duga lan prayoga, murih ora kelacuten, utawa mbaleset saka tekad.

ΘΞΘ

Perangan 23
IKI TULADHA :
KAKAREPAN KANG NYIMPANG SAKA SIR,
MARGA KATUT ING NAPSU ASOR KANG TEKANE DADAKAN

(D)

Mas Anu diaturi dhahar ora kersa, karsane mung nggadho balur. Bareng krasa kasinen, mundhut sega sathithik, krasa enak : mundhut jangan sathithik, mundhak enake : kawuwuhan sega sathithik engkas. Woring rasa balur, sega lan jangan narik liyane maneh, sabanjure dadi dhahar.

SIRE kang mau mung arep dhahar balur thok, sababe mundhut sega sathithik katarik dayaning RASA ASIN, dadi  si asin kang narik sega. Bareng woring rasa asin lan rasaning sega nganakake RASA ANYAR, banjur nganakake KAREP ANYAR : mundhut jangan. Woring rasa tetelu ya mujudake rasa nayar maneh, kang nganakake karep anyar maneh, sapiturute.

Eleding gunem : tuwuhing kekarepan kang cilik-cilik, kang nyimpang saka sir iku katarik dayaning rasa kang teka dadakan, (dhayoh), yaiku : tumandanging napsu.

Karep cilik-cilik iku reh-rehaning sir, dene sir dadi reh-rehaning tekad (Rasa). Kang mangkono iku kahananing manungsa kang wis bisa ngereh marang pancadriya, yaiku manungsa kang wis bisa nganggo wataking Rasa lan Budi. Sir lan kekarepane mung dadi piranti bae.

Dene manungsa kang durung bisa ngereh pancadriya, ora bisa nganggo wataking Rasa lan Budi. Marga isih kagedhen kakuwataning nafsu lan roh khewani, kakurangan dayaning Rasa lan Budi, temahan sire warna-warna ora nunggal maksdu, ora tumuju marang tekad, ka-aranan : nyaleweng. Kajaba sir-sire padha ora manut marang tekad, kakarepane uga ora manut marang sire. Kakarepan kang ora manut sir, arane tumangkar utawa sumebar. Wong kang kerep nyaleweng lan tumangkare, diarani pepeka, padhane nunggang jaran, kang nunggang jaran kalah karo jarane, katut kareping jaran, kang nunggang kuwalahen, sisip semire lakune ora marang panggonan kang sineja dening kang nunggang, blasakan ora karuwan parane. Kabeh iku sabab tunggangane ora diajar, wekasane kaduk pakan, kurang kenceng kendhaline.

Sing sapa ngudi ngereh pancadriya, prelu ngulinakake : AJA NYALEWENG LAN TUMANGKAR. Sabab iku kembanging sasar, saranane kudu kerep ngulinakake ngempakake Rasa kang alus, nyuyuda rasa kang kasar.

Kang marakake karep sethithik dadi ngambra-ambra utawa mrambat-mrambat, (diwenehi sakilan njaluk sadhepa), ora liya saka kelu rasa kang teka dadakan, kang ngajak nyimpang saka sir.

ΘΞΘ

Perangan 24
SIR WARNA-WARNA KANG TUMINDAKE TANPA TEKAD

(E)

Saiki golek bungah sarana MANGKENE. Mengko utawa sesuk, yen wis bosen, golek bungah maneh, salin ada maneh MANGKENE, sapiturute. Dadi : sajege mung arep golek bungah thok-thok, yen wis oleh bungah, ya wis judheg, jer sire ya mung golek bungah iku bae, ciptane : wong urip sing digoleki apa yen ora bungah, mumpung isih urip becik bungah-bungah lan ngenak-enak, besuk yen wis mati mangsa bisoa bungah.

Tuladha liyane : gelek kapinteran, kawasisan, kaprigelan karosan, kaprawiran, kasenengan, kasekten, kadigdayan, kanuragan sapanunggalane, kang sire dienggo ngunggulake dhiri, ngungkulana sapadha-padhane, lan dianggo njurungi pangarep-arepe ngrasakake kadonyan.

Tuladha liyane maneh : ngapalake dongeng-dongeng, ngelmu-ngelmu lan unining kitab, kang sire murih bisa aran sugih ngelmu.

ΘΞΘ

Perangan 25
SIR KANG NYIMPANG SAKA TEKAD

(F)

1.     Wong ngudi kasampurnan mangan enak, perlune kanggo pikuwating badan, ngiras kanggo enak-enakan, utawa : mangan kanggo enak-enakan, AWAT-AWAT KANGGO PIKUWATING BADAN.

2.     Wong kang duwe pangudi marang kasampurnan lunga nonton, karo anake, sebab kepeksa momong bocah nangis ngajak nonoton, NGIRAS DHEMEN DHEWE, utawa karep nonton dhewe, AWAD-AWAD KAPEKSA MOMONG BOCAH NANGIS NGAJAK NONTON, (AWAT-AWAT NETEPI WAJIBING URIP MOMONG BOCAH).

3.     Wong kang ngudi kasampurnan nglakoni main, tayuban, karameyan, melu bungah-bungah, AWAT-AWAT KANGGO NGENAKI SARAK, lagune ngenaki awak. AWAT-AWAT NETEPI TATANING PRAJA, lugyne netepi PAK PANCA (Ma 5, Rsd).

4.     Wong ngudi kasampurnan nglakoni panggawe becik, perlune netepi wajib NGIRAS GOLEK ARAN BECIK KANGGO MBUBUNGAH ATI.

5.     Wong ngudi kasampurnan saraseyan, perlu tarik-tinarik sarta gogosokan, NGIRAS NINDAKAKE PANGANGGEP DIANDELA YEN WIS SUCI NETEPI SARTA BISA.

6.     Wong ngudi kasampurnan, NGRASANI alaning liyan utawa : NGALEM MARANG beciking liyan, enggone ngrasani katarik saka GETHING. Nanging ora gelem diarani NACAT, njaluk diarani sa-BENERE, dupeh cocog karo nyatane, ujare kanggo tuladha. Ringkese : GOROH BATIN, utawa ORA SAWIJI TEKADE, iku kabeh sir kang nyimpang saka tekad.

ΘΞΘ

Perangan 26
IKI TULADHA
KAKEREPAN KANG TUMINDAKE TANPA TEKAD

(G)

Weruh potelot, dicaandhak kanggo orek-orekan. Bareng wis potelot diselehake banjur tabuhan utawa tetembangan, sawise iku banjur nyandhak watu kanggo nyawat manuk, nuli nyandhak gangsingan diubengake, sarta ngundang kanca arep diajak gangsingan, nuli mlebu ing omah weruh panganan, banjur mangan panganan, ora suwe weruh tekek, nuli golek kala arep dianggo ngalani tekek…….. sabanjure.

Tuladha liyane : Wong sugih katemben sumurup nagara gedhe, weruh barang warna-warna adi-adi, kang dituku rupa-rupa, awit kabeh dhemen, sarta duwe kesaguhan warna-warna yen besuk arep tuku utawa gawe kang mentas disurupi. Bareng wis mulih ing omahe, banget kaduwunge enggone tuku rupa-rupa kang ora maedahi, dene kesaguhan ora ana kang dituhoni siji-sijiya, wong liya padha niteni, nanging kang dititeni ora krasa.

Tetela saka kang kasebut ing dhuwur mau yen :
1.     ana kakarepan kang manut sir.
2.     ana kakarepan kang nyimpang saka sir.
3.     ana kakarepan kang tumindak tanpa sir.
4.     ana sir kang manut marang tekad.
5.     ana sir kang nyimpang saka tekad.
6.     ana sir kang tumndak tanpa tekad.

ΘΞΘ

Perangan 27
KAHANANE WONG CATURAN

(H)

Wong kang wis rada pramana, bisa niteni kahanane wong caturan, mangkene :
1.     Ana ucap kang thukul saka : Rasa, tansah tumindhak manut Rasa.
2.     Ana ucap kang thukul saka : Rasa, nanging banjur kasimpangake sir.
3.     Ana ucap kang thukul saka sir, ninggal Rasa.
4.     Ana ucap kang thukul saka sir, kasimpangake ing napsu.
5.     Ana ucap kang thukul saka napsu thok, ninggal sir.
6.     Ana ucap kang thukul saka roh jasmani tulen tanpa seja lan ora krasa.

Wong sadurungr calathu, terkadhang wis ana SIR kang arep dipratelakake, nanging tengah-tengahing calathu digodha ing karep cilik-cilik kang teka arebut dhucung, jalaran tengah-tengahe calathu katekan rasa anyar, (kenyut warna-warna kang teka dadakan) saben kenyut siji nganakake karep cilik siji. Kenyut iku enggone wujud rasa anyar, ora beda karo rasa woring balur lan sega, rasa WORING balur, sega lan jangan. Panyaringing angin kang ora tata nalika calathu, dayane uga ngobahake banyu, mbanterake obahing adon-adon, sarta nggugah adon-adon kang maune ora abah-obah.

  1. Kang cetha kanggo tuladha, kahananing wong calathu ngetut rasa anyar, yaiku wong jagongan, kang prelune arep omong kosong kayata : weruh manuk nggunem manuk, narik kaelingane marang bedhil, dadi banjur ngunem bedhil, nuli kelingan nalika mbedhil ana ing alang seneng banget, banjur nggunem alas, banjur kelingan nalika mangan krasa enak banget ana ing alas, banjur nggunem panganan. Suwe-suwe banjur nyandhak panganan ing toko Grim Surabaya, nuli bab nagara Surabaya, nuli palabuhan, ddi mrambat-mrambat, babasan bplu rambatan siti. Anggone mangkono sabab pancen jaragan mung arep ngawula marang kenyut (golek bungah thok).

  2. Wong kang lagi luwe kang digunem Panganan.

  3. Wong kang lagi seneng marang anu, bola-bali tansah nggunem anu.

  4. Wong kang atine lagi krasa lara, kang digunem alaning sanak utawa alaning lalakon lan kahanan.

  5. Wong kang lagi bungah, kang digunem rupa-rupa bangsaning kabungahan.

  6. Wong lagi susah, kang digunem cilakaning awake.

  7. Sawenehing wong kang mentas maca layang kang nyaritakake utamane wong ngabekti marang Allah, kawetu saguhe arep ngabekti, nyuda angkara murkane, sarta saguh nglakoni kurang mangan kurang turu. Nanging bareng wetenge wis luwe, banjur nggunem marang panganan. Bareng atine pegel, nyatur alaning sanak kang digethingi.

  8. Wong kang atine lagi kepingin banget bisa marang sawijining prakara, banget mempenge sarta akeh kasanggupane, ora lawas bosen, wasana nglenthar, kasanggupane ora ana kang dituhoni.

  9. Saweneh wong sugih kasanggupan ala nganggur nanging akeh lan warna-warna, kayata : ing tembe arep anu, mengko arep mengkono, nanging ing liya dina lali marang kasanggupane kabeh. Wong liya kang niteni ora lali.

  10. Saweneh wong dhemen caturan rupa-rupa, nanging caturane banjur di perangi dhewe, nuli nglairake panemune maneh mangkene, uga banjur dipadhoni dhewe, ora dianggep dhewe.

  11. Saweneh wong caturan, saking senenge, kerep mbolan-baleni cature, nganti kang ngrungokake bosen.

  12. Sawenehing wong caturan molah-malih, ora kena dipathoki, kayata : yen lagi nesu ngala-ala, yen lagi dhemen ngalem, yen lagi bungah mbenerake, yen lagi susah ngluputake.

  13. Sapanunggalane kabeh kang kaya mangkono iku kahananing wong caturan mung manut napsu, ninggal sir, ucape kalakokake rohkhewani, tinggal rohani. Padhane wong nunggal jaran manut jarane, sabab kalah karo jarane.

Manungsa kang padha nggulang ngereh pancadriya padha ngudi ing sabisa-bisa aja nglakoni mangkono. Kabeh catur kudu kanthi maksud, sajroning clathu aja weya marang rasa sajroning ati, sarta prelu banget bisa ngrasakake rasaning sir lan pikir, aja kongsi kliru karo nafsu lan roh khewani, kang supaya : sajroning calathu pangucape tansah tinunggu ing sir lan pikir, sukur bage yen bisa ora ninggal empaning rasa lan budi.

Upamakna : Slompret, ajega diunekake tukang slompret. Upama slompret dianggo dolanan bocah, utawa slompret siji dianggo rebutan sarta genti-genti kang ngunekake, mangka kabeh ora bisa marang gendhing, tartamtu unine ora karuwan.

ΘΞΘ

Perangan 28
IKI TULADHA :
BOCAH CATURAN KANG PIKIRE ORA KALAH
DENING PANGGODANING MANAS ASOR.

(I)

Bocah kang calathu mangkene : TANGGAL SAPISAN JUMUNGAH KLIWON, iku anggere ora katumpangan ing kenyut, bisa mbanjurake : TANGGAL KALIH SETU LEGI. Sawise ngucap mangkono, yen tansah eling anggone calathu KALIH, sarta eling enggone mentas calathu SETU LEGI, apadene ora kagodha ing pambandhanging nafsu kesusu, ya bisa calathu : TANGGAL TIGA NGAHAT PAIN. Yen tansah eling anggone calathu mangkono, sarta ora kesusu maneh, iya bisa mbanjurake : TANGGAL SAKAWAN SENEN PON, sabanjure : janji tansah ELING APA KANG MENTAS DIUCAPAKE, sarta ORA KAREGONAN TEKANING KENYUT KANG NUTUPI ELING LAN NGAJAK KESUSU, tamtu bisa tutug kongsi : TANGGAL TIGANG DASA SETU WAGE : tanpa keledhon. Bisane mangkono, sranane ; SAREH lan TAJEM.

Tuladha bocah caturan kang SIR lan PIKIRE diridhu ing kenyut.

Saweneh bocah yen calathu, kerep luput utawa keledhon, nanging ora sumurup ing lupute utawa ORA NGRASA YEN LUPUT. Sababe ora liya: kukuwataning rokhani (pikir) durung cukup kanggo ngeling-eling kang rada akeh, sarta kukuwataning SIR durung cukup kanggo nggereh NAFSU, marga isih kegedhen kakuwataning nafsu lan manas asor, iku marakake : LESANE KEREP TUMANDANG MANUT NAFSU, arang tumandang manur sir, temahane arang kapadhangan ing pikir, kerep kapadhangan nganggo manas asor kang remeng-remeng.

Saweneh murid dituntuncalathu kang bener, pangrungune ora satiti jalaran kasusu selak arep nirokake, temahan calathune luput. Kang nuntun kepeksa marahi maneh, kang dituntun kesusu maneh, dadi ora terang maneh pandrungune, wekasan calathu luput maneh, sapiturute : Yen isih kesusu bae pangrungune ora terang-terang, calathune iya tansah luput engetane iya tansah peteng, sababe apa? Sajroning kesusu, kukuwataning pikir kang gathuk karo pangrungu mung kari separo, kang separo gathuk karo manas asor lan nafsu kang ngajak kesusu.

Ya mangkono iku wujuding : PANUNTUN sarta PRATIKEL.

Ora mung tumrap wong CALATHU bae, lan mung tumrap marang BOCAH bae, kang kudu sareh sarana PANUNTUN sarta PRATIKEL, murih bisa sareh, sanajan tumrap wong ngudi kawruh kasampurnan, uga  kanthi SAREH, sarta bisane sareh DIKULINAKAKE nganggo PRATIKELE wong kang wis bisa.

ΘΞΘ

Perangan 29
BAB BALAPAN KENYUT

(J)

Si-Suta lagi dhemen marang parakara IKI, mulane si Suta seneng banget nggunem bab IKI. Si Naya ngerti banget marang prekara IKU, mulane si Naya seneng banget kangdha prakara IKU. Si Dhadhap mentas sinau utawa mentas sumurup prakara IKA, mulane wateke si Dhadhap kumudu-kuduwa pratela bab IKA. Ora lega yen ora kandha.

Dene si Waru dhemen marang IKI, sarta dhemen marang IKU, uga dhemen marang IKA. Sarehning IKI, IKU lan IKA dhemen kabeh, mulane si Waru dhemen kandha. IKI, IKU lan IKA. Kang mangkono iku sok marakake ANA BALAPAN KENYUT SAJRONING ATINE SI WARU. Yen caturan si Waru, sanajan sire kang mau mung arep mratelakake prakara IKI, nanging tengah-tengahing caturan kagodha ing kenyut rupa-rupa kang rosa-rosa, kang siji ngajak ngandhakake IKI, nuli ana kenyut kang ngandhakake IKA. Kang dadi sababe IKU kumudu-kuduwa di kandhakake, marga bener lan becik, dene sababe IKU kumudu-kuduwa dipratelakake marga dirasa perlu lan migunani. Mulane IKA kumudu-kuduwa dicaritakake, marga elok lan nyenengake.

Menthine kabeh mau iya bener, nanging sarehning nafsune pating gronjal rebut dhucung, sarta siji-sijine njaluk diprelokake, ndadekake wor suh ing prakara kang digunem, terkadhang lagi tengah-tengahe nata uruting prakara kang bakal dipratelakake, ana kenyut kang teka dumrojog tanpa larapan, uga nyela-nyela.

Panggodhaning kenyut marakake caturane rupa-rupa sarta akeh. Tarkadhang sarwa bener lan becik, nanging wor suh, kakehen enggok lan cengkok, bokmanawa iku kang diarani ngandhar-andhar angendhukur, kagawa saka ora bisa MUSNING NUJU PRAKARA SAWIJI. Caturan kang kaya mangkono, iku becike mung kanggo ana ing pajagongan, awit ing kono enggone wong golek bungag lan rame, yen tumrap nggunem sawijining prakara kang prelu, kang di SIR saka ngomah, ora prayoga mangkono, luwih-luwih ora prayoga yen sir kang digawa saka ngomah mau TUMUJU MARANG TEKAD utawa THUKUL SAKA RASA.

Wong gawe anggitan ana ing layang, manawa nalika nganggit ana balapan kenyut sajroning atine, katara banget enggak-enggok ing pene, tengah-tengah nyaritakake IKI kathukulan kang ngajak nyaritakake IKU, marga dirasa becik,  bener lan migunani. Bareng lagi menggok, ana kenyut liyane ajak-ajak. Kang mangkono iku marakake anggitan ora duwe wangun kaya mesthine, kakehan perangan kang satemene dudu perangane. Kang maca bingung enggone ngrasakake MAKSUDE, marga kagodha ing momoran kang ora nuju marang lajere.

Dadi benere wong nganggit ana ing layang iku : dhisike takon marang atine dhewe SIRE AREP MRATELAKAKE APA sarta APA MAKSUDE. Sawise diwangsuli dhewe (aja gumampang enggone mangsuili), banjur milihi prakara kang prelu-prelu kang dipretelakake. Kang ora nuju lan maksude kabuwangana kabeh, aja ana kang kari, sanajan benere, lan becika, awit ana dhewe panggonane. Dene kang prelu-prelu, banjur ditata urute, manut prenahe dhewe-dhewe. Ora beda karo wong nggubah, gawe buket, utawa ngracik adon-adon kanggo mbumboni sawijining olah-olahan.

Mulane sok ana wong pinter, lantip lan jajah susurupane, nanging ora bisa gawe anggitan kang becik, sarta ora bisa nggunem sawijining prakara kang urut, ora liya sabab ana BALAPAN ING SAJRONING ATINE.

Prakara ing dhuwur iku dudu prakara kang ora prelu ginalih lan rinasa dening mitra kang nggugulang ngereh pancadriya. Sarta dudu prakara kang ora dadi pamurunging laku marang ksampurnan.

ΘΞΘ

Perangan 30
TUJU, LAKU, OLEH-OLEHANE

(K)

Wong sasawah, tujuane oleha pari, lakune : macul, nggaru, sapiturute. Oleh-olehane : duwe pari.

Wong ngobe, tujuane mariya ngelak, lakune : ngulu banyu, oleh-olehane : mari ngelak.

Wong menyang Betawi, tujuane tekan ing Betawi, lakune : nunggang sepur, oleh-olehane : tekan ing Betawi.

Wong nulis, wong lungguh, wong ngadeg, wong ngucap, wong kedhep, wong manthuk, wong mengo, wong idu……. kabeh mesthi ana TUJUANE, LAKU lan OLEH-OLEHANE. Ringkese: ora ana panggawe kang tanpa tuju, laku lan oleh-olehan, nadyan ujar sakecap, laku satindak, ulat sadlerengan.

Eleding gunem : Manungsa kang ora tinggal SIR lan PIKIR ora nglalekake marang TUJU, LAKU lan oleh-olehane PANGGAWE kang katindakake, sanajan panggawe mau cilika, apa maneh ingatase manungsa ora tau tinggal rasa lan budi.

APA SABABE?

Ngulinakake eling marang tuju, iku ngegungake empane SIR lan PIKIR. Tumrape panggawe kang tumuju marang tekad, ELING MARANG TUJU karo MAWAS OLEH-OLEHAN iku ngegungake empaning rasa lan budi.

D A D I.

Ngulinakake ELING marang tuju, laku lan oleh-olehan iku, dalan marang : titi, surti, ngati-ati, weruh ing pangarah, pangangkah, kira-kira, deduga, prayoga, eguh, tangguh sapanunggalane. Kabeh parane : weruh marang sasmita ing rasane.

Dene bisane mangkono mung yen : KAKAREPANE KABEH MANUT SIRE, KABEH SIRE MANUT TEKADE.

ΘΞΘ

Perangan 31
TUJU BENER, LAKU KLERU

(L)

1. Wong maling, tujuane : duweya barang, awake aja kangelan, atine marema, uripe slamet. Lakune nggangsir omahe wong ing wayah bengi. Oleh-olehane : diburu, dicanggah, dipenthungi, dikunjara, terkadhang dipateni sanalika. Sababe apa..? Lakune kleru, tujuane wus becik, yaiku : RUMEKSA MARANG URIPE. Asale : TRESNA MARANG JIWA RAGANE. Nanging lakune kang bener dudu nggangsir omahe wong.

2. Wong main kertu, tujuane : seneng atine, oleha dhuwit, lakune : notohi kretu, oleh-olehane : kelangan dhuwit, karipan, awake lara, atine pegel, terkadhang udur utawa crah karo kanca. Sababe apa…? Lakune kleru. Golek dhuwit lan golek seneng iku bener lan becik, nanging lakune dudu ngabotohan.

3. Wong lumuh nyambut gawe, tujuane : awake kapenaka, atine senenga, lakune : ngekehake nganggur, kerep turon, thenger-thenger, turu sing akeh, tangi sing awan, oleh-olehane awak lara, ati sumpek, mangan ora enak, gagasane ala. Apa sababe…? Lakune kliru. Golek seneng kepenak iku prayoga banget, nanging lakune dudu ngeklehake nganggur.

4. Wong murka, ngangsa-angsa sarta lemer, iku tujuane : marema, senenga. Lakune : njurungi penginane, ngarah kang akeh. Oleh-olehane : rasa nggrangsang, rasa kurang. Sababe apa…? Pangangsa-angsa lan panggrangsane diempak-empakake, tartamtu saya mempan, saya murub, saya gedhe dayane, kadadeyane iya saya ora duwe marem. Wong ngarah seneng lan marem iku prayoga banget, pancen iku kang digoleki ing wong sajagad, sarta diudi para linuwih, nanging lakune kang bener kudu ajar : NARIMA LAN RILA, kang supaya : pangangsa-angsane (kang ngajak ora marem) sangsaya suda, kagentenan ING RASA RILA LAN PANARIMA (KANG NGAJAK MAREM LAN SENENG).

5. Wong kang lumuh madhep marang Allah, emoh ngudi kawruh kasampurnan, iku tujuane : aja sedhih, aja prihatin, aja sumpeg, bungaha, lipura, padhange atine. Lakune : emoh ngeling-eling Gusti Allah, emoh ngrunggu prakara ing akherat, ngedohi wong dhemen mituturi becik, ngedhohi wong kang sok niteni lupute, ngumpuli wong bungah-bungah rame-rame, sukur oleh wong kang dhemen ngelem utawa ngonggrong. Oleh-olehane : atine peteng, sumpeg, ora duwe katentreman, saya lawas saya mongsang-mangsing, ilining cipta menggak-menggok sarta pating sareweh, sangsaya tuwa sangsaya sangsara badan lan atine, lan sangsaya peteng engetane, (nanging ora sumurup sababe mangkono saka ora nurut weting kodrat. Dening ora bisa ngreti lan ngrasa. Enggone kerep ngresula, munek-munek lan sumpeg, saka panggawene dhewe, disengguh saka liyan lan saka papesthening Allah). Yen wong golek seneng, lipur lan padhanging ati, lakune kudu seneng marang rembug becik, ngeling-eling Pangeran, sing kerep, sing ajeg.

6. Wong ngandhakake kapinteran lan kabecikaning awake dhewe, tujuane : supaya disenengana, marga sumurup ing pintere lan becike, oleh-olehane : diewani, diesemi, dirasani enggone umuk.

7. Wong nyatur marang liyan, tujuane : kang dikandhani meluwa gething kaya dheweke, jalaran sumurup marang alane, oleh-olehane kang nyatur digethingi ing wong, sarta katon cacade enggone dhemen nyatur.

8. Wong angkuh utawa dhiri, tujuane : awake disenengi wong, marga sumurup ing luhure lan pangajine, oleh-olehane disengiti duneni mendem pakurmatan.

9. Wong juweh, (dhemen mituruti akeh-akeh tinggal kira-kira) tujuane : kang dipituturi ngretiya lan dhemena marang pituture, oleh-olehane : kang dipituturi kisruh, bosen, ewa.

10. Wong jail, wong nyeret, wong ngeyel, wong para cacad, wong dhemen pamer, wong ladak, wong sikon, wong duwe gawe gedhen, sapanunggalane, manawa dititi priksa, kabeh tujuane BENER, sing kliru mung LAKUNE, dadi oleh kasok baline. Mungguh wong nggoleki LOR parane MANGIDUL.

Eliding kandha : aja disengguh gampang wong arep katekan sedyane, yen ora awas eling, nastiti ngati-ati ing PANGARAH lan PANGANGKAH, ora-orane bakal katekan.

Asaling kliru lan ora katekan, saka ora prayitna marang lakuning KAKAREPAN SIR, ROH KHEWANI, PIKIR, BUDI lan RASA, luwih maneh ing ngatase wong ngudi kasampurnan, yen sugih karep kang nyimpang saka tekad, tangeh kaleksanan.

ΘΞΘ

Sumber :
Kapethik saking Serat Madurasa, Ca-capan I. Penerbit : Yayasan Djojo Bojo Surabaya, tahun 1985.

3 Comments

  1. wuuuihhhh muantabzzzzz….

  2. Weladalah kopyah ….. yo pancen cocok tenan ……..menawi kula isih akeh nyimpange je. yo muga2 para sedulur pada lulus/tuntas anggone duwe gegayuhan kang tumuju marang kasampurnan. Menawi kula waaaaah bolak-balik mbaleni dan mbaleni ……. embuh sampe kapan ora ngerti. . . . tak lakonane wae.

  3. Hartono Budimulyono

    Blaka wae, aku kangelan anggonku mangerteni seratan Madurasa ing ndhuwur.
    HBM.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: