alangalangkumitir

Javanese Manuscripts

SEJARAH TAPEL ADAM pupuh 38-45


 ۩۩۩ Pupuh 38 ۩۩۩
DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Duk miyarsa gya sujud saryajrit, ratuning mina [319] lara karuna, melas asih sesambate, dhuh lae Gustiningsun, kang satuhu pangeran mami, ingkang murba misesa, ing jagad sawegung, ingkang mboten kasamaran, ing saobah osik ing sagung dumadi, Gusti mugi tulusna.

  2. Haparing sih ing dasih kaswasih, ruwatipun cintraka kawula, mulyawa kadya waune, prasetya ngong pukulun, tuwan jura panjingna kowi, ing reh datan lenggana, siyang dalunipun, tuwan Pangeran kawula, Sang Hyang Manik pangandikanira aris, iya ingsun tarima.

  3. Hangsalira manungsa ing uni, ya muliya warnaning manungsa, mina raja sasampune, hantuk sabda gya larut, cintrakane byar mulih dadi, wanodya ayu endah, cahyanya sumunu, gupuh anungkemi pada, reroncene, ing tingkah datan kawarni, cinatur Dewi Uma.

  4. Kinen manjing aneng salebeting, sosotya wungu wadah ing swarga, cinatur cendhake bae, raja Jirdasta sampun, hamiyarsa saking haturing, wadya kang juru rawa, yen pangeranipun, sang Tirbah ingmangkya sirna, nulya wonten jalma linuwih kaeksi, hanitih lembu pethak.

  5. Saged manjing salebeting warih, inggih ngaken [320] pangeraning jagad, Sang Hyang Manik peparabe, mawa cahya sumunu, lir trenggana angikis ratri, tejanipun sumunar, wangkawa handaru, kadya ta dede manungsa, pantes lamun pinangeran ing sabumi, yen dulu wingitira.

  6. Nanging raja Jirdasta ing Persi, maksih sandeya ing galihira, myarsa wong juru ature, ingkang kesthi ing kalbu, maksih pangeranira ing lami, dadya nagaranira, tinekan pageblug, marang Hyang Manik sekala, wong ing Persi gering esuk sore mati, gring sore esuk pejah.

  7. Hawuyungan sapraja ing Persi, raja Jirdasta kacandhak gerah, sanget kalajeng sedane, sangsaya kekesipun, wong ing Persi kathah kang ngungsi, marang ing nagri liyan, wau kang winuwus, Sang Raja Muda Dastandar, sasedane kang rama darbeni osik, witing pegering prapta.

  8. Marga saking tan manut tumuli, mring Hyang Manik denira mangeran, pra dipati sadayane, myang para wajir sampun, tinimbalan marang ngarsaji, sang juragan Ngumaran, pangarsaning rembag, raja Muda nut kewala, miwah sagung satriya kang pra dipati, sigra kinen sanega.

  9. Sasarate dennyarsa mastuti, mring Hyang Manik [ 321] kang luwih kuwasa, dupa miwah sajen-sajen, sekar lan burat arum, wus samekta budhalira glis, sira raja Dastandar, sawadya bala gung, sapraptanira ing rawa, dupa sajen-sajen tinata ing pinggir, sekar myang ganda wida.

  10. Nulya tata lenggahing semedi, sareng samya ngobar dupanira, lumekas mangsah pujane, sidhakep astanipun, ngaturaken sembahe sami, mring Hyang Manik Bathara, tetep ira sampun,mangeran sadayanira, nulya wonten cahya mijil saking warih, salebeting kang cahya.

  11. Wonten jalma nitih lembu putih, jerum munggwing ngudayaning toya, gumilang-gilang cahyane, raja Dastandar dulu, sawadyane garjita sami, yen kang murbeng buwana, sigra dennya sujud, dhuh Sang Hyang  Maha Bathara, kang satuhu pangeraning wong sabumi, ingkang langkung kuwasa.

  12. Kang anitah sagunging dumadi, ingkang murba misesang buwana, temen-temen ing samangke, hulun sadaya sampun, hangestokken ing tuwan sami, pangran hulun kang murba, miseseng tumuwuh, dhuh mugi tuwan paringa, ing mulyane praja ngong Persi samangkin, kalangkung karisakan.

  13. Pageblug ageng kathah ngemasi, lyaning bala pan bapa kawula, kenging penyakit pejahe, wadya ing Persi sampun, kathah ngungsi liyan nagari, Hyang Manik mesem ing tyas, hangandika arum, heh rajeng Persi Dastandar, yen wus pada temen-temen sira sami, mari nembah ing mina.

  14. Wus mangeran kabeh marang mami, sayektine yen [322] nagaranira, Persi mari pagebluge, lah duluwa sireku, jroning rawa kedadehaning, kang padha nembah Tirbah, yeku patinipun, raja Dastandar gya mulat, jroning rawa katingalan kang ramaji, siniwi jroning toya.

  15. Mung sanginggiling puser kang maksih, katingalan sipating manungsa, sangandhaping puser kabeh, awarni ulam banyu, myang sadaya ingkang sumiwi, rajeng Persi Dastandar, jungkel arsa muwun, ngaturken ing tobatira, solah tingkahira kang lepat ing uni, dennya nembah ing Tirbah.

  16. Sang Hyang Manik angandika aris, heh Ngumaran duwe anak sira, wanodya tatelu kehe, matur raden satuhu, sang Ngumaran matur ngastuti, dhuh Sang Maha Bathara, apanta saestu, atmaja hulun tatiga, sami estri, pambajeng nama Humari, kramantuk raden Turhan.

  17. Kadang hulun sepuh kang sesiwi, raja Japparan narpati Ngima, ingkang wuragil namane, Ngumani akramantuk, raja muda Persi puniki, ingkang pamadya nama, Humayi pukulun, wahdat datan arsa krama, pratiknyane purun anglampahi laki, lamun dhaup lan Allah.

  18. Nunten kesah ing dalu dennya nis, sampun lami gen [323] hulun ngupaya, dereng kendel prapteng mangke, tan wonten wartanipun, kados lamun sampun ngemasi, Hyang Manik mesem ing tyas, angandika arum, upama atmajanira, ana bisa nekakaken ing saiki, apata kaulira.

  19. Sang Ngumaran sujud matur aris, inggih punaka sakarsanira, pukulun kang manggihake, atmaja hulun katur, Sang Hyang Manik gya dennya mangsit, nenggih mring Dewi Uma, kinen medal sampun, mijil saking jor sosotya, marek marang sudarmanira ngabekti, Ngumaran duk tumingal.

  20. Nora samar mring sutanireki, gya rinangkul pan sarwi karuna, rajeng Persi sabalane, sadaya ngungun jetung, kagawokan dennya ningali, gaibing pratingkah, kaelokanipun, mring Hyang Manik kuwasanya, saciptane tan kena cinakreng budi, saciptanira dadi.

  21. Tuhu lamun hyang kang murbeng bumi, bisa nganaken ingkang tan ana, kang wus nyirnakake, sadaya sami sujud, wadya Persi wewah dennya jrih, Hyang Manik kuwasanya, wus inggep tuhu, lamun kang murbeng buwana, angandika alon sang Bathara Manik, heh juragan Ngumaran.

  22. Yeku sutanira si Umayi, duk lungane teka ing na-[324]gara, kaliwat luput ciptane, wahdat pratiknyanipun, nora laki lamun tan olih, Hyang Murbeng Bawana, lelana don nglangut, sanggane sru mati raga, saking matenging tapanira pinati, dadyantuk kaluwihan.

  23. Hamumpuni ing guna kasektin, malah dadya manungsa kajiman, bisa manjing ajur ajer, rumasa ing tyasipun, wus tan ana ingkang madhani, kabeh isining jagad, mring kasektenipun, satemah anduwe cipta, pan kapencut iya badane pribadi, sinebuta ing jagad.

  24. Yen Pangeran ingkang murbeng bumi, pan kasiku salin rupa Tirbah, tinibakaken rawa kene, iya banjur rinatu, marang sagung burun ing warih, ananging ta tyasira, pan durung kena wus, denira mrih pinangeran, sining jagad sadhela yen den turuti, rajeng Persi Jirdasta.

  25. Sabalane amangeran sami, hebat dene kang basa jalma, mantepe ing panembahe, dene prasetyanipun, nora laki yen datan olih, lan Hyang kang murbeng jagad, pan uja jinurung, iyeku atmajanira, wus pinasthi yen dadya timbangan mami, den suka ing tyasira.

  26. Sang Ngumaran wau duk miyarsi, Sang Hyang Manik [325] ing timbalira, myang rajeng Persi wus dene, kaliye bareng sujud, tur sumangga sakarsaneki, Hyang Manik wuwusira, lah wis pamit ingsun, padha kariya raharja, sabalamu muliha marang nagari, sun harsa nganglang jagad.

  27. Dewi Uma sigra wangsul manjing jroning sotya Sang Hyang Manik sigra, wus musna saking ngenggene, sarta swara jumegur, sang Ngumaran sang rajeng Persi, samya kari hanggana, lan lamen ing kalbu, maring ing Pangeranira, kang wus musna kadya tumuruta sami, mangkana sampun budhal.

  28. Saking rawa rajeng Persi, saha bala prapteng prajanira, jalwestri langkung sukane, dennya mantun pageblug, tentrem malih nagari Persi, bala kang ngili samya, wus kathah kang wangsul, mantuk marang wismanira, miwah para ratu ingkang tebih-twbih, ingkang sampun kabawah.

  29. Marang raja Dastandar ing Persi, nadyan ratu kang dereng kabawah, samya kasengsem wartane, kathah kang samya manut, marang Persi mangeran sami, Hyang Manik sembahira, kuneng ta kang sampun, harja malih Hyang Manik lampahira.

  30. Pan Hanitih ing lembu Handini, neng gagana pan arsa hanjajah, tanah Ngindhi, Selong Keling myang Cina, pirang-pirang ratu, tanah Tatar pangalernya, iya pira-pira kathing para ji, nanging agamanira.

  31. Para ratu hapan warni-warni, ana maksih manut Nabi Nuh, ana manut [326]Nabi Ibrahim, myang manut Nabi Musa, kathah warnanipun, ana kang nembah brahala, ana ingkang mangeran marang ing geni, ana mangeran mega.

  32. Ana ingkang mangeran ing angin, ana ingkang mangeran trenggana, ana mangeran srengenge, myang mangeran sitangsu, ana ingkang mangeran thathit, ana ingkang mangeran, ing kayu myang watu, ana kang mangeran harga, pangagenge sadaya kang den dhatengi, mung Sang Manik Bathara.

  33. Kang datan manut sangkaning aris, kinasoraken barang kadibyannya, kinenan pangabarane, ingkang wus samya manut, saciptane tinekan sami, marma glis para raja, sengsem pra samya nut, warta winartanken samya, marang para ratu ingkang tebih-tebih, kapencut tyase samya.

  34. Dadya tumut kang wus manut sami, amangeran mring Hyang Manik samya, tanah Ngindhi sadayane, samya wus nganggep tuhu, yen pangeran kang murbeng bumi, wusnya ngidhep sadaya, para ratu-ratu, sinalin pratingkahira, ing panembah panebutireng semedi, hong mangarcana maya.

  35. Sang Hyang Manik sigra hong renggani, patilasan-[327]ira ingkang rama, Sang Hyang Tunggal kahyangane, neng wukir Tengguru, sedheng tengah-tengah geneki, lan prajaning pra raja, kang wus samya manut, sadaya samya hakarya, kaliyutan aneng ing Tengguru wukir, tepung imbanging ngarga.

  36. Pamujane kang para Narpati, sasukane denira mrih papan, miwah ta ingkang ginawe, para ratu gung agung, pra samya mas ingkang kinardi, ana ingkang suwasa, kathah warnanipun, salaka miwah kuningan kang saweneh pakaryane samya akik, kang pradipati sela.

  37. Saben-saben kang putra para Narpati, nenggih wiwite ing tahunira, samya prapta sadayane, bekta sasaratipun, dupa-dupa myang saji-saji, sekar lan ganda wida, neng wukir Tengguru kang pinanta jroning puja, nora liyan mung tinurunana sami, marang pangeranira.

  38. Sang Hyang Manik sigyarsa ngyekteti, tetepipun pinangeran jagad, anglahirken kuwasane, buka sosotya wungu, wawadhahe ingkang swargadi, cahya awarna teja, kang mijil rumuhun, nglimputi sadayanira, sabuwana tan katon sawiji-wiji, kalimputan dening cahya.

  39. Sasirnane cahya kang nglimputi, para ratu kang [328] samya mumuja, sami salin pandulune, miwah pangraosipun, marcapada wus tan kaeksi, sarta saisinira, alas gunung-gunung, surya sasi wus tan ana, para ratu salin alamira sami, padhang tanpa rahina.

  40. Wus tan ana arip lan ngelih, namung ngrasa nikmat lan manpaat, para ratu sadayane, tan antara kadulu, Sang Hyang Manik pra samya linggih, lan garwa Dewi Uma, jroning swarganipun, gumulang-gilang cahyanya, para ratu sareng sujud mangastuti, samya matur mengrepa.

  41. Dhuh Pangeran kang sayekti, ingkang murba wiseseng buwana, kang anitah sadayane, wonten pundi pukulun, ing panggenan hulun ing mangkin, jagad ing madyapada, musna tan kadulu, Hyang Manik handikanira, heh wruhanta iyeku ngalam ginaib, besuk panggonanira.

  42. Yen wus mulih mring kamuksan sami, dene jagadira marcapada, jagad pengampiran bae, jagadira kang tuhu, pan ing besuk ya jagad iki, langgeng tan keneng owah, ing satutugipun, matur ingkang para raja, yen makaten titahta sadaya sami, lumuh lamun wangsula.

  43. Dhateng jagad marcapada malih, malih, suka wonten ing [329] ngriki kewala, boten wonten pangelihe, boten rumaos lesu, lawan boten rumaos arip, tan darbe manah murka, ing pangraos hulun, namung nikmat lan mupangat, Sang Hyang Manik pangandikanira aris, pan iku ora kena.

  44. Lamun ora kelawan ngemasi, saking dening kamurahan ingwang, sira sun weruhken kene, dene mengko wus weruh, iya kabeh baliya maning, mring alam madyapada, hangreh ing wadya gung, pan sira sun titah raja, ngrasanana ing kamukten den padha jrih, harjaning prajanira.

  45. Hanulya byar kang para Narpati, wangsul ningali ing madyapada, langkung sami pangungune, budhal saking tengguru, saya mantep sagung para ji, denira nganggepnyata, yen kang Maha Luhur, nalikanira semana, Sang Hyang Manik dennira tetep ngratoni, nenggih jagad triloka.

  46. Jagad tengah ngandhap miwah nginggil, ajujuluk Sang Hyang Jagadnata, dennya wus ngratoni kabeh, sagunging para ratu, sapangetan tanah ing Ngindhi, kalawan apaparab, Hyang Bathara Guru, ngirib namaning parbata, duk semana medal birahinireki, mring garwa Dewi Uma.

  47. Denirarsa nuwuhaken wiji, ngangge sajiwa kadya manungsa, kang garwa lajeng wawratem prapteng semayanipun, babar jalu putranireki, mawa prabawa gonda, ing sabuwana rum, Bathara Sambu namanya, babaripun tahun Adam hamarengi, lamun ing tahun surya.

  48. Kawan ewu wolung atus warsi, wolung dasa nenem [330] langkungira, yen tahun wulan etange, pan sampun gangsal ewu, tigang dasa sakawan nenggih, antawis kalih warsa, babar malih jalu, nalikane babarira,  prabawani sampun sinungan kakasih, nenggih Bathara Brama.

  49. Sasampuning kalih warsa malih, babar jalu nenggih putranira, Bathara Hendra putrane, mawa prabawa lindhu, nuli kalih warsa malih, kang garwa apuputra, samya mijil jalu, Bathara Bayu namanya, nalikane babar prabawanira ngin, antara kalih warsa.

  50. Ingkang garwa hanggarbini, nulya wonten swara kapiyarsa, heh yoganingsun den age, manungkuwa manekung, aneng sajroning ngalam ginaib, sira mintawa yoga, kang prajurit punjul, aywa sajiwa lir jalma, lan garwanta sajiwa jisim jasmani, manungsa pungkurena.

۩۩۩ Pupuh 39 ۩۩۩
PANGKUR

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Nganggowa asmara cipta, jatining jim, pan wus badan rokhani, pintanen jroning panekung, iya lan garwanira, sinungan atmaja ingkang dibya mung, kang mumpuni kaprawiran, ing jaya kawijayanti.

  2. Dadya payunging buwana, rumeksawa hayuning bumi-bumi, mamayuwa sing tumuwuh, panggempang kala murka, panggempure gelah-gelah memala dur, mongka ugering triloka, pangrunah ingreh tan yukti.

  3. Wruh wangsite Hyang Wisesa, hamituhu Sang Hyang [331] Guru nulya glis, mangsah nglekasken panekung, hangeningaken cipta, wus jumeneng kalawan pribadinipun, bumi langit wus tan ana, miwah ing sawiji-wiji.

  4. Mung ilapat ingkang ana, yen katrima pamintaning semedi, pan angkara-kara murub, cahya kang manca warna, saking gaib nglimputi sadayanipun, garjita Hyang Jagadnata, lawan kang garwa nulya glis.

  5. Nglekasken asmara cipta, ingkang garwa apan lajeng garbini, praptaning mangsa pan sampun, babar wawratanira, mijil jalu ing triloka gumalundhug, jaladri kolah prakempa, horeg lindhu bumi gonjing.

  6. Sarta lan prabawa toya, banjir bandhang sabuwana wor angin, prahara gora gumuntur, geter pater puteran, gegeteri dhedhet erawati wagwut, sru sru hibekkan ing triloka, gunung-gunung pareng muni.

  7. Miwah sagunging surupan, ngantariksa sadaya samya mijil, baskara lawan stengsu, lintang-lintang sumebar, teja ndaru wangkawa myang kuwung-kuwung, laban kalawan  lilidhah, obar-abir kilat thathit.

  8. Nalika sareng babarnya para ratu sadaya tanah [332] Ngindhi, sapengetaning kang nuju, siniweng balanira, samya rebah saking dhadhamparipun, miwah Sang Hyang Jagadnata, babaring putra marengi.

  9. Lenggah made swara rebah, nulya swara wau kapyarsa malih, heh ta babo yoganingsun, yeku atmajanira, paringana peparab, Bathara Wisnu, lawan Bathara Kesawa, tegese panah linuwih.

  10. Katrima  manekungira, jro semedi maring murbeng pasthi, marma sira mau rubuh, teka ing bale swara, miwah para ratu kabeh iya rubuh, teka dhampare padha, tan ana wenang ngungkuli.

  11. Hiya mring atmajanira, duk lahire yeku panjingireki, nugraha kang luwih gung, wahyu kaprajiritan, marma ing triloka sebawa gumludhug, isen-isen telung jagad, muni kabeh hangumarti.

  12. Mring lahire sutanira, miwah sagung rurupaning wiyati, mijil kabeh pan pandulu, ngaturken pratandhanya, mangastuti marang ing sutanireku, dewa payunging buwana, hamaratani ing sabumi.

  13. Sang Hyang Guru langkung suka, ingkang putra wus dinus toya urip, diwasanira kalangkung, pekik myang cahyanira, anglangkungi kang raka sakawanipun, cinarita Dewi Uma, miwahta Sang Hyang Pramesthi.

  14. Sawusnya puputra gangsal, pan atebih birahinireng [333] resmi, kuneng gantya kang winuwus, nenggih Bathara Maya, ingkang aneng jagad sunyaruri, sampun puputra jalu pan sanga, wurragile sajugestri.

  15. Pambajengipun anama, Hyang Bongkokan anulya ingkang rayai, nama Sang Hyang Temburu, anulya Hyang Kuwera nulya Sang Hyang Mahyati, nulya rinipun, peparab Bathara Siwah, anulya arinireki.

  16. Bathara Surya anulya, Sang Hyang Candra nulya Yamadipati, nulya rinira jujuluk, Bathara Kamajaya, dewa ingkang dadi ratuning bagus, wuragilipun wanodya, ran Dewi Darmanastiti.

  17. Sadaya wus kinen samya, ngeja wantah marang marcapada glis, suwiteng Bathara Guru, myang putra wayahira, Sang Hyang Darmajaka pan sumiwi sampun, miwah putra wayahira, ingkang paman Sang Hyang Ngening.

  18. Sadaya wus sinung prenah, sowang-sowang dennya sumusung sami, ana ngalas ana gunung, kang samya binakalan, ana dadya Pandhita myang dadya ratu, ana maksih dadya dewa, miwah putranya pribadi.

  19. Wus tinurunaken samya, ngeja wantah neng marcapada sami, Bathara Sumbu kang sepuh, ngedhaton Sambupura, Sang Hyang Brama Bramapura kithanipun, Bathara Hendra Ngendrapura, Bathara Bayu pan sami.

  20. Nebut namanipun samya, ya ing Bayupura prajani-[334]reki, pan amung Bathara Wisnu, kang dereng ngeja wantah, maksih tetep aneng ing kayanganipun, wus samya sami sisihan, dhaup lan sanak ping kalih.

  21. Putranira Sang Triyagnya, kang wanodya gangsal samya yu luwih, Dewi Swagyana kang sepuh, dhinaupaken lawan, Sang Hyang Sambu Rarasati kang panggulu, dhaup lan Bathara Brama, pamadya Dewi Iyati.

  22. Dhaup lan Bathara Hendra, sumindine paparab Dewi Ratih, warnendah pan sampun dhaup, lan Sang Hyang Kamajaya, wuragile Dewi Sri ayu pinunjul, dhinaupaken kalawan, Sang Bathara Wisnumurti.

  23. Dene ta Sang Hyang Triyagnya, kang puputra nenggih Hyang Poncaresi, Hyang Poncaresi puniku, putreng Hyang Darmajaka, dene garwanira Hayang Bathara Bayu, putraning Hyang Surenggana, apaparab Dewi Sumi.

  24. Hyang Surenggana punika, pan arine Sang Hyang Triyagnya nenggih, liyane saking puniku, kathah putra wayahnya, Sang Hyang Ngening miwah putra wayahipun, nenggih Sang Hyang Darmajaka, bisan binesanan sami.

  25. Ana dhaup lan nak sanak, sanak misan miwah sanak kaping kalih, kang saweneh ana dhaup, lan putrining manungsa, cinarita tanah Ngindhi ing puniku, ejim kalawan manungsa, meh saengga nunggil jinis.

  26. Srawungan sadina-dina, sapocapan manungsa lawan [335] ejim, miwahta sabrayatipun, Hyang Darmajaka lawan, Sang Hyang Ngening Sang Hyang Maya Sang Hyang Guru, kang samya angeja wantah, marang marcapada sami.

  27. Tegese angeja wantah, nora nganggo warana miwah nitis, apa ing sawujudipun, warnanira manungsa, nanging maksih nenggih ing kajimanipun, bisa ngilang myang ngambara, miwah manjing ajur-ajir.

  28. Pan wus sapraptiganingrat, para ratu kang wus kawengku sami, mring Hyang Bathara Guru, jajahan tigang warsa, ingkang kilen nagri Persi watesipun, ingkang wetan wates Cina, apanta kadya ginaris.

  29. Kang nebut Dewa Bathara, lawan ingkang maksih anebut Nabi, tanah Turki watesipun, nenggih kang wetan pisan, pangilene apan dharatan nem tahun, ana manut agama Dam, ana manut Nabi Brahim.

  30. Ana kang anama Musa, pan sadaya taksih kekah tan keni, pinrih ing putra Hyang Guru, kang sami ngeja wantah, Sambu Brama Batharendra miwah Bayu, sadaya ngelar jajahan, mangilen gitik ing Turki.

  31. Rame pinethuk ing prang, ratu ing bang kilen kathah kang ngemasi, ana tilar prajanipun, ngungsi mangilen samya, pan satunggil tan wonten kang purun teluk, kadya wus karsaning suksma, sanes lawan tanah Ngindhi.

  32. Jajahan kang tigang warsa, mung pangagengira [336] kang den dhatengi, mring Hyang Bathara Guru, tan ana mawi aprang, mung kinenan pangabaran telukipun, miwah ing pangram-eram sinungan wruh ing swargadi.

  33. Warta winartanken samya, marang para ratu kang sami, kalulun kelu samya anut, maring pangagengira, hamangeran maring Hyang Bathara Guru, sanes lawan para raja, sapangilen wangkit Turki.

  34. Jajahaning kang nem warsa, langkung kekah mring agamanireki, tan ana kang purun manut, nagri Nekweh kancikan, mring Bathara Sambu Hendra Bayu, kang tan pejah madyaning prang, sampun kesah tilar nagri.

  35. Semana Hyang Jagadnata, sinung wangsit yen amung tanah Ngindhi, ingkang sinung wenang mengku, jajahan tigang warsa, kilen Persi Turki sapengilenipun, jajahan nem warsa, tan sinung wenang mengkoni.

  36. Ing bang kulon para raja, pan sinengker mring Hyang kang murbeng pasthi, lawan iki meh tumurun, kang dadi mungsuhira, iya tanah kulon kalahiranipun, apeparab Nabi Ngisa, kang angaken Rohullahi.

  37. Nanging ta amung sadhela, iya dennya tumitah ha-[337]neng bumi, Hyang Guru sawusirantuk, ing wangsit kang mangkana, para putra sakawan ngundurken sampun, kang sami ngelar jajahan, wangsul mring prajane sami.

  38. Yata wau kang winarna, marang ratu Turki ingkang wus sami, kabur saking prajanipun, tuwin para Pandhita, ana ngungsi alas-alas gunung-gunung, ana ngungsi nagari lyan, semana miyarsa warti.

  39. Yen mungsuhe wong bang wetan, kang ngebrokki ing nagarinira sami, sadayanira wus mundur, dadya kang para raja, ingkang ngungsi kathah kang wus samya mantuk, marang ing nagaranira, sadaya samya prihatin.

  40. Sanadyan dereng aprang, para ratu sakilenipun Turki, miyarsa susah kalangkung, dene ta para raja, wani ngaku Pangeran kang Maha luhur, tuwin kang para Pandhita, samya nuwun Hyang Widi.

  41. Henggale tumurunira, Nabi ingkang wus kacetha ing tulis, Nabi Ngisa kang linuhung, kang ingaken Rahullah, anyirnakna mengsah kang ngaku Hyang Agung, pandongane tinarima, pra Pandhita myang paraji.

  42. Nulya wonten ayating Hyang, lamun badhe anitahaken Nabi, Nabi Ngisa kangpinunjul, kang ingaken Rohullah, tur hamengku sarengat ingkang linuhung, kang nyirnakaken mungsuhira, iya kang ngaku Hyang Widdhi.

  43. Wus nyantuk wangsit mangkana, asrep tyase sagunging kang prihatin, gancanging carita sampun, nenggih jeng Nabi Ngisa, linahiraken saking garbaning kang ibu, aneng tanah Jaliliyan, nenggih nagari Serani.

  44. Senen ping nemlikur tanggal, pan ing wulan Desem-[338]ber hamarengi, tahun Adam gangsal ewu, pitulikur langkungnya, nanging para Pandhita myang para nujum, miwah para raja-raja, kang wus antuk wangsit nguni.

  45. Maksih samya kasamaran, lamyn Kangjeng Nabi Ngisa wus lahir, kuneng gantya kang winuwus, nenggih Hyang Jagadnata, kang kayangan haneng ing wukir Tengguru, ingkang sampun pinageran, mring sagung para Narpati.

  46. Ing tanah Ngindhi sadaya, ing puniku Sang Hyang Guru marengi, animbali putranipun, sakawan kang wus samya, ngeja wantah Sambu Brama Hendra Bayu, wus samya munggeng ngarsanya, dinangu wartanireki.

  47. Marcapada manawa na, tanah kulon bocah ngaeh-anehi, sabarang pratingkahipun, myang sagung para raja, kang nganehi guna kasektenipun, tur sembah putra sakawan, tan wonten wartosireki.

  48. Malah ingkang para raja, ing samangke dhedhep samya prihatin, keter sanget kawusipun, duk aprang lan kawula, tutumpesan nagrine kawula remuk, dereng dugi atur ira, kasaru wonten kaheksi.

  49. Lintang saking ngantariksa, pan kakejer neng lu-[339]hure sarya ngling, hehbabo Bathara Guru, wruhanta Nabi Ngisa, pan wus lahir saking garbane kang ibu, mengko wus yuswa sawulan, iya iku ingkang ngluwihi.

  50. Ing guna kasektenira, wusirang ngling lintang cumlarot anglis, mangilen ing purugipun, Sang Hyang Guru garjita, sigra mesat saparaning lintang tinut, kang kantun putra sakawan, Hyang Guru harsa hudani.

  51. Ing warnane Nabi Ngisa, kang cinetha badhene angluwihi, marang ing sariranipun, ing guna sektinira, tan winarna ing marga lampahira wus, prapteng tanah Jaliliyan, dumane nagri Serani.

۩۩۩ Pupuh 40 ۩۩۩
D U R M A

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Lintang wau maning wismeng Dewi maryam, Sang Hyang Guru hudani, tinut manjing wisma, miwah putra sakawan, lintang musna tan kaeksi, mulat wanodya, dennya lenggah pribadi.

  2. Dewi Maryam duk lagya nggendhong kang putra, ananging Hyang Pramesthi, myang putra sakawan, maksih samya nyiluman, Hyang Guru osiking galih, lah iki baya, kang cinetha ngluwihi.

  3. Marang ingsun hing guna kasektenira, namung lumrah babayi, wus umur sawulan, nora bisa lumampah, Sang Hyang Guru sasampuning, osik mangkana, apus sukune siji.

  4. Ingkang kiwa mung kantun sadami gengnya, kagyat [340] Sang Hyang Pramesthi, mulat sukunira, apus sampun angrasa, yen keneng sikuning bayi, langkung runtiknya, mring bebayi Jeng Nabi.

  5. Pinrih sirna lawan saibune pisan, sigra Sang Hyang Pramesthi, anyipta dahana, wali-wali tan dadya, sagung kasektenireki, kang pangabaran, sadaya tanpa dadi.

  6. Miwah putra sakawan iya mangkana, sektine tanpa dadi, parek nora bisa, sumaput panonira, mupusing tyas Hyang Pramesthi, ngrasa kasoran, nulya ngatingal sami.

  7. Ngaturaken pratondha mring Dewi Maryam, panungklireng batin, sup lan sutra-sutra, supayane kanggeya popoke kang jabang bayi, wusnya mangkana, Sang Hyang Guru gya pamit.

  8. Lan kang putra sakawan sigra humesat, wangsul mangetan malih, Sang Hyang Girinata, langkung sungkawanira, dennya kasor lan bebayi, mendahta wusa, prapteng diwasa benjing.

  9. Mung sakedhik Hyang Guru ecaning driya, dene wangditing uni, denira tumitah, nenggih neng ngalamonya, jeng Nabi Ngisa tan lami, anulya musna, yeku kang den gugoni.

  10. Kuneng Sang Hyang Guru kang wus wangsul marang, kayanganira malih, neng Tengguru harga, sagunging para raja, sadaya tanah ing Ngindhi, tetep tan owah, dennya mangeran sami.

  11. Kawuwusa wau Kangjeng Nabi Ngisa, roncene tan winar-[341]ni, katimuranira, diwasane kewala, kang cinatur sasampuning, mengku sarengat, sagunging kang paraji.

  12. Tuwin para Pandhita nunuwun samya, sirnanipun tumuli, mungsuh ing bang wetan, jim kang ngaku Pangeran, jeng Nabi Ngisa nuruti, nulya dedonga, ngatas karseng Hyang Widdhi.

  13. Katarima nulya katuran ayat, rumasuka den aglis, ejim ing bang wetan, ya kang ngaku Pangeran, Jeng Nabi medalken aglis, mukjijatira, lempung kang ginalintir.

  14. Pinusthi neng asta dadya manuk dara, sinamitan nulya glis, mesat mring ngawiyat, lajeng miber mangetan, Hyang Guru wus sinung wangsit, yen badhe prapta, dutanira Jeng Nabi.

  15. Mukjijate apan rupa manuk dara, amawa upas mandi, pan ratuning upas, sigra Hyang Jagadnata, nimbali para putra sami, kang ngeja wantah, sadaya sapun prapti.

  16. Putra wayahira Sang Hyang Darmajaka, putra wayahe Hyang Ngening, myang putra wayahnya, nenggih Bathara Maya, sadaya wus samya prapti, andher ing ngarsa, para garwanya sami.

  17. Ngumpul wuri ngayap marang Dewi Uma, tan antara kahekti, ingkang peksi dara, saking kilen sangkanya, cumlorot mencok ngarsaning, Hyang Girinata, kang peksi basa jalmi.

  18. Handawuhaken kang timbalan Nabi Ngisa, sadaya den [342] timbali, tan kena mopowa, kinen anuta samya, ing agama Kangjeng Nabi, Ngisa Rohullah, haja kabanjur musrik.

  19. Ejim dadak ngaku Pangeraning jagad, Hyang Guru langkung runtik, ngejepi mring Brama, gya nubruk paksi dara, oncat mesat mring wiyati, gya para dewa, sadaya nututi.

  20. Peksi dara kalangan medalken wisa, saking tutukireki, dubur myang talingan, samya medal wisanya, kelabing elar mawangi, dumamanu wisa sumebar kadya riris.

  21. Dewa-dewa tan ana bisa mareko, kang samya anututi, katiban wisa, namung kantaka, mung sakedhap gya tangi.

  22. Sang Hyang Girinata lawan Dewi Uma, myang sagung widadari, katiban wisa, tan ana ingkang tawa, widadari ting jalerit, geger puyengan, tambuh paraning ngungsi.

  23. Bilulungan sanggene ngungsi katiban, ing wisa meratani, iya tan palastra,nanging sakethi lara, panase kang wisa mandi, ratuning upas, panase satus geni.

  24. Tanah Ngindhi wangkit Persi, sapangetan, jajahan [343] tigang warsi, kabeh kaweratan, katiban riris wisa, nadyan jagad sunyaruri, ejim kang samya, nunut ing Hyang Pramesthi.

  25. Kagegeran saenggen-enggen katiban, ing riris wisa mandi, myang manungsanira, lawan jim nora beda, tan ana ingkang ngemasi, amung kantaka, nanging sakethi sakit.

  26. Sabuwana gumer gumuruh swaranya, tangise setan, ejim, myang jalma manungsa, nadyan jim ingkang samya, aneng jagad sunyaruri, geger busekan, katiban wisa mandi.

  27. Sang Hyang Guru lawan sakula gotrahnya, ngumpul salajeng neki, ngidul ngetan samya, tinut ing peksi dara, kalangan luhurireki, ngudani wisa, langkung kawelas asih.

  28. Ing samarga dewa ting galereng samya, hapsari ting jalerit, langkung kawlasarsa, mangkana pelajengnya, wus langkung saking jaladri, kang para dewa, manggih pulo sawiji.

  29. Maksih sepi dereng kahisenen jalma, panjangipun nglangkungi, kathah gunungira, geng alit warna-warna, semana Hyang Wisnu murti, sejatinira tan keneng wisa mandi.

  30. Palajenge mung katut kathah kewala, wusnya langkung jaladri, medal welasira, mring sagung para dewa, miwah mring para hapsari, samya karuna, kalangkung kawlas asih.

  31. Dadya cipta runtik marang peksi dara, dennya wus [344] langkung saking, samudra geng meksa, kang peksi pangungsirnya, kalangan luhurireki, ngudani wisa, nanging Hyang Wisnu ajrih.

  32. Nglangkungana karsaning Hyang Jagadnata, Hyang Wisesa gya mangsit, Hyang Guru ngandika, nolih wuri mangatag mring Wisnu tutulung aglis, ing para dewa, sigra Hyang Wisnumurti.

  33. Nyandhak cakra linepasaken saksana, kang paksi dara keni, ing cakra suh sirna, mukjijat Nabi Ngisa, wangsul dadya lempung malih, kang lemah  dara, jumegur tibeng wukir.

  34. Gara-gara rug rug rug hagraning ngarga, gumuntur geng geteri, ketug watu gelap, geter pater puteran, geter dhedhet erawati, bantala molah, prakempa kang ngudadi.

  35. Bayu bajra prahara gora ruhara, sendhung riwut gunerit, lesus asasaran, wor udan poncawara, pedhut sumaput nglimputi, ing sabuwana, peteng lir tengah wengi.

  36. Para dewa myang widadari sadaya, kekes ing tyas kuwatir, wusnya tiganf dina, sirnaning gara-gara, sumyaringkang riris aris, baskara babar, sedhengnya meh mengahi.

  37. Hogar tyase pra dewa kekaring samya, dangu sang saya dadi, panasing baskara, karasa ing sarira, labete kang wisa masih, rungsang sadaya, bingung ngupaya warih.

  38. Saking panas ngahang ngarsa nginum toya, dangu-da-[345]ngu ningali, pucaking parbata, wonten telaganira, muncar toyanipun wening, gya para dewa, pra samya rebut dingin.

  39. Sapraptaning talaga pating kurangsang, kumroyok nginum warih, tanana wiweka, jatine kang talaga, pan dudu toya sayekti, upasing dara, duk cinakra ing uni.

  40. Mung Hyang Wisnu dara tibeng pucak harga, mulih asal ing siti, upas warni toya, kalangkung weningira, pan ratuning wisa mandi, dewa sadaya, sawusnya ngunum warih.

  41. Saking mandining upas pejah sadaya, semana Hyang Pramesthi, tumut nginum toya, duk lagya prapteng tenggak, karasa panas tan sipi, linepeh sigra, upas wus medal malih.

  42. Nanging tengakira belang-belang pethak, labeting wisa mandi, semana denira parab Sang Nilakantha, dene tinggal ciri putih, nulya na swara, Hyang wisesa sung wangsit.

  43. Heh ta yohaningsun age tetesana, iya kang banyu urip, dewa kang palastra, ing besuk yen wus tata, gonira kayangan sami, neng kene padha, yeku kang banyu urip.

  44. Hinumena marang sagung para dewa, sawarege pra sami, tan entek kalongnya, banyu urip joggana, banyu tawa yekti dadi, banyu urip padha, dene telaga iki.

  45. Pan kedadehane upas manuk dara, patine tibeng wu-[346]kir, ing besuk pan dadya, iya banyu walirang, umob panase lir api, Hyang Jagadnata, sawusira winangsit.

  46. Ngambil toya gesang tinetesken, lathine kang ngemasi, wus gesang sadaya, kadya saking anendra, gumaregah samya tangi, kadya supena, Hyang Guru hanjarwani.

  47. Yen patine marga dennya nginum toya, dudu banyu sayekti, upas manuk dara, mukjijat  Nabi Ngisa, sirnaning upase maksih, dadya telaga, ngungun ingkang miyarsi.

  48. Wus mangkana lajeng Sang Hyang Jagadnata, kang para dewa ngiring, mangetan lampahnya, anganglangi parbata, sang alit mawarni-warni, langkung sukanya, anom manissing wukir.

 ۩۩۩ Pupuh 41 ۩۩۩
DHANDHANGGULA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Prapteng wates wetan lampahneki, Sang Hyang Guru alon angandika, dawa temen pulo kiye, mung kuciwane ciut, keh gununge mawarni-warni, harana tanah Jawa, pulo iki patut, dene dawane kaliwat, yeku purwanira katelah samangkin, hingaran pulo Jawa.

  2. Sang Hyang Guru ingkang amestani, nulya wangsul [347] ngilen lampahira, para dewa sadayane, kendel neng wukir Lawu, Sang Hyang Guru resep ningali, semana durung karan nenggih gunung Lawu, kang ngarani durung ana, pulo Jawa pan amung isi dhadhemit, setan lan brekasakan.

  3. Pan ing nguni sampun den iseni, mring Sultan Rum wong sewu somah, nanging sirna tumpes kabeh, siji tan ana kantun telas samya pinangan dhemit, kajawi saking setan, tanah Adhem ing Rum, pulo Jawa tanah panas, dadya tumpes wong ing Rum datan kuwawi, aneng ing tanah panas.

  4. Pan ing benjang den iseni malih, yen wus Hajisaka hangejawa, sapisan marang turune, Sultan Ngerum wau, pan wong Ngindhu kinarya isi, kang sami tanah panas, iku lulusipun, Jawa kaisenen manungsa, nora mati dene brekasakan mawi, pinasangan tutumbal.

  5. Kawarnawa wau Hyang Pramesthi, lajeng kendelira hakayangan, wus karan gunung lawune, bubuka sosotya wungu, wawadhahe ingkang swargadi, gambar nulya binabar, neng pucaking gunung, semana Hyang Girinata, lan kang garwa Deiw Uma wus ngrenggani, swarga jonggring selaka.

  6. Para dewa dereng den lilani, yen misaha ing ka-[348]yanganira, pan maksih kinumpul kabeh, aneng ing gunung lawu, sakathahe dewa kang prapti, miwah jim lawan setan, kang bubar rumuhun, katiban ing upas dara, ana ngetan ana ngalor dennya ngungsi, mangkya wus nusul samya.

  7. Ejim setan satanah ing Ngundhi, ingkang nusul marang pulo Jawa, tanpa wilangan kathahe, sewu ing yutanipun, lawan yuta kaping sakethi, sayuta wendra bara, bara ping sahuluk, maksih kathah jim lan setan, tanah Ngindhi kang nusul mring tanah Jawi, Sang Hyang Guru parentah.

  8. Para dewa kinen ngumpul sami, aneng swarga hing Jonggringsalaka, wus hander munggwing ngarsane, sadya kinen nginum, satuwuke kang toya urip, saking cupu tinundha, neng gelas jumerut, munggeng ing bangku mutyara, dewa ingkang ageng-ageng kinen rumiyin, anginum satuwukira.

  9. Suka-suka para dewa sami, ngrasa nikmat sumrah sariranya, yoya tul langkung asrepe, sarta mawa ganda rum, yata wonten ditya  kang dadi, wawerining ngawiyat, nama Rembu Culang, momor mindha rupa dewa, tumut nginum kang toya gesang duk lagi, prapta aneng tenggaknya.

  10. Kawistara Hyang Candra hanuli, matur Hyang Wis-[349]nu pan ora samar, sigra cinakra tenggake, pedhot sirahe mumbul, Rembu Culung pan maksih urip, wus kambon toya gesang, ran Rembu Kulawu, lamun ujaring desa, marma wonten grahana surya lan sasi, yeku ingkang mamongsa.

  11. Yen grahana sami den bendrengi, andang tulungira marang wulan, wusnya wradin sadayane, para dewa kang nginum, satuwuke kang toya urip, prandene nora telas, maksih bak kang cupu, sawusira nginum toya, para dewa pinatah sawiji-wiji, nenggih ing karyanira.

  12. Kang pinatah rumeksa ing bumi, putranira Hyang Anantanaga, lan Dewi Basu patute, wewolu kathahipun, jalu pitu wanodya siji, nama Hyang Ontoboga, putra ingkang sepuh, rumekseng bumi kasapta, lan ngratoni sagunging Naga kang sami, wonten dhasar pratala.

  13. Panenggake kineng ngratoni, sagung naga sajroning samudra, Hyang Ananta Basurane, anulya arinipun, Manikhara asipat jalmi, bumi kaping nemira, ingkang raseksinipun, nulya arinira nama, Dheranpalan sipat ditya rukmesaning, bumi kang kaping gangsal.

  14. Nulya arinira akekasih ran Dewi Pratiwi, rumeksa ing bumi [350] kang kapisan, apanta kawengku kabeh, mring kadange kang sepuh, Ontaboga kang nguningani, mring arine sadaya, dene kang tinusuh, rumekseng keblating jagad, wus pinatah dewane sawiji-wiji, nenggih ingkang rumeksa.

  15. Jagad ingkang wetan akekasih, Sang Hyang Maha Dewa kang rumeksa, Mahadewi batharine, salaka kithanipun, manuk kuntul santen jaladri, sastra ha na caraka, legi pasaranipun, Sang Hyang Sambu kang rumeksa, aneng jagad kidul kithane tembagi, Betharane Swagnyana.

  16. Manuk ulung pasarane paing, sagara getih akasaranira, data sawala  maliye, Hyang Kamajaya tunggu, jagad kulon Bathari Ratih, kuthanira kencana, sagarane madu, manukipun pan kapodhang, pasarane epon aksaranireki, padha jayanya.

  17. Bathara Wisnu kuthane wesi, neng jagad lor wage pasarannya, Bethari Hesri kanthine, nila senganipun, manuk gagak sastranireki, nenggih maga bathanga, Hyang Bathara Bayu, ingkang pinatah rumeksa, jagad tengah kanthi Bathari Sumi, kaliwon pasarannya.

  18. Apan sadaya sastranireki, jiro lupat nem pitunya, [351] wolu sanga sapuluhe, kuthanira parunggu, tasik wedang manuke gogik, Bathara Prittanjala, ler wetan gennipun, aksaranira, bya ebyu, kidul wetan Hyang Kuwera ang nenggani, sastrane narasunya.

  19. Kidul kulon Bathara Mahyati, nenggih ganeya aksaranira, ingkang lor kulon dewane, Sang Hyang Sicah ranipun, kang tinengga sastra mursiti, ingkang angon baskara, dewanira sampun pinatah Bathara Surya, Sang Hyang Candra nenggih ingkang angon sasi, dene jroning samodra.

  20. Hyang Baruna kang rumeksa nenggih, Batharendra nenggih kang kinarya, werana ing karatone, nenggih kadewanipun, Sang Hyang Brama pinatah mungging ngarsa hanampenana, ing sadhawuhipun, sadaya wus pinepekan, pakaryane dewa ing sawiji-wiji, miwah ingkang rineksa.

  21. Wonten putranira Sang Hyang Ening, amumpuni guna kaprawiran, empu Ramadi namane, pinatah karyanipun, pandhe aneng gunung Merapi, kinen karya gegaman, karsaning Hyang Guru, gegamaning para dewa, paron dhengkul palu kepel supit driji, kang kinarya dahana.

  22. Medal saking tungtunging pangaksi, sepuh idu sa-[352]king lilidhahnya, apanta dinilat bae, ububan grananipun, tosanira saking Mahribbi, hingaran wesi baka, pan wus nggawa ampuh, cinarita sampun kathah, kang wus dadya sarta lan sektinireki, gagaman warna-warna.

  23. Gada bindhi dhendha lawan gandhi, alugara musala trisula, konta cakra candrasane, nenggala lawan limpung, warna-warna sagung jemparing, suka kang para dewa, sadayanya sampun, anyepeng gegaman, wus mangkana Hyang Girinata winarni, pun arsa nganglang jagad.

  24. Pang anitih lembu Handini, amung lawan garwa Dewi Uma, margeng gagana lampahe, pulo Jawa wus tepung, gya nganglang jaladri, neng luhuring samudra, nuju wanei surup, soroting kang baskara bang, candhik ala ngenani we amuwuhi, lelangening amudra.

  25. Sang Hyang Guru anon lelangening, kang samudra mangu-mangu ring tyas, honeng rarasing karesmen, apan sawontenipun, ingkang putra Hyang Wisnu nguni, tebih marangasmara, kalih-kalihipun, namung lagya sapunika, Sang Hyang Guru kepati ing tyas den nyapti, sajiwa lan kang garwa.

  26. Nanging Dewi Uma tan nglanggati, karsaning raka mamrih asmara, maksih tebih galihe, mring langening kung lulut, Sang Hyang Guru meksa dennya mrih, kang garwa gya cinandhak, anulya pinangku, rinasuk asmara cipta, duk kinenan sang dyah mengo anginggati, sarya rengu turira.

  27. kadingaren paduka puniki, darbe karsa teka lir [353] raksasa, ngangge saenggen-enggene, wonten ing gigir lembu, bok inggiha sareh sakedhik, Sang Hyang Guru salaka, lajeng mawi siyung, yayah kadya anepata, Dewi Uma duk mestani lir rasaksi, nanging Hyang Girinata.

  28. Wus kalajeng kamanira mijil, tan tinampen tumibeng samudra, jumegur kang we hora reh, umob kadya kinebur, Sang Hyang Guru merang ing galih, ngemu runtik mring garwa, sigra dennya kondur, samudra maksih walikan, gara-gara gumuruh kagiri-giri, kagyat kang para dewa.

  29. Dene swarga pan kadya ginonjing,  nulya sami kinen amariksa, kang karya gara-garane, kang para dewa gupuh, mesat lampahira wus prapti, gene kang gara-gara, teleng samudra gung, wonten murub kangalan, lira baskara mapanas sedheng nengahi, sawusira tetela.

  30. Samya wangsul aturi udani, lamun ingkang karya gara-gara, teleng samudra enggene, wonten katingal murub, lir baskara sedheng nengahi, tan saged marpekana, panase kalangkung, punapa ta wastanira, neng samodra makaten warnanireki, panas kadya dahana.

  31. Sang Hyang Guru mesem ngandika ris, ingkang ka-[254]ton murub neng samodra, pan kama salah arane, payo baliya gupuh, hanggawa kapraboning jurit, kang murub neng samudra, prihen sirnanipun, hurugara ing gagaman, tur sandika para dewa wangsul aglis, sarta kapraboning prang.

  32. Sapraptaning telenging jaladri, gya kang murub para dewa sigra, pareng dennya bedhama dandhi, konta lugara candrasa, parasu lan limpung, musala lori lugra, tibeng teleng samudra kang murub kadi, kinebur toyanira.

  33. Para dewa pan maksih ngurugi, ing sanjata ingkang neka warna, pinrih tumuli siranane, kama salah kang murub, hingurugan sagung jemparing, nora saya cilike, malah saya wuwuh, gengira kabina-bina, ing urube kama salah malah ndadi, ditya geng saparbata.

  34. Pan sadaya gagamaning jurit, dadya awakira kama salah, dhendha kang dadya sirahe, samoga dadya gulu, grana limpung kupinge piling, cakra kang dadya gunetra, bindi dadya pupu, nenggala lawan trisula, ingkang dadya bahunira, kanan kering, gada kang dadya dhadha.

  35. Sagung jemparing sadaya dadi, wulu-wulu kumrusuk kanginan, ana kang dadya untune, janggelek nuli lungguh, lir parbata munggeng jeladri, ngulet wahing lir gelap, segu lir galudhug, mintar saking jro samodra, marepeki mring para dewa sarya ngrik, sru nguwuh takon bapa.

  36. Para dewa kang den parepeki, pra samya jrih lumayu sasran, kama salah ngetutake, dewa sapurugipun palayune pan sampun prapti, ngarseng Sang Jagadnata, gugup aturipun, yen kama salah tan kena, [355] pinrih sirna ngurugan sagung jenparing, malah dadya rasaksa.

  37. Geng sawukir warnanya ngajrihi, mentas saking labeting samudra, nguwuh taken sudarmane, sarya greng lir galudhug, marma mawur dewa samya jrih, dereng dugi turira, gugup pan kasaru, praptanira kama salah, pra jawata sadaya ngungsi neng wuri, kama salah tumingal.

  38. Mring Hyang Guru maksih tetep linggih, datan obah saking genira, sang kama salah nulya ge, marpeki ngarsanipun, prapta lajeng janggelek linggih, gumelar tatanya, heh sapa sireku, dene cahyamu gumawang, cilik menthik lungguh neng ngarsa pribadi, sapa ta haranira.

  39. Sang Hyang Guru sahurira aris, wruhanira sun ratuning jagad, ya dadya pangerane, sagunging kang tumuwuh, Sang Hyang Jagadnata ran mami, kama salah lingira, yen nyata sireku, pangerane ing sajagad, yekti wruh iya kang yoga ing mami, ngendi gonne tuduhna.

  40. Sang Hyang Guru mesem lingira ris, lamun sira [356] adreng takon bapa, iya ingsun tuduhake, nanging ta saratipun, kudu-kudu sira ngabekti, nungkemi ngestu pada, iya mring kang tuduh, kama salah saurira, yen turut nanging yen goroh sireki, pasthi sira sun mangsa.

  41. Lah ta iya nungkemana aglis, pangkoningsun kama salah sigra, majeng nungkemi padhane, binedhol rambute, lan thi athi ing kanan kering, asru jumbul tumenga, tangginas Hyang Guru, gya cinandhak siyungira, kang kakalih pinethet pucuke keni, ginurog ilatira.

  42. Upasira sadaya pan mijil, wus inguculaken kama salah, dheprok lungguh neng ngarsane, bayune kabeh racut, pan ngalumpruk datan pa budi, pucuk siyung lan upas, cinipta mor sampun, dadya sanjata kalihnya, kanan konta ingkang kering pasopati, rambut dadya kendhengnya.

  43. Sang Hyang Guru angandika aris, heh ta kama salah wruhanira, sira iku sejatine, pan iya yoganingsun, mengko ingsun paringi, jeneng Batharakala, manggona sireku, aneng ing Nungsa Kambangan,  ngratonana brekasakan lan dhedhemit, kabeh sira wengkuwa.

  44. Kang liningan humatur wotsari, langkung kasuwun [357] kalingga murda, dhawuhing sih sadayane, punapa ing satuduh, tur sandika hulun lampahi, nanging hulun nenedha, ing papancenipun, kang dados tedha kawula, myang sagung ingkang samya hulun ratoni, samya brangta ing tedha.

  ۩۩۩ Pupuh 42 ۩۩۩
ASMARADANA

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Sang Hyang Guru ngandikaris, iya aja walng driya, memangsanira ing tembe, iya wong sawidk prakara, sun pancekken sira, ingkang dingin memangsanmu, wong kang ngrubuhaken dandang.

  2. Kapindho mangsanireki, wong nugelaken pipisan, myang gandhik kaping telune, wong kang nguger-uger lawang, kadang ro padha lanang, paing pat wong metu bungkus, ping lima wong metu kembar.

  3. Miwah wong kang metu dhampit, kembar lanang lan wadodya, ping nem kembang sepasang, kadang ro padha wanodya, ping pitune gedhana, gedhini kadangira mung, loro jalu lan wanodya.

  4. Ping wolu wong ontang-anting, tanpa kadang bapa biyang, kang kaping sanga arane, sendhang pit-apit pancuran, anmung telu kadang, siji wadon loro jalu, ping sepuluh telu kadang.

  5. Wadon loro lanang siji, ran pancuran kapit sen-[358]dhang, dene kaping sawelase, ingaran wong saromba, kadang pat padha lanang, ping rolas srimpi ranipun, kadang papat wadon padha.

  6. Ping telulas den arani, iya wong mancala putra, kadang lima lanag kabeh, ping patbelas wong mancala, putri kadange lima, padha wadon tanpa jalu, ping limalas wong pipilan.

  7. Wadon papat lanang siji, ping nembelas wong paelangan, lanang papat siji wadon, ping pitulas julung sungsang, lahir tengenge wayah, ping wolulas julung pujud, lahir nuju surup surya.

  8. Ping sangalas julung wangi, lahir nuju metu surya, tiba ungker rong puluhe, ping salikur wong jampina, wong lahir pitung wulan, tiba sampir ping rolikur, kalung usus lahirira.

  9. Ping telulikurireki, ingaranan wong margana, aneng ing paran lahirira, ping pitlikur wong wahana, lahir neng paromahan, ing kaping lima likur, wong simah iya salewah.

  10. Ping nemlikur bule putih, ping pitulikur wong kresna, ireng mulus ing tegese, ping wolulikur wali kang, ireng, iya iku wong bajung, ping sangalikur wong eungkuk, ping telung puluh wong dhengkak.

  11. Wong bacu tegesireki, ping telung puluh sajuga, [359] wong wuji iku wong cebpl, ping behro yen lawang menga, anuju candhik ala, ping teluh puluh tatelu, made datan pa lingkaban,

  12. Tapan klasa miwah lampit, kaping telung puluh papat, kampung tanpa tutup keyong, kaping telung puluh lima, kasur tanpa prawana, tanpa sasap tegesipun, ping teluh puluh nemira.

  13. Papajangan tanpa samir, ping telung puluh pitunya, lambung pari myang kapase, nora sinungan dhedhasar, telung puluh wolunya, wawadhah datanpa tutup, kaping telung puluh sanga.

  14. Wong sok buwang tuma urip, ping patang puluh yen ana, wong ngadeg tengah lawange, ping patang puluh sajuga, wong lungguh pipi lawang, ping patang puluh ro iku, wong sok jetung sangga uwang.

  15. Kang kaping patang puluh tri, wong sok ngobong kulit bawang, ping patang puluh papate, wong natabaken wawadhah, ping patang puluh lima, wong sok dhemen ngobong rambut, ping patang puluh nemika.

  16. Wong sok ngobong galarneki, kaping patang puluh sapta, wong sok ngobong kayu kelor, dene ingkang kaping patang, puluh wolu yen ana, wong taberi ngobong balung, kaping patang puluh sanga.

  17. Wong nyapu wuh gya den basmi, ping seket wong bu-[360]wang uyuh, seket siji yen ana wong, buwang wuh aneng ngalongan, ping seket ro yen buwang, wuh teka jandelanipun, ping seket telu yen ana.

  18. Wong turu wetuning rawi, ping seket papat yen ana, wong manak nuju begange, ping seket lima yen ana, turu suruping surya, ping seket nem wong ngaturu, nuju tengange wayahnya.

  19. Ping seket pitu wong hangi, aninggal sega neng ngiyan, ping seket wolu lamun wong, hanggorohi darbekira, kang kaping seket sanga, wong tinggal beras neng lesung, ganepe kaping sawidak.

  20. Kang dadi mangsanireki, wong daleya karyanira, rubuh memehane wyan, Bathara Kala miyarsa, kang dadya mangsanira, langkung sukanireng kalbu, pamite sapun linilan.

  21. Nembah manguswa pada glis, mesat mring Nungsa Kambangan, cinendhak prapta lampahe, lajeng kendel hakayangan, sagunging brekasakan, sadaya wus samya ngratu, maring ing Bathara Kala.

  22. Kawuwuse Hyang Pramesthi, ungkure Bathara Kala, kondur mring ndalem swargane, pan katangi runtikira, mring garwa Dewi Uma, purwanira mawi siung, amarga saking garwa.

  23. Duk nganglang jagad ing nguni, pinurweng ngasmara cipta, nora nglanggati katsane, mengo sarwa anepata, angarani lir ditya, murkane ing karsanipun, satemah siung lir ditya.

  24. Maksih kapusthi ing galih, dukanira mring kang garwa, rawuh neng dalem swargane, Dewi Uma methuk [361] sigra, tundhuk mendhak neng ngarsa, gya cinandhak remanipun, sinendhal gelunge wudhar.

  25. Dewi Uma sru dennya jrit, reyab-reyab remanipun, nulya cinandhak sukune, kalih pisan gya sinungsang, sirahira neng ngandhap, sarwi ngandika Hyang Guru, warnanira yu utama.

  26. Ananging rambutireki, reyab-reyab lir rasaksa, miwah swaraning panjrite, wus kaya pangriking ditya, sakala Dewi Uma, keneng sabdaning Hyang Guru, salin sipat lir raseksa.

  27. Sarta ngrik kadya raseksi, hingucalaken saksana, hanjrit ningkemi padane, melas asih sambatira, dahat nuwun apura, ngaturaken tabatipun, Hyang Guru awlas ing garwa.

  28. Pangandikanira aris, wis aja sira karuna, pupusen yen wus pasthine, sira awarna rasaksa, nanging jaba kewala, wadhagira iku besuk, dadi jodhone si Kala.

  29. Alusira apan maksih, iya dadi garwaningwang, Hyang Guru anyipta age, ing garwanira kang uwa, sang Hyang Catur Kenaka, Dewi Laksmi namanipun, jim Laksana ingkang sasuta.

  30. Ratu jim sipat raseksi, Dewi Laksmi cinarita, [362] kalangkung endah warnane, kembae lawan Dewi Uma, sang dyah sampun patutan, titiga pra samya jalu, nulya lami longkangira.

  31. Prapteng mangke tan sisiwi, punika ingkang cinipta, binekteng angin praptane, sampun munggweng ngarsanira, Dewi Laksmi saksana, pinecat nyawanira wus, pinanjingaken raganira.

  32. Uma kang sipat raseksi, nyawanira Dewi Uma, pan sampun pinanjingake, mring Dewi Laksmi raganya, wus nama Dewi Uma, dhasar kembar warnanipun, Laksmi lawan Dewi Uma.

  33. Tetep sang dyah dennya dadi, garwaning Hyang Jagadnata, dene ta Uma ragane, kang sipat ditya sinungan, nama Bathari Durga, tinarimakaken sampun, marang ing Bathara Kala.

  34. Runtut dennya palakrami, Durga lan Bathara Kala, wau ingkang winiraos, nenggih Sang Hyang Jagdnata, cinatur laminira, sampun gangsal welas tahun, denira neng pulo Jawa.

  35. Semana miyarsa warti, lamun Kangjeng Nabi Ngisa, sampun tetep ing sedane, namung tiga welas warsa, dennya mengku sarengat, jeng Nabi lajeng pinikut, kinarya pangewan-ewan.

  36. Marang sang Raja Herodhis, pinenythang marga pra-[263]patan, sedanira sinembeleh, tetepe dennya tumitah, haneng ing ngalam donya, jeng Nabi Ngisa pan amung, tigang dasa tigang warsa.

  37. Langkung apes Kangjeng Nabi, duk cinepeng ratu kapir, tanpa males ing sedane, wusirantuk warta nyata, jeng Nabi sedanira, Hyang Guru suka agupuh, ngundhangi para jawata.

  38. Wangsul marang tanah Ngindhi, wus samekta sigra budhal, kebut pra jawata kabeh, nenggih saking pulo Jawa, jim peri parayangan, kang samya  ngungsi rumuhun, ing mangke wangsul sadaya.

  39. Mantuk marang tanah Ngindhi, kang kantun neng pulo Jawa, pan mung dhemit lami bae, setan miwah brekasakan, maksih tetep sadaya, nenggih dennira hangratu, marang ing Bathara Kala.

  40. Mung punika ingkang maksih, kantung neng Nungsa Kambangan, wau ingkang winiraos, nenggih Sang Hyang Jagadnata, myang sagung para dewa, wus prapteng wukir Tengguru, lajeng hambabar swarga.

  41. Para ratu tanah Ngindhi, jajahan kang tigang warsa, datan ewah panganggepe, nenggih dennira mangeran, marang Hyang Jagadnata, nanging ing wukir Tengguru, pan sampun kathah kang risak.

  42. Kabuyutaning para ji, duk tinilar laminira, ing gangsal welas warsane, dadya sagung para raja, sadaya samya prapta, kang celak wukir Tengguru, mangun kabuyutanira.

  43. Sang Hyang Guru yasa malih, kayangan wukir Kelasa, [364] apan gunung tanah Selong, gambaring swarga binabar, sagunging para raja, kang celak sadaya sujud, prapta neng wukir Kelasa.

  44. Karya kabuyutan sami, aneng imbanging parbata, cinatur cendhake bae, reroncene tan winarna, buru lampahing konda, mangsuli caritanipun, Sang Resi Catur Kaneka.

  45. Kadya sareng lampahneki, lan ing babar Manikmaya, nanging gantya winiraos, Sang Rsei Caturkenaka, titiga putranira, pra samya jalu kang sepuh, paparab Kanekaputra.

  46. Mumpuni guna kasektin, myang jaya kawijayan, miwak kawicaksanan, anglangkungi ingkang rama, panenggak Resi Paksa, Pritanjala kang waruju, putra titiga pan samya.

  47. Patut saking Dewi Laksmi, sawusnya puputra tiga, pan lajeng lami longkange, pirang warsa tan puputra, kang garwa nulya musna, cinipta maring Hyang Guru, kinarya lintuning Uma.

  48. Raganira Dewi Laksmi, pinanjingan nyawa Uma, sang Dewi Laksmi nyawane, pinanjingken raga Durga, ingkang awarna ditya, Catur Kenaka winuwus, sapengkerira kang garwa.

  ۩۩۩ Pupuh 43 ۩۩۩
PANGKUR

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Kalangkung wiyoganira, nanging sampun pinupus [365] jroning galih, saben oneng garwanipun, Sang Hyang Caturkenaka, korud kamanira winadhahan cupu, ingaran retna Dumilah, musthikaning sosotyadi.

  2. Ing saben-saben mangkana, honeng garwa korud kamanireki, nulya winadhahan cupu, sawusnya ing antara, winarisken cupu marang putra sepuh, ginegem neng asta kanan, retna Dumilah tan kaeksi.

  3. Nalika Hyang Jagadnata, hangrengganu wukir Tengguru nguni, sasampuning para ratu, tanah Ngindhi sadaya, samya manut mangeran maring Hyang Guru, tedhaking Hyang Darmajaka, myang tedhakira Hyang Ening.

  4. Miwah putra Sang Hyang Maya, ingkang aneng jagad sunyoruri, kang aneng jro samudragung, sadaya manut samya, mring Hyang Guru aneng wukir Tengguru, kinen lajeng ngejawantah, aneng marcapada sami.

  5. Pinernahken sowang-sowang, panggenane dennya bebakal sami, ana ngalas ana gunung, desa aneng nagara, ana dadya pandhita myang dadya ratu, mung resi Kanekaputra, ingkang tan arsa sumiwi.

  6. Marang ing Hyang Jagadnata, lajeng pamit mring rama mangun teki, tapa aneng samudra gung, tan telas dening toya, pan pitekur aneng ngudayaning alun, mustika retna Dumilah, ginegem asta maksih.

  7. Pan wus pirang-pirang warsa, dennya tapa neng [366] telenging jaladri, wusnya gentur tapanipun, tejanira sumunar, ngayah wiyat kawistara mring Hyang Guru, sigra kinen amariksa, marang telenging jaladri.

  8. Nulya samya pinariksa, pra jawata wangsul atur hudani, kang mawi teja sumunu, lamun maharsi tapa, neng samudra pitekur tapane bisu, boten teles dening toya, Hyang Guru kagyat lingnya ris.

  9. Yeng mangkana wong kang tapa, timbalana iya mring ngarsa mami, lamun mopo tan lumaku, wasesanen kewala, aja nora kagawa mring ngarsaningsun, sandika kang para dewa, wangsul sadaya wus prapti.

  10. Hing ngarsanira kang tapa, pra jawata handhawuhaken sami, tineter-teter meksa tan sumaur, kaku tyasing para dewa, kang tapa cinadhak aglis.

  11. Nedya binopong kewala, hingaturaken marang ing Hyang Pramesthi, wanti-wanti kang hanjunjung, kang tapa datan obah, kinalihan kinapatan kajunjung, pineksa-peksa tan kangkat, senendhal-sendhal tan osik.

  12. Kaku tyasing para dewa, muring-muring dadya sa-[367]mya gitiki, ana bithi ana jagur, kang tapa datan obah, dadya krodha pra jawata nyandhak gupuh, sagung gagamaning aprang, ana gada ana bindhi.

  13. Hana dhendha myang bedhana, hana malu-malu mamrem mapiling, nenggala parasu limpung, hana nyakra nyantan ana tumama, kang tapa meksa tan osik.

  14. Krodha Sang Bathara Brama, medalaken geni ratuning geni, saking sarira sru murub, binesmi kang atapa, datan pasah eca dennira pitekur, wulu salomba tan gigal, wus sirep urubing ngagni.

  15. Sangsaya wuwuh kang tapa, cahyanira sumunu hanelahi, dadya jrih sadaya mundur, sagunging pra jawata, sampun prapta ing ngarsanira Hyang Guru, wus katur sahaturira, tiwase lampahireki.

  16. Hyang Girinata saksana, hangawaki tumurun sampun prapti, satelenging samudra, ngarsanira kang tapa, mesem ing tyas Hyang Girinata wus weruh, kang sinedya tapanira, pangandikanira aris.

  17. Heh babo mati raga, tapanira dene kepati-pati, apa ta kang sira jaluk, age sira ucapna, sun turuti apa sasedyanireku, yen amriha wicaksana, kawicaksananireki.

  18. Wus ngluwihi ing sajagad, yen amriha sira guna [368] kasektin, apan ta wis luwih punjul, ing guna sektinira, lah ta apa kang sira sedya ing kalbu, apa sira mrih sisihan, mara pilihana sami.

  19. Saisine swarga loka, widadara kalawan widadari, kabeh padha ayu-ayu, kang tapa datan obah, maksih ngeca-eca dennira pitekur, ngling malih Hyang jagadnata, lah iya ingsun wus uning.

  20. Tanpa gawe temening wang, nama Guru dadya ratu swargadi, tan wruh sadurung tinutur, marmane sira tapa, sedyanira bisawa padha lan ingsun, dadi ratuning swarga, sinebuta ing sabumi.

  21. Tapawa saleksa warsa, ingsun nora tapawa ing sahari, mongsa bisawa sireku, madhani jenegingwang, dadi ratuning swarga jer kari sepuh, ana maning kang atuwa, kang teja lan cahya wening.

  22. Bumi langit parengira, ana maning iya ingkang ngungkuli, kang tuwa dhewe pan amung, ananing Hyang Wisesa, duk miyarsa kang tapa pitekur jumbul, Sang Resi Kanekaputra, gumuyu latah dennya ngling.

  23. Ya ingsun Kanekaputra, sadurunge beta sudhah hudani, dhi haran Pramesthi Guru, guruning para dewa, yen amunge wruh ing kono bae durung, waspada jatining tunggal, tunggal wisesa dinalih.

  24. Dinalih sepuh priyongga, henggonira bestu hestu-[369]ning sisip, sisip satemah kasiku, siniku mungguh hing Hyang, Hyang Wisesa duk misihe awang-uwung, bumi langit durung ana, kang ana dhingin punapi.

  25. Nglingnya Sang Kanekaputra, tanpa ngucap jetung wasana mamrih, mamriya Bathara Guru, pinardiya dening Sang, tapa lemnggah heh kakang nedha wak ingsun, ing pangawruh jaten nana, kang durung ana ing kami.

  26. Lan maninge sira kakang, ingsun gawa munggah marang swargadi, para jawata sedarum, kabeh sira rehana, sapa ingkang nora nurut ing rehireku, kabeh dera suralaya, kajaba yoga mami.

  27. Sadaya matur sandika, Hyang Kanekaputra umatur aris, anenggih ingkang pangrungu, denireng Hyang Wisesa, karsaning Hyang tan ana pralamilanipun, kabeh sinung tetimbangan, ing ngandhap timbangan nginggil.

  28. Bumi kalawan akasa, elor kidul wetan kulon nimbangi, sagara timbang lan gunung, geni timbang lan toya, padhang peteng rahina kalawan dalu, baskara lawan basanta, mung lintang kang datan mawi.

  29. Jalu timbang lan wanodya, bapa biyung nini tim-[370]bange kaki, bibi paman ala ayu, kumet timbangan loma, namung uwa tan ana timbanganipun, dadya timbaganing lintang, sadurunge wus pinasthi.

  30. Wus pinasthi lawan sira, apan anyar kapedhak Hyang Pramesthi, Hyang Girinata lingnyarum, lah kakang payo munggah, mring swarga Resi Kanekaputra wus, manut ing Hyang Girinata, sareng mesat ing wiyati.

  31. Sapraptanireng, Hyang Kanekaputra tetep ngluruhi, mring para dewa sadarum, pra samya asih tresna, marang Resi Kanekaputra sumuyud, yata wonten kang winarna, suteng Rembuculung nguni.

  32. Kathahipun kawan dasa, maksih dadya wawerining wiyati, ngrurusuhi karyanipun, rasaksa kawan dasa, sampun katur marang Hyang Pramesthi Guru, sigra denira parentah, marang ing jawata kalih.

  33. Bathara Wisnu lan Brama, kinen numpes ditya kang ngrurusuhi, sutanira rembu Culung, dadya werining wiyat, gya tumandang Bathara Brama lan Wisnu, rumabaseng wil kang samya, dadya reregeding wiyati.

  34. Rembu Culung sutanira, kawan dasa tinupes ing [371] ngajurit, namung satunggal kang luput, ngungsi mring marcapada, lajeng tapa Pathutjantaka ranipun, kuneng Hyang Girinata, nenggih kang sampun ngrenggani.

  35. Kayangan wukir Kelasa, gantya ingkang winursita ing kawi, wonten gegempalan catur, apan sareng lampahnya, lan ing Ngindhi nanging ta gantya winuwus, wonten ratu karem dagang, trahira Nabi Ismangil.

  36. Hing Nlajan nagaranira, lamun dagang bekta kaprabon jurit, Raja Sarkil namanipun, anut agama Ngisa, ing puniku sang raja Sakil anuju, kesah dagang reringkesan, tan mawi kaprabon jurit.

  37. Mung bekta kapal satunggal, kang sinedya dagang mring tanah Ngindhi, ngiras watak harsa weruh, ratu kang ngaku Allah, kang kayangan aneng ing wukir, Tengguru, lampahira sampun prapta, laut geng tanah Ngindhi.

  38. Katempuh ing angin topan, remuk palwanira sang raja Sarkil, tumpes awaking perahu, yata wonten kocapa, anenggih Empu Honggajali apanuju, pandhe aneng ing gagana, welas denira ningali.

  39. Juragan remuk palwanya, tumpes rowangira tan ana kari, mung kantun pangagengipun, satunggal dereng pejah, kombak kambul kalempit kagulung alun, Sang Raja Sarkil saksana, sinember saking wiyati.

  40. Sampun binekteng dharatan, sanget dennya kantaka [372] muntak warih, dangu enget pungun-pungun, mulat ing ngarsanira, wonten jalma amawa cahya sumunu, pekik tur maksih taruna, cinipta badhe kinanthi.

   ۩۩۩ Pupuh 44 ۩۩۩
KINANTHI

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Sarkil wus handugeng kalbu, yen puniku kang nulungi, bisane prapteng dharatan, dadya atetanya aris, dhuh angger sinten paduka, tutulung ing kawlas asih.

  2. Pundi kawijilanipun, lan sinten sinambat ing sih, kang tinaken pasaja, yen putreng Empu Ramadi, Honggajali namanira, wayahipun Sang Hyang Ening.

  3. Lah ta paduka puniku, saking nagari ing pundi, punapa nangkoda dagang, punapa namung lumaris, ing pundi, kula pan dede nangkoda, sejatosipun Narpati ing Nrajan praja kawula, paparab Sang Raja Sarkil.

  4. Lampah kawula satuhu, pan inggih sedya sumiwi, mring kang samya pinangeran, dhateng para ratu Ngindhi, ngiras ambekta dagangan, kaselak manggih bilahi.

  5. neng laut palwa ngong remuk, rencang sadaya ngemasi, sanadyan badan kawula, sayekti lamun ngemasi, yen sampun tinulungan, mring nak angger sang apekik.

  6. Dhuh dhuh hadhuh putraningsun, kang asih ing ka-[373]walas asih, punapa kang sun walesnya, pan kawula utang urip, parenga boten pareng, nak angger kula aturi.

  7. Tedhaka mring prajaningsun, ing Nrajan nagari langip, sawontene kawularsa, mamales dhawahe kang sih, satetes toya ing Nrajan, lan wonten suta ngong estri.

  8. Dewi Sakka wastanipun, sajuga awon kang warni, punika lamun kaparenga, kawula turken anyethi, hangger dhumateng paduka, Hanggajali duk miyarsi.

  9. Raja Sarkil wuwusipun, mesem ing tyas hanahuri, pukulun ing sih paduka, pan inggih sampun kapundhi, ing samangke tyas kawula, dereng nedya nambut krami.

  10. Raja Sarkil lingira rum, sanadya hangger sang pekik, inggih dereng arsa krama, kedah-kedah kula turi, pinarekka dhateng Nrajan, boten ketang mung sahari.

  11. Huningaa raosipun, toya ing Nrajan nagari, satuhunipun kawula, sasat ngluwari punagi, yen hangger meksa tan arsa, mring pun bapa anglengani.

  12. yekti ngong tan purun mantuk, ing sapurug hatut wingking, dadosa panyahur kula, rehning sampun utang urip, Empu Hanggajali myarsa, adrenge Sang Raja Sarkil.

  13. Langkung kepyan jroning kalbu, ing wasana hanu-[374]ruti, sigra sareng hangkatira, areruntungan wong kalih, Hanggajali susah ing tyas, dene dangune neng margi.

  14. Dadya lon dennya humatur, kalangkung susah puniki, yen kamsiha lampah dharat, yekti yen lami tan prapti, paduka tuduh kewala, prenahe Nrajan nagari.

  15. Saking ngriki leresipun, amrih enggalipun prapti, paduka kawula bekta, ing mangke margeng wiyatti, raja Sarkil cinandhak, binekta mesat wiyatti, neng marga datan winarna, wus prapteng Nrajan nagari.

  16. Jujug panangkilanipun, kagyat wadya ningali, ing praptaning ratunira, dene ta amung pribadi, pan amung bekta satriya, satunggal kalangkung pekik.

  17. Pan ing nguni kesahipun, dagang mring nagari Ngindhi, bekta baita satunggal, ing mangkya praptanireki, saking jaleg tanpa sangkan, wadyanya kang dherek nguni.

  18. Satunggil datan kadulu, Sang Raja Sarkil jarwani, marang sagung wadyanira, tiwase lampah ireki, katempuh ing angin salah, palwa remuk neng jaladri.

  19. Tumpes awaking perahu, siji tan ana kang keri, [375] mung sarirane kang gesang, tinulungan Hanganjali, binekta mentas dharatan, ngungun wadya kang miyarsi.

  20. Raja Sarkil gya ngedhatun, tan kantun pung Hanggajali, animbali putranira, Dewi sakka sampun prapti, ing ngarsanira kang rama, tumungkul dennira linggih.

  21. Marang mulat ing tetamu, wau Empu Hanggajali, mulat marang Dewi Sakka, kasmaran sajroning galih, tuhu yen ayu utama, ruruh ing pasemon wingit.

  22. Sang retna pan sampun mundur, Raja Sarkil lingiraris, lah ta paran putraning wang, miyat warnane kang rayi, matura ingkang pasaja, punapa seneng ing galih.

  23. Punapa boten panuju, matur Empu Hanggajali, pasaja ing senengira, sukeng tyas Sang Raja Sarkil, ing solah datan winarna, cinatur Mpu Hanggajali.

  24. Pan wus dhinaupaken sampun, nenggih lan putrinireki, rinengga patemonira, sira Empu Hanggaji, lawan Retna Dewi Sakka, apanta lajeng garbini, duk lagya nyidham kaworan, Empu Hanggajali pamit.

  25. Mring kang rama nuwun mantuk, dhateng tanah Ngindhi malih, hingampah-ampah tan kena, rehning maksih sinung kardi, marang ing Hyang Jagadnata, karya gagamaning jurit.

  26. Mung meling sapengkeripun, yen lahire kang ja-[376]bang bayi, den namanana Sengkala, wusnya meling Hanggajali, mesat saking nagri Nrajan, wangsul dhateng ngindhi malih.

  27. Kang tinilar samya ngungun, cinatur sang raja Sarkil, awlas mulat mring kang putra, dene ta dennya garbini, ngantos prapteng sangang warsa, jabang bayi dereng lahir.

  28. Telas gendhinging dhudhukun, kang nggarap sang raja putrio, pan maksih seger kewala, miwah kang para maharsi, medal japa mantranira, raja Sarkil sru prihatin.

  29. Dungkap ing sadasa tahun, dennya sang retnadi, pan maksih seger kewla, giyuh ing tyas raja Sarkil, kesah saking prajanira, tan hambekta bala siji.

  30. Jajah wana gunung-gunung, nedya ngupaya jejampi, manggih ingkang para tapa, tan wonten ingkang kadugi, sung husada Dewi Sakka, babarken dennya garbini.

  31. Wus mangkana lampahipun, pinangihan hing Ngijrail, sung sasmita niyup nyawa, nyebul astane kakalih, nulya musna tan katingal, garjita sang raja Sarkil.

  32. Sinebul bunanipun, ngestokken rakiting nguni, [377] kang asung sasmita musna, panyebulira kaping tri, jabang bayi mijil sigra, jalu warnanya apekik.

  33. Hamawa cahya sumunu, sarta wus kapanggih resik, tanpa bing-bing miwah erah, kang sarta ibunereki, tan mantra yen mentas babar, pan lajeng rencang tarincing.

  34. Jabang bayi datan ayun, nesep mring ibunereki, pirang inya datan arsa, pan amung nesep driji, sinungan nama Sengkala, nglestarekaken ing nguni.

  35. Ingkang rama welingipun, menggah geng kang jabang bayi, lir dinus ing gege toya, kalis sagunging sasakit, tuhu yen rare kajiman, sabisanira lumaris.

  36. apan lajeng saged mabur, dedolanan mring wiyati hanenggih Jaka Sengkala, wus yuswa sadasa warsi, eram kang samya humiyat, cendhake bae winarni.

  37. Sinemahken marang wiku, pan kenen mulange ngaji, eram kang para pandhit, landhepe ing tyasireki, barang ingkang den wulangna, tan alami nulya bangkit.

  38. Kitab gung ngagung wus putus, tan ana den pakewuhi, sagunging para Pandhita, tumpak ngelmunira sami, malah kawicaksanannya, pasang limpating lulungit.

  39. Hangluwuhi ingkang mumuruk, umur kalih welas war-[378]si, mothah marang ingkang eyang, taken sudarmanireki, linimur-limur tan kena, yen kang eyang tan jarwani.

  40. Pamit kesah ndon anglangut, ngupaya marganing pati, kang eyang kewran ing driya, ing wasana hanjarwani, dhuh wayah ingsun Sengkala, wus diwasa sira mangkin.

  41. Nora kena ngong lilipur, iya kulup sun jarwani, pan dudu jalma manungsa, sejatine apan ejim, iya kang yoga ing sira, kusuma jum trahing Nabi.

  42. mPu Hanggajali ranipun, putraning Empu Ramadi, maksih mambu akrabira, sang Hyang Pramesthi, jiin kang padha pinangeran, marang para ratu Ngindhi.

  43. Dhaupe lawan ibumu, sudarmanira ing nguni, purwane sung lunga dagang, iya marang tanah Ngindhi, katempuh ing angin salah, remuk palwaningsung kaki.

  44. Wadyaningsu saperahu, tumpes siji nora kari, namung ingsun tinulungan, marang sudarmanireki, sun gawa mulih marang Nrajan, ingsun dhaupaken nuli, iya lawan ibunira, duk ngidam kaworan kaki.

  45. Nuli pamit wong tuwamu, mulih marang tanah Ngin-[379]dhi, sun handheg-handheg tan kena, rehning maksih sinung kardi, marang ing Hyang Jagadnata, karya gagamaning jurit.

  46. Mung mekas bae maringsun, manawa sira wus lahir, kinen ngarani Sengkala, marma sira iku kaki, sun jenengken Sengkala, pucunge ramanta nguni.

۩۩۩ Pupuh 45 ۩۩۩
P U C U N G

 (www.alangalangkumitir.wordpress.com)
  1. Duk miyarsa Sengkala suka kalangkung, dene sudarmanya, kusuma trah Nabi Sis, nembah matur lamun makaten eyang.

  2. Hulun pamit dateng aduka pukulun, harsa ngabektiya, inggih dhateng ing sudarmi, hangupaya mring Ngindhi mugi paringgiha.

  3. Ingkang eyang alon pangandikanipun, lamun adreng sira, nora kena sun gandholi, kudu-kudu ngupaya sudarmanira.

  4. Sayektine nora bisa raganingsun, ngampah karepira, karana ngapa wus wajib, iya ingsun jumurung donga kewala.

  5. Mugi-mugi sira gelisa kapangguh, lan sudarmanira, pakaryane pandhe wesi, neng gagana yen ora luhur samudra.

  6. Sawusira linilan ing pamitipun, gya jaka Sengkala, mring kang eyang hangabekti, mundur lajeng mesat marang ing gagana.

  7. Kang tinilar sadaya sami wulangan, ibu miyang kang eyang, lam-lamen wadya sanagari, kari tis-tis koncatan ing sotyanira.

  8. Kuneng nagri ing Nrajan ingkang winuwus, lampahe [380] Sengkala, wus prapta tanah Ngindhi, neng gagana mulat luhuring samudra.

  9. Wonten teja saking mandrawa sumunu, winawas jro teja, wonten sujalma alinggih, sarwi pandhe aneng saluhuring toya.

  10. Datan mawi abahan mung paron dhengkul, kepel palunira, kang kinarya supit jriji, spuh idu ububan panasing grana.

  11. Tanpa geni mung pinandeng wesi luluh, garjita jroning tyas, Jaka Sengkala mrepeki, prapta lajeng tumundhuk neng ngrasanira.

  12. Empu Hanggajali kagyat dennya dulu, wonten rare prapta, pekik cahyanya nelahi, saking wiyat bisa lungguh luhur toya.

  13. Kendel dennya pandhe hatetanya rum, heh sireku sapa, bisa prapta ngarsa mami, sira jinising jim apa ta manungsa.

  14. Hangakuwa ngendi pinangkanireku, miwah sedyanira, kongsi prapta ngarsa mami, sapa namanira miwah kang ayoga.

  15. Kang dinangu pesaja ing aturipun, wartine jeng eyang, ing Nrajan sang raja Sarkil, kangjeng ibu manungsa ran Dewi Sakka.

  16. Sudarma ngong jinising jim wartinipun, Hanggajali nama, pinangkane saking Ngindhi, sinung nama saking welinging sudarma.

  17. Pun Sengkala duk lagya wawrat jeng ibu, tinilar, [381] jeng rama, mantuk dhateng Ngindhi malih, lamun lahir kinen mastani Sengkala.

  18. Dene prapta kawula Ngindhi pukulun, mung nedya ngupaya, ing sudarma yun ngabekti, neng gagana kawula ningali teja.

  19. Jroning teja kawula wawas pukulun, paduka katingal, pandhe neng luhur jeladri, sami lawan welingipun kangjeng eyang.

  20. Yen jeng rama inggih pandhe karyanipun, neng luhur samudra, milanipun kawula glis, marek ngarsa paduka sedya nyatakna.

  21. Hanggajali miyarsa suka kalangkung, yen mangkana sira, kulup putra ngong pribadi, kang sun tinggal wetengan neng nagri Nrajan.

  22. Hiya ingsun kulup sudarmanireku, Sengkala saksana, marek ing ngarsa ngabekti, ngaras pada rinangkul lungayanira.

  23. Wus mangkana kang putra tinundhung mantuk, marang nagri Nrajan, tut wuri ngibunireki, ngrasa ana suka wibaweng nagara.

  24. nanging ingkang putra lenggana kalangkung, kedah nut sudarma, anglebur tapak ireki, ngrasa ana pratingkahing mati raga.

  25. Ingkang rama nglegani putra dennya nut, salampah jantranya, tansah hing rahina wengi, ngawasaken satingkahira kang rama.

  26. Dennya pandhe karya gegaman prang pupuh, tan ma-[382]wi abahan, mung tinangan bisa dadi, garap wesi kadya balethok kewala.

  27. Dadya matur Jaka Sengkala wot santun, punapa wontena, pukulun ingkang nimbangi, sining jagad ing guna sekti paduka.

  28. Ingkang rama sarwi mesem, sahuripun, kulup iya ana, apan eyangmu pribadi, kang mumuruk, kabeh guna sekti ingwang.

  29. Hiya padha hanglakoni karyanipun, Sang Hyang Jagadnata, peparab Empu Ramadi, kinen karya gagamaning  para dewa.

  30. Duk miyarsa Jaka Sengkala wotsantun, lamun makatena, kawula anuwun pamit, sowan dhateng rama paduka jeng eyang.

  31. Hulun nedya hanglebura tapakipun, supados angsala, ing pamulang guna sekti, ingkang rama alon dennira ngandika.

  32. Hiya ingsun jurung, sedyanireku, nuli ulatna, enggone eyang ireku, kang pandhe gagana, karya gagamaning jurit, iya namung ingsun lawan eyangira.

  33. Wusnya sinung tedah Sengkala wot santun, mundur saking ngarsa, lajeng mesat ngawiyatti, pan kakejer ngawasaken keblat sakawan.

  34. Dangu-dangu ningali teja sumunu, neng luhuring [383] mega, jro teja wonten linggih, sarwi pandhe gagaman tanpa abahan.

  35. Pan wus kadya kang rama pratingkahipun, Sengkala wus duga, yen iku eyangireki, lajeng marek ing ngarsa angaras pada.

  36. Sang Hyang Empu Ramadi kangyat handulu, alon hatetanya, lah ta sapa sira iki, prapta banjur anungkemi padaningwang.

  37. Kang dinangu nembah alon aturipun, kalamun kang wayah, putranipun Hanggajali, patut saking putri Nrajan Dewi Sakka.

  38. Purwa madya wasana pan sampun katur, dhaupe kang rama, nenggih lan ibunereki, ingkang eyang miyarsa kalangkung suka.

  39. Yen mangkana sira iku wayah ingsun, patut putri Nrajan, kaliwat trima mami, sira perlu seba marang jeneng ingwang.

  40. Haran mengkono wus kalakon sira kulup, apanggih lan ingwang, sartane wus hangabekti, becik nuli baliya sudarmanira.

  41. Lamun ora miluwa ibunireki, sakarepmu ana, iya ing Nrajan nagari, ingkang wayah tur sembah sanget lenggana.

  42. Yen wangsula mring rama miwah mring ibu, sedya ngong tan liyan, pejah gesanga sayekti, namung nedya nglebur tapake jeng eyang.

  43. Wus mangkana Sengkala ing siyang dalu, tansah lunggweng ngarsa, ngawasken tingkah ireki, ingkang eyang dennira karya gegaman.

  44. Mung kinarya sarat nganggo paron dhengkul, palu [384] kepelira, jatine ingkang sayekti, dadine kang gagaman sarta lancipta.

  45. Eram ing tyas Sengkala dadya umatur, dhuh eyang punapa, sadya isining bumi, wonten ingkang nimbangi sekti paduka.

  46. Ingkang eyang mesem dennira sumaur, sayekti ya ana, kulup ingkang ngungkuli, marang ingsun putraning Hyang Jagadnata.

  47. Gagedhunging dewa ran Bathara Wisnu, iku wus tan ana, ing tri loka kang nimbangi, kasetene myang guna prawiraning prang.

  48. Pinarnahken jagad lor kayanganipun, kaprenah wakira, Bathara Suman prajurit, lan sudarmanira lagi sanak misan.

  49. Dene Sang Hyang Jagadnata lawan ingsun, lagya nak ing sanak, eyangira Sang Hyang Ening, pan arine tumulidene Hyang Tunggal.

  50. Duk miyarsa Jaka Sengkala won santun, yen makaten eyang, kawula anuwun pamit, sapunika mugi tuwan lilanana.

  51. Badhe sowan inggih meing Bathara Wisnu, supaya mulata, pratingkah ing guna sekti, pinten banggi yen angsala wulangira.

  52. Ingkang eyang pangandikanira arum, lah iya sebaha, kulup pan ingsun jurungi, yekti lamun kena ing sasedyanira.

  53. Lamun puruhita mring Bathara Wisnu, nora kukura-[385]ngan, kulup ing guna kasektin, nanging kudu laku brangta marang tapa.

(www.alangalangkumitir.wordpress.com)

Wonten andhakipun Pupuh 46-55 Tamat.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: