alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SEJARAH TAPEL ADAM pupuh 31-37


۩۩۩ Pupuh 31 ۩۩۩
ASMARADANA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Sira nini den timbali, ing ramanira Sang Nata, kinen mulata warnane, satriya jim ingkang prapta, ing kana ya weruha, panuju lan oranipun, padha pesajan kewala.

  2. Kumenyut sang raja putri, wantuning dyah wus diwasa, karaseng tyas supenane, kaya na empere uga, timbalane kang rama, sang kusuma kering sampun, sapraptanireng jro pura.

  3. Sakedhap sang dyah ningali, mring kang lunggweng [260] ngarsa Nata, namung sagebyaran bae, sareng paguting paningal, upama panjang putra, tumibeng sela kumepyur ing tyas kalihnya.

  4. Tumungkul merang sang putri, pinandeng mring tamunira, srimpang-srimpung ing lampahe, jujug wurine kang rama, awor parekkan kathah, kang rama mesem lingnya rum, nini den kapareng ngarsa.

  5. Bagekna rakanireki, aja sira taha-taha, apan sanakira dhewe, pan wayahe pamanira, yayi Prabu Maldewa, lawan sira prenahipun kaponakan naking sanak.

  6. Nanging mengko wus sun ambil, dadi putraningsun tuwa, wajib ngabektiya age, sang kusuma duk miyarsa, timbalane kang rama, tur sembah merang kalangkung, palarasan undurira.

  7. Wangsung mring kaputren malih, lawan sapawonganira, kang rama suka gujenge, sarya lon dennya ngandika, lah iku putra ningwang, warnane arinireku, pawestri amung sajuga.

  8. Ugungan sangkaning alit, marma gungane kaliwat, yen warnane sedheng wae, rehning wukir kurang praja, dadi wagu tenaga, pasajan bae akingsun, lamun panuju tyasira.

  9. Sun aturken anyethi, yen tan panuju ing karsa, mung dadiya kadang wae, Hyang Nurasa duk miyarsa, timbalane sang Nata, dheku sarya lon turipun, kasuwun kalingga murda.

  10. Timabalan Sri Narapati, tan kenging hulun matura, [261] sampun kang kinarsakaken, nugraha pinaringan garwa, tur putrining Narendra, lamun botena kasuwun, nadyan pinaring pawongan.

  11. Parang kawula nampik, nadyan silih kinarsakna, pejah kawula samangke, paran hulun yen sageda, suminggah ing sakarsa, yenti yen kawula manut, ing reh kangdarbe nagara.

  12. Sukeng tyas Raja Rawangin, miyarsa ing aturira, mesem sarwi ngandika lon, yen wus panuju tyasiram, sayekti ingsun pasrah, iya mring arinireku, miwah saisining pura.

  13. Kabeh pasrah ing sireki, jro kadhaton pulo Darma, apa sakarsanirangger, kabeh pan wus darbekira, lah mara putraningwang, pondhongen garwanireku, aja sira taha-taha.

  14. Sagunging parekkan cethi, kabeh padha angiringa, gustinira mring kaputran, Hyang Nurasa lengser sigra, saking ngarsa Narendra, gumerbeg pawongan pungkur, yata wau sang lir retna.

  15. Wus maharjeng busanadi, lungguh neng kanthil mutyara, aneng ing dalem kaputren, sampun ngaturan uninga, lamun tetamu prapta kagyat ing tyas sang retnayu, kapelak tamu praptanira.

  16. Sang retna tumurun aris, saking palenggahanira, sang kakung mrepeki age, sang dyah mendhak arsa nembah, cinandhak astanira, dhuh kusuma jiwaningsun, gusti sampun awot sekar.

  17. Ngilangken langening bumi, sang retna sinambut [262] sigra, binekta mring papremane, suka sagungging parekkan, jim peri parayangan, wangsul matur mring sang Prabu, hentyarsarira miyarsa.

  18. Miwah rakyana apatih, wus medal saking jro pura, wadya jim winarta kabeh, yen satriya jim ing Maldewa, kang tapa jroning guwa, wus pinundhut ing Sang Prabu, minantu jro pura.

  19. Dhaup lan sang raja putri, wadya jim suka sadaya, wau kang aneg kaputren cinaturaken kewala, kang lagya sih sinihan, langening sih tan winuwus, semana Sanf Hyang Nurasa.

  20. Wus Nyipta tanajultarki, mengku minta yoga, kang garwa lajeng wawrate, prapteng mangsanira babar, jalu pekik warnanya, amawa cahya sumunu, pinundhut putra kang eyang.

  21. Sampun sinungan kekasih, nama Sang Hyang Darmajaka, damar met pulonamane, jaka met namaning arga, didus lan gege toya, menggal geng kalawun-lawun, gung subrangta mati raga.

  22. Hyang Nurasa sasampuning, lan garwa yoga satunggal, gya nyipta kahyangan dhewe, aneng jroning guwa wenang, sadhasaring telaga, luwih saking jro kadhatun, asring kayanganira.

  23. Sasat langening swargadi, sarwa retna myang sosotya, tan siwah lawan gambare, kang saking ing redi dhasar, Sang Hyang Nurasa sigra, lan kang garwa sru manekung, manungku ing puja mantra.

  24. Maladi semedi hening, maneges karsanira Sang, [263] nglangken ponca driyane, manjing jroning alam marwah, reh ajal kamulanya, saliring rasa kinumpul, nganakken gaibing rasa.

  25. Antuk kalih atus warsi, denira manungku puja, kang pinusthi jroning tyase, minta yoga malih ingkang, linuwih wus katrima, cahya rasa gya tumurun, kang garwa lajeng wawratnya.

  26. Sawusnya ngantara lami, prapteng mangsanira mbabar, jalu tur pekik warnane, luwih saking ingkang raka, mawa cahya nugraha, kadya kartika mabangun, praba kang munggwing wadana.

  27. mancur ngunguwung nelahi, pan sampun sinungan nama, nenggih Jadji paparabe, Jadji tegese pan wenang, manut namaning guwa, lan malih jujukipun, Sang Hyang Wening tegesira.

  28. Dene ta cahyanireki, anglangkungi weningira, sor toya jro telagane, wus tan kalih lan kang rama, kukuwunging wadana, pinuja mantra kalangkung, wus dinus ing gege toya.

  29. Diwasnira kepati, subrongta amati raga, kang rama tumpah ngelmune, sakwruhira sadaya, myang sagunging pusaka, katampaning putri sampun, lan sinung pustaka darya.

  30. Surat pemutane nguni, slampahira kang rama, miwah kang eyang, sadaya ingangge sampun, wus dadya kahanan tunggal.

  31. Tan kena ingaranan kalih, pama sekar lan wanginya, [264] Hyang Nurasa ing wangine, ya ananira Hyang Wenang, tan kena pisahane, wus dadya tunggal sawujud, cinatur mangsa punika.

  32.  Mareng jaman Nabi, ya Ibrahim kali lilah, dene ing ngalam donyane, etang saking tahun Adam, nenggih ing tahun surya, kali ewu sangang atus, lamun ing tahun sasangka.

  33. Kalih ewu langkung neki, sangang atus wolung dasa, lan gangsal warsa punjule, Sang Hyang Wenang sawusira, amilih mring rama, hanggalih suraosipun, nenggih kang pustaka darya.

  34. Dadya karsa angluluri, salampahira kang rama, miwah kang eyang lampahe, saking katimuranira, denya mrih mati raga, lelana andon anglangut, witirantuk kaluwihan.

  35. Luwih saking sektining jim, pinunjuling tri lokaya, saking matenging tapane, sawusnya osik mangkana, Sang Hyang wenang saksana, tilar kayanganira wus, medal saking jroning guwa.

  36. Mayeng ngubengi pasisir, lelana jajah wanarga, anut parane sukune, sakidulipun Kusniya, kang aran pulo Dewa, ingkang ageng pulonipun, sadaya pan kalih welas.

  37. Kajawi kang alit-alit, tan wonten kang kalangkung-kalang-[265kung, wus jinajah sadayane, marang sira Sang Hyang Wenang, jurang kali myang guwa, alas-alas gunung-gunung, saben kendel tan lelampah.

  38. Saenggene mati ragi, sawarnining tapa-tapa, pan wus linampahan kabeh, tapa ngalong tapa ngidang, tapa sajroning samodra, tapa geni murub, tapa saluhuring mega.

  39. Tapa jejer tapa linggih, tapa melek tapa nendra, tapa ngeli tapa dede, tapa ngon lampahing surya, tapa angum ing toya, linampahan sadaya wus, kang kocap pustaka darya.

  40. Malah-malah den wuwuhi tapane kang rama, miwah kang eyang tapane, pirang-pirang atus warsa, dennya kapati tapa, wus kena saciptanipun, dennya ngungkurken agama.

۩۩۩ Pupuh 32 ۩۩۩
PANGKUR

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Dadya hardanira dadra, dennya nedya nutugi sruning budi, nasar-nasare linantur, dening kang murbeng jagad, Sang Hyang Wenang kang kadya sukaning kalbu, pinangeran ing sajagad, sinebuta ing sabumi.

  2. Dene ta saisining rat, ciptaning tyas wus tanana nimbangi, marang kaluwihanipun, pan wus nora kapalang, dennya nedya angaku Hyang Maha Luhur, tanana winalang driya, kabeh saisining bumi.

  3. Sawusnya telas sedaya, pulo-pulo sakidul Male-[266]bari, jinajah sadayanipun, kendel neng pulo Dewa, yeku ugering pulo sadayanipun, kang sakidul kilenira, ing Kusniya Malebari.

  4. Nami dewa namanira, nadyan pulo darma namanireki, ya Darmadewa ranipun, cinatur pulo dewa, datan wiyar nanging wingite kalangkung, gununge namung satunggal, alit nanging langkung inggil.

  5. Namanipun wukir tunggal, saking tebih kasebut dadi sawiji, dewa tunggal namanipun, kendelira Hyang Wenang, aneng pucak gunung manungku manekung, nanedha mung tinekana, sasedyanira dennya mrih.

  6. Pinangerana ing jagad, kuneng ingkang lagya nungke semedi, gantya wau kang winuwus, nenggih ing pulo darma, sira raja Rawangin sumalah sampun, kaprabon marang sang wayah, Darmajaka gumantyaji.

  7. Jujuluk Hyang Darmwasesa, ingkang eyang kayangan aneng wukir, kasub karatone punjul, Sang Hyang Darmawasesa, sagung wadya bala jim sami sih lulut, cinatur sampun akrama, dhaup lan putrinireki.

  8. Ratu Jim raja Sikanda, langkung endah nama Dewi Sikandi, ing Selong kayanganipun, sira raja Sikanda, marga saking kasor kaluwihanipun, marang Hyang Darmawasesa, dadya nungkul atur putri.

  9. Runtut dennya palakrama, reroncene ing tingkah [267] tan winarni, sondhake bae cinatur, mburu lampahing kondha, Sang Dyang Darmawasesa lan garwa sampun, puputra gangsal kathahnya, pambajengira pawestri.

  10. Langkung endah warnanira, apeparab nenggih Dewi Dremani, Dremana panenggakipun, jujuluk Sang Hyang Dwija, ingkang rayi Triyata nulya rinipun, nama Hyang Caturkenaka, wuragil Sang Poncaresi.

  11. Putra jalu sakawannnya, samya karem subrongta mati ragi, kuneng malih kang winuwus, anenggih Sang Hyang Wenang, ingkang aneng wukir tunggal sru manekung, apanta sareng kewala, lan kang raka lampahneki.

  12. Dennya krama myang puputra, nging caritanira kinarya genti, Sang Hyang Wenang sapucaking gunung, ngilangaken poncadriyanya, sang Hyang Wenang sampun manjing.

  13. Nenggih salebeting alam, kang amengku obah osikireki, ing alam sedayanipun, wus antuk jroning puja, yen katekan barang ing sasedyanipun, sigra mbabar gambarira, cinipta dadya suwargadi.

  14. Gumatung saluhur mega, lan pucaking gunung pan datan tebih, serakitireng swargagung, wus kapetha sadaya, katon saking mandrawa prabanya murub, sagunging jim pulo dewa, sadaya wus nganggep yekti.

  15. Lamun kang murbeng bawana, wus kawentar saking jum tanah Ngindhi, myang Keling wus kathah manut, [268] ngidhep mring Sang Hyang Wenang, nganggep nyata lamun Hyang kang Maha Luhur, kuneng kang wus akayangan, neng kaswargan luhur wukir.

  16. Wonten ingkang winursita, kang jumeneng nenggih ratuning Keling, ejim kamanungsan tuhu, Prabu Ari namanya, sutaning jim Saroba ing purwanipun, kapencut rabi manungsa, putrining sang rajeng Keling.

  17. Ratuning ingkang kina, rajeng Keling nama raja Wisadik, arinira sang aprabu, Sangadik ing Benggala, tinanem neng nagri Keling pejahipun, Wisadik pinrep ing ngaprang, pejah dening Prabu Ari.

  18. Tilar putri mung sajuga, apan lajeng kagarweng Prabu Tr, Retna Wisawati iku, langkung endah warnanya, lan sang Perabu Ari Wisawati sampun, patutan estri sajuga, peparab dewi Sahoti.

  19. Langkung endah warnanira, cahyanira nukmeng wulan nelahi, mangkana sang Ari Prabu, samana wus miyarsa, lamun wonten neneka neng pucak gunung, wukir tunggal pulo dewa, ngaku Hyang kang murbeng bumi.

  20. Jujulikira Hyang Wenang, bisa nyipta kaswargan luwih adi, datan sumeleh gumantung, aneng saluhur mega, sagunging jim pulo dewa wus samya nut, mangeran mring kang neneka, sadaya wus nganggep yekti.

  21. Lamun kang murbeng bawana, nadyan jim tanah Ngin-[269]di  myang Keling, kathah kang wus sami anut, ngidhep mring wukir tunggal, nganggep nyata lamun Hyang kang Maha Luhur, wus tetela pamyarsannya, langkung duka Prabu Ari.

  22. Mesat saking puranira, marang wukir tunggal nedya ngayoni, marang kang ngaku Hyang Agung, prapta ning pulo dewa, duk ngungkuli swarga pipindhan sumaput, nibeng bantala kantaka, sawungune mesat mulih.

  23. Wali-wali kapingtiga, Prabu Ari dennyarsa hangayoni, saben ngungkuli sumaput, dadya ing tyas rumasa \, yen kasoran barang kaluwihanipun, dennya tan keneng kungkulan, dadya manut Prabu Ari.

  24. Nungkul marang Sang Hyang Wenang, amangeran ing tyas wus nganggep yekti, lan ngaturaken putrinipun, minangka pratondhanya, Retna Dewi Sahoti, kagarwa sampun, marang sira Sang Hyang Wenang, duk samana wadya Keling.

  25. Ejim utawi manungsa, sampun mantuk marang ratunireki, sadaya anganggaep tuhu, yen kang murbeng bawana, yata wau Sang Hyang Wenang kang winuwus, kang aneng swarga pipindhan, lan garwa dewi Sahoti.

  26. Nekakken ing karsanira, myang garwa nungku muja semadi, kang cinipta ing panekung, tanajultarkinira, unggah turun ing tuwuh nulya handulu, ilapatireng Pangeran, cahya ingkang monca warni.

  27. Murub ngunguwung prabanya, ireng-putih-abang [270] kalwan kuning, rasa mulya gya tumurun, kang garwa lajeng wawrat, prapteng mangsanira lan wawratanipun, mbabar putra mijil Akyan Pramana tegesireki.

  28. Asipat kadi manungsa, kinuling-ling ing cahya anglimputi, ingkang pramana gya dinus, nenggih ing toya gesang, bisa musik nulgya cahya warna catur, wus ngumpul dadya satunggal, cahya ingkang abang manjing.

  29. Marang ing cahya kang jenar, cahya kuning manjing mring cahya langking, ireng manjing marang pingul, putih manjing pramana, wus sipat jim amawa cahya sumunu, sinung nama Sang Hyang Tunggal, kukuwunge hanelahi.

  30. Diwasa kapati tapa, salampahe kang rama den luluri, myang kang eyang lampahipun, hanggung handon lelana, jajah alas jurang guwa gunung-gunung, tan alami antaranira, ingkang ibu wawrat malih.

  31. Prapteng mangsanira mbabar, mijil Akyan kembar jalu lan estri, apan urip tegesipun, cahyane maya-maya, kalihipun dinus toya gesang sampun, bisa mosik sinung nama, ingkang sepuh Sang Hyang Ening.

  32. Dewi Yati kang wanodya, kalihipun nama cahya nelahi, diwasanipun kalangkung, subrangta mati raga, jajah alas guwa gunung-gunung, tan pae lawan kang raka, dennya karem mati ragi.

  33. Cinendhak lampahing kondha, reroncene carita tan winarni, Sang Hyang Tunggal kang winuwus, apan sampun akrama, dhaup lawang ingkang uwa putrinipun, nenggih Darma wasesa, pambajeng Dewi Dermani.

  34. Runtut dennya palakrama, Sang Hyang Tunggal la-[271wan Dewi Dermani, nalika mangsa puniku, nenggih ing ngalam donya, hamarengi jaman kenabiyanipun, nenggih Jeng Nabi Suleman, agamanira pan maksih.

  35. Sarengat Jeng Nabi Musa, nuju tahun Adam yen tahun rawi, tigang ewu gangsal atus, lamun ing tahun wulan, tigang ewu nem atus langkung pipitu, duk semana cinarita, ratuning Jim tanah Indhi.

  36. Selong Keling sapengetan, kathah murtat marang ing kangjeng Nabi, Suleman pra samya manut, marang ing pulo dewa, dennya kasor barang kaluwihanipun, marang sira Sang Hyang Wenang, wus katur ing kangjeng Nabi.

  37. Suleman ratuning jagad, lamun para ratu jim tanah Ngindhi, sapengetan pra samya nut, mangeran ing Hyang Wenang, nganggep nyata lamun Hyang kang Maha Luhur, jeng Nabi kalangkung duka, sigra kinen anglurugi.

  38. Ratuning jim lawan setan, kang kinarya titindhih ing ngajurit, raja Sakkar namanipun, pan pitung ewu yuta, ejim setan sadaya, kang samya nglurug, sapraptaning pulo dewa, pinethukaken jurit.

  39. Remening prang tan winarna, ejim pulo dewa [272]  prang kalindhih, dennira karoban mungsuh, Sang Hyang Wenang saksana, medalaken nenggih kaluwihanipun, amasang aji kamayan, pangabaran guna sekti.

  40. Pamungkasing kaluwihan, pangapesing setan kalawan ejim, Sakkar sagolonganipun, kinenan ing kemayan, pitung ewu yuta mamar netranipun, samya bingung bilulungan, tanpa karkat tanpa budi.

  41. Sakkar nulya asrah tobat, sabalane nungkul srah pati urip, katrima panungkulipun, marang ing Sang Hyang Wenang, ingkang kantun ing wuri samya lumayu matur ing Nabi Suleman, yen kasor pucunging jurit.

۩۩۩ Pupuh 33 ۩۩۩
P U C U N G

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Yen wus nungkul raja Sakkar sawadya gung, mring kang ngaku Suksma, jeng Nabi duk amiyarsi, langkung duka sigra medalken mujijat.

  2. Rinangkepan ing tumbal serananipun, sarat rajah-rajah, myang donga kang liwih-luwih, sawusira samekta sadayanira.

  3. Sigra ratuning angin ingkang tinuduh, ambekta tutumbal, marang pulo dewa sami, kalih welas pisan pinendheman tumbal.

  4. Miwah tanah Ngindhi sapangetanipun, samya pinendheman, gening jim kang murtat sami, nadyan jroning samodra wus pinendheman.

  5. Alas-alas jurang guwa gunung-gunung, datan kalangkungan, antara ing pitung ari, kangjeng Nabi kabuling istijratira.

  6. Bumi horeg sarta sebawa gumludhug, lor kidhul sa-[273]huran, gora reh hanggegirisi, prahara wor lawan udan poncowara.

  7. Peteng dhedhet erawati wargyut, jaladri prakempa, lindhu bumi gonjang-ganjing, pitung dalu ibekan ing sabuwana.

  8. Pulo dewa kalih welas pan baledug, caritannya dadya, sewu pulo alit-alit, miwah tanah Ngindhi sapangetanira.

  9. Kathah bumi belah gunung samya guntur, jim setan busekan, tambuh solahira sami, tan kuwawa nandhang panasing tutumbal.

  10. Sanggenipun tangis jim setan gumuruh, dene Sang Hyang Wenang, sagarwa putrane sami, ngungsi manjing dhasaring bumi kasapta.

  11. Datan Kantun lan sakula warganipun, dene raja Sakkar, kombul binekta ing angin, tibeng ngarsanira jeng Nabi Suleman.

  12. Kawuwusa kang kang ngungsi bumi kapitu, nenggih Sang Hyang Wenang, sagarwa putranireki, lan sakadang warga balane sadaya.

  13. Myang telukan Jim Ngindhi kathah kang tumut, mring dhasar pratala, nenggih ingkeng den ungseni, ratuning jim nanging sipat naga.

  14. Hyang Anantawisesa jujulukipun, apan trahing [274] ngejam, punika ingkang ngratoni, dhasar bumi sadaya kang sipat naga.

  15. Sang Hyang Wenang jangji yen slameting laku, ing pangungsenira, marang dhasaring bumi, putranira estri kinarya hubaya.

  16. Dhinaupken nenggih lawan sutanipun, ran Anantadewa, sawusnya ngantara lami, dennya ngungsi dhasaring bumi kasapta.

  17. Duk samana miyarsa ing sedanipun, jeng Nabi Suleman, Hyang Wenang suka tan sipi, lawan ingkang raka Hyang Darmawasesa.

  18. Lan sakula wargane pan pamit wangsul, marang ngalam donya, mring jaman kajiman malih, Hyang Anantawisesa nenggih jangjinya.

  19. Dewi Yati dhaupe lan sutanipun, ananging sang retna, tinantun lumuh tan sipi, yen kang raka Sang Hyang Ening dereng krama.

  20. Dene benjing lamun ingkang raka sampun, hadarbe sisihan, ing sakarsa anglampahi, Sang Hyang Wenang anut ature kang putra.

  21. Hyang Anantawisesa panuwunipun, sampun sinemayan, yen wus krama Sang Hyang Ngening, Hyang Anantawisesa anut kewala.

  22. Marang Sang Hyang Wenang ing sumadosipun, sawusnya mangkana, Sang Hyang Wenang sigra mijil, nenggih saking dhasaring bumi kasapta.

  23. Lan sagarwa putranira datan kantun, sakula warganya, ingkang datan lajeng naming, Sang Hyang Darmajaka sakula warganya.

  24. Susah dening kayanganira wus lebur, nenggih pu-[275]lo dewa maledug dadya alit-alit, pan ing nguni namung kalih welas.

  25. Pan ing mangkya pulo rolas dadya sewu, dadya kendel samya, kayangan tengah jaladri, Sang Hyang Darmajaka sakula gotrahnya.

  26. Yata wau ingkang lajeng lelampahipun, marang ngalamdonya, Sang Hyang Wenang aneng Keling, Sang Hyang Ening kayangan neng tengah Selan.

  27. Sang Hyang tunggal neng Ngindhi kayanganipun, wukir geng watesan, antarane tanah Ngindhi, lan ing Keling dening jim kathah-kathah.

  28. Pan amilih kayangan sasukanipun, ana kayangan, jurang pereng kali-kali, myang kayangan alas gunung guwa-guwa.

  29. Cinarita apan pirang-pirang atus, kang nama jim raja, sasukanira mimilih, ing kayangan tan pisah sabalanira.

  30. Ana ingkang kayangan neng kayu neng watu, ana neng samodra, kang saweneh maksih kari, akayangan dhasaring bumi kasapta.

  31. Kawuwuhan kang kayangan samudra gung, Hyang Darmawasesa, putranipun kinen sami, angluluri lampahe kang eyang-eyang.

  32. Anyiptaha wekasanireng tumuwuh, aneng ngalamdonya, yekti mbabaraken wiji, nunuwuna sisiyan sajroning pujo.

  33. Hami tuhu kang putra sakawan, kesah sowang-sowang, samya mrih prenah pribadi, denirarsa manungku ing puja mantra.

  34. Wus sirantuk lajeng samya sru manekung, manung-[276]ku ing puja, anyipta tanajultarki, tinarima dening Hyang panuwunira.

  35. Pan sakawan pisan antuk jodho sampun, kang manungsa puja, dhaup lan putrining ejim, Prabu Baniyada gangsal putranira.

  36. Ingkang estri sakawan satunggil jalu, nama Baniyara, pambajeng sampun akrami, dhaup lawan putri jim Bumimariyam.

  37. Nama Dewi Sasti suteng raja Wastu, panenggake nama, Dewi Niyari yu luwih, ingaturaken dhaup lawan Sang Hyang Dwija.

  38. Arinipun Dewi Nisoyi ranipun, dhaup lan Tiryata, arine Dewi Nirati, dinahupaken lan Sang Hyang Catur Kenaka.

  39. Ponco Resi lan Dewi Niyati dhaup, catur kramanira, runtut datan walang ati, kuneng ingkang wus samya amanggih garwa.

  40. Gantya ingkang winarna caritanipun, nenggih Sang Hyang Wenang, kang kayangan tanah Keling, apan sareng lampahe lawan kang raka.

  41. Sang Hyang Darmawasesa denira nuduh, mring putra sakawan, amrih mencaraken wiji, nungku puja catur minta jodho samya.

  42. Sang Hyang Wenang enget ing ngubayanipun, lan Antawasessa, ratuning jim ngratoni, soring bumi kapitu kang sipat naga.

  43. ingkang putra Sang Hyang Ening gya tinuduh, amriya wekasan, ing reh mbabaraken wiji, tinedhaha jro puja sisiyanira.

  44. Sang Hyang Ening mituhu sadhawuhipun, kesah [277] angupaya, nggen kang sampun denira mrih, nungku puja wusnyantuk wukir ngasmara.

  45. Sugra wau dennya nglekasken manekung, manungku ing puja, maladi semedi hening, anrang cipta mung lawan pribadinira.

  46. Sampun lami antara dennya manekung, pirang-pirang warsa, nulya wonten ratuning jim, ingkang prapta angaturaken putrinira.

  47. Nenggih raja Wastuba peparabipun, putranya yu endah, peperab Dewi Wastuti, wus katampen mring Hyang Ening kagarwa.

  48. Sih sinihan denira akrama runtut, tetep akayangan, neng Ngasmara Sang Hyang Ening, wus ngaturi uninga marangkang rama.

  49. Lamun dennya nunuwun wus antuk, sumamah kalawan, putri jim Dewi Wastuti, nama raja Wastuba ingkang puputra.

  50. Sang Hyang Wenang langkung sukanireng kalbu, anulya kang putra, nenggih retna Dewi Yati, dhinaupaken lawan Sang Anantadewa.

  51. Kuneng gantya winarna ingkang cinatur, nenggih Sang Hyang Tunggal, kang kayangan aneng Ngindhi, saderenge kang rayi Hyang Ening krama.

  52. Apan sampun puputra tiga samya jalu, sadaya patutnya, lan garwa Dewi Dermani, ingkang sepuh nama Sang Hyang Darmadewa.

  53. Nulya Sang Hyang Darmastuti arinipun, warujune nama, nenggih Sang Hyang Dermanjali, duk samana Sang Hyang Tunggal cinarita.

  54. Apan darbe osik salebeting kalbu, dening angsal-[278]ira, saking luluhure nguni, Nabi Adam angratoni ngalam donya.

  55. Maksih jisim jasmani tan badan alus, awit ingkang eyang, dadine badan rokhani, Hyang Nurcahya krama putri jim Maldewa.

  56. Temah dadya saturune badan alus, dadya jim sadaya, nut luluwang saking estri, pan wus ilang kang bebaku saking priya.

  57. Pan rinasa datan eca raosipun, lamun angilangna, labetting luhur kang saking, Nabi Adam manungsa kakasihing Hyang.

  58. Tur kinarya kalipah aneng swargagung, tinurunaken marang, ngalam donya maksih dadi, angratoni asisining ngalam donya.

  59. Wus mangkana sang Hyang Tunggal pan kapencut, hadarbeya yoga, kang paparengan kakalih, nglabetana luluhure kalih pisan.

  60. Ingkang badan jasmani ing wujudipun, manungsa kang bisa, kuwasa badan rokhani, sarta lawan ngratonana ing tri loka.

  61. Ing tri loka puniku ing tegesipun, pan jagad tetiga, sawiji jagad kang nginggil, kalih tengah titiga jagad kang ngandhap.

  62. Kang binasakaken jagad tengah iku, apan ngalam donya, jagad gon karamehaning, ingkang bangsa jasmani sadayanira.

  63. Jagad ngandhap iku ngalam ngadam makdum, kocap [279] jitabsara, aran jagad sunyaruri, nggen karamehane kono sagung ingkang.

  64. Bangsa badan rokhani sadayanipun, paning ariloka, gennipun jagad kang nginggil, saluhure mega sangandhaping wulan.

  65. nGen karamehane benjangira sagung, ingkang pinaringan, gadhah parengan kakalih, yata wau Sang Hyang Tunggal kang winarna.

  66. Lajeng seleh kraton mring putranipun, Sang Hyang Darmadewa, putra kang sepuh pribadi, Darmadewa iku parabe karajan.

  67. Dene namanipun apan Sang Hyang Rambu, jujuluk Hyang Rodra, hadegipun den estreni, marang ratu jum tanah Ngindhi sadaya.

  68. Yata wau Sang Hyang Tunggal kang winuwus, nekani Ciptanya, maladi semadi hening, ngeningaken ing tingal manungku cipta.

  69. Sampun manjing jroning alam kang ngamengku, ing obak osiknya, kang alam sadaya sami, kang nganaken nenggih gaibing Hyang Suksma.

  70. Dennya nengkung aneng ing wukir tengguru, hantaraning tanah, Ngindhi keling lan ing Tibed, kawanatus warsa manekung sarkara.

۩۩۩ Pupuh 34 ۩۩۩
DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

  1. Antuk wangsit swara saking gaib, panedhane yen [280] wus tinarima, gya linuwar semadine, tetep dennya dumunung, neng pucaking tengguru wukir, sampun nyipta kayangan, lir kadya swargagung, akathah wus hamangeran, tanah Ngindhi Keling, miwah Tibed, marang ing Sang Hyang Tunggal.

  2. Kuneng kang wus pinangeran sami, ejim miwah manungsanning tanah, ing Ngindhi Keling Tibede, gantya ingkang winuwus, nenggih wonten ratuning ejim, ingkang ngratoni marang, sabangsaning yuyu, kayangan jroning samodra, nama Raja Rasa peparabireki, Prabu Rekathatama.

  3. Darbe putri sajuga yu luwih, nama Dewi Rakti namanira, Rekathawati namane, cahyanira sumunu, angasorken resmining sasi, diwasa dereng krama, sang retna catur, duk lagya sakeca nendra, asupena katingal jroning aguling, binekta mring kang rama.

  4. Minggah marang ing tengguru wukir, dhinaupaken lawan Sang Hyang Tunggal, kalangkung pekik warnane, mawa cahya ngungwung, lir trenggana angikis ratri, tejanira sumunar, wangkawa handaru, kenyut sajroning supena, katingalan lajeng sinambut sang putri, binekta mring papreman.

  5. Pang inguyu-uyu neng jinem mrik, dereng kantos prapteng sacumbana, selak wungu dennya sare, sang retna langkung ngungun, supenane langkung kaeksi, enjangipun gya marak, mring kang rama Prabu, ngaturken supenanira, duk ing ratri miwiti malah mekasi, kang rama langkung suka.

  6. Nora samar ing tingal wus sidik, suka gumujeng [281] dnnya ngandika, babo sutaningsun angger, supenanireng dalu, sun tetedha Hyang Ngunjwalati, muga daradasiha, nini ingsun tutur, sayektine iya ana, Sang Hyang Tunggal kusujim trah ing Nabi, putraning Sang Hyang Tunggal.

  7. Paturira lawan putri Keling. Dewi Sahoti kalawan sira, sanak misanan prenahe, Sang Hyang Tunggal mengko wus, pinangeran marang wong Keling, denira akayangan, neng wukir tengguru, becik sun turut kewala, ipenira payo sun aturken nyethi, iya mring Sang Hyang Tunggal.

  8. Sang Kusuma tan lengganeng kapti, sakarsanira kang rama Nata, sampun pinarnah enggene, neng guwa garbanipun, gya humesat marang wiyati, sakedhap sampun prapta, ing wukir tengguru, ing ngarsanira Hyang Tunggal, sinapa ris heh bagya sira prapti, apana karsanira.

  9. Yuyu raja Prapta ngarsa mami, alon matur Sri Rekathatama, dhuh pukulun saderenge, pun bapa medhar atur, kados angger sampun udani, ing sasedya kawula, prapteng ngarsani, mangsata kekilapana, nanging inggih sanadyan sampun udani, sae matur pesaja.

  10. Mila Prapta ing ngarsa sang pekik, ngaturaken denira supena, atmaja kawula angger, katingal duk ing dalu, hulun bekta sowan mariki, ngong aturken mawongan, mring sariranipun, kakarsakaken kagarwa, mring anak angger lajeng paduka ken manijing, jroning swarga kayangan.

  11. Punika  ger kawula yekteni, ing samangke punika [282] katura, angabdi mring sarirane, ing galih yen panuju, mulat warnanipun kang abdi, supados kagarwaa, lan tan panuju kuciwa dening warnanya, sakarsanta matah karyane kang badi, pun bapa tur sumangga.

  12. Inggih tuwan tingal rumiyin, warnanipun atmaja kawula, Rekathawati asmane, neng guwa garbaningsun, sigra buka sang yuyu kapti, ing guwa garbanira, sang retna kadulu, pareng paguting paningal, Sang Hyang Tunggal lawan dyah Rekathawati, neng jroning guwa garba.

  13. Kadya kilat barung lawan thathit, sengga panjang putra tibeng sela, kepyuring galih kalihe, sang dyah merang tumungkul, Sang Hyang Tunggal mesem lingnya ris, hah ta sang yuyu raja, sihira maringsun, muga-muga tulusena, denira srah ing atmaja sun tampani, yekti sun karya garwa.

  14. Marang Sang Hyang Tunggal pra samya sih, sih sinihan neng swarga kayangan, tan winarna reroncene, langenireng jinem rum, Sang Hyang Tunggal semana mamrih, ing garwa mung lan cipta, kayungyuning kayun, bineda lawan manungsa, Sang Hyang Tunggal nalika iku nekani, wiyago tiwikrama.

  15. Manjing jroning jagad sunyaruri, nenggih alam [283] madam makdumira, ngalam ginaib tegese, wang-awang nguwung-uwung, wus tan ana bumi lan langit, padhang tanpa rahina, peteng tanpa dalu, tanpa keblat papat  miwah, ngandhap nginggil tan ana sawiji-wiji, anulya manjing alam.

  16. Wahdat Akadiyat sampun manjing, ngalam arwah anganakken marang, gaibing rasa kang angreh, ajal kamulanipun, ngumpulaken nenggih saliring, rasa cinipt tunggal, lan sasmita antuk, patang tus tahun katrima, panenkunge, gya nyipta tanajultarki, dennira minta yoga.

  17. Winantuwa luluhure sami, nugrahaning Hyang dadya satunggal, myang pusaka sadayane, Sang Hyang Nurcahya sampun, manjing Sang Hyang Nurasa manjing, marang ing Sang Hyang Wenang, sapusakanipun, ngumpul manjing ing Hyang Tunggal, miwah Dewi Nurini manjing Rawati, mring Sahoti panjingnya.

  18. Mring Rekathawati, sampun manjing, jroning alam Wahdad Akadiyat, kumpuling poncadriyane, tan antara kadalu, ilapate kang Maha Suci, cahya kang mocawarna, sadayanya ngumpul, wus dadya wujud satunggal, nora nana ingaran kawula Gusti, ananing Sang Hyang Tunggal.

  19. Ya anane Hyang kang Murbeng Bumi, ananing Hyang kang Murbeng Bawana, ya Sang Hyang Tunggal anane, wusnya tunggal sawujud, rasa mulya anulya mijil, cahya warni antiga, kalih urubipun, cahya ireng lawan seta, ingkang putih tungtung biru sorot wilis, dadu lan kapuranta.

  20. Ingkang ireng sorotipun kuning, tungtung wungu [284] sulakipun abang, madhangi jagad prabane, hangkara abra murub, pan ginantung alam ginaib, sarta swara lir gentha, lan kekeleng umyung, cahya kang winarni antiga, nulya pecah dadya jabang bayi kalih, maksih kalimput cahya.

  21. Cahya ireng lawan cahya putih, kang satunggal ireng cahyanira, satunggal putih cahyane, cahya kalih anglimput, hangalabi sadaya sami, cahya kang mancawarna, abang dadu wungu, ijo biru kapuranta, dadu kuning kasaban ing ing cahya kalih, ireng kalawan seta.

  22. Sareng dennya byar bebayi kalih, anon jagad bumi langit lawan, sasangka lintang srengenge, babare kalihipun, amarengi jaman ireke, jeng Nabi Yakariya, maksih agamaku, sarengat Jeng Nabi Musa, nuju tahun Adam, yen tahun sasi, wus kawan ewu warsa.

  23. Sangang atus sangang dasa warsi, langkung sanga yen ing tahun surya, wus kawan ewu etange, kalawan wolung atus, seket warsa langkungireki, jaman iku pan gangsal, ratu ingkang agung, kang ngangreh samining raja, kang satunggal Sultan ing Rumeksarukni, Sultan Abar Istandar.

  24. Punika wite kang angiseni, nengiseni, nenggih manungsa ing [285] tanah Jawa, apan kaprenah wayahe, Sultan Iskandar ing Rum, ya Iskandar zulkarnaheni, Sultan Adar Iskandar ingkang susunu, mring Sultan Ayar Istadar, ratu Agung prakosambek Wali mukmin, misesa ing jajahan.

  25. Sareng ngakiripun ing Rum Turki, miwah ing Sam Kanangan kabawah, tanah Herupa mengaler, myang Amerikanipun, pan kabawah marang Rum sami, ping kalihipun ingkang, jumeneng ratu gung, Sri Maha Raja Yudasta, ratung agung ing Persi ing sisiwi, Kisra Adarperhasta.

  26. Trahing Raja Akisurus nguni, angreh sagung pra raja-raja, tanah Persi sadayane, sapangetan kawengku, tanah Ngindhi sagung para ji, dumugi tanah Cina, sapaleripun, dene kaping tiganira, kang jumeneng ratu agung Sultan Mesir, jujuluking narendra.

  27. Sultan Aburiya kang sisiwi, raja Pirngon Sardanus namanya, tedhak Pirngon sing ibune, angreh kang para ratu, ingkang tanah Aprika sami, kaping sakawan ingkang, jumeneng ratwagung, peperab Sri Amirmadyan, tegesipun apan Susunan Madiyin, Sri Maha Prabudaran.

  28. Sri Darenusdara kang sisiwi, trahing ratu Babil Raju Darah, angreh tanah Yahman kabeh, ping gangsale sakidul, samudra geng tanah ing Kabsi, nama Sultan Askiyar, nenggih kang susunu, Sang Prabu Nujibarihas, luwih agung karatone andheweki, tanah Kabsi sadaya.

  29.  Yata wau kang winarna malih, Hyang Wisesaning [286] Tunggal kalawan, kang jabang bayi kalihe, lajeng diwasanipun, Sang Hyang Tunggal anyapa aris, nanging datan katingal namung swaranipun, dadya kalihipun nyipta, lamun ingkang ngandika Hyang Maha Suci, dene datan katingal.

  30. Sigra sami sujud matur aris, dhuh pukulun kang Murbawisesa, ing tingkah tuwan kalihe, kawula wus satuhu, kalihipun kalamun mijil, saking ing kodrat tuwan, Hyang Tunggal lingnya rum, iy bener aturira, karo pisan rumasa dadinireki, saking Ingsun kang ningkah.

  31. Nanging sayektine sira iki, karo pisan apan yoganingwang, kang ireng sira sun gawe, yoganingsun kang sepuh, sun paringi aran sireki, parab Bathara Maya, kang kuning sireku, yoganingsung kang taruna, sun paringi arana Bathara Manik, yeku paparabira.

  32. Duk miyarsa sareng sujud kalih, aneng siti Sang Hyang Manimaya, kakalih nuwun ature, ing sihnya Sang pukulun, Sang Hyang Tunggal ngandika malih, sira aneksanana, kahananireku, pan hiya kahananingwang, ing kahananingsun kahananireki, ananging sembahira.

  33. Dumunung aneng asta mami, ngendi-endi adhepira dadya, ing kahananingsun kabeh, dene peparabingsun, maksih ana ingkang mengkoni, kang mengku maring wang, kawengku maringsun, iku sira seksenana, kalihipun sandika samya nekseni, sarta mawi pratondha.

  34. Kalih sareng sujudipun sami, madhep marang ing ke-[287]blat sadaya, nanging sulaya tingkahe, nenggih denira sujud, Sang Hyang Maya adhepnya maring, keblat sadasa prenah, ing purwa rumuhun, keblat kilen tegesira, mya Nurwiti ngaler ngilen madhep nuli, nguntara lor adhepnya.

  35. Nulya asungsunnya adhepneki, tegesipun keblat kang ler wetan, nunten pracima adhepe, wetan ing tegesipun, nunten madhep ngidul, kidul ingaran duksina, gya ganeya ngidul ngilen adhepireki, tegese anunten ing gegana.

  36. Tegesipun adhepe manginggil, nunten pratala madhep mangandhap, dening Hyang Manik adhepe, nenggih dennirasujud, marang keblat adhepireki, pan amung sangang prenah, purwa kang rumuhun, nurwiti nulya nguntara, narasunya pracima bya-bya anuli, duksina lan ganeya.

  37. Sangamring madya adhepireki, Bathara Maya aris tetanya, heh Manik apa karane, nora tumengeng luhur, lan nora tumungkul pratiwi, Sang Hyang Manik saurira, pan wus genap keblat ngandhap miwah nginggil, wus kawengku ing tengah.

  38. Dadya dudon rebut bener sami, HyangWisesaning [288] Tunggal ngandika, heh yoganingsun karone, aja padudon padu, pan wus padha benerireku, yeku dadi sasmita, si Maya ing besuk, pan sapuluh yoganira, dene arinira si Manik ing benjing, yogane pan mung sanga.

  39. Kalihipun gya sujud nuwun sih, Sang Hyang Maya aris aturira, saking punapa sagede, titah tuwan pukulun, gadhah yoga sadasa dening, datan mawi sisihan, nadyan silih sampun, tuwan amasthi ing karsa, paring jodho sinten pawestri kang sudi, warnangong kalintang.

  40. Langkung saking sulaya ing warni, lan pun adhisami titah tuwan, pun Manik pekik warnane, lan cahyanira sumunu, kukuwunge mancur nelahi, kawula tanpa cahya, warna won kalangkung, cahya cemeng lir wedalan, Hyang wisesaning Tunggal ngandika aris, heh Maya yoganingwang.

  41. Aja munggah kang kaya sireki, lamun ora duweya timbangan, kabeh iki sayektine, ana timbanganipun, bumi timbang kalawan langit, surya timbang lan wulan, sagara lan gunung, kulon lawan wetan, lor lan kidul ngisor dhuwur ala becik, jalu lawan manodya.

  42. Busuk pinter panas lawan atis, sapanunggalane [289] kabeh ana, ingkang dadi timbangane, lan aja ta siraku, banget-banget nahen prihatin, dumeh warnanira la, pan wus pasthinipun, tan kena yen owaha, cahyanira ireng ireng lir wedalan yekti, iku dadya prandha.

  43. Lamun langgeng hing ananireki, Bathara Maya duk amiyarsa, Hyang Wisesa handikane, sigra dennira sujud, ngaturaken tobatirareki, lepate aturira, Hyang Wisesa gupuh, mijilken retna dumulah, pinanjingken aneng mbun-mbunanireki, sakala Sang Hyang Maya.

  44. Mawa cahya mancur anelahi, Hyang Wisesa nganaken pahesan, sawusnya arum delinge, heh ta Maya den gupuh, tumingala cahyanireki, ngilowa ing pahesan, Sang Hyang Maya gupuh, ngilo neng pahesan mulat, cahyanira ingkang ireng ilang salin, kadya tejaning wulan.

  45. Hangungwung prabane nelahi, Sang Hyang Maya langkung ngungunira, sukeng tyas alon ature, lah ta sinten pukulun, cahya ulun ingkang nyalini, Hyang Wisesa ngandika, heh ta yoganingsun, sira banget kasamaran, ing pangwasanira kang murbeng pasthi, yo kang lantaran ingwang.

  46. Satuhune kuwasa wakmami, anganakken iya kang tan ana, kang wis ana nyirnakake, dadi misih sireku, darbe kira-kira ing ati, dudu dinalih iya, ya dinalih dudu, ana dinalih tan ana, kang norana ana pan dalih ireku, meksih was adhepira.

  47. Yen mangkono tan wenang sireki, angratoni jagad [290] marcapada, mung ingsun hawenangake, angratoni sireku, aneng jagad sunyaruri, yen aneng marcapada, mung dadi sireku, kawula tinuwanggana, Sang Hyang Maya miyarsa sanget dennya, jrih ngrasa antuk duduka.

  48. Konjem sujudipun wanti-wanti, hatur tobat ing kadudonira, kongsi medal karingete, tibeng bumi ing besuk, karingete iku pan dadi, baboning lenga tala. Wussing sujud matur, dhuh Hyang kang murba wisesa, pan kawula temen-temen ing samangkin, angestoken ing tuwan.

  49. Ingkang tuwan langkung kuwasa sayekti, mugi tuwan paringa apura, ing titah dahat lepate, Hyang Wisesa lingnya rum, wus junjungen sirahireki, iya wus apura, ing luputireku, aja ta sira sungkawa, yekti nora beda jagad sunyaruri, lan jagad marcapada.

  50. Lawan apa sakarepireki, aneng jroning jagad loro sun paringi paparab mangkin, Bathara Tinjomaya, jujulukireku, iya Bathara Ismaya, lan Bathara Samara parabireki, iya Bathara Semar.

  51. Bathara Ismaya sujud aglis, langkung saking nuwun aturira, dhawuhing sih sadayane, Sang Hyang Wisesa gupuh, aneteskan kang toya urip, tumibeng [291] bumi bengkah, nulya medal kukus, saking ing bumi kang bengkah, kukus nulya ngalumpuk dadya sawiji neng ngarsa karya brangta.

۩۩۩ Pupuh 35 ۩۩۩
ASMARADANA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Dadya wanodya yu luwih, sinapa mring Hyang Wisesa, wanodya sigra sujude, dinangu matur pasaja, Hyang Ening kang puputra, Dewi Senggani ranipun, lumajeng binujung naga.

  2. Ananta naga raneki, sutaning Anantadewa, lan bapa saking ibune, apanta lagya nak sanak, arinipun jeng rama, Dewi Yati ibunipun, kedah remen mring kawula.

  3. Kawula lumuh tan sipi, pun Anantanaga meksa, Hyang Wisesa ngandika lon, yen sira tuhu nglenggana, kalap Anantanaga, ya sun tulungi satuhu, ananging sira anuta.

  4. Apa ing sakarep mami, siru sun jodhoken lawan, kang aneng wurimu kuwe, aran Bathara Ismaya, iya nak sanak, nini kalawan sireku, pan iya kadange tuwa.

  5. Mring ramanira Hyang Ening, si Maya ingkang puputra, sang kusuma sigra noleh, mulat marang Sang Hyang Maya, senenging galihira, nembah alon aturipun, pukulun nenggih sandika.

  6. Yen paduka tuhu asih, tutulung ing kawlas arsa, yekti anut sakarsane, tan adangu antaranya, wonten kukus kang prapta, saking siti bengkah wau, neng ngarsaning Hyang Wisesa.

  7. Kukus ngumpul dadya siji, tan antara dadya naga, [292] kagiri-giri gedhene, dinangu matur pasaja, saking dhasar pratala, Anantanaga ranipun, sutaning Anantadewa.

  8. Ibu retna Dewi Yati, putrinipun Sang Hyang Wenang, mila ngong prapteng ngarsane, nunuti estri punika, apan kadang sanak-sanak, lawan kawula pukulun, Sang Hyang Ening kang puputra.

  9. kawula remen sipi, nanging punika lenggana, mila saparan parane, kawula bujung kewla, mangke ngungsi ing tuwan, sayekti kawula suwun, Sang Hyang Wisesa ngandika.

  10. Wruhanta Dewi Senggani, apan dudu jodhonira, ingkang pinasthi jodhone, iki lawan si Ismaya, kang aneng wetanira, deneta jodhonireku, misih neng dhasar samodra.

  11. Antinen sadhela dhingin, nulya wonten kukus prapta, sking jroning bumi, gumolong, lawan wonten kukus prapta, saking ing antariksa, kukus cemeng kadi mendhung, tibeng ngarsa Hyang Wisesa.

  12. Saking ngandhap saking nginggil, kukus sami dadya naga, lira kadya supena bae, naga kalih praptanira, neng ngarsa Hyang Wisesa, dinangu samya umatur, kang saking dhasar pratala.

  13. Anantadewa raneki, putreng Anantawisesa, kang [293] ngratoni sakathahe, naga dhasaring pratala, sampun lami ngupaya, suteng ngong ing icalipun, inggih pun Anantanaga.

  14. Temahan mangke pinanggih, wonten ing ngriki punika, lirakadya supena bae, tuhu lamun Sang Hyang  Swara, kang murba hamisesa, ing titah sadayanipun, nganakken saliring sedya.

  15. Kang saking wiyat turneki, nama Sang Anantaswara, kang ngratoni sakathahe, naga dhasaring samodra, hulun inggih kadangnya, Anantadewa puniku, suteng Anantawisesa.

  16. Kesah hulun sampun lami, ngupados usada, atmaja estri sakite, Dewi Basu namanira, sakit abuh angerang, kawula titimuripun, purnwanipun sakit ngarang.

  17. Tutulung ing rare estri, lumajeng binujung naga, saking welasing manahe, anulungi sedyanira, temahan keneng wisa, upasing naga kang bujung, angidegi pethitira.

  18. Sampun pinten-pinten janmi, tan wonten saged mulyakna, marma ngong awaki dhewe, kesahupados usada, sampun lami tan angsal, temah ing mangke pukulun, hulun prapteng ngarsa tuwan.

  19. Datanpa nedya sayekti, kadya supena kewala, won-[294]ten hulun aneng ngarsane, tuhu lamun Sang Hyang Swara, kang murba hamasesa, ing titah sadayanipun, sampun tanggel sih paduka.

  20. Ing dasih ingkang kaswasih, mugi paring usada, mring suteng hulun sakite, Sang Hyang Wisesa ngandika, apa wus duwe cipta, sira karone maringsun, yen kang murba amisesa.

  21. Marang sagunging dumadi, kalih pareng aturira, dhuh pukulun satuhune, tan liyan saking paduka, kang murba hamisesa, isine jagad sawegung, kang langkung saking kuwasa.

  22. Hyang Wisesa ngandika ris, satuhune dhasar nyata, ingsun kang kuwasa dhewe, bisa nganaken tan ana, nirnakken kang ana, iya sayekti sun asung, husadane sutanira.

  23. Padha ngambila sireki, kang muruh lir untuk toya, aneng sakiwa tengene, si Maya pan iku uga, panuntuming watgota, lenga tala aranipun, balung otot ingkang pegat.

  24. Kambon iku yekti pulih, lawan dadi kateguhan, kang supaya besuk tembe, iya anak putunira, padha handuwenana, iya lenga tala iku, panuntunming ing watgata.

  25. Naga tiga turnyaris, kados pundi gen kawula, saged angambil lingsahe, muruh lir unthuking toya, lembat awor bantala Hyang Wisesa ngandika rum, lah iya mengko antekna.

  26. Lenga tala kinen aglis, ngalumpuk dadya tri tun-[295]dha, Hyang Wisesa ngandika, lah padha watekna gupuh, telu pisan upasira.

  27. Ingkang padha aneng pethit, naga titiga saksana, sareng medalken upase, ingkang aneng pethitira, Hyang Wisesa ngandika, lah padha nguntala gupuh, telu pisan lenga tala.

  28. Yen anguntala malih, telu pisan upasira, naga titiga nulya ge, samya nguntal lenga tala, nenggih sapontha sowang, neratas kang lisah laju, mangen aneng pethitira.

  29. Lajeng  sami nguntal malih, titiga ing upasira, samya kendel neng talake, naga toga matur samya, pukulun kados paran, upas kawula tan laju, kendel neng telak kewala.

  30. Boten saged dhateng pethit, Sang Hyang Wisesa angandika, wus pasthi becik mangkono, perak lawan siringira, yen sira nuju krodha, sumedya anaut mungsuh, wus parek lang siungira.

  31. Lamun nedya amartani, nyakota ing pethitira, lenga tala sayektine, tumus mring lilidhahira, endi ingkang watgata, dilaten sayekti tungtum, heh poma Anantaswara.

  32. Wekasingsun mring sireki, sutanira yen wus mulya, [296] si Basu Hiya larane, nuli sira dhaupena, lan si Anantanaga, pan wus pasthi jodhonipun, ten kena yen owahana.

  33. Karsaning kang murbeng pasthi, apan besuk sutanira, ayoga akeh warnane, ana kang rupa manungsa, ana kang rupa naga, ana ingkang rupa diyu, tur kabeh padha sinungan.

  34. Ing guna miwah kasektin, heh Anantadewa sira, aja sira banjur muleh, mring dhasar bumi kasapta, iya lan sutranira, kandhega neng samudra gung, nunggal si Anantaswara.

  35. Pan besuk putunireki, sutaning Anantanaga, iya kang ngratoni kabeh, dhasaring bumi kasapta, lan kabeh kang rumeksa, ing bumi kabeh putumu, lah ta wis padha mangkata.

  36. Katri sandika nuwun sih, sareng sujud ing bantala, linilan sigra angkate, retna dewi Basu sampun, ingusadan lisah tala.

  37. ingkang sarta den untali, sekala sakite mulya, pan lajeng dhinaupake, lawan sang Anantanaga, runtut denira krama, tetep sami kendelipun, kayangan dhasar samudra.

  38. Kuneng wau kang winanrni, nenggih Bhatara Ismaya, pan lajeng dhinaupake, lan Dewi Senggani sarta, pinaringan kaluwihan, ing guna myang sektinipun, Sang Hyang Maya wus widagda.

  39. Tan kewran ing ajur ajer, panukman myang paniti-[297]san, wus nimpuna sadayane, nuhmeng agal alus bias, myang jaya kawijayan, wus linilan pamitipun, sarta kalawan kang garwa.

  40. Manjing jagad sunyarusi, ngalam ginaib kajiman, ngadeg sasukanira, jujuluk Bhatara wungku, lan Bhatara Suryakantha.

  41. Gantya kang winarna malih, Hyang Manik ingkang taruna, kang maksih lunggewng ngarsane, Sang Hyang Wisesaning Tunggal, sapungkure kang raka, sujud sarya lon humatur, dhuh pukulun Hyang Wisesa.

  42. Ingkang murba misesani, isining jagad sadaya, wontenhulun satuhune, pan saking pangwasa tuwan, karantene puna, tinitah bodho kelangkung, mongka pun kakang Ismaya.

  43. Warnanya awon nglangkungi, tuwan paringi widagda, langkung kawicaksanane, nimpuna saliring guna, miwah pun naga tiga, samya pinaringan pinunjul, ing guna kasektenira.

  44. Hyang Wisesa ngandika ris, heh ta Manik yoganingwang, sira wis ngawruhi kabeh, ing sih kamurahan ingwang, iya mring kakangira, miwah mring naga katelu, sayektine nora padha.

  45. Ing sih kamurahan mami, kaya ingkang marang sira, sun luwihken saking ngakeh, angratoni ing tri loko, dene ta kakangira, miwah si naga katelu, mung sun wengaken uga.

  46. Ngratoni jagad sawiji, pan sira jagad titiga, ana [298] paesan tandhane, mandhapa mring keblat papat, ngilowa ing paesan, apa ta ingkang kadulu, sajroning paesanira.

  47. Sigra wau Sang Hyang Manik, nyandhak paesan kang sarta, madhep ing keblat mangilen, sumeblak padhang narawang, apa saisinira, jagad kang kilen kadulu, anrus jabaning angkasa.

  48. Kang samar kang gaib-gaib, isine kabeh katingal, anulya madhep mangalor, sumeblak narawang, lan kang kilen tan beda, nrus jabaning langit butul, isine katon sadaya.

  49. Madhep mangetan pan sami, madhep mangidul tan beda, sama narawang padhange, nrus jabaning langit pisan, katon saisinira, anulya madhep mandhuwur, sumeblak padhang narawang.

  50. Naranthang trus ing swargadi, isining langit kasapta, apan katingalan kabeh, anulya madhep mangandhap, anrus bumi kasapta, sadaya saisinipun, bumi kapitu katingal.

  51. Tan ana kalingan siji, Sang Hyang Wisesa ngandika, heh Manik apa kang katon, iya sajroning paesan, isining keblat papat, ing ngisor miwah dhuwur, Bhatara Manik turira.

  52. Pukulun sadaya keksi, isining keblat sakawan, [299] nrus jaban langit padhangw, ing nginggil miwah ing ngandhap, tan wonten prabedanya, isining langit kapitu, miwah ing bumi kasapta.

  53. Kang samar kang gaib-gaib, sadayanipun katingal, Sang Hyang Wisesa lingnyalon, lah apa ana tumimbang, sih kamurahan ingwang, iya kang marang sireku, wruhanira kang katingal.

  54. Isining bumi lan langit, myang isining keblat papat, pan iku kawengku kabeh, iya mring karatonira, sawiji nora nana, kabeh-kabeh titah ingsun, nugraha kang kaya sira.

  55. Hyang Manik duk miyarsi, sigra sujud ing bantala, kalangkung nuwun ature, ing sih kamurahan tuwan, angratoni tri loka, tur sinung sih kinen weruh, isining jagad sadaya.

  56. Kang samar kang gaib-gaib, sampun mboten kasamaran, pinaring wruh sadayane, dhuh pukulun Hyang Wisesa, temen-temen kawula, angestokken ing pukulun, kalangkung saking kuwasa.

  57. Ing sacipta tuwan dadi, ingkang boten kasamaran, saobah osiking rat, saestu lamun pinunjul, saking titah ing sadaya.

  58. Dhawahingsih kang murbengsih, lan hulun pinaring [300] warna, pekik tan wonten cacadde, cahya umancur lir tuwan, karatone punapa, hulun tan pinaringan weruh, ing wujude sipat tuwan.

  59. Dasih ta namung pinaring, miyarsa swara kewala, Hyang Wisesa ngandika lon, heh ta Manik wruhanira, sirarsa ngawruhana, iya marang ujud ingsun, apan iya ujuddira.

  60. Dene ta wujuddireki, apa iya wujud ingwang, heh ta Manik kapindhone, sira duweni pangrasa, yen pekik tanpa sama, cahyanira liwat mancur, luwih tejaning srinata.

۩۩۩ Pupuh 36 ۩۩۩
S I N O M

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. pan kasiku wuwusira, maring Hyang kang murbeng pasthi, sira besuk nandhang cacad, patang prakara sayekti, kang dhingin cacad ciri, ireng tatenggokireki, kapindho cacad ira, nganggo siyung lir raseksi, kang kaping tri apus sikilira kiwa.

  2. Kaping pate tanganira, siwah dadi papat benjing, Hyang Manik duk amiyarsa, sungkawanira tan sipi, sujud sumungkem siti, sarwi karuna turinpun, ngaturken tobatira, dhuh Hyang kang sipat rahmani, lepat hulun nuli tuwan apurawa.

  3. Sang Hyang Wisesa ngandika, haywa ta sira priha-[301]tin, cacading patang prakara, apan ta sira ing mangkin, iya wus anetepi, dadi kenyatahaningsun, ingsun srah wus pracaya, iya marang ing sireki, amolahna kabeh saisining jagad.

  4. Lan sasedyanira ana, ing saciptanira dadi, satuhune sun tan nunggal, kahanan marang sireki, nanging ta hanglimputi, ingsun marang ing sireku, tegese ananira, dadi ananingsun yekti, ananingsun iya dadi ananira.

  5. Pama kembang lan wanginya, madu lan manisireki, dadine sira wus kena, lan ingsun ingaran siji, ingaran loro keni, kang dadi antaranipun, dununge sembah ira, maring lan kaping kalih, rumangsane wedi tyas ira mring wang.

  6. Lawan sun lilani sira, ing samengko angengkoni, kabeh-kabeh jeneng ingwang, padha sira gawa sami, amung jeneng sawiji, tan sun lilani sireku, peparab Sang Hyang Wenang, marma nora sun lilani, mung anawa bedane ingsun lan sira.

  7. Maksiya dadi sebutan, panembahira mring mami, lan samengko ingsun pasrah, karaton marang sireki, lawan sakawruh mami, saking yang-eyang ngireki, sagunging kaluwihan, kang ngluwihi saking ing jim, myang pusaka-pusakaningsun sadaya.

  8. Ingsun pasrah tampanana, Hyang Manik asujud aglis, [302] nampani sagung pusaka, kang saking Malekat Karis, gambare kang swargadi, wadhahe sosotya wungu, lawan gambar naraka, miwah kang cucupu kalih, wadhah toya gesang lawan asthagina.

  9. Miwah sagung cucukulan, kang saking lulmat nguni, kalawan pustaka darya, serat pemutanireki, kang eyang-eyang sami, nguni lelampahanipun, kaluwihan kasubdyan kasudiran.

  10. Miwah ing sakwruhanira, kang saking Malekat kalih, Aruta lawan Maruta, sadaya wus den tampeni, Hyang Wisesa ngling malih, sarehning mengko sira wus, sun pasrahi sadaya, pangwasa wasesa mami, angratoni saisining jagad raya.

  11. Mengko sira sumurupa, lawun duwe kadang maning, liyane saking si Maya, katelu kakangireki, ibu Dewi Dermani, Darmadewa aranipun, paran Bhatara Lodra, arine ran Dewanjali, nuli Darmamastuti katelunira.

  12. Telu iku maksih padha, kareh karotonireki, apan namung kakangira, si Maya ingkang tan keni, kawengku ing sireki, marma sun sungi jujuluk, Sang Hyang Jatiwisesa, dadya timbangireki, aneng Sunyaruri mumpuni pratala.

  13. Yen nukma mring marcapada, kakangira dhemen da-[303]di, kawula tinuwagana, sagon-gone dennya nitis, wawasen aja pangling, kang munggwing bun-bunanipun, sotya retna dumilah, murub prabane nelahi, iya iku manukmane kakangira.

  14. Apa barang jinaluke, mring sira turuten aglis, aja kongsi kaputungan, yen runtika yekti bangkit, ngrusak wingitereki, karya camahing swargagung, sira gawe tan bisa, rusake kakangireki, cahya ireng langgeng ora kena rusak.

  15. Ala rupane mung jaba, nanging jro asimpen pekik, ninthane simpen utama, jajirihe simpen wani, jaba ireng lir mangsi, nanging jro cahyane mancur, jaba katon kawula, nanging jro asimpen Gusti, reged jaba jro kaliwat sucinya.

  16. Marma mongen sabudinya, apan besuk kang den mongi, yen nukma neng marcapada, nora liya darahireki, endi kang den luluti, satriya Pandhita Ratu, sayekti yen yuwana, sanadyan purwanireki, liwat papa luhur ing wekasanira.

  17. Lan maninge wekasing wang, sira den awas ing benjing, yen telung prakara, wong bibima kang sawiji, tiba warna ping kalih, kaping telune wong biksu, tegese wong bibima, wong milulu ati siji, tiba warna wong tanpa kering tegesnya.

  18. Wong biksu iku ingkang, luput ing tulah lan sarik, [304] sarupa rupaneya, yen budine hanganehi, sira awasna dhingin, saselaning alisipun, lamun padhang nerawang, anrus sajabaning langit, kayata duk sira ngilo neng paesan.

  19. Saisen-iaening jagad, kang samar kang gaib-gaib, saha dhepe kang paesan, keblat papat pan kaeksi, anrud jabaning langit, yeku panjilmaningsun, Sang Hyang Manik miyarsa, sujud sandika turneki, wusnya telas pitungkase Hyang Wisesa.

  20. Pan antara wonten swara, jumegung ngebeki bumi, sareng sirnaning paesan, pratandha sirananireki, Sang Hyang Manik sakala, wus sumilih angengkoki, namanira Sang Hyang Wisasaning Tunggal.

  21. Apaparab Sang Hyang Esad, iya Sang Hyang Maha Siddhi, iya Sang Hyang Suksmanasa, iya Sang Hyang Mahamulu, Sang Hyang Jagad Pratingkah, ya Sang Hyang Siwandahari, Hyang Pramusesa Hyang Jagad Karana.

  22. Sang Hyang Parasiwapaya, Hyang Isura Hyang Pra-[305]mesthi, Hyang Pramusesa, Hyang Pramanawiseseki, semana Hyang Pramesthi, dereng nama Sang Hyang Guru, miwah Hyang Jagad Nata, Nilakantha Utipati, benjang wonten purwane kang cinarita.

  23. Bhatara Manik semana, kagyat dennira ningali, teja neng luhuring arga, sumunu kalangkung wening, ler wetan prenah neki, saking doh katon ngunguwung, anulya pirarpekkan, mesat sakedhap wus prapti, genning teja neng pucaking wukir ngima.

  24. Tiningalan ingkang teja, apanta awarni sapi, langkung wingit tingkahira, Hyang Manik tatanya aris, sapi apa sireki, aneng sapucaking gunung, tejanira sumunar, lembu Handini nahuri, wruhanira ingsung Pangeraning jagad.

  25. Bathara Manik miyarsa, mesem angandika aris, heh ta sapi aja sira, ngaku Pangeraning bumi, kasiku marang mami, nora na loro telu, Pangeraning sajagad, iya mung sarira mami, lembu Dini miyarsa sun wuwusira.

  26. Heh manungsa aja sira, maido marang ing mami, lamun Pangeraning jagad, pan ing mengko wus yekteni, sagung buron wanadri, padha mangeran maeingsun, nadyan jalma manungsa, wus akeh manembah ing mami, dadya kudon ngaku Pangeraning jagad.

  27. Kalih samya kaberanang, satemahan dadya jurit, [306] ramening prang tan winarna, dennya angaben kasektin, kasor lembu Handini, barang kaluwihanipun, kisenan ing kemayan, nglampruk dheprok ing siti, handharodhog tangi-tangi nora bisa.

  28. Wus rumasa yen kasoran, gya sujud lembu Handini, ngaturaken tobatira, ngrarepa aturira ris, dhuh tuwan nus ayekti, Pangeraning jagad tuhu, ingkang murba misesa, dhateng sagunging dumadi, hulum sampun hangestokaken ing tuwan.

  29. Lamun Pangeraning jagad, nanging ta panuwun mami, pratandhanipun wontena, lamun paduka sayekti, Pangeraning sabumi, Hyang Manik mesem lingnya rum, pratandhane pan sira, nora weruh ing angsal mami, ingsun weruh mring ajal kamulanira.

  30. Angsalira duk ing kuna, teka jagad sunyaruri, sutaning jim Gohpatma, ranira lembu Handini, kapencut angratoni, isining jagad sawegung, ananging dudu sira, karsaning Hyang Murbeng pasthi, angratoni saisining jagad raya.

  31. Wus pinasthi raganingwang, iya ingkang angrato-[307]ni, sining jagad pramudita, sireku namung pinasthi, dadya tunggangan mami, lembu Dini duk angrungu, Hyang Manik wuwusira, dene wruh asalireki, kang ayoga nama myang sedyanira.

  32. Sangsaya jrih sumkemira, sigra sujud wanti-wanti, langkung dennira nelangsa, kaluputanira nguni, sira lembu Handini, wus tetep dennira manut, mring Hyang Manik pan dadya, nenggih titiyanireki, maksih sami neng pucaking wukir ngima.

  33. Sagunging kang buron wana, ing wus rumatu sami, mring lembu Dini tumingal, mangkya tinitihan jalmi, nutut datanpa budi, tingkahira wus angratu, dadya manut sadaya, sagunging buron wanadri, mring Bathara Manik ing pangratunira.

  34. Semana denya peparab, nenggih Sang Hyang Marma singgih, marma peparab mangkana, denira wus angratoni, sagung buron wanadri, yata wau kang winuwus, para ratu kang samya, mangeran lembu Handini, kang cinatur pengagengipun kewala.

  35. Jujuluk Raja Japparan, nenggih kang den kithani, sakidul wetaning ngarga, praja nut namaning wukir, nenggih Ngima nagari, agenging karatonipun, sira Raja Japparan, kathah tanah Ngindhi, kang kabawah mring karaton nagri Ngima.

  36. Nanging maksih kaungkulan, genge karatonireki, [308] marang sang Raja Yudasta, ratu agung nagri persi, angreh sagung para ji, wauta ingkang winuwus, raja Japparan Ngima, kang mangeran lembu Dini, saben-saben wiwitane ingkang warsa.

  37. Miwah marang ing parbata, sawadyanira ngabekti, marang ingkang pinangeran, nenggih sang lembu Handini, duk semana marengi, wiwite ing tahunipun, minggah marang parbata, sawadya punggawa Mantri, samya ngangge-angge sarta ageganda.

  38. Bekta ing sasaratira, dupa-dupa saji-saji, prapta sapucaking arga, raja Japparan ningali, myang sagung pra dipati, dene ta pangeranipun, tinitihan ing jalma, nutut anut tanpa budi, dadya kendel rajeng Ngima sawadyanya.

  39. Pra samya jetung sadaya, lembu Handini sigra ngling, heh babo sang rajeng Ngima, aja sira walang ati, wruhanira ya iki, Pangeran ingkang satuhu, ing luwih kuwasa, ingsun amung angembani, lah dene ge sujuda sabalanira.

  40. Ananging raja Japparan, maksih sumedya ing galih, dangu mangu-manguning tyas, tan arsa sujud tumuli, nulya pak ampak prapti, mawa lesus lir pinusus, prahara ngemu toya, tirta reratuning atis, rajeng Ngima dharadhog sabalanira.

  41. Kami kekelen sadaya, akeh kantaka gumlinting, [309] tanana ingkang kuwawa, kaparag ratuning atis, rajeng Ngima hanangis, ngaturken ing tobatipun, lawan sabalanira, katarima tobatireki, sakala prahara pak ampak sirna.

  42. Rajeng Ngima wus waluya, sawadya balanireki, sareng sujud ing bantala, saha sami santi-santi, jroning sujud sinalin, hong hong Hyang panebutipun, mangarcana tamaya, tegese dhuh sembahan mami, katura ring Sang Maha Dewa Bathara.

  43. Wus tetep raja Japparan, denira mangeran maring, Sang Hyang Manik sebutira, sawadya balanireki, sarerehan paraji, sadaya wus samya manut, marang pangagengira, kang wus pinangeran lami, pan tinilar samya mangeran sadaya.

  44. Maring Sang Jagad pratingkah, wus mangkana Sang Hyang Manik, linggar saking wukir Ngima, anitih lembu Handini, nganglang ing tanah Tibid, pan anjajah gunung-gunung, saben-saben parbata, geng alit kapyarsa sami, swaraning wong Tibid kang samya mumuja.

  45. Pra samya nembah brahala, sadayanira wong Tibid, kabuyutaning kinarya, aneng gunung-gunung sami, ing punika marengi, wiwitaning tahunipun, minggah marang parbata, bekta sasaratireki, nembah marang brahala kang pinangeran.

  46. Purwane ingkang bebakal, ing Tabid nenggih kang [310] kardi, gambare Latawalhujwa, apan ta wong saking Kabsi, gambare pinapetri, pinarnah pucaking gunung, kinarya kabuyudan, prapta saturunireki, angluluri pra samya nembah brahala.

  47. Bathara Manik humiyat, mesem salebeting galih, neng gagana nulya nyipta, angin reratuning angin, sindhung riwut gumeret, prahara gora gumuntur, lesus meses sasaran, sumawur ing wukir-wukir, nggen brahala gambaring Latawalhujwa.

  48. Ingkang samya pinangeran, marang wong satanah Tibid, katempuh dresing prahara, sirna siji nora kari, sadayane kang sami, mumuja neng wukir jetung, Sang Hyang Manik anulya, tumurun saking wiyati, pan hanjujug wukir gen pengagengira.

  49. Sahengga jleg tanpa sangkan, cik ancik lembu Handini, neng tilas gen kabuyutan, kang wus sirna dening angin, sadayane wong Tibid, wong mumuja kagyat dulu, wonten jalma katingal, cik ancik sapi sumilih, aneng tilas gening kabuyutan kula.

  50. Kang sirna dening prahara, punapa tuwan kang kar-[311]di, Bathara Manik miyarsa, mesem denira nahuri, heh ratuning wong Tabid, wruhanira iku ingsun, Pangeraning wong sajagad, kang nyipta angin sun kardi, anyirnakken brahala kang sira sembah.

  51. Karana kaliwat sasar, panganggepira wong Tabid, teka mangeran brahala, gambar siranggep sayekti, cubluk datanpa budi, norana loro tetelu, Pangeraning sajagad, iya mung sarira mami, kang kuwasa karya mucung ing buwana.

۩۩۩ Pupuh 37 ۩۩۩
P U C U N G

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Rajeng Tabid nalikanira angrungu, ngling ingkang mangkana, mring ring kumel tyasneki, esmu jrih dadya loning aturira.

  2. Lah ta inggih lamun paduka satuhu, Pangeraning jagad, lintuning Pangeran mami, ingkang sampun sirna katubing prahara.

  3. Inggih tuwan paring pratandha rumuhun, yen ingkang kuwasa, pucaking wukir puniki, tuwan akarya inggih wontenipun toya.

  4. Kang supados mantepo sami genipun, ngestokken ing tuwan, inggih kalamun sayekti, Pangeraning jagad kalangkung kuwasa.

  5. Sang Hyang Manik sigra dennya nyipta banyu, sapucaking arga, pan sakala mijil warih, lir pancuran langkung weninge kang toya.

  6. Rajeng Tabid tumingal suka kalangkung, lan saro-[312]wangira,  pareng sujud aneng siti, sarwi nebut hong mangarcana jagadraya.

  7. Sampun tanggel sih tuwan mring titahipun, sanget kemlaratan, satanah kawula Tibid, susah saking sanget kekirangan toya.

  8. Sang Hyang Manik mesem angandika arum, aja walang siya, wis mudhuna teka wukir, sun tekani kabeh sapanjalukira.

  9. Tanahira ing Tibid wus akeh banyu, sendhang myang telaga, wusnya ngling Bathara Manik, nulya musna sarta jumegur swaranya.

  10. Rajeng Tibid sarowangnya langkung ngungun, lir kadya supena, tyasira sadaya sami, mudhun saking wukir prapteng prajanira.

  11. Langkung suka dene negarane sampun, wonten telaganya, myang sendhang toyanya wening, wong sapraja jalwestri suka sadaya.

  12. Samya warta winartaken wus misuwur, saking bawahira, ing Tibid kang tebih-tebih, ing purwane wonten sendhang myang telaga.

  13. Sasirnaning kabuyutan dening lesusu, aneng ing parbata, ratunira den turuni, kang satuhu Pangeraning jagad raya.

  14. Yeku ingkang akarya ananing banyu, dadya nut [313] saparan, marang ing ratunireki, ngidhep mring Hyang Manik Pangeran.

  15. Kuneng kang wus tetep pamangeranipun, wong Tibid sadaya, maring Sang Bathara Manik, kawuwusa wau kang aneng gagana.

  16. Nitih lembu Handini awas handulu, ler wonten katingal, teja sumorot nelahi, neng ngawiyat ngunguwung ing prabanira.

  17. Pinerepekkan prapteng gen teja dinulu, minageng angambang, neng rawagung tanah Persi, pan samadya candra miyare kang rawa.

  18. Lir samodra umbaknya geng wus kadya lun, mina geng angambang, nenggih ingkang angratoni, buron toya isining rawa sadaya.

  19. Geng sawukir mina Tirbah asmanipun, apan pinangeran, maring wong sanagri Persi, prabaning kang sisik kang katon lir teja.

  20. Nawung sunaring baskara hangunguwung, wayanganing mina, saking mandrawa kaheksi, gebyar-gebyar neng ngawiyat prabanira.

  21. Sang Hyang Manik sigra denira tumurun, saking ngantariksa, anitih lembu Handini, praptaning gen mina geng ingkang angambang.

  22. Tinakenan heh iwak apa sireku, sisikmu gumilap, nawung sunaring Hyang rawi, gebyar-gebyar ngunguwung saking mandrawa.

  23. Kaliwat saking wingiting pratingkahmu, kaya wong mumuja, ngambang nora mobah mosik, mina ingkang ngambang alon saurira.

  24. Heh manungsa wruhira iya ingsun, Pangeraning ja-[314]gad,  ya kang murba misesa, ing buwana kang luwih saking kuwasa.

  25. Duk angrungu Hyang Manik mesem amuwus, heh ta iwak aja, ngaku pangeraning bumi, wruhanira iya pangeraning jagad.

  26. Namung siji norana loro tatelu, kang luwih kuwasa, iya mung sarira mami, kang satuhu Pangeraning wong sajagad.

  27. Ngratuning kang mina sendhu wuwusipun, heh manungsa aja, sira maido ing mami, ngong satuhu lamun pangeraning jagad.

  28. Pan wus ana ing mengko pratandhaningsun, liyan saking mina, kang wus mangeran ing mami, ratu agung ing Persi raja Dirdasta.

  29. Sabalane wus mangeran marang ingsun, Hyang Manik miyarsa, pangandikanira aris, nadyan silih mangkono pan dudu sira.

  30. Pangeraning jagad kang yekti mung ingsun, kang murba misesa, marang sagunging dumadi, dangu dennya padudon diya-diniya.

  31. Samya ngaku pangeran kang maha luhur, kalah kaberanang, gya ngaben guna kasekten, sangendhinge ratuning mina kasoran.

  32. Wekasaning aprang Hyang Manik sigra wus, anyipta dahana, pan geni ratuning geni, tikel satus lawan geni ngalam donya.

  33. Panasipun miwah ta ing ampuhipun, warna kadi cah-[315]ya, hangalabi sajembaring, rawa persi kalimput sadayanira.

  34. Lir ginadhog rawa geng umob gumludhug, sagung buron toya, saisining rawa Persi, losoh ajur tumpesan sadayanira.

  35. Namung kantun ratuning kang mina wau, ingkang maksih gesang, ananging datan kuwawi, risang Tirbah nandhang panase kang toya.

  36. Nedya mabur ratuning mina gya mabur, dhengkelen tan bisa, tur wus sabaning wiyati, keneng prabawaning Hyang Manik kuwasa.

  37. Mina raja tambuh-tambuh solahipun, bingung tan kuwasa, nanengi panasing warih, sru karuna angaturken tobatira.

  38. Dhuh satuhu yen tuwan pangeran hulun, kang murba misesa, dhateng sagunging dumadi, temen-temen hulun, ngestokken ing tuwan.

  39. Yen satuhu Pangeran kang maha luhur, ya kang sipat murah, mugi ngapura ing dasih, dene purun-purun ngaken kang murbeng rat.

  40. Haelas asih mina raja haturipun, dennya nuwun gesang, Hyang Manik ngandika aris, lah ta hiya lamun temen wuwusira.

  41. Ing mengko wus manut marang jeneng ingsun, yekti yen waluya, antuk sabda mina pati, pan sakala toya mari panasira.

  42. Nulya sujud mina raja sarya matur, dhuh Hyang kang misesa, kang asih dasih kaswasih, paran karsa sagunging bala kawula.

  43. Buron toya lir saisining rawagung, minane sada-[316]ya, geng alit samya ngemasi, losoh ajur saking panasing kang toya.

  44. Ingkang dosa pan amung kula pukulun, nyenyami ing tuwan, ngaken pangeraning bumi, sakathahing mina lit tan tumut dosa.

  45. Punapa ta punika botena antuk, pangapunten tuwan, Hyang Manik lingira aris, dheni ingsun sayekti lamun ngapura.

  46. Sigra wau Hyang Manik denira mundhut, ingkang toya gesang, tinetesken ngranu aglis, meratani sajembare ingkang rawa.

  47. Buron banyu saisine ing rawa gung, gesang pari purna, tanana kalong sawiji, mina raja tumingal langkung sukanya.Sang Hyang Manik ngaturaken manjing rawa gung, anyipta kayangan, kaswargan sajroning warih, mina raja sangsaya jrih sungkemira.

  48. saisining rawa gung wus samya ngratu, Hyang Manik semana, jujuluk Hyang Utipati, denira wus angratoni buron wana.

  49. Mina Raja Tirbah osiking jro kalbu, nedya akarya tandha, dene saciptane dadi, ingsun matur apa wruh ing ngangsalingwang.

  50. Dene lawas durung ana dhawuhipun, kalamun weruha, sayekti wus angarani, dadya matur dhuh Gusti Pangeraning rat.

  51. Dasih tuwan dahat saking kami purun, anunuwun te-[317]dah, saking kapencut ngabekti, ing sudarma tan wonten kang ngakenana.

  52. Mecah saking hatiga kawula ruruh, kang yogeng kawula, tan wonten ingkang ngakeni, sagung mina Tirbah salebeting rawa.

  53. Pan satunggal Gusti boten wonten purun, kawula ken bapa, miwah hulun kabekteni, taken pejah gesange meksa tan angsal.

  54. Boten wonten ingkang uninga pukulun, wau duk miyarsa, Hyang Manik meseming galih, wruh kalamun pitakening mina raja.

  55. Namung nedya nyoba mring sariranipun, dadya ris ngandika, sayekti ingsun udani, mina Tirbah iya kang yoga ing sira.

  56. Uripira nanging prasasat wus lampus, mati sasat gesang, karana samengko iki, jalma tuhu sira rupa mina Tirbah.

  57. Tedak Nabi Saleh dadya nakoda gung, juragan lir raja, sugih myang keringan neki, lamun dagang hanggawa kapraboning prang.

  58. Prajurite wong tutukon wolung ewu, wismane lir kutha, ing Sabliston tanah Persi, nakoda gung aran juragan Ngumaran.

  59. Duwe anak wanodya amung tetelu, padha ayu endah, pambarep Dewi Humari, dhaup lawan prenah kadange nak sanak.

  60. Aran Raden Turhan ingkang asusunu, Sang Raja Japaran, ing Ngima kuthanireki, pan kadange tuwa iku mring Ngumaran.

  61. Wuragile Dewi Humani ranipun, kramantuk Dastandar, [318] raja muda nagri Persi, atmajane tuwa mring raja Jirdasta.

  62. Panengahe Dewi Umayi ranipun, wahdat tanpa krama, wus prasetya tanpa krami, lamun ora laki kang murbeng bawana.

  63. Dadya lunga teka praja don anglangut, anjajah wanarga, saenggoning mati ragi, lawas-lawas dadi manungsa kajiman.

  64. Hiya saking mantenging tapanipun, ngajur ajer bisa, mumpuni guna kasekten, wus angrasa ing rat tanana memadha.

  65. Ing guna myang sekti kaluwihanipun, dadya duwe cipta, iya badane pribadi, pan kapencut pinangeraning sajagad.

  66. Pan kasiku dennira sedya angaku, kang murbeng bawana, sinalin sipatireki, rupa Tirbah tinibakaken ing rawa.

  67. Pan rinatu sagunging kang buron banyu, mupusing wardaya, ananging maksih duweni, cipta ngaku lamun pangeraning jagad.

  68. Tinurutan ratu sagung Persi anut, sang raja Jisdasta, sawadya balanireki, hamangeran marang hing mina sarkara.

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

Wonten candhakipun Pupuh 38-45

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: