alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

BAB VII. WORING BUDI LAN ANGEN-ANGEN


a. Woring Rasa lan Budi.

Wong meneng yen enenge kongsi tumeka ing : neng : temenan, ing kono bisa ngrasakake : Rasa, kang dudu pangrasa lan dudu pangrasa badan. Yaiku kang aras Rasa jati.

Rasa jati iku ya ALUSING pangrasa ati awor lan ALUSING pangrasa badan, wore dadi siji : pepethukan ana ing ka-eneg-an.

Wong meneng yen enenge kongsi tumeka ing : neng temenan, ing kono bisa eling, kang eling mau dudu elinging angen-angen, yaiku elinging Budi.

Budi iku tukang eling marang kasunyatan. Elinge tanpa pedhot.

Rasa iku tukang ngrasa kasunyatan. Rasane tanpa pedhot.

Rasa jati lan eling mau : amor dadi siji ana ing kaenengan.

YA ELING ya RASA, padha bae.

Lire iku mangkene :

Kang eling iku : Rasane.

Kang ngrasa iku : Elinge.

Ing dhuwur iku tegese woring budi lan Rasa.

Awit saka iku, kang aras Rasa jati aja kinira tunggale bungah, susah, dhemen, gething, ngarep-arep, ngemohi, lara, kepenak, legi, asin sapanunggalane.

Elinging budi iku dudu tunggale eling marang pagaweyane utawa eling marang butuhe, eling marang anake sapanunggalane, iku mung elinging angen-angen, tak arani KELINGAN utawa KEMUTAN.

Rasa jati iku kang ndayani marang katentreman langgeng lan eling langgeng.

Wong nggarap babagan batin iku betah ijen ana ing panggonan kang sepi. Mulane mangkono, sabab sasuwene ijen mau ana kang dirakake sajroning atine, kang narik marang katentreman. Yaiku enggone ngrasakake elinging Rasa jati utawa enggone ngrasakake Rasaning eling.

Rahsa kang wis alus kaenebake. Sangsaya suwe sangsaya ngrasa marang dayaning Rasa kang sajati mau, dayane numusi marang rahsa kang alus. Wasana ndadekake kamareman tuwin katentreman ing ati.

Enebe utawa enenge mau ateges sirnaning gagasan, lan lereming rahsa, utawa : ngumpuling angen-angen.

Sirnaning gagasan utawa mareming rahsa iku marakake betah ijen ana ing panggonan sepi.

Dadi kang marakake uwong ora betah ijen ana ing pasepen iku saka thukuling gagasan, saka ora lerem rahsane (mubal nepsune), utawa saka obahing angen-angen.

b. Woring Angen-angen ing Budi.

Manawa wis bisa ngrasakake ELINGING RASA utawa RASA ELING, ing kono bisa ngrasakake ELEKING Budi lan Rasa, kanthi : TURUNING awake. Lire : awake turu, kang kaya turune wong turu pules., nanging budi lan rasane : melek. Dene angen-angene : milu melek, nanging ORA NGANGEN-ANGEN:

Kapriye tegese : angen-angen melek nanging ora ngangen-angen. Iku terange : melu eling, kang eling mau nunggal karo eling Budi rehne wis dadi siji (jumbuh) karo Budi.

Enggone milu ELING  mau banjur ka-aranan ORA TURU, sabab turu mengkono tegese : lali, ora eling. Dene anggone ka-aranan ORA NGANGEN-ANGEN mau : sabab ora kelingan samubarang kadonyan, ora nyat-nyut rupa-rupa kaya carane wong ngangen-angen.

Elinge angen-angen manawa ngumpul, dadi padhang bening, ngumpule pindha soroting srengengge sa-ambane suryakantha dikumpulake nganggo suryakantha.

Angen-angen kang dadi alus darta ngemperi Budi mau, upamane : ana bongkote kang bisa gathuk karo pucuking Budi (nanging aja di-entha kaya wujud kawadhangan. Kabeh mau RASANE BAE).

Lire gathuk iku, jumbuh saperangan.

Yen wis mangkono, angen-angen wis DI-AKU SA-AWAK dening budi. Budi DI AKU SA-AWAK dening angen-angen. Sarehning mangkono, kawruh duweking Budi diaku dening angen-angen. Kawruh duweke angen-angen diaku uga dening Budi.

Iku lire : angen-angen milu duwe kawruh kasunyatan. Budi milu duwe kawruh kadonyan. Budi milu duwe kawruh kadonyan, dening wus pada dadi sa-awak.

Iku arane : Weruh wiberuhan Gusti lan Kawula. Kang diarani KAWRUH iku oleh-olehaning ngawruhi. Angen-angen nyimpen kawruh kalairan (kadonyan). Budi lan Rasa nyimpen kawruh kabatinan (kasunyatan).

******

SEMBAH CIPTA, iku wose : ciptane tansah nyipta panggawe utama, isi eling marang Pangeran Kang Maha Tunggal, pelenging cipta ngeblat sawiji marang dhampar palenggahaning Allah, ing telengging Urip, iya telengging sanubari.

SEMBAH KALBU, iku sembahing ati kang tansah sinucen kanthi mangun watak utama. Esthining ati bekti tresna marang Gusti, setyane tumanem ing ati, awan apa bengi, ing paran apa ing panti, tetep mastuti ing Gusti, pineleng jroning ati kang sinuci. Mobah-mosiking ati, tansah nyenyandhang sihing Gusti. Ora ana sawiji-wiji kang gawe goncanging ati, awit kang kaesthi mung mituhu dhawuhing Gusti kanthi tuntunan lan padhanging Sang Guru Sejati.

SEMBAH RASA, iku rasane tansah karasa manembahing ing Allah. Marga rasa tresna bekti lan gandrung sumiwi ing Gusti saya ndadi, mula rasa pangrasane tansah karasa umareg ing ngarane Gusti.

Pepindhane kaya rasa pangrasa wong kang kapisah karo kekasihe kang den tresnani (digandrungi) sanadyan kapisah adoh, nanging ana ing rasa-pangrasane kekasihe kaya sinandhing, gumantung telenging jejantung, cumanthel padoning netra.

…@@@…

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.

6 Comments

  1. lare semarmesem

    kulonuwun mas nderek maos kalean mbatin mas njih salam karaharjan dulur sdoyo.

  2. pak dhe

    heneng:menenge rogo kang kaperbowo deneng indrio,hening : weninge pikir kang sinengker deneng napsu kang 4

  3. INGSUN SADULUR ,KAGEM MANUNGAL DULUR, PANARINGAN ASMO LAN UGI MIOS WNTEN TLATAH PUNDI SEDEREK KULO NIKI

  4. Slm…ms kumiter, mohom maaf bila berlebihan. Terus terang aja saya sangat tertarik dengan isi web ini, namun ada hal-hal yang membuat saya sulit untuk memahami dan pengngabungan huruf yang seharusnya di baca pake bahasa indonesia , namun di bacanya pake bahasa jawa ,yaitu salah satu dari bahasa dan penulisan abzat ,misa: manusa , ini kalau di baca pake bahasa indonesia tetap manusa , namun kalau dengan bahasa jawa jadinya manungso , dari situ banyak penggemar mengalami kendala dalam hal pembacaan, ya maklum ms, orang2 jaman sekarang dari awal sudah terbiasa baca pake bahasa indo, dan bukan berarti orang jaman sekarang tidak tertarik dengan isi situs semacam ini, namun itulah mereka kesulitan dalam pembacaan, termasuk saya . Ya ini cuma sekedar masukan……….
    Sekali mohon maaf apa bila masukan yang saya tulis tidak layak. Trimakasih………….

  5. Halo Mas Hamdi, setahu saya, untuk menerjemahkan/mentranslit bhs jawa ke dalam bhs indonesia juga mengalami banyak faktor kesulitan ……. di samping juga ada kekhawatiran terjadinya bias arti dan maknyanya (walaupun sedikit). Semoga saja ada teman2 yang mampu menerjemahkan ………. semoga dan semoga ada. Katur Mas Kumitir lepat kula nyuwun pangapunten.

  6. hamdi

    Mohon dengan amat sangat untuk pencerahan………
    bagaimana kalo diterjemahkan ke dalam bahasa indonesia saja ….
    terima kasih

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: