alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SULUK TEGESIPUN PATEKAH


Anggitanipun abdi-dalem, pun Ngabehi Wongsaniti, pradikan ing dhusun Sumyang.

Sekar Asmaradana : 49 pada.

  1. / Wonten purwaka ing kawi, carita saking Hyang Suksma, sinerat Senen dintene, tanggalira kalih-dasa, sasi Sapar kaetang, mongsa Kanem kang kapungkur, Dal wuku Prangbakat ika.

  2. Sengkalanira winilis, eka janma giri tunggal, punika terus tingale, aksara sami miguna, den samya anggrahita, sinten kang maca puniku, sadaya den kawruhana.

  3. Bismillah rahman nir rakim, iku samya ngawruhana, surat Patekah maknane, kang temen buda sihira, kadi dalile iya, tegese dalil pituduh, kadise marang pawarta.

  4. Tegese bismillah iki, iku jenenge kang purba, amisesa ingkang angnreh, yen dasih amor lan tuwan, sirnane gaibballah, amaca bismillah iku, pan sirnane padha ana.

  5. Tegese rahman puniki, ingkang murah sipattollah, anyatakaken anane, puniku murah mring sira, rakim artine iya, sih ingsun marang sireku, dene nganakaken sira.

  6. Allamdulillah puniki, punika kang aran tuwan, / kang amuji ing dheweke, ya amad ingsun lan sira, minongka pujining wang, iya ta pegene ingsun, kang minongka sultan sira.

  7. Kang suksma ingsun puniki, ingsun mongka talan sira, kang suksma iku pan ing ngong, kalawan sira kang nyata, iku kinarya tondha, lir rongka kelawan dhuwung, werongka manjing curiga.

  8. Anak buduwa puniki, tegese mangkana ika, sira iku ingsun mangke, miwah ta panembahira, anane ananira, ingsun sejatine iku, kawula darma punapa.

  9. Wa’iyaka anas tangin, tegese mangkene iya, ya Muhammad sira mengko, ingsun al[l]ah kang sinembah, iya nabi panutan, lahir batinira iku, sira kang katon ing donya.

  10. Tegese siratal iki, wangalehit tegesira, ya Muhamad sira mengko, tan beda ingsun lan sira, miwah mukmin punika, tan beda lawan sireku, titiga tunggal jatinya.

  11. Wallalin amin puniki, kaya ngapa tegesira, ya Muhamad si/ra mengko, ingsun dudu sira ika, ingsun pantaranira, iya ananira iku, iya dudu sira ing wang.

  12. Tegese amin puniki, rasaning sun rasanira, ingsun awor nora roro, iya ingsun iya sira, sira kang aneng dunya, ing ngakerat tan kadulu, iku tingale bagena.

  13. Wonten pandhita linuwih, kakalih sanak winarna, sami linuhung kawruhe, tatkala amusawarat, ambabar kawikanan, wonten dene kang asepuh, awasta nata pandhita.

  14. Kang taruna Raden Santri, kakasihe alit mila, ajujuluk pandhita nom, ature amalas-arsa, dhumateng ingkang raka, ya guru amba sang wiku, kadi pundi kang ngandika.

  15. Lampahe anut ing Nabi, ingkang aran ing sarengat, limang wektu pernatane, wektu luhur lawan ngasar, mahribe lawan ngisa, subuh pundi jatenipun, inggih pratingkah ing salat.

  16. Amba anuwun pa/warti, marma umatur mring tuwan, ing asalat pangadege, inggih angsalipun apa, pratingkah ing sembahyang, atanapi yen arukuk, angsal saking ing punapa.

  17.  Sujud asale punapi, amba tuwan wejangana, kalawan malih lungguhe, asalat saking punapa, amba ayun uninga, nata pandhita amuwus, Raden manira miarsa.

  18. Angadeg asaling api, dudu api kena pejah, dudu api kang ginawe, dudu api ingkang panas, dudu api agaran, dudu api ingkang murub, lan dudu apining kawah.

  19. Dudu geni anggesengi dudu api murub pejah, pan dudu api kasekten, iku sira den-waspada, kang api iku cahya, roh ilapi tegesipun, Raden Santri atur sembah.

  20. Amba pan dereng udani, kang aran puji tan pegat, kadi pundi ing jatine, nata pandhita ngandika, puji tan kena pegat, iya napas jenengipun, lamun sira datan wikan.

  21. Iya dedalaning ngurip, sejatine iya / napas, kang tan pegat pamujine, Raden Santri atur sembah, malihipun punika, pratingkah ing wong asujud, asalat saking punapa.

  22. Nata pandhita nauri, adhuh Raden arining wang, wruhanira pandhita nom, pratingkahe sujud iya, yen sira nora wikan, asujud asaling banyu, dudu banyu kena asat.

  23. Dudu banyu ingkang mili, dudu banyu ingkang buthak, banyu urip sejatine, panguripe ing sajagad, urip tan kena pejah, anapon ingkang winuwus, urip langgeng datan owah.

  24. Umatur Rahaden Santri, ingkang ngalinggih punika, saking punapa asale, amba tuwan wejangana, angling nata pandhita,  anapon ingkang alungguh, asaling bumi punika.

  25. Dudu bumi kena rempit, dudu bumi kang nagawiyar, dudu bumi andhap asor, dudu bumi ingkang / gempal, dudu bumi punika, dudu bumi suda wuwuh, bumi suci datan owah.

  26. Ature Rahaden Santri, inggih sabda kasinggihyan, nanging ta malih undhake, amba tuwan wejangena, sakehe patakenan, kadi pundi tegesipun, sebda kang kawan prakara.

  27. Kang adeg asaling api, angadhepaken punapa, asaling angin rukuke, angadhepaken punika, sujud asaling toya, asaling bumi kang lungguh, angadhepaken punapa.

  28. Nata pandhita nauri, ingkang angadeg punika, urip kang den-adhepake, uripe tan kena pejah, rupane kadi retna, gumilang-gilang ta wau, jumeneng pucuking grana.

  29. Kang rukuk asaling angin, angadepaken sirulah, iku kang den-adhepake, cahyane gumilang-gilang, lan malihye punika, asujud asaling banyu, den-adhepaken punapa.

  30. Kakasihira Hyang Widdhi, / kang anama Rasullulah, iku kang den-adhepake, cahyane lir sagara mas, gumebyar lir gurnita, mapan ta ing-adhep wau, anapon ing-aturena.

  31. Umatur Rahaden Santri, yen pangeran guru amba, inggih karana sembahe, atarimaa ing Allah, angling nata pandhita, angsaling pangadegipun, ing-aturaken ing Allah.

  32. Manikem puniku singgih, kang ing-aturaken ika, iya anapon rukuke, kang ing-aturaken ika, marang kang murbeng jagad, iya ujar yahu-yahu, kang katur marang ing Allah.

  33. Raden Santri matur malih, kang asal angin punika, tegese mangke asale, sal banyu dadi punapa, angsaling geni iya, lah punapa dadosipun, nata pandhita ngandika.

  34. Anadene kang rumiyin, saling api dadi rupa, saling angin ping kaliye, angin iku dadi napas, kaping ti/gane iya, nanging asal saking banyu, mapan iku dadi nyawa.

  35. Kang alinggih iku mangkin, apan iya dadi badan, rahaden Santri ature, amba tuwan wejangena, pan amba dereng wikan,  wirayat sedayanipun, kawula ayun uninga.

  36. Nata pandhita mangkya ngling, asaling api punika, badan lan rambut sakehe, dadi wulu kulit ika, lan dadi daging iya, saking api asalipun, raden manira miarsa.

  37. Mangkana ataken malih, otot asaling punapa, balung punapa asale, utek asale punapa, utawi kang paningal, atanapi kang panerus, suwara asal punapa.

  38. Nata pandhita nauri, asal banyu dadi tingal, dene kang dadi swarane, asal saking api ika dene kang amiarsa, asal saking bumi iku, lan malihipun punika.

  39. Dadi sungsum saling bumi, asal saking banyu iya, dadi otot ing tegese, anade/ne kang sapisan, iku dumadi iya, roh sabumi asalipun, asal bumi dadi manah.

  40. Raden Santri matur malih, dadi punapa kang toya, nata pandhita wuwuse, lah iya wolung prakara, banyu iku kang dadya, rahaden Santri umatur, amba tuwan tedahena.

  41. Anadene kang rumiyin, ingkang banyu nama Allah, kang dadi rupa tegese, dene banyu wujudolah, iku kang dadi swara, banyu wadi kang winuwus, puniku kang dadi cahya.

  42. Banyu mani iku singgih, iku kang dadi paningal, banyu madi iku tgese, iya dadi pamiarsa, lawan banyu maniyah, iya budi dadinipun, Raden Santri atur sembah.

  43. Sapa sinten aningali, wau sajroning paningal, lawan pangucap ing mengko, angucap sajroning lesan, miarsa jroning kerna, ya pangeran guruning sun, amba tuwan jarwanana.

  44. Nata pandhi/ta nauri, nanging budi jroning manah,sirolah iku tegese, rupane kaya gurnita, kang mirsa jroning karna, dattolah westane iku, warnane kaya kumala.

  45. Rahaden ataken malih, kang saking api punika, api ing budi asale, nanging ta asale ika, banyu pundi pinongka, saking purwa-purwanipun,  amba tuwan wejangana.

  46. Atanapi ingkang bumi, asal saking ing punapa, kawan prakara kathahe, ing pundi asale ika, ingkang kawan prakara, nata pandhita amuwus, asale kawan prakara.

  47. Ana paningal ing api, saking aksara be iya, pan saking aksara ete, asal saking bumi iya, aksara-angin punika, anapon asaling banyu, asale aksara ekap.

  48. Anapon warnaning Nabi, ginitakaken ing tembang, asmaradana sekare, sakehe mukmin sadaya, aja tungkul miarsa, ing lapal lan maknanipun, / wirayat kawikanana.

  49. Lapal lawan makna singgih, kawruhana dipun-nyata, basa iman satuhune, iya iku den waspada, bab ing mas’allah iman, lapal lawan tekadipun, wong anom sira tompaa.

Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.

2 Comments

  1. erwaiaan drh

    nderek mangayubagyo mas kumitir. kula nembe saget muncul.

  2. SUDARNO

    ok

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: