alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SULUK SASMITANING SANJATA CIPTA


Anggitan-dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kaping III.

DHANGDHANGGULA

۞۞ Pada 01 ۞۞

Sun amurwa ing tembang ngartati,
sasmitanya purwa ningkang jagat,
den-ka/wruhana mulane,
kriyeke watang putung,
awor lawan kukus ing bedhil,
apetak mring gagana,
mega wor sumaput,
lindhu bentar kang pratala,
gunung guntur segara mumbul wiyati,
dene arebat karsa.

۞۞ Pada 02 ۞۞

Salang deleng datan ana kongkih,
kagiri-giri dennya kotbuta,
lwir grah kapitu swarane,
wor lawan ririsipun,
makirtya ring kanang palupi,
asru dennya murcitra,
welahe lir tugu,
akeh kenyut ing pakeyan,
den kukudang jasmani den lingling-lingling,
tandhane yen kabandhang.

۞۞ Pada 03 ۞۞

Den kukudang ragane den lingling,
endi silih kang liyan punika,
den luhuraken ragane,
jatine Suksma tuhu,
nyata amba wite dumadi,
miwah isining jagat,
iku suking ingsun,
wus katampan saking ngamba,
kang den-aken kanyatahan ing Hyang Widdhi,
iku tetebengana.

۞۞ Pada 04 ۞۞

Ingsun iki yekti wus linewih,
kang ngaduwe swarga naraka,
saking ngamba pinangkane,
nora ngulati ingsun,
Al[l]ah iku nyata ing ngilmi,
/ uripira waluya ,
tan ana pakewuh,
aja muji aja nembah,
apuwasa ing wulan Ramelan kaki,
pan sampun apuwasa.

۞۞ Pada 05 ۞۞

Jakat pitrah iku sampun dadi,
atilara sakeh ingkang ngamal,
tata krama ing jenenge,
alam punapa iku,
jenengira pan sampun lair,
tan ana pringga baya,
sabarang pakewuh,
siksa kubur saking sira,
nora genti pan bareng wijining jati,
tan ana ingkang liyan.

۞۞ Pada 06 ۞۞

Den gegema den angati-ati,
ujar iku aja sumambrana,
den ulati salawase,
aja amuji iku,
duk semana sampun amuji,
puwasa ing Ramelan,
apan wis pitekur,
ingkang ngawal balenana,
sira iki nora Islam nora kapir,
nyateng jatining Suksma.

۞۞ Pada 07 ۞۞

Wong ngangetang-etang iku pangling,
lawan amaca Kur’an tilawat,
punika jakat pitrahe,
tan ana sawabipun,
tingalana jagat wis sepi,
anging sira kang ngana,
asale ing makluk,
ping ngillolah sipattolah,
gih puniku witing puji wit ing bekti,
sira jatining / sembah.

۞۞ Pada 08 ۞۞

Iku poma agemen kang becik,
lamun ana janma ingkang ngrunjang,
akena sembahyang mangke,
den bisa ngambil sanggup,
ngecanana lan tata krami,
asanget lunganana,
tibanira iku,
kaki ilang yektinira,
wis kuwasa muluk sabanira nglangit,
nyateng sampun wisesa.

۞۞ Pada 09 ۞۞

Nora dadi sembayange kaki,
yen tan wruha patitising sembah,
dadi sembah buh gawene,
aja kaya weregul,
gebyar-gebyur saba ing warih,
aywa kaya likasan,
aywa kaya tugu,
lan aywa kaya maesa,
wong ngamuji yen tan wruha kang pinuji,
yen mati mati bongka.

Kapethik saking  Serat Suluk Jaman Karaton Dalem ing Surakarta.

2 Comments

  1. Kawulo alit

    Assalam. wr. wb.
    Mas Kumitir, nepangaken kulo salah setuggalipun sutrisno blog panjenengan meniko. Kulo nggadhahi usul menawi saben serat/kitab ingkang arupi pupuh menapa sanesipun kang mawi basa Jawi Kino/ Sansekerta, mbok didamelaken terjemahan arupi basa Jawi biasa utawi basa Indonesia, supados sedanten sutrisno saged mangertosi surosonipun. Mugi2 blog meniko dados piwulang becik generasi sakmeniko supados boten kapedhot sejarah sastra ugi lampahan becik ingkang sejati meniko. Amin…

  2. kangjoko

    assalamu’alaikum
    kang kumitir nderek tepang ugi nderek sinau warisan leluhur mugi angsal rahmat ugi barokah
    wassalam

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: