alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

BAB I. ANANE SWARGA LAN NARAKA


PURWAKA

Layang WEWADINING RASA iki jangkepane layang JATIMURTI, kang wis nate katerbitake dening Toko Buku TAN KHOEN SWIE ing Kediri, seket taunan kapungkur. Wujude cap-capan nganggo aksara Jawa, saiki katedhak mawa aksara latin, supaya tebane luwih omber.

Sarehne isine bab RASA, dadi ya wis samesthine yen rinasakake klawan weninging ati. Mula sadurunge maos buku iki, prayogane nyatitekake pamrayogane sing yasa layang iki.

Surabaya, 1 Sawal 1985 M.
Penerbit Yayasan DJOJOBOJO
Surabaya.

PENGET SAKING INGKANG DAMEL SERAT PUNIKA

  1. Saben nembe kawaos, kasinggahna, sampun kaselehaken saenggen-enggen.

  2. Sampun kawaos dening sok tiyanga, ngemungna ingkang remen saestu ngudi kawruh kabatosan.

  3. Ingkang sampun maos, sanajan mangertos sarta remena sampun kaangge ngendikan kaliyan sadhengah tiyang.

Sinten ingkang kersa netepi pepenget ing nginggil punika, kalebet nama mundhi utawi ngkuhuraken kabatosanipun piyambak.

PAMRAYOGANE KANG GAWE LAYANG IKI

  1. Dhisike diwaca grambyangan.

  2. Dibaleni saka wiwitan, kanthi alon lan sareh.

  3. Yen wis tamat kapindhone, disinggahake. Pamacane kang kaping telu sabanjure : ora perlu urut.

  4. Sanajan wis tamat ping telu ping pat, disinggahna. Kanggo sipenan.

Wiwitane ora terang surasane. Nanging yen kerep disinggahake lan diwaca, titi sarta lestari pamarsudine sangsaya lawas sangsaya mundhak terange.

Sinengkelan : KAWRUH RARAS RASUKENG TYAS.

…@@@…

BAB I

ANANE SWARGA LAN NARAKA

Ngrasakake utawa eling, marang kabecikaning Pangeran, iku arane : weruh ing kasukuran.

Ngrasakake utawa ngelingi marang kabecikaning sapadha-padhane tumitah, iku aran : weruh ing panarima.

Weruh ing kasukuran, tegese : sembah nuwun marang Pangeran.

Weruh marang panarima, tegese : ngrumangsani tampa kabecikaning liyan.

Weruh ing kasukuran iku kosok baline : manglah, ngeluh, ngesah, ngresula sapanunggalane.

Weruh ing panarima lan weruh ing kasukuran iku kerep bae lira-liru, sebab karo pisan ateges NGRUMANGSANI TAMPA KABECIKAN.

Manglah, ngeluh utawa ngresula iku ngemu rasa ORA ADIL marang pepesthening Pangeran kang tumiba ing awake.

Munek-munek, pegel utawa muring iku ateges ora NGANGGEP ADIL marang panggawening liyan kang tumiba ing awake.

Titikane wong kang wis dewasa MANUSANE SAJATI, iku SIJI : yen kerep ngrasakake kasukuran, aran ngresulane. LORO : yen kerep ngrasakake kabecikaning liyan, arang murang-muring.

Titikane wong kang durung dewasa MANUSANE SAJATI, iku : SIJI : yen kerep manglah (ngresula), arang ngrasa marang kasukuran. LORO : yen kerep ngeling-eling alaning liyan, arang ngelingi kabecikaning liyan.

Dhemen ngetungi lan ngeling-eling kabecikaning Pangeran iku dayane marakake akeh kasukurane, arang ngresulane.

Dhemen ngetungi lan ngeling-eling kabecikaning liyan iku dayane marakake akeh panarimane marang sapadha-padha, arang pengunek-uneke.

Wong kulina ngrasakake kasukuran lan panarima iku ngenggalake dewasaning kamanungsane kang sejati.

Wong kulina manglah lan muring iku ngrendhetake dewasaning kamanungsane sejati.

Wong kang ngrasakake kasukuran lan panarima iku kasinungan ing ati adhem, ayem, tentrem lan engetane padhang.

Wong kang ngrasakake kasukuran lan panarima iku ing batin kadunungan ing bebakalan kang dayane marakake adhem lan padhang. Bebakalan mau kang narik marang nananing swarga.

Wong kulina ngrasakake pangresula lan pamuring iku ing batine kadunungan ing bebakalan kang dayane marakake panas lan peteng. Bebakalan mau kang narik marang ananing naraka.

Swarga naraka iku sejatine : RASA PANGRASA dudu PANGGONAN.

Swarga iku asal saka RASA kang adhem lan padhang. Naraka iku asal saka RASA kang panas lan peteng.

Wong kang atine adhem lan padhang : tansah dikinthil ing swarga.

Wong kang atine panas lan peteng : tansah dikinthil ing naraka.

Rasa adhem lan padhang apa dene panas lan peteng iku arane : alam sahir. Dene swarga – naraka iku alam kabir.

Dadi alam kabir : iku terusane alam sahir. Tegese : terusaning rasa pangrasa.

ANANE alam kabir : saka ANANE alam sahir. Nanging dumadine bareng.

Sirnane alam kabir, saka sirnane alam sahir. Nanging enggone sirna : b a r e n g.

Sadhengah wong, bisa gawe swarga lan bisa gawe naraka.

Swarga gaweyane mau, sing ngrasakake ya mung sing gawe dhewe. Sing ora melu gawe : ora melu ngrasakake.

Naraka gaweyane mau, sing ngrasakake yang mung sing gawe dhewe. Sing ora gawe : ora melu ngrasakake.

Wong kang ngalami swarga : ora precaya yen naraka iku ana. Mung swarga sing dikira ana. Awit rumangsane kang ana ing swarga, ing ngendi-endiya : kaswargan kabeh. Sajagad rad pramudita, diubresa : ora tinemu kang aran naraka. Ora ana enggon salengging edom kang ana narakane. Cekake : Awang-uwung kang tanpa wates jembare : isine kasenengan kang madhangi ati. Isining jagad ora ana kang ora nyenengake ati, lan ora ana kang ora madhangake ati. Kabeh kang kumelip padha nyenengake lan madhangake ati.

Wong kang ngalami naraka, ora percaya yen swarga iku ana. Mung naraka thok sing dikira ana. Awit rumangsane kang ana ing naraka : ing ngendi-endiya : kanerakan kabeh. Sajagad rad pramudita, diubresa : ora tinemu kang aran swarga. Cekake : awang-uwung kang tanpa wates jembare : isine mung rasa panas bingung rungsang lan petenging engetan. Isining Jagad ora ana kang ora memanas lan nusahake ati. Kabeh kang kumelip padha agawe susah lan memanas sarta metengi engetan.

Wong kang ngalami swarga, enggone ora ngira yen naraka pancen ana : iku ora beda kaya dene wong ing ngalam donya. Enggone ora precaya yen swarga lan naraka pancen ana. Disengguh mung alam donya thok sing ana. Awit awang0uwung kang tanpa wates jembare, diubresa : ora ana rnggon salenging dom kang ana swargane utawa narakane. Kang ana mung kadonnyan thok.

Wong kang ngalami naraka, enggone ora precaya yen swarga iku ana : iya ora beda karo wong kang ana ing alam donya : bab enggone ora precaya yen alam kaalusan iku ana. Awit Sajagad pramudita, diubresa : ora tinemu kang aran alam ka-alusan.

Yen ana kang takon mangkene : swarga utawa naraka iku ANA apa ORA, iku ; prayoga kang takon dipurih mikir dhisik bab tegese ANA lan ORA ANA. Ana tegese apa, ora ana tegese apa.

Ing kono yen wis ngreti terang tegese ANA karo ORA ANA, lah iku lagi bisa mangerti, yen swarga iku pancen ana tumrap kang ngalami. Ora ana : tumrap kang ora ngalami. Naraka iku ana : tumrap kang ngalami. Ora ana : tumrap kang ora ngalami.

Ing ngisor iki dadiya tuladha :

Swarga, iku ana apa ora. Sing duwe pangrungu ngarani : ana. Sing ora duwe pangrungu netepake ora ana.

Pepadhang, rerupan utawa werna, iku ana apa ora. Sing duwe pandulu ngarani ana. Sing ora bisa ndulu, ora ngarani ana.

Swarga iku ana apa ora. Sing duwe rasa padhang lan adhem ngarani ana. Sing ora duwe rasa padhang lan adhem ngarani ora ana.

Naraka iku ana apa ora. Sing duwe rasa peteng lan lara ngarani ana. Sing ora duwe : ngarani ora ana.

Jagad iku ana apa ora. Sing duwe engetan lan rasa pangrasa : ngarani ana. Sing ora duwe engetan lan rasa pangrasa ora ngarani ana.

Pamngeran iku ana apa ora. Sing duwe budi lan rasa : ngarani ana. Sing ora duwe budi lan rasa : ora ngarani ana.

Tuladha liyane :

Woh pare iku enak apa ora. Sing doyan ngarani enak, sing ora doyan ngarani ora enak.

Si Naya becik apa ala. Sing dhemen ngarani becik, sing gething ngarani ala.

Mangkana sapanunggalane.

****

WIRANGRONG

1. Densamya marsudeng budi, wiweka dipunwaspaos, aja dumeh bisa muwus, yen tan pantes ugi, sanadyan mung sakecap, yen tan pantes prenahira.

2. Kudu golek mangsa ugi, panggonan lamun miraos, lawan aja age sira muwus, dununge denkesthi, aja age kawedal, yen durung pantes rowanya.

3. Rowang sapocapan ugi, kang pantes ngajak calathon, ajo sok metua wong calathu, ana pantes ugi, rinungu mring wong kathah, ana satengah micara.

4. Tan pantes akeh ngawruhi, mulane lamun miraos, dipun ngarah-arah ywa kabanjur, yen sampun kawijil, tan kena tunututan, mulane dipunprayitna.

SERAT WULANG REH

…@@@…

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA

9 Comments

  1. SUARA

    Ora usah percaya dongengan arab
    Karepe rahman rahum, khewan di makan
    Wis tinggalno wae dongengan bangsa riya’
    Mrene nang jowo cuman golek urip kepenak, nyamar nggowo tuntunan
    Isine permisuhan, isine riya’ : suka mengkafirkan orang lain, suka mensyirikkan laku jowo sing sejatining wis nglakokno ma’ rifatullah.
    Yaiku jowo wis welas kabeh ing allam ndonya.
    Kabeh bumi disayangi, ora ono aran paling suci lan sakpinuggalane
    Keblat adil sak adil adile marang mata angin. Dimana dia menghadap yoiku keblate.Ora menganak emas,an satu mata angin, sejatine meloyangkan yg lain.

    Munafik ajaran arab iku,,ikhlas katanya..tetapi semua ibadah nya berharap harap pahala
    Katanya iman kemurahan tuhan…tiap berdoa ..meminta minta

    Swarga iku : yo bumi iki..jganen, tandurana..dongakno sejuk segar.
    Ati ayem urip tentrem njaga bumi ijo, menjaga lingkungan sungai, hutan..negeri yo wis ketemu sejatining swarga.

    Ilmu padang pasir ilmu cubluk..
    Riya’.. Bengis..campur aduk

  2. MULYO

    Anake wong sing “gawe” neraka, melu susah lan sengsara margo pakartine wong tuwane. Wong budheg, bisu lan wuta apa maneh ketambahan cacat mental. Iki kepiye ? Kala2 aku merenung, apa ing antarane sing dak weruhi ana kang sejatine mung kersane Gusti nuduhake marang aku supaya muji syukur ing ngarsaNe atas kabeh pawewehE. Kanti pangerten sing kaya ngono kuwi tegese wong sing ing mripatku katon menderita “sejatine” ora. Kagem sing kersa nyaruwe tulisanku iki aku ngaturke panuwun. Wasana muga2 para kadang kabeh tansah nemu karaharjan

  3. bekel

    slm rahayu, mugi gusti tansah tansah paring swargo soho nebehaken neroko dumateng kito sedoyo AMIN!

  4. Rahayu mas kumitir, matur nuwun sampun medal naskah VI judul SANTOSA, TETEG,TAWAYUH. Terus judul kapng VII pundi mas kumitir sampun kulo ajeng ajeng saestu, mugi-mugi mbenjeng sageto medal. matur nuwun RAHAYU.

  5. astroboyz

    mugi kita sedaya saged tansah ngraosaken adhem lan padhang wonten manah kita setunggal baka setunggal saben dintenipun

    Salam Rahayu

  6. Salam saking Ngayogyokarto mas… mugi2 saras sedayanipun…

  7. Kasinggihan kang Mas Kumitir, maturnuwun sedayanipun. Salam kagem para kadang ingkan sami mampir wonten AAK.

  8. Mugi kita dapat istikomah,, kangmas amin..amin

  9. Mugi kita dapat istikomah,, kangmas amin

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: