alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SEJARAH TAPEL ADAM pupuh 18-24


۩۩۩ Pupuh 18 ۩۩۩
ASMARADANA

 (www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Semana Sang Raja putri, duk bagya sakeca nendra, supena denira sare, ningali langit kasapta, katon bedhah nerawang, wonten cahya kang tumurun, amadhangi sabuwana.

  2. Saking langit antaraning langit, kapitu wedaling cahya, ngubengi jagad lampahe, sahengga basanta mimba, murub agebyar-gebyar, tepungnya rereh tumurun, kang cahya manjing manungsa.

  3. warnanira langkung pekik, nanging wus satengah tuwa, dumunung munggeng bathuke, kang cahya maksih katingal, mancur munggeng larapan, saking mandrawa ngunguwung, kadya banguning kartika.

  4. Nulya na swara kaheksi, heh ta nini wruhanira, [137] cahya kang tumurun kae, pan iya cahya Nurbuah, iya cahya Nuringrat, medhun mring donya dumunung, mring Ngabdulah putreng Mekah.

  5. Kang Kinarsakken Hyang Eiddhi, dadya sudarmane benjang, Kangjeng Rasul ing babare, Mukamaddinil Mustapa, Nabi Niyakaningrat, iya Jeng Nabi Panutup, wanodya sapa kang dadya.

  6. Ibunira Kangjeng Nabi, sinucekken badanira, apan wus pasthi jangjine, kinaramaken ing naraka, ginadhang manjing swarga, Sang dyah pan kaselak wungu, langkung ngungun ing wardaya.

  7. Gugulinge den sungkemi, Kusuma Siti Patimah, kagagas ing supenane, dene tan mantra supena, swara pamangsitira, Nubuah tumurunipun, dumunung mring putra Mekah.

  8. Menggeng larapan nelahi, datan pangling yen wontena, Raden Ngabdulah warnane, pekik wus satengah tuwa, sumunu cahyanira, kapencuting jangjinipun, wanodya pundi kang dadya.

  9. Ibunira Kangjeng Nabi, Mukamaddinilmustapa, wus pasthi jangjine tembe, sinucekken badanira, kinaramaken neraka, ginadhang manjing swargagung, ingkang tanpa kira-kira.

  10. Ibu kang kacipteng galih, enjang marek mring kang rama, ngaturken ing supena, ing purwa madya wasana, sampun katur sadaya, supenanira ing dalu, kang katingal jroning nendra.

  11. Kang cahya tumuruneki, saking ing langit kasap-[138]ta, mring putra Mekah tibane, tan wonten kang kalangkungan, Sang Prabu duk miyarsa, kang putrasigra rinangkul, suka denira ngandika.

  12. Yeku ngrahaning Hyang Widdhi, nini mring sarira nira, dhinawuhken jro pangipen, pada lan ujaring cetha, lamung mengko meh mangsa, Nuringrat tumurunipun, babare neng bumi Mekah.

  13. Becik nini den lakoni, wangsit sajroning supena, wirang isin wus jamake, ing wong hamburu nugraha, sira angunggahana, mring putra Mekah nak ingsun, apan maksih darah ingwang.

  14. Padha trah Nabi Ibrahim, Ngabdulmuntalib ing Mekah, banu Asim tedhak Kures, ingsun wis miyarsa warta, putra Mekah Ngabdullah, wus krama ping pat tan tutug, rabine nuli palastra.

  15. Iku bokmanawa nini, karsane kang Maha Mulya, iya mring sira tibane, kang pinasthi sinung wenang, iya hamadhahana, Nubuah tumurunipun, marma nuli samektowa.

  16. Sun gawani si hapatih, kang ngiringana lakunira, lan punggawa kang separo, sakapraboning ngayuda, rajabrana jro pura, keringgen sahananipun, karyanen beyaning krama.

  17. Lamun wus samkta nini, lawan sapawonganira, [139] tumuli sun angkatake, Sang Kusuma duk miyarsa, timbalane kang rama, sukeng tyas dening panuju, lawan ciptanireng driya.

  18. Sang Prabu wus marentahi, marang rekyana apatya, lan punggawa kang separo, sajoga sawadyanira, myang saosan wahana, titiyang Sang Retnaningrum, kya patih matur sandika.

  19. Antara ing pitung ari, jaba jro ingkang sayoga, wus samekta sadayane, pawongane kawan dasa, nenggih ingkang binekta, kalebet bau inyanipun, dene ingkang raja brana.

  20. Peni-peni raja peni, sadaya satus gotongan, gih saking jro kadhaton, tinapen mring kiya patya, Sang Prabu sigra tedhak, lawan Prameswarinipun, anganthi putra sang retna.

  21. Prapteng jawi sapun nitih, katri nunggil sajempana, Sang dyah lan rama ibunira, panganjur kapat punggawa, tengara sigra budhal, wadyanipun kawan ewu, sakapraboning ngayuda.

  22. Ing wuri ingkang nambungi, wadya ingkang ngupacara, upacaraning kaprabon, binektakaken kang putra, sadaya kawan dasa, upacarane kang ibu, lan upacara sang retna.

  23. Kawan dasa ngampil-ampil, upacaraning wanodya, [140] ting pancurat ting pancorot, kataman ing diwangkara, asri pating galebyar, ingkang sumambung ing pungkur, jempananira sang retna.

  24. Prajurit jro kang jajari, kawanatus pipilihan, sakapraboning prang kabeh, sawurinireng jempana, nenggih rekyana patya, wadyanipun kalih ewu, sakaprabon  praboning ngayuda.

  25. Wurining Rekyana Patih, gotongan miwah rembatan, Sang kusuma babektane, anulya untu momotan, sagung cethi parekan, lan unta momotan sangu, ingkang sumambung ing wuntat.

  26. Catur punggawa mung kari, kawan ewu wadyaira, sakapraboning prang kabeh, saleksa gunging gagaman, kawantus langkungnya, kajawi ingkang pipikul, miwah cethi lan parekkan.

  27. Kdhik lampahe ingkang baris, nanging asri tingalan, wadya pipilihan kabeh, pangkat-pangkat lampahira, sagung pra dipatya, mangku upacaranipun, kadya panjrahing puspita.

  28. Busana mawarni-warni, namung sunaring baskara, ting pancurat ting pancorot, ting palancur ting paluncar, abra pating galebyar, Sri Narendra wangsulipun, aneng sajawining kitha.

  29. Lawan ingkang prameswari, namung upacaranira, kang lajeng binektakake, marang ing nagari Mekah, sawusnya Sri Narendra, telasing pitungkasipun, mring patih miwah mring putra.

  30. Sri Bupati tedhak saking, jempana lawan kang [141] garwa, nitih rata ing kundure, wadya gung lajeng lampahnya, angambah wana wasa, rereh aring lampahipun, kadya pepara kewala.

  31. Tan rekasa kang wadya lit, miwah kang ami ngrarembat, ayeming lampah asareh, lamun kadalon ing marga, akarya pasanggrahan, rerep lan sawadyanipun, enjange lajeng lelampah.

  32. Kathah lelangen ing margi, miwah lelangen ing wana, kuneng datan winiraos, ingkang lagya alelampah, raja putri ing Ngsam, lan sawadya balanipun, kuneng gantya winursita.

  33. Nenggih lampahireng nguni, Sultan Wahab Baninajar, sarta kalawan putrine, duk samana sampun prapta, jawining kitha mekah, ki patih kinen rumuhun, manjing sajroning nagara.

  34. Sowan mring Sang Ngadipati, sartane binaktan surat, mratelakken ing lampahe, denira bekta kang putra, miwah sasedyanira, kawrat ing nuwala sampun, nembah mesat kiya patya.

  35. Lampahira sampun prapti, sajroning nagari Mekah, katur tinimbalan age, wus panggih lan sang Dipatya, kya patih Baninajar, ngaturaken suratipun, gupuh sang Dipati Mekah.

  36. Denira nampani tulis, kang surat lajeng binuka, [142] sinuksmeng sajroning tyase, kadrya raosing surat, ngungun sang Adipatya, dene ta ing rawuhipun, Sultan Wahab Baninajar.

  37. Marga saking antuk wangsit, denira bekta kang putra, lamun wus pasthi jinodho, lan kang putra dyan Ngabdulah, dene sami kewala, mring kang putra wangsitipun, denya mantuk saking wana.

  38. Mituhu ujaring wangsit, yen pinasthi jodho lawan, putri ing Baninajare, kinarsakken dening sukma, dadya bapa babunya, Nabining Hyang kang panutup, Mukamaddinil Mustapa.

  39. Sawusira maos tulis, sigra sujud sang Dipatya, wungune saking sujude, donga sukur ing Hyang Suksma, kipatih wus ngangsulan, ingaturan Sang Prabu, lajeng umanjing jro kitha.

  40. Kya Patih mundur wotsari, Sang Dipati gya parentah, mring santana sawadyane, kinen sami samektawa, lan sasugatanira, Sang Dipati arsa methuk, wusnya samekta sadaya.

  41. Sigra budhal sang Dipati, para putra santana, kang samya andherekake, segah mateng sadayanya, gili jodhang rembatan, Sang Dipati dennya methuk, kendel nganti pasanggrahan.

  42. Apan sampun den tarubi, tan dangu antaranira, [143] wadya Baninajar katon, namung sewu winatara, ingkang kapraboning prang, nora nana labetipun lamun lampahing Narendra.

  43. Upacara datan mawi, miwah sagunging tengeran, wus kadya wong dagang bae, ki Dipati ngungun ing tyas medal sing pasanggrahan, ngadeg tepining tatarub, saputra santananira.

  44. Wau tan kang lagya prapti, Sultan Wahab wus ngaturan, uninga marang wadyane, lamun sang Dipati Mekah, methuk saputranira, wonten tepining tatarub, sarta lan sasegahira.

  45. Sultan Wahab anulya glis, tumurun saking ing unta, sarwi anganthi putrine, Sang Dipati Mekah mulat, yen Nateng Baninajar, saking ing unta tumurun, dharat anganthi kang putra.

  46. Gupuh Harya Dulmuntalib, sah saking tarub wungunan, lan saputra santanane, piyak wadya Baninajar, sareng paran pinaran, Sang Dipati lang Sang Prabu, tundhuk samya sasalaman.

  47. Sang Kusuma angabekti, marang Sang Dipati Mekah, para putra nebih kabeh, taha denning Sultan Wahab, sarta lan putrinira, Sang Dipati alon matur, kalangkung saking ngrarepa.

  48. Nenggih dennya ngacarani, suwawi Sri Naranata, [144] kawula aturi rereh, lenggah ing tarub wangunan, angayemna sarira, myang putra Sang retnaningrum, tuwin wadya sadayanya.

  49. sayah lamine neng margi, punika abdi paduka, ing Mekah sasaosane, tetambaning lesu marga, supados kadhahara, Nateng Baninajar dheku, wus samya kakanthen asta.

  50. Tan kantun Raja putri, prapta ing tarub wangunan, wus sami tata lenggahe, Sang Kusuma datan tebah, neng kerine kang rama, para putra Mekah pungkur, ragi tebih kang taruna.

۩۩۩ Pupuh 19 ۩۩۩
S I N O M

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. wau Sang Dipati mekah, sarwi mesem turira ris, pun kakang tur panakrama, sarawuhe Sr Bupati, nenggih Mekah nagari, punapa sami rahayu, ingkang tinilar praja, miwah lamine neng margi, dene boten mawi maringi uninga.

  2. Pukulun saderengira, tumedhak Sri Narapati, ingkang saestu nugraha, raosing tyas ulun kadi, kablaburan mamanis, gunturing parbata madu, robing samodra kilang, Sultan Wahab saurnya ris, pana kramanipun kakang Adipatya.

  3. Kalangkung kalingga murda, kang dhawuh dhateng ing ari, dene ta lampah kawula, neng marga inggih basuki, miwah kantun nagri, sadaya sami rahayu, mila tanpa cacala, guyup ing tyas budhal aglis, saking praja bekta ing putra paduka.

  4. Tan ngantos ambekta bala, ngurmati ujaring wang-[145]sit, kadya kang wus mungel serat, kang kabekta mring pun patih, mesem Sang Adipati, sarya lon denya umatur, kawula tur pasaja, gen paduka angsal wangsit, lan ing iki apanta sami kewala.

  5. Putra tuan pun Ngabdulah, nalika kapaten rabi, ping sekawan sanget merang, tinampik sagung pawestri, lajeng nis saking nagri, inggih kantos tigang tahun, dennya ngical mring wana, ing dalu nulyantuk wangsit, yen jinodho lan putranta Sang lir retna.

  6. Sampun winedhar sadaya, saujarira ing wangsit, sami kewala wangsitnya, lan kang marang Sri Bupati, langkung sukaning galih, Sultan Wahab tatanya rum, kakang Dipati Mekah, putra paduka kang pundi, ingkang nama inggih Rahaden Ngabdulah.

  7. Mesem Sang Dipati Mekah, nolih matur saha nuding, inggih punika abdinta, kang munggeng ngarsa pribadi, Sultan Wahab ningali, ulab dening cahyanipun, ingkang munggeng larapan, tuhu Nubuahing Nabi, gebyar-gebyar lir trenggana karahinan.

  8. Wayah wus satengah tuwa, katingal kadya nom saking, kalaban senoning cahya, dhadhasar warnane pekik, Sultan Wahab ningali, marang badhe mantunipun, lakung reseping driya, ananging Sang raja putri, karsaning Hyang sinasaban tingalira.

  9. Cahya kang munggeng larapan, mring Sang Dyah da-[146]tan kaeksi, katon sepuhe kewala, Ngabdulah dening sang putri, langkung sungkaweng galih, miyat badhe kakungipun, nanging sang dyah susela, ajrih ing rama tan sipi, sungkawane datan kawistareng netya.

  10. Sawusnya wradin sadaya, sugatanira binukti, marang wadya Baninajar, Sultan Wahab den aturi, marang Sang Adipati, wus budhal sawadyanipun, sapraptanireng praja, Sultan Wahab den saosi, pakuwone tinunggil aneng jro pura.

  11. Namung wadya balanira, kang samya makuwon jawi, mangkana sajroning pura, garwanya Sang Adipati, sadaya mathuk sami, marang badhe mantunipun, aneng kagok sapisan, Sang retna wus den tampeni, marang para ibu binekta mring pura.

  12. Paribu resep sadaya, miyating mantunireki, ayu jatmika sembada, liringe jait alindri, karem ngagama suci, cahyanya nuksmeng sitangsu, nugrahaning Hyang Suksma, cinetha sajroning wangsit, sang Dyah dadya ibune jeng Nabi duta.

  13. Sultan Wahab Baninajar, pakuwone den saosi, ge-[147]dhong ler kang tinaruban, tutuwuhan amarnani, tilamipun miranti, Sang Dipati Mekah tumut, aneng gedhong wangenan, langkung dennya sih minta sih, sang Dipati marang Sultan Baninajar.

  14. Ing dalu datan winarna, enjinge sampun cumawis, samektanireng paningkah, reroncene tan winarni, cinendhak  sang retnadi, wus sampurna ningkahipun, lawan Raden Ngabdulah, ananging sang raja putri, karsaning Hyang tingale dereng binuka.

  15. maksih dereng sinung mulat, cahya Nubuah kang mungging, larapanira ing priya, katon sampun kaki-kaki, marma sang raja putri, dahat sungkawaning kalbu, dene tan mantra-mantra, wonten empere sathithik, lawan wangsit tuwa kucem tanpa cahya.

  16. Marmanya sang saya-saya, sungkawanira sang putri, gung ngungkep-ungkep kewala, tan kena den parepeki, marang kakung miranti, aneng jroning gedhong tutup, sang kakung yan mangkana, sawusira marepeki, marang garwa sapisan sinatmata.

  17. Dadya Rahaden Ngabdulah, tan arsa marpeki malih, tebih tyasira mring garwa, kadi wus karseng Hyang Widdhi, dereng mangsanireki, Nubuwah tumurunipun, marang Dewi aminah, marma kalihipun sami, karsaning Hyang tinebihaken tyasira.

  18. Kang para ibu sadaya, miwah ta sang Adipati, [148] pra samya namung sungkawa, dene ta putranireki, dereng careming krami, samya tebih tyasipun, Sultan ing Baninajar, tumut anaken prihatin, dayan antuk pitutur mring putranira.

  19. Dadya sinrahken Hyang Suksma, ing batin ragi mutungi, Sultan Wahab mring kang putra, dereng prapta ing pencari, pamit budhalira glis, kondur marang prajanipun, Sang Adipati mekah, saputranira ngurmati, dherekaken wangsul sajawining kitha.

  20. Kuneng nagari ing Mekah, ki Arya Ngabdulmuntalib, lan sagarwa santananya, kang sami nawung prihatin, gantya ingkang winanri, putri Ngesam lampahipun, sawadya balanira, prapta ing Mekah nagari, samya kendel masangrahan jawi kitha.

  21. Dinira miyarsa warta, kusuma Patimah sami, kalamun Raden Ngabdulah, ing mangkya wus palakrami, putri nginggah-inggahi, Dewi Aminah ranipun, putri ing Baninajar, dereng lami dennya panggih, keju ing tyas kusuma Dewi Patimah.

  22. Ngungun langkung cuwaning tyas, rumasa kari ing kardi, lawan putri Baninajar, Sang retna sigra nimbali, marang rekyana patih, sampun prapta ngarsanipun, sang dyah alon ngandika, bapa sira wus miyarsi, lamun raden Ngabdulah mongko wus krama.

  23. Daup lan Dewi Aminah, putri angunggah-unggahi, [149] teka nagri baninajar, durung lawan dennya panggih, paranta bapa patih, ing becike lakuningsun, apa ali kewala, dene wus kari ing kardi, kyana patih Ngesamalon naurira.

  24. Sumangsa karsa paduka, yen ing wartos inggih yakin, yen Ngabdulah sampun krama, pun bapa ingkang sung warti, wadya tanpingan gusti, kang juru nelik ing laki, sampun tetela kadya, pangandika sang retnadi, nanging kantos samangke raden Ngabdulah.

  25. Dereng carem mring kang garwa, kadya wus karsaning Widdhi, kaliye sami kewala, putri Baninajar gusti, inggih tesih Tyasneki, tuminggal mring kakungipun, marma dipati Mekah, sagarwa sami prihatin, dene putra dereng carem dennya krama.

  26. Sang retna alon ngandika, lamun nyata uwa patih, kaya mangkono wartanya, banjure lakuku iki , maksih kena pinikir, yen cahya Nurbuwah durung-durung, tumiba mring aminah, manawa karsaning Widdhi, kang Nurbuwah ngenteni ing praptaningwang.

  27. Iki ingsung ginawanan, layang ing kangjeng rama ji, marang sang dipati Mekah, mratelakake laku mami, pasaja tan kekalir, yen ngunggah-unggahi ingsun, marang raden Ngabdulah, mituhu ujaring wangsit, nanging ewuh lamun ingsun kabanjura.

  28. Prapta nagara ing Mekah, iya yen Nubuwah maksih, [150] dumunung aneng Ngabdulah, wirang isin sun lakoni, ewuhe ing tyas mami, yen Nubuwah wus katrucut, tumiba mring Aminah, kaya paran salah mami, becik siwa wa patih kang dhinginana.

  29. Siba mring dipati Mekah, ngaturake layang iki, ananging ta kaya paran, ing pikirira wa patih, bisane awak mami, wruh dhewe sadurungipun, ing warnane Ngabdulah, aja mung gugoni wangsit, lamun ingkang katon sajroning supena.

  30. Yen mengko anawa, sayekti ingsun tan pangling, wayahe satengah tuwa, nanging cahyane nelahi, dhasar warnane pekik, semune jalmi karuruh, saking doh lir jajaka, kipatih turira aris, kang punika pratikel saking pun bapa.

  31. Kang matur mring Sang dipatya, sarating wong laki-rabi, ingkang sampun kalampahan, inggih mawi nenontoni, jalu kalawan estri, sarat wruha warnanipun, yen pareng ingkang putra, kula suwune mariki, sengadiya angaturaken sasegah.

  32. Sang retna suka ngandika, iya bener uwa patih, mangkene pratikelira, pasajan datan kakelir, mangkata ing saiki, surat pinaringaken sampun, mundur rekyana patya, prapteng jawi marentahi, wadyanira namung satus kang binakta.

  33. Budhal saking pasanggrahan, samya wahana turang-[151]gi, kang samya jajari surat, warnanen sang Adipati, wus ngaturaken udani, lamun wonten putri rawuh, saking Nagari Ngesam, bekta sakaprabon jurit, mangkya kendel masanggrahan jawi kitha.

  34. sang Adipati kapitayeng tyas, dereng pinanggih ing galih, ing wadinira putri Sam, praptaning Mekah nagari, sigra dennya nimbali, pra putra santananipun, pinundhut rembagira, dereng dugi denira ngling, pan kasaru parptane patih Ngesam.

  35. katur lajeng tinimbalam, tumundhuk rekyana patih, umatur ngaturaken surat, kang saking gustinireki, Sang Dipati ngurmati, tedhak saking dennya lungguh, surat wus tinampanan, binuka sinukmeng galih, wus kadriya suraosireng nawala.

  36. Sumuk ing tyas mijil suka, serat penaringaken aglis, mring putra raden Ngabdulah, binuka sinukmeng galih, putus pamaosneki, ngungun ing tyasnya tumungkul, myarsa raosing serat, sang dipati ngandika ris, heh Ngabdulah yeku nugrahaning suksma.

  37. Paranta wangsulanira, marang ing sang raja putri, miwah ing wangsulanira, kang katur ing Sri Bupati, kang putra awotsari, hamba tangsaged umatur, dhestun amung sumangga, ing sakarsa sang retnadi, miwah karsanipun jeng Sultan ing Ngesam.

  38. Sang dipati mesem ing tyas, miyarsa aturing siwi, ngandika mring kiya patya, punika wangsulaneki, putra andika adhi, sumangga ing haturipun, dhateng sang parabu ing Sam, myang katurira sang putri, datan darbe atur pan amung sumangga.

  39. Sampun kang kinarya harja, den jur pinanjingna [152] kowi, datan garantos samendhang, yen ing karsa Sri Bupati, mesem rekyana patih, miyarsa wangsulanipun, langkung reseping driya, dangu denira ningali, ngawasake pukiranita Ngabdulah.

  40. Ngungun rekyana apatya, dene tan gethang sanyari, lawan dhawuh sang retna, Ngabdulah warnanireki, kang katong jroning guling, wayahe satengah sepuh, nanging kadya jajaka, mawa cahya anelahi, Nubuwah kang munggeng larapanira.

  41. Murubaprabaning wadana, lir trenggana ngikis latri, kyana patih kaulapan, tan kuwawa dennya ngliring, nginggil tenggakireki, dadya lon dennya humatur, mring sang dipati Mekah, pukulun langkung respati, wangsulane putranta raden Ngabdulah.

  42. Ananging lamun sembada, ing karsa sang adipati, rehning putri wus diwasa, prayogi mawi nontoni, jalu kalawan estri, sarat wruha warnanipun, dados boten kuciwa, yen sami sampun udani, kang punika dede saking panyuwunnya.

  43. Putra paduka sang retna, pan saking kula pribadi, kang nunuwun ing paduka, ing lampah amrih utami, yen ngemungna gegani, sang retna supenanipun, langkung maksih kuciwa, mesem ing tyas sang dipati, amiyarsa pratikelira patih Sam.

  44. Ananging sang adipatya, ing galih wus grahita-[153]ni, lamun ing rembag punika, dede ki patih pribadi,  yekti saking sang putri, sang adipati ngandika rum, inggih langkung prayoga, pratikele adhi patih, terus lawan wijile agama kula.

۩۩۩ Pupuh 20 ۩۩۩
M I J I L

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Inggih putra paduka pribadi, kang kula ken caos, mring sang retna lawan ngaturake, sasegahe kang abdi ing ngriki, ki patih miyarsi, langkung sukanipun.

  2. Dene karsanira sang dipati, lan tyase wus condhong, Ngabdulah kang ngaturna segahe, pamit mundhur ekyana apatih, arya Dulmuntalib ngandika mring sunu.

  3. Heh ta kulup dandana den aglis, aturna susugoh, marang putri Ngesam sahanane, kaya dudu pikire pribadi, kipatih dennya mrih, ing praptanireku.

  4. Ingsun duga dhasare sang putri, karsane mangkene, kudu-kudu wruha sadurunge, iya marang warnanireki, dhasare wus wajib, sanadyan sireku.

  5. sadurunge kudu hangawruhi, warnane sang sinom, anganggowa cara santri bae, ngarah apa dhasare wong santri, kang putra wotsari, sandika turipun.

  6. Wus amekta rembatane sami, jodhang miwah songgon, gili saking putra pangiride, raden Ngabdulah busana santri, nyampingira langking, srebanipun gadhung.

  7. Rasukan jubah caweni kuning, sarwi nyethe golek, [154] sinamiran ubet ro tasbehe, ilang sepuhe saking doh kadi, jajaka nom pekik, nitih kuda pingul.

  8. Kawandasa sabate umiring, rare anom-anom, samya putih busanane kabeh, kawarnaa lampahe kya patih, pasanggrahan prapti, tinimbalan laju.

  9. Marang ngasanira sang retnadi, kya patih turnya lon, ngaturaken solahe kinengken, dennya panggih lawan sang dipati, maringaken tulis, tinampenan sampun.

  10. Lajeng binuka sinukmeng galih, putusing pamaos, kang nawala gya pinaringaken, mring putra nulya binuka glis, surat sasampuning, pamaosnya putus.

  11. Lajeng tumungkul deninra linggih, kang rama nulya kon, ngangsulana kangdadya ature, aturipun kalangkung kapundhi, kang kawrat ing tulis, dhawuhe sang prabu.

  12. Sampun menggah kang pinaringan putri, kinarya pamomong, lamun boten nyumanggakna bae, sarirane tan ngraos darbeni, pejah gesang neki, kagungan sang parabu.

  13. Dene gusti yakining pawarti, Ngabdulah sayektos. Dereng carem kalawan garwane, pratandhane Nubuwah kang munggwing, larapannya maksih, murub prabanipun.

  14. Wus satengah sepuh den tingali, kadya jajaka nom, [155] dhasaripun pekik warnane, sariranenira rurus aramping, pasemone wingit, jatmika aruruh.

  15. Pang ing mangke dinuta mariki, ngaturken susugoh, mring paduka paranta nak angger, raden Ngabdulah prentahe linggih, miwah kang nampeni, mangke aturipun.

  16. Sang kusuma mesem ngandika ris, dene dennya lunggoh, jajara lan sira kana bae, sedheng gone kalawan gon mami, dene kang nampani, mengko tembungipun.

  17. Ing becike ya ingsun pribadi, wus padha patemon, jajaragan lah apa hasile, akakelir kayata wong cilik, yen jenenging putri, wa patih tan patut.

  18. Ngangge isin angewakken ati, ki patih turnya lon, leres karsa paduka nak angger, dereng dugi ngandika sang putri, wadyanya ki patih, angaturi weruh.

  19. Lamun wonten putra Mekah prapti, ngantos neng pakuwon, ngaturaken asesegah lampahe, duk miyarsa sang dyah ngandika ris, temonana aglis, yeku kakang rawuh.

  20. Dene mengko pangiridireki, marang ngarsaningong, pra punggawa angiringna kabeh, kyana patih sandika turneki, medal marang jawi, wauta kang kantun.

  21. Pan sakedhap kondur sang retnadi, mring dalem [156] pakuwon, sawetara maharjeng gelunge, myang busana winangun sarwadi, dhadhasar yu linuwih, sasolahe patut.

  22. Kaduk raga karana mantesi, akarya wirangrong, galak ulat alindri liringe, pan kasembuh anandhang wiyadi, sangsayembuh manis, nglalentreh lum-alum.

  23. Sawusira dennya maharjaring, ukel sang lir sinom, marang jawi lenggah paningrate, aglar parekan kang para cethi, ngayap kanan kering, miwah aneng pangkur.

  24. Tan dangu kyanu patih prapti, munggeng jawi regol, sarwi ngririd marang tetamu, punggawa wolu samya umiring, wus kinen ngaturi, kyana patih laju.

  25. Manjing regol Ngabdullah neng kering, sang dyah nalika non, mring kang prapta gumebyar galiya, dene wutuh tan ana kang rempit, lan kang katon nguni, jro supenanipun.

  26. Wus satengah sepuh den tingali, kadya jajaka nom, kasamadan senening cahyane, gebyar-gebyar prabanya nelahi, Nurbuah kang mungging, larapan umancur.

  27. Sang kusuma aris anedhaki, ngurmati kang rawoh, mudhun marang ngandhap bebature, sarwi dekung dennya ngecarani, lah raden suwawi, kula turi laju.

  28. Pinarekka nginggil lan wa patih, andheku kang kinon, sang dyah sampun wangsul mring ngenggone, raden Ngabdullah lan kiya patih, wus jajar alinggih, neng nginggil babatur.

  29. Raden Ngabdulah cengeng ningali, saputing pan-[157]dulon, yayah kadya rungging wardayane, mulating warna sang kadi ratih, leng leng tan kena ngling, tyasira keneng kung.

  30. Agung dennya sabil jroning galih, miwah sang lirsinom, leng-leng miyat marang tatamune, meh kasupen lamun putri adi, rengeh dennya linggih, wau sang tatamu.

  31. Sarehning driya umatur aris, pukulun sang sinom, pan ing lampah kawula kinengken, ing sudarma marek ing sang putri, kinon angaturi, ing sawontenipun.

  32. Tedhanipun parekkan myang cethi, dheku sang lir sinom, langkung saking anuwun ature, punapa ta jeng tuwa dipati, sagarwa myang siwi, samiya rahayu.

  33. Raden Ngabdulah sauriraris, pan inggih sang sinom, sami harja sadaya-dayane, kaping kalih jeng rama kang weling, paduka sang putri, ingaturan laju.

  34. Manjing jroning praja benjing-enjing, jeng rama wus saos, pasanggrahan prayogi prenahe, patamanan caket lan jro puri, dene ramanta ji, ing sadawuhipun.

  35. Ingkang kawrat sadaya ing tulis, rawuhe sang sinom, mring kang abdi Mekah panampare, karsa mupu mring dasih kaswasih, kinon angembani, mring sariranipun.

  36. Kang abdi wus tan saged mangsuli, pan amung su-[158]maos, ing sakarsa-karsa padukangreh, miwah pejah gesange kang abdi, kagungan sang putri, sumanggo sakayun.

  37. Dene sampurnanireng ngakrami, inggih mung cumadheng, ing sakarsa paduka nak angger, kinarsakna tamban miwah aglis, Sang dyah duk miyarsi, Ngabdulah turipun.

  38. Trenyuh ing tyas saengga wus panggih, neng tilam karongron, lawan kakung linut pangrungune, ing tyas ira onar senig-senig, swanida drus mijil sarira marlesu.

  39. Dadya sang dyah wus tanpa wawadi, sahuripun alon, inggih raden punapa kasile, akakelir sabarang, pakardi, yen sampun kinapti, sae gothak-gathuk.

  40. Inggih kula raden benjing-enjing, saha wadya bodhol, manjing kitha sakedhap arereh, wonten pakuwon sontenireki, ningkah lajeng panggih, lan sariranipun.

  41. Yen gantunga ningkah lami-lami, labetipun awon, nanging kula nuwun jangji raden, sarirane ing sadalu mangkin, sampun anyareni, dhateng garwanipun.

  42. Dene benjing yen sampun saresmi, lan sariraningong, nadyan nguyunana dhomas kehe, para putri amba tan praduli, kang kula aweri, mung samangke dalu.

  43. Raden Ngabdulah marem miyarsi, aturipun alon, [159] sampun menggah kang jinangji angger, mangka dalu sageda kang abdi, dhatengken saresmi, lan garwa kang sampun.

  44. Malah-malah kusuma kang abdi, cepak boten dados, lawan putri ing Baninajare, namung mulat duk lagya pepanggih, prapta ing samangkin, dereng salang dulu.

  45. Pan kalajeng tyas kula tebih, mesem sang lir sinom, miyarsa Ngabdulah wuwusa, osiking tyas jarene wong santri, kewese kepati, dennya gawe wuwus.

  46. Wusing dangu dyan Ngabdulah pamit, sang retna lingnya lon, inggih raden sembah ulun bae, aturena mring uwa dipati, dheku kang sinung ngling, sigra dennya mundur.

  47. Sareng lawan patih dennya mijil, saking ing pakuwon, sang dyah kadya nutaken tingale, ngandikeng mban sira aningali, warnane kang prapti, angaturi suguh.

  48. Kaya paran besuk yen wus panggih, lan sariraningong, apa pantes jajara lungguhe, dene wus satengah tuwa bibi, pantes ingsun dadi, putrane pembayun.

  49. Wayahane mung kacek sathithik, an jeng rama katong, mung kakang adhi iya pantese, niken emban umatur wotsari, inggih leres gusti, wus satengah sepuh.

  50. Nanging dereng wonten ewah gusti, sadayane wu-[160]toh, dereng mantra ngalinthing kulite, maksih alus alurus aramping, yen sampuna gusti, remane kadulu.

  51. Sampun mawi pethuk pethak kedik, kadya jajaka nom, lan isine jagad sinten darbe, cahya ingkang kadya wau gusti, sumunu nelahi, tejane ngunguwung.

  52. Tuhu putra piturun Hyang Widdhi, badane lawan wong, dene teka dalah kenakane, mawa gilap kabeh ting parelik, nalikanireng ngling, kawuleram dulu.

  53. Pan gebyar wajanipun kengis, lir mirah sumorot, maksih rapet pepet pangapite, sang kusuma mesem amiyarsi, gujengira sarwi, jumeneng gya kondur.

  54. Manjing dalem pakuwonireki, kagagas wirangrong, kawuwusa wau ing lampahe, raden Ngabdulah pan sampun prapti, ngarseng sang dipati, kang putra won santun.

  55. Ngaturaken solahing tinuding, marek ing sang sinom, dennya ngaturaken sugatane, ing sadhawuhira sang retnadi, sakarsanireki, sadaya wus katur.

  56. Lakung suka kangrama miyarsi, babo putraningong, yen mangkono putri sami karsane, sira sesuk mapagga pribadi, sawetara kaki, den samekteng laku.

  57. Ingkang padha ngiring ing sireki, aja lungsed [161] tinon, becik nganggo-anggo sapantese, ya sacara-carane wong santri, kapraboning jurit, ingkang sira pethuh.

  58. Aja dumeh bakal dadi rabi, yen putrining katong, wajib kinurmatan ing praptane, kapindhone garwanira kaki, sadurunge wajib, paringana weruh.

  59. Lamun sira sesuk bakal kawin, lan putri kang rawoh, ningkah sore banjur katemune, nadya sira lan garwanireki, karone padha wis, puwas ing tyasipun.

  60. Namung aja kaget bae kaki, temua samengke, ingkang putra sandika ature, yen mopowa rehing rama ajrih, pinaksa wotsari, saking ngarsa mundur.

  61. Mampir dalem sayah rungsang saking sarira keraos, dadya siram ngayem sarirane, raden Ngabdulah, denira panggih, lan garwanireki, Baninajaripun.

  62. Mung sapisan dennya marepekki, tinilar mring gedhong, ing tyas mutung prapta ing samangke, datan arsa marepekki malih, wus karsaning Hyang Widdhi, dereng mangsanipun.

  63. Tumurune Nubuwah pan maksih, neng larapan manggon, marmanira sakalih-kalihe, tyasira maksih kinarya tebih, wau kang winarni, kang manggung mangun kung.

  64. Raja putri Baninajar maksih ngekep munggeng ge-[162]dhong, tansah lawan pipitu embane, mung puniku ingkang manjing mijil, ngladosi sang putri, ing sakarsanipun.

  65. Duk samana niken mban miyarsi, nenggih wartaning wong, sigra marek matur mring gustine, dhuh kusuma kawula miyarsi, wartos saking jawi, rakanta pukulun.

  66. Pan dinuta mring sang dipati, ngaturken susugoh, dhateng putri ing Ngesam praptane, mring rakanta anginggah-inggahi, praptane mariki, ambekta branagung.

  67. Sejatine apan nenontoni, denira susugoh, raja putri Ngesam wus tinampan, benjing-enjing praptane mariki, ningkah lajeng panggih, manising jinem rum.

۩۩۩ Pupuh 21 ۩۩۩
DHANDHANGGULA

 (www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Sang kusuma wau duk miyarsi, lamung ingkang raka badhe krama, saking niken mban ature, esmu sukaning kalbu, mesem sarwi ngandika aris, sokur yen gustinira, krama besuk-esuk, antuk Rajaputri Ngesam, sayektine aliye wus tan tumolih, iya mring raganing wang.

  2. Pasthi marem kasengsem tyasneki, marang garwane putri Ngesam, ayu anak ratu gedhe, sugih raja brana gung, iku biyung emban kang dadi, sukane ing tyasingwang, ing besuk lamus wus, sedheng antarane lawas, ing panggihe lan putri Sam ingsun pamit, mulih mring Baninajar.

  3. Sayektine lamun den lilani, malah-malah ing pan-[163]duganingwang, den runtuhken talake, tetelu pisan besuk, karana wus puwas tyasneki, putra Mekah maring wang, marga saking mutung, pira ta lawase biyang, mung sapisan merpeki ingsun lungani, mring gedhong tutup lawang.

  4. kongsi mengke nora prapta malih, iku tandhane raden Ngabdulah, lamun wus putung galihe, marang sariraningsun, Baya ta wus karseng Hyang Widdhi, iya raden Ngabdulah, dudu pasthinipun, jinodho lan raganing wang, kaya lagi jodho angalang-alangi, dene padha kewala.

  5. Iya lawan rasaning tyas mami, mulat marang rahaden  Ngabdulah, kepati-pati adohe, nora duwe sarambut, acipta sih biyang tyas mami, nora kena sun peksa, kudu lumuh dulu, ing mengko temahan krama, marma banget biyar leganing tyas mami, kaya kaul-kaula.

  6. Payo biyang metu marang jawi, banget rungsange sariraning wang, lawan ngekek gedhang bae, sun arsa siram wuwung, dimen ayem sarira mami, raresik sawetara, niken ban umatur, inggih hangger sae siram, ngegar-egar ngalapa kang sarwa sari, wonten ing patamanan.

  7. Sang kusuma apan sampun mijil, saking gedhong [164] tan kantun mban inya, prapta ing taman lampahe, manjing patirtan sampun, siram preres sang raja putri, miwah emban lan inya, sapta adus wuwung, sang dyah sawusira siram, sigra ngrasuk busana mung sawatawis, sarta lawan gegondo.

  8. Lajeng mider-mider ngalap sari, aneng taman sang kusumaning dyah, maksih angere remane, panjang rawuh jajengku, pan satuhu sang raja putri, endah ing warnanira, wus kawektu kidung, tan kena yen ginurita, cahyanipun ngasorken resmining sasi, sawusnya ngambil sekar.

  9. Lenggah munggeng sor mandira resmi, rema sineratan ngembanira, ing wanci serap srengenge, sang retna ngandika rum, besuk esuk biyang yen panggih, gustimu lan putri Sam, ingsun arsa dulu, andherek ing ibu kewala, ngarah apa ingsun biyang nora isin, dereng dugi ngandika.

  10. Kagyat mulat ingkang raka prapti, sareng denya paguting paningal, lir panjang putra pamine, tibeng sela kumepyur, suh rempuning tyasira kalih, tingale wus binuka, aling-alingipun, raden Ngabdulah tumingale, marang garwane ingkang sayekti, ngungun kenyut tyasira.

  11. Pan kemutan patembayeng uni, jangjinira lawan [165] putri ing Sam, tan kenging sadalu mangke, nyaremi garwanipun, dene lamun sampun saresmi, lan raja putri Ngesam, sakarsaning kakung, nadyan nguyunana dhomas, tan praduli mung sadalu den aweri, haywa kongsi cumbana.

  12. Datan pae lan sang putri, Baninajar mulat kakungira, sampun sirna hing alinge, Nubuwah gebyar-gebyar, abra ngenguwung, tan katingal sepuhira, kaseninan ing cahya ingkang nelahi, sang dyah kenyuting driya.

  13. Gya jumeneng methuk marang laki, tundhuk mendhak sang dyah duk lagyarsa, nembah cinandhak astane, kang garwa gya sinambut, wus binekta marang jinem mrik, mban inya pitu mulat, marang gustinipun, langkung sukaning tyasira, dene sampun carem lan kakungireki, sinambut mring papreman.

  14. Kawuwusa kang aneng jinem mrik, raden Ngabdulah lawan kang garwa, tan winarna pangrenggane, pangrepaning pangrungrum, risang kakung denira mamrih, nigasi ing kalangyan, langening jinem rum, rarasing reh karasikan, pan cinandahak rasa mulya tumibaring, retna Dewi Aminah.

  15. Miwah cahya Nubuwah kang munggwing, ing larapan wus manjing sang retna, sareng lawan tumurune, kang rasa mulya wau, rara kenya pinurweng resmi, ing kakung wus widagda, pangrurahireng ngrum, kekeran sekar wus mekar, sang kusuma yayah mursita ing resmi, kawratan ing ngasmara.

  16. Risang kakung awlas aningali, mring kang garwa [166] nulya sinetyanan, sinambut aneng pangkone, dhuh mirah jiwaningsun, ingkang lagya asih ing dasih, abdine tur uninga, ana putri rawuh, teka negara ing Ngesam, prapteng Mekah sedyane ngunggah-unggahi, mirah mring raganingwang.

  17. Sadurunge paring asih, mring dasihe ingsun wus dinuta, mring pakuwon ngaturake, jeng rama suguhipun, mring putri Sam nora kakelir, kang dadi sedyanira, praptane maringsun, wit brangta supenanira, anon cahya tumurun saking wiyati, tumibeng raganingwang.

  18. Yeku ingkang pineleng ing galih, dennya ngunggah-unggahi maring wang, lawan malih panjaluke, banget-banget maring sun, ingaweran sawengi iki, haywa kongsi sajiwa, lan sang retnaningrum, saking ingsun wus tan nyana, lamun bisa iya ing sawengi iki, antuk sih sang kusuma.

  19. Saking banget laluning panganti, dadya ingsun tampani kewala, putri Ngsam panyethine, sarta sajangjinipun, banjur panggihipun, pan ing mengko kaya paran, dene ingsun nemahi cidra ing jangji, mulat ing warnanira.

  20. Sasat mulat resmine kang sasi, nguni-uni lamun [167] tumingal, warnanira kang mangkene, kongsia luluh luntur, nora nedya cipta dyah malih, ngamungna sang kusuma, dasihken maring sun, mengko paran karsanira, putri Ngesam sesuk ing praptanireki, manjing jro kitha Mekah.

  21. Lamun sira gusti anglilani, ing banjure sayekti sun papag, lamun tan pareng galihe, yekti sun tulak wangsul, wus narima gusti tyas mami, among sira kewala, ing satutuipun, mesem matur sang lir retna, yen paduka mangsulna praptanireki, ing sang putri Sam.

  22. Lahir batin lepat kaping kalih, kang rumiyin cidra ing ubaya, boten nuhoni jangjine, pingkalih lepatipun, sasat nampik sihing Hyang Widdhi, praptaning putri ing Sam, langkung kusung-kusung, atilar ibu rama, kang pineleng ing galih tan wonten malih, mung nedya amawongan.

  23. Mring paduka sagah anampeni, praptaningdon tinulak neng marga, niyaya lahir batine, lawanta malihipun, ing wong karya sak ing sasami, sae tuan lajengna, ing pamethukipun, pan sampun kawula sedya, saking nagri gen kawula anyenyethi, among maru sanambang.

  24. Kadya rentah tyase tibeng siti, dyan Ngabdulah kalane miyarsa, marang aturing garwane, sang retna gya rinangkul, sah ingaras awanti-wanti, dhuh atma jiwaningwang, kang sawang jumerut, muga Allah anulusna, setyanira dennya asih marang ing dasih, sang dyah sinambut sigra.

  25. Mring patirtan siram jinabaddi, wusing siram la-[168]jeng agegonda, salin busana kaliye, manjing ing dalem agung, merak marang rama ngabekti, miwah ibu sadaya, langkung sukanipun, mulat marang ingkang putra, de wus carem kang rama ngandika ris, paranta putraning wang.

  26. Ing dadine rembugira kaki, ing garwanta apa tan salaya, putri Ngesam ing praptane, raden Ngabdullah matur, putra tuan sampun nglilani, ing pamethuk kawula, miwah lajengipun, ing paningkah sampun lila, tur prasetya suka lila lahir batin, darbe maru putri Sam.

  27. Sang adipati suka ngandika ris, sarwi ngrangkul marang mantunira, nini sun ngamini bae, mangkone tyasireku, nedya mrih utameng krami, sira putri utama, trahing ratu punjul, Sri Bupati Baninajar, Sultan Wahab ratu hambeg wali mukmin, bakuh maring ngagama.

  28. Yayi prabu denirantuk wangsit, sun tatedha nini lestarinya, marang sira nugrahane, heh Ngabdulah nak ingsun, yen wus rembag garwanireki, nuli sira mapagga, sakadangireku, marang raja putri Ngesam, ing sacara-caraning wong Mekah santri, ing laku den samekta.

  29. Tur sandika kang putra gya mijil, prapteng jawi [169] enjang wus samekta, wadya Mekah sadayane, myang para kadangipun, sakapraboning ngajurit, tuwin kang pra santana, samektanira wus, budhal saking nagri Mekah, kuneng raja putri Ngesam kang winarni, enjang sampun samekta.

  30. Budhal saking pakuwonireki, pan tinata lampahireng marga, bupati pangkat-pangkate, satunggal payung agung, myang badera saben bupati, upacaranira bra tinata, neng ngayun, salin lagu ing lampahnya, sang kusuma mungging ing ngarsa pribadi, sagung pacaranira.

  31. Lir panjrah ingkang puspita resmi, upacaranira ingkang rama, tinata neng ngrasa dhewe, upacara kaprabun, kang angampil kaprabon jurit, kang sumambung ing wuntat, pacaraning ibu, asri lamun tiningilan, mawor lawan upacarannya pribadi, raja kaputrenira.

  32. Namung sunaring surya tukya sri, senggani lan rengganing jempana, sang kusuma titihane, linimput ing herlaut, tinatirah ing manten wilis, asri pating galebyar, muncar ting palancur, mawor lan srining busana, prajurit jro ingkang sami anjajari, kapraboning ngayuda.

  33. Ingkang ngapit munggeng kanan-kering, miwah ingkang garebeg ing wuntat, busana ngemasan kabeh, mawangkana ngunguwung, miwah wadya bala gung wuri, tan wus yen winuwusa, sring lampahipun, busananing bala-bala, kadya mendhung sinalimut kilat thathit, asri pating galebyar.

  34. Wadya Mekah pan sampun kaeksi, sang kusuma ken-[170]del  aken piyak, nganan ngering pacarane, raden Ngabdulah sampun, sinung wikan lamun sang putri, kendel sawadyanira, sang dyah munggeng ngayun, amanggung munggeng jempana, pacarane samya piyak nganan-ngering, saking doh katingalan.

  35. Raden Ngabdulah sigra nimbangi, munggeng ngarsa sakadangira, miwah para santanane, samya garebeg pungkur, maksuh lajeng lampahira ris, saking doh sampun katingal, sang dyah dennya dulu, mung Ngabdulah kang wianawas, munggeng ngarsa titihane kuda putih, nanging kucem kewala.

  36. Saya celak pamawasireki, sang kusuma tingale waspada, yen sampun ilang cahyane, Nubuwah kang dumunung, neng larapan wus tan kaeksi, angles ing tyas sang retna, wus handugeng kalbu, yen raden Ngabdulah cidra, prasetyane pasthi ing dalu saresmi, kalawan garwanira.

  37. Dahat runtik tyasira sang putri, denira sru kacuwan ing karsa, dadya nepata wuwuse, heh Ngabdulah sireku, ujaring trah nabi Ibrahim, tinatah gen utama, setya lawan tuhu, pagene cidreng ubaya, lah ta apa sireku kang sun pengini, tuwa wus tanpa cahya.

  38. Sayektine sira wus saresmi, mau bengi lawan gar-[171]wanira, cahya Nubuwah ilange, nora suka tyas ingsun, sun tetedha maring Hyang Widdhi, muga linuwihna, Ngabdulah sireku, saking rasaning tyas ingwang, ing wong gawe sewu cuwa ing sak serik, aywa nemu raharja.

  39. Sawusira nepata sang putri, aken ngingerken jempananira, budhal mundur sawadyane, Ngabdulah miyat ngungun, wus pinupus sajroning galih, wadya Mekah sadaya, sigra wangsul mantuk mring Mekah nagari, Ngabdulah sakadangnya.

  40. Lajeng marek sang adipati, ngaturaken sasolah lampahnya, mring putri Sam pamethuke, miwah ing wangsulipun, anepata sanget ing runtik, marang sariranira, sadaya wus katur, kang rama duk amiyarsa, langkung ngungun esmu sungkawaning galih, alon dennya ngandika.

  41. Yen mangkono putri Sam dennya ngling, heh Ngabdulah poma tyasira ja, ngenak-enak mangan sare, lawan garwanireku, nanedhaa marang Hyang Widdhi, rahayuning sarira, ing satutugipun, lah ta wus padha muliya, mring garwanta pamomongira den becik, pan putrining Sri nata.

  42. Kang putra matur sandika, wus mundur dalemireki, tan kantun lan garwanira, samya sih siniyan kalih, runtut lan walangati, sang dyah bekti marang kakung, akung sih marang garwa, cinatur sang raja [172] putri, duk sinaren uni lajeng wawratnya.

  43. Bobot sawulan supena, katon ningali swargadi, lawange sawarga menga, wonten cahya ingkang mijil, saking lawang guwa garba, nulya wonten kaki-kaki, katingalan medal saking ing sawarga.

  44. Lunggweng ing palongka retna, prapteng ngarsanya lon angling, heh ta anini wruhanira, pan Nabi Adam sun iki, atutur mring sireki, yeku ingkang sira kandhut, ing besuk apan dadya, Nabi kakasihing Widdhi, iya Nabi panutup niyakaningrat.

  45. Kang linilan badan tunggal, dening Hyang karana dadi, baboning roh sabuwana, dening baboning jasmani, pan iya ingsun iki, Nabi Adam wusnya muwus, namung pelangkanira, ingkang wangsul mring wiyati, Nabi Adam manjing guwa garbanira.

  46. Kagyat wungsu lir retna, sigra matur marang laki, lajeng katur mring kang rama, langkung sukur ing Hyang Widdhi, kinen sageta mingit, sang retna supenanipun, bobot ing kalih wulan, sang retna supena malih, katurunan jeng Nabi Sis paningalnya.

  47. Bobot tri wulan supena, katurunan Nabi Idris, [173] kawan wulan supena, Nabi Nuh ingkang nedhaki, gangsal wulan jeng Nabi, Ibrahim ingkang tumurun, nem wulan supena, kang tedhak Nabi Ismangil, saben wulan kang katingal jro supena.

  48. Nabi nenem kang tumedhak, wus wangsit lajeng manjing, guwa garbeng sang retna, saben wungu dennya guling, matur marang ing laki, miwah mring kang rama wau, langkung sukur ing Suksma, mangkana wau sang putri, sawusira bobot dungkap pitung candra.

  49. Cinatur raden Ngabdulah, kadya wus karseng Hyang Widdhi, pamit dagang marang Ngesam, ngiras tutumbas kinardi, samektaning mitoni, dennya wawrat garwanipun, adreng ing karsanira, tan kenging dipun pambengi, mring kang rama kadang miwah garwanira.

  50. Sawusnya sami samekta, rembatan daganganeki raden Ngabdulah gya mangkat, saking ing Mekah nagari, kang garwa siru prihatin, miwah rama lan kang ibu, samya nawung sungkawa, namung nanedheng Hyang Widdhi, ingkang dagang marang Sam raharjanira.

  51. Kuneng ing nagari Mekah, warnanen lampahireki, kang dagang mring nagari Ngesam, cinendhak pan sampun prapti, neng Ngsam datan lami, wus pajeng daganganipun, lajeng dennya tutumbas, barang samektanireki, denirarsa mitoni ing garwanira.

  52. Wus mangkat saking nagri Sam, pipikulira anggi-[174]li,  randhat lampahireng marga, nyata wonten kang winarni, nenggih Ratu Yahudi, antuk atur saking nujum, lamun kang dadya, mengsahira pan meh lahir, kangjeng Nabi panutup niyakaningrat.

  53. Namung kantun kalih wulan, dinten punika marengi, Ngabdulah putra ing Mekah, badhe ramanya jeng Nabi, wonten Ngesam nagari, atutumbas perlunipun, badhe mitoni garwa, nenggih ibunya jeng Nabi, duk miyarsa sang ratu Yahudi sigra.

  54. Nuduh marang wadyanira, sakapraboning ngajurit, ngadhanga raden Ngabdulah, samya mendhem neng wanadri, marga wana kang saking, nagri Ngesam anjogipun, marang nagari mekah, tengah-tengahing wanadri, duk semana lampahe raden Ngabdulah.

  55. Prapteng marga wana ingkang, ingkang pinendheman wong Yahudi, ingadheg kendel lampahnya, tinaken juraganeki, ingkang dadya titindhih, pasaja ing sauripun, lamun raden Ngabdulah, putra ing Mekah dipati, sawusira tatela takenira.

  56. Wong Yahudi wus narajang, kang kanan keri ngebyuki, marang raden Ngabdulah, tan antuk kiwuling jurit, prapteng sedanireki, wadyane sadaya mawut, tan tolih gustinira, wong Mekah kathah ngemasi, duk tinujang kacekuthah pejahira.

  57. Kuwandhanira Ngabdulah, tan pinikir mring Yahu-[175]di, mung rebutan kang rinembat, wus bubar bala Yahudi, mantuk prajanireki, matur marang ratunipun, yen Ngabdulah wus pejah, binegal aneng wanadri, duk miyarsi rajane langkung sukanya.

  58. Kuneng wau kang winarna, wadya ing mekah kang sami, kapalajeng sampun prapta, katur mring sang adipati, lamun putranireki, raden Ngabdulah wus lampus, antuke saking Ngesam, binegal mring Yahudi, wadya Mekah kacekuthah kathak pejah.

  59. Miwah sagunging rerambatan, linapgeng mring wong Yahudi, sang dipati duk miyarsa, dahat rentenging kang galih, myang para ibu sami, sadaya nangis gumuruh, retna dewi Aminah, sesambatira mlas asih, gung kataka rinapu ibu sadaya.

  60. Dipati Mekah miyarsa, sambate mantunireki, sang saya wimbuh ing driya, para putra wus tinuding, budhal sawadya neki, mring wana pra samya ngruruh, nenggih kuwandhanira, raden Ngabdulah pinanggih, wus binekta pinetak aneng ing Mekah.

  61. Geng alit sapraja Mekah, sadaya samya prihatin, ing sedanireng Ngabdulah, miwah ta sang adipati, renteng ngira katarik, welas marang putra mantu, retna Dewi Aminah, kang dadya wewahing sedih, dene lagya wawrat tinilar ing priya.

  62. Antara samadya candra, prapta pamupuse sami, geng alit sapraja Mekah, mung awlas dennya ningali, marang garwanireki, Dewi Aminah winuwus, tutupe pitung candra, dennya bobot sang retnadi, pan supena Nabi Iskak kang tumedhak.

  63. wawarah aywa sungkawa, patine lakinireki, wus [176] tinakdirring Hyang Widdhi, yaiku kang sira kandhut, ing besuk iku dadya, Nabi ning Hyang kang sinelir, iya Nabi panutup nayakaningrat.

  64. Wusnya sung wangsit mangkana, katon Nabi Iskak manjing, marang guwa garbanira, kagyat wungu sang retnadi, matur mring sang dipati, miyarsa kalangkung ngungun, alon dennya ngandika, yeku pituhunen nini, sawangsite Nabi Iskak jro supena.

  65. Sang retna anut ing rama, sampun mupus jroning galih, ing sedanira kang raka, sapraptaning wolung sasi, sang dyah supena malih, Nabi Musa kang tumurun, praptaning sangan wulan, sang retna supena malih, katurunan nenggih marang Nabi Ngisa.

  66. Nabi Musa lawan Ngisa pamangsite pan sami, lan mangsite Nabi Iskak, sawusira asung wangsit, Nabi kalih pan sami, manjing guwa garbanipun, dungkap prapteng lekira, sang retna supena malih, katurunan pra Nabi wali sadaya.

  67. Katon sami bebantahan, para Nabi para Wali, lawan kekandhutanira, sawusnya kasoran sami, ngumpul dadya sawiji, manjing maring kang kinandhut, nulya para Malekat, tumurun saking ing langit, pan amungdhut marang kekandhutanira.

  68. Binekta marang sawarga, tan adangu nulya prapti, [177] winangsulken putranira, marang kekadhutan malih, nulya myarsa swara tri, kagyat sang dyah nulya wungu, dene swara punika, apan tetangising Iblis, wruh kalamun Nabi panutup meh babar.

  69. Marma umung sabuwana, iblis lanat tangisneki, ing puniki sang dipatya, ing Mekah iya miyarsi, swara kang gumrah atri, nulya tedhak mring genipun, retna Dewi Aminah, wus karaos anyakiti, sasirepe swara umung sabuwana.

  70. Anulya miyarsa swara, jumegur hanggegirisi, kadya gelap satus, wendra, sagung brahalaning kapir, rebah sadaya sami, remuk ajur anggalepung, anulya wonten cahya, yayah ngebeki wiyati, ngumpul manjing guwa manise Aminah.

۩۩۩ Pupuh 22 ۩۩۩
DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Lajeng woten gondo anglangkungi, lan sadaya wawangining denya, saking swarga pinangkane, ratuning ngarum-arum, lajeng babar kang jabang bayi, pekik tur mawa cahya, tumeja ngunguwung, sareng lan tumurunira, lintang johar dumunung puserireki, babayi lajeng ngucap.

  2. Was adu anna laila hai, lalah wannas adu ya mu-[178]kamad, dan rasul lulah tegese : apan nekseni ingsun, satuhune narana yekti, Pangeran amung Allah, lan nekseni ingsun, satuhune raganingwang ingkang aran Muhakamad iya kang dadi, utusaning Allah.

  3. Nulya malekat samya nahuri, pan gumuruh angucap sahadad, laila hailalahu, mukamaddan ya rasul, lulah wusnya gumrah ing langit, sang adipati sigra, kang wayah sinambut, kangjeng rasul babarira, Senen dalu wanci wektu sangkur nenggih, tanggal ping kalih welas.

  4. Wulan Rabinguawal marengi, ing tahun Dal angka tahun Adam, lamun ing tahun srengenge, gangsal ewu nam atus, lan sawidak warsa etanging, lamun ing tahun wulan, nenggih gangsal ewu, wolung atus tigang dasa, lan sakawan dene jumenenging Nabi, sami Senen dintennya.

  5. Tanggal kaping kalih welas sami, Rabiingulawal ing tahun nedal, angka ing tahun srengenge, apanta gangsal ewu, pitung atus yen tahu sasi, gangsal ewu langkungnya, nenggih wolung atus, lawan pitung dasa gangsal, pun hingetang duk jumenengira nabi, lamun ing tahun surya.

  6. Yuswa kawandasa tahun nenggih, yen ing tahun wu-[179]lan, yuswa kawan, dasa satunggal lakunge, dene ta hijrahipun, ing tegese pindhahireki, mangkat saking ing Mekah, Senen dintenipun, rawuhipun ing Medinah, Senen tanggal kaping kalih welas nenggih, wulan Rabingulawal.

  7. Tahun Ehe angka tahun jawi, gangsal ewu pitung atus lawan, tigawelas ing langkunge, yen wulan gangsal ewu wolung atus langkung ireki, pan wolung dasa sanga, nuju kangjeng rasul, yuswanipun seket tiga, tahun surya dene lamun tahun sasi, yuswa seket sekawan.

  8. Dene sedanipun kangjeng Nabi, Senen tanggal kaping kalih welas, Rabingulawal sasine, samya dal tahunipun, nuju wanci antaraning mahrib lawan ngisa, angkanira nuju, gangsal ewu lakungira, pitung atus tigalikur tahun jawi, lamun tahun wulan.

  9. Gangsal ewu pitung atus nenggih, sangang dasa sanga langkungira, jeng Nabi nuju yuswane, sawidak tigang taun, taun surya sasi, apan sawidak gangsal, dene sedanipun, keng ibu Dewi Aminah, kaot kalih satengah sedanireki, duk babare konduran.

  10. Kaot malih sedanipun nenggih jeng Rasul yuswa pitung warsa, dene kang eyang sedane, duk yuswa wolung taun, kuneng wau winarna malih, jeng rasul garwanira, apan kalih likur, kang sepuh Siti Katijah, suteng kawiladah ing asisiwi, anama Sayid Asad.

  11. Sutanipun Sayid Ngabdulngaji, Ngabdulngaji pu-[180]treng Sayid Kasa, Sayidin Kasa putrane, Sayid Kalap cinatur, saderenge sang dyah kapanggih, lawan jeng Rasulullah, sang kusuma sampun, ping kalih dennira krama, kang rumiyin sang dyah antuk Bakarkatik, duk puputra satunggal.

  12. Bakar Katik pan lajeng ngemasi, Siti Katijah pan dadya randha, satunggal estri putrane, tan lami randhanipun, sang dyah nulya akrama malih, antuk sang Abunibas, sang kusuma sampun, patutan kakalih priya, lawan Abunibas nulya angemasi, randha malih sang retna.

  13. Nulya dhaup lawan kangjeng Nabi, malang gambuh ing panggalihira, Siti Katijah yuswane, wus tigang dasa taun, langkung gangsal dene jeng Nabi, ing yuswanipun lagya, gangsal welas taun, kaot kalihdasa warsa, lang kang garwa antarane dereng lami, Siti Katijah seda.

  14. Kangjeng Nabi nulya krama malih, antuk Siti Sodah kang sesuta, Abipukakah namane, Ngamir ingkang sesunu, risang Ngumar ingkang sisiwi, nenggih Sayidin Marah.

  15. Kangjeng rasul nulya krama malih, antuk Siti Ka-[181]psah kang puputra, Sayidin Ngumar namane, Ngumar sakabat ngayun, suteng Katib sutaning Napil, Napil ing susuta, Dul Ngaji ranipun, Ngabdulngaji kang susuta, Nama Ribah Abdolah ing sisiwi, paran sutaning Jarah.

  16. Jarah sutaning Sayid Ngadi, Sayid Ngadi suteng Sayid Kangat, jeng rasul akrama maleh, Suti Jenap ranipun, Sang Kajimah ingkang sisiwi, Sayid Ansari nama, yeku kang susunu, Kinannah ingkang susuta, nama Rabik Rabik sutaning Sappari, Sappari suteng Ngumar.

  17. Nugamar sutaning Ngamir nguni, tan alami Siti Jenab seda, jeng rasul dahat enenge, saengga kadi gandrung, dadya galih ngupayeng estri, kang nama Siti Jenap, dadosa panglipur, tan alami nulya angsal, nama Siti Jenab sutaning Kujassi, sutaning Sayid Ansad.

  18. Sayid Ansad suteng Asim, Asim putranireng Ngabdulmanap, lestari kinarsakake, Siti Jenab kan kantun, tan alami akrama malih, Siti Ngumi Salamah, Sang Karas ingkang puputra, nama Gaid Gaid Ngumar kang sisiwi, dede Ngumar sakabat.

  19. Ngumar suteng Ngimran Akbar nenggih, sang Sayid Mahyum ingkang puputra, sang Sayid Marah putrane, Sayid Kangab puniku, tan antawis lami sang dewi, Ngumi Salamah seda, jeng nabi agandrung, nulya jeng nabi ngupaya, estri nama Ngumi Salamah kinardi, panglipur pcungira.

۩۩۩ Pupuh 23 ۩۩۩
P U C U N G

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Tan alami denira ngupaya antuk, ran Ngmi Sala-[182]mah, punika ingkang sisiwi, risang Abingupiyah Lamir namanya.

  2. Nenggih raja mugayarah kang susunu, ran Raja Ngabdolah, Ngamin Akbar kang sisiwi, nenggih Sayid Mahjum iku kang susuta.

  3. Sayid Mahjum Sayid Marah kang susunu, nanging sampun randha, Ngumi Salamah kang kari, nenggih randhanipun, Sang Abusalamah.

  4. Nanging nemah jeng nabi ing galihipun, wus pinundhut garwa, nadyan rondha anom maksih, nulya krama malih jeng nabi Mukamad.

  5. Antuk Siti Ngumikabibah ranipun, suteng Abisupyan, sang karib ingkang sisiwi, ri sang Karab sutaning Sayid Ngumiyah.

  6. Sang Ngumiyah suteng Sayid Ngabdul Samsu, putreng Ngabdulmanab, Sayid Kasa kang sisiwi, krama malih antuk Siti Jawiriyah.

  7. Suteng Karas sang Abiya kang susunu, sang kangad namanya, Kangad sutaning sang Malib, Malib ingkang susuta nama Rabiyah.

  8. Suteng Kabit suteng Sangyid Ngabdul Samsu, putreng Ngabdulmanab, Sayid Kasa kang sisiwi, tan alami Siti Jawiriyah seda.

  9. Nunten krama malih kangjeng nabi antuk, ran Siti Supiyah, sangkayi ingkang sisiwi, Kayi iku sutane sang raja Atab.

  10. Suteng raja Sukbah ingkang asusunu, sang raja [183] Saklabah, Saklabah ingkang sisiwi, nama raja Ngajuja ingkang peputra.

  11. Ngusmas Ngaji pan punika gurunipun, nenggih Ajisaka, Ngusmanngaji kang sisiwi, risang Ngajid pan puniku gurunira.

  12. Hyang Kesewa iya sang Bathara Wisnu, pan pinundhut putra, Hyang Wisnu mring risang Ngajid, risang Ngajid sutaning kang Kananiya.

  13. Kananiya sang Yukana kang susunu, Yibdan namanira, Aspiya ingkang sisiwi, Astubiya Ngumuri ingkang susuta.

  14. Sang Rajringam Yukaniya kang susunu, nama Ngaji Mangas, Yukamingas kang sisiwi, Yukamingas iku sutaning Yusadak.

  15. Sang Yusadak iku sutaning sang Saduk, sutaning Sadraya, Ngidriya ingkang sisiwi, sadhereke sepuh jeng Nabi Bariya.

  16. Nenggih raja Silkiya ingkang susunu, dene Sang Silkiya, raja Salum kang sisiwi, Salum iku raja Kasduk kang susuta.

  17. Raja Kasduk Akituba kang susunu, Amiri namanya, dene sang raja Amiri, kang susuta anama raja Ngidriya.

  18. Nenggih raja Yukana ingkang susunu, Sang raja Ngujuja, raja Mangas sisiwi, raja Saduk Akituba ingkang susuta.

  19. Nenggih raja Amriya ingkang susunu, Raja Rimarawa, sutaning Jarkiya nenggih, Sang Jarkiya sutaning sang Raja Ngudja.

  20. Ngudja iku raja Wikak kang susunu, sutaning Ami-[184]kar,  raja Pisuk kang sisiwi, risang pikuk putraning Sayid Pinakas.

  21. Dene Sayid Pinikas ingkang susunu, begndha Lingajar. Nabi Arun kang sisiwi, pan sadherekipun sepuh Nabi Musa.

  22. Tan alami krama malih kangjeng rasul, nama Siti Maryam, Sayid Ngusman kang sisiwi, ya Sayidin Ngusman sakabat pangarsa.

  23. Putranipun saking garwanya kang sepuh, tinrimakken marang, Sayid Ngusman mring jeng nabi, suteng nabi kang nama Siti Rukiyah.

  24. Marmanipun yen terkadhang kangjeng rasul, ngandika mring Ngusman, sring basa bapa nak mami, dene maratuwa dadi mantunira.

  25. Sayid Ngusman ri sang Ngapan kang susunu, abil Ngas namanya, Umiyah ingkang sisiwi, Ngabdulsamsu putreng Sayid Ngabdulmanab.

  26. Nulya krama malih nenggih kangjeng rasul, tuk Siti Memunah, ri sang Karas asisiwi, suteng Kajan sang Kajan sutaning Ilal.

  27. Sang Umiyah Ansari ingkang susunu, Rabingah namanya, Rabingah suteng Pahari, putreng Ngumar Sayid Ngamir kang susuta.

  28. Sayid Lawe Sayid Galib kang susunu, tan lami tarannya, jeng nabi akrama malih, antuk Siti Patimah putri ing Lakak.

  29. Lakak suteng Miyakun ingkang susunu, nama Sayid {185] Ilal, kang sampun kocap ing nguni, tan alami dyah Siti Patimah seda.

  30. Nulya Siti Batul sutaning jeng rasul, ingaran Patimah, kinarya panglipur galih, krama malih antuk Siti Asapiyah.

  31. Suteng Kalib Kalib iku kang susunu, Asas kang susuta, nama Abukijam Ngamir, suteng Dinar sutaning raja Ngabdolah.

  32. Sayid Ngimram sang Akbar ingkang susunu, Mahjum namanira, Sayid Marah kang sisiwi, datan lami wau Siti Asapiyah.

  33. Winedalken saking sajroning kadhatun, jeng nabi anulya, kramantuk sutaning Kakim, trahing Banisrail ran Siti Kawilah.

  34. Winedalken datan lami krama antuk, sami naminira, Siti Kawilah sutaning, ri sang Ardil sang Sardil ingkang puputra.

  35. Ran Satmata Sayid Salam kang susunu, Karisah namanya, karisah suteng Sarikil, Sang Sarikil Sayid sangi kang susuta.

  36. Raja Sarkil pan ratu juragan agung, ratu nagri Nrajan, sutaning raja Sasrakil, pan punika putraning raja Yaskab.

  37. Suta Yaskab, raja Kahtam kang susunu, Kahtalis namanya, sutaning raja Suwapil, suteng raja Sarpil ingkang asusuta.

  38. Raja Yadik, raja Tareh kang susunu, nama raja [186] Yaskab raja Yareh kang sisiwi, raja Nadran putranira raja Najar.

  39. Najar raja Yastajib ingkang susunu, nama raja yakrak, Sultan Kahtan kang sisiwi, Sultan Kahtan sutaning Saseng Umisak.

  40. Datan lami Siti Kawilah puniku, nulya sedanira, jeng nabi akrama malih, antuk Sutu Ngumi Sarikah namanya.

  41. Suteng raja Jabar ingkang asusunu, nenggih Sayid Asad, putraning Sang Sayid Asim, tan alami kusuma Suti Sarikah.

  42. Wibedalken, krama malih kangjeng rasul, tuk Siti Muminah, sutaning Ngaidahkapsi, tan alami Siti Mumiyah gya seda.

  43. Krama malih jeng nabi rasul pan antukl, ran Siti Ngaliyah, sang Tayibat kang sisiwi, tan alami winedalken saking pura.

  44. Krama malih jeng nabi rasul pan antuk, ran Siti Salbiyah, Sang Salab ingkang sisiwi, tan alami Siti Salbiyah gya seda.

  45. Nulya krama malih kangjeng nabi rasul, Siti Malikiyah, Sang Tibah ingkang sisiwi, tan alami winedalken saking pura.

  46. Garwanipun kangjeng nabi kalih likur, pipitu kang seda, nenem winedalken sami, ingkang gesang sanga ing sasidanira.

  47. Kanjeng nabi tigang dintenipun nusul, garwa sanga  seda, ing let dinten ganti-ganti, ingkang seda rumiyin dyah Siti Dedah.

  48. Let sadinten Siti Ngaisah kang nusul, seda let [187] sadina, Siti Kabsah angemasi, let sadina Siti Jenab nusul seda.

  49. Dinten malih Ngumi Salamah anusul, seda let sadina, Ngumi Kabibah ngemasi, dinten malih sedane  Siti Supiyah.

  50. Let sadinten Siti Maryam sedanipun, Siti Maemunah, sedane len dinten malih, nulya para selir nusul pejahira.

  51. sasedaning garwa rasul lir pageblug, pageblug pra garwa, saking dening tan kuwawi, para garwa anahen sungkawanira.

  52. Kang wus kocap seliripun kangjeng rasul, gangsal kathahira, kang satunggal saking kapti, ran Mariyah kalihipun ran Rikanah.

  53. Sutaning jen, tiga putraning Semangun, iya ran Rikanah, Jamilah sekawaneki, paran yunipun nguni Siti Jenab.

  54. Nenggih Siti Jenab kang seda rumuhun, gangsale Kariyah, pan pawonganira nguni, Siti Jenab ingkang kantun sedanipun.

  55. Putranipun kangjeng rasul pan wewolu, dalasan kang seda, pambajenge Sayid Kasim, panggulune kang anama Siti Jenab.

  56. Krama antul Abilngas susunu, Rabik namanira, putreng Sayid Ngabdulngaji, putreng Sayid Ngabdulsamsu kang puputra.

  57. Ngabdulmanab dening Ngabilngas puniku, kang se-[188]puh garwanya, putraning Ngabdulmuntalib, nama Siti Ngatekah pan lajeng seda.

  58. Nulya tinariman Siti Jenab iku, kaping tri putranya, Siti Rukiyah nameki, tinarimakaken mring Bagendha Ngusman.

  59. Ping sakawan putranipun kangjeng rasul, ran Siti Aminah, Ngumikulsum parabneki, sasedane kang raka Siti Rukiyah.

  60. Retna Dewi Aminah kinarang ngulu, mring Bagendha Ngusman, saking karsaning jeng Nabi, gangsalipun ran Sayid Ngabdulah.

  61. Kang paparab Tayib seda maksih timur, kaping nem putranya, apaparab Sayid Tahir, ingkang seda kala taksih timurira.

  62. Putra pitu sadaya pan patutipun, saking dyah Katijah, garwa kang sepuh pribadi, jangkepipun wolu jeng nabi putranya.

  63. Mijil saking selir nenggih patutipun, lawan mbok Mariyah, anama Sayid Ibrahim, kuneng gantya ingkang winarneng Ngasmara.

۩۩۩ Pupuh 24 ۩۩۩
ASMARADANA

 (www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Winangsulan ingkang saking, jalu jinejering kondha, sajarah urut-urute, Abuntalib garwanira, Nama Siti Pratimah, dhaup lan naksanakipun, sang dyah putreng Sayid Asad.

  2. Nenggih raden Abuntalib, lan garwa Siti Pratimah, [189] apanta gangsal patute, Sayid Talib pambajengnya, nulya Yakparutiyar, kang rayi malih ranipun Sayidin Ngalimurtala.

  3. Arinya ran Sayid Ngakil, warujunipun wanodya, Siti Ngumingani rane, Sayidin Ngalimutala, garwa Siti Patimah, putrinipun kangjeng rasul, Sayid Ngali nulya krama.

  4. Antuk dewi Kuraisin, putrinipun Bagendha Byah, sang kusuma patutane, lan retna dewi Ismaya, putri Jining Ngajerak, sasedaning garwanipun, kusuma Siti Patimah.

  5. Sayid Ngali krama malih, antuk sutaning Abilngas, Siti Imamah namane, Abilngas ingkang puputra, Sang Rakib namanira, Ngabdulngaji kang susunu, Ngabdulsamsu kang puputra.

  6. Sayid Ngabdulmanab nenggih, Sayidin Ngali Murtala, datan lama krama malih, saking putri baboyongan, namane tan winarna, miwah kathah kedhikipun, garwa kang putri boyongan.

  7. Putranipun kang winarni, Sayidin Ngalimurtala, apan wolulas kathahe, kang saking Siti Patimah, nama Sayid Kasan, Sayid Kusen ranipun, Sayid Masin atinira.

  8. Nama Siti Jenab nenggih, lan Ngumi Kalasup nulya, Siti Rukiyah arine, dene putra patutira, lan putri jin Ngajirak, Kresim satunggal jalu, ran Mu-[190]kamad  Kanapiyah.

  9. Ingkang cinteha ing benjing, anumpes ing Dajal lanat, sagung jin kang murtat kabeh, nulya peputra kang patutan, saking Siti Imamah, Sayid Jenngali ranipun, Sayid Ngenngali ranira.

  10. Nama Sayid Ngimran Ngali, nulya Talibngali ranya, nulya Ngakil Ngali ranira, dene putra kang patutan, saking putri boyongan, Jakparsadi naminipun, Tuganusurki anulya.

  11. Sayid muga nutuk nenggih, arinya ran Sayid Wakab, Mursibakakan arine, Waruju Ibrahi Astar, sampun jangkep wolulas, nenem putra patutipun, kang saking Siti Patimah.

  12. Jalu tiga wanodya tri, Kuresin putra satunggal, garwa Imamah patute, gangsal sadaya pan priya, dene putri boyongan, apan nenem patutatipun, sami jalu sadayanya.

  13. Yata wau kang winarni, Sayid Kusen garwanira, [191] Siti Aminah namane, putreng Kasim kang susuta, Sangadi namanira, Katimah ingkang susunu, kang lema nguluwi raja.

  14. Yeku suteng Abisaksi, Rahtayi ingkang susuta, nenggih sang Yajid namane, Yajid katim kang susuta, Sang Mahbut suteng Yarab, Sayid Ngadi kang susunu, Sayid Kangab namanira.

  15. Sayid Lawe kang sisiwi, kuneng wau kang winarna, putrane Bagindha Kusen, mung kakalih samya priya, ingkang seda satunggal, Sayid Ngabdulah kang sepuh, seda kala timurira.

  16. Ingkang yayi nama Sayid, Sulkabismah Mudinnga, Lijenab Ngabidin rane, garwanira inggih nama dewi Siti Patimah, Sayid Musin kang susunu, Sayidin Ngali Murtala.

  17. Dhaup naksanak sang dewi, nenem putrane sadaya, Siti Jenab pambajenge, Sang rtena kagarwa marang, Sultan Ngabdulah Makal, Ngabdulah makal puniku, Sayid Kasan kang puputra.

  18. Kasan ingkang kaping kalih, putraning Kasan sapisan, kang raka Bagindha Kusen, kang panenggak nama Sultan, Jenab Ngalim arinya, anama Sarip Imamuh, Kamadbarik arinira.

  19. Ran Iman Muhkamad Bakir, nulya kang rayi namanya, nenggih Sarip Iman Kusen, Iman Galib warujunya, mangkana Sultan Jenal, Ngalim nenggih garwanipun Siti Tapyi namanira.

  20. Putrining Sultan Ibrahim, Ibnu Ad ingkang puputra, jeng Sultan Adham namane, putraning Sultan Mukamad, putraning Sultan Supyan, putranira Sultan Ngabdu, lah Sakab ingkang susuta.

  21. Jeng Sultan Ngemeru nenggih, Sang Sakap ingkang puputra, Sayid Ngumiyar putrane, Sayid Ngimran Ashar nama, Sang Mahjum kang puputra, SayidMarah namanipun, putraning Sayidin Kangab.

  22. Yata Sultan Jenalngalim, cinatur kalih putranya, [192] Jenal Kakim pambajenge, jumeneng aneng Madinah, arine aneng Mekah, Jenal Ngalim namanipun, ngangge namane kang rama.

  23. Wau Sultan Jenal Kakim, nenggih ingkang winursita, putreng pandhita garwane, anama Siti Rakimah, sutaning Seh Mabarak, Seh Pelalah kang susunu, Seh Mubarak kang susuta.

  24. Seh Pulel ingkang sisiwi, sutaning Pandhita Kiyal, yeku putreng Pandhita Seh, Sadadpahan namanya, putraning Seh Sapalal, Seh Ngabas ingkang susunu, Mahran Ansari namanya.

  25. Seh Pahar ingkang sisiwi, Seh Pahari putreng Ngumar, putreng Sayid Ngamir dene, Sayid Ngamir kang puputra, Sayid Lawe namanya, Sayid galib kang susunu, wau malih kang winarna.

  26. Nenggih Sultan Jenalkakim, apuputra mung satunggal, jalu tur pekik warnane, Sayid Jenal Kusen nama, sasedaning kang rama, gumantya karatonipun, jumeneng aneng Madinah.

  27. Sultan Jaenal Kusen nenggih, cinatur sampun akrama, ran Siti Leli garwane, putrining, Sultan Ngakabah, dene Sultan Ngababah, putraning Sultan Ngumeru, putranipun Sultan Kamjah.

  28. Sultan Kamjah kang sisiwi, rahaden Aris Munandar, [193] Aris Munandar putrane, raja Sayid Ibnu Ngumar, Ngumar Yunani putra, Bagendha Byah kang susunu, Ngabdulmuntalib ing Mekah.

  29. Cinatur Jeng Sultan Sarip, Jenal Kusen ing Madinah, apanta gangsal putrane, pambajengipun wanodya, Siti Kultum Kagarwa, mring Sultan Mahmudi ing Ngerum, Sultan Mahmud kang puputra.

  30. Ing Rum Sultan Ngabdulkamid, kang tutulung ing prang marang, Sultan Sarip Jenalkusen, ing Madinah duk binedhah saking nagari Mekah, Sultan Dulkamid ing Ngrum, Sultan Mahmud kang puputra.

  31. Sultan Salim kang sisiwi, Ngabdulkamid kang puputra, Sultan Ngabdulah putrane, Bagendha Ngusman sakabat, saking Siti Rukayah, putrinira kangjeng rasul, dene putra kang panenggak.

  32. Nama Sultan Jenalkabir, jumeneng aneng Madinah, jumeneng Mekah arine, Sarip Jenalngali nama, nulya malih rinira, Jenalkarim namanipun, jumemeneng  neng nagri Yaman.

  33. Kang waruju Jenalngasik, nyatriya aneng Madinah, wau jeng Sultan garwane, Jenal Kabir ing Madinah, nama Siti Tahirah, Iman Sapingi kang sunu, kang ngiket ngelmu pirasat.

  34. Seh Edris ingkang sisiwi, Seh Rabas putreng Seh [194] Ngusman, Seh Ngusman putranira Seh, Sapingi ingkang puputra, Seh Sayid namanira, Seh Ngabidah kang susunu, Seh Sajid ingkang susuta.

  35. Seh Asim ingkang sisiwi, anama Bagendha Matal, putreng Sayid Dulmanape, putraning Bagendha Kasa, wauta kang winarna, Sultan Janelkabir wau, mung kakalih putranira.

  36. Pambajengipun pawestri, ran Siti Patimah kubra, kagarwa Sultan sang sinom, Jenal Ngalim ing Madinah, Sang dyah krama naksanak, ingkang anem putranipun, Sayid Jenal Ngalim Kubra.

  37. Sayid jenal Kubra nenggih, pan sampun apalakrama, ran Siti Jenab garwane, putreng Sari Musirulah putreng Sayidin Ngiyal, Sayidin Ngiyal puniku, putranira Sarip Iman.

  38. Rukaniyah Jakparsidik, putraning sang Sayid Imam, Mukamad Bakir putrane, Sayidina Mailana, Sri Kabirmah Mudinnga, li Jinal Ngabidin iku, wauta ingkang winarna.

  39. Sayid Jenalkubra nenggih, mung kakalih putranira, pambajengira nama Seh, Najmudnilkabir nulya, Seh Rupasilkabirnya, dene wau sang Seh Najmu, dinilkabir garwanira.

  40. Anama Siti Kadasin, Seh Ngisah ingkang puputra, [195] Seh Mukamad pan putrane, Sayidina Ngali Yilnga, rilli sadherekira, nem ingkang wus kocap wau, nenggih Sayidina Ngiyal.

  41. Mangkana Seh Najmudinil, kabir puputra satunggal, Seh najmudinil Kubrane, garwa ran Siti Memunah, Seh Kalib kang puputra, Jenal Kamidin ranipun, putreng Jenal Kalim Mekah.

  42. Putreng Sultan Jenalngali, ing Mekah iku putranya, Sultan Sarip Jenalkusen, wau ingkang kawuwusa, Seh Najmudinil Kubra, apuputra Seh Samangun, Siti Ngadun garwanira.

  43. Putrinipun ki Seh Ngali, putranipun ki Seh Pasal, Seh Pasal iku putrane, Seh Ijujad kang puputra, Seh Mukamad namanya, bongsa kanapi sadarum, Seh Mukamad kang puputra.

  44. Iman Kanapi putraning, Seh Ngabdulah kang puputra, Sayidin Kanap putrane, Sultan Ngabdulrahman Ngerah, putrane Sultan Jiyad, ing Ngerak ingkang susunu Sayidina Ngumar sakabat.

  45. Seh Samangun asisiwi, Seh Kasan pan garwanira, Siti Yubaidah, sayid Kusen kang puputra, anama Seh Kutup, Abukusenilkarkan iku, suteng Kutrub Abu Mulya.

  46. Parmolana ya Rumtusi, putranira Seh Ngarbiya, [196] Jidilngiski paparabe, putraning Sayid Mukamad, Seh Mahrib kang puputra, Jidilbastam asmanipun, putreng Sayid Sarim Iman.

  47. Rukaniyah Jakparsidik, putranira sayid Iman, Mukamad Bakri putrane, Sayidina Wamolana, suteng Kabir Mudin Nga-,li Jinal Ngabidin kang wus, kocap ing ngajeng punika.

  48. Seh Kasan puputra kalih, Seh Kasanudin kang tuwa, nulya Seh Askar arine, wau Seh Askar garwanya, anama Siti Kapsah, putrining Iman Ngamarul, Mahdi ratu nagri Yaman.

  49. Putreng Sultan Jenalkarim, putraning Sultan Madinah, nenggih Sultan Jenalkusen, Seh Askar wau putranya, titiga kathahira, Siti Imamah kang sepuh, pan kagarwa marang Sultan.

  50. Abulwapak Tajulnagri-, pin ratuning nagri Bahdad, putra panenggah namane, Iman Tusbara ing Yaman, wau kangdadya Sultan, Ngabdulah Bahdad puniku, garwanya ran Siti Ngumrah.

  51. Seh Ngabas ingkang sisiwi, Seh Ngabas iku putra-[197]nya, Sang Seh Ngabdulah putrane, Seh Ahmad ingkang susuta, nenggih, sira Seh Jamal, Jamal iku kang susunu, Seh Kasanudin namanya.

  52. Seh Ngaripin kang sisiwi, Seh Makrup ingkang susuta, Sang Seh Ngabdulah putrane, Seh Mubarak kang susuta, Seh Kurames namanya, Seh Ngabdulah kang susunu, Seh Mudakir kang susuta.

  53. Seh Wahis ingkang sisiwi, Sayidin Ngabdulah Ashar putrane, Bagendha Abas ing Mekah, mangkana Sayid Imam, Ngabdulah Bahdad winuwus, apan gangsal putranira.

  54. Pambajengipun pawestri, anama Siti Karibah, antuk pandhita, apan sadhereke sepuh, Ngabdulah ing Siti Ngumrah.

  55. Ingkang wus kocap karabi, mring Sayid Ngimran Ngabdulah, ingkang panenggak putrane, nama Sayid Ngabdurrahman, anulya arinira, Ngabdurrahim naminipun, nulya Sayid Ngabduljabar.

  56. Nulya Sayid Ngabdul Ngajij, cinatur ingkang panenggak, Sayidin Ngabdur Rahmane, dados Pangulu ing Bahdad, garwa Siti Rakilah, putrining Sarip Imam Tus-, kara ing Yaman kanthinya.

  (www.alangalangkumitir.wordpress.com)
 
Wonten candhakipun…… Pupuh 25 – 30

5 Comments

  1. Thank you for sharing your info. I really
    appreciate your efforts and I am waiting for your further
    write ups thank you once again.

  2. Nderek ngaos nggih Mas Kumitir. Dumateng sesepuh, para wasis lan waskito ing AAK kula nyuwun donga lan tambahing pangestu anggen kula bade ngayahi siam wajib ing wulan Romadhon menika. Mbok bilih wanten kelepatan anggen kula sesrawungan kalian panjenengan sami nyuwun dipun ngapunten sedayanipun, Nuwun ……..

  3. nyuwun ijen copas ki, nuwun sak derenge

  4. sanjaya32

    Assalamu’alaiikum wr.wb…minta ijin pada yang punya blog dan admin untuk numpang berteduh…
    Wassalam

  5. sanjaya32

    Assalamu’alaiikum wr.wb…minta ijin pada yang punya blog dan admin untuk numpang berteduh…

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: